Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-09, #1801

Judul
Sambungan
1. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-06, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
2. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-07, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
3. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-08, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
4. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-09, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
5. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-10, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
6. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-11, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
7. Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-12, #1801. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
Citra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Candrakanta

Kaping 1 wulan Jumadilakir taun Dal, ăngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka. Juru Pangripta Ngabèi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 15 SEPTEMBER 1901.

--- [0] ---

Ilmu Bumi (Tandhasat)

Sambêtipun ăngka III kaca 42.

I. Bumi punika mèh bundêr kados dene jêram, ananging ing pulipun ragi papak sakêdhik, katêranganipun:

1. wangunipun bumi bokmênawi sami kalihan lintang sanès- sanèsipun ingkang tunggil băngsa kalihan bumi wau, inggih punika lintang planit (planeet), lintang ingkang midêr.

2. grahana wulan punika salaminipun wayanganipun malêngkung.

3. lampahipun tiyang angubêngi bumi.

4. cakrawala, garis têlasing paningal, ingkang ugi dipun wastani tancêbing langit, ing pundi-pundia ugi bundêr.

5. saya tiyang minggah, cakrawala saya agêng.

6. baita kapal ingkang kesah layar, dangu-dangu peranganipun saya botên katingal, dene baita kapal ingkang dhatêng, peranganipun saya katingal wiwit saking nginggil.

7. soroting surya dhumawah ing sapalihing lumahipun bumi.

8. sabên mangilèn têbihipun satunggal grad bumi utawi 15 G.M (geograpische mijl = geograpissemil) (lampahan suku 20 jam) palêthèking surya kantun 4 sêkondhê, [sêko...]

--- 65 ---

[...ndhê,] dene sabên mangetan satunggal grad, palêthèking surya angrumiyini 4 sêkondhê.

9. bilih tiyang malampah mangalèr utawi mangidul satunggal grad, lintang têtêp ingkang wontên ing ngajêngipun, saya dangu saya minggah, sami kalihan kathahing grad ingkang dipun lampahi, dene lintang ingkang wontên ing sawingkingipun, saya dangu saya mandhap, ugi sami kalihan kathahing grad ingkang dipun lampahi.

II. Bumi punika pulipun kalih pisan ragi papak, katêranganipun: 1. boboting satunggalipun barang ing panggenan-panggenan salumahing toya sagantên: botên sami. 2. panjanging tangsul bandhul sêkondhê ing panggenan-panggenan salumahing toya sagantên: botên sami. 3. panjangipun grad mèridhian botên sami.

III. 1. garis têngahing bumi ingkang cêlak piyambak 1719 G.M. 2. ingkang panjang piyambak 1721 ½ G.M. 3. kubênging bumi 5400 G.M utawi 7200 jam. 4. jêmbaring lumahipun bumi 9281910 G.M. 5. isining bumi 2659072000 G.M3 6. padhêtipun bumi tikêl 5 ½ tinimbang padhêting toya

--- 66 ---

IV. Sirkêl ingkang nyigar bundêran dados kalih ingkang sami agêngipun, dipun wastani: sirkêl ingkang agêng piyambak, dene ingkang nyigar dados kalih, ingkang botên sami agêngipun, dipun wastani: sirkêl alit.

V. Bab Bumèn (globê)

a. amurih sagêdipun wijang sumêrêpipun dhatêng bumi, amila lajêng dipun wontêni tuladha bumi, ingkang dipun gambari dharatan, sagantên, rêdi-rêdi, lèpèn-lèpèn, talaga, pulo, kitha sapanunggilanipun. Ing sanginggiling lumahipun tuladha punika, dipun garisi sirkêl-sirkêl agêng tuwin alit, wontên ingkang narajang satunggal cêcêkan, wontên ingkang sami lampahipun.

