Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-06, #647

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-06, #647. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01-06, #647. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 2, 26 Ruwah Taun Je 1862, 6 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [17] ---

Ôngka 2, 26 Ruwah Je 1862, 6 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Surabaya

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawanganipun kitha Surabaya, dipun gambar saking gêdhong gupêrnuran enggal.

--- 18 ---

Bab Kasusastran

Usul Cêkak, bab Sêrat Paramasastra.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 1.

Kajawi punika kula ngusulakên malih, gêgandhenganipun kalihan prêluning basa supados cêtha, inggih punika bab jêjêg rêbahing swantênipun aksara lêgêna, kalihan rêbah jêjêging swantên, suku lan wulu ingkang sigêg. Tuwin anuswaranipun aksara: ba, ga, da, dha, ja. Punika pamanggih kula prêlu sangêt mawi tôndha, awit kathah kemawon lêpating pamaos ingkang jalaran saking klèntu anggènipun anjêjêgakên tuwin angrêbahakên swantên lêgêna. Ing Sêrat Canthini wêdalan gênutsêkap Bêtawi, aksara Latin, jilidan I têmbang 21 pada 17, lêrêsipun mungêl: ana masalah karungu, têgês wontên kaol kamirêngan. Punika kasêrat Latin, mungêl, anama salah karungu, têgês. nama salah kamirêng, Canthini kasbut nginggil, ing jilidan VII, VIII, têmbang 197, pada 14, lêrêsipun mungêl: salang gumunên amuwus. Têgês gumun kalihan wicantên. Dipun sêrat, salang gumun, êna muwus. Ing têmbang 204, pada 54, lêrêsipun, gêmêt ulêtan akantun. Têgês gulêt botên kantun, dipun sêrat, gêmêt ulêt, tana kantun. Ing têmbang 222, pada 26 lêrêsipun mungêl: ing sabumi-bumi saha rêbud basa, dipun sêrat, ing sabumi-bumi+saha rêbud basa. Sapunika kula ngaturi upami, kados ta: gawe kare kara jangan cara desa, punika têgês, damêl jangan kare boncis cara dhusun. Punapa têgês, dipun reka raja ing nagari ngancara desa? Ambêk sura paksa nagarane kukuh, punika têgês, kêndêl paripêksa nagarinipun kêkah, punapa têgês, paksana kêndêl gêgaranipun kêkah? Basa mara dadi rada edan. Punika têgês, sarêng mraom gajah edan. Punapa têgês, sarêng murugi dados edan?, sada sadasa dayanipun awon. Punika têgês, sada 10 dayanipun awon. Punapa têgês, puluh-puluh angsare ala? Apêpara bisa barakane wis padha trima, punika têgês. Tiyang mlarat rabi sabarakanipun sampun sami trimah, punapa têgês. Punapa para sagêd barakanipun sampun sami trimah?

Sapunika bab rêbah jêjêging swantên wulu suku ingkang sigêg. Kados ta: sak imit. Anjalirit. Cuwit-cuwit. Tuwin anjêkutrut. Krutug. Thêkluk. Gadul. Punika manawi ingkang nyêrat sêdya ngangkah kaungêlakên jêjêg, dèrèng tamtu sagêd kasambadan. Dening dèrèng wontên tôndha kangge ambedakakên swantên jêjêg lan rêbah. Mila pamanggih kula rêbah jêjêging swantên, prayogi mawia tôndha, dados tiyang maos sagêd maligi, namung mikir suraosing ukara thok. Botên andadak mawi andêdugi rêbah jêjêging swantên. Ing Canthini kasbut nginggil. Jilidan VII-VIII têmbang 204 pada 30, lêrêsipun mungêl. Paron parunggu [pa...]

--- 19 ---

[...runggu] thok wèl, kasêrat paron, parung+guthok wèl.

Sarèhne jaman sapunika tataning panyêrat sêmu dipun cêthak-cêthakakên. Kados ta: dhukunne, dhukune, manawi dhukun, kagondhèl. Manawi dhuku botên kagondhèl. Tuwin mrêlokake, lan numpukake, ingkang saking prêlu ngangge ake, ingkang saking numpuk, nganggè kake. Awit saking makatên punika, mila kula ngusulakên bab tôndha-tôndha wau, supados saya mindhak cêtha tumrap sadaya sêsêratan (tulis).

Sapunika bab anuswaranipun aksara: ba, ga, da, dha, ja. Kados ta: têmbung, bolak-balik, jlirit, jlimêt, dharusul, dudud-dudud, enz. ingkang ungêlipun mawi anuswara. Môngka pranatan nyêrat jaman samangke kêdah kasêrat ambolak-balik, anjalirit, andharusul, andudud-dudud. Lah punika manawi tumrap kidung (têmbang), ingkang guru wicalaning têmbang sampun lêrês ngangge têmbung: jlirit, dudut, dhrusul, enz. môngka lajêng kasêrat anjalirit, andudud, tênèh ngrisakakên lampahing têmbang. Cêkakipun pranatan kados makatên punika kirang nyrambahi dhatêng basa ing kidung, môngka kidung inggih taksih prêlu kangge. Mila pamanah kula bab punika prêlu mawia tôndha.

Wosing atur kula nginggil sadaya punika, kula namung lugu munculakên kawontênan. Ingkang kula kintên prêlu kagalih para kawogan. Badhe wêwijangan pandhapuking wêwaton, tuwin ngasal-usulakên kasusastran ingkang ngantos salêsih, punika kula sumanggakakên para êmpu, saha para bêbadan ingkang mardi basa, supados saya buntas, lan jêmbar pêpakêming kasusastran Jawi.

Wiradat.

Nut Rêdhaksi

Usul cêkak bab Sêrat Paramasastra ing nginggil punika, Kajawèn tumut jumurung, jalaran pancèn kêdah wontên pangrêmbag, ingkang ancasipun saya sagêda nyampurnakakên bab punika. Dene usul wau salajêngipun dipun ajêngi utawi botên dhatêng para kawogan, punika dipun sumanggakakên.

Namung ing ngriki ingkang prêlu dipun têrangakên sawatawis, bab usul pangrêmbaging jêjêg rêbahipun swara. Sarèhning tujuning pangrêmbag wau tumrap ing sastra Jawi, têka anggènipun madosakên upami andadak mawi metani lêpating panyêratipun sêrat Cênthini wêdalan Gênutsêkap, ingkang kasêrat ing sastra Latin. Môngka pinanggihing lêpat kados ingkang kapêndhêt kangge tuladha wau, mênggahing salêrêsipun namung saking lêpating pangêsèt utawi saking kirang satitining juru panaliti kala samantên.

Ewadene sarèhning tuladha pêndhêtan saking Sêrat Cênthini wau ugi adhapur nyaèkakên, dados saupami wontêna têmbungipun: tarima kasih, ingkang andhawahakên têmbung wau kêdah Batawias Gênutsêkap.

