Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802

Judul
Sambungan
1. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
2. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
3. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
4. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
5. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
6. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
7. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
8. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
9. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
10. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
11. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
12. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta.
Citra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Candrakanta

Kaping 1 wulan Dulkangidah taun Dal, ăngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 9 FEBRUARI 1902.

--- 174 ---

Sambêtipun pitutur jati kaca 161

Bab têdhaning para rare ingkang taksih bayi.

Yèn kula maspadakakên rare ikang[1] taksih bayi utawi ingkang mêntas kalairakên, salêbêting manah gadhah panggagas, kados pundi katêmahanipun rare punika ing têmbe. Makatên wau saking pamanggih kula gampil kemawon wangsulanipun. Inggih punika makatên: rare wau kêdah agêng, kiyat sarta kasarasan, supados sagêd sumingkir saking bêbayaning ngagêsang (sêsakit).

Bilih kita badhe ambangun griya ingkang santosa, kêdah kiyat sarta lêbêt baturipun (fondament). Makatên ugi tumrap pangupakaraning para anak, murih santosa bagas kuwarasan, inggih kêdah sae têdha sarta ombèn-ombènanipun, jalaran têtêdhan sarta ombèn-ombèn punika pancèn praboting ngagêsang.

Pramila saking panuwun kula dhumatêng para maos ingkang darbe putra alit, sami anggaliha dhatêng suraosing sêrat punika.

Rèhning kula botên sagêd mratelakakên kanthi lesan, ingkang kapara cêtha, mênggah têtêdhan sarta ombèn-ombèning rare, pramila kula sorahakên sapêrlunipun kados ing ngandhap punika:

--- 175 ---

Gusti ingkang sifat ngalimun, sampun anakdir, para biyung dipun gadhuhi susu ingkang mêdal puhanipun, inggih punika têtêdhan sarta ombèn-ombèning para rare, ananging samantên wau para biyung inggih kêdah angatos-atos ing bab têdhanipun piyambak, jalaran sadaya ingkang dipun têdha utawi dipun ombe dening para biyung, ugi lumèbèr ing toya sêsêpan.

Kathah kemawon para èstri ingkang botên purun nêsêpi anakipun, lajêng mêndhêt inya, paedah awèta nèmipun, ingkang makatên punika saking pamanggih kula kalintu, wangsul punapa damêlipun Gusti Allah: paring gêgadhuhan susu kajawi bilih biyu[2] ingkang nandhang sakit botên mêdal toyanipun sêsêpan, ananging samantên ugi pamilihing inya inggih kêdah kang kapara titi kanthi pangatos-atos, sampun sok tiyanga kêdah kapilih èstri ingkang nèm, sêgêr kasarasan, sarta ingkang sae pambêkanipun, awit botên kêkirangan para anak ingkang tiwas jalaran saking sêmbrananing para inya.

Ugi wontên têtêdhan minurut pamanggihing para sarjana ingkang kenging kadamêl sêsulihing toya sêsêpan utawi inya, sarta ingkang sampun kapanggih yakinipun prayogi tumrap dhatêng para anak, inggih punika eikelhoffie ingkang pangaosipun [pangaosi...]

--- 176 ---

[...pun] mirah sarta sagêd pikantuk ing sadhengah griya jampi (apotheek) pangolahipun kêdah kagodhog sakêdhap tumuntên katuwangakên kanthi puhan sakêdhik, saistha adamêl wedang, sabên dintên kajawi yèn dalu, para anak kaombenana wedang eikelhoffie wau, pêndhak kalih jam sapisan: 3 dumugi 4 sendhok. Sampun wontên ingkang nyoba laminipun 6 wulan anakipun namung kaombenan wedang punika, wusana yakin bilih anakipun sêgêr katêmahanipun, sumăngga para maos.

Wontên sawênèhing dhoktêr ingkang anakipun dipun ombèni puhan lêmbu kawoworan toya saparatigan, kaombèkakên pêndhak 2 utawi 3 jam, sadèrèngipun puhan wau kaombe kêdah kagodhog, supados ngicalakên maujud ingkang anjalari sêsakit. Patrap anggènipun ngombèkakên kawadhahana ing gêbyas ingkang pancèn pirantosipun (pikantuk tumbas ing toko) ananging kêdah karêsikan ingkang rêsik, sampun kagojogan kanthi krikil alit, kados ingkang sampun kalimrahan, awit sagêd angwontênakên racun arsen cun utawi karêsikan kanthi toya sarêm.

