Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-05, #659

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-05, #659. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-05, #659. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 19, 26 Sawal Je 1862, Marêt[1] 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [289] ---

Ôngka 19, 26 Sawal Je 1862, 5 Marêt 1932. Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Wulangrèh

Anggitan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IV, ing Surakarta

[Pangkur]

kang sêkar pangkur winarna / lêlabuhan kang kanggo wong aurip / ala lan bêcik puniku / prayoga kawruhana / adat waton puniku dipun kadulu / miwah ta ing tatakrama / dèn kaèsthi siyang ratri //

dêduga lawan prayoga / myang watara rêringa aywa lali / iku parabot satuhu / tan kêna tininggala / tangi lungguh angadêg tuwin lumaku / angucap mênêng anendra / duga-duga aja kari //

muwah ing sabarang karya / ing prakara gêdhe kalawan cilik / papat iku datan kantun / kanggo sadina-dina / lan ing wêngi nagara miwah ing dhusun / kabèh kang padha ambêgan / papat iku ora kari //

kalamun ana manungsa / anyinggahi dugi lawan prayogi / iku watêke tan patut / awor lawan wong kathah / wong diksura daludur tan wruh ing êdur / aja sira pêdhak-pêdhak / nora wurung nêniwasi // Taksih wontên sambêtipun.

--- 290 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab reclasseering

VI.

Garèng : Truk, Truk, kowe kuwi pancèn wong sêmbrantên dhur-dhuran, nalikane dina Rêbo jêbul mak plênde ora nêtêpi jangjimu anggone arêp têka nyang omahku. Ing môngka kala samono anggonku sadhiya kanggo nyuguhi kowe, nganti aku bêstèl panganan warna-warna nyang Smabêrês, yaiku: grontol, thiwul, hawug-hawug, lan isih ana manèh tunggale. Tujune aku doyan, dadi masane kowe têka nyang omahku, wis tak icipi kabèh nganti ludhês, ajaa rak kapiran-kapirun.

[Grafik]

Petruk : Hêm, kiyi modhèl anyadhiyani cara ngêndi bae, ana masane dhayoh mèh têka, sadhiyane ora wis ditata bêcik, jêbul malah wis labas kabèh. Karo manèh nèk rèsturan Smabêrês kuwi, iya ora yèn sadhiya panganan bangsane: grontol, hawug-hawug barang kuwi. Apês ambalêbês sing disadhiyakake ing kono kuwi iya, panganan sing jênêngane nganggo: cas cus cis kae. Dadi panganan sing saka nikmat lan gandême rasane, nganti nèk wis nyang cangkêm wis ora prêlu dimamah manèh, nanging bisa dhangsah-dhangsah nang ilat sarta bisa bludhusan dhewe nyang tênggorokan nganti têkan wudêl barang.

Garèng : Wayah, nèk ngomong kuwi bok aja clewa-clewo mêngkono, ana pêpanganan kok diarani bisa langsir nyang wudêl, kuwi rak ora mêkakat jênêngane. Ora, Truk, saiki padha ambanjurake rêmbugane ing ngarêp. Lagi anu kowe jangji nyang aku arêp ngandharake carane hakim anggone nibakake ukuman janggêlan nyang sawijining pasakitan, lo, kuwi kêpriye, mara têrangna sing nganti gamblang.

Petruk : Sadurunge aku ngandharake bab kuwi, luwih bêcik aku tak carita dhisik ing bab wong sing bisa ditibani ukuman janggêlan, yaiku tumrap kadurjanan utawa palanggaran, artikêl 492, 504, 505, 506, lan 336. Tumrap kadurjanan, janggêlane mau ditêtêpake suwe-suwene 3 taun, tumrap palanggaran 2 taun.

--- 291 ---

Garèng : Truk, Truk, kowe ngobralake pirang-pirang artikêl mau, aku kok banjur kèlingan nalikane aku ethok-ethok dadi kyaèn-kyaèn. Kuwi anggêr ana wong takon apa-apa nyang aku, wis mêsthi tak wangsuli mangkene: ayat anu, jus anu kuwi ngandikakake mangkene: Te - ih, dziinumah kambi ghulah batuh, nikmati. Lo, kuwi sanadyan sabênêre atêgês: tèh diinum kambi gula batu rasane nikmat, nanging tak têmtokake yèn wong sing pitakon mau ora ngrêti nyang isining Koran, hla, kuwi anggêre pamacaku tak pasèh-pasèhake kaya wong ngaji kae, tak maknakna kêpriye bae, wong mau bisane iya mung ngandêl lan manthuk-manthuk bae. Tur sajak gumun...

Petruk : We, hla, cilaka ane, ana ngaya-aya anggonku nyinau wèt, kathik mung dianggêp ngawur bae. Lo, sabênêre rak mêngkono, ta karêpmu, anggone banjur nyaritakake nalikane dadi kyaèn-kyaèn barang kuwi mau. Nèk durung cêtha utawa ora wêruh mungguh isine artikêl-artikêl mau, bok iya takon bae, aja kok banjur nyêmoni mêngkono.

Garèng : Lo, aja dadi atimu, ta Truk, ora kok aku ora ngandêl nyang kapintêranamu wèt, wong aku kiyi biyèn wis tau kapusan, mulane anggêr krungu bangsaning artikêl-artikêl kuwi aku iya banjur prayitna bangêt. Hara pikirên bae, ta Truk, aku dhèk biyèn wis tau kênang prakara jalaran nunggak bayar sewan omah nganti ganêp sêlosin sasi. Ing sarèhning aku kiyi rada cotho ing bab cara-caraning pangadilan, aku banjur takon nyang wong sing tak anggêp pintêr ing bab kuwi, mungguh palanggaran apa lan kapriye paukumane wong sing kênang prakara mangkono mau. Wong sing tak takoni mau sanalika amangsuli, yèn aku mau kasalahan jalaran palanggaran artikêl anu, ukumane apês ambalêbês samene wulan. Wah, Truk, kala samono atiku lap-lapan bangêt. Suwe-suwe barêng tak prêlokake nonton bukune wèt, artikêl sing anu mau lan paukuman sing dikandhakake, jêbul tumrap... wong ambêdhog pitik.

Petruk : Wayah, kuwi karêpe rak mung arêp mêmêdèni kowe bae. Mara, saiki tak andharake kang kanthi cêkakan bae mungguh unining artikêl-artikêl sing tak kandhakake ing ngarêp. Artikêl 492 kuwi ngrêmbug ing bab uwong sing mabuk (mêndêm) ana ing panggonan umum utawa ana ing sadalan-dalan, utawa ngrusak katêntrêman utawa ngancam kaslamêtane wong liya, utawa bangsane mêngkono kuwi. Wong sing kasalahan kaya iku, kêna diukum lawas-lawase 6 dina, utawa didhêndha gêdhe-gêdhene 25 rupiyah.

Garèng : Wadhuh, Truk, kapintêranamu nyang prakara wèt kathik prasasat kaya mèstêr... pokrul bambu pêtung. Saiki caritakna sing kasbut ing artikêl 504.

Petruk : Artikêl 504 nyêbutake paukuman sing bisa ditibakake nyang wong kang ngêmis nyang ngarêpe wong akèh...

Garèng : Lo, hla kok lagi krungu kiyi,

--- 292 ---

yèn wong ngêmis kuwi kêna lan bisa diukum, sing kaya ngono iku apa ora jênêng: siya-siya aliyas sawiyah-sawiyah. Anggone gêlêm anglakoni ngêmis kuwi rak jalaran saka kamlaratane, ora kayadene kowe yèn anggawa kitar mubêng-mubêng sabên têrang bulan têrang dhi kali kae. Dadi anggone ngêmis mau ora kanggo sênêng-sênêng, nanging jalaran saka kapèpète anggone arêp golèk isining wadhuke, masa iya wong mêngkono kêna diukum.

Petruk : Pancèn iya mangkono, wong ngêmis kuwi nèk dirêpotake, pancèn ana ukumane. Awit 1e ing tanah kene rak ing ngêndi-êndi wis dianani omah miskin, sing kanggo mulasara wong-wong sing pancèn ora bisa olèh pangan, nanging ing kono wong-wong mau sathithik-sathithik iya kudu diwènèhi pagawean. Hara, ingatase ana ing kono mau mangane dicukupi, turu iya bisa kapenak, cêkake dipulasara têmênan, dumèhane dikon nyambut gawe sawatara, ora gêlêm, nanging dilampu ngêmis bae. Apa kiyi ora nelakake kêsède bae. Kajaba iku rak mung gawe susah wong akèh bae. Upamane lagi nêmoni dhayoh ana ing pêndhapa, kapêksa kudu mlêbu ngomah anjukuk dhuwit, sabab ana wong rêngêng-rêngêng: Kula nuwun, paring-paring..., hara, apa ora nyênêb-nyênêbi bae. Wis, wis, samene bae dhisik.