Tuladha bumi punika wujud bundêr kêplêng, ingkang kasunduk ing indhên utawi ngas, ngantos wujud wau sagêd mubêng, pucukipun indhên dipun wastani: pulèr sarta pulipun. Kajawi saking punika wontên malih sirkêl agêng kalih iji, ingkang kuning anarajang pul kêkalih wau, ingkang kajêng utawi tosan, trapipun asipat jêjêg kalihan sirkêl kuningan wau. Sadaya wau lajêng dipun sukoni, tuladha punika dipun wastani: bumèn utawi globê (Globe).

b. sirkêl kuningan ingkang kasêbut ing nginggil wau dipun wastani: mèridhian kuningan, dene sirkêl kajêng utawi tosan [to...]

--- 67 ---

[...san] wau dipun wastani: horison (Horizon).

Sirkêl agêng ingkang narajang pul kêkalih wau dipun wastani: mèridhian, dene sirkêl agêng ingkang wontên ing têngah lêrês antawisipun pul kêkalih wau dipun wastani kat-istiwa (chatistiwa) sadaya sirkêl alit ingkang salampah kalihan kat-istiwa dipun wastani: paralèl (parallel).

Mèridhian-mèridhian wau wontên satunggal ingkang kaupamèkakên mèridhian sapisan. Băngsa Walandi tuwin kathah băngsa sanèsipun, anganggêp mèridhian pero (Ferro) ingkang kaupamèkakên mèridhian sapisan, tiyang Inggris tuwin kathah băngsa sanèsipun ngangge mèridhian grinit (gerinitj = greenwich) (Londhên) ingkang kaanggêp mèridhian sapisan. Dene tiyang Prancis angupamèkakên mèridhian sapisan, inggih punika mèridhian Paris.

Mèridhian Londhên wau wontên 18o sawetanipun mèridhian Pero, mèridhian Paris 20o sawetanipun mèridhian Pero.

Horison kajêng punika wontên sirkêlipun 6 iji, ingkang damêlipun beda-beda, kados ta: sirkêl ingkang ăngka satunggal saking jawi anêdahakên keblat 64 nêr, sirkêl ingkang ăngka 2 anêdahakên wulan, ingkang ăngka 3 anêdahakên [a...]

--- 68 ---

[...nêdahakên] tanggaling wulan, ingkang ăngka 4 anêdahakên grad margining surya, ingkang ăngka 5 anêdahakên sodhiak (Zodijak) jejeran palintangan ingkang dipun langkungi surya, ingkang ăngka 6 saking jawi anêdahakên asimut (azimuth) agênging palêngkung ing sisih kidul utawi lèr, prênah wetan lêrês utawi kilèn lêrês.

c. Paralèl-paralèl ingkang kasêbut ing nginggil wau, wontên kalih ingkang dipun wastani: sipat margi surya (kirkring) (keerkring) sisih lèr, sarta kirkring sisih kidul satunggal-tunggalipun têbihipun saking kat-istiwa 23 ½ o.

Sadaya panggenan ing perangan bumi ingkang wontên ing saantawisipun sipat margi surya kêkalih wau, sabên taun kaping kalih ing wanci bêdhug siyang (têngah-têngahing dintên) surya jêjêg wontên ing panggenan punika, ing sadaya panggenan ingkang dipun tarajang ing sipat margi surya wau, jêjêging surya bilih wanci têngah-têngahing siyang sataun-taunipun namung sapisan, dene ing sadaya panggenan sajawining sipat margi surya kêkalih wau, surya botên nate katingal jêjêg, ing sadaya panggenan ingkang wontên salèripun sipat margi surya lèr, bilih ing wanci têngah-têngahipun dintên, salaminipun surya dhoyong mangidul, makatên ugi sadaya panggenan ingkang wontên ing sakidulipun sipat margi surya kidul [kidu...]

--- 69 ---

[...l] ananging dhoyongipun mangalèr.