Bab pêjah tumraping lare

Kula sampun dangu anggagas, punapa sababipun dene [de...]

--- 177 ---

[...ne] kathah para rare ingkang sawêg mêdal (lair) antawis wulan lajêng pêjah. Utawi tarkadhang sawêg kalairakên lajêng pêjah. Wusana sawêg sapunika wontên sêsuluh ing pêpêtêng manut pamanggihing para sagêd, yakinipun makatên: rarê ingkang pêjah nalika kalairakên utawi antawis wulan, punika jalaranipun nalika biyungipun taksih anggarbini pun bapa tanpa dugi anggènipun majibi dhatêng semahipun utawi pun biyung kêkathahên damêl ingkang kapara awrat, kados ta: anggêgendhong, angkat junjung ingkang ngantos nêlasakên rosan, utawi pun biyung nalika nêdhêngipun anggarbini karêm dhatêng minuman kêras, kados ta: sajêng, branduwin, sapanunggilanipun.

Pramila atur kula botên liya, sadaya sabab ingkang kula jalèntrèhakên ing nginggil wau sasagêd-sagêd kêdah kacêgah.

Wiwit mêdal untunipun ngantos lumêbêt ing pamulangan.

Wêdaling untu.

Bilih saranduning badanipun rare (bayi) kawaspadakakên saking satunggil, katăndha yèn gatranipun inggih sampun sampurna wujudipun, ananging salêbêtipun: 4 wulan taksih sangêt ringkihipun, mila para bayi kêdah dipun atos-atos pangupakaranipun tumrap tatêdhan sarta pamulasara,

--- 178 ---

supados satunggil-tunggiling badan sagêd santosa kadadosanipun.

Bilih sampun andungkap 5 wulan, ingkang limrah lajêng mêdal untunipun ingkang kapisan, ananging wêdaling untu wau yèn rare ingkang botên kiyat (kirang saras) lajêng nuwuhakên sakit sarta ingkang kathah lajêng kataman sêsakit cangkêm, mila pêrlu sangêt lare ingkang sampun mêdal untunipun kêdah kapulasara kanthi karêsikan, sabên-sabên lare sampun nêdha têtêdhan, cangkêmipun kêdah karêsikan sarana suwekan rêsik ingkang kacêlupakên ing toya asrêp, supados ilat, cêthak sarta gusi botên kadunungan rêrêgêd ingkang murugakên sêsakit (zuren).

Sabên dintên rare wau kaêdusana kanthi toya asrêp, panganggenipun ingkang sarwa tipis, sarta longgar supados hawa sagêd rumasuk ing jasad, têtêdhanipun kêdah ingkang pancèn tumrap.

Ing măngsa rare mêdal untu tartamtu kathah tilêmipun ananging makatên wau botên dados bahya, malah kapara sae.

Pangupakaraning bêbalung

Yèn kita badhe ambangun griya baturipun kêdah ingkang lêbêt, kajêng-kajêng kêdah milih ingkang pancèn sae, supados mênawi [mêna...]

--- 179 ---

[...wi] sampun dados botên kuwatos risak dening lindhu sarta baturing griya kenging kula upamèkakên balunging manungsa. Rèhning balung punika inggih kados saranduning badan, kawujudakên saking dayaning rah, mila pêrlu para lare kêdah pikantuk têtêdhan ingkang murakabi tumrap ing rah sarta bêbalung. Makatên ugi pêrlu sangêt para rare kakulinakakên dhatêng toya asrêp kados ingkang sampun kula sorahakên ing ngajêng (Bab 2).

Patrap pambuka sarta pangupakaraning paningal tuwin pamirêng.

Rare ing pamulangan pangkat kapisan yèn minggah ing pangkat kalih, tartamtu rumaos manggih kabêgjan, dene sampun mêngkêrakên sapangkat, makatên ugi tumrap para rare, bilih sampun wiwit mêdal untunipun, mratandhani yèn saranduning angganipun, sampun kapetang jangkêp, ing ngriku lajêng wiwit kabuka pambudinipun, samukawis ingkang katingal kêdah dipun tingali, kupingipun amirêngakên dhatêng suwara ingkang kapirêng, tanganipun tansah ngrêranggèh dhatêng sadaya maujud, punapa malih raos sarta panggănda pancèn sampun tumapak ing pakaryan wiwit lair mula.