Mangsuli bab sastra Latin, punika bilih kangge nyêrati ukara Jawi, kados ingkang dipun kajêngakên juru usul, sanadyan botên mawi tôndha barang-barang, tiyang maos rêkaos sangêt sagêdipun kalintu, sabab sampun wijang, madêg saukara-saukara, beda têbih kalihan panyêratipun sastra Jawi, urut-urutan, botên sagêd katingal adêging têmbung saukara-saukara. Kados tuladha damêlanipun sang juru usul kasêrat ing sastra Jawi: gawe kare kara jangan cara desa lan sanès-sanèsipun, punika kenging kaungêlakên ingkang ngantos tanpa têgês, dados manawi ingkang maos wau tiyang ingkang dèrèng sagêd maos, tamtu kathah kalintunipun, nanging saupami tuladha wau kasêrat ing sastra Latin, kados botên makatên, awit lajêng cêtha mungêl satêmbung-satêmbung kados ingkang kinajêngakên dening ingkang anggadhahi kajêng, ugi kêdah mungêl, gawe-kare-kara-jangan-cara-desa. Botên badhe kalintu dipun ungêlakên sapurun-purun ingkang ngantos anggumujêngakên.

Wusana salajêngipun dados rêmbag ingkang sagêd amikantuki ajênging kasusastran Jawi, kula borongakên dhatêng para maos, para marsudi basa saha para kawogan.

--- 20 ---

Paprangan ing Mansuriah

Kawontênaning pasulayanipun Tiongkok kalihan Jêpan, umumipun sampun nama pêpêrangan, ing ngrika-ngriki namung nêdya nyantosani, lumuh yèn ta sami mundura.

Manawi mirid pawartos, ingkang langkung kawigatosakên tumrap kawontênan ing Mansuriah, awit ing ngriku ingkang dados wêwinihing pasulayan. Tuwuhing pawartos ing bab nagari wau warni-warni, sakêdhap kawartosakên sampun badhe rukun, nanging lajêng wontên pawartos malih, angosokwangsul.

[Grafik]

Barisan Jêpan nalika anglangkungi lèpèn Noni.

Dene manawi miturut pawartos kawat ingkang kantun-kantun, kawontênanipun pasulayan wau malah saya rame, yèn ta caranipun wayangan, malah saya sêsêg. Jêpan pandhêsêkipun saya angiyati, makatên ugi Tiongkok, ingkang sanyatanipun pancèn ingkang wajib nyantosani adêging panguwaosipun.

Ing nalikanipun sawêg wiwitan, Tiongkok tansah manggih panyeda ing bab kiranging sêsêg ing paprangan. Tumraping kabangsanipun ingkang sami botên sabaran, têtiyangipun ngantos nêmpuh dhatêng pangagêng, amastani kêndho dhatêng paprentahan paprangan.

Tuwuhing manahipun bôngsa Tionghwa dhatêng kawanèn, saya katingal. Inggih kadospundi anggènipun botên lajêng katuwuhan manah kados makatên, awit kawontênaning praja saya rupêk, saupami namung sabar kemawon, tamtu badhe kasoran. Wusana ing pundi-pundi laladan Tiongkok, ingkang sami tuwuh ura-uru saking panêmpuhing Jêpan, inggih lajêng tumandang ing damêl, ananggulangi panêmpuhing mêngsah, pêpêjah kathah, karisakan saênggèn-ênggèn. Ing sapunika malah saya katingal kapurunanipun bôngsa Tionghwa, kados ta wadya ingkang dipun tindhihi Jendral Ma, punika panglawanipun dhatêng mêngsah mawi aprasêtya: luwung pêjah tinimbang ngulungakên tanah Mansuriah, sanadyan namung sanyari, botên nêdya ngulungakên. Punika nêtêpi kados suraosing paribasan Jawi: sanyari bumi, kajêngipun, sanadyan namung sanyari, manawi bumi, inggih dipun labuhi dados pêpêrangan, tinimbang dipun sukakakên dhatêng tiyang sanès.

Ing sapunika kawontênanipun praja Tiongkok, sanadyan upami latu dèrèng nama ngalad-alad urubipun, nanging ing pundi-pundi sampun wontên palêtik.

--- 21 ---

Jagading Sato Kewan

Asih dhatêng Sato Kewan

Asihing tiyang dhatêng sato kewan, punika pinanggih beda-beda, upaminipun bôngsa Eropah, punika asihipun dhatêng sagawon, pancèn nama langkung, mila inggih botên anèh bilih pangemanipun dhatêng ingah-ingahanipun wau kanthi dipun rêksa kasarasanipun, lan malih mênggahing têdha inggih dipun samêktani sangêt.

Tumrapipun bôngsa Eropah, sagawon punika kajawi kangge sênêng-sênêng, ugi dipun pêndhêt damêlipun ingkang migunani, kados ta kangge anjagi pakarangan, kangge ambêbêdhag, kangge ambiyantu pulisi, lajêng karan sagawon pulisi.

[Grafik]

Punggawa pos anganthi sêgawon.

Bangsaning sagawon punika warni-warni, lan satunggil-satunggiling bôngsa wau gadhah wêwatakan piyambak-piyambak. Mênggah nyataning damêlipun, limrahing tiyang sampun sumêrêp, upaminipun manawi kangge rumêksa bale griya, mitadosi sangêt, manawi wanci dalu tansah anjagi, sabên wontên karêsêg tuwin galibêding tiyang, lajêng dipun jugug. Piandêl ing bab dhatêng damêling sagawon, sintêna kemawon inggih sampun mangrêtos, nanging sarèhning tumrap ing agami Islam, sagawon punika kasirik, mila tiyang ingkang agami makatên botên purun ngingah.

Sami-sami kewan, sagawon punika kêrêp kangge cêcariyosan, kados ta ing bab tumandanging damêl, punapadene ing bab sêtyanipun dhatêng bandara.

Wontên sagawon ingkang sêtya dhatêng bandara, sarêng bandaranipun wau ngajal, lajêng botên purun nêdha, wêkasan sagawonipun lajêng tumut pêjah.

Tumrap cêcariyosan Jawi, sagawon punika wontên ingkang kangge jêjêr dados cariyos, ngantos sagêd nurunakên manungsa. Nanging cêcariyosan ingkang kados makatên wau bokmanawi namung kangge sanepa kemawon, ingkang kajêngipun namung kangge ngasorakên dhatêng tiyang ingkang anggadhahi lêlampahan.

Amangsuli cêcariyosan ing bab damêling sagawon ingkang kangge anjagi kawilujêngan, kados ta ing Jêrman, punika lampahing punggawa pos ingkang dhatêng sajawining kitha, kêrêp dipun begal ing durjana, ngantos adamel girisipun ingkang sami tumindak ing damêl. Inggih sintên tiyangipun ingkang botên giris, awit punggawa pos punika wajib lan kêdah tumindak ing damêl ingkang mawi pathokan wanci. Môngka tumraping durjana dhatêng punggawa

--- 22 ---

pos ingkang ngambah sajawining kitha punika ngincih sangêt, awit kalamôngsa inggih gadhah bêbêktan ingkang majaji. Dados kasamaranipun ingkang nglampahi wau nama botên anèh. Dangu-dangu pangagênging pakaryan pos lajêng gadhah pamanggih, punggawa pos ingkang lumampah dhatêng sajawining kitha punika dipun kanthèni sagawon. Dene pinanggihipun, inggih lajêng wilujêng botên wontên sambekala punapa-punapa. Samantên mênggah pigunanipun sagawon.