Kajawi saking paralèl kêkalih wau, wontên malih paralèl kalih iji, têbihipun saking satunggal-tunggalipun pul 23 ½o dipun wastani: sirkêl pul lèr tuwin sirkêl pul kidul. Sadaya panggenan ingkang wontên ing salêbêtipun sirkêl wau ing wanci têngah-têngahing dintên, surya namung katingal ing cakrawala, sataunipun kaping kalih, dene ing panggenan ingkang kidul langkungi sirkêl pul punika, ing sataunipun surya namung katingal sapisan, wontên ing cakrawala.

d. Mirit saking paralèl ingkang dipun cariyosakên ing bab C. lumahing bumi punika kaperang dados gangsal perangan, ingkang hawanipun beda-beda sangêt, inggih punika kalih perangan hawa asrêp, kalih perangan hawa sêdhêng tuwin perangan hawa bêntèr.

Sadaya panggenan ing hawa asrêp tuwin hawa bêntèr, wontên mangsanipun kalih, inggih punika, ing hawa bêntèr: măngsa têrang tuwin măngsa jawah, ing hawa asrêp: măngsa padhang tuwin măngsa pêtêng (măngsa bêntèr tuwin măngsa asrêp) dene sadaya panggenan ing hawa sêdhêng, ing dalêm sataun, wontên mangsanipun sakawan, inggih punika:

1e. ing hawa sêdhêng sisih lèr.

--- 70 ---

Lèntê (lente) (sêdhêng) awit tanggal kaping 21 Marêt dumugi 21 Juni. Somêr (Zomer) (bêntèr) awit tanggal kaping 21 Juni dumugi 21 Sèptèmbêr. Èrêp (herfst) (sêdhêng) awit tanggal kaping 21 Sèptèmbêr dumugi 21 Dhesèmbêr. Wintêr winter (asrêp) awit tanggal kaping 21 Dhesèmbêr dumugi 21 Marêt.

2e. ing hawa sêdhêng sisih kidul, mangsanipun kosokwangsulipun ing hawa sêdhêng sisih lèr, inggih punika: èrêp (herfst) (sêdhêng) awit tanggal kaping 21 Marêt dumugi 21 Juni. Wintêr (Winter) (asrêp) wiwit tanggal kaping 21 Juni dumugi 21 Sèptèmbêr. Lèntê (lente) (sêdhêng) awit tanggal kaping 21 Sèptèmbêr dumiugi 21 Dhesèmbêr. Somêr (Zomer) (bêntèr) awit tanggal kaping 21 Dhesèmbêr dumugi 21 Marêt.

Sataun-taunipun ing hawa sêdhêng kêkalih wau, danguning siyang dalunipun botên sami, wontên kalanipun siyangipun dangu, dalunipun sakêdhap, inggih punika bilih kalêrês ing măngsa bêntèr, wontên kalanipun siyangipun sakêdhap, dalunipun dangu, inggih punika bilih kalêrês ing măngsa asrêp, kados ta: wontên panggenan ingkang siyangipun ngantos 22 jam, dalunipun namung 2 jam, wontên malih panggenan ingkang siyangipun ngantos 16 jam dalunipun 8 jam, cêkakipun saya panggenan wau têbih saking sipat margi surya, bedaning siyang tuwin dalunipun ugi saya kathah.

--- 71 ---

Kados ta ing:

[Grafik]

Taksih wontên sambêtipun Prawirawiyata Abdi dalêm carik ăngka II kabupatèn pulisi Surakarta

--- 72 ---

Bab Pangucap

Sanajan sampun limrah yèn manungsa punika pinêsthi sagêd angucap, ananging ingkang makatên punika mênggah ing kawruh kenging ugi ginagas-gagas ingkang dados sababipun, inggih punika botên sanès saking dayaning pikiran narik dhatêng otot ingkang nyrambahi ing cangkêm sakojur, otot-otot wau sakalangkung gêsang ing raos, utawi sakalangkung rikat sangêt panampining raos saking krêntêging pikiran. Layak namung manungsa piyambak ingkang cangkêmipun sagêd mebah, kados ta: mèwèk, methot, mèsêm, mêcucu sapanunggilanipun, makatên wau ugi saking dayaning pikiran.