Paningal, pamirêng, panggănda, pangraos tumrap têtêdhan tuwin pangraos tumrap ing ăngga punika lakar praboting

--- 180 ---

ngagêsang, mila kêdah kaupakara kanthi pangatos-atos supados awèta damêlipun.

Paningal kêdah ingkang têrang sarta angsal pêpadhang, yèn kirang sampurna pêpadhangipun, anjalari lamuring netra, sampun pisan para rare kakulinakakên maos sêrat ing wanci bangun enjing, sêrat utawi ing panggenan ingkang kirang padhang, yèn pêrlu inggih kaangkaha sampun ngantos kadangon, sêsagêd-sagêd paningal punika kêdah kakulinakakên maspadakakên maujud ingkang têbih panggenanipun.

Dolananing para rare.

Rare-rare ingkang sami rêmên dolanan, kados ta: jumbritan,[3] gobag, èthèng[4] sapanunggilanipun, punika pancèn utami sangêt, awit murugakên ing karosan, saranduning otot sagêd kêncêng. Lampahing rah sagêd èncèr.

Sawênèh wontên tiyang gadhah anak têtiga, saking kapenginipun gadhah anak ingkang rosa, anak-anakipun wau katumbasakên kareta alit sarta menda kadamêl rakitan, yèn mendanipun budi botên purun karakit-rakitakên lajêng rare tiga wau sami tulung-tinulung, wontên ingkang nuntun,

--- 181 ---

wontên ingkang nyurung, wontên ingkang anggêbagi, wêkasan dangu-dangu menda purun lumampah, polahipun rare têtiga wau sampun botên kenging winiraos, jogedan acingklak-cingklak[5] têrkadhang rare wau sami pradondi rêbat lêrês, lajêng gêlut, kèndêl-kèndêl bilih sampun sayah, sangêt anggumujêngakên.

Wondene mênawi rare èstri, sasagêd-sagêd wiwit alit kawulanga samukawis ingkang pancèn maedahi, kados ta: dondomi, girah-girah sapanunggilanipun. Karosan inggih kakulinakna nanging sawatawis kemawon.

Măngsa Tumapak Lumêbêt ing Pamulangan

Rare ingkang sampun nêdhêngipun lumêbêt ing pamulangan, sarta pambudinipun sampun nyêkapi kangge sinau, pamulasaraning ăngga inggih kêdah kanthi pangatos-atos, pêrlu sangêt kêdah kakulinakakên dhatêng karosan.

Bab bangun turuting anak tumrap para bapa biyung inggih kêdah kamanah, sampun ngantos kirang utawi kaladuk, sampun pisan anguja dhatêng anak, awit mindhak anjalari botên sae kadadosanipun, kathah kemawon para biyung ingkang sae trêsnanipun dhatêng anak, ngantos botên mêntala mulang, sasolah tingkahing anak kauja sakajêngipun, têmahan pun [pu...]

--- 182 ---

[...n] anak kados bibrah, botên wontên ingkang dipun ajrihi, tindak tandukipun ambalasar.

Sawênèh wontên bapa biyung ingkang sakalangkung kêrêng dhatêng anakipun, ananging kêrêngipun wau botên mawi kamanah, têmahan pun anak ingkang pancèn kirang ing pambudi lajêng kalintu pamanggihipun, kinintên kêrênging bapa wau kamanah saking gêthing.

Pramila kêdah mawi kasorahakên ingkang cêtha, kados ta: rare ingkang nyoba ngombe jênèwêr, sampun lajêng kagêbag, wangsul kasukanan mangrêtos yèn jênèwêr punika kirang sae tumrap para rare.

Rèhning paliwara tumrap pangupakaraning anak, kula manah sampun cêkap samantên kemawon, pramila samangke kula cuthêl, awit kumêdah kêdah badhe ngupados rêroncèn sêkar ingkang mungguh sarta mêwahi sênêning ujwalanipun sang rêtna Candrakanta.

Nahanta saking kithaling têtêmbungan, mugi para sarjanèng budi anglunturakên sagantên pangapuntên.

