Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  2. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  3. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  4. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  5. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  6. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  7. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  8. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  9. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  10. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  11. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
  12. Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Candrakanta
Image

Candrakanta

Kaping 1 wulan Sapar taun Be, ôngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 10 MEI 1902.

--- 240 ---

Bab Pandamêlipun sabuk akalihan kamus sayèt.

Sanajan kawruh ingkang kula damêl purun isining sêrat punika: kalêbêt sapele, ananging kados pêrlu, amargi bilih dipun lampahi kalayan talatos sagêd pikantuk kauntungan, punapa malih kamus#NAME? punika sampun limrah kangge ing Bôngsa Jawi.

Kala rumiyin sadèrèngipun kathah kamus sayèt, ingkang dipun angge kamus wacucal (samak) ingkang dipun sêmir têrkadhang wontên ingkang lugas kemawon, para cêkap sami ngangge kamus pasmèn, ing sapunika kathah tiyang ingkang ngangge kamus sayèt, awit rêginipun langkung mirah tur warninipun langkung sae tinimbang kamus wacucal wau (prêlak).

Katêrangan pandamêlipun kamus, utawi sabuk sayèt wau.

Mênawi badhe andamêl sabuk sayèt, kêdah angwontênakên dhasaripun ingkang badhe dipun nami sayèt, namanipun sêtrimin, utawi tiyang kathah mastani sêtrèmi (nyuwun priksa dhumatêng panjênênganipun kyai rêdhaktur, sêtrèmi punika têmbung punapa)sintên ingkang priksa mugi paringa katrangan. dene ingkang kawastanan sêtrèmi punika awujud nam-naman bênang ingkang dipun sêkul, pangênamipun malang mujur, sarta

--- 241 ---

mawi lêt-lêt, kados gambar punika, bênangipun ngalih lêr, dene lêtipun watawis 1-1½ m M, mênawi lêtipun kapara wiyar, kawastanan sêtrimin kasar, yèn ciyut punika ingkang alus, dene rêginipun sakamus 5 sen, yèn sasabuk rêgi 10 sèn, têrkadhang kirang.

[Grafik] Yèn sampun pikantuk sêtrimin, lajêng nyadhiakakên jarum sayèt dalah sayètipun ingkang badhe kaênamakên (kasulamakên) limrahipun sayèt punika panumbasipun êmplèk-êmplèkan, saêmplèk rêgi 7 utawi 8 dhuwit, sayèt wau lajêng dipun sigari utawi dipun palih, pamurihipun lumêbêt ing bolongan sêtrimi sagêd logro, sarta panganggenipun sayèt babar, dene rekanipun ngênamakên makatên:

Sasampunipun sayèt kasurupakên ing jarum, anggènipun nyulamakên manut gambar sarta ôngka punika, saking ngandhap kasurupakanê ing ôngka 1, saking ôngka 1 lumêbêt ing bolongan ôngka 2 mêdal ing bolongan, ôngka 3 saking bolongan ôngka 3 lumêbêt ing bolongan ôngka 4 lajêng mêdal ing bolongan ôngka 5 saking ôngka 5 lumêbêt ôngka 3 mêdal ing ôngka 6 saking ôngka 6 lumêbêt ing ôngka 1 mêdal ing ôngka 7 makatên salajêngipun, dados ingkang dipun [dipu...]

--- 242 ---

[...n] tutup ing sayèt punika katrajangan ing dhamipun sêtrimin, panutupipun susun kalih, yèn ingkang wiwitan wêdaling jarum tanpa lêt, godhagan, yèn kaping kalihipun mawi lêt sagodhagan, supados lajêng sagêd nyandhak trajanganing dham ing ngajêngipun, makatên rekanipun nyulam, wondene mênawi damêl kamus utawi sabuk punika, katamtokna rumiyin sapintên wiyaripun, sarta badhe kawangun kados pundi wontên ingkang lurus wontên ingkang miring, ing pinggiripun mubêng lajêng dipun sulama rumiyin,dene tirahaning sêtrimin ing sajawining watês katêkuka manglêbêt, sagêda katut kajaruman, supados sadèrèngipun rampung panyulamipun sêtrimin botên sagêd dhèdhèl, yèn ing pinggir sampun dipun jarumi, punika miwiti adamêl sêkar-sêkaranipun, punapa ingkang dipun sênêngi: cêplok-cêplokan utawi lung-lungan, mênawi wontên rekanipun inggih ron punika kadamêla rumiyin, mênawi sêkar-sêkaranipun sampun dados lajêng wiwit andhasari (adamêl lataripun), sakathahing trajangan ingkang dèrèng katutupan sayèt kêdah dipun sulami mawi sayèt sawarni