[Grafik]

Gambar rêca sêgawon ing Paris.

Mirid damêling sagawon ingkang kados makatên punika, nama botên anèh bilih tiyang inggih malês katrêsnan dhatêng sagawonipun. Malah ingkang pinanggih ing nagari Paris, tumrap kuburaning sato-sato kewan, mawi dipun pasangi rêca pangèngêt-èngêt, saya tumraping sagawon, kawontênaning rêca pangèngêt-èngêt kadamêl sakalangkung nêngsêmakên.

Ing sapunika tumrapipun bôngsa Jawi, asih dhatêng sato kewan, inggih gadhah, kados ta tiyang asih dhatêng pêksi prêkutut, punika kaladuking ginêm, tumrap ingkang asih yêktos, ngantos ngawonakên anak bojo. Asihipun tiyang dhatêng ingah-ingahanipun ingkang kados makatên punika, ngantos kalampahan, samôngsa ingkang ngingah ngajal, pêksinipun katut dipun êculakên wontên ing kuburan.

Pinanggihipun wontên ing bôngsa luhur, minggahipun dhatêng panjênêngan nata, kewan ingah-ingahan ingkang sampun dangu, punika samôngsa pêjah, pamêtaking bangkenipun asring dipun mulyakakên, kados ta kapal pêjah, sarêng bidhalipun badhe kakubur, mawi dipun wontêni lampah agêng. Kajawi punika taksih wontên ingah-ingahan sanèsipun malih ingkang katindakakên kados makatên.

[Grafik]

Kapal pêjah kagungan dalêm nata ing Surakarta ingkang badhe dipun kubur.

Tindak ingkang kados makatên punika, tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos, tamtu dipun anggêp anèh, awit ingatasipun sato kewan kemawon têka dipun mulyakakên kados makatên. Nanging manawi lêlampahan kados makatên punika dipun pandhing kalihan kawontênan ing tanah Eropah, ing bab asih dhatêng sato kewan, raosipun inggih irib-iriban kemawon.

--- 23 ---

Kasarasan

Dayaning Alkohol.

Têmbung alkohol punika têmbung ngamônca, ewadene tumrapipun bôngsa Jawi sampun kêlimrah sangêt, mèh sabên tiyang sumêrêp. Punapa wontênipun têtiyang mangrêtos dhatêng têmbung alkohol wau jalaran saking karêm minum, kintên-kintên inggih botên, sêtun inggih namung kêrêp kêsrambah.

Bab awoning dayanipun alkohol, sanadyan botên dipun pratelakna ing ngriki, kados para maos inggih sampun mangrêtos. Kosokwangsulipun manawi badhe nyariyosna saening alkohol, kintên-kintên sawêg kumêcap kemawon sampun dipun dukani sadhèrèk kathah.

[Grafik]

Sayêktosipun awoning tiyang mêndêm, punika inggih wontên undha-usukipun, ingkang nama undha-usuk wau têgêsipun undha-usuking awonipun, dados sanadyan namung tipis, inggih nama sampun awon, saya tumrap ingkang kandêl.

Ingkang nama tipis, punika êndêm ingkang namung damêl sakiting badan, gêdêbugana, mungêl-mungêla, namung wontên griyanipun piyambak, nama botên damêl kapitunaning sanès.

Ingkang nama cêkapan, punika pinanggih wontên ing tiyang mêndêm wontên ing papan paramean, upaminipun ing pasamuwan, wontên margi agêng, tur pinanggihipun adamêl kasamaranipun tiyang sanès.

Dene ingkang nama kandêl, punika tiyang mêndêm ingkang damêl kapitunaning sanès, kados ta tiyang anjagi tata têntrêm, lajêng mêndêm, punika anggènipun damêl kasamaran, adhakan damêl kapitunaning tiyang sanès, awit lêlêrêsan ingkang pancènipun kangge ngayomi kawilujêngan umum, asring pinanggih ngosokwangsul. Manawi ngantos pinanggih wontên lêlampahan ingkang kados makatên, awoning êndêm tansah cumithak wontên sanubarining tiyang kathah.

Wontên malih ingkang prêlu kagatosakên, inggih punika tumrap para juru nglampahakên têtumpakan, dene ingkang langkung wigatos, juru nglampahakên oto, punika manawi ngantos kêsumuban alkohol, wah, bêbayanipun sasat sumandhing, awit papan ingkang dipun ambah namung sarwa nyamari, inggih papan rame, inggih siluk sungil, sawêga ngambah papan waradin kemawon, mêksa samar manawi numbuk-numbuk.

--- 24 ---

Bab punika tumrapipun ing nagari Walandi, wontên pakêmpalan panyêgah inuman kêras, ingkang wosipun anjagi kaluwijêngan[1] ing papan umum, murih sampun ngantos wontên bêbaya ing bab têtumpakan, sarana suka pêpèngêt bêbayaning tiyang mêndêm anglampahakên oto. Tindak wau mawi dipun wujudi oto malampah dhatêng pundi-pundi, mawi sêsêratan agêng-agêng, ingkang suraosipun dados panyêgah, murih dipun sumêrêpi ing ngakathah, gambaripun kados suwalik punika.

Sanadyan tumrapipun ing tanah ngriki, kados inggih prêlu kawigatosakên.

Lêlampahanipun Tiyang Kêsèd

[Dhandhanggula]

Dhèk sêmana aku didongèngi / dening simbah sinambi wedangan / caritane wong sing kêsèd / nyambut gawe alumuh / kabisane mung ngêmis-êmis / papriman turut dalan / nganti dadi guyu / lah ta kônca rungokêna / crita mau tak tirokne karo ngrêpi / têmbange Dhandhanggula //

nanging aja kêsusu moyoki / sabab aku tan pati kulina / andongèng kaya mangkene / cengkok Jawa sing patut / padune wong kurang marsudi / nanging ya pira-pira / wong jênêng sinau / waton wis gêlêm tumindak / lot-sêlote jangji srêgêp gone ngudi / lawas-lawas kulina //

nguni ana wong anom angêmis / nekad sowan ing ngarsane nata / amlasasih ing ature / gusti kawula nuwun / sih kêkucah dalêm sang aji / jêr amba klangkung mlarat / sabab sakit dangu / cotho tan sagêd makarya / wiwit nguni ngantos dumugi sapriki / botên sagêd waluya //

sang aprabu têmah wlas ningali / nuli dhawuh kinon maringana / dhuwit limalas reyale / lawan sandhangan bagus / mêsakake têmên wong iki / sawusnya pinaringan / sang prabu adhawuh / lah ta sira lara apa / mêngko ingsun arsa utusan nimbali / dhukun anggawa tômba //