Kaimpun dening Sastradiarja. Surabaya

--- 183 ---

Ngèlmu Bumi (Andhasat)

Sambêtipun Candrakanta ăngka VI kaca 134

Mirid saking pratelan kathahing jawah ingkang kasêbut ing nginggil punika, tiyang sagêd amastani:

a. Panggenan-panggenan ing Insulindhê ingkang kathah jawahipun ing dalêm sataun: mèh sami.

b. Panggenan ingkang ing salêbêtipun sataun jawahipun kathah piyambak.

c. Panggenan ingkang jawahipun sakêdhik piyambak.

d. Panggenan ingkang jawahipun tunggil măngsa

e. Panggenan ingkang mangsanipun têrangan sarêng.

Panggenan-panggenan ing nginggil punika wontên ingkang sataun muput tansah wontên jawah, ngantos angèl sagêdipun ambedakakên mangsanipun jawah kalihan măngsa têrangan, kados ta: ing Bogor, Bêngkulên, Padhang, Singkil tuwin ing Sintang: wontên malih sawênèhing panggenan, bilih ing măngsa têrangan jawahipun sakêdhik sangêt, ananging bilih ing măngsa jawah: jawahipun kathah sangêt, kapara ngantos tikêl 10, kathahipun tinimbang ing măngsa têrangan, inggih punika ing Batawi, Kêdhiri, Surabaya, Sidaarja, Pasuruan, Prabalingga, Situbănda, Maesan Sumênêp, Pangkajêne, Makasar tuwin ing Mênadho.

--- 184 ---

[Grafik]

--- 185 ---

[Grafik]

--- 186 ---

Peranganipun

Ing sarèhning peranganipun satunggal-tunggalipun paresidhenan, sampun kawrat ing sêrat-sêrat pananggalan sasaminipun, dados botên kula pacak ing ngriki.

a. Ingkang 2230 tiyang Arab.

b. Ingkang tumut paresidhenan Rio tuwin jajahanipun, ingkang wiyar sangêt tanah Indragiri ing pulo Sumatra.

c. Ingkang tumut paresidhenan Têrnate, ingkang wiyar sangêt tanah Papuah.

d. Kirang têrang, wontên tiyangipun Sêrani ± 34250.

Patilasan Utawi Candhi-candhi

Mirit saking cariyos, dongèng, utawi babadipun tiyang Jawi, katimbang kalihan sêratan ingkang wontên ing candhi-candhi, dhatêngipun tiyang Indhu kenging dipun kintên-kintên, tunggil wêktu kalihan jamanipun Kangjêng Nabi Ngisa.

Sanadyan sapunika kathah tilas damêlan Indhu, inggih punika: candhi, rêca, gapura ingkang èdi-èdi pandamêlipun, sarta sanadyan ugi wontên sêratan warni-warni i[6] sela têmbagi, kropak, ananging cariyos bab panggêsangan tuwin kawontênanipun tiyang Jawi, nalika punika kirang têrang, awit cariyos wau kawor kalihan prakawis ingkang anèh-anèh sarta mokal-mokal.

--- 187 ---

Dhatêngipun tiyang Indhu wontên ing tanah Jawi andadosakên kadadosan agêng tumrap tiyang Jawi, inggih punika wêwatakanipun saya lami wêwah sae (alus, tata, cara, krama), pikantuk piwulang bab pangupakaranipun siti, nanêm pantun, jagung, pisang, damêl sarta ngangge sandhangan ingkang langkung sae tinimbang ingkang sampun-sampun, pandhe, kêmasan, kriya sêsaminipun, damêl griya ingkang langkung sae tinimbang ingkang sampun, punapa malih damêl gapura tuwin candhi ingkang warni-warni sarta pandamêlipun sae tuwin alus, dene tilas candhi-candhi wau ngantos sapriki taksih kathah, kados ta ing paresidhenan: Kêdhu, Ngayogyakarta, Surakarta tuwin Sêmarang. Ing tanah Jawi kilèn botên wontên tilasan candhi, ugi wontên ananging namung rêca sarta sela-sela ingkang wontên sêratanipun utawi tilas tapak suku tiyang, ingkang sapunika dipun mulyakakên tiyang kathah. Ing Paresidhenan Pakalongan, Banyumas, Japara, Rêmbang, Madiun tuwin Pacitan, ugi botên wontên candhinipun, ing tanah Jawi wêtan kathah patilasanipun, inggih punika ing paresidhenan Surabaya, Kêdhiri sarta Pasuruan, dene ing Basuki tuwin Madura botên wontên.

