Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01, #1647

Ôngka 2, 26 Ruwah Taun Je 1862, 6 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [17] ---

Ôngka 2, 26 Ruwah Je 1862, 6 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Surabaya

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawanganipun kitha Surabaya, dipun gambar saking gêdhong gupêrnuran enggal.

--- 18 ---

Bab Kasusastran

Usul Cêkak, bab Sêrat Paramasastra.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 1.

Kajawi punika kula ngusulakên malih, gêgandhenganipun kalihan prêluning basa supados cêtha, inggih punika bab jêjêg rêbahing swantênipun aksara lêgêna, kalihan rêbah jêjêging swantên, suku lan wulu ingkang sigêg. Tuwin anuswaranipun aksara: ba, ga, da, dha, ja. Punika pamanggih kula prêlu sangêt mawi tôndha, awit kathah kemawon lêpating pamaos ingkang jalaran saking klèntu anggènipun anjêjêgakên tuwin angrêbahakên swantên lêgêna. Ing Sêrat Canthini wêdalan gênutsêkap Bêtawi, aksara Latin, jilidan I têmbang 21 pada 17, lêrêsipun mungêl: ana masalah karungu, têgês wontên kaol kamirêngan. Punika kasêrat Latin, mungêl, anama salah karungu, têgês. nama salah kamirêng, Canthini kasbut nginggil, ing jilidan VII, VIII, têmbang 197, pada 14, lêrêsipun mungêl: salang gumunên amuwus. Têgês gumun kalihan wicantên. Dipun sêrat, salang gumun, êna muwus. Ing têmbang 204, pada 54, lêrêsipun, gêmêt ulêtan akantun. Têgês gulêt botên kantun, dipun sêrat, gêmêt ulêt, tana kantun. Ing têmbang 222, pada 26 lêrêsipun mungêl: ing sabumi-bumi saha rêbud basa, dipun sêrat, ing sabumi-bumi+saha rêbud basa. Sapunika kula ngaturi upami, kados ta: gawe kare kara jangan cara desa, punika têgês, damêl jangan kare boncis cara dhusun. Punapa têgês, dipun reka raja ing nagari ngancara desa? Ambêk sura paksa nagarane kukuh, punika têgês, kêndêl paripêksa nagarinipun kêkah, punapa têgês, paksana kêndêl gêgaranipun kêkah? Basa mara dadi rada edan. Punika têgês, sarêng mraom gajah edan. Punapa têgês, sarêng murugi dados edan?, sada sadasa dayanipun awon. Punika têgês, sada 10 dayanipun awon. Punapa têgês, puluh-puluh angsare ala? Apêpara bisa barakane wis padha trima, punika têgês. Tiyang mlarat rabi sabarakanipun sampun sami trimah, punapa têgês. Punapa para sagêd barakanipun sampun sami trimah?

Sapunika bab rêbah jêjêging swantên wulu suku ingkang sigêg. Kados ta: sak imit. Anjalirit. Cuwit-cuwit. Tuwin anjêkutrut. Krutug. Thêkluk. Gadul. Punika manawi ingkang nyêrat sêdya ngangkah kaungêlakên jêjêg, dèrèng tamtu sagêd kasambadan. Dening dèrèng wontên tôndha kangge ambedakakên swantên jêjêg lan rêbah. Mila pamanggih kula rêbah jêjêging swantên, prayogi mawia tôndha, dados tiyang maos sagêd maligi, namung mikir suraosing ukara thok. Botên andadak mawi andêdugi rêbah jêjêging swantên. Ing Canthini kasbut nginggil. Jilidan VII-VIII têmbang 204 pada 30, lêrêsipun mungêl. Paron parunggu [pa...]

--- 19 ---

[...runggu] thok wèl, kasêrat paron, parung+guthok wèl.

Sarèhne jaman sapunika tataning panyêrat sêmu dipun cêthak-cêthakakên. Kados ta: dhukunne, dhukune, manawi dhukun, kagondhèl. Manawi dhuku botên kagondhèl. Tuwin mrêlokake, lan numpukake, ingkang saking prêlu ngangge ake, ingkang saking numpuk, nganggè kake. Awit saking makatên punika, mila kula ngusulakên bab tôndha-tôndha wau, supados saya mindhak cêtha tumrap sadaya sêsêratan (tulis).

Sapunika bab anuswaranipun aksara: ba, ga, da, dha, ja. Kados ta: têmbung, bolak-balik, jlirit, jlimêt, dharusul, dudud-dudud, enz. ingkang ungêlipun mawi anuswara. Môngka pranatan nyêrat jaman samangke kêdah kasêrat ambolak-balik, anjalirit, andharusul, andudud-dudud. Lah punika manawi tumrap kidung (têmbang), ingkang guru wicalaning têmbang sampun lêrês ngangge têmbung: jlirit, dudut, dhrusul, enz. môngka lajêng kasêrat anjalirit, andudud, tênèh ngrisakakên lampahing têmbang. Cêkakipun pranatan kados makatên punika kirang nyrambahi dhatêng basa ing kidung, môngka kidung inggih taksih prêlu kangge. Mila pamanah kula bab punika prêlu mawia tôndha.

Wosing atur kula nginggil sadaya punika, kula namung lugu munculakên kawontênan. Ingkang kula kintên prêlu kagalih para kawogan. Badhe wêwijangan pandhapuking wêwaton, tuwin ngasal-usulakên kasusastran ingkang ngantos salêsih, punika kula sumanggakakên para êmpu, saha para bêbadan ingkang mardi basa, supados saya buntas, lan jêmbar pêpakêming kasusastran Jawi.

Wiradat.

Nut Rêdhaksi

Usul cêkak bab Sêrat Paramasastra ing nginggil punika, Kajawèn tumut jumurung, jalaran pancèn kêdah wontên pangrêmbag, ingkang ancasipun saya sagêda nyampurnakakên bab punika. Dene usul wau salajêngipun dipun ajêngi utawi botên dhatêng para kawogan, punika dipun sumanggakakên.

Namung ing ngriki ingkang prêlu dipun têrangakên sawatawis, bab usul pangrêmbaging jêjêg rêbahipun swara. Sarèhning tujuning pangrêmbag wau tumrap ing sastra Jawi, têka anggènipun madosakên upami andadak mawi metani lêpating panyêratipun sêrat Cênthini wêdalan Gênutsêkap, ingkang kasêrat ing sastra Latin. Môngka pinanggihing lêpat kados ingkang kapêndhêt kangge tuladha wau, mênggahing salêrêsipun namung saking lêpating pangêsèt utawi saking kirang satitining juru panaliti kala samantên.

Ewadene sarèhning tuladha pêndhêtan saking Sêrat Cênthini wau ugi adhapur nyaèkakên, dados saupami wontêna têmbungipun: tarima kasih, ingkang andhawahakên têmbung wau kêdah Batawias Gênutsêkap.

Mangsuli bab sastra Latin, punika bilih kangge nyêrati ukara Jawi, kados ingkang dipun kajêngakên juru usul, sanadyan botên mawi tôndha barang-barang, tiyang maos rêkaos sangêt sagêdipun kalintu, sabab sampun wijang, madêg saukara-saukara, beda têbih kalihan panyêratipun sastra Jawi, urut-urutan, botên sagêd katingal adêging têmbung saukara-saukara. Kados tuladha damêlanipun sang juru usul kasêrat ing sastra Jawi: gawe kare kara jangan cara desa lan sanès-sanèsipun, punika kenging kaungêlakên ingkang ngantos tanpa têgês, dados manawi ingkang maos wau tiyang ingkang dèrèng sagêd maos, tamtu kathah kalintunipun, nanging saupami tuladha wau kasêrat ing sastra Latin, kados botên makatên, awit lajêng cêtha mungêl satêmbung-satêmbung kados ingkang kinajêngakên dening ingkang anggadhahi kajêng, ugi kêdah mungêl, gawe-kare-kara-jangan-cara-desa. Botên badhe kalintu dipun ungêlakên sapurun-purun ingkang ngantos anggumujêngakên.

Wusana salajêngipun dados rêmbag ingkang sagêd amikantuki ajênging kasusastran Jawi, kula borongakên dhatêng para maos, para marsudi basa saha para kawogan.

--- 20 ---

Paprangan ing Mansuriah

Kawontênaning pasulayanipun Tiongkok kalihan Jêpan, umumipun sampun nama pêpêrangan, ing ngrika-ngriki namung nêdya nyantosani, lumuh yèn ta sami mundura.

Manawi mirid pawartos, ingkang langkung kawigatosakên tumrap kawontênan ing Mansuriah, awit ing ngriku ingkang dados wêwinihing pasulayan. Tuwuhing pawartos ing bab nagari wau warni-warni, sakêdhap kawartosakên sampun badhe rukun, nanging lajêng wontên pawartos malih, angosokwangsul.

[Grafik]

Barisan Jêpan nalika anglangkungi lèpèn Noni.

Dene manawi miturut pawartos kawat ingkang kantun-kantun, kawontênanipun pasulayan wau malah saya rame, yèn ta caranipun wayangan, malah saya sêsêg. Jêpan pandhêsêkipun saya angiyati, makatên ugi Tiongkok, ingkang sanyatanipun pancèn ingkang wajib nyantosani adêging panguwaosipun.

Ing nalikanipun sawêg wiwitan, Tiongkok tansah manggih panyeda ing bab kiranging sêsêg ing paprangan. Tumraping kabangsanipun ingkang sami botên sabaran, têtiyangipun ngantos nêmpuh dhatêng pangagêng, amastani kêndho dhatêng paprentahan paprangan.

Tuwuhing manahipun bôngsa Tionghwa dhatêng kawanèn, saya katingal. Inggih kadospundi anggènipun botên lajêng katuwuhan manah kados makatên, awit kawontênaning praja saya rupêk, saupami namung sabar kemawon, tamtu badhe kasoran. Wusana ing pundi-pundi laladan Tiongkok, ingkang sami tuwuh ura-uru saking panêmpuhing Jêpan, inggih lajêng tumandang ing damêl, ananggulangi panêmpuhing mêngsah, pêpêjah kathah, karisakan saênggèn-ênggèn. Ing sapunika malah saya katingal kapurunanipun bôngsa Tionghwa, kados ta wadya ingkang dipun tindhihi Jendral Ma, punika panglawanipun dhatêng mêngsah mawi aprasêtya: luwung pêjah tinimbang ngulungakên tanah Mansuriah, sanadyan namung sanyari, botên nêdya ngulungakên. Punika nêtêpi kados suraosing paribasan Jawi: sanyari bumi, kajêngipun, sanadyan namung sanyari, manawi bumi, inggih dipun labuhi dados pêpêrangan, tinimbang dipun sukakakên dhatêng tiyang sanès.

Ing sapunika kawontênanipun praja Tiongkok, sanadyan upami latu dèrèng nama ngalad-alad urubipun, nanging ing pundi-pundi sampun wontên palêtik.

--- 21 ---

Jagading Sato Kewan

Asih dhatêng Sato Kewan

Asihing tiyang dhatêng sato kewan, punika pinanggih beda-beda, upaminipun bôngsa Eropah, punika asihipun dhatêng sagawon, pancèn nama langkung, mila inggih botên anèh bilih pangemanipun dhatêng ingah-ingahanipun wau kanthi dipun rêksa kasarasanipun, lan malih mênggahing têdha inggih dipun samêktani sangêt.

Tumrapipun bôngsa Eropah, sagawon punika kajawi kangge sênêng-sênêng, ugi dipun pêndhêt damêlipun ingkang migunani, kados ta kangge anjagi pakarangan, kangge ambêbêdhag, kangge ambiyantu pulisi, lajêng karan sagawon pulisi.

[Grafik]

Punggawa pos anganthi sêgawon.

Bangsaning sagawon punika warni-warni, lan satunggil-satunggiling bôngsa wau gadhah wêwatakan piyambak-piyambak. Mênggah nyataning damêlipun, limrahing tiyang sampun sumêrêp, upaminipun manawi kangge rumêksa bale griya, mitadosi sangêt, manawi wanci dalu tansah anjagi, sabên wontên karêsêg tuwin galibêding tiyang, lajêng dipun jugug. Piandêl ing bab dhatêng damêling sagawon, sintêna kemawon inggih sampun mangrêtos, nanging sarèhning tumrap ing agami Islam, sagawon punika kasirik, mila tiyang ingkang agami makatên botên purun ngingah.

Sami-sami kewan, sagawon punika kêrêp kangge cêcariyosan, kados ta ing bab tumandanging damêl, punapadene ing bab sêtyanipun dhatêng bandara.

Wontên sagawon ingkang sêtya dhatêng bandara, sarêng bandaranipun wau ngajal, lajêng botên purun nêdha, wêkasan sagawonipun lajêng tumut pêjah.

Tumrap cêcariyosan Jawi, sagawon punika wontên ingkang kangge jêjêr dados cariyos, ngantos sagêd nurunakên manungsa. Nanging cêcariyosan ingkang kados makatên wau bokmanawi namung kangge sanepa kemawon, ingkang kajêngipun namung kangge ngasorakên dhatêng tiyang ingkang anggadhahi lêlampahan.

Amangsuli cêcariyosan ing bab damêling sagawon ingkang kangge anjagi kawilujêngan, kados ta ing Jêrman, punika lampahing punggawa pos ingkang dhatêng sajawining kitha, kêrêp dipun begal ing durjana, ngantos adamel girisipun ingkang sami tumindak ing damêl. Inggih sintên tiyangipun ingkang botên giris, awit punggawa pos punika wajib lan kêdah tumindak ing damêl ingkang mawi pathokan wanci. Môngka tumraping durjana dhatêng punggawa

--- 22 ---

pos ingkang ngambah sajawining kitha punika ngincih sangêt, awit kalamôngsa inggih gadhah bêbêktan ingkang majaji. Dados kasamaranipun ingkang nglampahi wau nama botên anèh. Dangu-dangu pangagênging pakaryan pos lajêng gadhah pamanggih, punggawa pos ingkang lumampah dhatêng sajawining kitha punika dipun kanthèni sagawon. Dene pinanggihipun, inggih lajêng wilujêng botên wontên sambekala punapa-punapa. Samantên mênggah pigunanipun sagawon.

[Grafik]

Gambar rêca sêgawon ing Paris.

Mirid damêling sagawon ingkang kados makatên punika, nama botên anèh bilih tiyang inggih malês katrêsnan dhatêng sagawonipun. Malah ingkang pinanggih ing nagari Paris, tumrap kuburaning sato-sato kewan, mawi dipun pasangi rêca pangèngêt-èngêt, saya tumraping sagawon, kawontênaning rêca pangèngêt-èngêt kadamêl sakalangkung nêngsêmakên.

Ing sapunika tumrapipun bôngsa Jawi, asih dhatêng sato kewan, inggih gadhah, kados ta tiyang asih dhatêng pêksi prêkutut, punika kaladuking ginêm, tumrap ingkang asih yêktos, ngantos ngawonakên anak bojo. Asihipun tiyang dhatêng ingah-ingahanipun ingkang kados makatên punika, ngantos kalampahan, samôngsa ingkang ngingah ngajal, pêksinipun katut dipun êculakên wontên ing kuburan.

Pinanggihipun wontên ing bôngsa luhur, minggahipun dhatêng panjênêngan nata, kewan ingah-ingahan ingkang sampun dangu, punika samôngsa pêjah, pamêtaking bangkenipun asring dipun mulyakakên, kados ta kapal pêjah, sarêng bidhalipun badhe kakubur, mawi dipun wontêni lampah agêng. Kajawi punika taksih wontên ingah-ingahan sanèsipun malih ingkang katindakakên kados makatên.

[Grafik]

Kapal pêjah kagungan dalêm nata ing Surakarta ingkang badhe dipun kubur.

Tindak ingkang kados makatên punika, tumrap tiyang ingkang botên mangrêtos, tamtu dipun anggêp anèh, awit ingatasipun sato kewan kemawon têka dipun mulyakakên kados makatên. Nanging manawi lêlampahan kados makatên punika dipun pandhing kalihan kawontênan ing tanah Eropah, ing bab asih dhatêng sato kewan, raosipun inggih irib-iriban kemawon.

--- 23 ---

Kasarasan

Dayaning Alkohol.

Têmbung alkohol punika têmbung ngamônca, ewadene tumrapipun bôngsa Jawi sampun kêlimrah sangêt, mèh sabên tiyang sumêrêp. Punapa wontênipun têtiyang mangrêtos dhatêng têmbung alkohol wau jalaran saking karêm minum, kintên-kintên inggih botên, sêtun inggih namung kêrêp kêsrambah.

Bab awoning dayanipun alkohol, sanadyan botên dipun pratelakna ing ngriki, kados para maos inggih sampun mangrêtos. Kosokwangsulipun manawi badhe nyariyosna saening alkohol, kintên-kintên sawêg kumêcap kemawon sampun dipun dukani sadhèrèk kathah.

[Grafik]

Sayêktosipun awoning tiyang mêndêm, punika inggih wontên undha-usukipun, ingkang nama undha-usuk wau têgêsipun undha-usuking awonipun, dados sanadyan namung tipis, inggih nama sampun awon, saya tumrap ingkang kandêl.

Ingkang nama tipis, punika êndêm ingkang namung damêl sakiting badan, gêdêbugana, mungêl-mungêla, namung wontên griyanipun piyambak, nama botên damêl kapitunaning sanès.

Ingkang nama cêkapan, punika pinanggih wontên ing tiyang mêndêm wontên ing papan paramean, upaminipun ing pasamuwan, wontên margi agêng, tur pinanggihipun adamêl kasamaranipun tiyang sanès.

Dene ingkang nama kandêl, punika tiyang mêndêm ingkang damêl kapitunaning sanès, kados ta tiyang anjagi tata têntrêm, lajêng mêndêm, punika anggènipun damêl kasamaran, adhakan damêl kapitunaning tiyang sanès, awit lêlêrêsan ingkang pancènipun kangge ngayomi kawilujêngan umum, asring pinanggih ngosokwangsul. Manawi ngantos pinanggih wontên lêlampahan ingkang kados makatên, awoning êndêm tansah cumithak wontên sanubarining tiyang kathah.

Wontên malih ingkang prêlu kagatosakên, inggih punika tumrap para juru nglampahakên têtumpakan, dene ingkang langkung wigatos, juru nglampahakên oto, punika manawi ngantos kêsumuban alkohol, wah, bêbayanipun sasat sumandhing, awit papan ingkang dipun ambah namung sarwa nyamari, inggih papan rame, inggih siluk sungil, sawêga ngambah papan waradin kemawon, mêksa samar manawi numbuk-numbuk.

--- 24 ---

Bab punika tumrapipun ing nagari Walandi, wontên pakêmpalan panyêgah inuman kêras, ingkang wosipun anjagi kaluwijêngan[1] ing papan umum, murih sampun ngantos wontên bêbaya ing bab têtumpakan, sarana suka pêpèngêt bêbayaning tiyang mêndêm anglampahakên oto. Tindak wau mawi dipun wujudi oto malampah dhatêng pundi-pundi, mawi sêsêratan agêng-agêng, ingkang suraosipun dados panyêgah, murih dipun sumêrêpi ing ngakathah, gambaripun kados suwalik punika.

Sanadyan tumrapipun ing tanah ngriki, kados inggih prêlu kawigatosakên.

Lêlampahanipun Tiyang Kêsèd

[Dhandhanggula]

Dhèk sêmana aku didongèngi / dening simbah sinambi wedangan / caritane wong sing kêsèd / nyambut gawe alumuh / kabisane mung ngêmis-êmis / papriman turut dalan / nganti dadi guyu / lah ta kônca rungokêna / crita mau tak tirokne karo ngrêpi / têmbange Dhandhanggula //

nanging aja kêsusu moyoki / sabab aku tan pati kulina / andongèng kaya mangkene / cengkok Jawa sing patut / padune wong kurang marsudi / nanging ya pira-pira / wong jênêng sinau / waton wis gêlêm tumindak / lot-sêlote jangji srêgêp gone ngudi / lawas-lawas kulina //

nguni ana wong anom angêmis / nekad sowan ing ngarsane nata / amlasasih ing ature / gusti kawula nuwun / sih kêkucah dalêm sang aji / jêr amba klangkung mlarat / sabab sakit dangu / cotho tan sagêd makarya / wiwit nguni ngantos dumugi sapriki / botên sagêd waluya //

sang aprabu têmah wlas ningali / nuli dhawuh kinon maringana / dhuwit limalas reyale / lawan sandhangan bagus / mêsakake têmên wong iki / sawusnya pinaringan / sang prabu adhawuh / lah ta sira lara apa / mêngko ingsun arsa utusan nimbali / dhukun anggawa tômba //

lêlaramu karbèn ditambani / dening dhukun kang sugih usada / lah matura sabarèse / witing sira sru ngangluh / lêsu lêsah anggamu nglêntrih / kaya lawas laranta / nganti tanpa bayu / lah age sira wêcaa / dadi ingsun nuli bisa andhawuhi / marang dhukun kang prapta //

angrêrêpa ature wong ngêmis / dhuh dhuh gusti pêpundhèn kawula / ulun nyuwun aksamane / klilana amba munjuk / botên sagêd ulun mastani / wastane sakit amba / bêktan sampun dangu / bapa kula ngantos pêjah / mêksa judhêg botên sagêd anjampèni / dhatêng sêsakit amba //

risang nata angandika aris / lah ing ngêndi prênahe kang lara / lan prênahe kaya priye / wong anom nuli matur / prênahipun namung ing jisim / sakojur angga wrata / mênggah raosipun / angalêntrih lêsu lupa / tansah awrat kinarya ngêcakkên kardi / sirna kêngkênging angga //

gya dhinêdhês nanging mêksa kumbi / pungkasane sang prabu anyana / bokmanawa janma kiye / nimpên wadi kinukuh / kang tan kêna krungu lyan janmi / sawusira mangkana / mung kèndêl sang prabu / nanging banjur awacana / janma anom kalilan mêdal ing jawi / nuli mundur gancangan //

anggêgembol sandhangan lan dhuwit / tan kawarna

--- 25 ---

lakune nèng marga / mung sajak gêdhe atine / sabab mêntas angukup / nanging balik tumrap sang aji / manggung tansah ginagas / mungguh lakon iku / wêkasan nuli utusan / punakawan nusul pinrih anakoni / wong mau lara apa //

lah udinên jatine kang wadi / ning angkahên mêngko yèn wus têkan / ing papan kang sêpi bae / bokmanawane rikuh / saupama mêdhar kang wadi / sêmu lingsêm isinan / marma ing wêlingku / caturanmu dèn abisa / pangudimu oncèkane kang wêwadi / mara enggal budhala //

ya ta dupi wus watara têbih / priman anom lakune kêcandhak / jinawil ingajak lèrèn / lah kisanak wong bagus / êngga mriki ta kula bisik / prayogi samang blaka / mumpung nèng gon samun / pundi jatine kang lara / lamun blaka ganjarane ditambahi / dening gusti sang nata //

pan kocapa janma anom ngêmis / sanalika nyipta antuk bêgja / ngunandika jro batine / i nugraha awakku / iki calon dadi wong mukti / satibane kêpenak / tandhane awakku / mau ngêmis mung sadhela / mung abôndha patrap bathi ngukup dhuwit / mung pawitan wicara //

waton gêlêm marani wong sugih / pês-apêse pasthi olèh sêga / prêlu apa nyambut gawe / môngka aku dhèk mau / athik olèh sandhangan apik / jêbul saiki ana / uthutan sing têmtu / jangji aku gêlêm blaka / anjatèni utusan sang ratu iki / pasthi wuwuh ganjaran //

abot apa dene mung nyritani / bêcik aku nuli kôndha blaka / gih kyai samang rungokke / uningaa rumuhun / wontên tabib saklangkung sakti / lan malihe waskitha / tôndha sagêd dumuk / wastane sakit kawula / nami sakit wantah matuh dèn wastani / lumuh kêsèd sungkanan //

ewadene tan sagêd jampèni / dhatêng sakit kawula punika / sabab wus ciri wancine / kadhung manjing ing sungsum / wit kabêkta sangkaning alit / matuh kêbluk wêgahan / apadene nglinthuk / kocapa ki punakawan / wising ngrungu kojahe wong anom ngêmis / enggal matur sang nata //

saujare wong priman ing ngarsi / pan wus katur anggalur wah cêtha / nata alon ngandikane / timbalana wong mau / lah gawanên mring ngarsa mami / poma mopo tan kêna / tak cêkak critaku / barêng wong anom wis têka / kacarita sang prabu banjur dhawuhi / he wong anom papriman //

rèhne sira wus sajarwa yêkti / wêwadine mungguh laranira / pasthi sun wuwuhi manèh / ganjaranmu lwih agung / uga dadi usada sakit / ananging lakonana / apa sadhawuhku / sira sun paringi lêmah / pakêbonan jêmbar nêm bau pasagi / bêcike tandurana //

wiji jagung apadene pari / nanging dhisik kudu paculana / pinggir wènèhana kalèn / garapên kongsi dhayung / iku malah saya utami / sêlang-sêlingên kacang / apadene pohung / urut pinggir cèblêkana / winih gêdhang sinêlap[2] wit katès bali / apadene wit cikal //

anadene kang watara têbih / saka papan pomahan prayoga / tandurana jambu bae / slundhingana wit dhuku / pêlêm durèn dalima kwèni / langsêp lawan kokosan / srikaya lan mundhu / rambutan lan manèh nanas / nôngka sawo apadene dhuku manggis / panandure sing tata //

wowohane larikên sing bêcik / winatara arang myang kêrêpnya / dadi yèn mêtu uwohe / nadyan godhong ngrêmbuyung / lah angkahên [angkah...]

--- 26 ---

[...ên] nora ngayomi / dadine palêmahan / têtêp dhahas subur / yèn mangkono pratikêlnya / sayêktine iku bakal mangkolèhi / tumrape uripira //

rikalane isih cilik-cilik / larikana lombok terong tela / satêngah warsi lawase / sira panèn alantur- / lantur srênti agênti-gênti / lamun sira tan gadhah / piranti nênandur / ênya iki tampanana / sun paringi kudhi pacul lawan arit / wêdhung pêdhang lampak //[3]

pecok pêthèl wadung caluk linggis / garu luku lawan rajakaya / rumatên ing salawase / kocap wong anom mau / jêbul malah ngulèt amlilit / ngunjal napase dawa / tan tinampan sagung / nanging sêmune katara / sajak abot gone mênyat saking linggih / têtela wong mêsakat //

mènglèng sêrêt pêksa matur wani / adhuh gusti pêpundhèn kawula / ulun nyuwun aksamane / mênggah sayêktosipun / sajêg gêsang dèrèng ngicipi / tan nate anyandhak /[4] kang winastan pacul / bokbilih mêwahi lara / sang srinata sigra angêjèpi abdi / tukang sapu gya mara //

priman anom sinêblak panjalin / ing gigirnya mung jangkêp ping tiga / lah ya iki usadane / wong anom sigra canjut /[5] tumandang ambêbak siti /[6] kringête sarewehan / jrih dêngèk samênut / katon wêkêl sanalika / amung manut samar bok kêna panjalin / têmah bêcik dadinya //

lawas-lawas prigêle kêtitik / sabên dina anggarap plêmahan / nganti mathekol baune / yèn nuju amêmacul / bok gitikên awoli-wali /[7] ya kaya tan rinasa / bawane wong nyêngkut / iku ing bêbasanira / prasasate kaya pinencokan mimik / mangkana cinarita //

kocap wong nom ing sawise kuwi / mari saka ênggone papriman / êliding dongèng mangkene: / patut kinarya pemut / tumrap marang pra anom sami / bocah-bocah padesan / aja pijêr lumuh / ambaluh wêgah sungkanan / nanging wajib kudu srêgêp nambut kardi / ngêpluk iku singkirna //

samubarang pakaryan dèn titi / mumpung anom tabêria garap / gêgulangên kawruh sae / sranane golèk butuh / dadi nora tuna ing budi / samubarang gawean / udinên mrih putus / mèh tamat dongènge simbah / wong ngaurip wajibe anambun kardi /[8] wis mung cuthêl samana //

Sirrana. Barèng - Malang.

[Grafik]

Sêsawangan margi wontên ing wana tanah Bêngkulên, Sumatra.

--- 27 ---

Dayaning Kagunan

Ing sapunika tumrap bôngsa Jawi sampun saya kathah sêsêrêpanipun ing bab prakawis mêsin-mêsin, tumrap ingkang angsal pasinaon, sampun wontên ingkang wêdalan saking pamulangan luhur. Dene tumrap têtiyang ingkang botên angsal pasinaon, sampun kathah ingkang sagêd nindakakên saking pakulinan, kados ta kuli-kuli ingkang sami nyambut damêl ing pabrik-pabik,[9] punapadene tukang-tukangipun, sampun sami kathah sêsêrêpanipun dhatêng bab mêsin, malah kathah ingkang lajêng kulina sagêd tumindak ing damêl sarana mêsin wau.

[Grafik]

Bab makatên punika mênggahing tôndha yêktinipun kathah, kados ta sêtokêr-sêtokêr lokomotip sêpur, punika ing sakawit kenging dipun wastani namung dados tukang cêthik latu, dangu-dangu mindhak-mindhak sêsêrêpanipun, ngantos sagêd dados masinis. Tamtu kemawon sêsêrêpanipun ing bab mêsin, dangu-dangu saya mindhak, saupami angsala tuntunan, tamtu saya sampurna.