Ing sarangan

[Grafik]

Ing nginggil punika salah satunggiling panggenan ing parêdèn, ingkang hawanipun sae, inggih punika ing Sarangan, kabupatèn Magêtan, Madiun.

--- 293 ---

Raos Jawi

Raos Trêsna

Ingkang pinanggih ing sêrat-sêrat kina, umumipun têtiyang alit punika sami sêtya tuhu dhatêng lêlurah, pangagêng, minggahipun malih dhatêng ratu. Awit saking wontênipun tindak ingkang kados makatên punika, pinanggihipun wontên ing sawangan, tiyang alit kalihan pangagêng punika têbih, nanging nyatanipun wontên ing raos, malah pinanggih nunggil. Jalaran saking wontênipun raos ingkang kados makatên punika, kawontênanipun praja pinanggih tata têntrêm.

Nanging sarèhning raos punika raosing tiyang, tamtu kemawon ugi wontên kalamangsanipun ewah gingsir, raos ingkang rumiyin isi trêsna, lajêng ngosokwangsul dados botên, dene mênggahing nalar tamtu wontên sabab-sababipun.

Ing bab andharaning raos ingkang kados makatên wau kados botên prêlu kaandharakên panjang-panjang, cêkap angèngêti dhatêng cêcariyosan kina ingkang kawrat ing sêrat-sêrat. Dene manawi dêdongengan, sagêd miritakên cêcariyosanipun para nata Jawi, wontên nata ingkang sakalangkung dipun trêsnani ing kawula, tur kawulanipun wau botên nate panggih-pinanggih, ingkang nunggil namung raosing katrêsnanipun. Kosokwangsulipun nata ingkang botên dipun trêsnani ing kawula kados kala jamanipun nagari Kartasura kados ingkang mêntas kacariyosakên ing Kajawèn, wêkasanipun adamêl karisakaning praja.

Kawontênan sadaya wau upami wujud, satunggal-satunggalipun cêtha ingkang andadosakên sabab. Upaminipun nata dipun sêtyani ing para kawula, punika ingkang pinanggih ing cêcariyosan, ing kalaning gusti ratunipun miyos pêpara, kawulanipun sami rêrêbatan badhe sumêrêp, dene manawi kalampahan sumêrêp, rumaos manggih kanugrahan linangkung.

Malah lêlampahan kados makatên punika, tumrapipun wontên ing tanah Eropah ngungkuli ing tanah ngriki, têtiyang ingkang sêtya ing ratu, ing kalanipun ratunipun wau miyos pêpara, rantaping têtiyang ingkang ningali ngantos ewon, andadosakên pajagènipun ingkang wajib. Dene tumrapipun praja ingkang tanpa ratu, inggih ngaji-aji dhatêng pangagêngipun, dados mênggahing wosipun, ingkang dipun aji-aji punika pangagêng utawi tiyang ingkang misuwur.

Mênggahing imbang-imbanganipun tumrap cêcariyosan, yèn ing tanah ngriki, para linangkung punika limrah dipun alap barkahipun, kados ta wontên sawênèhipun tiyang linangkung ngambah papan ingkang awis dipun ambah ing tiyang, ing papan ngriku lajêng dipun anggêp papan suci, kathah têtiyang ingkang sami ngalap barkah. Saupami wontên wowohan ingkang nate dipun dhahar ing ratu, punika wit ingkang ngêdalakên uwoh wau lajêng dipun pêpêtri, sintên ingkang sagêd nêdha wowohan ingkang tunggil uwit wau, rumaos manggih kanugrahan. Makatên malih ing bab lorodan dhêdhaharan, punika manawi lorodaning [loro...]

--- 294 ---

[...daning] ratu, inggih dados rêrêbatan, malah wontên ingkang dipun anggêp kados jimat.

Cêcariyosan makatên wau tamtunipun dipun anggêp anèh, nanging nyatanipun sanadyan ing Eropah inggih botên beda. Kados ta sang linangkung Bismarêk ing praja Jêrman, punika ing kalanipun nuju tindakan, tansah dipun ulat-ulatakên ing tiyang kathah. Ing mangke samôngsa kèndêl wontên ing papan pakèndêlan utawi ing pajajanan, samôngsa ngunjuk inuman, têtiyang ingkang ngêtutakên wau ngangkah pados dami tilasing brongsong gêndul, prêlunipun badhe dipun anam kangge topi. Samôngsa kalampahan dados, topi wau awis rêginipun, ngantos sagêd pajêng dasanan, atusan rupiyah. Samantên kamulyanipun tiyang ingkang manggih pangaji-aji.

[Grafik]

Tiyang ingkang sampun angsal piandêling akathah, punika pancèn nama manggih kamulyan, saya malih tumraping para luhur minggahipun dumugi nata, tamtu saya linangkung.

Kados ta ing bab pangeran pati Inggris, mênggahing nalar asmanipun sampun umum sangêt, ewadene ing kalanipun miyos, wontênipun tiyang ingkang ningali ing margi, inggih ajêg kathah kemawon, ngantos dados pajagèning pulisi, dene mênggah wos-wosipun, inggih namung badhe ngatingalakên sih trêsna.

Kawontênan ingkang kacêtha ing gambar, para maos sagêd manggalih piyambak mênggah sêmuning para têtiyang ingkang ningali, sami katingal sumèh, malah sanadyan pulisi ingkang anjagi tata têntrêm, sanadyan rosa panduwanipun amrih munduripun ingkang sami ningali, nanging pasêmonipun sumèh kemawon.

Samantên gambaraning raos trêsna.

--- 295 ---

Kawruh Sawatawis

Desa Mawa Cara, Nagara Mawa Tata

Sambêtipun Kajawèn nomêr 18.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn kapêngkêr, tatacara punika sok pinanggih nyalênèh, utawi sok nyulayani dhatêng tata ingkang dipun wastani sae, awit tata ingkang sampun kalimrah wau malah dados têtingalan utawi pangalêman, kadosdene ing bab ngrampok sima, punika ngantos ngicalakên raos ingkang nama niksa dhatêng sato kewan. Môngka mênggahing raos pangeman wau tuwuhipun pinanggih saking kilenan, ewadene tumrap ing tanah Sêpanyol, ngantos sapriki taksih wontên cara ingkang raosipun niksa kewan, nanging cara wau sarèhning gêgayutan kalihan pasamuan kabangsan, inggih taksih lêstantun tumindak, mênggah tatacaranipun makatên.

Ing praja Sêpanyol punika wontên pasamuan ngabên lêmbu galak kalihan tiyang, pangêbênipun wontên ing papan ingkang sampun kasadhiyakakên kangge papan kados makatên. Ing kalanipun abên kados makatên punika dipun tingali ing tiyang kathah, malah dalah para luhur inggih sami mriksani. Limrahipun sataun katindakakên kaping kalih.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih lêmbu galak, kajêngipun dipun pilihakên lêmbu ingkang agêng, saras tuwin mitayani, singatipun mingis-mingis, yèn Jawia kenging dipun wastani banthèng, dene ingkang ngayoni lêmbu wau tiyang pêpilihan, ingkang dipun wastani matadhor.

[Grafik]

Caraning ambeda lêmbu ing papan karamean, ing praja Sêpanyol.

Ing sakawit lêmbu wau kawêdalakên dhatêng ing papan wiyar, nanging kalanipun mêdal wau dèrèng tuwuh kanêpsonipun, nanging sampun kêbitik manawi galak. Lêmbu sasampunipun wontên ing kalangan, lajêng dipun beda dening tiyang angangkah murih lêmbu wau dados gambira, patrapipun sarana ngatingalakên sinjang abrit [a...]