--- 243 ---

kemawon, limrahipun cêmêng wungu utawi jêne, punika ingkang kawastanan dhasaripun (lataripun).

Ing sapunika sampun awujud kamus, namung kantun ngrangkêpi mawi mori mawi lakên dhasar, ing nglêbêt kasukanana sêtagèn, supados awèt tur botên anglinthing.

Kula sampun nyumêrêpi lêbêtanipun (wragadipun) damêl kamus satunggal, sêtriminipun rêgi f 0,05 sayètipun cêmêng f 0,15 panggarapipun kasambi sagêd rampung 3 utawi 4 dintèn, yèn kasade pajêngipun f 0,40 minggah, samantên punika ingkang alus damêlanipun, saha sêkar-sêkaranipun luwês.

Saking pangintên kula, upami lare-lare ingkang sami nganggur kapêrdi damêl kamus wau, kados sagêd mikantuki, ing Ngayogyakarta sampun kathah lare-lare ingkang sami sagêd nyulam makatên punika, ananging kang kathah inggih kasar-kasar, amargi namung ngangkah enggala rampung, botên ngangkah saenipun. Makatên ugi para bakul klithikan inggih kathah ingkang sadean nyambi nyulam, mila pating karuthik katingal kados srêgêp ing damêl, gêla yèn ngantosa nganggur. Mila ing nagari Ngayogyakarta punika kathah tiyang ingkang sami sade sulaman kamus sayèt. Malah damêlan ing ngriku ngantos sagêd mêdal dhatêng môncanagari, kados dhatêng Samarang, Bahrawa, Magêlang sêsaminipun.

--- 244 ---

Ing nagari Surakarta ngriki inggih kathah sulaman kamus sayèt, nanging ingkang mêdal dhatêng môncanagari ingkang limrah sami kasulamakên ing lakên utawi ing baludru.

Pamêkasing pambantu ing pacrabakan ôngka II Karanganyar, Abdulsalam.

Pirantos tuwin Pandamêlipun Srutu.

Sarèhning kathah tiyang ingkang sami doyan sês srutu, langkung malih bôngsa kulit pêthak, pramila saking pamanah kula wontên pêrlunipun upami kula nêrangakên pandamêling srutu wau, awit ingatasipun panggenan ingkang wontên pabrikipun srutu, pintên-pintên dasa tiyang ingkang ngupajiwa dados tukang damêl srutu, kados ta: ingkang sampun kula sumêrêpi ing nagari Têmanggung, ing ngriku kathah Cina tuwin tiyang Jawi ingkang sami dados juragan, sarta adamêl srutu, misuwur dhatêng môncanagari.

Ingkang kadamêl srutu punika ron sata ingkang sampun garing, limrahipun kawastanan dhèndhèng, dene pirantos ingkang kadamêl srutu punika:

I. Balok, II. Thuthuk, III. Kopohan

--- 245 ---

IV. Luthik = lading, V. Ancur (lim)

Ingkang kawastanan balok punika kajêng awangun pasagi, panjangipun kirang langkung 1 M, wiyaripun 2 ½ - 3d.M, kandêl sakajêngipun kenging, lumahipun ing nginggil kapasaha ingkang alus, sampun ngantos wontên ingkang anjrawul, sarta kêdah waradin.