Kagunan punika saya dangu saya mindhak, bab punapa kemawon, ingkang kenging katindakakên sarana mêsin, inggih dipun wontêni mêsinipun, kados ta anggarap siti, ngusungi barang, nglinting sês, lan sanès-sanèsipun.

Gambar ingkang kacêtha ing nginggil punika mujudakên tumindaking damêl ngurug toya ing lèpèn Waal badhe dipun êdêgi krêtêg, sadaya dipun tindakakên sarana mêsin.

Sayêktosipun tindak makatên punika agêng sangêt pigunanipun, nanging tumraping umum, araos damêl pitunaning kuli-kuli, ingkang panggêsanganipun saking sade bau suku. Namung tumraping jagad, nama kamajêngan.

--- 28 ---

Panglipur Manah

Môngsa Kapitu

[Mêgatruh]

surêm-surêm diwangkara kataman truh / lir merang umiyat bumi / anggung tinutup ing mêndhung / kawasanira sumisih / atêmah rasa bêgowong //

duk rinungu swaraning jago kaluruk / erak winoran ing atis / dening maksih umun-umun / pinapag dhawahing riris / sing akasa kadi dèn sok //

[Grafik]

pêpadhanging rawi tan kawawa ngêsuk / sanadyan wus praptèng wanci / mung kadi sulaking bangun / ruruhing riris tan srênti / taritisan pating tlêthok //

mangu-mangu mulat janma kang lumaku / mêmikul kamoran atis / kulit samya anjêngkêrut / sanadyan atekad wani / sêmu katon andharodhog //

pêksi-pêksi tan ana nyabawa esuk / ayam datan saba enjing / kuthuk-kuthuk anyêkukruk / ngayom ngisoring suwiwi / sumêla kang sirah nongol //

dyan kêsundhul sabawèng satêngah pitu / kang samya anambut kardi / umèngêt marang ing laku / labêtira angèlingi / bukti kang arsa dèn êmplok //

samar lamun praptaning pakaryan kantun / kang udan tinrajang wani / sanadyan ta wus pêpayung / tampuning tirta ngênani / tumanduk mring suku ngêthok //

wusing mêtu ombaking janma dinulu / anglur arêbutan wani / nêmpuh adrês udan esuk / kapêtêk arasa ajrih / yèn ing mangke antuk prêdhom //

datan ketang lumayu sinambi cancut / caking pêcak kang ngêcaki / cluwêkan kacakan ranu / ciprate oncat ngêcroti / kêcopak nêlêsi kathok //

wênèh gugup saking [sa...]

--- 29 ---

[...king] ing môngsa wus lalu / anon galêdhêging bèndi / dèn êndhêg nyabawa sêru / e sir mandhêg ayo gêlis / aku gawanên nyang kantor //

kusir manguk muni: punika isi: nun / gèdhèg kang ngêndhêg kacelik / ing batin rada marêngguk / kasêlan taksi lumaris / ngampirkên cipratan blêthok //

nulya wêruh oto bis gog gog lumaku / nulya ngacung nyasmitani / bis mandhêg nulyarsa mlêbu / jêgagig wus kêbak isi / brubut mring ngarsa lungguh srog //

nyandhak kacu ngusapi rai kalêbus / ikêt balangkon dèn ambil / têlêsing tirta kinêsut / ing batin sinambi muni: / idhêp ngumbah ikêt blangkon //

wusing atus ngakêp rokok arsa udut / nanging rèk mêjên kapati / labêt wus dahat kalumut / arsa minta tôngga isin / rokok lêstari ngêcocong //

sapraptaning kantor wus jam wolu langkung / durung kongsi dèn takoni / wus jarwa kalamun klocut / laju omong angêcipris / tan lyan bab jawah kemawon //

kongsi dangu atising angga tinêmu / kongsi datan bisa mosik / sinêmbuh kang jawah têrus / têrangira mung nyêlani / grêmis maksih alon-alon //

datan dangu kang jawah asru tumurun / kongsi praptanirèng wanci / kantor-kantor samya tutup / kang samya anambut kardi / nèng jawi pating dharêlog //

sruning jawuh kêpêksa wani tumêmpuh / labêt daya-daya mulih / sapraptaning wisma gupuh / salin dènnya anjêdhindhil / nulya bukti kongsi katog //

mêksa têrus tan kandhêg turuning jawuh / têtêp hyang pratônggapati / saari tan katon mungup / kongsi kasurupan wanci / jawah saya kadi dèn sok //

dyan sinundhul canthuka munya angungkung / kasok dènnya ambungahi / dening antuk tirta agung / kumpul lan saanak rabi / nyabawa kang kung tan pêdhot //

wèh ngrês tuhu jawahe môngsa kapitu / talêthik tan mawa wanci / sanggyèng laku kandhêg mangu / mung wajibira pinuji / rahayua sagon-ênggon //

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2157 ing Purwakêrta. Polêk almanak dèrèng nate ngêwrat Babad Arungbinang.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 8.8 ing Surakarta. 19 Jumadilawal, Dal 1823 dhawah 29 Nopèmbêr 1893.

Lêngganan nomêr 2083 ing Pare. Ju pa, April 1911 dhawah tanggal 14 utawi 14 Rabingulakir 1842.

Lêngganan nomêr 1815 ing Malang, 27 Pebruari 1904 dhawah wuku Tambir 1834. 11 Juni 1930 dhawah wuku Julungpujut 1861.

Lêngganan nomêr 1038 ing Surakarta. 7 Agustus 1897 dhawah Stu Kli, 8 Mulud 1827, Ijrah 1315, môngsa 2, windu Sancaya, taun Alip.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan, sintên ingkang dèrèng ambayar arta lêngganan kuwartal kapisan, mugi tumuntên kaparênga maringi, eman manawi ngantos botên nampèni Kajawèn, sunan nomêr utawi Kajawèn lêbaran, awit Kajawèn kêkalih punika pancèn maligi, ingkang cara Malayunipun nama: luwar biasah. Makatên ugi tumrap para priyantun ingkang dèrèng lêngganan, kaparênga nuntên lêngganan, awit manawi kasèp, badhe botên kaduman, dening pangêcapipun namung sacêkapipun kemawon.

Adm. Kajawèn

--- 30 ---

Kabar Warni-warni

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Papriksan paboyongan ing tanah Papuah. Tuwan M.F.A. Heyneman utusaning Stichting & Inm. Kolonisatie Nieu Genea sampun wangsul saking Manokwari, prêlu mriksa prakawis anggènipun Tuwan Cattenburch botên tata pambagening uwos, andandosakên pasulayan kalihan Tuwan Dinnenger, ingkang dados sêsêpuh. Sapunika Tuwan Cattenburch sampun dipun kèndêli. Dene kawontênanipun ing paboyongan, hawa sae, botên wontên sêsakit, sitinipun loh.

Bestuur P.P.B.B. badhe anjajah tanah ngriki. Awit saking panêdhanipun pang-pang pakêmpalan, Tuwan Wiranatakusuma, pangarsa, Tuwan Sutarja, mudha pangarsa P.P.B.B. badhe anjajah tanah Jawi, tuwin manawi sagêd ugi dhatêng tanah sabrang, prêlu supados ngrakêtakên sêsambêtaning pakêmpalan.

Sêrat kabar Zaman Baru botên mêdal malih. Sêrat kabar Zaman Baru ing Bêtawi, ing sapunika sampun botên mêdal malih.

Congres Indonesiche Cooperatie. Kawartosakên, ing congres Ind. Cooperatie ing Surabaya, Mr. Sartono dipun prayogèkakên instituut dagang, ingkang gêsangipun saking pambiyantuning cooperatie ing tanah ngriki. Kajawi punika badhe nyinau sade tinumbas wulu pamêdal tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang badhe mangagêngi kapêndhêtakên tiyang ahli tuwin tiyang ingkang maligi sampurna ing bab economie, sami angsal balanja saking sawarnining cooperatie ingkang tumut dhatêng pakêmpalan wau. Ing sapunika sampun wiwit ngidêrakên sêrat kalowongan kangge nglêmpakakên tandha tangan.

Wangsul saking Mêsir. Wontên sadhèrèk bangsa Malayu 2 lulus saking pamulangan luhur ing Mêsir, saha sampun wangsul dumugi Padang, satunggal nama Tuwan M. Arif asli saking Sumanik Batu Sangkar, satunggalipun Tuwan Isni Salèh, saking Lubuk Begalung. Kalih pisan wau sami badhe dados guru pamulangan Islam.

Pa van den Steur mitulungi anak-anak angkatipun. Wontên pawartos, Pa van den Steur ing Magêlang, mêntas tumbas siti pintên-pintên panggenan ing Kêdu, prêlu kangge mitulungi tilas anak-anakipun angkat, ingkang sapunika nganggur botên nyambut damêl. Sapunika wontên tiyang 15 manggèn ing Kranggan, sami dipun sukani têdha sadèrèngipun mangsa panèn. Tumrap tiyang sanès-sanèsipun badhe dipun dèkèk ing papan paboyongan sacêlakipun Bawean. Makatên ugi badhe ngêdêgakên griya pasipêngan wontên ing Surabaya, kangge nyadhiyani têtiyang saking Jawi Wetan.

Persbureau enggal ing Kêdiri. Kawartosakên, wiwit kala tanggal 28 December kapêngkêr, ing Kêdiri sampun kalampahan madêk kantor pers, namanipun Pan Aziatic Pers Agentschap, ingkang cêkakaning nama P.A.P.A.

Ingkang angsal f 100.000.-. Kawartosakên, pamênang f 100.000.-. dhawah ing Malang. Ingkang angsal tiyang 6, tiyang ingkang tiga anggadhahi nyaprapat lot, dene ingkang saprapat lot dipun gadhahi ing tiyang 3.

Kabudidayan tênun ing tanah Maluku. Ing Surabaya mêntas wontên parêpatanipun bangsa Ambon ing panggènipun Tuwan Tuwanakotta, ngrêmbag badhe ngêdêgakên pamulangan tênun ing Ambon tuwin ing sanès-sanès panggenan ing laladan Maluku. Kalampahan ngangkat bestuur, Mr. Latuharhary dados pangarsa, Tuwan J. Liklikwatil, panitra, tuwin juru nupiksa 5. Kabudidayan wau dipun namakakên Perusahaan Kerajinan Maluka.[10]

Jaarbeurs ing Bandung ing taun 1932. Bestuuring Jaarbeurs nyadhiyani wragad kangge Jaarbeurs 1932 kathahipun f 76.250. Mênggahing taksiran angsal-angsalanipun, arta sewan panggenan f 20.000.- arta karcis f 43.000.- arta pitulungan warni-warni f 6250.- tuwin loterij f 4000.-. Rantamaning wragad kapiridakên taun ingkang sampun-sampun. Jalaran saking kawontênanipun kados makatên panapsiripun wau kanthi pangatos-atos.

Examen ing Nias. Tuwan Kariadi, lulus examen Ind. Arts tuwin Tuwan Sudikda lulus examen semiarts, sami ing Nias Surabaya.

Kadurjanan klika kina. Wêdana ing Cicalengka mêntas anggledhah dhatêng griyanipun Mukri ing dhusun Dampit, ing ngriku pinanggih wontên klika kina wawrat 1400 kg., asli colongan saking wana sadhiyan. Wontên tiyang 13 ingkang gêgayutan bab punika sami kacêpêng.

Nampèni murid enggal. Kawartosakên, Kweekschool Muhamadiyah Ngayogyakarta, pandadaring calon murid enggal dhawah tanggal 15 Juni 1932. Tumrap murid jalêr, katranganipun mitêrang dhatêng R.M. Hajid, Kauman Ngayogyakarta; tumrap èstri dhatêng H. Badawi, Kauman Ngayogyakarta.

Pamênang f 25.000.-. Kawartosakên, ingkang angsal loterij Kanker Instituut f 25.000.- tuwan-tuwan Ong Kim Ing, ing Têmanggung, toko Lie Oen Hoe, ing Ambarawa, Kwee Djwan Hien, ing Parakan, Tuwan Liem Ho Tek, ing Ambarawa, sadaya sami nyaprapat lot.

Palapuranipun Tuwan Gruneveld Meyer. Tuwan Gruneveld Meyer, ingkang tampi dhawuh saking Minister Waterstaat, mratelakakên, bilih anggèning nitipriksa kawontênaning têtanèn ing Bankok sampun rampung, nanging palapuranipun dèrèng sagêd kagiyarakên ing ngriki, kêdah dipun uningani wontên nagari Walandi rumiyin. Palapuran wau badhe tumuntên kakintunakên mêdal post anggêgana dhatêng nagari Walandi.

Murid Taman Siswa mogok. Kawartosakên, murid-murid Taman Siswa perangan schakel klas IV ing Ngayogya sami nêdha mêdal, amargi badhe dipun êwor kalihan murid klas VII golongan H.I.S. Mangka miturut tatanan wulangan T.S. samangsa pangajaran schakel klas IV sampun sami, kêdah kagolongakên klas VII golongan H.I.S. murih pangajaranipun langkung sampurna. Wusana kasumêrêpan, tuwuhing pamanggihipun murid-murid ingkang makatên punika, saking dipun ajak satunggiling murid ingkang makatên punika, saking dipun ajak satunggiling murid ingkang dèrèng têrang dhatêng tatanan T.S. Ewadene T.S. inggih mituruti kenging pindhah dhatêng pamulangan sanès. Nanging têtiyang sêpuhipun murid dipun sukani katrangan cêtha.

--- 31 ---

Nangkoda dipun pêjahi. Wontên pawartos, nangkoda tiyang siti kapal Cintadermawan ingkang nuju layaran saking Banjarmasin dhatêng Negaro, dipun pêjahi dening tiyang numpak. Ingkang mêjahi sampun kacêpung.[11]

Darma Stichting Instituut. Wontên pawartos, ing wêkasaning wulan December, wontên murid H.I.S. Guprêmèn cacah 62 umur 6-8 tuwin 44 umur 8-12 sami dipun kèndêli, jalaran têtiyang sêpuhipun sami botên kuwawi ambayar. Ing bab punika, Tuwan Sudarmo pangajênging pakêmpalan M.S. tuwin Darma-Stichting ing Jombang gadhah sêdya badhe damêl griya pamondhokan, pamulangan frobel tuwin H.I.S. kangge nyêdhiyani lare-lare wau kanthi lêlahanan.

Nonah Dr. Surti Tirtotênoyo. Kawartosakên, ing sapunika nonah Dr. Surti Tirtotênoyo ugi sampun malêbêt dhatêng kalangan umum. Panjênênganipun sampun nate mêdhar sabda kaping kalih, ingkang migunani ing bab ngupakara bayi. Nanging dèrèng cêtha, panjênênganipun wau sampun anggolong dhatêng pakêmpalan punapa.

Sadiyan griya kangge tiyang angguran. Wontên pawartos saking Surabaya, suikerbond sampun angsal griya gadhahanipun Tuwan Tan, manggèn ing Puspa. Griya wau badhe kangge nyadhiyani punggawa pabrik gêndhis ingkang sami nganggur.

Dhatêng Eropah. Tuwan Rasyid Mangis, guru sêkolah Adabiah II ing Padang, badhe bidhal dhatêng Eropah, prêlu anjêmbarakên sêsêrêpan. Kajawi punika, rumiyin ugi sampun wontên guru Abadiah, nama Tuwan Rustam Effendi ingkang dhatêng Eropah. Dados sampun kalih punika.

Mardikanipun Ir. Soekarno. Kala dintên Kêmis tanggal 31 December wanci jam 6 enjing, Ir. Soekarno sampun mêdal saking pakunjaran ing Sukamiskin. Wêdalipun dipu iring ing pulisi tuwin auto 8, wangsul dhatêng dalêmipun. Samargi-margi wontên pajagèn pulisi. Ing dintên wau katahah ingkang sami dhatêng, telegram atusan, wontên ingkang saking pakêmpalan ing nêgari Walandi punapa, makatên ugi sêkar-sêkar paargyan kawilujêngan.

Pananggulang Malaria ing Gending. Kawartosakên, kabudidayan gêndhis ing Gending, gadhahanipun Kol. Bank sampun andarmakakên arta f 1500.- kangge ananggulangi sêsakit malaria ing onderdistrik Gending.

[Grafik]

Confrentie meja bundêr. Ing bab Conferentie meja bundêr parentah Inggris kalihan wakil Indiya sampun rampung. Sasampunipun punika dipun sambêti conferentie malih kalihan wakil saking Burma, jajahan Inggris ing Asia. Wanita ingkang kacêtha ing gambar, ingakang ngadêg, punika Miss May Oung utusan wanita Burma ingkang mangsuli wêdharsabdanipun Pangeran Pati Inggris.

Wakil P.P.P.I.dhatêng Congres I.R. Kawartosakên, Pêrhimpunan Pêlajar-pêlajar Indoneasia, ing Ngayogya, ingkang rumiyin kawratan badhe malêbêt congres, sarêng sapunika angintunakên wêwakil tiyang 3 dhatêng congres I.R.

Ingkang Sinuhun ing Surakarta rawuh dhatêng Ngayogya. Sampeyan dalêm Ingkang Wicaksana, Ingkang Sinuhun ing Surakarta mêntas rawuh ing Ngayogya aparing wilujêng dhatêng K.G.P.A.A. Paku Alam tuwin pêpatih dalêm Ngayogyakarta, kanthi maringi tandha pangèngêt-èngêt.

Gara-garanipun jaman malèsèd. Kawartosakên, kantor belasting ing Sulung, Surabaya, kadhatêngakên satunggiling Walandi ambêkta gêbag karèt tuwin lading panyukuran, pinanggih Tuwan Jhr. Citters, inspectuur babagan paos. Tiyang wau lajêng ngêdalakên ungêl ingkang botên sakeca, Tuwan Citters lajêng angesahi sarta ngundang pulisi, nanging sarêng pulisi dhatêng, tiyangipun sampun kesah. Wusana wontên katrangan bilih tiyang wau kirang jêjêg èngêtanipun.

ASIA.

Sêrat saking Jêpan dhatêng Volkenbond sampun katampèn. Sêrat saking Jêpan dhatêng Volkenbond sampun katampèn, suraosipun mratelakakên, Jêpan sampun miwiti andandosi karisakan krêtêg ing lèpèn Nonni, ingkang dipun risak dening wadya Heilingkiang. Kajawi punika mratelakakên ing bab indhaking golongan tiyang awon ing Mansyurie saya kathah, bangsa Jêpan kathah ingkang manggih karisakan. Gunggungipun tiyang awon ingkang sêkuthu kalihan Tiongkok wontên 20.000. Mila wadya Jêpan prêlu têtêp manggèn wontên ing Mansyurie, lan Jêpan dèrèng sagêd ngundurakên wadyanipun saking Korea.

Masrahakên Tsjing bsjouw. Jendral Caang Hsueh Liang sampun damêl tatanan supados wadya Tionghoa nilar kita Tjingtsjouw. Nanging sadèrèngipun bidhal, sawarnining obat pêrang karêsikna rumiyin.

EROPAH

Ngundurakên tatanan. Nat. Britisch-verbond, kintun sêrat dhatêng premier Max Donald, mratelakakên, nayogyani dhatêng panêdhanipun Sang Gandhi, ing abab suwaking tatanan ingkang tumindak kêncêng tumrap ebah-ebahan rakyat India.

--- 32 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna

16

[Dhandhanggula]

Sri Supadni kalangkung dènnya sih / maring putranira sakalihan / bagya dene ta ing mangke / putra pinangguh rukun / tan anabêt rasaning runtik / dadya têtêp sanyata / rukun trusing kalbu / marma ing pamudyanira / putra kalih lulusa rukun lêstari / aywa mangguh panggodha //

cinarita wusing têntrêm nuli / Sang Jumêna jumênêng narendra / sumilih ing kaprabone / nata ingkang wus surut / jinênêngan ing para rêsi / miwah wadya sapraja / sadaya jumurung / sadaya angrasa suka / dene mangkya wus jinumênêngan aji / praja aparipurna //

sênêning kang praja ngatarani / angayêmi kawula sadaya / wrata praptèng padesane / pra wadya samya suyud / sayuk rênggêp ngayati kardi / dening sadaya samya / ngrasa antuk ratu / mudha myang ambêg prawira / abêbasan sri narendra asta wêsi / ambêg rosa ing karya //

ari nata Sang Tisa ing mangkin / wus kawuryan têntrêm galihira / dahat sih mring sri pamase / tan pae raka prabu / sakalangkung dènira asih / nêtêpi kadang wrêda / dahat dènnya mêngku / marang ing kadang taruna / marma dahat katon dènnya samya asih / kadi ing waunira //

datan pae Kangjêng Sri Supadni / têntrêmira mangkya kawistara / uning putra kêkalihe / dahat dènira rukun / kang mangkana yêkti numusi / raharjanirèng praja / wadya samya rukun / têmah mawèh kasantosan / yèn ta têmbe tuwuhing karya sayêkti / tan kuciwa ing yuda //

awit nyata ing galih sri sori / datan supe maring sêdyanira / putra ing nguni kalane / arsa sumêrang mungsuh / kang rinasa ngêsur nagari / kang kawasa ing Langka / bôngsa Tamil iku / môngka mangkya titikira / ngantarani yèn ta lumawana wani / mung nganti kalamôngsa //

dene mangkya kaparêng narpati / Pangran Tisa dhinawuhan budhal / wangsul mring padunungane / ing Digawapi iku / tinanggênah anyênyêpuhi / miwah anênuntuna / pra kawulanipun / ingkang samya ulah kisma / amrih lulus dènira anyantosani / ambiyantoni praja //

awit nyata pra kawula tani / sanadyan ta aran janma desa / ananging kasantosane / yêkti kalangkung agung / bêbasan kang nyagak tuwaki / kakuwataning praja / apan wus tinamtu / nanging kawistaranira / kadi datan kacakêt marang ing gusti / dahat adoh kaliwat //

kang mangkana nata nguningani / awit nguni wus uninga cêtha / mring kawula kaanane / dening sri nata sampun / adêdunung jawi nagari / sugêng kalara-lara / dadya têpanipun / wus rinasa kang sarira / marma miji mring ari amrih ngayomi / para kawula desa //

lawan malih sri narendra ugi / arsa niti mring kawula desa / kang cakêt anèng prajane / awit kaananipun / pra kawula kang ulah tani / salami sri narendra / anggung ulah pupuh / ing praja amung ruara / datan ana janma kang têntrêm sêsabin / mawèh gênging pituna //

sri narendra arsa angadani / amêmulih rusaking nagara / myang rusaking kawulane / yèn ta rinasèng kalbu / sri narendra angrumaosi / nandhang agênging dosa / andhêdhêri luput / marang kawula sapraja / mangkya dupi praja wus tinêmu bêcik / wajib pinaripurna //

wusing tata Pangran Tisa pamit / sri narendra kalangkung karênan / uning ari sasolahe / katon ambangun turut / kanthi asih mring raka aji / mangkya kaparêng nata / anguntapkên laku / tindakira ari nata / riwusira samapta sarwa miranti / sigra abêbudhalan //

sri narendra jajar lawan ari / nitih kuda atindak lon-lonan / ingiring para wadyane / kadi kang laku agung / poking janma kang tan wruh gati / samya darbe pangira / tindaknya sang prabu / arsa lumurug ing yuda / dene agung lakuning wadya prajurit / myang kathahing gêgawan //

warna-warna wadya kang umiring / wadyanira Sang Pangeran Tisa / gumrudug kalangkung gêdhe / atusan kang pêpikul / sinambêtan wadya narpati / samya srigak gambira / sêmu nantang mungsuh / sri nata lan Pangran Tisa / kang winulat yayah senapati kalih / kadi kêmbar ing warna //

sri narendra ing samargi-margi / datan kêndhat aparing wêwulang / marma rêndhêt ing lampahe / datan ana kasusu / kala-kala lamun marêngi / rêna ing pangandikan / dyan kandhêg ing laku / dangu dènnya pêpandêngan / winor suka kang raras amirênani / sang kalih-kalihira //

praptanira watêsing nagari / nata kandhêg paring pangandika / yayi sun mung praptèng kene / tan lyan pamudyaningsun / muga sira bisa nêtêpi / ngayomi mring kawula / awit iku tuhu / dadya poking kasantosan / saupama sira kongsi dèn oncati / sayêkti tanpa daya //

kathah-kathah pangandika aji / wusing katog samya rêrangkulan / nulya pêpisahan mangke / Pangeran Tisa laju / sri narendra kandhêg ngêntosi / wusing antara têbah / sri narendra kondur / tindakira gêgancangan / gumarudug tinon kalangkung ngajrihi / lir wadya nêmpuh yuda //

sapraptaning pura sri bupati / adhêdhawuh mring rêkyana patya / nulya tumindaka gawe / mêmulih sanggyanipun / kawula kang giris ing ati / duk jaman pasulayan / akèh kang tinêmu / samya tilar bale wisma / mangkya samya pinriha têntrêm tumuli / wangsul mring wismanira // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 5, 7 Pasa Taun Je 1862, 16 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [65] ---

Ôngka 5, 7 Pasa Je 1862, 16 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Palabuhan

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawanganipun palabuhan ing Jambi, ingkang nuju dipun kèndêli ing kapal-kapal api.

--- 66 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Kaum Swadhèsi Dikêpara Ngarêp.

III.

Petruk : Ambanjurake rêmbugane ing bab anggone pabrik Cita ing Twèntê arêp dipindhah nyang tanah Jawa kene, kuwi kajaba sabab saka kaya sing wis dirêmbug nalika ing dina Rêbo kang kapungkur, ana manèh, Kang Garèng, yaiku mangkene: Sajake punggawa-punggawane ing kana kuwi rada rèwèl bangêt, sabên-sabên padha bêbarêgan anjaluk mundhaking balanjane [...][12] mau ora dituruti, ba[...].

[Grafik]

Garèng : Pancèn, Truk, wong-wonge kana kuwi [...] karo ing kene, nèk wong kene [...] iya nurutan, lêmbah manah, dikapa[...] iya dipisuhi, diunèk-unèkake, diplothoti, diplèthè-[...], diplithiti, utawa dicukur pisan, bisane [...] nrima bae. Apa manèh bangsane ka-[...] duwe ada-ada arêp mogok barang, [...] duk arêp ajak-ajak kêndurèn bae, [...] ora kabênêran bisa uga: cuwit, dicêkêl sabab didakwa arêp ajak-ajak sing ora-ora kae.

Petruk : Kang Garèng, le ngomong kuwi bok aja nganggo diputar-putêr mêngkono, bok ngomong barès bae, mungguh karêpmu kuwi rak mêngkene, ta: ing kene kiyi pamogokan dialang-alangi kêras. Sabênêre pancèn iya mula mêngkono, [...] we aja kaliru tômpa, Kang Garèng, [...] dianani pranatan mangkono mau, [...] ya, Kang Garèng, para panuntun kuwi sing [...] ra bisa ambedakake antara [...] mi karo pulitik, akèh ba-[...] tik sing duwe pangarah supaya pêngaru-[...] wih gêdhe, banjur ngadani pakumpula[...] lan tunggal gawe, wusanane nganak[...] da pamogokan, kuwi ora du[...] rêp migatèkake nyang kabutuhane para ka[...] m buruh sing dadi tuntunane mau, nanging sajatine mung arêp gawe onaring praja bae, mulane iya...

--- 67 ---

Garèng : Ha, ha, hak, hi, hi, hik, hu, ha, hêm. Wah, Petruk kiyi nèk omong pancèn pintêr nyulap têmênan. Karêpe para panuntuning kaum buruh kuwi ora kêna mèlu-mèlu nyang babagan pulitik, dadi kudune mung anglangi ana ing samudraning kaum buruh bae, nèk-nèke karêpe supaya si kaum buruh aja tungkul rèwèl bêngak-bêngok bae, prêlune cikbèn si majikan ajêg malênthi wêtênge. Ora, Truk, sadurunge aku ambanjurake rêmbuge kiyi, aku tak takon dhisik nyang kowe, mungguhing tanah Eropah utawa Amerikah, yaiku tanah-tanah sing wis ana pranataning para kaum buruh kang kanthi rajin bangêt, lo, kuwi sing gawe utawa sing nata pranatane mau sapa.

Petruk : Nèk ing tanah-tanah sing kok kandhakake mau, sing gawe lan sing ngatur pranataning kaum buruh mau iya parlêmèn (parlement), mungguh sing diarani parlêmèn kuwi, upama ing kene mono iya polêksrad, mung bae wawênange luwih akèh lan luwih jêmbar.

Garèng : Iya, iya, wis ngrêti aku, wis layak bae, ta yèn polêksrad kuwi durung pati gêdhe wawênange, jalaran saupama tikusa mono, palêksrad kuwi isih jêjuluk: cindhil, têgêse anane polêksrad durung pati kawak bangêt, mulane iya durung sampurna kaya sing kok arani parlêmèn mau. Saiki aku arêp takon manèh, kowe mau kôndha, sing gawe lan sing mranata anggêring kaum buruh kuwi parlêmèn, hla, saikine, sing padha lênggah mêthongsot ana ing sajêroning parlêmèn, kuwi apa bangsane dara-dara amtênar, apa mênir-mênir sudagar, apa para panuntuning pakumpulan tunggal gawe.

Petruk : Sing lênggah ana ing parlêmèn, iya wis mêsthi bae bôngsa sing gêmblengan-gêmblengan, yaiku para panganjuring kaum pulitik sing kêpilih.