--- 296 ---

[...brit] kajèrèng wontên sangajênging lêmbu. Sarèhning lêmbu punika kêdunungan watak gambira manawi sumêrêp wêwarnèn abrit, sarêng sumêrêp wêwarnèn wau nyaruduk purun, saupami ingkang dipun saruduk wau kenging, tamtu dumugi ing tiwas, nanging tiyang ingkang nindakakên wau prigêl, samôngsa lêmbu sampun cêlak, lajêng dipun endhani, panyruduging lêmbu tuna-dungkap. Mangke lajêng dipun bêbedhung makatên malih, ngantos lêmbu wau dados nêpsu yêktos, ambêkos-bêkos nêdya ngamuk. Manawi lêmbu wau sampun kados makatên, tiyang ingkang ambeda lajêng kesah, gêntos wontên matadhor dhatêng ingkang badhe nanggulangi pangamuking lêmbu, dhatêngipun numpak kapal kanthi ambêkta dêdamêl waos, lajêng nanggulangi pangamuking lêmbu kanthi ngolahahkên kaprigêlanipun, katingal botên kewran amêngsah lêmbu ingkang kados makatên punika, dangu-dangu lêmbu wau sagêd tiwas dening tansah dipun waosi.

Ramening surak ing kala punika bêbasan ngantos kados ngrêbahakên langit, saya nalika matadhor wau sagêd angasorakên lêmbu, suraking tiyang rame sangêt, saha matadhor wau angsal pangalêmbana kanthi tôndha têtêngêr kasudiranipun, sinêbut dados lêlanang praja.

Matadhor ingkang angsal pangalêmbana makatên punika ugi tampi ganjaran arta ngantos ewon, malah ugi sagêd narik kadrajatanipun, limrah dados sêkar lathining para wanita.

Kosokwangsulipun matadhor ingkang manggih apês, ugi botên kirang, malah amanggih pati siya, amargi dipun undha dening lêmbu ngantos rojah-rajèh, inggih sintên ingkang kuwawi nanggulangi pangamuking lêmbu ingkang kados makatên, samôngsa talompe tamtu tiwas. Makatên ugi pun kapal tumpakan, adhakan kenging dipun sundhang ing lêmbu ngantos dumugi ing tiwas.

Manawi dipun manah-manah, tindak kados makatên punika pinanggih sairib kemawon kalihan bab ngrampog sima, kaot ing ngriku ngatingalakên ngalelaning kapurunanipun para matadhor, nanging mênggahing nalar, atêgês ingkang dipun êbên wau malah kewan kalihan tiyang, mila tumrapipun tiyang ingkang manggih unggul, lajêng misuwur namanipun.

Bab tatacara ingkang kados makatên punika, tumrapipun cêcariyosan Jawi, sairib kados kala jaman karaton Dêmak. Kala samantên para prajurit nata ingkang nama tamtama, kêrêp dipun êbên kalihan maesa, malah tumrap pandadaring para tiyang ingkang badhe malêbêt dados tamtama, kêdah nêmpiling maesa ingkang pêjah kapisanan, tur rêmuk sirahipun. Tindak kados makatên punika tamtunipun inggih botên mayar-mayaran. Nanging ingkang pinanggih ing cêcariyosan, inggih kathah ingkang sagêd ngrampungi.

Mirit cêcariyosan Jawi, tindak kados makatên wau namung badhe ngatingalakên kaprawiran, kados ta ing bab nêmpiling lêmbu sagêd rêmuk sirahipun.

Dados mênggahing pangintên ingkang gathuk kalihan nalaripun, sadaya wau lajêngipun namung ngatingalakên ing bab kêkêndêlaning manah utawi kaprigêlaning tandang, ing ngriku ingkang sagêd anjunjung kamisuwuraning nama.

Dene wosing cariyos, namung mratelakakên kajênging bêbasan: desa mawa cara, nagara mawa tata.

--- 297 ---

Kagunan Jawi

Panêmbramanipun pakêmpalan pahargyan kampung Kêmlayan, ing tingalan dalêm jumênêngan têtêp kawandasa taun, mawi pêpèngêt iyasa gêndhing kêkalih, satunggal pelok pathêt barang, winastan ladrang Sri Biwadha, satunggalipun salendro pathêt manyura, winastan labrang[2] Diwadhamulya.[3] Kintunan saking Radèn Ngabèi Prajasusastra, ing Kêmlayan, Surakarta.

[Grafik]

Nut ladrang Sri Biwadha.

Ladrang Sri Biwadha

[Kinanthi]

1. Arsambêk sotaning kalbu / lir kasmalantuk usadi / de gusti jêng sang iswara / duk Rêspati Wage ari / dwiwlas Ramêlan Je warsa / paksa ngraras sarira ji //[4]

2. têtêp kawandasa taun / jumênêng dalêm narpati / ngasta pusaraning praja / prasidya niring pawèsthi / biniceka[5] ring pahargyan / astha ri myang astha ratri //

3. duk wiyos dalêm sang prabu / ing bangsal manguntur tangkil / jêng tuwan pramodèng praja / mêdhar karsèng nata dèwi / atur sêbutaning nata / Si Nêprustê Lêkêuh it //

4. myang bintang grutkris linuhung / Nèdêrlansên leyo yêkti / tanapi mitra narendra / ing Dhinêmarkên narpati / misungsung bintang karajan / grut opsir Dhanêbroh adi //

5. sanggya sèsining praja gung / samya sêsanti arjanti / dening wiwit nuswa Jawa / wontên panjênêngan aji / awis kang lir sri narendra / madêg catur dasa warsi //

Ladrang Biwadhamulya

[Grafik]

Ladrang Biwadhamulya.

6. pantês pinèngêt dumunung / karas kancana ingukir [i...]

--- 298 ---

[...ngukir] '/ pinêtri môngka sriyatna / kang mangkana anjalari / kawulendra ing Kêmlayan / myang sanèse katêtangi //

7. iyêging tyas sabiyantu / sêdya tur pamudyastuti / winoring pangabiwadha / sunggata lan langên gêndhing / srana wuryaning parasdya / sumungku suka mêmuji.

8. kasugêngan dalêm prabu / linulus nèng ujwalati / dirganing yuswa widada / awèt ngrênggani praja di / Surakarta Adiningrat / têlênging karaton Jawi //

9. pinudya-pudya mawantu / santosa miwah luhuring / karaton dalêm minulya / tumrahing trah wuri-wuri / run-tumurun tan kasêlan / môngka pêpakuning bumi //

10. titi wêdharing pudyayu / malêming Radite ari / kawolu windu Sancaya / tumanggaping Julungwangi / kaping nêm Sawal Je warsa / saya kontap madyèng bumi //[6]

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun konggrès Islam saindênging donya, wontên ing Baitul Mukadis (Yèrusalèm), dipun dhatêngi para wêwakil Islam saking môncanagari. Ing konggrès ngriku tiyangipun kirang langkung 20.000.

--- 299 ---

Sayêmbara Adamêl Gambaran ing Tapih

VOLKSALMANAK 1933.

Volksalmanak Malayu, Jawi tuwin Sundha 1933 badhe dipun santuni gambaring tapihipun. Sintên kemawon para ingkang maos pawartos punika, ingkang sagêd anggambar, kaparênga nglêbêti sayêmbara adamêl gambar enggal kangge tapihing Volksalmanak wau.

Mênggah tatananipun:

I. Volksalmanak Malayu, Jawi tuwin Sundha, sadaya tamtu sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun. Dene ing bab prayogining gambar botên katêtêpakên, namung kasumarahakên dhatêng kaparêngipun ingkang sami badhe nglêbêti sayêmbara. Janji gambar wau cêtha ungêl-ungêlanipun: Volksalmanak, taunipun tuwin Balai Pustaka - Batavia-Centrum. Ing sangandhaping ungêl-ungêlan Volksalmanak kêdah dipun dèkèki godhagan kangge ngisèni ungêl-ungêlan Melayu, Jawi utawi Sunda. Amargi Volksalmanak tiga wau namung badhe ngangge gambar sawarni kemawon.

II. Ukuraning gambar tapih Volksalmanak wau tamtunipun ugi sampun dipun uningani ing akathah, inggih punika 9.5 X 12.5 cm. Sayêmbara punika ukuranipun supados kadamêl mirib kalihan ukuranipun wau saha alit-alitipun kadamêla tikêl kaping kalih kalihan bakunipun.