Candhi-candhi wau ingkang misuwur inggih punika candhi ing redi Dièng, panggenan candhi wau siti maluwa ingkang inggilipun 6500

--- 188 ---

kaki, panjang 5100 kaki, sarta wiyar 2000 kaki, dene candhinipun: Andarawati, Parikêsit, Sêtyaki, Sămba, Gathutkaca, Nakula Sadewa, Bima, Sêmar, Srikandhi, Puntadewa, Sêmbadra, kajawi saking candhi wontên tilasipun balumbang. Ing Kuthaarja wontên tilas damêlan Indhu, wontên ing salêbêtipupun[7] guwa inggih punika rêdi Lawang, Têbasan, Watulawang, tuwin Mêrdèn. Ing Kêdhu wontên ing pingiring rêdi Sundara, candhi Perot sarta Pringapus. Ing iring rêdi Sumbing candhi Selagriya. Kajawi saking punika ing paresidhenan Kêdhu wontên damêlanipun tiyang Indhu ingkang misuwur, inggih punika Barabudhur, candhi Pawon tuwin Mêndut, ing maresidhenan[8] Sêmarang, inggih punika ing rêdi Ungaran, candhi Banyukuning tuwin candhi Dhuku. Ing paresidhenan Ngayogyakarta wontên ing sukunipun rêdi Mêrapi candhi Prambanan, ingkang pandamêlipun sae sarta alus, inggih punika Candhi Sari, Kalasan, Larajonggrang, Sèwu tuwin candhi Lumbung. Candhi ing Prambanan punika ingkang misuwur candhi Sèwu, wiyaring panggenanipun 2400 rupasagi, kêbak candhi ingkang cacahipun 254 iji. Ing sisih kidul botên têbih saking candhi Prambanan wontên siti malua ingkang kakubêng ing kalèn sarta pagêr banon mawi gapura, ing cakêtipun ngriku wontên balumbangipun ngangge undhak-undhakan, saking cariyosipun tiyang, mirit saking dongèng,

--- 189 ---

panggenan punika karatonipun Ratu Baka. Ing sawetanipun panggenan punika, sacakêtipun lèpèn Opak, wontên siti malua malih panjang 10 pal wiyar 6 pal, ingkang ugi kêbak candhi, dene ingkang misuwur inggih punika candhi Krapyak, Nagasari, Abang, Singa tuwin Tinjon, ing pigiri[9] rêdi Lawu sisih lèr kilèn, wontên candhinipun Sukuh tuwin Cêtha, candhi punika bokmênawi damêlan Majapait, dene candhi-candhi ingkang sami kasêbut ing nginggil wau sami damêlan Mêndhangkamolan. Taksih wontên sambêtipun

Prawirawiyata. Abdi dalêm carik II kabupatèn pulisi Surakarta

Pamêlèh

Mas Ngabèi Prawiraamijaya magang wadana dhistrik Jênggala (Sidaarja), panjurung sampeyan ingkang dipun pacak wontên ing Candrakanta kala tanggal kaping 1 Ruwah tuwin ingkang dipun pacak kala tanggal kaping 1 Siyam Dal 1831, mawi sampeyan ngalamati: sêkar malathi minăngka cundhukipun Candrakanta, sarta ing pungkasanipun lajêng sampeyan cirèni: piritan saking pustakawarti basa Malajar: kaanggit dening Mas Ngabèi Prawiraamijaya, magang wadana dhistrik Jênggala (Sidaarja) punika goroh, awit sayêktosipun sêkar malathi ingkang sampeyan cundhukakên wontên ing Candrakanta [Candra...]

--- 190 ---

[...kanta] wau anggitan kula, malah kala rumiyin sampun nate kula angge campur bawur wontên ing Rêtnadumilah ăngka 18 sarta ăngka 19 sami wulan Siyam taun Wawu 1825, utawi kaping 2 sarta kaping 6 Marêt 1816:[10] mawi kula tandhani nama Abuliyêp, mila kula gumun sangêt dene sampeyan mawi cariyos pêpiritan saking pustakawarti basa Malajar, wah taksih mawi èmbèl-èmbèl sampeyan dèkèki: kaanggit dening arak saya anjudhêgakên manah, judhêg kula wau dene bakunipun ingkang sampeyan angge ing cariyos dalah ukaranipun botên wontên ingkang siwah kalihan ukara kula.