lêlaramu karbèn ditambani / dening dhukun kang sugih usada / lah matura sabarèse / witing sira sru ngangluh / lêsu lêsah anggamu nglêntrih / kaya lawas laranta / nganti tanpa bayu / lah age sira wêcaa / dadi ingsun nuli bisa andhawuhi / marang dhukun kang prapta //

angrêrêpa ature wong ngêmis / dhuh dhuh gusti pêpundhèn kawula / ulun nyuwun aksamane / klilana amba munjuk / botên sagêd ulun mastani / wastane sakit amba / bêktan sampun dangu / bapa kula ngantos pêjah / mêksa judhêg botên sagêd anjampèni / dhatêng sêsakit amba //

risang nata angandika aris / lah ing ngêndi prênahe kang lara / lan prênahe kaya priye / wong anom nuli matur / prênahipun namung ing jisim / sakojur angga wrata / mênggah raosipun / angalêntrih lêsu lupa / tansah awrat kinarya ngêcakkên kardi / sirna kêngkênging angga //

gya dhinêdhês nanging mêksa kumbi / pungkasane sang prabu anyana / bokmanawa janma kiye / nimpên wadi kinukuh / kang tan kêna krungu lyan janmi / sawusira mangkana / mung kèndêl sang prabu / nanging banjur awacana / janma anom kalilan mêdal ing jawi / nuli mundur gancangan //

anggêgembol sandhangan lan dhuwit / tan kawarna

--- 25 ---

lakune nèng marga / mung sajak gêdhe atine / sabab mêntas angukup / nanging balik tumrap sang aji / manggung tansah ginagas / mungguh lakon iku / wêkasan nuli utusan / punakawan nusul pinrih anakoni / wong mau lara apa //

lah udinên jatine kang wadi / ning angkahên mêngko yèn wus têkan / ing papan kang sêpi bae / bokmanawane rikuh / saupama mêdhar kang wadi / sêmu lingsêm isinan / marma ing wêlingku / caturanmu dèn abisa / pangudimu oncèkane kang wêwadi / mara enggal budhala //

ya ta dupi wus watara têbih / priman anom lakune kêcandhak / jinawil ingajak lèrèn / lah kisanak wong bagus / êngga mriki ta kula bisik / prayogi samang blaka / mumpung nèng gon samun / pundi jatine kang lara / lamun blaka ganjarane ditambahi / dening gusti sang nata //

pan kocapa janma anom ngêmis / sanalika nyipta antuk bêgja / ngunandika jro batine / i nugraha awakku / iki calon dadi wong mukti / satibane kêpenak / tandhane awakku / mau ngêmis mung sadhela / mung abôndha patrap bathi ngukup dhuwit / mung pawitan wicara //

waton gêlêm marani wong sugih / pês-apêse pasthi olèh sêga / prêlu apa nyambut gawe / môngka aku dhèk mau / athik olèh sandhangan apik / jêbul saiki ana / uthutan sing têmtu / jangji aku gêlêm blaka / anjatèni utusan sang ratu iki / pasthi wuwuh ganjaran //

abot apa dene mung nyritani / bêcik aku nuli kôndha blaka / gih kyai samang rungokke / uningaa rumuhun / wontên tabib saklangkung sakti / lan malihe waskitha / tôndha sagêd dumuk / wastane sakit kawula / nami sakit wantah matuh dèn wastani / lumuh kêsèd sungkanan //

ewadene tan sagêd jampèni / dhatêng sakit kawula punika / sabab wus ciri wancine / kadhung manjing ing sungsum / wit kabêkta sangkaning alit / matuh kêbluk wêgahan / apadene nglinthuk / kocapa ki punakawan / wising ngrungu kojahe wong anom ngêmis / enggal matur sang nata //

saujare wong priman ing ngarsi / pan wus katur anggalur wah cêtha / nata alon ngandikane / timbalana wong mau / lah gawanên mring ngarsa mami / poma mopo tan kêna / tak cêkak critaku / barêng wong anom wis têka / kacarita sang prabu banjur dhawuhi / he wong anom papriman //

rèhne sira wus sajarwa yêkti / wêwadine mungguh laranira / pasthi sun wuwuhi manèh / ganjaranmu lwih agung / uga dadi usada sakit / ananging lakonana / apa sadhawuhku / sira sun paringi lêmah / pakêbonan jêmbar nêm bau pasagi / bêcike tandurana //

wiji jagung apadene pari / nanging dhisik kudu paculana / pinggir wènèhana kalèn / garapên kongsi dhayung / iku malah saya utami / sêlang-sêlingên kacang / apadene pohung / urut pinggir cèblêkana / winih gêdhang sinêlap[2] wit katès bali / apadene wit cikal //

anadene kang watara têbih / saka papan pomahan prayoga / tandurana jambu bae / slundhingana wit dhuku / pêlêm durèn dalima kwèni / langsêp lawan kokosan / srikaya lan mundhu / rambutan lan manèh nanas / nôngka sawo apadene dhuku manggis / panandure sing tata //

wowohane larikên sing bêcik / winatara arang myang kêrêpnya / dadi yèn mêtu uwohe / nadyan godhong ngrêmbuyung / lah angkahên [angkah...]

--- 26 ---

[...ên] nora ngayomi / dadine palêmahan / têtêp dhahas subur / yèn mangkono pratikêlnya / sayêktine iku bakal mangkolèhi / tumrape uripira //

rikalane isih cilik-cilik / larikana lombok terong tela / satêngah warsi lawase / sira panèn alantur- / lantur srênti agênti-gênti / lamun sira tan gadhah / piranti nênandur / ênya iki tampanana / sun paringi kudhi pacul lawan arit / wêdhung pêdhang lampak //[3]

pecok pêthèl wadung caluk linggis / garu luku lawan rajakaya / rumatên ing salawase / kocap wong anom mau / jêbul malah ngulèt amlilit / ngunjal napase dawa / tan tinampan sagung / nanging sêmune katara / sajak abot gone mênyat saking linggih / têtela wong mêsakat //

mènglèng sêrêt pêksa matur wani / adhuh gusti pêpundhèn kawula / ulun nyuwun aksamane / mênggah sayêktosipun / sajêg gêsang dèrèng ngicipi / tan nate anyandhak /[4] kang winastan pacul / bokbilih mêwahi lara / sang srinata sigra angêjèpi abdi / tukang sapu gya mara //

priman anom sinêblak panjalin / ing gigirnya mung jangkêp ping tiga / lah ya iki usadane / wong anom sigra canjut /[5] tumandang ambêbak siti /[6] kringête sarewehan / jrih dêngèk samênut / katon wêkêl sanalika / amung manut samar bok kêna panjalin / têmah bêcik dadinya //

lawas-lawas prigêle kêtitik / sabên dina anggarap plêmahan / nganti mathekol baune / yèn nuju amêmacul / bok gitikên awoli-wali /[7] ya kaya tan rinasa / bawane wong nyêngkut / iku ing bêbasanira / prasasate kaya pinencokan mimik / mangkana cinarita //

kocap wong nom ing sawise kuwi / mari saka ênggone papriman / êliding dongèng mangkene: / patut kinarya pemut / tumrap marang pra anom sami / bocah-bocah padesan / aja pijêr lumuh / ambaluh wêgah sungkanan / nanging wajib kudu srêgêp nambut kardi / ngêpluk iku singkirna //

samubarang pakaryan dèn titi / mumpung anom tabêria garap / gêgulangên kawruh sae / sranane golèk butuh / dadi nora tuna ing budi / samubarang gawean / udinên mrih putus / mèh tamat dongènge simbah / wong ngaurip wajibe anambun kardi /[8] wis mung cuthêl samana //

Sirrana. Barèng - Malang.