III. Kathah-kathahipun badhe kadamêl ulês kalih warni.

IV. Bale Pustaka nyadhiyani ganjaran tigang warni, inggih punika ganjaran pangajêng arta f 50.- ganjaran nomêr kalih f 25.- tuwin ganjaran nomêr tiganipun f 10.-

V. Gambar ingkang tampi ganjaran dados melikipun Bale Pustaka, saha Bale Pustaka wênang migunakakên saprêlunipun.

VI. Gambar wau akir-akiripun sagêda katampèn ing Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm wontên ing tanggal 1 Mèi 1932. Ing gambar wau sampun mawi kasêratan cêtha namanipun ingkang anggambar, namung kacirènana samaran kemawon utawi pasêmon. Dene ngalamatipun ingkang kintun kadamêla piyambak, kalêbêtna ing amplop, dipun pati tuwin dipun lak. Ing amplop wau dipun sêratana ciri samaran, ungêl-ungêlan utawi pasêmon ingkang mirib kalihan ingkang dipun trapakên wontên ing gambar. Amplop wau kakintuna sarêng kalihan gambaripun.

VII. Kasèp-kasèpipun ing tanggal 1 Juni 1932, pikantuking sayêmbaran wau badhe kagiyarakên dening Bale Pustaka.

VIII. Pamilihing gambar ingkang katampèn, badhe katindakakên dening juru pamilih (jury), ingkang dipun angkat dening up amtênar Bale Pustaka. Karampunganing juru pamilih wau têtêp botên kenging ewah.

IX. Katrangan ingkang langkung cêtha, manawi kamanah prêlu, kenging pitakèn dhatêng Bale Pustaka.

Bale Pustaka.

Batawi Sèntrêm.

--- 300 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Tondak-tandukipun bangsa Tionghoa lan bangsa Jawi.

Ing sêrat-sêrat kabar dèrèng dangu punika sami ngêwrat pawartos, bilih ing Pêkalongan bangsa Tionghoa sêsarêngan kalihan bangsa têtiyang Jawi mêntas adamêl parêpatan, ingkang sêdyanipun badhe ambiyantu arta tuwin barang-barang sanèsipun dhatêng Tiongkok, ingkang samangke sawêg pancakara kalihan praja Jêpang. Pêpuntoning rêmbag ingriku bangsa Tionghoa sarujuk badhe ambiyantu sakadaripun dhatêng tanah lêluhuripun. Dene têtiyang Jawi ingkang sami tumut anjênêngi parêpatan wau, sanadyan salêrêsipun botên gêgayutan babar pisan kalihan nagari Tiongkok, ewasamantên ugi anyagahi sami badhe tumut ngrencangi sasagêd-sagêdipun.

Manawi nitik kawontênan ingkang mêntas kalampahan, tumrap tiyang ingkang kirang panjang pamanggihipun, têmtu sami gumun saha judhêg anggènipun sami ngraosakên, jalaran bangsa Tionghoa kalihan bangsa Jawi ing Pêkalongan ingriku dèrèng dangu punika mêntas garêjêgan, ingkang ngantos katingal ragi yêktosan. Lah punapa sababipun têka lajêng gampil sangêt anggènipun sagêd wawuh, tur lajêng katingal supêkêt sangêt anggènipun badhe sami bantu-binantu dhatêng kasusahaning salah satunggalipun.

Nanging manawi pamawasipun wau kalayan dipun wigatosakên saèstu, tindak makatên punika kados botên nama anèh sangêt. Awit kauningana, kados-kados sampun dados jamak limrahipun, bilih têtiyang punika, manawi gêsang lan kawontênanipun nunggil sêsangkulan, ingkang anjalari satunggal lan satunggalipun botên prêlu kêdah sami irèn, punika sok gampil dadosipun rukun. Kados ta upaminipun: bangsanipun priyantun ing pagantosan, punika inggih langkung gampil rukunipun kalihan golonganipun piyambak tinimbang golongan sanès, awit sadaya ingkang nunggil golongan, punika inggih têmtu nunggil sêsangkulanipun. Makatên ugi bangsa Tionghoa ing Indonesia ngriki kalihan bangsa Jawi, punika kajawi nunggil sêsangkulan, punapa-punapanipun sampun mèh sami kemawon. Namung wontên bedanipun sakêdhik sangêt, inggih punika bab wêwênang anggadhahi siti. Wontênipun tiyang Jawi dipun paringi wêwênang anggadhahi siti amargi tiyang sitinipun.

Amila ing sarèhning sadaya-sadayanipun kados ingkang kasêbut inginggil, tumrap bangsa kêkalih wau sampun prasasat dipun sami kemawon, wusananipun satunggal lan satunggalipun inggih lajêng botên irèn utawi botên rêbat unggul, têgêsipun: bangsa Tionghoa inggih botên ngrumaosi langkung inggil drajatipun tinimbang tiyang Jawi, makatên ugi kosokwangsulipun. Jalaran saking punika ing sarèhning bangsa kêkalih wau ing salami-laminipun anggèning sami nandhang bot-repoting gêsang saha kawontênanipun namung nunggil misah kemawon, amila grêngsênging gêsangipun inggih gampil kêmpalipun. Langkung malih bangsa Tionghoa ingkang sampun sami wontên ing tanah Jawi prasasat purun ngrasuk babar pisan dhatêng sadaya kawontênan Jawi, kados ta: bab tatacara lan sapiturutipun.

Tumrap para maos kados sampun sami ngalami piyambak mênggah karukunanipun bangsa Tionghoa dhatêng têtiyang Jawi. Limrahipun dipun ajak rêrukunan punapa kemawon, têmtu botên nate selak, nanging tansah anglêgani dhatêng pangajaking tiyang. Kados ta: dipun ajak ngawontênakên pasar malêm utawi fancyfair, para Tionghoa kajawi urun arta lan barang sanès-sanèsipun, ugi purun urun tênaga sakiyatipun. Malah dipun ajak kêndurèn, inggih purun linggih anggêdhêpês kanthi botên kasupèn anggènipun tumut amin-amin. Dalasan dipun ulêmi tayuban kemawon, inggih botên purun kawon anggènipun tansah nglètèr anêdhani parikan "gunungsari" utawi "grompol thèk". Langkung malih manawi sampun purun tombok dhatêng waranggananipun, dhasar bangsa Tionghoa punika umumipun pancèn langkung ului (artanipun langkung kathah) katimbang bangsa Jawi, katingalipun inggih mêsthi brêgas lan prawira. Kados botên prêlu ngandharakên ingkang langkung panjang ing bab tuladan-tuladan mênggahing karukunanipun bangsa Tionghoa kalihan bangsa Jawi. Cêkak aos ingriki kenging kacariyosakên bilih bangsa Tionghoa punika wiwit rumiyin mila purun dipun ajak gêsang sêsarêngan, miturut punapa ombyaking tanah Jawi. Ingkang makatên punika botên sanès inggih jalaran saking anggènipun sami nunggil sêsangkulan wau. Dene kadhangkala sok wontên bêngkrikipun, punika kados sampun limrah, sawêg tiyang bêbojoan kemawon, ingkang gêsangipun kenging dipun paribasakakên kadosdene mimi lan mintuna, inggih taksih sok wontên congkrahipun. Dados manawi bangsa Tionghoa taksih lêstantun dipun samèkakên dêrajatipun kalihan bangsa Jawi kados samangke punika, kintên-kintên rukunipun inggih sagêd tansah lumintu. Nanging saupami lajêng wontên ada-ada enggal, ingkang anjalari salah satunggal dipun samèkakên kalihan Walandi upaminipun, saha lajêng sagêd mêthènthèng sabab ngrumaosi langkung inggil drajatipun katimbang sanèsipun wau, kintên kula lampahing karukunan inggih kapêksa botên sagêd lêstantun.

--- 301 ---

Ing sarèhning karukunanipun bangsa Tionghoa lab bangsa Jawi sampun samantên kandêlipun, dados kintên-kintên ada-adanipun para student Tionghoa asli saking tanah Indonesia ingkang sami wontên ing nagari Walandi anggèning adamêl pakêmpalan enggal ingkang dipun wastani "Sarekat Peranakan Tionghoa Indonesia" saya badhe ngrukunakên gêsang tuwin kawontênanipun golongan kêkalih wau. Awit ing sêrat idêranipun wontên ingkang mungêl kirang langkung makatên:

Sagêdipun kasêmbadan punapa ingkang dados gêgayuhanipun namung kêdah asarana grêngsênging kêkiyatanipun pribadi mêdal margi sociaal tuwin politiek.

[Grafik]

Pamoring bangsa warni-warni nalika badhe tumindak darma kasêngsaran ing Sumatra.

Tumrap budidaya murih saening gêsang tuwin kawontênanipun, namung kêdah sêsarêngan nyambut damêl kalihan bangsa Indonesia, sarta ugi kêdah arêrencang murih kacêpênging panggayuhipun.