Garèng : Lo, hla kok jêbul kaum pulitik, dudu para panuntuning kaum buruh. We, iya klêngêr têmênan sing dadi kaum buruh, yèn ora pêrlup-pêrlupan (gandhèng kunca) karo kaum pulitik mau. Sabab nèk dara-dara sing nang parlêmèn mau ora duwe sêsrawungan lan ora duwe: cinta dhi dhalêm hati: karo para kaum buruh mau, mêsthine anggone gawe lan nata anggêring kaum buruh, iya main antêm jakob bae, gawe cilaka utawa karugiane si kaum buruh, ing batin iya: prêduli sêpêt, kadar ora têpung ora kênal.

Petruk : Lo, nèk ing kana kuwi kabèh wis sampurna, wis mêsthi bae yèn sing lênggah ana ing parlêmèn akèh sing migatèkake bangêt nyang kabutuhane kaum buruh, jalaran sing lênggah ana ing parlêmèn kuwi akèh ba[...], uga dadi wakile kaum buruh...

Garèng : Hud, drodut, ing ngarêp kowe ngandhakake, yèn sing dipilih kanggo warganing parlêmèn kuwi para kaum pulitik gêmblengan-gêmblengan, wusanane kowe carita, yèn akèh sing uga dadi wakile para kaum buruh, dadi nèk mêngkono, ing kana kuwi pulitik lan ekonomi padha pêrlip-pêrlip [...] kene kudu prêngut-prêngutan, [...] bagi yèn [yè...]

--- 68 ---

[...n] sajêge elik ajêgan, wong iya kene kiyi nagara isih...

Petruk : Wis, wis, Kang Garèng, iya ora jangji aku yèn banjur ngrêmbug prakara sing muluk-muluk mêngkono. Saiki ambanjurake rêmbuge ing bab bakal pindhahe pabrik Cita ing Twèntê nyang tanah Jawa kene. Sabab kang ôngka têlu, yaiku: golèk murahe bayarane wong-wong sing padha nyambut gawe.

Garèng : We, hla iya pancèn waspada têmênan, mula iya mêngkono, apa manèh mungguhe jaman saiki, kaum buruh bangsane dhewe kuwi pancèn iya murah bangêt bayarane, sadinane wong mung narima sêtali, gêdhe-gêdhene iya mung patang kêthip. Sabab jarene, bôngsa inyong kuwi mangan pohung utawa kêtela pêndhêm bae ya wis bisa warêg, mulane nganti banjur ana layang kabar sing ngarani: nèk wong Jawa duwe blônja f 150.- rak wis dadi kangjêng tuwan bêsar. Seje karo bôngsa Walônda, nèk lagi balônja samono kuwi isih comprang-campring bangêt, awit dhaharane: esuk bae êndhoge sêtêngah matêng kudu 6, durung wedange kopi soklat nganggo mèlêg, roti martega nganggo kèju, ham, utawa lidhah asin, cêkake sarapane bae waragade ora kurang saka saripis. Apa manèh mangane awan, waragade iya saya sasayahe, awit ora bisa kalêbon apa-apa liyane: kêntang bêstik, sladhah, sup,...

Petruk : Hara, kok banjur lèngsêng ngêlantur-lantur mêngkono. Wis, wis, rêmbugane padha disêtop samene bae dhisik, ora wurung mêngko calathumu iya anggêdabrul.

Atur Priksa

Nuwun, mugi wontêna karsa panjênêngan paring pitulung sêsêrêpan, kadosdene kasêbut ing ngandhap punika.

Kula sampun asring tumbas barang-barang utawi lot, ingkang kasêbut kadosdene ingkang wontên ing adpêrtènsi sêrat kabar, sarana arta rêgi waragadipun kula kintunakên rumiyin. Nalika tanggal 4/11-'31, kula tumbas lot ingkang badhe kagêbag ing wulan ngajêngipun, dhatêng agèn Oeij Siok Hie ing Têmanggung, ananging ngantos dumugi titimangsaning sêrat punika, Oeij Siok Hie wau botên a[...] napa ingkang dados panêdha kula, sarta sampun kula takèkakên sarana kartu pos rambah kaping tiga botên mangsuli, saupami lot têlas arta kêdah kawangsulakên, punika botên. Kasêbut ing sêrat kabar Aksi, ing ngriku taksih ngêwrat piyambakipun nyadèni lot.

Ingkang punika kula nyuwun katrangan, ingkang sarèhning Oeij Siok Hie botên anyêkapi saking panêdha kula, utawi botên mangsulakên artanipun, kadospundi pangurusipun, sagêda arta wau kula tampi wangsul.

Wusana matur sèwu nuwun.

Lêngganan No. 3134[13]

--- [69-70] ---

[Naskah hilang]

--- 71 ---

Pawartos Wigatos

Môngsa Bêna

Dumugining dintên punika, môngsa kapitu tumindak angsal 22 dintên, jangkêping petang têlasipun môngsa kapitu wontên 43 dintên, dados taksih kirang 21 dintên malih.

Mirid petang wêwatêkaning môngsa, ing môngsa kapitu punika môngsa jawah, lèpèn-lèpèn sami lubèr toyanipun, anjalari dados bêna, dhatênging jawah mawi dipun iring ing angin agêng. Dene mênggahing nyatanipun, watêking môngsa anyèplêsi, ing pundi-pundi wontên pawartos bab bêna. Kados ta ing Bali wontên bêna agêng linut ing prahara, ngantos adamêl karisakaning nagari, malah ngawontênakên pêpêjah punapa. Tumrapipun ing tanah Jawi inggih mèh waradin, ing pundi-pundi wontên pawartos bêna. Ing Karanganyar Surakarta wontên bêna. Ing Krawang wontên bêna ingkang sinarêngan dhadhaling bêndungan, ngantos angêlêbi pasabinan pintên-pintên bau, rahayu dene ing pasabinan wau sawêg isi tanêman kemawon, saupami sampun isi pantun, tamtu anuwuhakên kêkirangan têdha. Ing Batawi ugi katrajang bêna, kathah sabin-sabin ingkang kêlêban. Makatên ugi ing Bantên, lubèring lèpèn agêng-agêng nganton[14] adamêl kapitunan.

Môngsa punika manawi sawêg anyarêngi, bêna kemawon ugi kados ajak-ajakan, kados ta ing Sumatra malah sampun ngrumiyini, tamtunipun tumrapipun tanah sabrang sanèsipun, ingkang kalêbêt laladan tanah ngriki, kawontênanipun ingkang kathah ugi kados makatên.

Malah kawontênan bab bêna punika botên namung pinanggih wontên ing laladan tanah ngriki kemawon. Sampun sawatawis wulan, ing nagari Tiongkok punika têmpuhing bêbaya bêna, ngantos adamêl kapitunan agêng sangêt, tuwin pêpêjah ugi kathah. Kalanipun wontên pawartos bab bêna ing Tiongkok wau, gêdêring pawartos ngantos amradini jagad, ingkang pikantukipun lajêng nuwuhakên pitulungan warni-warni saking pundi-pundi, dene ingkang langkung migatosakên sangêt tumrap pitulungan saking bôngsa Tionghwa saking sajawining jajahan, awit tumrap têtiyang ingkang wontên ing purug, utawi ingkang ngèngêti dhatêng kabangsan, sanadyan têbih, raosipun kados taksih nunggil kemawon.

Ing sapunika wontên pawartos malih ing bab bêna ing nagari Walandi, dhatêngipun ugi nyarêngi kalihan môngsa bêna ing ngriki. Pawartosipun: ing Groningen tuwin Friesland, inggahing toya lèpèn enggal sangêt, jalaran saking salju tuwin jawah. Angin agêng gumrubug, anjalari agênging ombak, wêkasan nêmpuh bêndungan, adamêl risaking bêndungan ing Veentjes Polder, ing sanalika lajêng wontên tindak pangrekadaya mampêt bêndungan wau mawi balok tuwin karung-karung isi pasir. Kajawi punika ugi taksih wontên bêndungan sanès panggenan ingkang ambrol.

--- 72 ---

Bab punika pancèn inggih ragi anggumunakên, awit ingatasipun ngrika tuwin ngriki, ingkang têbihipun tanpa antawis, têka dhumawahing lêlampahan kados ajak-ajak sêsarêngan.

[Grafik]

Kabênan ing sajawining kitha Batawi.

Amangsuli kawontênanipun môngsa ing tanah ngriki, sabên dintên ing langit sulakipun namung katingal pêtêng, jumêdhuling srêngenge namung pinanggih wontên ing kalamôngsa kemawon, sakêdhap-sakêdhap prêpêt lajêng jawah, tur manawi sampun andhawah, bêtah ngantos jam-jaman. Môngka manawi mirid môngsa, môngsa kapitu punika mangsanipun tiyang tani sami tanêm, tamtu kemawon tumrap ingkang papaning pasabinanipun cêlak lèpèn, tansah nyanggi kuwatos jêg-jêgan. Bab punika botên lidok, pancèn kathah pasabinan ingkang nêmahi kados makatên. Môngka mangsanipun kapitu taksih dangu, dumugining dintên lêbaran, kintên-kintên taksih ajêg. Nanging ugi wontên pamarêm sawatawis, dene tumrap ingkang wilujêng, dumugining môngsa lêbaran, tanêmanipun sampun katingal inggil, malah wontên ingkang sampun sami anjêbrol. Wusana lajêng kacandhak ing môngsa kawolu, ing ngriku taksih wontên bêna, dipun wastani ambucal sarah. Nanging ingkang baku kasamaran, namung tumrap tiyang ingkang dêdunung wontên sacêlaking lèpèn, ing kalaning môngsa kados makatên punika tansah ngungak dhatêng toya lèpèn.

Tumrapipun ing kitha-kitha, bab bêna punika sampun ragi angsal panulak sakêdhik, amargi ing pundi papan ingkang angêmbêng toya, sami dipun damêlakên bucalan, lèpèn-lèpèn ingkang narajang kitha, sami dipun damêlakên sudhetan, ingkang dipun wastani kanal. Tumrap ing Batawi, pinanggih wontên ing sidhatan lèpèn Ciliwung, tumrap ing Sêmarang pinanggih wontên ing Banjirkanal.

Dene ingkang langkung santosa malih punika ingkang pipanggih[15] wontên ing Surakarta, kados ta kitha Surakarta, [Sura...]

--- 73 ---

[...karta,] ingkang kala rumiyin bêna sabên taun, lajêng botên kêbênan malih, amargi sakubênging kitha, ingkang papanipun andhap, dipun tanggul, gathuk kalihan papan ingkang inggil, têngah kitha ingkang katrajang lèpèn Pepe mawi dipun dèkèki tetegan, prêlu kangge anduwa badhe lêbêting toya saking jawi, manggèn prênah satêngahing kitha, dene lèpèn Pepe wau ing nginggil dipun sidhat kawêdalakên saêlèr kitha. Mila sanadyan ing môngsa rêndhêng, salêbêting kitha botên nate kêbênan.

[Grafik]

Lèpèn Pepe ing saêlèripun kitha Surakarta.

Ing bab kawontênanipun bêna ing nagari Surakarta, ing kalanipun dèrèng wontên tanggul, ajêg ing môngsa bin[16] rêndhêng tamtu wontên, manawi agêng ngantos dumugi sacêlaking kadhaton, inggih punika ing alun-alun êlèr tuwin kidul, punapadene pakampungan sanès-sanèsipun. Inggih jalaran saking wontênipun bêna ajêg sabên taun wau, titi[17] ing pakampungan ingkang papanipun andhap, ngantos sami apal dhatêng lampahing bêna, manut môngsa, sabên nuju môngsa ingkang andhatêngakên bêna, inggih punika kapitu, kawolu, têtiyangipun sampun sami tata-tata, nginggah-inggahakên barang-barangipun dhatêng ranggon. Makatên ugi ing bab têdha, ing kalanipun nuju bêna ugi sampun sami tandho, dene tumrap ingkang botên gadhah, manawi nuju môngsa bêna, angsal cadhongan sêkul saking nagari.

Namung pinuji, mugi bêna ing môngsa punika sa[mpun ngan] tos adamêl kapitunan agêng.

--- 74 ---

Raos Jawi

Panulaking Kala

Sabar

Ing Kajawèn sampun sawatawis wêdalan anyariyosakên ing bab panulaking kala warni-warni, ing sapunika dipun pêndhêt ing pungkasan kemawon, inggih punika sabar. Têmbung sabar punika caranipun ngaos, eja-ejananipun gampil, inggih punika: sa nglêgêna, ba dipun layar, ungêlipun sabar, nanging bab kajênging sabar, sajak-sajakipun angèl dipun lampahi, awit ingkang nama sabar saèstu, saking cariyosipun ingkang mangrêtos, botên cêkap dipun antêngi, têgêsipun tiyang antêng puniga[18] dèrèng tamtu sabar.

Sabar ingkang saèstu, mênggahing gambaranipun pinanggih wontên sinuhun ing Ngamarta, ing ngriku katingal wohing kasabaranipun, ngantos sagêd nyirêp dhatêng panêmpuhing côndhabirawanipun Prabu Salya. Saking matêng kasabaranipun Sinuhun Ngamarta wau, pinanggihipun wontên ing pamawas, kintên-kintên kasabaranipun ugi mawi rangkêpan, nanging manawi dipun gampilakên ing rêmbag, prayogi dipun grêba kemawon, cêkakipun sabar punika botên gampil.

Manawi mirid saking cêcariyosan neneman, kajêngipun botên mêndhêt cariyos ing jaman purwa utawi kanabean, namung mêndhêt cariyos akiripun praja Mataram tuwin nyandhak awalipun nagari Kartasura, punika pinanggih wontên panjênênganipun Pangeran Pugêr, inggih Sinuhun Pakubuwana I, ing ngriku katingal sangêt kasabaraning panggalih, tuwin inggih lajêng katingal wohing kasabaranipun. Kados ing ngriki botên wontên awonipun saupami ambabadakên cariyos wau sawatawis, lowung kangge têtuladanipun para mudha, botênipun inggih prayogi kangge waosan lare.

Ingkang kacariyos ing sêrat babad, sabêdhahipun nagari Mataram dening Trunajaya, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat, jêngkar saking kadhaton sagarwa putra tuwin namung kadhèrèkakên wadya sawatawis. Sarêng dumugi ing Ajibarang, sang prabu dhawuh dhatêng putra pangeran adipati, supados ngrêbat nagari Mataram, nanging pangeran adipati mopo. Ing ngriku Ingkang Sinuhun lajêng dhawuh: Yèn mangkono adhinira Si Pugêr sun tarine. Thole Pugêr, sira balia ngrêbut nagaranira Mataram, kakangira kang duwe wajib wis ora gêlêm anglakoni, dene sariraningsun wis aja sira pikir, sabab ingsun wis ora kalilan dening Allah yèn jumênênga nata manèh, kapindhone ingsun wis tuwa, lah kapriye aturira.

Pangeran Pugêr ingkang sajatosipun adhêdhasar panggalih sabar, ing salaminipun namung sarwa mituhu punapa sadhawuhing rama nata, lajêng munjuk sandika, saha namung nyuwun pangèstu, sagêda ngrêbat karaton Mataram. Dados anggènipun Pangeran Pugêr nyandikani dhawuh nata wau, namung salugu anglampahi [anglampah...]

--- 75 ---

[...i] dhawuh, ing pangintên botên kagungan panggalih kamelikan punapa-punapa. Sang nata lajêng dhawuh malih: Sira sun srahakên ing Allah, muga sira rinêksaa dening Allah, sarta sira sun paringi wasiyat kêris Kyai Maesa Panular lan tumbak Kyai Palèrèd, iku padha wasiyat kraton. Dhawuh pangandika nata ingkang makatên punika, nama anêrusi kados dhêdhasaripun Pangeran Pugêr, awit nyata bilih sang pangeran punika kasabaraning panggalih adhêdhasar pasrah dhatêng Pangeran Ingkang Maha Agung.

Kacariyos Pangeran Pugêr lajêng wangsul badhe dhatêng Mataram, sarêng dumugi ing Jênar lajêng akêklêmpak bala, têtiyang ing Pagêlèn sampun têluk sadaya.

Wontên ing ngriku Pangeran Pugêr supêna pinanggih ingkang rama, kadhawuhan bidhal ngrêbat Mataram, tuwin kadhawuhan jumênêng nata wontên ing Jênar. Sang Pangeran lajêng dhawuh dhatêng ingkang rayi-rayi utawi para santana tuwin para tapa, mundhut panimbang badhe jumênêng nata. Sadaya sami nayogyani, kalampahan Pangeran Pugêr lajêng jumênêng nata, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, Akêkitha ing Jênar, dipun lih ing Purwagônda. Wusana salajêngipun kalampahan, Sunan Ngalaga sagêd ngrêbad Mataram malih. Dados cêtha panggalihanipun Ingkang Sinuhun wau, sanadyan sampun kalampahan sagêd jumênêng nata, nanging sajak dèrèng katingal kagungan panggalih agêng, malah namung ngrumaosi sadêrmi kemawon. Wusana têtêp anggènipun jumênêng nata, amêngku nagari Mataram.

Cobining Pangeran lajêng andhatêngi, nagari Mataram lajêng kenging wêwêlak, bawanipun nagari risak, hawanipun dèrèng sae, kathah tiyang ingkang sami sakit, awis têdha, botên wontên jawah, bêntèripun anglangkungi, tiyang pêjah saênggèn-ênggèn, jalaran sakit tuwin botên nêdha, kere-kere pinanggih ing samargi-margi.

Kawontênan ingkang kados makatên punika, wosipun namung badhe anênangi panggalihanipun Ingkang Sinuhun. Pancèn inggih yêktos, awit Ingkang Sinuhun sarêng nguningani prajanipun kados makatên, malah tinampi, bilih ingkang kadhawahan bêbêndu punika panjênêngan nata, awit rahayu tuwin kasangsaraning kawula punika namung anut tuwin kasawaban saking ratu ingkang jumênêng.

Sang prabu sakalangkung anggènipun sêkêl ing panggalih, ngantos kasupèn dhahar tuwin sare, ing batos namung nênuwun dhatêng Pangeran, supados mulya prajanipun. Dene wusananipun, praja inggih lajêng tata arja, kawulanipun sami têntrêm. Samantên barkahing nata ingkang ambêg sabar. Badhe kasambêtan.

Pawartos Redhaksi

Lêngganan nomêr 3526 ing Blimbing. Stu, Wa, Nopèmbêr 1899, dhawah 4 utawi 29 Jumadilakir Jimawal 1829. Sn Kli, Pèbruari 1903, dhawah 23 utawi 25 Dulkangidah Be 1832.

Lêngganan nomêr 4529 ing Kraksaan, 1 Dulkangidah 1920 dhawah Sla, Kli, Môndhasiya, Wawu 1849.

Lêngganan nomêr 2349 ing Surabaya. Agustus 1885 botên wontên dintênipun Rêbo Pon.

Lêngganan nomêr 3031 ing Kêdhiri. 10 April 1907 dhawah Rê, Pa, 26 Mulud, Jimawal 1837, Landêp, môngsa sadasa 16 dintên.

Lêngganan nomêr 2198 ing Playên. Stu, Pn, Siyam taun Walandi 1893 dumugi 1896, punika: 1893 dhawah 21 Je 1822, 8 April 1894 dhawah 17 Dal 1823, 24 Marêt 1895 dhawah 12 Be 1824, 9 Marêt 1896 dhawah 8 Wawu 1825, 22 Pèbruari.

--- 76 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab kapitadosan kula.

Sapisan kula kêpengin ngobrolakên ingkang dados kapitadosan kula. Sampun têmtu inggih kathah tur warni-warni sangêt. Emanipun têmtu inggih kathah ingkang dados kapitadosan kula wau, ingkang kathah-kathah têka botên rumasuk ing manah sadaya, sabên-sabên têmtu wontên nangingipun. Cobi kula anggambar sawatawis punapa ingkang dados kapitadosan kula punika. Kados ta:

1. Kula pitados sangêt kanthi lair batos, bilih nagari punika tansah ngudi dhatêng kawilujêngan, tata têntrêm tuwin karaharjaning nagari miwah têtiyangpun. Amila tanpa kêndhat Nagari anggènipun tansah ambudidaya dhatêng karigênan warni-warni ingkang kagalih murakabi tuwin mumpangati tumrap umum. Dados manawi nagari kagungan ada-ada, ingkang sabrebedan sajak katingal badhe adamêl kapitunanipun para kawula, punika sampun guru-guru andhawahakên panacat utawi panyeda ingkang botên-botên, nanging kêdah kamanah langkung panjang rumiyin, awit krêsanipun nagari punika botên sanès kajawi dhatêng kasaenaning praja tuwin kawulanipun. Upamanipun kemawon: ada-ada nyuda blanja. Punika manawi dipun tingali sabrebedan, pancèn inggih botên nyênêngakên, langkung malih tumrap ingkang sami kêtaman. Ewasamantên anggènipun nagari kagungan tidak makatên wau, sajatosipun kajawi saking kapèpèt inggih saking anggènipun badhe anjagi kawilujênganing praja. Makatên ugi wontênipun nagari ngêdêgakên bêbadan warni-warni, punika inggih saking anggènipun badhe ngajêngakên murih saening pranatan tumrap umum. Dados krêsaning nagari punika pancèn inggih badhe adamêl sae ajêgan. Naning... ingkang sami tinanggênah nindakakên krêsaning nagari ingkang gênah sae wau, inggih titah bêlaka, têgêsipun taksih sami kadunungan sipat supe lan murka. Krênsaing nagari ingkang sae wau kadhang kala inggih sok slib. Upamanipun: Salêbêting mangsa pacêklik wontên pandangon saking nginggil dhatêng ambtenaar ingkang gadhah wêwêngkon, kados pundi kawontênaning wêwêngkonipun wau. Dene anggènipun nagari kagungan pandangon makatên punika, bilih wêwêngkonipun ambtênaar wau têmên wontên bêbaya pacêklik, têmtunipun nagari badhe ambudidaya paring pitêdah utawi rêrigên murih icaling pacêklik wau. Dados [...][19] wontên pandangon wau, nagari [...] karsa sae sangêt. Nanging sarèhning [...] inggih sipat manusa bêlaka, dados [...] kasamaranipun, sanadyan wontêning wêwêngkonipun kirang sae, saking ajrih utawi sumêlang lajêng angsal nama awon saupami ngaturana ing salêrêsipun, satêmah pandangon wau sok lajêng dipun jawab: baik tidak kurang suatu apa.

2. Kula pitados kanthi sangêt, bilih wontênipun para gêdhêle (gedelegeerden) ing Volksraad punika agêng sangêt pigunanipun. Jalaran golongan gêdhêle wau kenging dipun anggêp pangrèh padintênanipun Volksraad. Nitik padamêlanipun sabên dintên, nitik kawruh lan kasagêdanipun ingkang sami jumênêng gêdhêle wau, mila inggih sampun salêrês-lêrêsipun sami dipun paringi pêpancèn blanja sabên wulan-wulanipun botên kirang saking f 1000.-. Nanging... Volksraad punika satunggiling bêbadan ingkang namung anêmtokakên anggêr-anggêr. Dene Provinciale saha Regentschapsraad punika inggih satunggiling bêbadan saha ingkang botên ngêmungakên namtokakên angêr-anggêr kemawon, nanging ugi nindakakên putusan.[20] Anèhipun, dene Raad kêkalih kasêbut nginggil wau, sanadyan warganipun ngantos dasanan lan kuwajibanipun malah rangkêp, inggih punika anêmtokaên anggêr-anggêr tuwin nindakakên putusan, ewasamantên pangrèhipun padintênan inggih punika ingkang dipun wastani: college van gedepurteeden tuwin gecommiteerden, têka namung wontên sakawan utawi gangsal tiyang. Punapa, Volksraad punika kuwajibanipun tiyang namung sawarni inggih punika anêmtokakên anggêr-anggêr, têka pangrèhipun padintênan, inggih para gêdhêle wau, [...] pun ngantos kalih dasa tiyang, inggih punika [...] tiganing cacahipun warga Volksraad sadaya. Ing sarèhning kuwajibanipun Volksraad punika namung sawarni, lan nitik kawontênan kêkiranganipun arta nagari, punapa botên prayogi manawi lajêng tumuntên dipun wontênakên ewah-ewahan ingkang sakintên sagêd angènthèngakên kêkiranganing arta nagari wau? Kadospundi cara-caranipun ewah [...] punapa dipun sakêdhikakên cacahing gêdhêle [...] utawi dipun icali babar pisan, punika [...] dipun sumanggakakên dhatêng ingkang wa[...]

3. Kula pitados sangêt, bilih wontênipun [...] punika agêng sangêt tumrap katêntrêman [...]. Awit inggih kumpêni wau ingkang [...] kên sadhengah bêbaya ingkang tuwuhipun [...] sumêdya badhe adamêl risaking praja. Kajawi punika inggih namung kumpêni ingkang sagêd anyant [...]

--- 77 ---

utawi anjagi samangsa-mangsa wontên parang-muka andhatêngi. Dados têrang sangêt, bilih kumpêni punika dados awat-awat utawi dados saka guruning praja. Nanging... saupami lajêng wontên usul murih kumpêni wau dipun wajibaken anggêntosi padamêlan Veldpolitie, kados-kados inggih mêksa kirang mathuk. Jalaran le. Veldpolitie ingkang sampun wontên samangke punika, sarta sumêbar dipun dunungakên ing saindênging tanah Jawi, padamêlanipun sampun sarwa anyêkapi, ingkang tumrap pambantunipun dhatêng pangrèh-praja, punapadene panindakipun dhatêng kapulisèn. Cêkakipun wontênipun veldpolitie samangke punika kenging kawastanan sampun manggèn, tur waragadipun inggih langkung sakêdhik. Punapadene saking saening pangajaranipun, trajanging para Veldpolitie wau anggèning nindakakên padamêlan ingkang dados kuwajibanipun botên nate anguciwani, sadaya kadhangkala sok gadhah tindak ingkang kalintu [...] minipun si[...] dipun anggêp trêbang kemawon. 2e. Padamêlan kapulisèn, punika sanadyan ingkang magêpokan kalihan bab kadurjanan utawi kalihan bab pangrèh-praja, botên kenging pisan-pisan manawi kapasrahakên dhatèng militèr. Saya malih tumrapipun ing tanah Hindia. Awit ngladosi utawi sêsrawungan kalihan tiyang kathah, punika ingkang wajib [...] golongan pangrèh-praja, dene pulisi ingkang [...] bêbaunipun. Tumrap ing tanah [...] ingkang makatên wau sampun dipun tindak-[...] panggenan sanès-sanèsipun ingkang [...] makatên, manawi nitik sae sarta lu[...] , kados-kados inggih prêlu dipun [...]. Wondene tumrap panggenan [...] dèrèng dipun wontêni tatanan [...] kados inggih prayogi, bilih dipun [...]. Dados militèr wau cêkakipun [...] kangge anjagani tata-têntrêming praja saumu-[...], inggih punika manawi wontên rêrêsahan sawanci-wanci, tumuntên sagêda anyirêp saha tansah angrêksa samangsa-mangsa wontên mêngsah saking sajawining praja. Naning mênggahing prakawis kadurjanan, inggih wontên ing tanah Jawi tuwin ing sanès panggenan, punika kêdah dados sêsangkulanipun golongan pangrèh-praja, ingkang katindakakên dening pulisi, lan sasagêd-sagêd katindakakên dening pulisi ingkang sampun angsal tuntunan sae, inggih punika botên sanès kajawi Veldpolitie.

[Grafik]

Veldpolitie ing Bandung

4. Kula pitados sangêt, bilih Ir. Soekarno punika satunggiling panuntun ra'yat ingkang gêgêdhug sayêktos. Manawi ningali jênggêrêng saha sawang-sawanganipun, pancèn inggih sawung patohan. Manawi nitik kêdaling lesanipun, mila inggih micara tuwin sagêd nêngahi saha ngagêngakên manahipun ra'yat dening sami kapranan. Manawi ngèngêti kasagêdan tuwin kawruhipun, punapa malih wawasanipun, pancèn inggih dawêg. Langkung malih manawi angèngêti dhatêng antêping trajang-trajang ingkang sampun dipun lampahi, sanadyan tansah kêtaman ing pêmalang ingkang ambêbayani tumrap saliranipun, ewasamantên botên gigrig wulunipun salêmbar botên mundur sapêcak, mantêp, madhêp, sêtya dhatêng sêdyanipun. Amila inggih botên anèh, bilih lajêng kathah ingkang nayogyani dhatêng ancas-ancas ingkang sampun dipun tekadakên wau. Dene angsal-angsalanipun inggih andêmênakakên sangêt. Ingkang cêtha utawi ingkang gampil kemawon, kados anggènipun manunggilakên raos kabangsan. Kados-kados para maos taksih sami amêningi, kados punapa kula rumiyin pangrêngkuh lan panganggêpipun bangsa-bangsa ingriki tumrap satunggal-satunggalipun. Kados ta: panganggêpipun tiyang Sunda dhatêng tiyang Jawi, saking anggènipun anyêpèlèkakên, tiyang Sunda wau amastani tiyang Jawi: "Jawi Bèrèt". Kosokwangsulipun tiyang Jawi amastani tiyang Sunda: "Sunda Kadiyuk". Makatên ugi tiyang Ambon mastani tiyang Jawi: "Jawa Pênthol", dupèh tiyang Jawi [...] udhêng-udhêngan mawi cêkokan [...] mastani tiyang Ambon: "Ambon

--- 78 ---

têdhanipun jênang pathi sagu. Ing wusana saking daya tuwin trajangipun Ir. Soekarno, ingkang dipun sayogyani ingakathah, sagêd tumanêm dhatêng manahing sakathahing bangsa. Ingriku lajêng tuwuh raos, bilih sakathahing bangsa wau sami ngrumaosi pêpisahanipun saha lajêng sumêdya manunggilakên raosing kabangsanipun. Satêmah lampahing pojok-pinojok sirna saking kajêngipun piyambak. Saya dangu saya katingal rumakêt utawi supêkêtipun anggèning sami nindakakên padamêlan anggayuh kamardikaning tanah wutah rahipun. Kajawi punika pancènipun taksih kathah malih ingkang prêlu pinèngêtan, ingkang nêdahakên agênging lêlabêtanipun Ir. Soekarno dhatêng siti wutah rah saha isinipun. Sanadyan makatêna ingriki, lo, kok mêksa taksih wontên têmbungipun: NANGING.