[Grafik]

Sêsawangan margi wontên ing wana tanah Bêngkulên, Sumatra.

--- 27 ---

Dayaning Kagunan

Ing sapunika tumrap bôngsa Jawi sampun saya kathah sêsêrêpanipun ing bab prakawis mêsin-mêsin, tumrap ingkang angsal pasinaon, sampun wontên ingkang wêdalan saking pamulangan luhur. Dene tumrap têtiyang ingkang botên angsal pasinaon, sampun kathah ingkang sagêd nindakakên saking pakulinan, kados ta kuli-kuli ingkang sami nyambut damêl ing pabrik-pabik,[9] punapadene tukang-tukangipun, sampun sami kathah sêsêrêpanipun dhatêng bab mêsin, malah kathah ingkang lajêng kulina sagêd tumindak ing damêl sarana mêsin wau.

[Grafik]

Bab makatên punika mênggahing tôndha yêktinipun kathah, kados ta sêtokêr-sêtokêr lokomotip sêpur, punika ing sakawit kenging dipun wastani namung dados tukang cêthik latu, dangu-dangu mindhak-mindhak sêsêrêpanipun, ngantos sagêd dados masinis. Tamtu kemawon sêsêrêpanipun ing bab mêsin, dangu-dangu saya mindhak, saupami angsala tuntunan, tamtu saya sampurna.

Kagunan punika saya dangu saya mindhak, bab punapa kemawon, ingkang kenging katindakakên sarana mêsin, inggih dipun wontêni mêsinipun, kados ta anggarap siti, ngusungi barang, nglinting sês, lan sanès-sanèsipun.

Gambar ingkang kacêtha ing nginggil punika mujudakên tumindaking damêl ngurug toya ing lèpèn Waal badhe dipun êdêgi krêtêg, sadaya dipun tindakakên sarana mêsin.

Sayêktosipun tindak makatên punika agêng sangêt pigunanipun, nanging tumraping umum, araos damêl pitunaning kuli-kuli, ingkang panggêsanganipun saking sade bau suku. Namung tumraping jagad, nama kamajêngan.

--- 28 ---

Panglipur Manah

Môngsa Kapitu

[Mêgatruh]

surêm-surêm diwangkara kataman truh / lir merang umiyat bumi / anggung tinutup ing mêndhung / kawasanira sumisih / atêmah rasa bêgowong //

duk rinungu swaraning jago kaluruk / erak winoran ing atis / dening maksih umun-umun / pinapag dhawahing riris / sing akasa kadi dèn sok //

[Grafik]

pêpadhanging rawi tan kawawa ngêsuk / sanadyan wus praptèng wanci / mung kadi sulaking bangun / ruruhing riris tan srênti / taritisan pating tlêthok //

mangu-mangu mulat janma kang lumaku / mêmikul kamoran atis / kulit samya anjêngkêrut / sanadyan atekad wani / sêmu katon andharodhog //

pêksi-pêksi tan ana nyabawa esuk / ayam datan saba enjing / kuthuk-kuthuk anyêkukruk / ngayom ngisoring suwiwi / sumêla kang sirah nongol //

dyan kêsundhul sabawèng satêngah pitu / kang samya anambut kardi / umèngêt marang ing laku / labêtira angèlingi / bukti kang arsa dèn êmplok //

samar lamun praptaning pakaryan kantun / kang udan tinrajang wani / sanadyan ta wus pêpayung / tampuning tirta ngênani / tumanduk mring suku ngêthok //

wusing mêtu ombaking janma dinulu / anglur arêbutan wani / nêmpuh adrês udan esuk / kapêtêk arasa ajrih / yèn ing mangke antuk prêdhom //

datan ketang lumayu sinambi cancut / caking pêcak kang ngêcaki / cluwêkan kacakan ranu / ciprate oncat ngêcroti / kêcopak nêlêsi kathok //

wênèh gugup saking [sa...]

--- 29 ---

[...king] ing môngsa wus lalu / anon galêdhêging bèndi / dèn êndhêg nyabawa sêru / e sir mandhêg ayo gêlis / aku gawanên nyang kantor //

kusir manguk muni: punika isi: nun / gèdhèg kang ngêndhêg kacelik / ing batin rada marêngguk / kasêlan taksi lumaris / ngampirkên cipratan blêthok //

nulya wêruh oto bis gog gog lumaku / nulya ngacung nyasmitani / bis mandhêg nulyarsa mlêbu / jêgagig wus kêbak isi / brubut mring ngarsa lungguh srog //

nyandhak kacu ngusapi rai kalêbus / ikêt balangkon dèn ambil / têlêsing tirta kinêsut / ing batin sinambi muni: / idhêp ngumbah ikêt blangkon //

wusing atus ngakêp rokok arsa udut / nanging rèk mêjên kapati / labêt wus dahat kalumut / arsa minta tôngga isin / rokok lêstari ngêcocong //

sapraptaning kantor wus jam wolu langkung / durung kongsi dèn takoni / wus jarwa kalamun klocut / laju omong angêcipris / tan lyan bab jawah kemawon //

kongsi dangu atising angga tinêmu / kongsi datan bisa mosik / sinêmbuh kang jawah têrus / têrangira mung nyêlani / grêmis maksih alon-alon //

datan dangu kang jawah asru tumurun / kongsi praptanirèng wanci / kantor-kantor samya tutup / kang samya anambut kardi / nèng jawi pating dharêlog //

sruning jawuh kêpêksa wani tumêmpuh / labêt daya-daya mulih / sapraptaning wisma gupuh / salin dènnya anjêdhindhil / nulya bukti kongsi katog //

mêksa têrus tan kandhêg turuning jawuh / têtêp hyang pratônggapati / saari tan katon mungup / kongsi kasurupan wanci / jawah saya kadi dèn sok //

dyan sinundhul canthuka munya angungkung / kasok dènnya ambungahi / dening antuk tirta agung / kumpul lan saanak rabi / nyabawa kang kung tan pêdhot //

wèh ngrês tuhu jawahe môngsa kapitu / talêthik tan mawa wanci / sanggyèng laku kandhêg mangu / mung wajibira pinuji / rahayua sagon-ênggon //

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2157 ing Purwakêrta. Polêk almanak dèrèng nate ngêwrat Babad Arungbinang.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 8.8 ing Surakarta. 19 Jumadilawal, Dal 1823 dhawah 29 Nopèmbêr 1893.

Lêngganan nomêr 2083 ing Pare. Ju pa, April 1911 dhawah tanggal 14 utawi 14 Rabingulakir 1842.