Sarekat Peranakan Tionghoa Indonesia kajawi anggatosakên kabêtahanipun para Tionghoa ingkang sami dêdunung ing Indonesia, ugi gadhah niyat tumuju dhatêng kamardikaning tanah Indonesia. Makatên malih inggih tumrap kamardikaning bangsanipun piyambak ingkang sami dêdunung wontên ingriki, minangka dados têtiyang praja.

Nitik isining sêrat idêran inginggil, ingkang namung kacêkak kemawon, ingriki lajêng nuwuhakên gagasan, manawi ancasing pakêmpalan enggal wau sagêd dipun rujuki dening bangsa Tionghoa ingkang sami dêdunung wontên ing tanah ngriki, kintên-kintên sayêktos karukunanipun bangsa kêkalih wau badhe saya kandêl. Awit ingkang makatên punika botên ngêmungakên lajêng badhe nglêstantunakên karukunan ing gêsang sêsrawunganipun kemawon, nanging têtiyang Jawi lajêng sagêd pitados tuwin sagêd anjagèkakên, manawi ing têmbe wontên bot repotipun, ingkang tuwuhipun saking gêgayuhan suci, bangsa Tionghoa sampun têmtu botên badhe ngucira.

Sayêktosipun makatên bangsa Tionghoa punika pancènipun samangke sampun sagêd ngatingalakên karukunan utawi supêkêting manahipun dhatêng bangsa Jawi. Kados sampun kasumêrêpan bilih bangsa Jawi samangke sawêg bibrik-bibrik andandosi kaeconomianipun, ingkang anjalari ing pundi-pundi dipun wontênakên pakêmpalan cooperatie warni-warni. Dados saupami bangsa Tionghoa wau gadhah niyat sumêdya ambiyantu sadayanipun dhatêng têtiyang Jawi, sampun lajêng ngalang-alangi punapadene niyat mêjahi dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan cooperatie, ingkang sawêg kênduk-kênduk badhe tumindak punika. Awit manawi botên makatên, ing sarèhning taksih moglak-maglik sangêt, têmtu kemawon saupami nêdya dipun paeka inggih botên sagêd widada. Nanging ingriki kula pitados, bilih bangsa Tionghoa ingkang sampun turun maturun nêdha asiling tanah Indonesia, têmtu botên mêntala gadhah pikiran utawi niyat ingkang samantên wau.

Ewasamantên awrat-awratipun tiyang gêsang rêbat panggêsangan, punika sok lajêng nyupèkakên dhatêng karukunan, dhatêng sadherekan, cêkakipun nyupèkakên dhatêng sêdyanipun.

Kadosdene trajang utawi sipatipun para Walandi pranakan, ingkang samangke sawêg ambudidaya sagêdipun angsal wêwênang anggadhahi siti wontên ing tanah ngriki. Sajatosipun para Walandi pranakan ambudidaya makatên, kados inggih sampun samêsthinipun, jalaran ingkang kathah-kathah turun maturun gêsang saha dêdunung wontên ing tanah ngriki. Dados inggih botên anèh manawi anggadhahana, budidaya ingkang makatên. Nanging umumipun têtiyang

--- 302 ---

siti botên rujuk sangêt, bilih bangsa Walandi pranakan dipun paringi wêwênang anggadhahi siti kadosdene kula sadaya. Mênggah ingkang dados alêsanipun têtiyang wau sami botên angrujuki punika kenging dipun wastani: enak enuk nêmu kêthuk, têgêsipun ingatasing gêsangipun turun maturun gêsang wontên ing tanah ngriki, têka wêwênang saha drajatipun dipun samèkakên kalihan Walandi tus. Dene panêdhanipun bangsa Jawi wau, manawi para Walandi pranakan punika purun ambucal wêwênangipun Walandi saha lajêng purun dados bangsa kula, punika tiyang Jawi inggih rila kemawon bangsa pranakan Walandi wau tumut angsal wêwênang anggadhahi siti.

Panêdhanipun bangsa Jawi ingkang makatên punika, kados inggih wontên lêrêsipun. Amung kemawon drajatipun tiyang Jawi botên lajêng mindhak utawi minggah, nanging ajêg kemawon. Dados saupami sadèrèngipun bangsa Walandi pranakan angsal wêwênang anggadhahi siti, tiyang Jawi namung dipun sêbut: Pak Krama, sasampunipun bangsa Walandi pranakan gadhah wêwênang anggadhahi siti, tiyang wau inggih taksih dipun sêbut: Pak Krama kemawon. Dados tumrap bangsa Jawi: sama saja.

Amila mênggahing kula, saupami kaparênga ngajêngakên panuwun makatên, kados-kados langkung utami, bilih bangsa Walandi pranakan ingkang sami nêdha wêwênang andarbèni siti wau dipun sarujuki, janji wêwênangipun bangsa Jawi tumrap samudayanipun lajêng dipun samèkakên kalihan bangsa Walandi pranakan. Dados Walandi pranakan wêwah wêwênangipun, bangsa Jawi sadaya inggih wêwah wêwênangipun, ingkang anjalari minggah drajatipun, prêlunipun lajêng sagêd asêsarêngan gêsang utawi nyambut damêl kangge ngajêngakên bangsa lan nusa.

Manawi sampun sagêd kalêksanan makatên, salajêngipun inggih botên ngêmungakên para tuwan-tuwan tuwin para bêndara, sanadyan kula kemawon inggih sampun têmtu lajêng angsal sêsêbutan MENEER PÊNTHUL.

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Rêrigên ananggulangi sêsakit pès. Ing kawêdanan Cimahi mêntas kawontênakên pêpênggihaning[7] ngakathah, angrêmbag sêrigên[8] ananggulangi sêsakit pès, wosipun ngudi ing bab karêsikan.

Ingkang pinanggih ing nagari-nagari ingkang nindakakên rêrigên kados makatên, kados ta meme bantal, rêrêsik griya sapanunggilanipun, ing nalika enggalan têtiyang sami ngrumaosi awrat, awit tansah wontên papriksan, malah wontên ingkang dipun sêrêg dening juru panitipriksa. Nanging sarêng sampun kulina malah rumaos bilih tindakipun wau sae. Iba saya manawi tindak rêrêsik wau tuwuh saking kajêngipun piyambak. Lan saya prayogi malih manawi tumindaking pambudidayanipun ingkang wajib kanthi kasabaran.

Pajêg têtingalan. Jalaran saking nuju jaman kados makatên, gemeente Bêtawi ngintên manawi angsal-angsalaning pajêg têtingalan ing taun 1931 namung f 270.000.-. Nanging nyatanipun angsal f 281.322.75, dados malah mindhak.

Têmtunipun angsal-angsalan samantên wau lajêng kenging kangge titikan, bilih têtiyangipun taksih sênêng-sênêng. Nanging ugi dèrèng kenging kangge pathokan, sagêd ugi anggènipun ningali namung prêlu kangge nglêlipur manah, tinimbang mèwèk-mèwèk wontên griya.

Anduwa panganggenipun basa Acèh ing pamulangan. Ing Kotaraja wontên comite ingkang nêdya anduwa badhe tumindaking basa Acèh kangge basa baku wontên ing pamulangan, malah sampun ngaturi telegram dhatêng raad kawula.

Beda-bedaning pamanggih punika pinanggih kados makatên. Sawênèh bangsa rêmên angugêmi basanipun piyambak, wontên ingkang botên, nêdha supados ngangge basa umum, inggih punika Mlayu. Nanging sadaya wau têmtunipun sampun sami anggadhahi wêwaton piyambak-piyambak.

Griya yatim Muslimin. Griya ingkang nama "Rumah Piatu Muslimin" ing Bêtawi sampun mirantos, ing wulan punika badhe dipun umumakên. Griya wau madêgipun saking ada-adanipun Sarekat Isteri Jacatra, ingkang dipun sêpuhi Nyonyah S.I. Gunawan.

Punika satunggiling kamajêngan wanita.

Rêgining lisah klêntik. Kajawèn mêntas martosakên ing bab indhaking rêrêgèn lisah klêntik. Ing sapunika wontên pawartos bilih lisah wau kabêtahakên dening tanah ngamanca. Samantên punika sawêg pangintên-intên.

Bab indhaking rêrêgèn lisah klêntik sampun nyata, namung rêgining klapa taksih mirah. Pinuji mugi sadhèrèk padhusunan tumuntêna sagêd ngraosakên indhaking rêrêgèn klapa.