[Grafik]

Ir. Soekarno nalika badhe mêdhar sabda wontên ing Congres I.R.

Kados punapa gêdêr utawi ramening ra'yat anggènipun sami badhe angurmati dhatêng Ir. Soekarno, kala badhe mêdal saking pratapanipun ing Sukamiskin. Sanadyan Ir. Soekarno piyambak sampun ibêr-ibêr sampun ngantos ra'yat adamêl pakurmatan utawi karamean, ingkang tumuju dhatêng pahargyan ngurmati sarinipun, ewadene mêksa botên mêndha. Sanadyan botên wontên ingkang sami adamêl karamean saking pakurmatan ingkang cumêtha, nanging untabing têtiyang ingkang sami ambagèkakên kawilujênganipun Ir. Soekarno ing samargi-margi tanpa wilangan kathahipun, ngantos dipun wontênakên panjagèn pulisi.

Para maos têmtunipun sami anggalih, bilih pangaji-aji utawi pakurmatan ingkang langkung saking ngêkat punika ugi dados wisanipun tiyang ingkang kataman, awit sami ngèngêtana, bilih Ir. Soekarno wau inggih taksih asipat titah limrah, taksih kenging ewah gingsir, manawi kirang-kirang wêwekanipun, mindhak adamêl salah kadadean, damêl karugianing akathah, damêl kêndhoning ancas ingkang langkung mulya wau.

Murih wilujênga sadayanipun tur sagêda tumuntên kasêmbadaning sêdya tanpa sambekala, kados-kados ra'yat langkung utami amawas dhatêng kiwa têngên, ambanguna tatanan ingkang santosa, angêni cêngna dhatêng budidaya manunggiling ancas, manunggiling grêngsêng, tutupipun manunggiling raos kabangsan kados wêlingipun Ir. Soekarno dhatêng sadaya pakêmpalan ingkang kalairakên nalika anjênêng congres Indonesia Raya wontên ing Surabaya.

Tutuping obrolan kula punika, ingriki kula kapêksa ngaping kalihi atur kula bab kêdah wêweka. Bêbasan: Sing sapa sugih wêweka, nyata luput ing bêbaya.

Sing sapa waspada, mêsthi bakal jaya. Makatên cariyosipun para sêpuh-sêpuh ingkang sampun kathah katatalanipun.

Wusana sumangga.

PÊNTHUL.

KABAR WARNI-WARNI

PETHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Sêsakit malaria ing Kuningan sampun sirêp. Sêsakit malaria ing Kuningan sapunika sampun sirêp, kenging dipun wastani sampun ical babar pisan, wontêna ingkang sakit inggih namung satunggal kalih.

Dipun têmpuh ing bruwang. Satunggaling tiyang Batak ing akbudidayan[21] Silam Dinen, Medan, nuju wontên ing pondhok kabudidayan Silam Dinen, Medan, nuju wontên ing pondhok[22]

Ir. Sukarno wangsul dhatêng Bandung. Dintên Saptu tanggal 9 wulan punika bidhal saking Ngayogya wangsul dhatêng Bandung. Wontên ing sêtatsiun Tugu dipun êtêrakên Ki Ajar Dewantara sakalihan Nyi Ajar, punapadene putri-putri Taman Siswa tuwin warga-warga pakêmpalan wanita. Tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih.

Pangeranpati Belgie. Wontên pawartos, Pangeranpati Belgie sakalihan garwa ing tanggal 15 wulan punika bidhal saking Genua badhe dhatêng Madagascar, Siam tuwin Indo China, sagêd ugi badhe mampir Bêtawi. Têtêping wartos mampir dhatêng Bêtawi. Benjing sasampunipun dumugi Indo-China.

Banthèng Ra'yat. Golongan kabangsan ing Mataram gadhah sêdya badhe ngêdalakên kalawarti nama Banthèng Ra'yat, ancasing sêdya badhe nyêbar dayaning bandera abrit pethak aciri sirah banthèng, wêdalipun badhe kaangkah sabên 10 dintên sapisan, kawiwitan wontên ing tanggal 8 Februari, nyarêngi dintên pèngêtan kabangsan Pangeran Diponêgoro. Rêginipun 3 wulan f 1.25.

Pangiritan wadya. Wontên pawartos, parentah badhe ngangkat commissje ingkang madêg saking golongan militèr tuwin sanès militèr, kawajibakên tumindak ing damêl ngrekadaya murih wontên saperanganing militèr kenginga kadadosakên pulisi militèr,

--- 79 ---

kenginga kadadosakên pulisi militèr,[23] miturut kadosdene Wapen der Marschausse ing nagari Walandi. Ewah-ewahan makatên punika dipun sayogyani dening tilas legercommandat Gerth van Wijk, kaanggêp dados pangiritan.

Pasulayan rêmbag karajan Jawi ing Ngayogya. Kawartosakên ing Ngayogya sampun dangu wontên pasulayaning rêmbag Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kalihan Gouverneur, ingkang dumuginipun sapunika dèrèng rampung. Dene ingkang dados jalaranipun, parentah badhe ngêmori rêmbag ing bab arta kasultanan. Ing bab punika botên kalêbêt dhatêng pangiritan, nanging parentah awêwaton prajanjian nalika jumênêngan Sultan ing taun 1921.

[Grafik]

Pandhapa gêdhong Kabangsan ing Surabaya. Para maos kados sampun kêrêp mirêng ing bab pandhapa gêdhong kabangsan ing Surabaya. Mênggah wujudipun kados ing nginggil punika.

Pasamuan ing Surakarta saya kadamêl ringkês. Pasamuan paargyan jumênêngan dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta kadamêl saya ringkês botên kados rancangan ingkang sampun. Tanggal 20 ungêling gangsa sêkati ing sitinggil. Tanggal 21 Januari rêsèpsi enjing bêdhayan kêtawang. Ingkang Sinuhun kirap ngubêngi kitha. Tanggal 22 sowanipun para wêwakil pakêmpalan, mawi arak-arakan. Tanggal 23 dalu gamgar idup ing alun-alun. Enjingipun karamean warni-warni. Kajawi punika kawontênakên parade agêng prajurit dalêm tuwin prajurit Mangkunagaran. Têtamu ingkang badhe dhatêng, wêwakil G.G. tuwin para agêng saking Bêtawi, para agêng saking Ngayogya tuwin para bupati mancanagari.

Bêna tuwin lesus ing Bali. Ing Bali mêntas wontên lesus tuwin bêna agêng. Ingkang katênggêl ing Jêmbrana. Wontên krêtêg margi saking Jêmbrana dhatêng Tabanan cacah kawan panggenan sami kentir. Kawat saking Bali dhatêng tanah Jawi pêdhot, kapitunan f 200.000.-. Kapitunanipun tiyang siti dèrèng kasumêrêpan. Ing Tabanan wontên mayit ingkang pinanggih 12.

Ngapusi kacêpêng ing pulisi. Ing taun kapêngkar,[24] ing Têmanggung wontên tiyang angsal loterij ingkang asli tumbasan saking dagang loterij ing Têmanggung. Sasampunipun punika lajêng wontên bangsa Tionghoa nama Oei Siok Hie ing Têmanggung pasang advertentie sade loterij wontên ing sêrat kabar Mêlayu tuwin Jawi, ingkang artanipun panumbas kêdah kakintunakên rumiyin. Ing ngriku lajêng kathah têtiyang ingkang sami tumbas sarana ngintunakên postwissel. Nanging pulisi lajêng tampi wêwadul saking tiyang ing Pêkalongan, bilih tumbas lot dhatêng ingkang kasêbut nginggil, nanging botên dipun kintuni. Pulisi nindakakên papriksan saprêlunipun, mirid papriksan ing kantorpost, Oik Siok Hi sampun nampèni arta f 344.- Wusana bangsa Tionghoa wau lajêng dipun cêpêng.

Luar saking pandakwa. Ing Bêtawi wontên Walandi nama Tuwan Elsinga pêjah nyalawados, pulisi lajêng gadhah pandakwa dhatêng nyai tuwin babu sami dipun tahan. Sapunika wontên katrangan saking C.B.Z miturut papriksan, ngajalipun tuwan wau jalaran saking utêkipun kalêbêtan êrah.

Ganjaran bintang Broeder in de Orde van den Nederlandschen Leeuw. Ing dintên Kêmis tanggal 14 wulan punika, paduka Directeur Departement Pangajaran, pangagênging kantor babagan prakawisipun tiyang siti tuwin sanès-sanèsipun, rawuh ing kantor Bale Pustaka, prêlu anampèkakên ganjaran bintang Broeder in de Orde van den Nederlandschen Leeuw dhatêng Tengku Moh. Nurdin, corrector Bale Pustaka. Anggènipun tampi ganjaran wau kajawi saking anggèning nyêpêng damêl sampun 40 taun, ugi katarimah anggènipun ambiyantu parentah dhatêng tumindaking tata têntrêm ing Acèh.

Bêna ing Palembang. Ing Palembang wotên bêna agêng. Kapetung sampun 15 taun punika sawêg wontên bêna ingkang agêngipun samantên. Kapitunan tuwin kasangsaran dèrèng têrang.

Kuli-kuli ingkang kawangsulakên dhatêng tanah Jawi. Gunggungipun kuli-kuli ingkang kawangsulakên saking Dèli dhatêng tanah Jawi dening Veda tuwin Avros wontên 60.327.

Dipun cakar ing sima tutul. Sima tutul ing kêbon binatang ing Surabaya, mêntas nyakar rainipun nonah Walandi, ngantos nandhang tatu rêkaos.

Bêna ing Kutharaja. Ing Kutharaja, Acèh, wontên bêna agêng. Wontên krêtêg agêng ambrêg dening katrajang santêring toya. Margi saking Kutharaja dhatêng Sigli risak, kintên-kintên sawulan malih sawêg kenging kangge langkung. Margi sêpur wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Kapulisèn tiyang siti. R. Ating Natadikusuma, wd. commissaris kl. I, ingkang rumiyin kabantokakên dhatêng stadpolitie ing Sêmarang, sapunika kadadosakên technischleider velpolitie Paresidenan Pêkalongan, manggèn ing Pêkalongan.

Murid H.B.S. ing Surabaya ingkang ngajal. Ing Surabaya mêntas wontên satunggiling murid ingkang pêjah ngayut tuwuh angagètakên tuwin adamêl trênyuh. Lare ingkang ngajal wau mêntas mantuk saking Borneo tuwi tiyang sêpuhipun, ingkang nyambut damêl ing sumbêr lisah. Wusana sarêng wangsul, sumêrêp rapotipun wontên ingkang awon tuwin wontên sêrat ingkang mratelakakên botên tumêmên tuwin botên nyêkapi anggènipun nindakakên wajib. Bab punika lare wau lajêng kintun sêrat dhatêng tiyang sêpuhipun, cariyos manawi botên sagêd sinau malih, tuwin botên purun adamêl kawrataning biyung. Wusana pinanggih tiwas.

ASIA.

Nyonyah Gandhi ugi dipun cêpêng. Miturut pawartos saking Ahmedabad tanggal 11 wulan punika, Nyonyah Gandhi ugi sampun kacêpêng.

--- 80 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna

19

[Sinom]

tan dangu wus samya mapan / nèng padunungannya sami / tan pêgat prayitnanira / umulat myang jagi-jagi / giliran rina wêngi / nanging tan kawruhan mungsuh / dadya lamun sinawang / amung kadi biting sêpi / anjarag mrih tinêmpuh wadya nagara //

kongsi sawatara dina / rasa têntrêm kang prajurit / tan kadi anèng paprangan / marma rasanirèng ati / para prajurit aji / pulih kapurunanipun / dening rasa mardika / tan rinèh ing sabên ari / amung pinrih nrapkên kaprayitnanira //

dadya tatanirèng karya / sabên ari mung anggusthi / tumanduking kasantosan / kalamun tinêmpuh jurit / miwah nênangi ati / kasêtyanira mring ratu / myang trêsna maring praja / tinrapna sasami-sami / ywa bineda bêkti miwah antêpira //

suka sanggyanirèng wadya / prasêtyanira ing ati / tan pisan nêdya mundura / lamun tinêmpuhkên jurit / kang tinohkên mung pati / trêsna praja bêkti ratu / kongsi datan rumasa / mring rasèng angga pribadi / nyawanira kang darbe nata myang praja //

antêping tyas kang mangkana / tuhu utama linuwih / kalamun lulus sambada / sayêkti apilih tandhing / awit santosèng ati / jatinira ambêg luhur / kalamun tinandhinga / ngasorkên prajurit sakti / kang mangkana sinêbut wadya utama //

ing galih jêng pramèswara / tan kêndhat anggung ngêngudi / marang kasambadanira / ing karsa sri narapati / lan nyata langkung gati / dènnya amrih unggulipun / marma dènnya ngrêreka / mrih tan kongsi ngatarani / sakalangkung winadi tumindakira //

ing mangkya bètèng rineka / sabên bètèng dèn anani / pasinewakaning nata / rinêngga kalangkung asri / sadaya sarwa pèni / bandera rontèk bul-umbul / patra kinarawistha / sêkar binuntal sinuji / dahat raras dinulu saking mandrawa //

singa kang mulat angira / nata siniwaka mangkin / pinarêk ing para wadya / ananging sri narapati / jatinira umiji / papan kang langkung pakantuk / nèng bètèng kang santosa / kinira tan nguwatiri / myang rinêksa kasantosan kene kana //

tindak kang kadi mangkana / yêkti mikantuka wuri / ingkang mangkana kanyatan / dupi para wadya Tamil / uning gêlar narpati / batin dahat anggêguyu / kinira tanpa daya / marma dyan tinêmpuh wani / iyêgira wadya nêmpuh kawistara //

ing sêdya sawusing bêdhah / cinêpêng sri narapati / kang kinira kawisesa / laju ingêbrokan sami / ananging wadya aji / bôngsa Singga nalika wruh / [...] ing ripu dibya / wadya samya angunduri / angoncati maring biting liyanira //

ngangsêg wadya ing nagara / ngrusak bètèng kang saka[...] / tembok-tembok ingunggahan / tumuli rinusak wani / gêdhong dèn obrak-abrik / ananging pinanggih suwung / ingubrês kene kana / mêksa datan amrangguli / dunungira narendra kang ingupaya //

têmah saya langkung krodha / riwut kang para prajurit / têtembok biting rinusak / mangkya wus rata pinanggih / sirna kang bètèng siji / ananging ta jatinipun / tan pisan antuk karya / amung wèh sayahing kardi / nanging tindak kang mangkana tan rinasa //

ing sawusing rampung sirna / pra wadya gambira malih / anon bètèng liyanira / têtunggulira kumitir / kadi ngawe mrih prapti / wani tinêmpuh ing mungsuh / myang rinungu sabawa / jroning biting lir nyuraki / têmah gita mungsuh sru panêmpuhira //

bètèng kang cakêt tinêmpah / tembokira dèn unggahi / kanthi surak mawurahan / kang katon dèn obrak-abrik / daludag dèn jêboli / bandera sinuwèk purun / nanging sajatinira / jroning bètèng amung sêpi / datan ana janma kang umapag yuda //

wadya praja têmah krodha / saya sru angobrak-abrik / awit ing pangiranira / Sri Dyumêna mung andhêlik / anèng papan kang sêpi / dadya sru pangudinipun / ananging mêksa cabar / sanggyèng karya tanpa kardi / awit wadya oncat mring don liyanira //

riwusing tita tan ana / asru krodhaning prajurit / bètèng ginêmpur warata / nulya non bètèng kaping tri / mungguling panji-panji / ngrasa lir nênangi mungsuh / mungsuh singa kang mulat / gambirèng tyas katêtangi / rumasa lir tinantang tumêmpuh yuda //

têtindhihing wadyabala / krodhanira anênani / tandya ngêtap wadyanira / kanthi gambiraning ati / tan srônta nêmpuh wani / nanging jatinira suwung / mêngsah wus samya oncat / mung mangkana wola-wali / kongsi antuk bètèng tridasa satunggal //

wadya biting mung rumambat / anggung lèngsèr angoncati / mangkya wus praptèng wêkasan / bètèng ingkang dèn dunungi / sri nata miwah sori / mêngsah ngangsêg ngêsuk purun / môngka ing jatinira / wadyanya Jumêna aji / kang rumêksa sri nata wadya pilihan //

têtandhinganing ayuda / pilih-pilih kang kuwawi / lumawan kadibyanira / ing môngka mungsuh kang prapti / dayanira wus ênting / awit kaduk ing panêmpuh / bètèng kang wus kalakyan / dadya wus tan mitayani / ing panêmpuh wus ampang datanpa [...] // (Badhe kasambêtan)

--- 9 ---

Nomêr 3, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Asmaradana

Kula urun ambatangi / cangkrimane mitra kula / Mas Sucitra kêkasihe / ing Kuwiran Banyudana / ingkang sampun kapacak / ing Kajawèn wêdalipun / sangalikur wulan Ruwah //

nomêr tiga kang lumaris / lampiran ing Taman Bocah / wontên tiga cangkrimane / ananging urun kawula / namung badhe ambatang / kalih iji kathahipun / môngga sami dèn pyarsakna //

pambatang kula ing mangkin / kasbut ing nomêr satunggal / gunung Lawu ing namine / yèn kabucal sukunira / dados mungêle lawa / dene kaping kalihipun (kalong) / kalong ing pambatang kula //

yèn kasêrat mawa Latin / aksaranya nêm pratela / lajêng kabucal kalihe / kalih aksara ing wuntat / dados kalo (kalo) ungêlnya / wusana sumangga sampun / samantên pambatang kula //

Marsiyam. Sêgaralangu: p/a K.No.2370, Cipari.

Nuwun wiyosipun, kula ngaturi priksa ing Rama Sêbul, kula andhèrèk ambatang cangkrimanipun sadhèrèk Sucitra ing Kuwiran (Banyudana) ingkang kaêwrat ing lampiran Kajawèn nomêr 2 taun III, bagian Taman Bocah, pambatang kula:

I. Gunung Lawu, yèn kabucal sandhanganipun... dados namung bangsaning pêksi, inggih punika: lawa.

II. Kalong yèn kabucal 2 wanda ing wingking (ng), dados pirantos ing pawon kalo.

III. Anakipun ingkang satunggal kapurih numpak kalêrês ing bagian ngajêng, Pak Suta piyambak numpak ing lapak sawingkinging anakipun wau, kanthi anggendhong anakipun ingkang satunggalipun malih sarana sinjang ing gêgêripun Pak Suta, Pak Suta ugi nyêpêngi lisipun.

Namung makatên ing pambatang kula, sukur manawi sagêd lêrês.

Kula pun, Rara Sutitah. Murid Kartini Sêkul, ing Bèitênsorêh.

Batangan loro ing dhuwur iki kaya wis nyukupi.

Pak Sêbul.

--- 10 ---

Ing Kono, Rasakna

Gimin kuwi pancèn bocah andhugal, tur kêndêl, bandêl. Mula sanadyan sabên dina digêbugi wong tuwane, saka anggone andhugal, nanging ora ana kapok-kapoke.

Sawiji dina Gimin lagi dolan-dolan, wêruh ana wit sawo ngrêmbuyung, batine: aku iki pancène mono bocah sing dhêmên penekan. Aku anggêr wêruh uwit sing kaya ngono kuwi, banjur kumêcêr. Ah tak mènèk, bapak môngsa wêruha. Sawise mènèk nganti mêncit, banjur ura-ura: Anoman malumpat sampun, praptèng witing nagasari... Gagasane Si Gimin dhèk samana, rumasa kaya Anoman têmênan, tur satêmêne anggone penekan mau ora ana pamrihe apa-apa.

[Grafik]

Kocapa, nalika Gimin lagi plembaran, panyêkêle pang mrucut, banjur tiba kêrosak, nanging ora banjur muni gêdêbug, mung nyuwara wèg, gèncêng.

Gimin nyuwara dhewekan: We la cilaka, klambiku kêsunduk êpang, aku dhewe ora bisa nguculi. Iki mung sarwa ngewuhake, upama tak bêthot, amohe saya ômba, ora wurung mung anggêdhèkake gêbuge si êmbok.

Wong yèn lagi kojur, dilalah, Gimin wêruh bapakne liwat ana ngisore. Wah, atine dhêg-dhêgan bangêt, arêp cêluk-cêluk, jênêng wong anjarag arêp golèk lara awake. Nanging suwe-suwe banjur duwe panêmu, aluwung andhisiki tinimbang didhisiki, mung têmbunge bae basa, awit Gimin kuwi salawase nyang bapakne ora basa, unine: Bapak, bapak, kula wontên ing ngriki.

Bapakne kagèt anjênggirat, barêng wêruh anake cêmanthèl ana ngêpang, banjur namatake, sarta barêng wis cêtha ora nyamari, banjur muni: Lo, kaya Gathutkaca Min.

Gimin mangsuli karo andharêdhêg: Kula sanès Radèn Gathutkaca bapak, kula pun Gimin putra sampeyan ingkang sawêg nandhang apês. Punika lo gêgêr kula, kula aturi mriksani tuwin kaparênga nguculi.

Bapakne Gimin sing rumasa ora tau dibasani anak, barêng dibasani, ing batin anggalêgês, banjur muni: Apa kowe ora bisa mudhun dhewe.

Gimin: Sagêda mandhap, kula môngsa basaa ta: pak.

Bapakne Gimin banjur ngudhunake anake, sawise têkan ngisor banjur kon ngadêg jêjêg, bokonge banjur digitik karo bapakne: cêplès, cêplès, bapakne karo muni: Ayo rikat mulih, kôndhaa êmbokmu.

Gimin mulih karo nangis, êmbokne takon, barêng wêruh sababe, milu anggitiki sisan.

Kono, rasakna.

--- 11 ---

Dongèng Wong Cêthil

III. Lali mikir anak

Kinanthi

ora kurang uwong cukup / sing pikire luwih miskin / dongènge Pak Karya Dôngsa / kuwi kêna dielingi / cêthane ana carita / pancèn iya ora bêcik //

kaya Karya Dôngsa mau / uwong wis kêwilang sugih / duwe anak têlu lanang / rupane ya bêcik-bêcik / ning padha ora sêkolah / mung padha kon tindak gêmi //

yèn ana wong duwe rêmbug / supaya anake kuwi / padha disêkolahêna / bèn padha pintêr ing buri / Karya banjur kliru tômpa / mangsuli karo ambêkis //

jênêng ambêbècèr laku / wong ora ngajèni dhuwit / upamane tak etunga / pira ragade cah siji / banjur bocah têlu pira / apês saringgit sasasi //

gunggunge pira sataun / harak ana rolas ringgit / ya têlung puluh rupiyah / adhuh aku harak mati / têlung puluh ditukokna / rak wis entuk sapi siji //

saya yèn wis limang taun / dhuwite rak wis sasênik / anakku ora tak kudang / besuk dadi juru tulis / tarima dadi wong desa / watone dadi wong sugih //

yèn wong bisa maca iku / sok banjur angangkrik-angkrik / apêse dhêmên prakaran / besuk yèn wis mundhak ngrêti / dadi panuntun prakara / pokrul bambu diarani //

wangsulane wong sing tutur / kuwi jênêng slira-sliri / yèn wong nyêkolahke bocah / ora kok ing têmbe buri / diajab bèn dadi ala / mêsthine dikudang bêcik //

apa ora luwih mathuk / upama anakmu kuwi / dhasar sugih bisa maca / mara ta pikirên dhisik / jênêng angênggoni jaman / rak kowe sing jênêng bathi //

Karya muni lan mêcucu / hêh wong kôndha ora mulih / apa aku bisa maca / apa aku bisa nulis / dene malah sok kêtêkan / carik-carik nyilih dhuwit //

wong yèn uwis ambrêgêdut / sanadyana dituturi / môngsa bakal mangrêtia / tiwas nyêrikake ati / mula ya kalakon tênan / padha bodho kabèh kuwi //

watêkane padha turun / bocah têlu cêthil-cêthil / nanging ya dhapur cilaka / bocah têlu mung lêstari / digêgêm ing uwong tuwa / ora tau nyêkêl dhuwit //

malah wise padha ngumur / têlu pisan dikon rabi / padha diwènèhi sawah / digawèkke omah bêcik / nanging ya tanpa kuwasa / pangane mung dicadhongi //

kabèh ing wulu pamêtu / Pak Karya sing anduwèni / wong têlu dipanci pangan / dene sing arupa dhuwit / ora olèh babarpisan / mula dadi ora bêcik //

awit uwong têlu mau / banjur kaya diwuruki / dhêmên duwe tindak cidra / nyang wong tuwa anggorohi / nadyan gêmine digawa / nanging gêmi ora bêcik //

uwong têlu ora rukun / sabên dina mung pradondi / jalaran saka sujana / kana mulat kene nglirik / dadi mung pijêr sulaya / êmoh nyang pitutur bêcik //

watak sing mangkono mau / upama diothak-athik / nalar-nalare ya ana / jalaran ora dipikir / diwêruhke pangajaran / karo diwêruhke tulis //

[...]

--- 12 ---

Rumpakan

Jaman biyèn ana asu dadi koki, sing diolah sêga iwak kuwih roti, yèn anggorèng parigêl kaya kumidhi, mung emane kala-kala sok ngilêri.

[Grafik]

Wong ya asu sanadyan bisa sinau, pangukuring uyah trasi bumbu-bumbu, arang bênêr malah kêrêp bae kliru. Ngulêg kunir jêbule kêliru têmu.

Nanging rèhning crita iki asu mônca [...]

[...] sêga pulên têrik sambêl gorèng èbi, banjur kêmba kumambang yèn mangan roti, ngrasa marêm yèn kambon gandaning trasi.

Bisa nimbang rasa enak gawe mangsêg, mula banjur sabên dina mangan ajêg, apa bae wis ora ngrasakke ênêg, yèn sarapan esuk dhêmên sêga gudhêg.

Nanging rèhning dhèwèke koki jêmpolan, ora lali gawe kuwih ana ngêpan, pangolahe ora lali nganggo puhan, ngalênyêring gônda ngêndi-êndi têkan.

Kang mangkono kêna dianggo sanepa. Wong mêmangan aja sok dhêmên mêmada, nakokake panganan sing ora ana, yèn kêcuwan pamangane banjur suda.

Upamane mangan lawuhe sathekruk, isih duwe ulat pêtêng amêlêruk, awit isih ana manèh sing dijaluk, barêng muni: iki durung nganggo krupuk.

Saikine kowe tak kandhani thole, aja dhêmên nganggo nganak-anakake, yèn mêmangan narimaa saanane, insaalah bakal bêcik tinêmune.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 7, 14 Pasa Je 1862, 23 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [129] ---

Ôngka 7, 14 Pasa Je 1862, 23 Januari 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Têlaga Singkarak

[Grafik]

Ing nginggil punika sawanganipun têlaga Singkarak, sirahipun lèpèn Ombilin, Sumatra Kilèn.

--- 130 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Kaum Swadhèsi Kêpara Ngarêp

IV.

Garèng : Truk, Truk, nèk aku ora kaliru tômpa ing bab andharanamu sing sadawan-dawan kuwi, dadi sabênêre ngono, anggone pabrik cita ing Twèntê duwe sêdya arêp pindhah mrene kiyi, sing arêp diajak êmbèk-êmbekan cita-cita wêton Jêpang, sing saikine prasasat ambanjiri pasar-pasar ing tanah Jawa kene. Hla nèk mêngkono, mungguhing panêmuku, malah dadi kauntungan gêdhe tumrap bangsane dhewe kiyi. Paribasane bae rak ana, ning ya paribasan Walônda, sing nèk dicarajawakake unine kira-kira mangkene: Asu loro kêrah rêbutan balung, sing nomêr têlune amlayokake.

[Grafik]

Petruk : We, hla agawe bundhêling pikirku têmênan calathumu kiyi Kang Garèng, dene pindhahe pabrik cita ing Twèntê bisa nguntungake tumrap bangsane dhewe. Mara, caritakna nyang aku mungguh nalar-nalare.

Garèng : Wong iya kowe, Truk, Truk, pikiranamu kuwi mung sok mandhêg ana ing wêtêng bae, mulane yèn ana rêmbug sing rada anjalimêt sathithik, iya banjur malongo cangkême, mingkêm-mingkême yèn cangkême wis disanjani bakaran bêton sabèsèk. Wis, rungokna, tak jarwani, kabêgjan kang nomêr siji tumrape bangsane dhewe, yèn pabrik cita ing Twèntê sida dipindhah mrene, yaiku: sanadyan durung sapiraa, cacahe wong nganggur mêsthi bakal suda.