Thuthuk punika wangunipun gilig, ing ngandhap wiyar, ing nginggil ciyut, saèmpêr pasung utawi kukusan kakêthok lancipipun, lumahipun ing ngandhap ubêngan watawis 1 ½ d.M ing nginggil, 1 d.M lumah ing ngandhap wau kêdah waradin sarta alus, wangunipun bundêr kêmplêng, ingkang dipun damêl kajêng, padhas utawi sela.

Kopohan punika gombal katêkuk-têkuk lajêng kacêlupakên ing toya, pêrlunipun inggih kangge ngopohi thuthuk yèn kangge nuthuk lambar.

Dene luthik punika ingkang kadamêl manggar, ing pucuk dipun thuthuki ngantos kados sikat, kanggenipun kadamêl andulit, (ngluthik), ancur, lading punika minôngka pangirisan

Dene ancur utawi lim wau ingkang dipun damêl galêpung gandum utawi uwos kajênang sarana dipun wori tawas, toya ingkang kangge anjênang kakintên-kintêna supados matêngipun sampun ngantos [nga...]

--- 246 ---

[...ntos] cuwèr, sagêda kênthêl sawatawis.

Bilih pirantos ingkang kasêbut ing nginggil wau sampun sumadhia, sapunika ngrêmbag dhèndhèngipun, dhèndhèng ingkang badhe kadamêl srutu punika kêdah dipun yêm, ingkang kawastanan dipun yêm punika, dipun cêlupakên ing toya lajêng dipun kêbut, ing wusana dipun angin-anginakên, prêlu dipun dhèndhèng sagêda ayêm (lêmês) nanging botên têlês, dhèndhèng punika kawadhahan ing kas sabun katutupan ron utawi suwekan gêlaran.

Srutu punika wontên peranganipun tiga, 1 lambar, inggih punika buntêl ing jawi piyambak, 2 lambar isi, punika buntêling isi, 3 isinipun, ingkang dipun iyêm punika lambar akalihan lambar isi, yèn isi: botên namung mênawi garing sangêt, kadugi bilih dipun cêpêng sagêd rêmuk, punika lajêng dipun sêmproti toya, supados radi anyês, patrap panyêmprotipun punika kawastanan: nyêrit, ananging panyêritipun botên kenging kêtêlêsên, awit mênawi makatên ing têmbe srutunipun anjamur. Dene yèn isinipun rêmuk badhe nyuda raosing srutu.

Wiwit damêl srutu

Ingkang rumiyin anggêlar gêlaran, yèn sampun: balok kapasanga: srêg. Lajêng tiyangipun linggih ngajêngakên balok, ing kiwanipun panggenan lambar, ing têngênipun panggenan [pangge...]

--- 247 ---

[...nan] lambar isi, dene isi dumunung saantawising balok kalihan tiyangipun, thuthuk katumpangna ing balok ingkang sisih kiwa, kopohan katumpangna ing balok sisih têngên, sakiwaning kopoh cakêt kasukanana ancur, lading tuwin luthik, sasampuning rumanti wiwit nyandhak lambar, kaêtrapakên ing balok kapara ing têngah, supados sagêd krakêt balok kaancura sakêdhik, yèn sampun dangu botên pêrlu kaancur inggih sagêd krakêt piyambak, amargi balok wau sampun kenging rêgêding dhèndhèng, namanipun rêrêgêd wau: mingsri, lambar sasampuning tumemplèk lajêng kathuthuk wau, sarta ragi kapanthêng sawatawis, panuthukipun ngantos waradin, lajêng kairisa ing kiwa têngên tuwin nginggil, kangengehana pintên badhe panjanging srutu (kakintên kemawon tanpa ukuran) lambar ingkang nginggil lajêng kaancur ing pinggir, pangancuripun mawi luthik, lajêng ngêtrapakên lambar isi, kajèrèng katumpuk kalih, utawi tigang lêmbar lajêng kathuthuk, nanging botên pêrlu ngantos tumèmplèk utawi botên pêrlu kapanthêng, sapunika nyandhak isi mawi tangan têngên kagêgêm ing tangan kiwa, tukang mêsthi sampun sagêd ngintên sapintên kathahing isi, supados dadosipun botên kagêngên utawi kalitên, botên beda sagêd racak kados sêratan makatên, sasampuning isi, katata lajêng kabuntêl ing lambar isi, lajêng kabuntêl ing lambar, nalika [nali...]