Pangeranpati ing Dèli gêrah. Watawis sampun saminggu, Têngku Otteman, Pangeranpati ing Dèli gêrah ragi rêkaos. Kawartosakên gêrahipun wau mutah rah, sampun dipun garap doktêr, wontên antawisipun mayar.

Sampun dados padatan bangsa luhur punika manawi gêrah dados rêraosanipun ngakathah, saya tumrap ing Pangeranpati Nata, wontênipun ing pamanahan Jawi saya kawigatosakên.

Bêna ing Purwadadi. Sampun sawatawis dintên ing Purwadadi tuwin laladanipun ingkang sitinipun andhap sami kêbênan. Griya-griya tuwin alun-alun sami kêlêban toya. Margi-margi kathah ingkang botên kenging dipun langkungi têtumpakan.

Pasitèn laladan Purwadadi dumugi Dêmak, punika mèh sabên taun bêna, angêlêbi pasabinan, mangka tumrapipun Dêmak kapetang pasitèn ingkang kathah pawêdalipun pantun. Nanging jalaran saking kêrêpipun bêbaya toya wau, inggih kêrêp kêkirangan pamêdal. Pinuji, mugi bêna punika botên andadosakên sabab punapa-punapa.

--- 303 ---

Muhammadiyah ing Bêtawi badhe bikak sêkolahan Mulo. Wiwit wulan Juli ngajêng punika, pakêmpalan Muhammadiyah ing Bêtawi badhe bikak pamulangan Mulo. Wiwit saking voorklas, samangsa sampun dumugi klas 2 badhe ngawontênakên timbangan, punapa Mulo wau kangge dhêdhasaring wulangan A.M.S. utawi H.I.K. utawi Mulo golongan B. A. badhe manut kêkajênganing murid. Kajawi punika ugi adamêl pondhokan murid. Dene ing bab wulangan agami Islam têtêp katindakakên

Bikaking pamulangan punika amêwahi dados pancadanipun para ingkang nêdya majêng.

Nêdha bayaran overwerk. Para letter-zetter ing kantor pangêcapan guprêmèn mêntas sami sowan dhatêng pangagêngipun, prêlu gadhah atur, supados manawi nyambut damêl langkung saking wanci dipun paringi bayaran overwerk. Pangagênging kantor pangêcapan wau badhe lapur dhatêng directeur pangupajiwa praja.

Dados tiyang punika wajib gadhah petang, malah bab punika sagêd nêtêpakên kajênging bêbasan Walandi "wayah iku dhuwit".

Ir. Soekarno wontên ing Malang. Ir. Soekarno mêntas pakêmpalan wontên ing Malang, manggèn ing gêdhong bioskup, têtiyang ingkang dhatêng kirang langkung wontên 1000, golongan wanita ugi kathah. Ingkang sami mêdhar sabda Nyonyah Suhardi, bab swadhèsi, Nyonyah Sukasi, ing bab kawanitan, tuwin Ir. Soekarno bab manunggil.

Ingriki katingal bilih para wanita botên nêdya kantun anggènipun angantêpakên tekad. Tamtunipun saya marêm malih, bilih ing kala punika nunggil kalihan sawung patohan.

Pasar Gambir. Sanadyan nuju mangsa kados makatên, pasar Gambir ing Bêtawi taun 1932 têtêp kawontênan. Bikakipun wiwit tanggal 26 Augustus, tutupipun wontên tanggal 7 Sèptèmbêr.

Taksih danguning badhe wontênipun pasar Gambir, nocogi kados raos ngêlanguting jaman malèsèt, namung kaot pasar Gambir mawi ancêr-ancêr titimangsa, balik malèsètipun dèrèng kenging dipun kintên. Inggih namung kasumanggakakên.

Wohing cobèn-cobèn. Pangagêng pakaryan sêpur sampun nindakakên cobèn-cobèn anglampahakên sêpur awrat saking Banjar dhatêng Cicalêngka kanthi alampah rikat. Cobèn-cobèn punika gêgayutan kalihan tumindaking ngrikatakên lampahipun sêpur kilat, pinanggihipun botên nyaman. Kintên-kintên badhe tumindak wiwit benjing 1 Mèi.

Lampahing sêpur kilat wau pinuji sagêda manggih woh sae, kathah angsal-angsalanipun, margi kathahing angsal-angsalan, ugi atêgês majênging panggêsangan umum.

Têtiyang bucalan ing Digul ingkang nêdya miruda. Kawartosakên sampun sawatawis wulan wontên têtiyang bucalan ing Tanah Tinggi (Digul) nêdya miruda, nanging sadèrèngipun dumugi jajahan Inggris, sampun dipun cêpêng saradhadhu malih. Nalika dipun priksa apratela, anggènipun miruda punika namung nêdya pados panglipur. Salêbêtipun lêlampah ing wana nate kêluwèn sangêt, ngantos nglampahi nêdha sawêr tuwin tigan baya, wontên ingkang mamah wacucal sêpatu.

Pinanggihing lêlampahan kados makatên punika, kintên-kintên botên sanès namung jalaran saking kasupêkên manah, ingkang sajatosipun sagêd adamêl trênyuh.

Wadana pasulayan kalihan upas. Ing tanah Bantên wontên wêdana pasulayan kalihan upasipun namung prakawis rèmèh. Upas wau ngantos kasuwunakên kèndêl saking padamêlanipun. Wusana upas malês, nglapurakên dhatêng assisten-resident, bilih wadana wau nalika tampi arta êmpingan kangge tumbas auto f 1200.- namung katumbasakên f 200.- tuwin taksih wontên atur sanèsipun malih ingkang damêl awoning wadana wau. Sapunika wadana wau kapindhah.

Tiyang punika sok kasupèn, bilih badanipun piyambak punika inggih gadhah cacad. Punika kenging kangge pêpèngêt. Sampun dupèh agêng inggil

ASIA.

Jêpang nêmpuh Yangkialou. Wadya Jêpan cacah 4000 nêmpuh Yangkialou, dipun sarêngi panêmpuh saking gêgana tuwin mariyêm agêng-agêng. Wadya Tionghoa tansah manggèn wontên ing pandhêlikan, sarêng wadya Jêpan cêlak lajêng sami mêdal amapagakên, lajêng pêrang rukêt ngantos dangu. Wasana wadya Jêpan kasêsêr, atilar bangke atusan.

Ngrosani pangangsêg ugi tanpa damêl. Wadya Jêpan nêmpuh barisan Tionghoa ing Miaohangahen, dipun ayomi mêsin mabur tuwin mriyêm agêng-agêng. Campuhipun saklangkung rame, bêbantu Jêpan tansah lumintu, ewadene wadya Tionghoa taksih têtêp botên mingsêr saking panggenan.

EUROPA.

[Grafik]

Bal-balan ing Inggris. Ing Highbury (Inggris) mêntas wontên têtandhingan voetbal, cacahipun tiyang ingkang ningali ngantos 55.000, ngantos wontên ingkang klêngêr punapa, mriksanana gambar. Samantên kamajênganing bal-balan.

--- 304 ---

Wêwaosan

Dêmang Candhuk

Cariyos sêmpalan babad

Karanganipun Mukmin guru bantu pamulangan ôngka II ing Wangon Jatilawang.

2.

Bolonganing wuluh ingkang sasisih kaasta kangjêng ratu piyambak, sarta katèmpèlakên ing prêmbayun ingkang gêrah, sasisihipun cinêpêngan dening Singawinata, tinadhahan ing canthuk jêne. Sasampunipun dipun mantrani, botên dangu toya rêrêgêding prêmbayun mili mêdal bolonganing wuluh, anjog ing canthuk. Sarêng panyanthukipun sampun rambah kaping tiga, gêrahipun kangjêng ratu sagêd waluya, pulih kados wingi uni. Sang prabu sampun ngawuningani, sangêt rêna ing panggalih.

Nuju satunggiling dintên Singawinata katimbalan ing sang prabu. Sarêng sampun sowan, kadhawuhan makatên:

Singawinata, bangêt panarimaningsun sira bisa maluyakake gêrahe kangjêng ratu. Saiki sira ingsun lilani mulih, dadia dêmang ana ing desanira, sarta desanira salinana aran Canthukkuning. Sabên taun sira kudu sowan mênyang kêraton. Dene canthuk lan wuluh gadhing iki sun paringake marang sira minôngka wasiyat. Kajaba iku, layang iki aturna marang bupati Banyumas, supaya sumurupa.