Petruk : Iya, iya, wis ngrêti aku. Yèn pabrik mau wis kalakon pindhah mrene, mêsthine banjur butuh nyang wong-wong sing kudu nyambut gawe mrono, ya sing kanggo kuli, tukang lan thèthèk bêngèk liyane manèh. Ing môngka pabrik sing kaya mêngkono kuwi butuhe nyang wong-wong sing padha nyambut gawe iya ora sathithik, apês ambalêbês iya bôngsa sèwunan mêngkono. Nanging ing sarèhne cacahe wong nganggur kuwi puluhan ewon, mulane Kang Garèng iya sing ngati-ati, nèk arêp anglamar pagawean mrono aja nganti kadhisikan karo liya-liyane. Ora wurung [wu...]

--- 131 ---

[...rung] mêngkone sing bakal rêmpyêg-rêmpyêg iya aku dhewe, awit kowe mêsthi banjur tungkul langsir nyang omahku bae, nganti aku ora kobêr simpên panganan apa-apa.

Garèng : Hla kuwi nèk Petruk, nyang omahe sapisan kala aku ngicipi gudhêg, tur iya mung êntèk sakêndhil dilanjari sêga wadhang satêngah cêthing bae, kathik banjur wis ngundhat-undhat ngarani, yèn aku nganti ora duwe pagawean, wis mêsthi aku banjur dhepe-dhepe anjaluk pangan nyang dhapurmu. Wah, wis ora sondèl bangêt aku, Truk. Kowe rak wêruh dhewe, yèn aku kiyi bangsane wong prawira, timbangane aku anjêjaluk nyang sadulur, rak aluwung... dadi muwalap, anjaluk pitrah kêcil mrana-mrene. Wis, wis, kok banjur seje sing dirêmbug. Saiki tak caritani kabêgjan kang ôngka loro tumrape bangsane dhewe. Truk, Truk, kowe mêsthine rak wis tau klintong-klintong nyang pasar Ngayoja kae, ta, lumrahe lagi bae gênjlub, lumêbu ing pasar, rak banjur ana bae bakul salak sing mêthukake kanthi tawa mangkene: Priyantun (kiyi nganggo lagu, lo) punika, lo, salak eca, lêgi tur masir, rêginipun sajinah namung wolulas dhit. Ora suwe ana bakul liyane sing ngonyol-onyolake dodolane salak kambi muni: Gilo, gilo, mas, salak gandêm, tur agêng-agêng, sajinahe amung kalih tèng. Mêngkono anggone arêp padha amayokake dêdagangane, siji lan sijine padha jor-joran anggone padha murahake rêgane dodolane amrih bisane payu bae. Ing wusana sing maune ditawakake limalas sèn sajinahe, sok mung kêna dituku lima utawa nêm sèn.

Petruk : Lan lumrahe salake isih geyol utawa kêcut, cêkake sing kêrêp salake ora kêna dipangan babarpisan.

Garèng : Bab kêna dipangan utawa ora, kuwi seje rêmbug. Dadi ora beda karo wong tuku jarit kae, le têtuku kêblondrok utawa ora, kuwi sanyatane gumantung nyang sing tuku dhewe. Awit aku kêrêp bae nyipati wong lanang tuku jarit, dumèh bakule alus basane, anggone nyêbut: dara, dara, tanpa ana sêtoplase, rupane kathik kaya widadari krainan, lo, kuwi sanadyan jarit mung ambêjaji rong ripis, barêng ditawakake 10 gelo, dumèh èsêm lan plerokane bakule amêmanas ati, sing arêp tuku mau iya wani nibakake dhuwit krêtas salawe, tanpa nganggo anjaluk susuk manèh.

Petruk : Wiyah, kuwi rak ora tuku jarit arane, nanging sing dituku èsêm lan plerokane bakule.

Garèng : Mulane kuwi, kowe aja anggawa-gawa kalirune sing dituku. Anggonku anjukuk têtuladhan carane bakul salak ing Ngayoja, kuwi mung arêp anelakake, yèn ana bakul akèh kang padha bae dêdagangane, kok banjur jor-joran pangêdole mung amrih bisane payu bae, lo, kuwi sing bêgja mêsthi sing tuku, jalaran banjur bisa olèh murah. Mêngkono uga yèn nganti kalakon pabrik cita ing Twèntê [Tw...]

--- 132 ---

[...èntê] pindhah mrene, amrih bisa payune dêdagangane, lan amrih bisa ngrêbut papan pangêdole ana ing kene, mêsthine anggone ngêdol barange mau iya kanthi rêga sing murah kae, nanging sing dodol cita wêton Jêpang, mêsthine iya sungkan ngalah, sarta banjur ngêdol barange sarana rêga sing luwih murah manèh. Saikine yèn ana para among dagang sing ngêdol barang-barange sarana jor-joran sing mêngkono kuwi, banjur sapa sing bêgja, rak iya sing tuku alias bangsane dhewe kiyi, ta.

Petruk : Iya nèk jamane lagi lumrah kae...

Garèng : Iki seje bab manèh Truk. Nèk jaman saiki kok diêdoli barang-barang sing rêgane kaya lagi jamane isih mêthènthèng kae, mêsthine barang-barange iya padha ngorok nang tokone kabèh. Ora Truk, mulane mungguhing aku, pindhahe pabrik cita ing Twèntê mrene kuwi, kok ora agawe kapitunan apa-apa, dadi iya ora agawe kapitunane tindak swadhèsi, lan kowe aja kalalèn, Truk, nèk bangsane dhewe kuwi sing akèh-akèh mung sok dhêmên anut ubyung, ora ngrêti kênthang kimpule. Dumèhane wis nganggo lurik-lurikan, rumasane wis mèlu-mèlu laku swadhèsi, anggone pêthenthang-pêthènthèng anggêpe wis kaya Jaka Tingkir kêsambêt, ora ngrêtia yèn lurik-lurikan sing dianggo mau jêbulane gawean... Jêpang. Awit sumurupa, Truk, saka kawêgigane bôngsa Jêpang, barêng ing kene ana ada-ada ngajokake barang lurik-lurikan, sanalika bôngsa Jêpang iya banjur cekat-cèkêt nandangi pabrik lurik, mulane anane pabrik cita ing Twèntê dipindhah mrene kuwi, aku sabênêre bungah bangêt, jalaran bôngsa Jêpang mêsthine banjur ora pati kobêr migatèkake nyang pabrik lurik, nanging sing diwigatèkake luwih dhisik, iya mungsuh anyar sing lagi têka kiyi. Mulane, Truk, kene aja susah nguwatirake apa-apa, mêmujia bae supaya rasaning kabangsan bangsane dhewe kiyi bisa kandêl têmênan, nganti bisa ngêmohi nyang apa-apa sing dudu gaweane dhewe, sanadyan rêgane rada ana murahe sathithik. Nanging, Truk, rêmbugane bab kiyi saikine padha dilèrèni bae, liya dina padha rêmbugan bab liyane manèh.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 1708 ing Pakalengan.[25] Rê, Pn, Dhesèmbêr 1909 dhawah tanggal 1, utawi 21 Dulkangidah 1839.

Tuwan Sar, ing Surakarta. Panjurung panjênêngan sampun katampèn, bab anggudir taksih kirang cêtha, mangsinipun mangsi punapa. Panjurung kenging kemawon, nanging botên mawi pituwas.

Lêngganan nomêr 3932 ing Sampit, Borneo. Kajawèn tansah nyadhiyani papan kangge para ingkang manjurung.

Tuwan A. Diharja, ing Titianurat. a. Ingkang sade gambar ing Depot van Leermiddelen ing Bêtawi. b. Pratelan buku kakintunan.

Lêngganan nomêr 1679 ing Madiun. Panjurung panjênêngan botên kapacak, amargi plêg kados buku wêdalan Bale Pustaka.

Lêngganan nomêr 2785 ing Bd. a. Dhatêng Radèn Ngabèi Ônggapradata ing Klathèn. b. Toko buku Tan Khoen Swie ing Kadhiri. c. Prayogi ngintunakên gambaripun kemawon, alit-alitipun ukuran 9 X 12 cm.

Lêngganan nomêr 296 ing Salatiga. Panjurung sampun dumugi, pamacakipun ngêntosi papan. Eman gambaripun botên cêtha.

Lêngganan nomêr 1248 ing Sêmarang. Ing bab komite Rônggawarsitan, pitakenanipun dhatêng Radèn Ngabèi Ônggapradata, ing Klathèn.

--- 133 ---

Kawruh Sawatawis

Masjid Agêng ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 93

[Sinom]

Ing mangkya apan winarna / kaparêngirèng narpati / wus rampung panggarapira / masjid kang agung linuwih / marêngi Ehe warsi / anênggih sangkalanipun / rasa sri pandhitèng rat (1716) / gya kaparêng amurwani / miyos Jumngah ginrubyug para kawula //

mêne kaparêng sri nata / dènnya ngiyasani masjid / wêwah agêng inggilira / adhegus turut mrak ati / saindênging rat Jawi / tan wontên mirib sadarum / kèh masjid mônca praja / kang winastan bêcik-bêcik / dèrèng sami lan masjid gêng Surakarta //

kawarti kaananira / sakaguru kawan iji / tanapi kang sakarawa / cacah kalih wêlas iji / wangun giligan sami / tur samya wêtah sadarum / datan sinambêt samya / sakaguru catur sami / panjangira tridasa mètêr sadaya //

sakarawa panjangira / nylangkung mètèr mitung sènti / asli saking Danalaya / wana Putat têpangnèki / kidulira tan têbih / tuwin ing wana Cêmpurung / kalêrês kidulira / ing ardi Lawu kang nami / sagung prabot sing wrêksa jati sadaya //

kaparêng dalêm sang nata / wêwangunan kang pinirit / conto saking masjid Dêmak / conto wêwangunan alit / rêrênggan dèn wêwahi / sakalangkung adiluhung / ingêcèt myang pinrada / de wau contoning masjid / mangkya wontên museum ing kêbon raja //

duk nguni ingkang dinuta / amola punika masjid / prayagung bupatya kalang / masjid Dêmak asalnèki / yasaning para wali / kabantu swargi Sinuhun / Bintara kalokèng rat / marêngi jro taun Jawi / sinêngkalan gêni lena sinram janma // (1403)

timbalan dalêm sang nata / pramila amola masjid / wangun prabote kasama / ing Dêmak ywa nguciwani / sadaya kajêng jati / kajat dalêm jêng sinuhun / bil barkah wali sanga / miwah supangatirèki / Kangjêng Nabi Mukhammad rasul kang mulya //

mangsuli kala adêgnya / sakaguru kalih iji / Jêgot timur laut nama / Gusti Jêng Sinuhun ping tri / karsa ngasta ngongoti / dipun pasah ngantos alus / adêge pinèngêtan / Akat Kaliwon ing ari / tabuh astha enjang tanggal ping sakawan //

kanang wulan Dulkangidah / ing warsa Wawu lumaris / angkaning côndrasangkala / atrus ngèsthi rasa tunggil (1689) / julungpujut marêngi / sinaroja adêgipun / sakaguru kang wetan / ing ari Rêspati Langkir / nunggil wulan taun wuku myang sêngkalan //

wadanastha ngrasa tunggal (1689) / antawis warsa sang aji / nênggih Jêng Sinuhun Swarga / nawung gêrah anjalari / dumugi surutnèki / ing wêkdal wau anuju / Jimakir madyèng warsa / côndrasangkalanirèki / catur janma mêmuji arjaning praja // (1714)

ingkang gumantya narendra / Jêng Gusti Pangran Dipati / Anom Amêngkunagara / jêjulukira sang aji / Kangjêng Sri Narapati / Sampeyan Dalêm Sinuhun / Pakubuwana ping pat / Sayidin Panatagami / (Ngabdulrohman) Senapati ing Ngalaga //

asma parabnya sri nata / Sinuhun Bagus linuwih / jumênêng dalêm sang nata / nunggil ing warsa Jimakir / côndrasangkalanèki /

--- 134 ---

sukcining tyas sabda tuhu (1774) / mangkya wau sang nata / misudha pangulu khakim / mêdanani sadaya abdi mêthakan //1

sanagari Surakarta / jêjuluk Kangjêng Kiyai / Tapsiranom Adiningrat / gumanti pilênggahnèki / rama kang sampun swargi / rama wau asmanipun / paringira Jêng Sri Nata /[26] Pakubuwana kaping dwi / aran Jêng Kyai Mutahar Adiningrat //

duk maksih katip pilênggah / Katibanom asmanèki / botên dangu gya gumantya / pangulu pilênggahnèki / marasêpuh pribadi / wondene jêjulukipun / rama ingkang ginantyan / Jêng Pangulu Jalalodin / nguni bêktan saking nagri Kartasura //

dadya kêkasihing nata / kaping pat sri narapati: / Tapsiranom Adiningrat / Pangran Jungut ing Wonggèki / katri Kasan Bêsari / Pranaraga Têgalsantun / sakawan amisudha / paluntur Purwa Pangrawit / gangsalipun Rahadèn Atmapruwita //

[Grafik]

Masjid Agêng ing Surakarta.

jumênêng dalêm sang nata / antuk dwi warsa marêngi / rasa nata pandhitèng rat (1716) / rampung panggaraping masjid / karsa dalêm miyosi / angenggali masjid agung / kawarta duk samana / ing Blora risang bupati / amisungsung bêdhug gêng gora kang swara //

bêbadhèn saking wrêksa tal / kaparêng dalêm sang aji / bêdhug winisudha nama / Kyai Blora tangara glis / lajêng dipun pèngêti / sangkalanipun winangun / rasa sri pandhitèng rat (1716) / wiyos dalêm dhatêng masjid / salat Jumngah ngagêm Arabing narendra //

kadhèrèkkên pra santana / myang abdi jroning nagari / sang nata kotbah priyôngga / tuwin lajêng angimami / ulon dalêm awêning / wilêd arum nganyut-anyut / rêsêp sagung ngulama / tanapi para muslimin / jêng sinuhun kang winaos duk akodbah //

mudabiril ingkang nama / tartil makraje nêtêpi / kiraat datan kuciwa / miwah lagu masyekhani / laras Mêsir mranani / samya acingak sadarum / pra mukmin langkung suka / sayuk gumolong ing kapti / anênuwun mring Gusti kang murbèng titah //

mugi sêsêmbahan amba / jêng sinuhun sri bupati / pinarêngna ing Hyang Sukma / sugêng widada ngayomi / saindêng nuswa Jawi / têntrêm manggiha rahayu / gung alit suka bingah / mirah sandhang lawan bukti / awit saking barkah dalêm jêng sri nata // Badhe kasambêtan.

Pr.P.

--- 135 ---

Darmawisata

Darmawisata dhatêng Rêdi Lawu

Sambêtipun Kajawèn nomêr 5.

Marginipun rêkaos, mandhap jurang lêbêt-lêbêt, nyabrang lèpèn sarta nusup-nusup wana. Sarêng badhe mlêbêt ing wana kula sadaya sami kèndêl sakêdhap kalihan lam-lamên ningali asrining têtuwuhan ingkang sami thukul ing ngriku.

Botên dangu kasaru dhatênging tiyang dhusun kêkalih sami ngubêr-ubêr kêthèk bangkokan, awit nêlas-nêlasakên jagung ing patêgilanipun. Lêt sadasa mênut wontên tangara sêmpritan, para kônca-kônca sami anjênggirat, sarta sami lumêbêt ing wana. Pak Kamprèt dhasar badanipun pating pathekol tur kêndêl, pramila manawi lumampah tamtu ngrumiyini sarta madosakên margi kônca-kancanipun.

Dèrèng têbih saking anggèn kula sami kèndêl, Pak Kamprèt bêngak-bêngok kalihan nudingi siti sacêlakipun. Sarêng sami kula cêlaki sarta kula tamat-tamakên jêbul tapak sima sarta andhapan ingkang sami saba, tur sajakipun taksih enggal. Wiwit kala samantên kula sadaya wiwit cucul sêpatu, awit marginipun nyêngkrèk tur andadak kêdah gondhelan oyod-oyodan. Sarêng sampun cêlak ing Pringgadani, juru pitêdah margi lampahipun ngrumiyini kalihan nêdahakên marginipun.

Dumugi ing Pringgadani badan kula sami gêmrobyos. Ing ngriku kula pinanggih tiyang jalêr kêkalih, kula lajêng sami têtêpangan. Sadhèrèk kêkalih wau jêbul inggih saking kitha Sala, kalih pisan sampun tigang dintên tigang dalu anggènipun wontên ing ngriku. Pringgadani punika papanipun botên patosa wiyar, nanging waradin, ing ngriku wontên griyanipun tiga alit-alit tur pating srowong. Griya ingkang wontên ing têngah minôngka kangge caos dhahar ingkang sami gadhah kaul mriku, dene ingkang kalih (kiwa têngên) kangge pasipênganipun mantri wana dalah sapunggawanipun. Kala samantên griya ingkang ragi alit dipun ênggèni sadhèrèk kêkalih kasêbut ing nginggil, dene ingkang sisih têngên sami kula ênggèni. Para kônca kula ingkang sakawan sami sayah lajêng têtilêman wontên ing griya wau, dene ingkang botên sayah sami kapasrahan ngupados kajêng dhatêng wana kangge ngliwêt sarta anggodhog wedang. Dèrèng angsal sadasa jangkah kula sami mirêng krusêg-krusêg. Sarêng dumugi ing panggenan krusêg-krusêg têkên sami kula acungakên dhatêng panggenan suwara wau. Botên dangu jranthal katingal andhapan agêng sangêt, kula tumuntên sami bêngok-bêngok, kalihan amblêdig andhapan wau. Andhapan ajrih nusub-nusub ing gêgrumbulan. Pak Kamprèt kêplok-kêplok kalihan sêsumbar, awit rumaos dipun ajrihi ing andhapan.

Sabibaring nêdha siyang kula padpindêr 4 sami ajak-ajakan sadhèrèk kêkalih saking Sala kasêbut nginggil, lumêbêt ing wana. Dhasar sampun sawatawis dangu tiyang kêkalih wau anggènipun kapengin nyumêrêpi kawontênaning salêbêting wana. Dene para

--- 136 ---

kônca sanèsipun dalah juru pitêdah margi sami kantun ing griya alit wau. Sadaya sami cucul sêpatu sarta ambêkta dêdamêl, jagi-jagi bokmanawi pinanggih bêbujêngan ing wana ngriku. Marginipun nusup-nusup sarta andêdêr, sanadyan marginipun kenging dipun wastani rêkaos, ewasamantên saking notoling manah, botên ajrih kangelan sakêdhik-kêdhika, ingkang dados êlênging manah namung sagêda dumugi ing sapucuking rêdi. Nalika pangkatipun wontên ing margi kula sami sumêrêp têtuwuhan ing wana taksih alit, dèrèng wontên wohipun, sêkaripun abrit, sêkaripun badhe kula pêthik nanging para kônca botên suka awit paedahipun botên sapintêna.

Ing wanci sêrap sawêg sagêd dumugi ing pucak, samangke sampun sami lêga raosing manah, dene sagêd dumugi ing ngriku, nanging sadhèrèk kêkalih kasêbut ing nginggil sami bobrok wontên ing margi botên kuwawi minggah malih. Wontên ing ngriku kula sami damêl tèkên K.B.I. katatah ing kajêng. Kanthi bingahing manah kula sakônca sami mandhap malih. Mandhapipun inggih kêdah ngatos-atos. Awit marginipun rumpil sangêt. Pak Kamprèt pijêr kêplorod kemawon. Dumugi têngah wana dilalah sagêd pinanggih kalihan sadhèrèk kêkalih kasêbut nginggil sawêg linggih ing prabatang, katawis ing sêmu sadhèrèk wau ingkang satunggal gadhah sêsakit napas. Sarêng kula sami mandhap, tiyang kêkalih wau ugi sami mandhap.

Nanging kocapa marginipun ingkang dhatêng ing Pringgadani ical tanpa lari. Margi-margi sidhatan inggih botên katingal. Kula sadaya sami andhepok, bingung kecalan margi, botên sumêrêp êlèr kidul wetan kilèn. Pêpuntoning rêmbag samangke namung badhe sami nurut margi punika sadumugi-dumuginipun. Margi wau jêbul dumugi ing jurang lêbêt sangêt, tur dununging jurang punika ing pinggir wana ingkang sisih lèr, môngka Pringgadani wontên ing ragi sisih kidul. Kala samantên sampun rêpêt-rêpêt, badhe sami mandhap, jurangipun lêbêt sangêt, badhe wangsul kecalan margi. Dumadakan lajêng pêtêng andhêdhêt, ampak-ampak sami mangandhap, tur jawah kados pinusus. Sakala kula sami kèndêl, badan gumrobyos. Tekading manah manawi kadalon inggih sami badhe sipêng wontên ing ngriku. Dilalah krêsa Allah kula kèngêtan, bisik-bisik dhatêng para kônca-kônca supados sêsarêngan nênuwun dhatêng Pangeran Ingkang Mahakuwasa supados dipun paringana pêpadhang. Botên antawis dangu lajêng wit-witan sami katingal pating janggêlêg malih, ampak-ampak saya suda sarta jawahipun lajêng têrang. Kula tiyang 6 sami nglêmpak, kalihan mupakatan punapa ingkang prayogi dipun lampahi. Pêpuntoning rêmbag sadaya rujuk sami badhe wangsul minggah malih bokmanawi wontên margi sidhatan ingkang kalangkungan. Ing wêkdal punika botên kamirêngan punapa-punapa kajawi namung ungêling pêksi ingkang mapan tilêm. Badhe kasambêtan.

Kula siswa R.K. Milo

Subali.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [137] ---

[Grafik]

Bikakan Rad Kawula ingkang Kaping Kalih

Ing kaca punika ngêwrat gambaring para warga rad kawula sawatawis, ingkang dipun gambar nalika ambikak parêpatan ingkang kaping kalih.

Ing ngajêng saking kiwa manêngên: Tuwan-tuwan Muhtar, Kusuma Otaya, Suyana, tuwin Wiranatakusuma. Wingking Tuwan-tuwan Surasa, Wiwaha, Iskandardinata, Ir. Moeh. Noer.

[Grafik]

Sisih, Tuwan-tuwan Sasraadikusuma, Mr. Blaauw tuwin Yo Heng Kam.

[Grafik]

Tuwan-tuwan Yo Heng Kam tuwin Sutarja.

[Grafik]

Nginggil: Pangarsa rad kawula Tuwan Meyer Ranneft kalihan panitra. Têngên ngandhap, Tuwan Mangaradja Soangkoepon.

--- 138 ---

Raos Jawi

Panulaking Kala

Sambêtipun Kajawèn nomêr 5.

Sabar.

Ing Kajawèn nomêr 5 sampun nyariyosakên ing bab ambêg kasabaranipun Sinuhun ing Ngalaga. Mênggah lêlajênganing cariyos, sarêng praja sampun têntrêm, sang prabu èngêt dhumatêng ingkang raka, saha sang prabu lajêng mirêng pawartos manawi ingkang raka sampun jumênêng nata wontên ing Kartasura, ajêjuluk Sinuhun Prabu Mangkurat. Ananging sajatosipun sang prabu samar ing panggalih, awit mirit ing pawartos, ingkang jumênêng nata ing Kartasura punika sanès ingkang raka. Wontênipun kagungan panganggêp makatên, dening nata ing Kartasura punika kêrêp mangagêm cara Walandi, dados dipun kintên anaking Walandi. Malah sanadyana ingkang raka pisan, manawi jumênêngipun biniyantu ing sanès, ing panggalih araos botên rêna.

Tuwuhing panggalihan ingkang kados makatên punika, manawi dipun raos-raos, anandhakakên manawi sang prabu kagungan panggalih jêmbar, lan ing ngriku ugi taksih katingal raosing trêsna dhatêng kadang, tuwin katingal anggènipun kêdunungan raos trêsna dhatêng praja.

Wusana Sunan Ngalaga lajêng tampi nawala saking raka nata, suraosipun katimbalan dhatêng Kartasura. Nanging sarèhning Sunan Ngalaga punika panggalihanipun adhêdhasar sabar, dados inggih botên wontên samuwakawis[27] ingkang botên kanthi kapanggalih rumiyin, mila lajêng paring wangsulan dhatêng utusan: Kongkonan, sira muliha, prakara anggon ingsun ditimbali, dak pikire dhisik.

Sasampunipun makatên, Sunan Ngalaga lajêng rêrêmbagan dhatêng para ingkang wajib atur pamrayogi, unjukipun ingkang kapundhutan panimbang warni-warni, wontên ingkang mastani bilih ingkang jumênêng nata ing Kartasura raka nata saèstu, wontên ingkang mastani sanès. Wusana Sunan Ngalaga lajêng utusan nyatakakên, malah wontên ingkang saos unjuk makatên: Gusti, kadospundi ingkang dados karsa dalêm, yèn mênggah pamanggih kawula, prayogi botên sowan, amargi panjênêngan dalêm sampun jumênêng nata, yên têluka tanpa karana, dados ngisin-isini ing tiyang kathah, makatên malih asma dalêm susuhunan amasthi badhe ical, lajêng kalorod asma pangeran malih, tuwin para bupati badhe ical namaning bupati.

Unjuk makatên punika andadosakên panggalihan nata, wusana sang prabu inggih lajêng nêdya angayoni yêktos, badhe anggêpuk Kartasura. Bab punika, manawi dipun wawas sabrebetan, sang nata katingal anggèning pasah ginosok ing rêmbag, nanging manawi dipun manah panjang, sang prabu ugi anglênggahi lêrês, dening anjumênêngakên kaluhuranipun.

Kalampahan dados pêpêrangan sakalangkung rame, dangu-dangu Sunan Ngalaga sagêd ajêng-ajêngan kalihan raka nata, ing sakawit taksih samar, amar gi

--- 139 ---

inuhun Mangkurat mangagêm cara Walandi, nanging sarêng ngrucat busana santun mangagêm cara Jawi, Sunan Ngalaga botên pandung. Ing ngriku Sunan Ngalaga lajêng nyêmbah saking titihan saha lajêng ngoncati, dhatêng Pagêlèn.

Oncatipun Sunan Ngalaga wau, lajêng nuwuhakên ngêrêsing panggalih dalêm Sinuhun Mangkurat, malah ngantos nênggak waspa, salêbêting panggalih ngunandika, kapriye yèn awèta mangkene, amasthi wong cilik akèh kang karusakan, ora kapenak anggon ingsun jumênêng nata, adhimas iya tansah kangelan. Lêlampahan ingkang kados makatên wau ngatingalakên ing bab katrêsnaning nata sakalihan. Dados mênggahing titiking kasabaran tansah katingal.

Oncatipun Sunan Ngalaga punika mênggahing karsa taksih anggèl gagap-gagapanipun, punapa namung oncat salugu, punapa pancèn oncat nêdya nyantosakakên wadyabala. Pangintên ingkang kados makatên wau pancèn inggih mèmpêr tuwin anocogi kados panggalihanipun Sunan Ngalaga piyambak, wontênipun inggih namung sarwa pakèwêd, badhe lajêng nungkul, èwêd dhatêng para kawula, lan nyata para kawula tansah ambêbaluhi karsa nata. Nanging saupami botên nungkula, rumaos lingsêm, lan ugi dhêdhasaring panggalih pancèn ajrih asih dhatêng raka nata, mila nalika papagan wontên ing paprangan, sanadyan kala punika mêngsah, nanging Sunan Ngalaga ngatingalakên bêktinipun dhatêng kadang sêpuh, oncatipun kanthi atilar sêmbah dhatêng raka nata.

Wantunipun Sunan Ngalaga sampun kadunungan ambêg kaluhuraning nata, oncatipun saèstu mêmulih kasantosaning wadya, kalampahan sagêd madêg malih saha lajêng ngêpang Kartasura. Nanging labêt nata kalih wau kadunungan ambêg asih-ingasihan, wusana sagêd rukun malih. Ing kalanipun Sunan Ngalaga rinapih ing utusan saking Kartasura, murih rukun, Sunan Ngalaga ngantos kawiyos pangandikanipun dhatêng utusan: Wis ta sira aja nangis, ingsun mundhak milu nangis, sarta ingsun iya wis anurut marang aturira, ingsun ya tumuli sowan marang kangmas.

Kacariyos nalika Sunan Ngalaga pinanggih ingkang raka lajêng angrungkêbi sampeyan, ingkang raka angrangkul sarwi ngaras lungayanipun ingkang rayi, kalih-kalihipun sami muwun.

Sunan Ngalaga ingkang sanyata kadunungan ambêk linangkung, tansah manggalih dhatêng tata têntrêm, lajêng kaparêng nyirnakakên raos ingkang botên sakeca, ngunjukakên asmanipun susuhunan dhumatêng raka nata, kanthi suka rilaning panggalih, saha lajêng badhe ngagêm asmanipun lami.

Praja Kartasura kalampahan têntrêm. Ing ngriki cêtha lêgawaning panggalihipun Sunan Ngalaga, inggih Pangeran Pugêr, mawi adhêdhasar kasabaran linangkung, awit saupami botên makatêna, mokal tiyang èngêt nêdya nglêpèh lêgining gêndhis. Lan malih mênggahing nalar, madêgipun nata Sinuhun ing Ngalaga nama sampun absah tanpa mawi sabab ingkang adamêl awoning asmanipun, makatên ugi mênggahing kasantosan, ing pangintên inggih sampun anyêkapi. Nanging sarèhning sadaya punika mênggahing kautamèn taksih kamoran kuciwa, Sunan Ngalaga inggih Pangeran Pugêr, têtêp anggèning ngagêm dhêdhasar sabar ing panggalih. Badhe kasambêtan.

--- 140 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Saya katawis anggènipun botên kawon.