--- 248 ---

[...ka] kabuntêl ing lambar, ragi alon, awit mawi manthêng sarta anggrayangi sapanjanging srutu, ingkang barênjul katênêd (kapêtêl) mawi driji, ingkang kalitên ragi dipun kêndhoni, yèn sampun waradin panggulungipun kalajêngakên, sapunika botên sagêd udhar, sampun dados srutu, awit pinggiring lambar wau sampun kaancur. Makatên patrap pandamêlipun srutu, yèn sampun dados lajêng dipun thuthuki ngantos mêmbut, supados sampun sêrêt (dhêdhêl) mênawi dipun sês. Tiyang damêl srutu sadintên sagêd angsal 150-200 ingkang rikat sagêd 250, dene bêrahanipun mawi-mawi, wontên ingkang ing dalêm 1000 iji bêrahanipun f 1,25 wontên ingkang ngantos f 2,50.

Srutu wau yèn sampun kakêmpalakên lajêng dipun êpe, pangêpenipun mawi tambir agêng, botên kenging worsuh, awit srutu punika wontên ingkang lancip, wontên ingkang papak, wontên ingkang ngadhal mêtêng, agêng alitipun inggih undha usuk, sadaya wau sawênèh wontên namanipun piyambak-piyambak, kados ta: tongpus, abana sapanunggilanipun.

Yèn sampun garing, tumuntên dipun kêthoki bongkot pucuk, sadaya kadamêl sami panjangipun, kaukur amurih trêpipun bilih kalêbêtakên ing wadhah, ingkang kangge ukuran punika dêling alit, ingkang sae dêling cêndhani (garaning

--- 249 ---

sapu êduk) dipun sigar lajêng dipun papaki kiwa têngên, srutu ingkang badhe kakêthok kalêbêtakên ing sigaran dêling wau ingkang moncol saking dêling lajêng kakêthok, sasampuning kakêthokan wontên ingkang lajêng kalêbêtakên ing wadhah kemawon, wontên ingkang mawi katangsulan rumiyin, sabêngkêtipun§ bêngkak utawi bêngkêk. sadasa iji, pambêngkêtipun kêdah milih ingkang sami warninipun, cêmêng sami cêmêng, jêne sami jêne salajêngipun makatên ugi anggènipun anglêbêtakên ing wadhah (kas).

Kas wadhah srutu punika ingkang kadamêl kajêng surèn utawi kajêng jatos Walandi, wangunipun pêsagi utawi pasagi ambanon, ing nglêbêtipun sarapid§ larap. lancang, yèn srutu sampun katata kêbak lajêng dipun près (dipun nêd mawi pirantos supados madhêt) lajêng dipun tutup saha kapaku, urut lingiring kas dipun balêbêt ing dlancang wiyaripun 2 cm punika kawastanan dipun lak, srutu sawadhah kathahipun 25, 50, 100, wontên ingkang 500, ananging awis-awis, dene srutu 1 ½ - 5 sèn.

Mênggah ingkang kula sorahakên ing nginggil punika patrap pandamêlipun srutu ing Pacinan utawi ing kampung Kajawèn,dene ing pabrik sanèsipun ingkang agêng kula dèrèng mangrêtos awit dèrèng nyumêrêpi piyambak.

Kula guru bantu ing Karanganyar, Sadika. Red

--- 250 ---

Bab Thukulipun Kawruh Palintangan

Gêgolonganing surya

Sambêtipun candrakanta VI kaca 114

Saking karsaning Gusti Allah têka inggih wontên tiyang ingkang purun, botên ajrih mabêni pamanggih wau, sarta ingkang tansah mêmanah nuruti padhanging nalaripun, botên etang kasusahan lan bêbaya ingkang pinanggih.

Nikolas Kopèrnikus Nicolaas Copernicus lair kala ing taun 1453 ing nagari Torên Thorn botên têbih saking Wèisêl Weichsel (nalika samantên kabawah Polên) punika ingkang ngewahi kawruh palintangan, kados dene Lutêr Luther angewahi agami Ngisa.