Lêngganan nomêr 1815 ing Malang, 27 Pebruari 1904 dhawah wuku Tambir 1834. 11 Juni 1930 dhawah wuku Julungpujut 1861.

Lêngganan nomêr 1038 ing Surakarta. 7 Agustus 1897 dhawah Stu Kli, 8 Mulud 1827, Ijrah 1315, môngsa 2, windu Sancaya, taun Alip.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan, sintên ingkang dèrèng ambayar arta lêngganan kuwartal kapisan, mugi tumuntên kaparênga maringi, eman manawi ngantos botên nampèni Kajawèn, sunan nomêr utawi Kajawèn lêbaran, awit Kajawèn kêkalih punika pancèn maligi, ingkang cara Malayunipun nama: luwar biasah. Makatên ugi tumrap para priyantun ingkang dèrèng lêngganan, kaparênga nuntên lêngganan, awit manawi kasèp, badhe botên kaduman, dening pangêcapipun namung sacêkapipun kemawon.

Adm. Kajawèn

--- 30 ---

Kabar Warni-warni

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Papriksan paboyongan ing tanah Papuah. Tuwan M.F.A. Heyneman utusaning Stichting & Inm. Kolonisatie Nieu Genea sampun wangsul saking Manokwari, prêlu mriksa prakawis anggènipun Tuwan Cattenburch botên tata pambagening uwos, andandosakên pasulayan kalihan Tuwan Dinnenger, ingkang dados sêsêpuh. Sapunika Tuwan Cattenburch sampun dipun kèndêli. Dene kawontênanipun ing paboyongan, hawa sae, botên wontên sêsakit, sitinipun loh.

Bestuur P.P.B.B. badhe anjajah tanah ngriki. Awit saking panêdhanipun pang-pang pakêmpalan, Tuwan Wiranatakusuma, pangarsa, Tuwan Sutarja, mudha pangarsa P.P.B.B. badhe anjajah tanah Jawi, tuwin manawi sagêd ugi dhatêng tanah sabrang, prêlu supados ngrakêtakên sêsambêtaning pakêmpalan.

Sêrat kabar Zaman Baru botên mêdal malih. Sêrat kabar Zaman Baru ing Bêtawi, ing sapunika sampun botên mêdal malih.

Congres Indonesiche Cooperatie. Kawartosakên, ing congres Ind. Cooperatie ing Surabaya, Mr. Sartono dipun prayogèkakên instituut dagang, ingkang gêsangipun saking pambiyantuning cooperatie ing tanah ngriki. Kajawi punika badhe nyinau sade tinumbas wulu pamêdal tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang badhe mangagêngi kapêndhêtakên tiyang ahli tuwin tiyang ingkang maligi sampurna ing bab economie, sami angsal balanja saking sawarnining cooperatie ingkang tumut dhatêng pakêmpalan wau. Ing sapunika sampun wiwit ngidêrakên sêrat kalowongan kangge nglêmpakakên tandha tangan.

Wangsul saking Mêsir. Wontên sadhèrèk bangsa Malayu 2 lulus saking pamulangan luhur ing Mêsir, saha sampun wangsul dumugi Padang, satunggal nama Tuwan M. Arif asli saking Sumanik Batu Sangkar, satunggalipun Tuwan Isni Salèh, saking Lubuk Begalung. Kalih pisan wau sami badhe dados guru pamulangan Islam.

Pa van den Steur mitulungi anak-anak angkatipun. Wontên pawartos, Pa van den Steur ing Magêlang, mêntas tumbas siti pintên-pintên panggenan ing Kêdu, prêlu kangge mitulungi tilas anak-anakipun angkat, ingkang sapunika nganggur botên nyambut damêl. Sapunika wontên tiyang 15 manggèn ing Kranggan, sami dipun sukani têdha sadèrèngipun mangsa panèn. Tumrap tiyang sanès-sanèsipun badhe dipun dèkèk ing papan paboyongan sacêlakipun Bawean. Makatên ugi badhe ngêdêgakên griya pasipêngan wontên ing Surabaya, kangge nyadhiyani têtiyang saking Jawi Wetan.

Persbureau enggal ing Kêdiri. Kawartosakên, wiwit kala tanggal 28 December kapêngkêr, ing Kêdiri sampun kalampahan madêk kantor pers, namanipun Pan Aziatic Pers Agentschap, ingkang cêkakaning nama P.A.P.A.

Ingkang angsal f 100.000.-. Kawartosakên, pamênang f 100.000.-. dhawah ing Malang. Ingkang angsal tiyang 6, tiyang ingkang tiga anggadhahi nyaprapat lot, dene ingkang saprapat lot dipun gadhahi ing tiyang 3.

Kabudidayan tênun ing tanah Maluku. Ing Surabaya mêntas wontên parêpatanipun bangsa Ambon ing panggènipun Tuwan Tuwanakotta, ngrêmbag badhe ngêdêgakên pamulangan tênun ing Ambon tuwin ing sanès-sanès panggenan ing laladan Maluku. Kalampahan ngangkat bestuur, Mr. Latuharhary dados pangarsa, Tuwan J. Liklikwatil, panitra, tuwin juru nupiksa 5. Kabudidayan wau dipun namakakên Perusahaan Kerajinan Maluka.[10]

Jaarbeurs ing Bandung ing taun 1932. Bestuuring Jaarbeurs nyadhiyani wragad kangge Jaarbeurs 1932 kathahipun f 76.250. Mênggahing taksiran angsal-angsalanipun, arta sewan panggenan f 20.000.- arta karcis f 43.000.- arta pitulungan warni-warni f 6250.- tuwin loterij f 4000.-. Rantamaning wragad kapiridakên taun ingkang sampun-sampun. Jalaran saking kawontênanipun kados makatên panapsiripun wau kanthi pangatos-atos.

Examen ing Nias. Tuwan Kariadi, lulus examen Ind. Arts tuwin Tuwan Sudikda lulus examen semiarts, sami ing Nias Surabaya.

Kadurjanan klika kina. Wêdana ing Cicalengka mêntas anggledhah dhatêng griyanipun Mukri ing dhusun Dampit, ing ngriku pinanggih wontên klika kina wawrat 1400 kg., asli colongan saking wana sadhiyan. Wontên tiyang 13 ingkang gêgayutan bab punika sami kacêpêng.

Nampèni murid enggal. Kawartosakên, Kweekschool Muhamadiyah Ngayogyakarta, pandadaring calon murid enggal dhawah tanggal 15 Juni 1932. Tumrap murid jalêr, katranganipun mitêrang dhatêng R.M. Hajid, Kauman Ngayogyakarta; tumrap èstri dhatêng H. Badawi, Kauman Ngayogyakarta.

Pamênang f 25.000.-. Kawartosakên, ingkang angsal loterij Kanker Instituut f 25.000.- tuwan-tuwan Ong Kim Ing, ing Têmanggung, toko Lie Oen Hoe, ing Ambarawa, Kwee Djwan Hien, ing Parakan, Tuwan Liem Ho Tek, ing Ambarawa, sadaya sami nyaprapat lot.