Wondene pangucap wau botên ngêmungakên saking mênga mingkêming lambe, gêtêring ilat, utawi mêlar-mingkuping gurung lan irung kemawon, inggih ugi tinulungan dening hawa saking nglêbêt, saupami tiyang wicantên sarana mêgêng napas utawi ngingkupakên gurung, ingkang tamtu swantênipun[1] pakêcapan botên sagêd cêtha, namung kamirêng pating klêsik kemawon (katăndha tiyang bisik- bisik).

Wontên ugi tiyang ingkang botên sagêd wicantên (bisu

--- 73 ---

utawi gagap)[2] punika pamanah kula yèn ingkang bisu kados sabab saking budhêg awit saking bayi mila lan kakêning otot ing cangkêmipun, dene ingkang gagap: kados sabab saking kadunging pikiran sarta saking kakêning otot, ananging namung sawatawis.

Kajawi manungsa ingkang sagêd ngucap kemawon wontên ugi ingkang sagêd ing sawatawis 3,4 têmbung kados ta: pêksi menco, jalak, bèthèt, cocak lan kêthilang, punika sadaya pangintên kula sabab saking:

1e. têtêdhan, awit pêksi-pêksi wau sami rucah[3] doyan dhatêng ingkang lêgi-lêgi, gurih-gurih, pêdhês-pêdhês lan kêcut-kêcut, bêda kalihan pêksi-pêksi ingkang têdhanipun amung saraos kemawon.

2e. inuman, utawi asring-asring mirêng swantên sarta têmbung ingkang sagêd andadosakên kagètipun, kados ta: mirêngakên sawung kaluruk, babon pêtok, utawi bêndara ngundang dhatêng rencang lan sanès-sanèsipun.

3e. isarat, sabên enjing ilating pêksi wau tinalatosan kakêrok ing yatra ingkang klimis supados sagêd [sa...]

--- 74 ---

[...gêd] lêmês, utawi kêdah kakêthok kintên-kintên ingkang kalong ½ m. M. supados sagêda angêdhawung[4] amrih cêtha pangocèhipun.

Pramila sadaya ingkang kasêbut ing nginggil punika nitik saking pocapaning para ingkang dèrèng manggih lajêng sinigêg kemawon, yèn sadaya kodrat wau karsaning Allah, utawi yêyasaning Allah, manungsa sagêd angucap inggih karsaning Allah (inggih lêrêp) nanging mênggah ing sajatosipun, ingkang nama Allah wau pancèn dumunung wontên ing kawruh lan wontên ing umat sadaya, andhèrèk lampahing agêsang.

Ing wusana kula nyuwun sagunging pangapuntên dhatêng para maos ingkang botên condhong kalihan suraos ingkang pungkasan punika.

Radèn Mangunsuwiriya. Kadilangu (Dêmak)

--- 75 ---

Inuman Kêras

Yèn kula gagas-gagas, saya lami saya kathah băngsa kula têtiyang Jawi sami ngulinakakên ngombe inuman kêras, langkung-langkung[5] ingkang sampun apangkat priyantun, kenging kawastanan sadaya sami karsa ngunjuk, mênawi wontên ing pêkampalan limrahipun lajêng nilar sugata wedang. Mokal ing atasipun tiyang Jawi, wontên ingkang botên rumaos nêrak saraking agami, ananging katarik saking kalimrahan tuwuh ardanipun ingkang angeram-eramakên, kajawi punika sadaya unjuk-unjukan saèstu botên mikantuki dhatêng badan, malah adamêl sudaning bakas kasarasan.

Ing saangsal-angsal kita wajib anglampahi punapa ing sapitêdahipun para sarjana, ingkang sampun kasusra kasagêdanipun, awit sadaya pamanggih lêrês punika, sanajana mung sagêbyaring kilat, nanging dangu-dangu sumorot têrang amadhangi dhatêng kawruh nyata. Toya ngombe ingkang prayogi punika dumunung wontên ing salêbêting bumi, wêdalipun wontên ing sumbêr utawi ing sumur. Makatên ugi wêdaling pamanggih utami punika wontên ing tutukipun para nabi sarta para sarjana.