Thukul saking panggagas ingkang padhang, Kopèrnikus lajêng manggih pathokan enggal bab ebahing sadaya wujud ing langit, putusing nalaripun sagêd amadhangi kawruh kawak ingkang sampun jamurên, ingkang tansah inganggêp lêrês dening akathah kabêkta saking cupêting nalar.

Kopèrnikus waunipun sinau ing pamulangan agêng (Universiteit) ing kitha Krakau Krakau dhatêng kawruh agami sarta jampi-jampi, ananging ugi nyambi mardi kawruh palintangan, wusana kawruh palintangan wau ingkang langkung nêngsêmakên sarta nênangi manahipun, nalika piyambakipun wontên ing kitha Rome Rome ugi [u...]

--- 251 ---

[...gi] ngudi sangêt dhatêng kawruh wau. Wusana sawangsulipun ing tanah wutahipun, inggih punika nagari Frauenburg ingkang asri sarta têntrêm, dados pandhita anindakakên kapandhitanipun, ing ngriku sarana ayêming manah mêlêng anggènipun mêsu dhatêng kawruh palintangan.

Miturut saking cariyosipun piyambak, sampun wiwit nalika sawêg sinau rumiyin, piyambakipun sampun rumaos, mênawi pamanggihipun Pêtolomeus bab ebahing wujud ing langit wau botên sagêd adamêl marêming manahipun, môngka pamanggih wau têka tasih kangge. Mila piyambakipun badhe ngupadosi gêgêntosipun pamanggih wau. Sakathahing sêrat-sêrat wulang Yunani ing jaman kina sami kaparsudi, nanging inggih botên adamêl marêming manah. Wondene piwulangipun Plato sarta Aristarkhus kados-kados botên kasumêrêpan babar pisan dhatêng kopèrnikus, piyambakipun bokmênawi ugi tampi dhatêng pasêmonipun Plato, inggih punika ye yan katingalipun ebahing langit langkung pasaja katêranganipun, mênawi bumi mungsêr angubêngi indhênipun, tinimbang mênawi sadaya langit angubêngi bumi ing dalêm 24 jam.

Nalika piyambakipun nyandhak dhatêng pasêmon punika manahipun lajêng têtêp, ical mamangipun, ing nalika taun 1507 sampun botên uwas dhatêng panggagas wau, sanajana inggih botên sagêd [sa...]

--- 252 ---

[...gêd] nêrangakên kalihan gamblang, yèn bumi punika mungsêr ing dalêm 24 jam angubêngi indhênipun, saking kilèn mangetan punika, ingkang dados jalaran, dene langit katingal ngubêngi bumi saking wetan mangilèn, salêbêtipun sadintên sadalu wau.

Ananging Kopèrnikus gadhah pamanggih langkung saking punika, ebahipun sadaya planit nurut lintang-lintang têtêp, sarta ebahing surya sabên taun ing langit, miturut katêrangan kina ingkang wêwaton katingalipun kemawon, botên adamêl ayêming manahipun, sadaya wau langkung pasaja lan gampil, mênawi kaupamèkakên yèn bumi ingkang lumampah ngubêngi surya ing dalêm sataun, makatên ugi lampahipun sadaya planit, saking pangintên-kintên punika KopèrnisusKopèrnikus. lajêng gadhah pamanggih (dèrèng sagêd nêrangakên) yèn bumi punika salah satunggiling planit, sarta sêsarêngan planit sanèsipun angidêri surya. Pamanggihipun Kopèrnikus ingkang kaping kalih punika kenging kawastanan umpaking kawruh enggal bab palintangan.

Dhasar pantês sinêbut kêndêl, dene piyambakipun pandhita, punapa malih nuju jaman samantên, têka purun-purun anggiyarakên pamanggihipun wau. Bumi kalungsur saking kalênggahanipun, kagêntosan surya, makatên punika adamêl najising kasukcèn, ing kawitan pamanggihipun Kopèrnikus wau namung [na...]