Singawinata munjuk sandika sarta munjuk sèwu nuwun, lajêng kalilan mundur.

Botên kacariyos lampahipun ing margi, cêkakipun Singawinata sampun dumugi ing kabupatèn Banyumas, sarta katêtêpakên dêmang ing dhusunipun, nama: Kyai Dêmang Canthukkuning. (Dumuginipun samangke, dhusun wau dados nama Candhuk, bawah kabupatèn Purwakêrta).

Sadangunipun Singawinata dados dêmang, wana-wana sakiwa-têngênipun ngriku sami kabubak kadadosakên sabin lan patêgilan. Saya lami saya mindhak rêja, jalaran kathah tiyang ingkang sami dhatêng têtruka damêl padhêkahan, andadosakên kamulyanipun kyai dêmang. Sarêng dumugi ngajal, canthuk êmas wau ugi tumut kakubur wontên ing dhusun Ciaur, ngantos sapriki sok kangge sujarahan. Dene wuluh gadhing dados wasiyat ngantos sapriki.

Sapêjahipun Dêmang Canthukkuning, ingkang katêtêpakên anggêntosi pangkatipun, anakipun pambajêng nama Wôngsawinata (katêlah Dêmang Canthuk Kêmantrèn). Rêjaning dhusun sangsaya wêwah. Wêkdal punika nyarêngi jumênêngipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Agung (Mangkurat Têgalarum).

Kacariyos nalika lolosipun Kangjêng Sunan Mangkurat wau dumugi ing Ajibarang, Dêmang Canthuk Kêmantrèn amêthukakên. Sarêng sang prabu seda wontên salèr Ajibarang (samangke dhusun Siraman) piyambakipun andhèrèkakên layon ngantos dumugi ing pasarean Têgalarum.

Nalika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom sarêmbag kalihan Bupati Têgal nêdya angrêbat karatonipun ingkang rama, dêmang wau ugi andhèrèk akanthi wadyabala ngantos dumugi ing Mataram. Sarêng Kangjêng Pangeran sampun jumênêng nata, Dêmang Canthuk Kêmantrèn sangsaya cinakêt ing ratu. Anggènipun dados dêmang katog ngantos sêpuh sangêt. Sapêjahipun Dêmang Canthuk Kêmantrèn, ingkang gumantos anakipun pambajêng, nama nunggaksêmi.

Gêntos kacariyos, nalika dahurunipun praja Surakarta, kathah para luhur ingkang sami lolos, inggih punika: Kangjêng Gusti Pangeran Mangkubumi, Radèn Mas Said, lan pangeran sanès-sanèsipun sami jumênêng kraman. Makatên ugi para bupati, tumênggung tuwin para santana, sami bingung pangidhêpipun, sawênèh wontên ingkang kesah sapurug-purug, botên kantênan ingkang jinujug.

Ing Pajang wontên satunggiling putra priyantun, nama Radèn Côndrajaya, saking ajrihipun amargi dhusun-dhusun rinisak dening kraman, lajêng nekad lolos mangilèn purugipun. Lampahipun kêlunta-lunta tansah nandhang kasrakat. Lami-lami dumugi bawah Banyumas sisih kilèn. Lajêng suwita dhatêng Kyai Dêmang Canthuk Kêmantrèn. Ing sakawit piyambakipun botên purun ngakên aslinipun. Sarêng lami-lami kyai dêmang botên pitados yèn turuning alit, amargi kêtitik saking polatan tuwin alusing bêbudèn, sarta kathah kasagêdanipun, punapa malih sagêd ambantu padamêlanipun kyai dêmang. Mila lajêng dipun takèni mênggah ing salêrêsipun. Sarêng Radèn Côndrajaya pasaja yèn taksih têrahing aluhur, kyai dêmang sangsaya wêwah sih katrêsnanipun, satêmah lajêng kapêndhêt mantu.

Sapêjahipun Dêmang Kêmantrèn II, sarèhning botên gadhah anak jalêr, ingkang anggêntosi kadêmanganipun inggih Radèn Côndrajaya wau, sarta santun nama: Dêmang Côndrapraya. Wiwit punika wêwangunaning dhusun saya mindhak sae, anggènipun nyithak pasabinan sangsaya wiyar, gêsangipun sangsaya sênêng. Ananging taksih wontên ingkang adamêl cuwaning manah, inggih punika sampun antawis lami anggènipun jêjodhoan, botên patutan. (Badhe kasambêtan)

--- 33 ---

Nomêr 9, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Ambatang Cangkriman

Nuwun, Rama Sêbul, kula andhèrèk ambatang cangkriman saking sadhèrèk Sudi, murid pamulangan Magêlang, ingkang kapacak ing Taman Bocah, lampiran Kajawèn nomêr 8 taun III, mênggah pambatang kula kados ing ngandhap punika:

I. Nagari Magêlang, wanda ngajêng lan wingking dados namaning nagari Jawi Wetan, inggih punika: Ma-lang. Wanda têngah lan wingking mujudakên anggèn-anggèn, inggih punika: Gê-lang.

II. Rêdi Argapura, kalih wanda ing wêkasan têmbung kadi atêgês griya, inggih punika: pu-ra. Tigang wanda ing wêkasan namaning margi dhatêng griya wau, inggih punika: Ga-pu-ra.

III. Inggih punika pamêdal gêndhis, ngoko gula. Gula yèn kawalik pamaosipun mungêl lagu, utawi atêgês cara, dene yèn wanda ngajêng sigêg wanda wingkingipun mungêl gul, utawi dados têngêripun satunggiling dolanan ingkang dipun rêmêni tiyang salumahing bumi, inggih punika dolanan phut bal.

IV. Inggih punika kitha ing Jawi Wetan, Surabaya, ing Jawi Têngah Surakarta. Dados ingkang jagi nami pun: Karta, kewanipun baya, ingkang ningali nami pun Sura.

V. Nagari Kêdhiri, wanda ngajêng lan têngah namaning cacadipun para tiyang èstri, inggih punika kêdhi, wanda têngah lan wingking atêgês sumangkean, utawi dhiri. Wanda ngajêng lan wingking namaning raos, inggih punika kêri.

Ing wasana sumôngga dhatêng ingkang kagungan cangkriman mênggah lêrês utawi lêpatipun.

Kula ingkang ambatang, Rara Sukanmi.

Murid Kartini ing Bèitênsorêh.

Wah, wis bênêr kabèh. Kajaba iki isih akèh sing padha ambatang, kabèh iya bênêr.

Ora liwat, Bapak Sêbul, utawa nak Sudi, padha bangêt bungah. Kaya wis cukup samene bae.

Pak Sêbul.

--- 34 ---

Lêlangèn ing Banyu

Bocah-bocah mêsthine kowe wis padha wêruh utawa wis tau nglakoni langèn ana ing banyu, lan mungguh wataking bocah, prakara adus ana ing kali sapanunggalane mêsthi sênênge, malah kaya-kaya lumrah bocah iku dhêmên adus lêlangèn ana ing banyu, sanadyan dielikna wong tuwane, iya nekad bae.

[Grafik]

Pangemane wong tuwa mau satêmêne ora kok nêdya nyulayani karêpe bocah, nyatane mung saka samar, awit ora kurang bocah mati kêblabak ana ing banyu.

Ora kurang wong tuwa, lumrahe biyung, mêling mênyang anake sing isih cilik: Le, aja sok dolan nyang kali, yèn kèli, kuwi nyamari bangêt. Nanging anake mau malah mangsuli: Kapan aku wis kêrêp adus kali. Nglangi ya wis bisa.

Wangsulan kaya ngono kuwi, sanadyan surasane wis kêliwat, nanging kasamaraning biyung isih ajêg bae, kaya durung dilakoni.

Nanging mungguhing nyatane, tinêmune ana ing kawarasan, nglangi iku sawijining ulah raga kang makolèhi bangêt, mula tinêmune ana ing jaman saiki malah kanggo wulangan ulah raga.

Kowe ngrêtia bocah, karêpe, sing diarani wulangan iku kanthi panjaga, beda karo bocah langèn ana ing kali, kang tindake tanpa duga-duga.

Ing saiki kowe tak dongèngi, ing bab papan sing digawe ajar nglangi bangsaning ulah raga mau, lumrah ditindakake ana papan padusan, sapisan banyune rêsik, bêbayane ora ana. Mula ing papan padusan mau, ora kêndhat padha kanggo adus lêlangèn.