Mas Ngabèi Prawiraamijaya, bilih têmên sêkar malathi ingkang sampeyan cundhukakên ing Candrakanta punika wiji dhêdhêran sampeyan piyambak, botên mêthèt saking Rêtnadumilah, sumăngga wijining sêkar malathi wau (kabaripun Malajêng) lajêng sampeyan aturakên kalihan rêdhakturing Candrakanta supados sampeyan katingal rêsik utawi gumarining, dene mênawi sampeyan botên anglêksanani punika katăndha cidra, kenging kula lokakên bilih sampeyan bêdhol tanêman kula ingkang sampun: 6 taun laminipun botên mawi têmbung, lah punapa sampeyan botên lingsêm.

Radèn Mas Panji Partaarja ing Surakarta.

--- 191 ---

Kula sampun apêpoyan dhumatêng para pambantu sampun ngantos anglêbêtakên karanganipun tiyang sanès ingakên karanganipun piyambak, dene ingkang langkung awon malih anglêbêtakên karangan ingkang sampun sumêbar ing kathah, punika prasasat wisa mandi, adamêl pêjahing kabar, kinintên ki juru pangripta rupak jajahanipun, botên angsal pitulungan saking pambantu sanès, lajêng nêdhak sungging karangan ingkang sampun sumêbar wau. Bilih tiyang kenging cinakrabawa pantoging kasagêdanipun namung makatên, gêsangipun nama tanpa damêl, sami ugi kalihan botên tumitah.

Kauningana botên namung kula ngandêlakên sudiranipun para pambantu kula ingkang pantês kula aji-aji sarta kula saosi panarimah ing dalêm batos, nanging ilinipun kula taksih sagêd ngêbaki papaning Candrakanta ingkang namung sakilan wiyaripun tur wêdalipun namung sabèn wulan sapisan, wusana atur kula kalayan sangêt, para pambantu mugi kaparêng anglêbêtakên anggitanipun sadhengah ingkang dipun karsakakên, isining jagad taksih anggalodhag, sanadyan namung aninong pothèl, punika langkung adi tinimbang cariyos sae ingkang sampun kawêdhar dipun wongsal-wangsuli. Red

--- 192 ---

Wangsulan dhatêng Mas Kodhêngan Dj. K. no 11 (1831)

Candrakanta punika dados panunggilanipun Sasadara ingkang namung isi kawruh thithithuwit, punika sampun kasêbut ing sêrat idêran, dumugi sapunika taksih lêstantun dèrèng pêjah, bokmênawi kabul pujinipun Mas Kodhêngan, kabar kêkalih wau tumuntên pêjah, santun kabar enggal ingkang isi kawruh ingkang botên kenging ginayuh ing manungsa, saking wêritipun.

Panjurungipun sadhèrèk kula ing pasisir saupami cêkapa punika kaangkah badhe kapisah namung tumrapa ing Candrakanta kemawon, ananging sarèhning botên kamot mila kalêbêtakên wontên ing Sasadara, awit pancèn panunggilanipun wau tinimbang botên kapacak, apêsipun dangu wêdalipun anuhun tumuntêna mêdal, saupami namung kakèndêlakên kemawon, botên namung adamêl cuwaning para manjurung, ingkang sagêd adamêl pêjahing kabar, inggih ugi adamêl danguning sumêbaripun kawruh thithithuit.

Pamanah kula sampun malih kawruh saking pasisir botêna kenging nunggil kalihan kawruh Surakarta, tiyangipun ing pasisir sampun angêbaki praja dalêm Surakarta sarta Ngayogyakarta, punika nelakakên bilih sami lêpas-lêpas ing budi. Mila mugi sampun dados manahipun Mas Kodhêngan, kula botên sagêd anglêgani kajêngipun, awit saking rèmèh.

--- 193 ---

Tapak astanipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita wontên ing dalancang suwekan pating saluwir dipun mulyakakên, kaancur katèmplèkakên wontên ing kêrdhus, ananging kula kêrêp ambêsmi sêrat ingkang têpinipun rinêngga ing toya mas, punapa Mas Kodhêngan mangrêtos liding suraos wau ?