--- 253 ---

[...mung] kasumêrêpan dening para mitranipun, wusana mitra-mitra wau sami ngrimuk, supados Kopèrnikus nganggita pamanggihipun wau dados sêrat, kalimrahakên ing ngakathah. Sarêng panêdha makatên wau sampun katurutan, inggih punika sêrat ingkang cinirèn: bab ebah sarta marginipun wujud ing langit, kawêdalakên ing Nèrênbèrêh Neurenberg sang kuncara Kopèrnikus sampun dumugi ing jangjang. Ing nalika wulan Mèi 1543 Kopèrnikus tampi sêrat anggitanipun wau ingkang sawêg kalimrahakên, botên dangu malih lajêng mantuk dhatêng jaman kailangan, ananging tilaranipun inggih punika, kawruhipun sangsaya lami sangsaya ingaji-aji dening ngakathah.

Wondene Kopornikus amasrahakên sêrat anggitanipun wau dhatêng Paus Paulus III inggih punika ingkang angêncêngi tumindaking agami Rum, sasampunipun kalampahan sataun, mila inggih kalêbêt kapinujon.

Botên kasumêrêpan kados pundi prabawaning sêrat ingkang kapasrahakên wau. Ananging salajêngipun ingkang anggêntosi Paulus III sami anggiyarakên pamanggih wau salêbêtipun saabad.

Tiyang kathah sami ajrih nalika sêrat wau kawêdalakên sapisan, Osiander van Neurenburg pujôngga wiskindhê, ingkang ngêcap sêrat wau, sarèhning ajrih kasêrêg ing pangadilan agami, [a...]

--- 254 ---

[...gami,] ambêbukani sêrat wau (malah ing namanipun sêrat ugi) yèn pamanggih punika namung saèmpêr panyana-nyana. Môngka ingkang nganggit piyambak sampun kêncêng ing manah, yèn pamanggihipun botên lêpat, sadaya sami têmên sanajana tiyang-tiyang anggènipun nampèni piwulangipun Kopèrnikus kalayan lêganing manah, ananging inggih ugi kayankalayan. kêmba, prasasat botên praduli babar pisan, adining pamanggihipun botên sagêd kacandhak ing sadhengah tiyang ingkang sinau. Ing pamulangan-pamulangan agêng pamanggihipun Pêtolomeus taksih sami katêtêpakên, malah botên kenging botên kêdah kawulangakên, namung para propesor neneman, ingkang langkung kathah sarta padhang nalaripun, mênawi pinuju mulang piyambakan sami mulangakên pamanggihipun Kopèrnikus, ananging lami sangêt sagêdipun pamanggih kina wau kabucal, namung sakêdhik tiyang ingkang nocogi pamanggihipun Kopèrnikus, punapa malih ing atasipun kawruh ing jaman samantên kêdah nênga dhatêng agami. Pamanggih makatên wau, sanajana Kopèrnikus piyambak mursid sarta pitados ing agami Katolik inggih ugi ngêmu raos murtat ing Allah.

Wontên ugi pangalêmbana ingkang pantês tumanduk dhatêng agami, dene ing wiwitanipun botên angawisi pamanggih enggal wau. Paus Paul III angidèni tiyang-tiyang kenging maos [ma...]

--- 255 ---

[...os] sêrat-sêrat punika, malah Gregorius anglêrêsakên lampahing pananggalan manut etangan wêwaton pamanggih enggal.

Ananging lami-lami ical sabaring agami ing atasipun pamanggih enggal wau. Botên angêmungakên agami Katolik kemawon ingkang mêmalangi pamanggihipun Kopèrnikus, sanajana agami enggal ugi makatên, Lutêr ingkang miwiti wicantên makatên: wong edan padha ambubrah kawruh palintangan, nanging kitab suci nyaritakake yèn, Yusak Zosua dhawuh marang srêgenge, supaya mandhêga, ora marang bumi. Makatên ugi Melangton Melankhton botên sagêd anggathukakên pamanggihipun Kopèrnikus kalihan kitab suci sarta pamanggihipun piyambak bab agami. Ing wusana sarêng agami Katolik kapêksa nyêgah ing sadaya ingkang enggal, supados agami Protestan sampun ngantos rumambat, piwulangipun Kopèrnikus wau inggih lajêng kaanggêp pamurtat ing Allah.