Palapuranipun Tuwan Gruneveld Meyer. Tuwan Gruneveld Meyer, ingkang tampi dhawuh saking Minister Waterstaat, mratelakakên, bilih anggèning nitipriksa kawontênaning têtanèn ing Bankok sampun rampung, nanging palapuranipun dèrèng sagêd kagiyarakên ing ngriki, kêdah dipun uningani wontên nagari Walandi rumiyin. Palapuran wau badhe tumuntên kakintunakên mêdal post anggêgana dhatêng nagari Walandi.

Murid Taman Siswa mogok. Kawartosakên, murid-murid Taman Siswa perangan schakel klas IV ing Ngayogya sami nêdha mêdal, amargi badhe dipun êwor kalihan murid klas VII golongan H.I.S. Mangka miturut tatanan wulangan T.S. samangsa pangajaran schakel klas IV sampun sami, kêdah kagolongakên klas VII golongan H.I.S. murih pangajaranipun langkung sampurna. Wusana kasumêrêpan, tuwuhing pamanggihipun murid-murid ingkang makatên punika, saking dipun ajak satunggiling murid ingkang makatên punika, saking dipun ajak satunggiling murid ingkang dèrèng têrang dhatêng tatanan T.S. Ewadene T.S. inggih mituruti kenging pindhah dhatêng pamulangan sanès. Nanging têtiyang sêpuhipun murid dipun sukani katrangan cêtha.

--- 31 ---

Nangkoda dipun pêjahi. Wontên pawartos, nangkoda tiyang siti kapal Cintadermawan ingkang nuju layaran saking Banjarmasin dhatêng Negaro, dipun pêjahi dening tiyang numpak. Ingkang mêjahi sampun kacêpung.[11]

Darma Stichting Instituut. Wontên pawartos, ing wêkasaning wulan December, wontên murid H.I.S. Guprêmèn cacah 62 umur 6-8 tuwin 44 umur 8-12 sami dipun kèndêli, jalaran têtiyang sêpuhipun sami botên kuwawi ambayar. Ing bab punika, Tuwan Sudarmo pangajênging pakêmpalan M.S. tuwin Darma-Stichting ing Jombang gadhah sêdya badhe damêl griya pamondhokan, pamulangan frobel tuwin H.I.S. kangge nyêdhiyani lare-lare wau kanthi lêlahanan.

Nonah Dr. Surti Tirtotênoyo. Kawartosakên, ing sapunika nonah Dr. Surti Tirtotênoyo ugi sampun malêbêt dhatêng kalangan umum. Panjênênganipun sampun nate mêdhar sabda kaping kalih, ingkang migunani ing bab ngupakara bayi. Nanging dèrèng cêtha, panjênênganipun wau sampun anggolong dhatêng pakêmpalan punapa.

Sadiyan griya kangge tiyang angguran. Wontên pawartos saking Surabaya, suikerbond sampun angsal griya gadhahanipun Tuwan Tan, manggèn ing Puspa. Griya wau badhe kangge nyadhiyani punggawa pabrik gêndhis ingkang sami nganggur.

Dhatêng Eropah. Tuwan Rasyid Mangis, guru sêkolah Adabiah II ing Padang, badhe bidhal dhatêng Eropah, prêlu anjêmbarakên sêsêrêpan. Kajawi punika, rumiyin ugi sampun wontên guru Abadiah, nama Tuwan Rustam Effendi ingkang dhatêng Eropah. Dados sampun kalih punika.

Mardikanipun Ir. Soekarno. Kala dintên Kêmis tanggal 31 December wanci jam 6 enjing, Ir. Soekarno sampun mêdal saking pakunjaran ing Sukamiskin. Wêdalipun dipu iring ing pulisi tuwin auto 8, wangsul dhatêng dalêmipun. Samargi-margi wontên pajagèn pulisi. Ing dintên wau katahah ingkang sami dhatêng, telegram atusan, wontên ingkang saking pakêmpalan ing nêgari Walandi punapa, makatên ugi sêkar-sêkar paargyan kawilujêngan.

Pananggulang Malaria ing Gending. Kawartosakên, kabudidayan gêndhis ing Gending, gadhahanipun Kol. Bank sampun andarmakakên arta f 1500.- kangge ananggulangi sêsakit malaria ing onderdistrik Gending.

[Grafik]

Confrentie meja bundêr. Ing bab Conferentie meja bundêr parentah Inggris kalihan wakil Indiya sampun rampung. Sasampunipun punika dipun sambêti conferentie malih kalihan wakil saking Burma, jajahan Inggris ing Asia. Wanita ingkang kacêtha ing gambar, ingakang ngadêg, punika Miss May Oung utusan wanita Burma ingkang mangsuli wêdharsabdanipun Pangeran Pati Inggris.

Wakil P.P.P.I.dhatêng Congres I.R. Kawartosakên, Pêrhimpunan Pêlajar-pêlajar Indoneasia, ing Ngayogya, ingkang rumiyin kawratan badhe malêbêt congres, sarêng sapunika angintunakên wêwakil tiyang 3 dhatêng congres I.R.

Ingkang Sinuhun ing Surakarta rawuh dhatêng Ngayogya. Sampeyan dalêm Ingkang Wicaksana, Ingkang Sinuhun ing Surakarta mêntas rawuh ing Ngayogya aparing wilujêng dhatêng K.G.P.A.A. Paku Alam tuwin pêpatih dalêm Ngayogyakarta, kanthi maringi tandha pangèngêt-èngêt.

Gara-garanipun jaman malèsèd. Kawartosakên, kantor belasting ing Sulung, Surabaya, kadhatêngakên satunggiling Walandi ambêkta gêbag karèt tuwin lading panyukuran, pinanggih Tuwan Jhr. Citters, inspectuur babagan paos. Tiyang wau lajêng ngêdalakên ungêl ingkang botên sakeca, Tuwan Citters lajêng angesahi sarta ngundang pulisi, nanging sarêng pulisi dhatêng, tiyangipun sampun kesah. Wusana wontên katrangan bilih tiyang wau kirang jêjêg èngêtanipun.

ASIA.

Sêrat saking Jêpan dhatêng Volkenbond sampun katampèn. Sêrat saking Jêpan dhatêng Volkenbond sampun katampèn, suraosipun mratelakakên, Jêpan sampun miwiti andandosi karisakan krêtêg ing lèpèn Nonni, ingkang dipun risak dening wadya Heilingkiang. Kajawi punika mratelakakên ing bab indhaking golongan tiyang awon ing Mansyurie saya kathah, bangsa Jêpan kathah ingkang manggih karisakan. Gunggungipun tiyang awon ingkang sêkuthu kalihan Tiongkok wontên 20.000. Mila wadya Jêpan prêlu têtêp manggèn wontên ing Mansyurie, lan Jêpan dèrèng sagêd ngundurakên wadyanipun saking Korea.

Masrahakên Tsjing bsjouw. Jendral Caang Hsueh Liang sampun damêl tatanan supados wadya Tionghoa nilar kita Tjingtsjouw. Nanging sadèrèngipun bidhal, sawarnining obat pêrang karêsikna rumiyin.