Wontên paribasan Walandi ingkang mungêl makatên: "Rome is niet op eenen dag gebouwd". Mênggah têgêsipun wentehan: Pandamêlipun kitha Ngêrum punika botên rampung sadintên". Dene pikajênganipun: pandamêl utawi ada-ada ingkang luhur, punika botên sagêd manawi lajêng badhe kadadosakên saêdêg saênyêt kemawon, nanging tumindakipun kêdah kanthi alon-alon. Makatên ugi pangudinipun dhatêng kamajênganing nagari tuwin têtiyangipun, punika inggih botên kenging manawi sarana kasêngka-sêngka, kêdahipun inggih kanthi alon-alon. Amila mênggahing kula, sampun nama lowung, dene kamajênganing tanah ngriki satêtiyangipun pisan sampun samantên têbihipun. Nanging sawêg lowung kemawon, dèrèng nama marêm, jalaran sayêktosipun makatên, mênggah kamajênganing tanah ngriki lan têtiyangipun manawi kapandhing kalihan nagari sanès-sanèsipun, ingkang sampun luhur drajatipun, inggih pancèn taksih nyamut-nyamut sangêt. Ananging kula sadaya kêdah angèngêti kawontênanipun ingriki kala salawe taunan sapriki, kadospundi panganggêp tuwin pangrêngkuhipun bangsa sanès dhatêng têtiyang siti, punika kajawi ngina lan nyêpèlèkakên botên wontên. Kados ta: ing kala punika botên awis wontênipun bangsa, ingkang sampun unggul drajatipun, amastani bilih clowokan papaning utêkipun tiyang siti punika botên kathah bedanipun kalihan gadhahaning kewan. Dados ingriku pikajênganipun cêkak aos namung badhe amastani, bilih tiyang siti punika mênggahing kawruh, kalakuwan tuwin bêbudènipun, kalihan kewan nama: sami mawon, sanadyan ing kala samantên dèrèng wontên tiyang siti ingkang mêndêm sênggoyoran turut margi agêng, utawi dèrèng wontên ingkang sok tumut-tumut ngombyaki paargyan tayuban rangkul ingkang ngantos kaladuk kados samangke punika.

Lajêng sampun kasupèn kawontênanipun têtiyang siti ingkang sami angsal pangajaran inggil-inggil, malah ingkang sêkolahipun wontên ing nagari Walandi, ing kala jaman samantên, lo, punika kajawi kêrêp dipun papanakên ing padamêlan ingkang nyêbal sangêt kalihan diplomanipun, inggih jalaran dupèh bangsa tiyang siti wau, nanging tumrap sêsrawunganipun kalihan bangsanipun piyambak, inggih kojur sangêt. Awit bangsa ingkang dipun pêthik kawruhipun ingkang ngantos sampurna wau, ingkang kathah-kathah sajakipun ragi aras-arasên angêmpali, jalaran tiyang namung inlander kemawon. Dene bangsanipun piyambak badhe angêmpali, rumaos jinja lan awang-awangên, jalaran sadaya-sadayanipun dipun anggêp cara Bêtawinipun sampun: Blandain. Ing wusana tiyang siti ingkang gadhah pangajaran kilenan ingkang saklangkung inggil wau, gêsangipun lajêng kenging dipun upamèkakên: gagak ngangge wulu mêrak. Ingkang makatên punika gêgambaraning gêsangipun ing sajawining padamêlan. Langkung malih wontên ing salêbêtipun padamêlan, saya anggènipun anyakitakên manah, jalaran ingkang kathah-kathah sanadyan kawruh tuwin kasagêdanipun nyamut-nyamut botên sagêd nyandhak, nanging dupèh naminipun: Willem, Jan utawi Jacob, inggih aluwung narimah dipun kèndêli saking padamêlanipun katimbang nyambutdamêl dipun êrèh dening bangsa Inlander ingkang makatên wau.

Sapunika lajêng mriksanana kawontênanipun ing jaman sapunika. Cara ambedak-bedakakên kados ingkang kaandharakên inginggil punika, samangke prasasat botên wontên malih, inggih sêsrawunganipun wontên ing salêbêtipun padamêlan punapadene wontên ing sajawinipun. Langkung malih tumraping sadaya angkatan, punika prasasat sampun botên mawas bangsa malih, nanging ingkang dipun wigatosakên langkung rumiyin kasagêdan tuwin diplomanipun.

Manawi dipun wawas sabrebetan sêsrawunganipun satunggal lan satunggaling bangsa wontên in[28] tanah ngriki punika, pancèn inggih sampun katingal andêmênakakên sangêt. Ngina, ngrèmèhakên punapadene nyeda dhatêng satunggiling bangsa, ingkang taksih asor drajatipun, punika prasasat sampun botên nate kapirêng malih. Bokmanawi jalaran saking sampun kathahipun têtiyang siti ingkang kawruhipun anyamèni kalihan sakathahing bangsa-bangsa ingkang drajatipun dipun anggêp luhur wau. Langkung malih sarêng sampun kathah buktinipun, bilih têtiyang siti punika, manawi pancèn sagêd angsal tuntunan ingkang sae saèstu, botên kawon kalihan bangsa sanès, inggih mênggahing trajangipun nyambutdamêl, punapadene landhêping pikiranipun.

Langkung rumiyin ingriki kula badhe ambuktèkakên, bilih trajangipun nyambutdamêl tiyang ngriki botên kawon kalihan bangsa sanès. Nanging manawi kula mêndhêt tuladhan-tuladhan, ingkang ngatingalakên trajangipun nyambutdamêl tiyang siti ingkang pantês ingalêmbana, kintên kula tombok tangan kula sayah

--- 141 ---

anggènipun nyêrat kemawon, mbokmanawi para maos, langkung malih para maos bangsa sanès, botên sami anggêga, nanging malah anggêgujêng, dipun anggêp, bilih atur kula punika ngêmungakên: "omong kosong" kemawon. Amila ingriki langkung sae kula ngêmot sêratipun Directie pabrik motor N.V. General Motors dhatêng redactie Kajawèn, katiti tanggal 15 Januari punika, ingkang suraosipun kintên-kintên makatên:

Kula nuwun. Kula ngaturi uninga, kala ing wulan Juli 1931, dening Komite ingkang dipun wontênakên ing Sêmarang, dipun pilih satunggiling auto Chevrolet Touring saking wontênipun auto-auto ingkang dipun sadhiyakakên dening agent ingriku. Ingkang lênggah wontên ing komite wau tuwan Mr. M.B. van Meerten, Officier Justitie tuwin Tuwan M.M. van Velsen, Secretaris Kon. Java Motor Club. Auto ingkang kapilih wau dipun pak, kasègêl, lajêng kakintunakên dhatêng New York, pêrlu badhe katandhing kalihan motor damêlan pabrik-pabrik General Mators[29] ing tanah sanès-sanèsipun ing saindênging donya punika, nanging ing sajawinipun tanah Amerika.

[Grafik]

Sêsawangan dununging pabrik General Motors ing Tanjungpriok.

Kasagêdan tuwin kaprigêlanipun punggawa-punggawa têtiyang siti, ingkang anggarap auto ing Tanjungpriok wau, dening kumisi panitipriksa ing New York saklangkung dipun rêgèni sangêt, ngantos sasampunipun dipun pandhing kalihan motor-motor damêlanipun pabrik-pabrik sanès, motor damêlan pabrik Tanjungpriok wau lajêng ginanjar mêndhali êmas.

Sampun samantên kemawon sêratipun Directie General Motors dhatêng redactie Kajawèn ingkang pantês kula pêthik. Ingriku kados sampun têtela, kadospundi trajangipun nyambutdamêl para kaum buruh têtiyang siti. Ingriki kula botên badhe mêlèh-mêlèhakên cariyosipun sawênèhing tiyang bangsa sanès, ingkang amastani, bilih tiyang siti punika kêsèd, botên sagêd nyambutdamêl, lan sasaminipun, kadar samangke sampun katingal mêlok: têtiyang siti punika manawi pancèn sagêd angsal tuntunan sae, tumandang damêlipun inggih botên badhe kawon kalihan bangsa punapa kemawon.

Samangke bukti-bukti ingkang ngatingalakên landhêping pikiranipun tiyang siti. Ing bab punika pancènipun botên prêlu kacariyosakên kanthi panjang malih, jalaran kathahing têtiyang siti ingkang sami apangkat Walandi punapa dene ingkang sami gadhah sêsêbutan Professor, Dr. Mr tuwin Ir inggih sampun bal-balan sayêktos. Ewasamantên kangge pêpak-pêpakipun kados prêlu nyariyosakên lêlampahan sawatawis ingkang nelakakên landhêping pikiranipun tiyang siti, kados ingandhap punika:

Bokmanawi para maos taksih wontên ingkang kèngêtan, bilih kala wulan kapêngkêr, nalika mèngêti Volkenbond, ingriku dipun wontênakên sayêmbara ngarang. Dene ingkang kenging tumut nglêbêti inggih punika para murid sêkolahan têngahan. Mênggah ingkang tumut nglêbêti wau kêdah ngarang: salah satunggiling bab ingandhap punika:

1. Asih punika botên wontên ingkang nyamèni;

2. Margi-margi ingkang kenging kangge andumugèkakên karukunan donya;

3. Salah satunggiling tiyang ahli budi, ingkang sampun suka tandha yêkti, kanthi tumindak ing damêl ingkang nuwuhakên karukunan donya umum.

Miturut pawartos ing sêrat-sêrat kabar, ingkang angsal ganjaran nomêr 1, satunggiling murid A.M.S. bangsa Jawi.

Makatên ugi ing pamulangan guru èstri Walandi ing Salemba (Bêtawi), kalanipun dipun wontênakên sayêmbara ngarang, kabaripun ingkang pikantuk pangalêmbana jalaran saenipun, inggih murid èstri bangsa Jawi malih, angarang ing bab ingkang kasêbut ing angka 1.

Nitik wontênipun tuladhan kalih warni punika, dados cêtha sangêt, bilih landhêping pikiranipun tiyang siti punika sayêktosipun botên kawon kalihan bangsa sanès. Ewasamantên, sanadyan makatên, sakathah-kathahing [sakathah-katha...]

--- 142 ---

[...hing] tiyang inggih mêksa wontên kemawon ingkang dumèh kagolong bangsa luhur, manawi sumêrêp tiyang siti ingkang unggul kawruhipun, taksih anggadhahi gagasan: "Jawel, het is toch maar een Inlander" têgêsipun: "ya bênêr, nanging toh ya mung wong bumi bae".

Para maos. Panjênêngan sadaya mugi sampun kêlintu ing panampi, cundhukipun kalihan kawontênan kasêbut inginggil wau, dados têrang sangêt, bilih ingkang dipun anggêp asor dening liyan punika sanès Inlander kula, sanès kabodhoan kula sadaya, nanging sajatosipun namung asoring kaekonomian kula sadaya.

Sarèhning tumandukipun pangina wau samangke sampun kacêpêng bundhêlanipun, mila bilih bangsa kula Inlander têmên-têmên nêdya ngajêngakên drajating bangsa mangga lajêng sami cancut angêncêngakên lampahing ekonomi, angandêlakên raos pangudining kaekonomian wau, supados bangsa kula sagêd nyirnakakên cap Inlander, salajêngipun sagêda anjèjèri kamulyan tuwin kaluhuraning liyan bangsa.

Botên langkung kula tansah amêmuji, mugi-mugi lajêng tuwuha dhêdhasar ingkang ambangun dhatêng kandêling raos mêngku watêk gêmi, inggih margining kaekonomian, inggih kaluhuran tuwin kamulyaning bangsa.

PÊNTHUL.

KABAR WARI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Kasangsaran ingkang anggêgirisi. Kala dintên Ngahad kapêngkêr, ing sacêlakipun Grogol, Bêtawi, wontên autobus saking Bantên nglangkah margi sêpur, dipun tubruk sêpur saking Bêtawi. Autobus dipun surung têbihipun ngantos 70 m. Tiyang ingkang numpak kathah. Ingkang pêjah sanalika 7 kalêbêt sopir, 12 tatu rêkaos. Sadaya sami kabêkta dhatêng griya sakit.

Pêpetanganing pamêdal pajêg ing tanah ngriki. Miturut pratelan, pajêg panggaotan ing taun 1929 ing tanah ngriki, tumrap tiyang ingkang gadhah pamêdal f 500.000.- dumugi sayuta ing dalêm sataun namung wontên tiyang satunggal, tiyangipun botên manggèn ing tanah ngriki. Ingkang gadhah pamêdal wiwit f 200.000.- dumugi f 500.000.- ing dalêm sataun bangsa Eropa 9, bangsa ngamanca wetanan 3, wontên malih bangsa Eropah 8 nanging botên manggèn ing tanah ngriki. Tumrap bangsa Eropa ingkang manggèn ing tanah Jawi, ingkang gadhah pamêdal f 5000.-dumugi f 6000.-wontên tiyang 5526. Ingkang gadhah pamêdal f 10.000.- dumugi f 15.000 wontên 5412, wiwit f 15.000.- dumugi f 20.000 wontên 1687 sami bangsa Eropa. Wontên bangsa Eropa 75 ingkang gadhah pamêdal langkung 1 ton, bangsa ngamanca wetanan 11 tuwin tiyang siti namung 1.

Dipun dakwa bêsêl. Tuwan de Wit, redacteur Java Bode ing Betawi, kacêpêng ing pulisi jalaran kadakwa mbêsêli arta dhatêng punggawa gupremen nama Noya kathahipun f 50.- prêlu nêdha sêrat ingkang ngêwrat ing bab prêluning tindakipun Mininter[30] van Devensie, Mr. Dr. L.N. Decker dhatêng tanah ngriki. Nanging sasampunipun dipun priksa dening Off, van Justitie, Tuwan de Wit dipun mardikakakên. Malah saking pratelanipun Noya, rumiyin Tuwan de Wit ugi sampun nate ambêsêli f 100.-. Tuwan de Wit kacêpêngipun dening pulisi, nuju nêdha têtêdhakaning sêrat wontên ing griyanipun Noya, sêrat saha turunanipun dados bukti. Sapunika Noya dipun tahan ing pulisi.

Pabrik long anjêblos. Wontên pawartos, pabrik long ing Kêrtosono anjêblos, wontên bêrah tiyang èstri kêkalih sami tiwas.

Pès ing kalangan militèr. Satunggaling saradadu bangsa Jawi ing Cimahi wontên ingkang tiwas jalaran sakit builenpest. Sadaya kanca-kancanipun ingkang nunggil sasectie lajang sami kapriksa, dalah anak bojonipun lan ugi lajêng ngawisi botên kenging mêdal saking tangsi. Bab punika ugi adamêl kasamaraning golongan militèr ingkang sami manggèn ing kampung-kampung.

Pangupaya mina bangsa Jêpan. Wontên pawartos saking Medan, kapal pirantos pados ulam bangsa Jêpan Hakunomaru sampun dumugi ing Sabang, prêlu badhe mriksa sakiwa-têngênipun Pulo-weh, mbokmanawi ing ngriku kenging kangge nindakakên ngupaya ulam.

Landrechter ing Têgal. Mr. R. Sudibyo Dwijosewoyo rumiyin wd. pangarsa landraad ing Brêbês, katêtêpakên makili Landrechter ing Têgal.

Bangsa Badui ing Bantên. Kawartosakên, bangsa Badui ing Bantên Kidul, sampun rambah-rambah angawisi punggawa landrente ingkang nuju ngukur siti ing wêwêngkonipun, nanging botên dipun paèlu. Bangsa Badui wau lajêng ambêskup sawarnining pirantos ngukur, saha salajêngipun kalapurakên dhatêng ingkang wajib. Wusana resident dhawuh supados pangukuring siti kasandèkakên.

Lurah ingkang ambêg asih. Ing Gang Terate wontên tiyang nyambutdamêl dados mandor ing kantor dagang ing Tanjungpriok. Tiyang wau sakit kalajêng dumugi ing ajal. Nalika ngajalipun mandor wau, pangagêng kantor dagang dhatêng, ngêngimur dhatêng kulawarganipun ingkang ngajal wau saha sagah mitulungi arta f 15 sabên wulan ing salêbêtipun taksih wontên ing Bêtawi dhatêng warandhanipun ingkang ngajal. Saha salajêngipun badhe kintun sêrat dhatêng London, supados warandhaning mandor wau salajêngipun sagêd angsal pitulungan.

Secreteris partikelir ing Bogor. Putranipun K.T. Ingkang Wicaksana nama Mr. Jhr. J.A. de Jonge, ingkang nêmbe lulus angsal sêsêbutan Mr. babagan pangadilan ing Utrecht badhe dumugi ing ngriki. Wontênipun ing ngriki badhe dados secretarisipun partikelir K.T. Ingkang Wicaksana.

--- 143 ---

Nyalingkuhakên arta. Satunggiling architect ing Bandung anglaporakên dhatêng ingkang wajib, bilih juru sêratipun nyalingkuhakên arta f 20.000.- patraping salingkuh sarana malsu staat padamêlan. sarêng kagledhah pinanggih staat ingkang saèstu, tuwin kasumêrêpan gadhah sabin 5 1/2 bau tuwin motorfiets.

[Grafik]

Kapal Rigel. Kapal Rigel benjing tanggal 5 Februari ngajêng punika badhe dumugi ing Sabang. Salajêngipun badhe katindakakên kangge baita mijinlegger.

Botên nanêm rosan malih. Miturut katrangan, ing salêbêtipun taun 1932 punika, pabrik-pabrik gêndhis ingkang badhe botên nanêm rosan wontên 53 panggenan.

Rêrêgèn rajakaya ing Gombong. Rêrêgèn rajakaya ing Gombong sakalangkung mirah, maesa namung pajêng f 12.- awis-awisipun f 15.- Makatên ugi rêgining lêmbu, wontên ingkang namung f 8.-.

Comite kabudidayan tênun ing Surakarta. Comite kabudidayan tênun ing sapunika dipun bangun dening pang B.O. ing Surakarta, kanthi ngawontênakên pawitan kintên-kintên f 1000.- ancasing sêdya prêlu kangge nyukani padamêlan dhatêng golongan angguran.

Kasamaranipun têtiyang laladan Blitar. Sampun sawatawis dintên têtiyang ing laladan Blitar sami nyamarakên dhatêng panjêblugipun rêdi Kêlut. Nanging miturut pêpriksanipun ahli rêdi latu, kawontênanipun rêdi Kêlut botên mutawatosi, namung kados adat kemawon.

Tuwan H. A. Salim sampun dados redactur malih. Wontên pawartos, Tuwan H. A. Salim ing sapunika sampun angsal panggenan dados redacteur Perca Selatan ing Palembang.

Ambêskup arta talèn palsu. Kawartosakên, punggawa pangrèhpraja ing Pacèt Sindanglaya, kanthi dipun biyantu veldpolitie ing Cianjur, anggledhah griyanipun bangsa Tionghoa ing Pacèt, sagêd ambêskup arta talèn palsu cacah 3000 iji. Sarêng katiti arta wau asli saking Tiongkok. Sukur dene arta wau dèrèng patos sumêbar.

Nama sêsinglon. Ing Kajawèn mêntas martosakên ing bab bangsa Tionghoa nama Oei Siok Hie, ingkang kadakwa ngapusi ing bab panyadenipun loterij. Ing sapunika wontên pawartos, nama wau nama sêsinglon, nyatanipun nama Oei Jok Kwie, asli saking Magêlang sampun kasumêrêpan ing bab anggènipun ngapusi wontên ing Magêlang, Wonosobo, Parakan tuwin Têmanggung, nalika nuju ambikak pasar malêm.

Cooperatie P.K.N. ing Ngayogya. Dumuginipun sapunika cooperatie P.K.N. sampun sagêd ngawontênakên cooperatie-cooperatie ing dhusun-dhusun cacah 75 panggenan, ing sabên sapanggenan dipun sadiyani pawitan f 3000.- dados sadaya sampun wontên pawitan f 22.500.-.

Sudan balanja ing karajan Jawi taksih dados rêmbag. Kawartosakên, Sinuhun Sultan ing Ngayogya anduwa ing bab rêmbag badhe panyêngklongipun blanjanipun para kawula wiwit 5 dumugi 10%, amargi balanjaning para kawula taksih langkung andhap tinimbang tatanan B.B.L.

Mogok angsal pitulungan. Ing Surabaya mêntas wontên pasulayaning rêmbag para Verpleger, ngantos wontên ingkang sami dipun kèndêli. Ing bab punika para Verpleger wau lajêng sami parêpatan wontên ing Gêdhong Kabangsan. Wontên ing ngriku Dr. Murjani mêdhar sabda badhe nyukani pitulungan dhatêng para ingkang sami dipun kèndêli adamêl sabun tuwin kecap. Ing sapunika nyewa griya wontên ing kampung Gubêng, pawitanipun f 500.- mêndhêt saking fonds pitulungan. Sambêt kalihan pawartos bab punika, sanès dintên Dr. Murjani lajêng kapindhah dhatêng griya sakit ewah ing Malang.

Karampungan saking Departement Pangajaran, bab sêkolahan. Parentah saèstu badhe ngliyêr sêkolahan Walandi ing Têgal, dene sêkolahanipun Mulo botên. Nanging sêkolahan Mulo wau lajêng dipun liyêr dening neutrale Schoolvereeniging ingkang nêmbe madêg.

Ing bab sêkolahan ing Mlatèn Sêmarang. Karampunganing papriksan bab sêkolahan ing Mlatèn, Sêmarang, katêtêpakên, gurunipun nama Dietzel, ingkang gêgayutan kalihan prakawis sêkolahan, dipun kèndêli.

ASIA.

Republiek Mansyurie. Ing salêbêtipun sawulan, Jêpan gadhah sêdya badhe ngêdêgakên republiek tanah Mansyurie. Ingkang dipun calonakên dados president Puyi tuwin Cang Chin Hui.

Wadya Tiongkok abrit. Kawartosakên, ing Tiongkok kidul tuwuh wadya Tiongkok abrit adamêl kasamaran, malah wadya abrit wau sampun sagêd ngangsêg dhatêng Kwang Pei, ingkang têbihipun saking Hankow namung 30 mil. Wadya Parentah ingkang badhe nyêgah ajênging wadya abrit malah sami têluk.

--- 144 ---

Waosan

Dongèng ingkang Kaping Tiga

Drêsthadyumna

20.

[Sinom]

nanging wadya kang tumandang / datan pisan ngrumasani / lamun wus kelangan daya / malah saya gung ing ati / awit wus angêbroki / bètèng-bètèng myang ginêmpur / dadya mênggah pangira / bètèng kang tinêmpuh kari / yêkti sami tan ana prabedanira //

Sang Nata Prabu Elala / sawadya tumêmpuh wani / ing galih rasa jubriya / kinira yèn mungsuh mangkin / wus datan andayani / nanging cipta mangkanèku / sanyata sèwu lêpat / malah jatinira mangkin / Sri Elala kalêbu sajroning kala //

[Pangkur]

tan mundur Prabu Elala / saya ngangsêg dènira nêmpuh biting / tan ngrasa lamun kêcêmplung / gêlaring mêngsahira / malah ngira lamun ing samangkya rampung / panêmpuh ingkang wêkasan / marma sinêru kapati //

datan antara kawuryan / jumêdhuling wadya Sri Dyumna mangkin / kadya ngêgèt praptanipun / tur wadya kang umapag / samya wadya pêpilihan punjul-punjul / dènira umapag mêngsah / katon datan nguciwani //

dhasar asarwa têmbean / rumaganging karya anyantosani / kang karosan maksih wutuh / kosokwangsul lan mêngsah / kawistara dayanira pan wus lêsu / yèn ta tinandhinga lawan / wadya praja nguciwani //

nanging tan pisan rumasa / dening sabên nêmpuh yuda salami / amung kapara ing unggul / tau tate rumangsang / baluwarti angganthol kapurancang syuh / sanggyaning mêngsah rinasa / tan ana kang andayani //

kacarita duk samana / têtindhihing wadya ulah jêmparing / Sang Pasudewa jêjuluk / wadyanira Sri Dyumna / wusing campuh prajurit arahan ngêbyuk / tandya wira Pasudewa / ngêtab bala anywara ngrik //

soraning suwaranira / kadi gêlap rasa ambêlah langit / gumalêdhêg jagad kêmput / sadaya kang miyarsa / samya cingak angira akasa rubuh / nanging wadya kang wus wikan / mung tumratab sawatawis //

dene wadyanirèng mêngsah / yèku para prajurit bôngsa Tamil / duk myarsa kang swara asru / samya langkung kampita / têmah samya anjanggirat tilar mungsuh / tan pisan kêni pinênggak / dening samya ngrasa giris //

agiris winoran samar / dènnya oncat linut surak ngêbyuki / samana Elala Prabu / sakala ngêmu duka / duk uning mring wadya kang samya lumayu / nulya asasmita mênggak / mrih aywa ngucirèng jurit //

riwusing wadya ngalêmpak / Sri Elala langkung dènnya ngrêrapih / mêmulih kawanènipun / nanging para punggawa / ing tyas maksih kamoran maras kalangkung / tan gampil pinrih èngêta / dening akagèt kapati //

jalaran sing kagètira / ing satêmah kawanèning prajurit / sanalika sirna larut / lan malih para wadya / wus kalangkung kasok sayahing panêmpuh / marma tumandanging karya / kuciwa tan mitayani //

saya dupi wus kanyatan / têtindhihing wadya praja kalindhih / dening wadya Dyumna Prabu / kang prawira ing yuda / môngka tuhu wadyanya Elala Prabu / kasub prawira ing yuda / tan ana mungsuh tumandhing //

malah kêni yèn ingaran / ing salami kang anggung nyantosani / mring adêging prajanipun / prandene dupi aprang / lan têtindhih wadya Sri Dyumna kasambut / tan pisan môngga puliha / kongsi tan kinira yêkti //

ing satêmah para wadya / dupi sirna kang dadya senapati / larut kasantosanipun / rasaning tyas mung uwas / marma nadyan mangkya antuk dhawuh prabu / mrih samya wangsul lumawan / mung samya datan kadugi //

samana Prabu Jumêna / dupi uning kalamun bôngsa Tamil / samya sar-saran lumayu / nata nulya dhêdhawah / mring pra wadya mrih samya ngèndêli pupuh / ywa anglut mring mêngsahira / kang wus samya angoncati //

awit prajurit prawira / tan utama anglut mêngsah kang ngisis / duk samana kandhêg sampun / wadyanya Sri Jumêna / tan kaparêng anglut mring mungsuh kaplayu / tandya dhawuh wara-wara / ngungêlkên tambur mratani //

dene kaparênging nata / mrih mundura wadya kang samya jurit / awit mungsuh kang lumayu / kalamun dèn bujênga / amung têtêp tan ana wani tumangguh / dadya sanadyan unggula / mung arasa nguciwani //

marma yogya pinrih bubar / mrih ywa mawèh samaring mêngsah aji / dene kalamun wus kumpul / tan darbe kasamaran / mêngsah arsa ingajak atandhing pupuh / nôndha kaprawiranira / para têtungguling jurit //

tanapi nata piyambak / arsa tandhing yuda samining aji / dadya acêtha dinulu / unggul asoring yuda / aywa pisan atindak pêrang barubuh / asor miwah unggulira / datan ana kang katawis //

atanapi têtandhingan / Sri Jumêna lan Elala Narpati / yèku aran tandhing tuhu / pêrang samya narendra / singa asor miwah singa ingkang unggul / yêkti katitik sakala / tinon para wadya sami //

Sri Jumêna dyan sêsumbar / hèh Elala aywa ngucirèng jurit / tinggal glanggang colong playu / kadi dudu narendra / kang mangkono pantês tindaking wong nguthuh / tan merang maring sasama / hèh sira mandhêga nuli //

lah payo papagên ingwang / ngadu jaya tandhing padha narpati / singa kang kapara unggul / wênang ngêrèh kawasa / lamun ingsun kasoran yêkti mabukuh / manêmbah mring jênêng sira / balia ingsun antèni //

Sri Elala duk miyarsa / kampitèng tyas talingan lir dèn sêbit / ngêndhêgi sakala wau / ngaglah sarwi angucap / hèh Jumêna sira apan maksih pupuk / arsa lumawan maring wang / lah payo ngatogna budi // (Badhe kasambêtan)

--- 13 ---

Nomêr 4, Taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Sulapan

Ing Kajawèn bagean bocah sok macak wadi-wadining (rekane) sulapan. Iku iya ana gunane tumrap marang bocah kang watak gumunan. Mulane yèn durung ana sing ngandharake aku tak macak urun pratikêle sulapan kang wis tau dak wêruhi, kaya ing ngisor iki:

Ana sawjining tukang sulap ngobong dluwang, awuning dluwang nuli diusar-usarake ing peranganing awake (lêngên, èpèk-èpèk lan sapêpadhane) utawa ing peranganing awake bature. Peranganing awak kang diusar-usari iku maune mung katon rêsik bae, nanging sawise diusar-usari ing awu banjur katon ana tulisan utawa gêgambaran arupa irêng (saka awu) cêtha bangêt.

Hla, iku mangkene, kônca. Sadurunge nyulap, peranganing awake kang arêp diusar-usari mau ditulisi utawa digambari apa-apa (ana ing ngomah) nganggo jur-juran sabun. Yèn wis garing iya ora katon, nanging isih anduwèni daya kêlèt. Mulane sanajan wis suwe olèhe nulisi, yèn diusar-usari ing awu, awune iya nèmplèk ing kulit nurut tulisan banyu sabun mau. Panggonan kang ora tinulisan sanajan diusar-usari iya ora pati katon cêtha tinimbang kang tinulisan.