Ing nalika abad kaping 16 nagari tansah usrêg, manahing tiyang sami bebas, pamanggih sangsaya jêmbar, awit kathah nagari-nagari enggal ing amônca ingkang pinanggih, agami enggal saya lami saya sumrambah, sanajana ing kawitan kathah ingkang gêthing. Pamanggihing tiyang sangsaya enggal sumêbar dhatêng liyan, [liya...]

--- 256 ---

[...n,] awit ing waktu wau sampun wontên kawruh ngêcap sêrat, mila sanajana sêratipun Kopèrnikus wau kaawisan, botên kenging kawaos, sarta kaanggêp laknatullah, sadaya tanpa wusana, botên sagêd nyandhêt gumêlaripun kawruh enggal, wêkasan lajêng kathah tiyang ingkang tangi manahipun, sami ambudi sarta niti pariksa, ngantos panyananipun Kopèrnikus wau kacêtha nyata lêrês, malah sagêd langkung têrang malih.

Salah satunggiling tiyang wau inggih punika Johannes Kepler lair 27 Nor 1571 ing dhusun alit Weil cakêt Magstall ing Wurtenburg.

Taksih wontên lajêngipun

Saking mudha punggung Partawidagda

Daya

1. Nalika kula minggah rêdi Sumbing, sangu kula (manut cara ingkang sampun kalampahan) gêndhis kalapa utawi gêndhis arèn kalihan kalapa, sabên karaos ngêlak sarta suku karaos kêju, ngêthok, gêndhis kalihan kalapa katêdha, supados sudaa raosing ngêlak sarta ngêthoking suku, ananging sampun kula ambali kaping tiga, mêksa tansah wangsul ing margi,

--- 257 ---

awit saking botên kiyat, wusana wontên satunggaling pamitran kula ingkang cariyos, bilih badhe minggah ing rêdi sêsaminipun, lampahan ingkang rêkaos prayogia sangua wedang tèh kawoworan toya tawa, punika dayanipun angungkuli nêdha gêndhis kalihan kalapa. Pitutur wau sêrêng kula lêksanani, sanadyan kalihan rêrambatan sagêd dumugi pucaking rêdi Sumbing wau, dados têtela dayaning wedang tèh dipun jogi toya wau, angungkuli dayaning gêndhis kalihan kalapa.§ Ing Surakarta palimrahanipun para priyantun, unjuk-unjukanipun wedang jongrahab.

2. Oyod kalapa punika prayogi sangêt kangge anggantèn, minôngka lintunipun wohan, saya utami malih kangge jampi kalihan adas pulasari, awit kula sampun angyêktosakên tôngga kula kadugi sampun umur 45 taun, rabi enggal, sabên dintên tansah prihatos amargi ... ?§ sampeyan punika baud damêl cêcêk, punika prakawis gaib, kula botên sagêd anggayuh. awon nganggur kula purih jêjampi oyod kalapa kalayan adas pulawaras, sarta bilih nginang ugi kula purih ngangge wohan oyod kalapa. Sarêng sampun dipun laksanani, lajêng apratela cêkakan dhatêng kula, bilih

--- 258 ---

dayaning oyod kalapa wau angungkuli dayaning cabe lêmpuyang, bendha laos utawi mabên kalihan tigan.§ kawruh sampeyan punika kados kathah ingkang cècèg ngalêngka, botên namung kakèk, sanadyan anak mudha inggih cècèg ugi kangge pangeram-eram, sampun kumbi, kala punapa tiyang gêsang botên umuk, dene ingkang kêrêp dipun umuki: buron tilam, nanging mukir.

3. Ulam pêksi gareja sarta pêksi sriti, punika dayanipun sami kalihan dayaning oyod kalapa utawi congyangyuk ciyu (arak obat) langkung malih bilih pêksi gareja wau kabubur.