EROPAH

Ngundurakên tatanan. Nat. Britisch-verbond, kintun sêrat dhatêng premier Max Donald, mratelakakên, nayogyani dhatêng panêdhanipun Sang Gandhi, ing abab suwaking tatanan ingkang tumindak kêncêng tumrap ebah-ebahan rakyat India.

--- 32 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna

16

[Dhandhanggula]

Sri Supadni kalangkung dènnya sih / maring putranira sakalihan / bagya dene ta ing mangke / putra pinangguh rukun / tan anabêt rasaning runtik / dadya têtêp sanyata / rukun trusing kalbu / marma ing pamudyanira / putra kalih lulusa rukun lêstari / aywa mangguh panggodha //

cinarita wusing têntrêm nuli / Sang Jumêna jumênêng narendra / sumilih ing kaprabone / nata ingkang wus surut / jinênêngan ing para rêsi / miwah wadya sapraja / sadaya jumurung / sadaya angrasa suka / dene mangkya wus jinumênêngan aji / praja aparipurna //

sênêning kang praja ngatarani / angayêmi kawula sadaya / wrata praptèng padesane / pra wadya samya suyud / sayuk rênggêp ngayati kardi / dening sadaya samya / ngrasa antuk ratu / mudha myang ambêg prawira / abêbasan sri narendra asta wêsi / ambêg rosa ing karya //

ari nata Sang Tisa ing mangkin / wus kawuryan têntrêm galihira / dahat sih mring sri pamase / tan pae raka prabu / sakalangkung dènira asih / nêtêpi kadang wrêda / dahat dènnya mêngku / marang ing kadang taruna / marma dahat katon dènnya samya asih / kadi ing waunira //

datan pae Kangjêng Sri Supadni / têntrêmira mangkya kawistara / uning putra kêkalihe / dahat dènira rukun / kang mangkana yêkti numusi / raharjanirèng praja / wadya samya rukun / têmah mawèh kasantosan / yèn ta têmbe tuwuhing karya sayêkti / tan kuciwa ing yuda //

awit nyata ing galih sri sori / datan supe maring sêdyanira / putra ing nguni kalane / arsa sumêrang mungsuh / kang rinasa ngêsur nagari / kang kawasa ing Langka / bôngsa Tamil iku / môngka mangkya titikira / ngantarani yèn ta lumawana wani / mung nganti kalamôngsa //

dene mangkya kaparêng narpati / Pangran Tisa dhinawuhan budhal / wangsul mring padunungane / ing Digawapi iku / tinanggênah anyênyêpuhi / miwah anênuntuna / pra kawulanipun / ingkang samya ulah kisma / amrih lulus dènira anyantosani / ambiyantoni praja //

awit nyata pra kawula tani / sanadyan ta aran janma desa / ananging kasantosane / yêkti kalangkung agung / bêbasan kang nyagak tuwaki / kakuwataning praja / apan wus tinamtu / nanging kawistaranira / kadi datan kacakêt marang ing gusti / dahat adoh kaliwat //

kang mangkana nata nguningani / awit nguni wus uninga cêtha / mring kawula kaanane / dening sri nata sampun / adêdunung jawi nagari / sugêng kalara-lara / dadya têpanipun / wus rinasa kang sarira / marma miji mring ari amrih ngayomi / para kawula desa //

lawan malih sri narendra ugi / arsa niti mring kawula desa / kang cakêt anèng prajane / awit kaananipun / pra kawula kang ulah tani / salami sri narendra / anggung ulah pupuh / ing praja amung ruara / datan ana janma kang têntrêm sêsabin / mawèh gênging pituna //

sri narendra arsa angadani / amêmulih rusaking nagara / myang rusaking kawulane / yèn ta rinasèng kalbu / sri narendra angrumaosi / nandhang agênging dosa / andhêdhêri luput / marang kawula sapraja / mangkya dupi praja wus tinêmu bêcik / wajib pinaripurna //

wusing tata Pangran Tisa pamit / sri narendra kalangkung karênan / uning ari sasolahe / katon ambangun turut / kanthi asih mring raka aji / mangkya kaparêng nata / anguntapkên laku / tindakira ari nata / riwusira samapta sarwa miranti / sigra abêbudhalan //

sri narendra jajar lawan ari / nitih kuda atindak lon-lonan / ingiring para wadyane / kadi kang laku agung / poking janma kang tan wruh gati / samya darbe pangira / tindaknya sang prabu / arsa lumurug ing yuda / dene agung lakuning wadya prajurit / myang kathahing gêgawan //

warna-warna wadya kang umiring / wadyanira Sang Pangeran Tisa / gumrudug kalangkung gêdhe / atusan kang pêpikul / sinambêtan wadya narpati / samya srigak gambira / sêmu nantang mungsuh / sri nata lan Pangran Tisa / kang winulat yayah senapati kalih / kadi kêmbar ing warna //

sri narendra ing samargi-margi / datan kêndhat aparing wêwulang / marma rêndhêt ing lampahe / datan ana kasusu / kala-kala lamun marêngi / rêna ing pangandikan / dyan kandhêg ing laku / dangu dènnya pêpandêngan / winor suka kang raras amirênani / sang kalih-kalihira //

praptanira watêsing nagari / nata kandhêg paring pangandika / yayi sun mung praptèng kene / tan lyan pamudyaningsun / muga sira bisa nêtêpi / ngayomi mring kawula / awit iku tuhu / dadya poking kasantosan / saupama sira kongsi dèn oncati / sayêkti tanpa daya //

kathah-kathah pangandika aji / wusing katog samya rêrangkulan / nulya pêpisahan mangke / Pangeran Tisa laju / sri narendra kandhêg ngêntosi / wusing antara têbah / sri narendra kondur / tindakira gêgancangan / gumarudug tinon kalangkung ngajrihi / lir wadya nêmpuh yuda //

sapraptaning pura sri bupati / adhêdhawuh mring rêkyana patya / nulya tumindaka gawe / mêmulih sanggyanipun / kawula kang giris ing ati / duk jaman pasulayan / akèh kang tinêmu / samya tilar bale wisma / mangkya samya pinriha têntrêm tumuli / wangsul mring wismanira // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---


kawilujêngan. (kembali)
kawilujêngan.
sinêlan. (kembali)
sinêlan.
Kurang satu suku kata: wêdhung pêdhang lan kampak. (kembali)
Kurang satu suku kata: wêdhung pêdhang lan kampak.
Kurang satu suku kata: datan nate anyandhak. (kembali)
Kurang satu suku kata: datan nate anyandhak.
cancut. (kembali)
cancut.
Kurang satu suku kata: gya tumandang ambêbak siti. (kembali)
Kurang satu suku kata: gya tumandang ambêbak siti.
awola-wali. (kembali)
awola-wali.
anambut kardi. (kembali)
anambut kardi.
pabrik-pabrik. (kembali)
pabrik-pabrik.
10 Maluku. (kembali)
Maluku.
11 kacêpêng. (kembali)
kacêpêng.