Coba, kang maune durung ngrêti saiki jajalên, ca.

Mitra ing Mantrèn, Punung.

Dongènge Wong Cêthil

IV. Karyadôngsa kobongan

Gambuh

nanging wong yèn wis gambuh / nyang lêlakon kang dadi kêpatuh / kabèh bae diarani bêcik apik / ora ana tindak luput / sing dilakoni ing uwong //

kaya Pak Karya iku / sanadyana uwong anggêguyu / nyang watake kang nyatane ora bêcik / ning malah gênti angguyu / unine anggêr nyalêmong //

ngarani kabèh luput / dadi aran wong saya kabacut / niyate mung anggugu karêping ati / ananging lêlakon iku / suwe-suwe sok kêtanggor //

tanggane

--- 14 ---

Karya iku / kabèh nganti kaya padha nyatru / yèn Pak Karya kapinujon sukêr sakit / ora ana wong sing nginguk / sasat ora tanggan uwong //

samana bêngi nuju / Karyadôngsa durung mapan turu / isih linggih ana ngambèn ngadhêp sênthir / karo anggêgagas galur / ngulur pikir nganti katog //

sajrone thênguk-thênguk / suwe-suwe ngantuk thêklak-thêkluk / kagèt krungu ana kucing mancal piring / Karya anjanggirat gugup / sênthir dipancal wutah sok //

gênine banjur murub / klasa galar dadi urub-urub / Karya bingung tangane ibut nyaruki / dilalah ikête mak bul / murub nganti kaya obor //

tumuli tulung-tulung / mênyang jaba ngalor ngidul bingung / tôngga-tôngga barêngan padha marani / barêng wêruh êndhas murub / banjur plag-plog padha nabok //

sirêping ikêt murub / Karya nganti arasa sêmaput / barêng eling ngucap: angudubilahi / ayo tôngga: tulung-tulung / sirêpên omahku kobong //

nanging sing padha tulung / kabèh judhêg kaya uwong bingung / saka giris mêruhi gêdhening gêni / urube nywara gumrubug / kana-kene nywara jêthot //

gênine saya ngamuk / suwe-suwe wong sing padha ngêbyuk / ora wani malah padha angunduri / barêng Karyadôngsa wêruh / banjur nyuwara ambêngok //

genea padha mundur / pantês têmên lan sing duwe dhapur / ora isin ketok padha pating clili / bikute yèn mung pinuju / ngêpung ambêng gêdhe longgor //

uwong sing padha ngrungu / padha muring lan mangsuli sêru / wah anggêpe Karyadôngsa yèn ngabani / kabèhe dianggêp batur / digarap sakênyoh-kênyoh //

iki ya wis têtulung / nanging sapa sing gêlêm makungkung / yèn matia harak jênênge nglabuhi / uwong cêthil ora urus / wis môngsa bodhoa kono //

gêni sangsaya murub / êntèk ora ana sing kêkukub / suwe-suwe gêni sirêp nganti mati / wis kêsundhul wayah esuk / akèh wong sing padha nonton //

wong têka pating grudug / ana kagèt muni anggêr mêtu / dene iki omahe Dèn Karyadèngsi / apa kira bisa mlayu / apa kira mati kobong //

kobonga mêsthi mambu / ning ya êmbuh yèn wis dadi awu / ah kobonga yèn wong kaya ngono kuwi / aku malah milu sukur / awit ora lumrah uwong //

sanadyan sugih iku / kobongana ora gêtun aku / wong dhèwèke ora lumrah lan wong urip / tegan anêkêki gurung / yèn potang nyilakani wong //

biyèn aku wis tau / utang dhuwit dhèk mati anakku / ewadene isih kobêr angandhani / sabubare saka kubur / aja lali bayar kropyok //

ana uni calêbung / wah saiki wakne Karya iku / tèk-êntekan nadyan têkan para tinggi / mêsthi padha dadi awu / katut dalah lêmut jingklong //

mangkono kang katêmu / wong kang ora lumrah liyan iku / yèn nêmoni sabab sok ngisin-isini / malah ana anggêguyu / trêkadhangan kêplok bokong //

sanadyan ngono mau / jênêng luput dene anggêguyu / nanging priye wis lumrah watak wong kuwi / mulane ing saiki mung / wruhana laku sing ngono //

--- 15 ---

Kucing Mancing

Ana dongèng kang rada angguyokake, jare biyèn kewan-kewan kabèh bae, padha bisa kandhan kaya uwong ngene, wah samono dhèk kuna anèh-anèhe.

Mula biyèn sarupaning kewan-kewan, isih urip ana ngalas panthan-panthan, yèn ing alas gêdhe sing ngratoni macan, ngèngèr uwong kabèh durung sudi doyan.

Yèn bangsaning kewan sing golongan kucing, kêlumrahe akèh padha gêring-gêring, nanging bêcik acancing awake wingwing, eman dene arang bangêt mangan daging. Nanging kabèh biyèn pancèn anèh-anèh, nadyan kucing sing uripe anggaluwèh, yèn kalane mancing iwak bisa olèh, kala-kala nganti tandho-tandho gêrèh.

[Grafik]

Ana kucing kuru wônda kucing desa, bab prakara kurange mangan katara, mula nadyan awak cilik ketok dawa, loking akèh jênênge karan Dawala.

Sabên esuk kulina nyang pinggir kali, kaya bocah dhêmên nganggo kathok klambi, gawane walêsan pancing lan tali, yèn caraning uwong ya golèk rijêki.

Satêkaning pinggir kali angêthêngkrêng, pasêmone antêng sajak kaduk mênêng, nuli mancing napase karo dipêgêng, ora suwe krasa olèh iwak gèncêng.

Bangêt bungah Dawala angguyu: Hah, hah, ana iwak gêdhene têka sahohah, ora ilang rêkasaku olèh brêkah, cukup didum: aku, simbok, bapak, simbah.

Nuli mulih iwak dicancang gumandhul, ati gêdhe nyang dhadha kêrasa jujul, sabên kewan sing wêruh padha anjumbul, athik ana iwak gêdhene saprangkul.

Ing pancène kucing kapenak uripe, nanging banjur ngèngèr uwong ing pamrihe, mung supaya bisa mangan sawarêge, kari nglekar ora tau nyambut gawe.

Kang mangkono kucing banjur dadi kêsèd, gaweane sabên dina plelat-plèlèt, banjur tuman katiban gitik sumêlèt, gulo bocah ngono gambare wong kêsêd.

--- 16 ---

Aja Ugungan

Bocah-bocah, iki ana gambar carane nêtakake bocah ing nagara Gorontalo, bocah sing têtak disandhangi bêcik, pating glêbyar dirêngga mas intên. Mêsthi bae têtakan sing kaya ngono mau iya nganggo pasamuan gêdhèn, nganggo ngulêmi sanak sadulur sing adoh-adoh.

Nanging cara sing kaya ngono kuwi saiki wis suda, bisa uga suwe-suwe malah ilang babarpisan, awit tumrape bocah sing nglakoni rumasa rikuh dhewe, trima ditindakake saprêlune bae.

[Grafik]

Satêmêne ora mung tinêmu ana ing nagara Gorontalo bae, ing ngêndi-êndi iya ana, malah tumrape golongan Jawa rada kêlumrah. Yèn dhèk biyèn bakune wong duwe gawe sing digawe gêdhèn iku, têtakan lan mantu. Carane rêna-rêna, tumrape wong sing kêcukupan utawa priyayi, têtake ana ngomah, diarani ngundang êbong. Ana manèh têtake mênyang panggonaning êbong, lakune sing têtak nganggo diarak reyog utawa liya-liyane.

Tindak sing kaya ngono mau, ana sing tuwuh saka karêping wong tuwa, jare rumasa isin yèn nêtakake bocah mung ringkêsan bae, ora idhêp wêlas mênyang bocah.

Mangkono uga tumrap bocahe, ora kurang sing duwe panjaluk: Aku gêlêm têtak yèn ditanggapake wayang sadina sawêngi. Lan isih ana liya-liyane manèh.

Dene tindak mangkono mau, yèn dipikira dawa mêsthi mung gawe kaborosan. Yèn tumrape sing wis kêcukupan mono ora dadi ngapa, balik wong sing satêmêne rêkasa banjur tumindak mangkono, mêsthine iya andadèkake ora kapenak.

Nanging kaya-kaya tatacara mangkono mau, tinêmune ana ing jaman saiki wis ora pati kêlaku, jalaran saka karêpe bocahe, awit sing akèh-akèh bocahe wis pangajaran, malah ora kurang mung mak sluthu têtak ana panggonaning dhoktêr, rampung.

Dene mungguhing pakolèhe têtak mênyang dhoktêr, ora dikandhakake dawa, ayake bocah-bocah iya wis padha ngrêti, sapisan, nganglangake samar, kapindho gêlis mari.

Bab iki, mungguhing pakolèhe, gêgayutan karo kawarasan kang nyata.

Kapriye ta, bocah-bocah, apa kowe isih arêp ugungan. Yèn têtak kapengin diramèk-ramèkake, nganggo wayangan, nganggo nayuban, lan anjaluk sandhangan sing èèdi[31] pèni. Pikirên sing dawa.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 8, 18 Pasa Je 1862, 27 Januari 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [145] ---

Ôngka 8, 18 Pasa Je 1862, 27 Januari 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan. Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Kawah Ratu

[Grafik]

Ing nginggil punika sêsawangan kawah Ratu, ing rêdi Tangkuban Prau, Priyangan.

--- 146 ---

Lampah-lampah Pasamuwan Jumênêngan Dalêm Nata Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana X ing Surakarta Jangkêp 40 Taun.

Ing dintên Kêmis tanggal kaping 12 Siyam Je 1862 utawi tanggal kaping 21 Januari 1932, ing wanci jam 7 enjing sadaya para bôngsa Eropah sampun ngalêmpak wontên gupêrnuran. Nanging jalaran saking jawah, wontên panuwunan saking pêpatih dalêm, supados angêntosi, nanging namung sawatawis dangunipun, lajêng bidhal malêbêt dhatêng kadhaton, ingkang lampah-lampahipun kados ingkang sampun kawrat ing sêrat-sêrat kabar. Sasampunipun miyos ing sitinggil, sampeyan dalêm ingkang wicaksana lajêng maringakên bintang-bintang karaton.

Sarampunging prêlu sadaya, sampeyan dalêm ingkang wicaksana lajêng nitih kareta kancana pangirid kapal wolu, têdhak kirap angubêngi praja, mawi upacara kaprabon jangkêp, para ingkang andhèrèkakên, sadaya mèh ngangge oto. Panjanging arak-arakan wontên kalih kilomètêr. Rampunging lampah ngantos jam 3. Mênggah lampah-lampahipun:

Sontên wanci jam 9, ing kadhaton kawontênakên pasamuwan padhayan katawang, miturut katrang,[32] wontênipun padhayan katawang punika namung manawi tingalan dalêm jumênêngan, dene gladhènipun wontên ing dintên Anggara Kasih.

Dene mulabukanipun wontên bêksa katawang wau, cêcariyosanipun makatên: nalika Sinuhun Sultan Agung pêpanggihan kalihan Nyai Rara Kidul, wontên ing sagantên kidul, mawi mêdhar pamanuhara linut ing kidung, inggih punika ingkang lajêng dipun trapakên dados sindhèn katawang, saha dipun bêksani. Ing salajêngipun Sinuhun Sultan Agung karênan sangêt, saha lajêng katelad kagêm padhayan, minôngka pangèngêt-èngêt nalika pêpanggihanipun kalihan Nyai Rara Kidul. Lan tindak padhayan makatên wau kangge sarana manawi Nyai Rara Kidul badhe pêpanggihan.

Ing sapunika gêndhing tuwin bêksan wau lajêng dados wingit, dene patraping gladhèn, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, ngêmungakên wontên ing dintên Anggara Kasih. Makatên ugi ing kalanipun galadhèn utawi gêbyagan, kathah ubarampenipun, kados ta sajèn dhatêng Nyai Rara Kidul, kêkutuk tanpa kèndêl, ngantos dumugi ngawontênakên panganggêb Nyai Rara Kidul wontên ing ngriku. Lan malih dipun awisi sangêt, ing kalanipun anjogam[33] botên kenging sêmbrana, kêdah suci tuwin mawi pêpaès.

Sindhènipun ambarung sêsarêngan jalêr èstri kathah, mawi dipun sêlani pasindhèn èstri piyambak. Wingiting sindhèn wau, tiyang ngantos ajrih ngêcakakên padintênan, sanadyan namung rêngêng-rêngêng pisan. Makatên ugi sawêg bab panuruning bukunipun pasindhèn, ugi kêdah mawi kêkutug, botên liya jalaran kêbêkta saking wingitipun, pancènipun malah botên kenging dipun têdhak.

Ing ngriki prayogi nyariyosakên ing bab tumindaking damêl ngantos dumugi rampunging prêlu namung cêcêkakan, awit tindak ing bab punika kenging dipun [dipu...]

--- 147 ---

[...n] wastani lôngka wontênipun.

Ing dintên Rêbo tanggal 11 Siyam, para pangeran, para abdi dalêm agêng alit ingkang sami nyanggi damêl (ingkang nama abdi dalêm agêng punika wiwit ingkang pangkat bupati), sami tumindak ing damêl, nata palênggahan dalêm bale bukasri (troon) saha kursi-kursi ing sasana sewaka. Wontên ingkang nata palênggahan ing dalêm prabasuyasa (dalêm agêng) tuwin sasana parasêdya. Kajawi punika ugi nata kagungan dalêm gôngsa-gôngsa, ing salêbêting kadhaton, sajawining kadhaton, ingkang badhe kaungêlakên rintên dalu ing salêbêtipun wontên pahargyan, gôngsa sakatèn wontên ing sitinggil, ugi katabuh rintên dalu. Kajawi punika ing margi ingkang badhe kalangkungan wiyos dalêm kirap, ugi dipun tatani gôngsa tuwin umbul-umbul bandera rontèk.

[Grafik]

Pamulangan Pamardi Putri, ingkang para muridipun ugi mahargya.

Pangulu dalêm dumugi ing para abdi dalêm mêthakan sadaya, punapadene abdi dalêm juru suranata, sami nindakakên salat kajat.

Ing dintên Kêmis enjing, ing kadhaton pasewakan pêpak, tatanipun sadaya botên beda garêbêgan. Makatên ugi lampah-lampahing miyos sinewaka dhatêng sitinggil kados adat, dipun pêthuk ing tuwan gupêrnur. Sasampunipun lênggah sinewaka wontên ing sewayana, tuwan gupêrnur kundhisi wilujêng dalêm jumênêng 40 taun, dipun urmati drèl, dipun sêlani mriyêm Kyai Swuhbrastha tuwin Kyai Sagarawana. Sasampunipun lajêng bidhal miyos kirap, nitih kareta Kyai Garudha Kancana sakalihan [saka...]

--- 148 ---

[...lihan] tuwan gupêrnur, rakitan kapal Ostrali wolon. Ingkang nunggil sakareta titihan dalêm, Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, saha priyantun dalêm ingkang ngampil kêcohan. Panitih dalêm wontên sangajênging sasana sumewa, miyos ing gladhag, mangalèr, salèr bètèng mangetan, sositèit harmoni mangidul, Baturana mangilèn, Gêmbêlêgan mangalèr, Nonongan mangetan, gladhag mangidul, rawuh ing sasana sumewa, lajêng lênggah sinewaka malih wontên bangsal manguntur tangkil.

Sasampunipun lênggah, lajêng kundhisi: wilujêngipun Sri Bagendha Maharajaputri, ingkang mangandikakakên sampeyan dalêm ingkang wicaksana, 2. wilujêngipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, ingkang mangandikakakên tuwan gupêrnur. 3. wilujêng dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, ingkang mangandikakakên tuwan gupêrnur. 4. wilujêngipun tuwan gupêrnur, ingkang mangandikakên sampeyan dalêm ingkang wicaksana. Sadaya mawi dipun urmati mariyêm. Lajêng kasundhul ajêngipun para ingkang sami ngunjukakên kasugêngan dalêm. Wusana jêngkar têdhak ing sasana sewaka malih. Wusana bibaran.

Ing dintên Kêmis wau ingkang nama dintên pahargyan ingkang agêng piyambak. Lan ugi kala sampeyan dalêm ingkang wicaksana têdhak kirap, pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas lênggah ing dalêm prabasuyasa, kaparak para putri dalêm, priyantun dalêm, punapadene abdi dalêm èstri marak kados garêbêg.

Mênggah urut-urutaning lampah nalika têdhak dalêm kirap, ngajêng piyambak titihan pêpatih dalêm, motor utawi karetanipun abdi dalêm bupati jawi lêbêt, abdi dalêm musik, prajurit prawira tamtama, miji pinilih, prawiranom, abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar jawi sapanunggilanipun, anjajari jèjèr nyakawan, upacara kasêpuhan, dipun ampil abdi dalêm priyantaka, kapal pandêngan prabot karajan tuwin prabot watangan, gamêlan carabalèn, panèwu mantri lurah bêkêl jajar suranata, prajurit truna kêmbang, upacara kadipatèn, abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar gêdhong, ampilan ingkang dipun ampil abdi dalêm kaparak, otobis dipun tumpaki abdi dalêm badhaya ingkang ampil-ampil, motor ingkang dipun titihi priyantun dalêm, ugi ampil-ampil, abdi dalêm musik kadipatèn, èskortê, titihan dalêm kareta Kyai Garudha Kancana, dipun urung-urung abdi dalêm urdênas, tuwin abdi dalêm kaparak pinilih sêsêlingan kalihan abdi dalêm prajurit jayèngastra, èskortê, abdi dalêm musik, prajurit jaya tanantaka, jayasura, trunasura, jagabraja, jagasura, pungkasanipun motor utawi karetanipun Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, para bandara kangjêng pangeran, tuwan-tuwan amtênar, militèr tuwin tamu sanès-sanèsipun.

Ingkang nama pasamuwan agêng, kajawi pasamuwan ing dalunipun malih, kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, inggih ugi nalika paradhênipun abdi dalêm prajurit wontên alun-alun kidul, wontên ing dintên Sabtu tanggal kaping 14 wulan Siyam, sampeyan dalêm ingkang wicaksana miyos mariksani, sakalihan pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas.

--- 149 ---

Adêgipun Kabupatèn Adikarta Bawah Dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam VII Jangkêp 100 Taun.

Nalika tanggal 23 Dhesèmbêr 1931 ing kitha Watês (Kulonproga) wontên karamean aêng-agêngan,[34] inggih punika amèngêti adêgipun kabupatèn Adikarta jangkêp 100 taun.

Murih para maos sagêd sawatawis gonah ing pundi papanipun kabupatèn Adikarta punika, kula badhe angaturi katrangan sawatawis.

Kabupatèn Adikarta punika kalêbêt bawah rèh Kadipatèn Pakualaman, dumunung ing sakilènipun lèpèn Praga, dene kithanipun Watês.

Kadosdene sampun kadongèngakên ing Kêjawèn, ing wulan Dhesèmbêr kapêngkêr, ing Kadipatèn Pakualaman, inggih ngawontênakên karamean agêng-agêngan, prêlu amèngêti, pangagêng trah kadipangingtèn,[35] inggih punika, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam VII jangkêp 25 taun, ngasta pusaraning praja Pakualaman.

Mila kados sampun jinôngka ing Pangeran ingkang murbèng tuwuh, dene ing wulan wau, bawah dalêm sampeyan dalêm kangjêng gusti, inggih punika rèh Kabupatèn Adikarta, madêgipun jangkêp 100 taun. Ingkang makatên wau andadosakên bingahing sadaya para abdi dalêm santana saha sadaya bôngsa Walandi tuwin Tionghwa, ingkang sami dêdunung wontên ing Kabupatèn Adikarta, sami sayuk amèngêti sarta angurmati 100 taunan wau, malah kalêrês ing dintên amèngêti wau, sampeyan dalêm kangjêng gusti sagarwa putra rawuh sacara Officieel sêsarêngan kalihan paduka tuwan gupêrnur saandhahanipun, para amtênar B.B. Walandi, sami mangagêm grutnèn (groot ambtsgewaad).

[Grafik]

Gambar I

Gambar I punika gambaripun nalika sampeyan dalêm kangjêng gusti kalihan paduka tuwan gupêrnur tuwin para tamu agung, lênggah tasi, ing Bale Agung (raad-zaal) Kabupatèn Adikarta, kitha Watês.

Gambar II punika nalika sampeyan dalêm kangjêng gusti ambikak (onthullen) tugu ing kitha Watês, minôngka [mi...]

--- 150 ---

[...nôngka] tôndha kaurmatan saha katrêsnan, inggih punika pisungsung saking bôngsa Tionghwa ingkang sami dêdunung ing bawah dalêm Kabupatèn Adikarta. (Ingkang katingal ing ngajêng piyambak, saking kiwa manêngên, Tuwan Tan Tjauw Hwat, Wijkmeester ing Watês. Panjênênganipun ingkang Bupati Adikarta, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam VII mêntas ambikak tugu, kalihan paduka tuwan gupêrnur Ngayogyakarta).

[Grafik]

Gambar II

[Grafik]

Para maos kados taksih èngêt karangan ing Kajawèn bab gajah, saha ing ngriku nyariyosakên ing bab anggèning gajah rêmên gêgrombolan. Ing nginggil punika wujudipun gajah wanan ingkang nuju gêgrombolan ing tanah Aprikah, dipun gambar saking gêgana.

--- 151 ---

Pawartos Sanès Praja

Pasulayan Tiongkok kalihan Jêpan

Yèn dipun côndraa, kawontênanipun praja Tiongkok tuwin Jêpan ing môngsa punika, kados nagari tinutup ing pêpêtêng, ingkang têtiyangipun sawêg bingung sami pados pêpadhang.

[Grafik]

Saradhadhu bôngsa Tionghwa sami numpak sêpur badhe dhatêng Mansuriah

Ing salêbêtipun môngsa ingkang kados makatên punika tumrap wawasaning sanès praja tansah anganggêp damêl kasamaran, awit pikantuking pasulayan ingkang kados makatên punika namung badhe anuwuhakên sabab warni-warni, ingkang wasananipun badhe nyêmpyok adamêl kirang têntrêming donya. Nanging tumrapipun ingkang sami nglampahi, raos kasamaraning sanès wau botên anabêti utawi botên dados pêpèngêt, awit sadaya sampun sami waringutên, upami tiyang kêcèh sampun kalajêng sami kêmbroh.

Manawi mirid agênging nagari, tuwin kathahing têtiyangipun, praja Tiongkok punika kenging dipun wastani botên nguciwani, tur dhasar têtiyangipun ugi sampun majêng-majêng, mila inggih botên anèh anggènipun nêdya madêg, lumuh dipun sawisah[36] ing sanès.

Tumrap praja Jêpan, praja tuwin têtiyangipun, yèn dipun tandhinga kalihan Tiongkok, saèstu botên amapaki. Nanging tumraping praja, bakuning [baku...]

--- 152 ---

[...ning] kasantosanipun botên mawang dhatêng cacah jiwa, nyatanipun saking kasantosaning prajurit. Kacariyos pangudining praja Jêpan dhatêng bab kaprarijutan[37] sampun langkung 50 taun, sinaunipun dhatêng Eropah. Dene pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, prajuritipun dharatan praja Jêpan, pinanggih santosa piyambak ing sajagad, tuwin prajuritipun lautan inggih santosa, nanging taksih wontên ingkang ngawonakên, inggih punika Inggris kalihan Amerikah, saupami pêpêrangan, namung praja kêkalih punika ingkang kadugi ngayoni. Dados têrangipun inggih namung praja kêkalih wau ingkang sagêd angêmbari utawi damêl pakèwêd ingatasing pulitik sajawining praja ingkang kanthi kêkiyataning prajurit.

[Grafik]

Saradhadhu Jêpan nuju jagi wontên ing wana urut margi sêpur

Ing ngriki lajêng katingal, bilih têtandhinganing cara pasulayan, kalih pisan sami gadhah kapitajêngan kasantosan, dados botên kenging dipun wastani botên tandhing, upaminipun Jêpan mênang santosa prajuritipun, nanging Tiongkok mênang balabag.

Sarèhning sadaya wau sami angugêmi kakiyatanipun piyambak-piyambak, mila sadyan[38] Polkênbon tansah ngawontênakên rêmbag amrih rukuning kalih-kalihipun, inggih tansah sabar[39] kemawon, sêdyanipun kalih pisan namung badhe rêrukunan rêmbag saking kajêngipun piyambak, ewadene sêdya wau inggih tansah iyon kemawon. Ing sapunika wontên pawartos, kintên-kintên Tiongkok badhe kadugi ngrêmbag piyambak ing bab pasulayan wau kalihan Jêpan, amargi gêgêntosing paprentahan Tiongkok enggal, inggih punika ingkang anggêntosi Syangkaisèk, sampun asuka margi ing bab rêmbag punika. Kintên-kintên pasulayan wau badhe rampung, nanging tumindakipun kintên-kintên badhe ngênut ingkang santosa, inggih punika Jêpan. Malah Jêpan sampun caluluk, babarpisan botên badhe ngajêngi dhatêng rêmbaging golongan pundi kemawon, ingkang nêdya ngêmori ing bab babagan Jêpan kalihan Tiongkok.

Sanadyan kawontênanipun pawartos ing bab rêmbag katingalipun sampun mapan, nanging gumêlaripun kawontênan pinanggih ngalèr ngidul, wontênipun paprangan tansah pinanggih, tindak para cidra tansah [ta...]

--- 153 ---

[...nsah] tuwuh, malah dèrèng dangu kawartosakên. Nata ing Jêpan dipun cidra ing bôngsa Monggul asarana lampah sandi, nanging wilujêng. Makatên ugi ing bab tuwuhipun têtiyang awon ingkang nalabung wontên ing pêpêrangan, tansah pinanggih ing ngrika-ngriki, punika kenging kangge pasaksèn, saupamia latu tansah ngurêng wontên ing nglêbêt.

Ing nginggil sampun nyariyosakên ing bab sulak-sulaking padhamèn, nanging mênggahing nyatanipun ingkang pinanggih papan pasulayan, wadya Jêpan ingkang dipun tindhihi dening Jendral Muro nêmpuh Kaoyang, golongan tiyang awon narambul nêmpuh wadya Tionghwa, wadya Tionghwa kêpêksa angoncati, dening karoban lawan. Malah wadya Jêpan angantêpi sêdya badhe nêmpuh Jehol, tuwin wadya ing Mansuriah dipun dhawuhi dening têtindhihipun, supados ngobrak-abrik wadya Tionghwa ing Mansuriah. Lajênging wartos, parentah Jêpan nêdya botên badhe ngawontênakên rêmbag kalihan Tiongkok, sadèrèngipun sagêd ngobrak-abrik wadya Tionghwa.

Sasampunipun pinanggih kados makatên, Jêpan saya nindakakên mêlaring panguwaosipun, lajêng ngrêbat panguwaosipun Ruslan ing Harbin, ing bab babagan margi sêpur, Jêpan tansah nyukani dêdamêl dhatêng bôngsa Rus pêthak, supados adamêl ura-uru ing Harbin. Puyi, inggih punika tilas nata lami, kaangkat dados presidhèn republik ing Mansuriah.

Ing salajêngipun pasulayan taksih rame.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar ulam lodan ingkang pêjah gumlethak wontên sapinggiring sagantên sacêlaking Sampang Madura.

--- 154 ---

Vijfkkamp

Badhe ngrêbat discus salaka

Tuwan Prof. Dr. B.J.O. Schrieke, dhirèktu[40] pangajaran, anyadhiyani satunggiling discus salaka minôngka wiselprijs ing têtandhingan Vijfkamp tumrap pamulangan-pamulangan têngahan ing Jawi Kilèn.

Ingkang kenging tumut dhatêng Vijfkamp wau sawarnining sêkolahan H.B.S., A.M.S., Lyceum, Kweekschool ing Jawi Kilèn, inggih tumrap ingkang gupêrmèn utawi partikêlir, P.H.S. tuwin K.W.S. ing Batawi, Mosvia tuwin T.S. ing Bandhung.

Ing sabên sêkolahan kêdah ngajêngakên sawung 4 ingkang badhe tumut têtandhingan kaping 5, inggih punika: 1 nyawatakên discus. 2. nyawatakên tumbak, mlumpat inggil sarana ngancang-ancangi. 4 malumpat inggil ngangge gèntèr. 5 mlajêng 4x100m. estafette.

Têtandhinganipun ing dalêm sataun badhe kawontênakên sapisan. Ingkang kapisan kawontênakên ing Batawi wontên ing dintên ingkang badhe dipun tamtokakên ing salêbêtipun kuwartal kapisan taun 1932.

Murih ingkang tumut saya kathah, vijfkamp wau botên kawontênakên ing dintên Ngahad.

Grombolaning murid ingkang badhe tumut têtandhingan tumrap satunggal-satunggaling sêkolahan, gumantung wontên dhirèkturing sêkolahan piyambak-piyambak. Dhirèktur wênang nampik murid-murid, botên kenging tumut têtandhingan, ingkang katimbang kirang sae kalakuanipun, utawi kirang srêgêp sinau.

Pranatan-pranatanipun kakintunakên dhatêng para dhirèktur pamulangan ingkang kapratelakakên ing nginggil.