Malah tumrape ing tanah Eropah, nglangi banyu gêdhe piguna bangêt. Ing gambar iki mujudake sawijining nyonyah, nuju nyilêm ana ing sagara prêlu anjajagi jêrone, barêng ana dhasaring sagara kêtêmu anake, sakarone padha bungahe. Hayah, sajak kaya wong jalan-jalan bae.

Dadi mungguhing wosing pitutur, bocah aja tinggal pangati-ati.

--- 35 ---

Bocah kang Sênêng Gêthingan

(Aja nyêrikakê atining liyan)

Bocah watake sênêng wadan-wadanan, apa manèh yèn kabênêr jothakan, yèn pancèn bocah mangrêti wis mêsthi ora gêlêm, awit bisa dadi winihing sêsatron. Sasabar-sabare, manawa wong diwadani iya lara atine, wêtuning kanêpson kaya ditilgram bae. Sanajan tumrap wong tuwa kiraku ya padha bae. Jajal takokna Rama Sêbul wangsulane kapriye.

Ana bocah jênênge Kaija, nanging bocah kono lèhe marabi: Bodong. Sakolahe Bodong wis klas III nanging mêtu, kagawa saka bodho lan kêsède. Ora duwe unggah-ungguh, nganggo sênêng mêmadani. Dadi kancane akèh kang padha sêrik. Mung angêgulake kasugihane wong tuwane. Ana kancane tunggal desa jênênge Tarmidi, iku sakolahe wis klas VI.

Anuju libur Kaija anggolèki Tarmidi, karo kancane akèh, calathune Kaija marang Giran: Kowe rak libur ta, Ran, ayo adus mênyang kêdhung, Ran, nanging anggolèki Lelur dhisik. Mula Kaija ngarani Tarmidi Lelur, awit Tarmidi iku pawakane lêncir. Satêkaning ngarêpane omahe Tarmidi Kaija Calathu: Wis ta Ran undangên, aku tak ngêntèni kene.

Giran: ...Kula nuwun. Mas Tarmidi punapa wontên pak.

Bapake Tarmidi: Lo, kok kadingarèn le, esuk-esuk wis anggolèki Tarmidi, kae lo isih umbah-umbah, undangên dhewe, ta.

Giran: Inggih... Mas Di, kowe kok srêgêp têmên, kok umbah-umbah dhewe.

Tarmidi: Iya mumpung ana panas. Aku ya ora srêgêp, nanging salawase manawa umbah-umbah ora tau kongkon wong tuwa. Kowe arêp mênyang ngêndi, ta, dhik.

Giran: Iya mung marani kowe, diajak Kaija adus mênyang kêdhung.

Tarmidi: Iya, ta, nanging êntènana, tak ngrampungake dhisik, lan karbèn rada awan sathithik, dadi mêngko bisa sêgêr.

Barêng wis rampung, Giran nuli pamitan bapake Tarmidi.

Bapake Tarmidi: Iya padha dolana, nanging aja padha tukaran. Iki lo, Tar, aku duwe benggol siji, ênggonên tuku ès, lan nyuwuna sêga ibumu kanggo sangu.

Tarmidi: Kowe apa ya sangu sêga, ta, dhik.

Giran: Anggawa, dak tinggal ana ngarêpan.

Sawise rampung olèhe tata-tata, nuli padha budhal, kanthi bungah atine, saya Si Kaija sangune rong ece benggol kabèh pijêr dipamèr-pamèrake, andadèkake ewane sing padha nyawang, satêkane ngênggon ora nganggo lèrèn, tumuli adus bae. Calathune Kaija: Wis ta ayo padha ambyur barêng bae.

Bocah-bocah: Iya dak cucul dhisik.

Nanging ana bocah siji sing ora wani manêngah jênênge Karmun, tansah ana ing pinggir bae.

Ana sambungane manèh.

--- 36 ---

Trêsna Bapa

I

[Dhandhanggula]

Ana dongèng kang arasa manis / rada apik kanggo wacan bocah / kêna dipèk surasane / ing desa Têgalarum / ana dhudha uripe miskin / duwe anak jêjaka / nanging jaka tanggung / bangêt trêsna nyang wong tuwa / salawase mung tansah ngrewang-rewangi / ora wêdi rêkasa //

mula nadyan jênêng isih cilik / uwis duwe pikiran tumuwa / bisa ngêmong wong tuwane / jênênge bocah mau / Jaka Wêlas awit ngèlingi / urip kalara-lara / lan wong tuwa mau / ya karan jênêng Pak Wêlas / uwis mathuk karo gone padha urip / tansah dadi wêlasan //

nanging mungguh uwong loro kuwi / sanadyan ta dititahke mlarat / nanging bêcik watêkane / nyang tindak nistha lumuh / anêtêpi panggawe bêcik / dhêmên têtulung tôngga / yèn amulês ngêlu / ngono iku dadi wulang / tinêmune ditiru ing anak bêcik / aran tindak utama //

kang tinêmu uwong tuwa kuwi / anane mung wêlas mênyang anak / saka eling lêlakone / bocah ditinggal biyung / dhèk nalika isihe bayi / uripe mung didulang / lan angombe banyu / nanging barkahing Pangeran / nganti gêdhe sarupaning lara kalis / awake kêngkêng rosa //

lan uripe sanadyan wong miskin / ora tau ketok garobyagan / dilakoni ayêm bae / dene anake mau / ora kêndhat dipituturi / tindak-tindak utama / bêtah yèn mêmuruk / mungguh anggone mêmulang / ngiras pantês kanggo nyênyêlamur ngêlih / lali ora karasa //

kang mangkono kêna kanggo titik / yèn wong mau kêdunungan watak / ambêging priyayi gêdhe / dene nyatane iku / pancèn iya isih naluri / nanging wis ora kocap / saka wis kêtutup / lan Pak Wêlas pancèn bisa / êmoh ngaku dhèwèke turun wong bêcik / melike ora ana //

awit uwong yèn kudu ngakoni / turun gêdhe yèn urip rêkasa / tiwas nglara ati bae / adhakan digêguyu / diarani wong golèk pamrih / malah bêcik rumasa / ngaku dadi pikul / dene yèn wis têkan môngsa / andhêlika ngaku trahing kuli cilik / cluluk dhewe katara //

mung wong urip gawate kapati / sanadyan ta uripe narima / ya kaya Pak Wêlas kuwe / mêksa isih kêsandhung / kocap mêngko lara panastis / malah dadi rêkasa / ati ngrasa nglunthung / Jaka Wêlas ora pisah / ngungkêp-ungkêp ana waton ngambèn linggih / ngeman nunggoni bapa //

nuju udan wayah lingsir wêngi / riwis-riwis mung ana suwara / kodhok kang-kung kana-kene / Pak Wêlas alon clathu / rungokna le tak pituturi / awakku kaya-kaya / bakal wis mèh tutug / rumasa wis ora kuwat / bokmanawa aku tumêka ing pati / sing lila eklasêna //

wis bêgjamu mung samene iki / kowe bakal dadi bocah lola / êmung sapungkurku bae / salamêta uripmu / nglakonana tindak kang bêcik / yèn kowe pancèn nyata / anêmêni laku / dêdalane ora kurang / kowe mêsthi nêmu kamulyan ing buri / lah thole lakonana //

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---


5 Marêt. (kembali)
5 Marêt.
ladrang. (kembali)
ladrang.
Biwadhamulya. (kembali)
Biwadhamulya.
Sengkalan: paksa ngraras sarira ji (Kêmis Wage, 12 Ramêlan 1862 A.D., Kamis, 21 Januari 1932 A.D.). (kembali)
Sengkalan: paksa ngraras sarira ji (Kêmis Wage, 12 Ramêlan 1862 A.D., Kamis, 21 Januari 1932 A.D.).
biniseka. (kembali)
biniseka.
§ Gambar tuwin cêcariyosanipun, botên kapacak, amargi kamanah sampun cêkap kados ingkang kawrat ing Kajawèn pahargyan nata. Ngriki namung kapêndhêt ing bab kawruhipun gêndhing. Red. (kembali)
§ Gambar tuwin cêcariyosanipun, botên kapacak, amargi kamanah sampun cêkap kados ingkang kawrat ing Kajawèn pahargyan nata. Ngriki namung kapêndhêt ing bab kawruhipun gêndhing. Red.
pêpanggihaning. (kembali)
pêpanggihaning.
rêrigên. (kembali)
rêrigên.