Ing Sêrat Wulangrèh wontên ungêl -ungêlanipun makatên ...

--- 76 ---

lawan ana walêr malih | aja sok anggung kawuron | nginum sajêng tanpa măngsa | iku êndi lire ugi | ngombe sajêng sabên dina | pan iku watêke ala ||[6] ... lah punika wasita darma sarta rêroncènipun badhe kula aturakên ing gandhap punika, mirit dhatêng pamanggihipun para sagêd băngsa kulit pêthak.

Wondene ingkang kagolong ing inuman kêras punika kados ta: arak, tuwak, bir, brèndhi, jênèwêr, rum, konyah, anisèt, pèrsiko, absin, kurasao, maras kuin, băngsa anggur, upami: porêt, madherah, malaga tuwin sanès-sanèsipun. Sadaya wau sami ngandhut jasat ingkang winastan: alkohol, mila kagolongakên: alkoholisêdrangkèn (achohol lische dranken) sawênèh ingkang kawoworan ing gêndhis winastan, likir (likeur).

Kathah tiyang ingkang ngintên inuman kêras punika sagêd angicalakên atis. Ingkang makatên wau kêlintu sangêt, ing sauwat mila badan lajêng karaos bêntèr, jalaran otot-otot sami bênggang, êrah lajêng ngêmpal dhatêng kulit, lan malih urat-urating pangraos sami ical dayanipun, kados dene pêjah, satêmah botên sagêd angraosakên [angrao...]

--- 77 ---

[...sakên] asrêping hawa malih. Bêntèring badhan kathah ingkang muspra mêdal, wêkasan adamêl kirang prayogi, punapa malih mênawi panuju wontên ing panggenan asrêp, kados dene ing parêdèn sêsaminipun.

Sawênèh wontên ingkang gadhah pangintên, inuman punika sagêd adamêl kiyat dhatêng badan, utawi sagêd ngicalakên sayah. Punika gèsèh sangêt saking sayêktosanipun, tiyang nyambut damêl sampun karaos sayah, tamtu taksih anggadhahi kakiyatan malih. Mênawi lajêng ngombe inuman kêras, daya kêkantunan wau saêkal nuntên mêdal, prasasat katumplak, ing sakêdhagan kados rosa-rosaa, wêkasan badan lajêng ngalumpruk, labêt kaoncatan ing bayu. Tiyang ingkang kulina minum punika kakiyatanipun kenging kawastanan dumunung wontên ing inuman. Yèn pinuju patagihan sangsara sangêt, limrahipun lajêng botên sagêd anggulawat, botên doyan nêdha, lan botan sagêd tilêm, amargi saking punika para prajurit dharatan lautan sami dipun awisi botên kenging minum, sanadyan wontêna ing siti bêntèr utawi asrêp, tiyang ingkang pangupajiwanipun ambujêng ulam lodan, naracak sami nyirik dhatêng inuman kêras.

Kaladuking nginum sagêt adamêl êndêm, sintên tiyangipun ingkang botên mastani saru dhatêng solahipun tiyang mêndêm, lêrês [lêrê...]

--- 78 ---

[...s] ungêlipun Sêrat Wulangrèh malih mêkatên…

Kêlamun wong wuru ugi | ilang yitnaning batos | nora ajêg pikiripun | elinge ing ati | pan baliyar-baliyar | êndi ta ing bêcikira ||[7] ... Èngêtan ical sanalika supe ing wajib cêpak nêpsunipun asring adamêl dhadhakaning tukar pabên, kenging kawastanan: sadaya ingkang ahli minum cêkak budinipun, upami băngsa Madura kalayan băngsa Bugis, racak sami botên kadunungan ing kawicaksanan, têrang ing budi, sarta mokal wontên ingkang sagêd anêtêpi saraking agami, Islama, Kristêna, Budaa. Ing Eropah sampun wontên ingkang ngyêktosi, mênggah kathah-kathahipun tiyang nglampahi kadurjanan punika katarik saking anggènipun karêm minum, malah kaetang ngantos 80 %, tiyang pêjah ngêndhat sarta suduk sarira wontên 40 % ingkang kulina minum, malah para dhoktêr ing griya pamulasaranipun tiyang ewah kathah ingkang mastani yèn minum punika ugi kalêbêt sabab ingkang anjalari dhatêng sêsakit ewah.