Karanganipun sadhèrèk kula ing pasisir, punapa namung dipun manah wadhahipun kemawon, botên isinipun, kok sêpele têmên tiyang maos ingkang dipun manah papaning sêrat, botên suraosipun, lêrêsipun ingkang dipun manah lêrês lêpating têmbungipun, punapa dene cariyosipun, iki luput, bênêre mangkene, lah makatên punika lêkasing lêlabuhanipun para marsudi kawruh, kados ta: pathokaning kasusastran Jawi pintên-pintên warni, nanging botên wontên ingkang cara nglêpatakên, utawi ngisin-isin damêlaning sanès, tiyang mangrêtos sampun sumêrêp piyambak dhatêng awon saening anggitan wau, awit sami wêwaton, botên namung dipun garba aku ora dhêmên, sampeyan sumêrêpa kasagêdanipun tuwan W. ing bab kasusastran Jawi tikêl sadasa kalin[11] kula, suprandosipun sêratanipun, tăndha kănca, sigêg na: dantya, dados: tăndha, kănca, mangke sampeyan poyoki dèrèng sagêd nyêrat, kojurane. Ewadene ingkang maos botên kodhêng, sarêng maos karangan [ka...]

--- 194 ---

[...rangan] pasisir wontên ing Sasadara kemawon: kodhêng, sugih têmên kodhêng sanadyan karanganipun tuwan W. wau botên dipun ajêngi dhatêng para kawiradya ing Surakarta, nanging pandamêlipun kanthi waton, botên namung isi cêcawadan, ithik-ithik: kodhêng, ngêdalakên kadigbyan rumiyin, lajêng dipun sêlani kodhêng, kula inggih sampun sumêrêp bilih watêsipun tiyang maoni namung wontên pucuking pèn ingkang kagêtêrakên dening ubaling păncadriya, sèwu mokal atur kula punika adamêl panarimahing manah, awit watêsing panarimah sarêng kalihan bujading jagad. Kula kèngêtan kala kula taksih neneman dados utusan andhawuhakên karampungan kisas wontên ing alun-alun Surakarta, sasampunipun pasakitan wontên ngandhap pagantungan, kula andhawuhakên karampungan, satêlasing pamaos: kula lajêng pitakèn dhatêng pasakitan, punapa sampun mangrêtos, wangsulanipun, sayêktosipun kula dèrèng mangrêtos sarta kodhêng, awit kula botên rumaos dosa badhe kapatrapan paukuman pêjah. Sumăngga ta kagaliha: namung kantun mênutan dumugi ing janji taksih rumaos lêrês, sampun malih ingkang dipun umbar wontên ing sêrat kabar botên saya angămbra-ămbra kodhêng, wusana kula namung nyuwun maklumipun ikang sami kirang rêna, mênawi dhangan. Red

--- 195 ---

Kawuninga dhatêng para nupiksa, panyedanipun Radèn Mangunsuwiriya dhatêng karangan kula bab cumbana (kêra lêma) Candrakanta ăngka VIII kaca 173 punika botên kula wangsuli, kula namung ngaturakên solo.

Saupami kula wangsuli tartamtu andadosakên wêwinihipun pasulayan. Wusana kula namung nyuwun barkah lêlêrêsan dhatêng panjênênganipun rama juru pangripta mupung dèrèng kasèp angămbra-ămbra, mênggah lêrês lêpating karangan kula bab cumbana Sasadara ăngka VII kaca 334 ing pungkasan, ingkang mungêl: wusana kula namung sumarah dhatêng ingkang karsa ngangge.

Punika kados pundi têgêsipun[12]

R Munandar.

 


ingkang. (kembali)
biyung. (kembali)
§ Ing Surakarta: jelungan. (kembali)
§ ingkang kados punapa ? (kembali)
§ = jingklak-jingklak. (kembali)
ing. (kembali)
salêbêtipun. (kembali)
paresidhenan. (kembali)
pinggiring. (kembali)
10 1896. (kembali)
11 kalihan. (kembali)
12 Pamanggih ingkang botên sagêd condhong prayogi kèndêl, sami lêrêsipun, sami lêpatipun, amargi pamanggih kula piyambak inggih botên sagêd condhong dados tiga-tiganing tunggil, rêmbagipun piyambak-piyambak mênggahing kula bab lêma kêra punika gumantung wontên ing dhiri, botên saking punika-punika, katăndha tiyang lêma kapengin kêra, botên sagêd, kajawi botên nêdha, nanging botên bêtah, makatên ugi tiyang kêra kapengin lêma: inggih botên saged, botên kenging dipun kathahi têdha sae: makatên malih tăndha yaktinipun putra dalêm ingkang sinuwun kangjêng sultan I ing Ngayogyakarta kathahipun 75 sarira dalêm puput, para agung ingkang kêra botên kirang, tur botên kêkirangan sarana. Red. (kembali)