4. Toya asêm, gêndhis kalapa, kalihan kunir, angêdalakèn bêntèr lêbêt, karingêt wêdalipun kathah.

5. Cao isi têlasih angicalakên rêrêgêding padharan, ananging isining têlasih kêdah dipun kaduki.

6. Êndêming sata, sirna dening wedang tèh mangêt-mangêt kalihan gêndhis sawatawis.

Pun PrawirawiyayaPrawirawiyata. Abdi dalêm carik ôngka II kabupatèn pulisi Surakarta

--- 259 ---

Cangkriman

1. Turunipun tiyang sagêd kalihan turunipun tiyang ingkang dèrèng nate kasrambah ing piwulang, upami sami-sami dipun parsudi ing kawruh, sagêdipun rumiyin ingkang pundi sarta punapa sababipun:

2. Babon punika bilih badhe nigan sarta sampunipun ngêdalakên tigan, mawi pêtog, punika punapa kajêng sarta sababipun.Suwawi anggèr Rms Suryadipura mangu (gorang-garèng) 2 anggèr M Martadiharja mantri guru bagi (Madiun) 3 anggèr M Arjautama mantri guru Maospati (Madiun) sami kula aturi rawuh sarêng ambikak pitakènipun M Prawirawiyata ing nginggil punika. Red.

Pun Prawirawiyata. Abdi dalêm carik ôngka II Kabupatèn pulisi Surakarta

Nuwun, nadyan ki raka dèrèng nate sasrawungan kalihan kula, ewadene kula purun masthèkakên yèn ki raka badhe lêgawa aparing sêsuluh ingkang dados pêpêtênging manah kula: Pustaka Raja jilid 2 kaca 224, 225: wontên ungêl-ungêlanipun makatên:

Arya Sadhaskara langkung suka anampèni sela timpuruy, lajêng amulang singsot lêlagon bramara, pisaca pun wulingabêk [wulingabê...]

--- 260 ---

[...k] saha nglètèr, sarêng sampun antawis dangu Arya Sadhaskara minta kadamêla atôndha dumugi ing nginggil wêsi. Arya Sadhaskara anglilani, lajêng angambil sanjata dibya pinusthi dados sela impuruytimpuruy. malih. Raja Bahli matur: Ditya Singasari darbe garwa langkung endah enz enz têtêmbungan ingkang kula sêrat sastra alit, kadospundi kajêngipun, punapa saking lêpating panyithak, yèn makatên ing pundi dununging lêpatipun.

Wusana taklim kula katur ing ki raka.

Ingkang rayi guru Kabumèn. Darmabrata

Pitakènipun Radèn Darmabrata ing nginggil punika kalêrês anggènipun botên mangrêtos, amargi panyithakipun sêrat Pustaka Raja ôngka II kaca 224 - 225: punika pancèn kirang, dene jangkêpipun sumambêt wontên ungêl-ungêlan ingkang makatên: sarêng sampun antawis dangu Arya Sadhaskara minta zie blz. 224, 1, vo, ing ngandhap punika kakiranganipun wau: kinèn anêdahakên prênah ênggèning ditya Singhasari, sampun katêdahakên kapanggih sawêg ngrasuk dêdamêling prang badhe mangkat anglurug, Arya Sadhaskara sigra musthi sela timpuruy sinêrat rajah kala muksa sarta sinantran aji danurdhara sanalika siniwa [sini...]

--- 261 ---

[...wa] dados sanjata dibya rumantos dalah gandhewanipun, ditya Singhasari linêpasan kawatgata ing jaja lajêng muksa, ing ngriku sagunging para pisaca para lêlêmbat brakasakan sami sasanti manadukara ing Arya Sadhaskara, lajêng sami dhinawuhan mantuk dhatêng kahyanganipun sowang-sowang, amung wontên pisaca sêpuh satunggal awasta sang raja Bahli kêdah andhèrèkakên lumampah.

Mênggah sagêd kula suka katrangan punika awaton saking sêrat Pustaka Raja kagungan dalêm ing karaton.

Kondhanging juru pangripta Sasadara. Rms Suwita.