Kathah ingkang ngintên inuman inggih sagêd adamêl rikating pangêjuripun têtêdhan wontên ing padharan, punika inggih kalintu malih, badan ingkang kasarasan, sabibaring nêdha lêt 3 jam dangu-dangunipun 5 jam, tamtu lajêng ngraos luwe malih. [ma...]

--- 79 ---

[...lih.] Upami nalika nêdha ngangge minum, samantên dangunipun amêsthi dèrèng karaos ngêlih. Punapa pamanah ing nginggil wau nyata, dèrèng kinantên.

Pamanggihipun para sagêd, inuman kêras punika kathaha, sakêdhika, mêksa sagêd adamêl risakipun utêk saha saranduning badan sanèsipun, murugakên gampil kataman ing sêsakit warni-warni, wêkasan botên wontên tiyang kulina minum: umuripun panjang. Ing tanah Enggris wontên tiyang 5 yuta ingkang nyirik inuman, naracak sami bagas-bagas, sarta wêkêl ing padamêlan, nitik dhatêng cathêtanipun asuransi jiwa, têtiyang wau umuripun panjang-panjang. Kajawi punika ing karajan sanès inggih kathah tiyangipun ingkang botên purun minum, ing nagari Walandi kemawon tiyang 6000 etangan tahun 1896 malah ing paguyuban Amerikah lèr wontên 5 tanah ingkang ngawisi sangêt dhatêng dêdagangan inuman, inggih punika: Maine, Jowa, Kansas, Noord-lan Zuid-Dhacota. Tanah sanèsipun kados inggih badhe tumut-tumut.

Kopi lan tèh ingkang botên adamêl kirang prayogi dhatêng badan kathah ingkang nyirik (kajawi yèn kaladuk, ngadat ambilaèni), awis tiyang ingkang nyakot sangêt dhatêng ombèn-ombèn wau, beda sangêt kalihan patagihanipun dhatêng inuman.

--- 80 ---

Inuman kêras punika ngandhut alkohol ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, wisaning baktèri ingkang winastan gisèlên (gistcellen) pintên èwu umat ingkang katiwasan amargi alkohol, langkung kathah tinimbang ingkang katêdha ing ama baktèri kolerah, dhiptèri, tubêrkèl, lan tiphus.

Saupami sawêg samangke kemawon tiyang sagêd damêl inuman, tartamtu sadaya tiyang sami mastani racun, botên wontên ingkang purun ngombe.

Wusana kula tansah ngèngêt dhatêng pangandikanipun swargi sang minulya dhoktêr F.C. Donders, makatên: Geen druppel alchohol moge ooit de lippen van des mensch bevochtigent! mila para maos mugi karsaa anggalih ingkang panjang.[8]

Arjasusastra. Kandhidhat guru ing Têgal.

--- 81 ---

Land bouw Plantenkunde

Ngèlmu Tani Tuwin Ngèlmu Nênanêm

Kula nuwun, para sarjana ingkang sami jumênêng ing salêbêtipun taman adi Sasadara, sampun pisan-pisan andalih bilih kula punika sumêdya mêdharakên saha ngungasakên mênggah ing kasagêdan kula, punika dupara sangêt, anamung sarèhning adrênging manah sangêt kumacèlu angguyubi wêdharing kyai Sasadara, dumados kèlu tumutur urun-urun cariyos ingkang sapele paedahipun, tur inggih sajatosipun kirang langkêp ukara tuwin têmbungipun, amargi kula punika tanpi[9] wasita mênggah têmbung Jawi, ingkang punika para sarjana mugi aparinga pangaksama.