Kajawi punika badhe nindakakên rekadaya, supados waragading têtandhingan wau sagêd mayar, awit waragadipun tamtu botên dipun wontêni dening fonds sêkolahan. Dene rekadaya wau upaminipun nyukani papan pasipêngan lêlahanan ing salêbêtipun têtandhingan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3221 (t.M. Elias) f 3.- punika tumrap kuwartal II lan III.

Lêngganan nomêr 639 (t.M. Kertodiprodjo) f 6.- punika tumrap kuwartal III, IV 1932 lan I, II 1933.

Lêngganan nomêr 2803 (t.R.S. Partoatmodjo) bab kupon punika dede urusanipun Bale Pustaka. Prayogi nyêrêg dhatêng ingkang wajib.

Lêngganan nomêr 3528 (t. Goeroe Podjok). Gambar ingkang wontên ing Kajawèn botên kenging katumbas. Prayogi lêngganan kemawon.

Lêngganan nomêr 3906 (t. Dasoeki) f 6.- sampun kula tampi. Tumrap sêtaun.

Lêngganan nomêr 1180 (t. Hardjodinoto) f 3.- punika tumrap April dumugi Sèptèmbêr '32.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 4456 ing Kudus. Gambar ingkang kawrat Kajawèn, punika ingkang andamêl kêlise inggih Kajawèn, cêkap ngintunakên gambaripun kemawon.

--- 155 ---

Darmawisata

Darmawisata dhatêng rêdi Lawu

Sambêtipun Kajawèn nomêr 6.

Kocapa kônca ingkang satunggal bobrok malih, dados sadaya kapêksa sami kèndêl, dilalah ing sacêlaking pakèndêlan wau wontên sidhatan satunggal, sadaya sami ragi ayêm, awit nitik gasik-gasikipun sidhatan ingkang dhatêng ing Pringgadani. Margi wau sami kula turut. Wah ing ngriku kula rumaos kados dipun pandamêl, awit mak jêgagik dumugi sanginggiling jurang anjulêg, panggenan anggèn kula sami mupakatan nalika sami bingung wau. Ing ngriku kula sadaya sami judhêg malih. Sampun kula cobi ambal-ambalan suka tôndha sêmpritan, manawi wontên bêbaya, nanging tanpa damêl. Kala samantên wiwit kêkês, nanging kula sadaya botên kraos asrêp malah gumrobyos, kabêkta saking bingung, kecalan margi. Dangu-dangu sami manggih margi sidhatan manêngên nanging kêbak larahan. Suwaunipun kula sami botên nyana babarpisan bilih punika margi.

Watawis sapambêngok ing pinggir margi katingal wontên sêkar abrit-abrit, jêbul sêkar ingkang badhe kula pêthik nalika pangkatipun punika. Sarêng sampun têtela punika sidhatan dhatêng Pringgadani, kula sami rumaos adhêm sarta bingah. Dumugi ing Pringgadani sampun jam 6 langkung. Para kônca ingkang sami kantun, sawêg damêl lawang, pancènipun kula sami badhe ngadêgakên palêrêban wontên ing ngriku, nanging kamanah-manah kirang prayogi, awit kabaripun ing ngriku taksih kathah simanipun.

Palêrêban lajêng kula jèrèng wontên salêbêting griya kangge lèmèk tilêm. Sasampunipun lawang dipun kêkahi sarta dipun rut-rut, kula sami nêdha, bibar nêdha kula sami api-api kalihan anggodhog wedang coklat. Ing jawi padhang rêmbulan. Rèhning gêdhègipun pating srowong, dados ing jawi katingal kemawon saking nglêbêt griya. Ing dalu punika botên dipun prênca ingkang jagi, namung manawi nglilir sumêrêp utawi mirêng punapa-punapa kêdah anggugah kancanipun. Sanadyan anggènipun sami tilêm sampun katata salong malang salong mujur, ewasamantên mêksa botên cêkap kangge tiyang 9. Para kônca gêntos-gêntos cangkriman utawi andongèng ingkang lucu-lucu, supados sampun enggal tilêm. Ing wasana sarêng sampun rampung anggènipun cangkriman lajêng lês tilêm sadaya. Kula padpindêr 2 kalihan juru pitêdah margi botên sagêd tilêm-tilêm. Tingipun namung satunggal dumadakan pêjah kanginan. Ing salêbêting griya katingal pêtêng alimêngan, dene ing jawi saya dangu saya padhang.

Ing têngah dalu wontên swara brug-brug saking ing nginggil. Botên dangu gêntos suwara grèt-grèt ing gêdhèg. Kula ingkang taksih sami mêlèk, niling-nilingakên dununging suwara wau kalihan nyêpêng pênthung, jêbul ingkang grat-grèt wau sima anggrauti gêdhèg. Botên dangu sima wau katingal wontên ing sangajênging griya kalihan ambêkta mêmangsan. Kula sami kèndêl kemawon kalihan grayak-grayak anggugahi [anggugah...]

--- 156 ---

[...i] ingkang sami tilêm.

Jam gangsal enjing para kônca mirêng tôndha sasmita sami guragapan tangi, sêsarêngan ambibrah lawang kalihan maspaosakên tapaking sima. Jam wolu enjing sabibaring sarapan, pirantos sampun dipun tata sadaya, kula sami mênyanyi lagu K.B.I. tigang rambahan. Sadèrèngipun pangkat, pèslès sadaya dipun isèni toya sêndhang. Ing Pringgadani wontên sêndhangipun alit, toyanipun kinclong-kinclong sarta anyêp kados ès.

Jam 8.10 pamitan dhatêng sadhèrèk kêkalih ingkang taksih kantun ing ngriku andum wilujêng têrus bidhal mangandhap, nanging botên mêdal marginipun rumiyin. Wontên ing margi botên kocap, ujug-ujug dumugi ing panggenanipun pak kêbayan. Prabot ingkang sami kula titipakên kula têdha sarta têrus lumampah nrajang dhusun Pancod dhatêng ing Grojogan Sèwu. Samargi-margi pinanggih nyonyah saha Walandi ingkang sawêg pinuju tirah wontên ing hotèl Zonneheuvel. Dumugi sajawining dhusun Pancod kula sami pinanggih nyonyah Walandi 2 agêng inggil sami ambêkta têkên, nyariyosi manawi piyambakipun mêntas sumêrêp kêthèk kathah sangêt wontên ing patêgilan. Kula gêntos nyariyosakên lêlampahan kula wontên ing wana. Nyonyah wau ngungun sarta kêpengin badhe sumêrêp ing Pringgadani. Badhe kasambêtan.

Kula siswa R.K. Milo.

Subali.

Tanjungpriuk

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun punggawa-punggawa General Motors ing Tanjungpriuk, nuju kêklêmpakan, angaosi para punggawa têtiyang bumi. Cariyosipun sampun kaandharakên ing obrolan Sêtu ingkang kapêngkêr.

--- 157 ---

Kawruh Sawatawis

Masjid Agêng ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 93.

[Sinom]

ngambali prakasih gangsal / ing kangjêng sri narapati / manawi miyos cangkrama / kêkasih sakawan iji / tamtu dhèrèk tan kari / mung Kyai Basari kantun / maligi pasowanan / Sakatèn Maulut Nabi / ing Garêbêg bagda sataun ping tiga //

tuwin ngabêkti sang nata / manawi nuju marêngi / tanggal nèm ing wulan Sawal / nunggil jêng pangulu kakim / myang para abdi katib / ngulama pradikan dhusun / lan juru suranata / atanapi para khaji / sami nguncus mring sri wijiling wacana //

[Mijil]

duk ing nguni caritanirèki / jêng sri narakatong / miyos Jumngahan mring Masjid Gêdhe / kaping pitu tanna gothangnèki / sasampunirèki / ambal kaping pitu //

salajênge amung sabên tèngsi / jêng sri nata miyos / Jumungahan marang Masjid Gêdhe / kaping kalih utawi kaping tri / ajêg sabên tèngsi / kajawi tangadur //

kawarnaa Kiyai Ripangi /[41] karsèng dalêm katong / tinimbalan yun ingabdèkake / awit apil Kuran ngalim pêkih / mujarobat kabib / mandi suwukipun /

Ki Rapangi padunungannèki / pan udanan dhukoh / karsa dalêm tinanggênahake / rumêksa mring putra kakung putri / wayah buyut abdi / têtêp dadya dhukun //

Ki Rapangi aslinipun nguni / Pijenan kang dhukoh / lêrêsipun wetan Pasar Gêdhe / ing samangkin patilasan nguni / praja ing Matawis / kang langkung misuwur //

Ki Rapangi pinaringan bumi / rong jung dhusun Pengkol / sacêlaking Dêlanggu prênahe / ing Kalathèn kabupatènnèki / minôngka têtali / kaabdèkkên ratu //

tuwin lajêng amisudha malih / jêng sri nata katong / Kyai Imam Sutada namane / turunipun jeng pangulu khakim / Pangran Anom Tapsir / nguni jamanipun //

Jêng Sinuhun Amangkurat Jawi / parabe sang katong / Jêng Sinuhun Prabu Kang Mandhirèng / Kartasura karaton rad Jawi / wondene ing nguni / jêng pangulu wau //

Dyan Tumênggung Cakraningrat nami / ing nguni pan dados / bupati ing Sumêdhang nagrine / nuntên antuk sihing sri bupati / pinisudha dadi / wadana pangulu //

amarêngi jroning taun Jawi / sangkala winiyos: / lir ngumbara ngrasani wanine (1600) / Ki Sutada pinaringan bumi / kalih jung ing Blimbing / pradikan pêlungguh //

duk rumuhun barakanirèki / punggawa sri katong / Radèn Dêmang Ngurawan jaksane / Dyan Mandraka pêpatihing aji / minôngka campurit / adêging praja gung //

katrinipun Kyai Imam Tabri / Jatisaba dhepok / kanang bumi kapradikakake / cacah rong jung wiyare kang sabin / Kyai Imam Tabri / kalangkunganipun // Badhe kasambêtan.

Pr.P.

--- 158 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

P.I. ing Sêmarang. Kawartosakên, ing Sêmarang sampun madêg pang Partai Indonesia, dipun pangagêngi dening Tuwan Saruhum.

Pamariksa pitulungan tiyang angguran. Central Comite tumrap tiyang angguran, ngangkat commissaris-commissaris manggèn ing Bêtawi, Sêmarang tuwin Surabaya. Mênggah ancasing sêdya, commissaris 3 wau badhe mariksa dhatêng kawontênaning pitulungan tuwin pambiyantu tumrap dhatêng golongan angguran.

Redacteur Java Bode de Wit dipun tahan. Kajawèn kapêngkêr martosakên, ing bab Tuwan de Wit, redacteur Java Bode ingkang kasêrêg ing prakawis, nanging botên katahan, amargi kadakwa prakawis nyumêrêpi wêwados nagari, dados sanès prakawis bêsêl.

Bab candu. Miturut pawartos, salêbêtipun sataun ing Bêtawi wontên prakawis panêrak ingkang gêgayutan bab candu 202. Paukuman ingkang kadhawahakên ing dakwa, wiwit dhêndha f 2,50 ngantos dumugi paukuman sataun. Gunggunging dhêndhan ingkang dipun tampèni wontên f 7000.-. Kawontênanipun candu ingkang dipun bêskup rêrêgèn f 60.000.- wawrat 1977 tail tuwin 2 kg barang sanès-sanèsipun.

Buli-kuli[42] wangsulan saking tanah sabrang. Kapal Ophir ingkang bidhal saking Bêlawan, ambêkta wangsul kuli kontrak cacah 907 saking Veda tuwin 674 saking Avros, sami badhe kabêkta dhatêng tanah Jawi. Sapêngkêripun punika ngantunakên alih kanthi kapal mirunggan cacah kuli 2053.

Sudagar jampi kacêpêng. Toko jampi gadhahanipun bangsa Armenie ing Surabaya mêntas ngawontênakên lelangan; ing ngriku pulisi andêngangi wontên jampi-jampi ingkang dipun mori morphine, cocaine tuwin heroine. mangka sade barang kados makatên punika kêdah nyuwun palilah dhatêng parentah rumiyin, tuwin sarèhning tiyang wau botên gadhah sêrat palilah, lajêng kasêrêg ing prakawis.

Arta palsu saking Tiongkok. Gêgayutan kalihan bab bangsa Tionghoa ing Pacêt, ingkang kacêpêng prakawis kanggenan talèn arta palsu, ing sapunika kawartosakên malih, wontên tiyang toko bangsa Tinoghoa[43] 2 ingkang kacêpêng, inggih sami kanggenan arta talèn palsu; tiyang ingkang satunggal lajêng ambucali artanipun sadaya dhatêng lèpèn, satunggalipun taksih kanggenan 30.

Ambtenaar têtiga badhe kaajêngakên dhatêng pangadilan. Benjing tanggal 2 Februari punika, Raad van Justitie ing Bêtawi badhe mriksa prakawisipun wêdana ing Sindang (Indramayu) tuwin mantri pulisi ing Sindang. Tiga pisan sami kadakwa nganiaya pasakitan nama Karia, ingkang kadakwa ngoyok ing bawah Indramayu.

Kapal layar Amerika. Ing Surabaya mêntas kadhatêngakên kapal layar Amerika, agêngipun 968 ton, isi tiyang 38. Kapal wau gadhahanipun milionèr Fleischman, ing sapunika salêbêtipun lêlampah angidêri jagat.

Pest ing Surabaya. Ing Surabaya wontên bangsa Tionghoa tukang toko katrajang sêsakit builenpest, dumugi ngajal. Ing sapunika ing Surabaya katêtêpakên wontên sêsakit pest.

Bab kèndêlipun punggawa pagantosan. Miturut pawartosipun Aneta, N.V.V. inggih punika pakêmpalanipun para kaum tunggil damêl, mêntas tampi tilgram, ingkang kakintunakên atas asma dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral, saha dipun titimangsani tanggal 11 wulan punika, ingkang ngêmot dhawuh dalêm Ingkang Wicaksana, bilih ing bab wontênipun punggawa pagantosan cacahipun 800 ingkang dipun kèndêli saking padamêlanipun, samangke taksih wontên ing salêbêtipun urusan.

[Grafik]

Bab kasarasan. Ing pundi-pundi saindênging tanah ngriki, ing pundi papan ingkang rame, mèh sami dipun wontêni griya sakit. Ing nginggil punika gambaripun griya sakit ing Bringin Tiga, tanah Sumatra. Papanipun ing tanah ngriku sakalangkung sakeca.

Mayit kalih pinanggih wontên ing kawahipun rêdi Mêrapi. Sêrat kabar Locomotief martosakên, bilih kala dintên Saptu enjing tanggal 16 Januari ingkang kapêngkêr, Tuwan Petroschewsky, salah satunggiling punggawa, ingkang ngurus babagan rêdi latu, wontên ing kawahipun rêdi Mêrapi sisih wetan, manggih mayit kalih. Mênggah papan gêmlethakipun mayit kalih wau, kintên-kintên wontên 80 m lêbêtipun saking sapinggiripun kawah. Ing sarèhning papan wau wontên ing antawisipun têmbusan kukus ingkang sakêlangkung bêntèr, amila lajêng botên wontên tiyang ingkang sagêd nyakêti. Kintên-kintên mayit kalih punika mayitipun para muridipun Ismail ingkang pinanggih sêratipun, suraos sumêdya badhe ambyur wontên ing kawahipun rêdi Mêrapi.

Rawuhipun Minister Decker. Wontên pawartos, salêbêtipun Minister Decker lalayaran dhatêng Indonesia, dumugi ing Singgapur badhe mriksani motor-motor mabur Marine wontên ing Selantar, Singgapur.

Persdelict Aksi. Wontên pawartos bilih Tuwan Brotokesowo, hoofdredacteur sêrat kabar Aksi ing Ngayogya dipun lapurakên dhatêng ingkang wajib dening Tuwan E.J. Artsen doktêr gêndhis ing pabrik Cebongan; jalaran kakabarakên lêlampahanipun ingkang botên sae kalihan babonipun.

--- 159 ---

Pêjah kurugan. Kawartosakên ing Ngayogya wontên tiyang jalêr 3 èstri 1 sami manggèn ing guwa sapinggiring lèpèn Winanga, sacêlakipun Tungu, sami pêjah kurugan siti longsor jalaran saking jawah.

Kyai Tunggul Wulung. Ing Ngayogya saèstu kalampahan ngarak Kyai Tunggul Wuluing saking kadhaton ngubêngi kitha, tiyang ingkang nggarubyuk ewon.

Anglairakên lare kêmbar tiga. Sêrat kabar Mustika martosakên: satunggiling tiyang èstri, semahipun tiyang nama Abdulfatah, kala malêm Jumuah ingkang kapêngkêr, sampun anglairakên lare jalêr kanthi wilujêng. Enjingipun anglahirakên lare kalih malih sadaya sami jalêr.

Waragad pangajaran. Parentah sampun paring kuwaos dhatêng gupêrnur ing Acèh, nyadhiyani waragad sêkolah tumrap putra-putranipun raja ing tanah Acèh sawêwêngkonipun.

Rawuhipun Minister Deckers ing Tanjungpriok. Kawartosakên benjing rawuhipun Minister Deckers ing Tanjung Priok tanggal 28 wulan punika, dipun papag kajagi dening kumpêni Menado mangangge sarwa agêng, saha dipun urmati muzik lagu Wilhelmus.

Kaluhuran dalêm Nata ing Surakarta. Nyarêngi dhawahing dintên paargyan jumênêngan dalêm nata sampeyan dalêm Ingkang Wicaksana jangkêp 40 taun, Sampeyan dalêm Ing kumpêni Menado mangangge sarwa agêng, saha dipun urmati muzik lagu Wilhelmus.[44]

Sêkolah doktêr luhur. Tuwan-tuwan M. Juwari, Cilegon, M. Sendrawan, Madiun, Casmir Harahap, Saibu, Tang Eng Dhong, Sêmarang lan M Zakir, Padang sami lulus kandidat examen kapisan ing sêkolahan doktêr luhur ing Bêtawi.

Odènsi. Kawartosakên, benjing dintên Sênèn tanggal 1 Februari jam 9 Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral badhe lênggah odènsi wontên ing pura Koningsplein. Sintên ingkang badhe sowan supados ngaturi uninga kados adat sadèrèngipun tanggal 27 wulan punika.

Nyalingkuhakên arta f 4000.-. Wontên pawartos, wêwakil secretaris ingkang anguwaosi sêrat-sêrat aangeteekend Handelsvereeniging ing Surabaya nyalingkuhakên arta f 4000.-.

Pulisi ing Tanjungpriok. Pulisi ing Tanjungpriok mêntas manggih mayit 2 wontên ing lèpèn, sapunika manggihi malih mayit 1 wontên ing lèpèn Kali Mati, tandha-tandha panganiaya botên wontên.

Kpal[45] pêrang Jêpang. Wontên pawartos, benjing tanggal 8 dumugi 10 April ngajêng punika ing tanah ngriki badhe kadhatêngan kapal pêrang saking Jêpang nama: "Iwate" lan "Asma" saha dipun tindhihi Admiraal Shinjiro Imamura. Kapal wau ing satunggal-satunggalipun agêngipun 9000 ton saha wontên mriyêmipun nyêkawan. Kapal pêrang kalih wau wontên officieripun 80, adelborst 220, 24 hoofdonderofficier lan 1221 onderofficier tuwin matrus-matrus.

Ir. Soekarno wontên ing Bêtawi. Kala dintên Jumuah ingkang kapêngkêr, kintên-kintên jam 6 sontên, Ir. Soekarno saking Bandung sampun dumugi ing Bêtawi. Wontên ing ngriku Ir. wau dipun papag dening Tuwan-tuwan Thamrin, Sujadi, Mr. Sartono tuwin Rêksodiputro. Mênggah kathahing tiyang ingkang sami mêthuk wontên ing sêtasiun, botên kirang saking kalih ewonan.

Kasultanan Ngayogya badhe nindakakên pangiridan sayuta. Ing Kasultanan Ngayogya ngawontênakên commissie ingkang dipun pangarsani dening K.P.A.A. Danurêja, pêrlu ngrêmbag ing bab badhe nyuda waragad praja 1 yuta rupiyah.

Kèndêl lêngganan jalaran advertentie. Kawartosakên, jalaran ing Suara Umum mêntas ngêwrat advertentie prakawis Walandi badhe pados wanita tiyang siti kangge jodho, lajêng kathah lêngganan ingkang sami nêdha kèndêl.

Tentoonstelling lurik. Benjing tanggal 28 Januari dumugi tanggal 2 Februari, firma Setia ing Surabaya ngawontênakên Tentoonstelling lurik. Bikakanipun sabên jam 8 dumugi jam 12 siyang, tuwin sontên jam 4.30 dumugi jam 7. Kêjawi punika ugi ngawontênakên sêsorah bab nênun tuwin sanès-sanèsipun.

Kadurjanan ing 's Landkas Surabaya. Wontên punggawa tiyang siti ing 's Landkas Surabaya, gadhah tindak majêngakên arta kêrtas rêrêgèn f 23.000.- ingkang lêrêsipun badhe karisak. dakwa ingkang satunggal ngakên, satunggalipun mukir.

[Grafik]

EROPA.

Grija Moskou karisak. Ing nginggil punika gamabaripun[46] grija ingkang sakêlangkung endah ing Moskou ingkang dipun risak dening Parentah Sovyet, sarana dipun dinamit. Tilas grija wau badhe dipun dêgi gêdhong Congres Sovyet.

--- 160 ---

Waosan

Dongèng ingkang kaping Tiga

Drêsthadyumna

21

[Pangkur]

apa sira tan miyarsa / lamun ingsun nata ambêg prajurit / kang wênang ngêrèh prajamu / mangkya sira kaduga / lumawan mring agunging kawasaningsun / baya sira iku nyata / mrih lara anggege pati //

sira tan pisan rumasa / lamun sira tuhu trahing wong jirih / dudu turuning linuhung / prawira wani ing prang / aja-aja sira yèn lumawan ingsun / amung dadi sabanyonan / bêcik mundura tumuli //

samana Prabu Jumêna / duk miyarsa ujar mangkana nuli / mangsuli kanthi gumuyu / sirèku tan rumasa / parikudu ngunggul-unggulakên tutur / mung murih dèn wêdènana / iku tan pisan pakolih //

ingsun tan prêlu wêwarta / baya sira wus rumasa pribadi / kalamun gonmu lumayu / datan saka prawira / tan lyan amung saking ciliking atimu / kasoran prabawaningwang / prandene maksa kumaki //

umbak ngunggulakên ucap / wruhanira sun dudu bocah cilik / wêdi dèn gêlari wuwus / ngaku prawira ing prang / apan iku nyata lêlakon ing dangu / kala kaprawiranira / winoran laku duskarti //

wênang angrêbut nagara / tarlèn saking sinangkan tindak juti / lamun ingsun dahat lumuh / lan dahat ngrasa wirang / nanging sira paksa kudu ngaku-aku / anggung ngambah kautaman / ambungên sikutmu nuli //

sira bêcik rumasaa / lamun sira mangkya wus praptèng titi / tibaning apêsirèku / kang linakonan gampang / ing pangira ing sapisan iki rampung / kêkuwungira wus oncat / tan darbe cahya narpati //

mangkya sira arsa apa / ingsun tanggon atadhah sarwa wani / malah ingsun dahat nunggu / mring kasudiranira / lah ta payo pêrang tandhing lawan ingsun / aywa ulah playu sira / kang luwih ngisin-isini //

Sri Elala ing sakala / kadi supe nalika amiyarsi / netya bang arasa murub / sêrêng kang pangandika / hèh ta sira wong umbak kaduk gumêndhung / lah payo sirarsa apa / ingsun kaduga nuruti //

sri nata kêkalihira / nulya magut samya anitih èsthi / binusanan abra murub / mawèh eram kang mulat / datan pae kadi janggêlêging gunung / dipôngga tômpa sasmita / wusing tinitihan gusti //

sakala krodha umêta / ngêmprèt sarwi kang tlale mobat-mabit / kadi minta lawan pupuh / nujah-nujah angrêmpak / kongsi mawèh giris kang samya andulu / wadya samya nisih piyak / tan ana wani nakêti //

kalih nata sudibya /[47] magut ing prang tan ana nguciwani / sinêmbuh titihanipun / anyandhak ing sasmita / kadi nyakup saosiking gustinipun / rasa mung rinèhing cipta / tumandangira nêrusi //

singa kang arsa kataman / ing gêgaman cukat dènira nangkis / pangangsêging gajah gapyuk / kuwêl ambelani prang / nanging datan tilar sasmitaning pupuh / yèn kinèn umundur gita / sakala têbih ngoncati //

kang dipôngga kalihira / datan kêndhat mawas mêngsahing gusti / lamun kalimpe saèstu / tiwas sinaut kêna / nanging anggung ngrêksa tan kêni rinuruh / yèn dipôngga mêngsah nyêlak / tinanggulang sarwa wani //

kalangkung ing ramenira / kang umulat mung raras anjagohi / mêmuji mrih unggulipun / gustinya sowang-sowang / nanging ing tyas mung asmu giris kalangkung / samar yèn kongsia tiwas / kang samya apêrang tandhing //

tanapi tandanging gajah / dahat cukat dènira amrih silil / ing kalanira anaut / klebating tlalenira / kadi kilat kumêlap mèh tan kadulu / nanging kang dipôngga mêngsah / datan pêgat mrayitnani //

kadi ta dipangganira / Sri Elala dahat parigêl trampil / sakala bangkit anaut / ngarah mring Sri Jumêna / wus kalakon kang talale wus mèh tutug / sinabêt talalenipun / Sang Kandhula kang miranti //

malah tumuli anyêndhal / mring talale mêngsah tinarik wani / Sri Elala mèh kêjlungup / nanging dipangganira / nulya madêg kasudirannya munya sru / kang bantala kadi bêngkah / dipôngga wus ngadêg pulih //

kang surak ambata rêbah / lan winoran kasamaraning ati / samana dènira pupuh / babag datan kuciwa / kongsi dangu datan asor datan unggul / samya prawira digdaya / sadaya wênang pinilih //

kocap dènnya mangun yuda / nèng cakêting pura Nurada puri / ramening swara rinungu / saking jroning kadhatyan / miwah lamun kang dipôngga nywara asru / orêg pura kadi bêlah / kang datan tahan anjêrit //

dangu-dangu dènira prang / Sri Elala kawuryan sêmu nglêntrih / samana Jumêna Prabu / tan pisan kawistara / malah ing prang asêmu karasa wuru / saya sru karosanira / pangangsêgira mêdèni //

dupi Sri Elala lena / tinaman ing dêdamêl tibèng siti / suwaranira gumêbrug / dipôngga arsa ngrêbat / tinanggulang dening Sang Kandhula ngêsuk / satêmah kang nitih oncat / èsthi rukêt samya èsthi //

Sri Elala tanpa sambat / kinakahan dening Sang Dyumna mangkin / cinêkak pan tiwas sampun / dening risang Jumêna / gumêr ingkang sêsurak ambata rubuh / nanging winoran duhkita / cêpira arasa tangis //

myang èsthi titihanira / Sri Elala aran prawata mangkin / uga wus tumêkèng lampus / sirêp nyênyêt sakala / sêmuning kang paprangan sakala mirut / amung isi kasusahan / tan ana titiking jurit //

wadyanira Sri Elala / dupi uning marang tiwasing gusti / ing sakala tanpa bayu / satêmah srah gêgaman / samya nungkul marang sri nata kang unggul / sadaya wus tinampanan / kalawan sukaning galih // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. kawilujêngan. (kembali)
2. sinêlan. (kembali)
3. Kurang satu suku kata: wêdhung pêdhang lan kampak. (kembali)
4. Kurang satu suku kata: datan nate anyandhak. (kembali)
5. cancut. (kembali)
6. Kurang satu suku kata: gya tumandang ambêbak siti. (kembali)
7. awola-wali. (kembali)
8. anambut kardi. (kembali)
9. pabrik-pabrik. (kembali)
10. Maluku. (kembali)
11. kacêpêng. (kembali)
12. Naskah rusak (dan di tempat lain). (kembali)
13. § Katranganipun mariksanana pakabaran ing dintên punika. Red. (kembali)
14. ngantos. (kembali)
15. pinanggih. (kembali)
16. sabên. (kembali)
17. têtiyang. (kembali)
18. punika. (kembali)
19. Tanda [...] naskah rusak. (kembali)
20. § Awas Thul, aja slip hlo! Red. (kembali)
21. kabudidayan. (kembali)
22. Berita dalam alenia ini tidak lengkap. (kembali)
23. Kalimat: 'kenginga kadadosakên pulisi militèr' ada dua, dibaca salah satu saja. (kembali)
24. kapêngkêr. (kembali)
25. Pakalongan. (kembali)
26. Lebih satu suku kata: paringira sri nata. (kembali)
27. samukawis. (kembali)
28. ing. (kembali)
29. Motors. (kembali)
30. Minister. (kembali)
31. èdi. (kembali)
32. katrangan. (kembali)
33. anjogèd. (kembali)
34. agêng-agêngan. (kembali)
35. kadipatèn. (kembali)
36. sawiyah. (kembali)
37. kaprajuritan. (kembali)
38. sanadyan. (kembali)
39. cabar. (kembali)
40. dhirèktur. (kembali)
41. Ripangi. (kembali)
42. Kuli-luli. (kembali)
43. Tionghoa. (kembali)
44. Paragraf ini salah cetak. (kembali)
45. Kapal. (kembali)
46. gambaripun. (kembali)
47. Kurang satu suku kata: kêkalih nata sudibya. (kembali)