Bêbuka, kula nuwun, ugi kauningana ingkang kasêbut ing kitab-kitab wasitaning sadaya para sarjana ing nagari Walandi tuwin sanès-sanèsipun ingkang sami nglampahakên kabudayan tani, punika botên angêmungakên tani balaka kemawon, kêdah nguningani dhumatêng ngèlmu sanès- sanèsipun, jalaran botên sampurna ing atasipun tani amung nanêm balaka,

--- 82 ---

dumados botên nama tani, nama tanèn, inggih punika ingkang kasêbut tani kluthuk, tanpa kamanah.

(Land bouw roepbouw) wondening ngèlmu ingkang kêdah kauningani[10] 1e Kennis van de organen der planten 2e Kennis van de levens verschijnselen der planten 3e Kennis van de gekultiveerde planten 4e Kennis van de met voordeelte kulti veeren planten 5e Algemeene land bouw 6e Algemeene tuia bouw 7e Kennis van landbouw werktuigen 8e Zeălogie 9e Anatomie en Phsiologie van huis dieren 10e Veeteelt 11e Bijenteelt 12e Teekenen 13e Beginslen van meetkunde 14e Prak tijk

Sarèhning ing ngajêng kula sampun matur mênggah têmbung Jawi kula langkung cubluk sangêt, ingkang punika nyumanggakakên, dhumatêng para sarjana mênggah cara Jawinipun, utawi kula borongakên para siswa ing Abipraya[11]

Ing salajêngipun sadaya ngèlmu tani ingkang kangge nama-namaning têtuwuhan, kêdah têmbung Laten, kacariyos têmbung laten wau kangge (basanipun tiyang sajagad), kados ta: wit kalapa, têmbung Walandi amastani klaper boom klapêr bum, punika [puni...]

--- 83 ---

[...ka] tiyang Ruslas, Dhitslan, Prasman, Itali, Enggris, Rumèni, botên mangrêtos, sinarêng[12] dipun aturi punika wit-witan băngsa palme, namanipun = Cocos moesipera kokos musiperah, punika lajêng mangrêtos.

Amila têmbung Latèn wau pêrlu kangge nama-namaning wit-witan ing kêbonraja, amargi asring wontên băngsa luhur sanès nagari ingkang rawuh amriksani.

Ing nginggil kula sampun matur, para sarjana tani kêdah nyumêrêpi dhatêng ngèlmu sanès-sanèsipun, jalaran para tani kêdah gadhah kewan, kewan punika botên angêmungakên paedah rabukipun kemawon, inggih ugi kangge anggarap siti tuwin paedah dagingipun, ingkang punika kêdah nyumêrêpi pangupakaraning kewan tuwin kawruh padhukunan kewan (pamiaraan dan dokter binatang) sumăngga kagaliha saupami kewan ingkang pêrlu kangge dagingipun kapragad, măngka kewan wau kenging sêsakit pipès, kados ingkang sampun kalampahan, punika botên kenging katêdha, mênawi katêdha andadosakên tuwuhing panyakit, mila inggih pêrlu nyumêrêpi dhoktêr kewan botên namung tani kluthuk kemawon, amila tiyang tani kêdah sagêd anylundhingi padamêlanipun dhoktêr kewan, jalaran sadaya sampun kawasitan, samantên [sama...]

--- 84 ---

[...ntên] ugi tiyang tani kêdah nyumêrêpi dhatêng ngèlmu alam, Natuur kunde, jalaran bapa tani kêdah nyumêrêpi daya panariking kalimat, tuwin asal-usulipun kadadosaning siti, punapa malih têtêdhaning têtuwuhan ingkang awarni hawa, wontên ing ngantariksa, saha ingkang mêdal saking siti ingkang kasêbut ing sarat gêsanging têtuwuhan, kados ta: Nitroginuim (stiekstop) gêni, Hijdroginuim (Waterstop) banyu, Carbonuim (Koolstop) bumi, Oxijginuim (Zuurstop) angin

Punika sadaya dados têdhaning têtuwuhan ingkang wontên ing ngantariksa, wondene pamêndhêtipun sadaya têtuwuhan saking rondhon[13] ingkang sampun kacampuran saking oyod, oyod ugi ingkang sampun kacampuran barang sanèsipun, kacariyos sadaya ingkang tumitah gêsang ing ngalam dunya punika mênawi ing salah satunggalipun ingkang kasêbut ing nginggil botên angsal campuran barang, botên sagêd gêsang, punapa malih kadadosanipun wiji, kêdah angsal têtêdhan kawan prakawis wau, saupami sadaya ingkang gêsang nêdha ingkang wêtahan, [wê...]

--- 85 ---

[...tahan,] dèrèng campur kalihan sanèsipun, ugi botên sagêd gêsang, inggih punika racun hawa ingkang sakalangkung saking mandi, wondening manungsa tuwin kewan pikantukipun kawan prakawis wau ugi saking têtêdhan, ombèn-ombèn makatên ugi ingkang salêbêting hawa kawan prakawis wau, utawi taksih wontên têtêdhaning têtuwuhan ingkang awarni siti kados ta: 1e Ijzer Oxijdule hijdraat (wêsi arupi[14] toya), 2e Man haniet (siti pait) 3e Phospoorzuur hijdraat (toya walirang) 4e Kalium (rupi ăndha) 5e Magnisia (siti kuning) 6e Kiselzuur (rupi wêdhi)

Taksih wontên sambêtipun

Abdi dalêm juru taman Sriwadari Surakarta, R Jayaatmaja.

 


§ swantên (krama dhusun) nanging rimbagipun lêrês pasisir, awit têmbung: kira, pira, apura, sagara, dados nten. (kembali)
§ têmbung: gagap ingkang têgêsipun bisu ing Surakarta botên ngangge, dene kanggenipun kados ta: pêtêng gagap, gagap-gagap. (kembali)
§ têgêsipun rucah: punapa: rêsah. (kembali)
§ ing Surakarta têmbung: ngêdhawung, botên wontên, têgêsipun kados pundi? punapa tumlawung? Dene ingkang wontên wit kadhawung. (kembali)
§ langkung-langkung = langkung malih. (kembali)
§ têgêsipun wuru dawa: botên ngawisi tiyang ngombe sajêng. (kembali)
§ têgêsipun: wuru dawa. (kembali)
§ Pangandikanipun sang misuwur ing jagad C.F Winter lêrês punika kawon kalihan kalimrahanan Zie J.z.I dene yêktining kanggenipun inggih makatên lah sapunika kados pundi tekading manungsa, ingkang kathah ngangge pituturipun wulang dalêm IV ing sêkar pangkur: duga duga aywa kari. Minuman kêras ingkang nama karam, botên kacariyos bilih kaombe wontên damêlipun, kosok wangsulipun sanadyan ngombe wedang tèh utawi bubuk ingkang nama: nyakot, klangoban wontên ing pasamuan inggih botên prayogi, punapa botên makatên? Padune wong doyan ngombe. Red. (kembali)
§ tanpi: Bagêlèn, tanpa: Surakarta, botên amanglêngkara: tanpi, dados ramaning = tanpa, awit têmbung: tanpi, inggih dados kramanipun: tămpa, panampi: panămpa. (kembali)
10 § -+ = kauningan. (kembali)
11 § ? (kembali)
12 § = sarêng. (kembali)
13 § = rondhon (kawi) kangge ing pasisir = godhong (jarwa), rondhon (kidung) kangge ing Surakarta, kados ta: rondhon wangi nuksmèng warih. (kembali)
14 § rupa = rupi, botên anglêngkara, awit ing Surakarta inggih ngangge pakiltatiping krama: pandhapa, pandhapi, nanging karangan punika botên namung mawi têmbung: rupi kemawon, inggih ugi mawi têmbung: warni, nanging panganggenipun binedakakên. (kembali)