Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-07, #673

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-07, #673 . Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05-07, #673 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 37, 30 Bêsar, Je 1862, 7 Mèi 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Arjuna Sasrabau

[Dhandhanggula]

kucêm mingkus saisining bumi / tumon prabawane sang yaksendra / Rawana krura ambêke / yèn ana para ratu / kang tan nungkul nulya ginitik / tumpês sasat karoban / ing sagara gunung / jinarahan binoyongan / duk samana Dasamuka angidêri / wêwêngkon prajanira //

tanpa wadya mahawan wiyati / anon pucak wukir Sunyapringga / rinubung kilat thathite / teja wangkawa nawung / kuwung-kuwung kadya nawungi / sapucaking aldaka / liwêran andaru / ing kono natkalanira / wre Subali sinung wahyu bathara di / ajine pôncasona //

Dasamuka niyup marêpêki / praptaning gèn Subali duk lagya / luwar saking ing tapane / lunggwèng sela pitêkur / Dasamuka asru dènnya ngling: / dene iki wanara / kang tapa anyingkruk / rinubung thathit liwêran / hèh wre apa sêdyanira anèng bumi / dene kapati tapa //

dyan Subali alon anauri: / hèh rêksasa têka pindho karya / apa ta ana bedane / titahing jawata gung / kabèh iki isining bumi / manusa lan wanara / rêksasa lan diyu / ingkang padha ulah tapa / sayêktine amrih luwih anèng bumi / durmane ing ayuda //

--- 566 ---

Tanah Dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36

Kawontênanipun Têtiyang Kaya-Kaya

Ing sajatosipun kula badhe nyariyosakên kawontênanipun têtiyang Kaya-Kaya punika gajêg-gajêg, awit pangrêtosan kula prakawis punika kirang sangêt. Ingkang andadosakên kirang sangêt pangrêtosan kula punika, jalaran basanipun têtiyang Kaya-Kaya sakiwa têngênipun tanah Merah punika angèl anggènipun nyinaoni. Basanipun golongan satunggal saha satunggalipun botên sagêd sami. Ananging sanadyana makatên inggih mêksa kula cariyosakên, bokmanawi prêlu ugi kangge mêwahi sêsêrêpan.

[Grafik]

Têtiyang Kaya-Kaya nuju tata-tata badhe kêndurèn

Sakêdhik-sakêdhik kawontênanipun têtiyang Kaya-Kaya sampun kula cariyosakên ing sasrawunganipun têtiyang bucalan. Sagêdipun kula angsal katêrangan sakêdhik-sakêdhik punika anggèn kula sok omong-omong kalihan têtiyang Kaya-Kaya ingkang sampun ragi ngrêtos basa Malayu. Rekadaya kula nyumêrêpi kawontênan punika makatên:

Nalika kula dhatêng ing tanah pambucalan mondhok ing griyanipun salah satunggiling tiyang bucalan. Sadhèrèk punika kalêrês dipun tumuti tiyang Kaya-Kaya. Tiyang Kaya-Kaya punika asli saking Korêkao (Corukao), ing sapunikanipun dados tawananipun golonganing têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu. Tiyang Kaya-Kaya punika salaminipun katawan sampun nate kaukum, dados inggih sampun ragi sagêd wicantên basa Malayu. Kula pitakèn sababing [sa...]

--- 567 ---

[...babing] piyambakipun katawan. Piyambakipun lajêng nyariyosakên, bilih piyambakipun punika anakipun sêsêpuhing têtiyang Kaya-Kaya Korêkao. Ing satunggiling wêkdal têtiyang Kaya-Kaya Korêkao manggih wit sagu sagrombol. Manawi ing môngsa bêntèr sami badhe katêgor kadamêl têdha.

Ing sajatosipun grombolan sagu punika sampun dados dhèdhèkaning golonganipun têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu. Ing sarèhning golonganing têtiyang Kaya-Kaya punika tandhoning têtêdhanipun taksih kathah, amila botên dipun têgor, namung yèn wêkdal môngsa bêntèr dipun sambangi.

[Grafik]

Tiyang Kaya-Kaya jalêr mangangge nuju dintên karamean.

Anuju ing môngsa bêntèr têtiyang Kaya-Kaya Korêkao sawêg sami nêgor, wontên ingkang angrêsiki sangandhapipun uwit sagu ingkang badhe katêgor, saha angrêsiki sakiwa têngênipun wit sagu ingkang sampun rêbah, têtiyangipun èstri sami anggêpuki uwit sagu kapêndhêt onggokipun (kadosdene têtiyang tanah Jawi amêndhêt onggok arèn), kasumêrêpan têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu ingkang nuju nyambangi ing panggenan wau.

Sarêng têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu ingkang tumindak dados prajuriting golonganipun sumêrêp, lajêng murugi saha ngrêbat barang-barangipun. Sampun tamtu ingkang dipun rêbat inggih botên lajêng kèndêl kemawon, nanging lajêng sami nanggulangi anggènipun angrêbat, wusana mêngsahan, têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu sagêd katawan saha kabêkta wontên ing sangajênging sêsêpuhipun têtiyang Kaya-Kaya Korêkao.

Têtiyang Kaya-Kaya Kalimuyu ingkang nganglang punika botên katawan sadaya, ananging wontên ingkang sagêd lumajêng, têrus nyukani pawartos dhatêng sêsêpuhipun. Ing ngriku sêsêpuh punika têrus parentah dhatêng têtiyang Kaya-Kaya sadaya supados mirantos, badhe anêdha wangsul kancanipun. Ing sanalika inggih lajêng bidhal.

Dumugi ing Korêkao lajêng prang campuh, jêmparing-jêmparingan, sêsêpuhing Korêkao kenging kajêmparing dhadhanipun ngantos dumugi ing tiwas, têtiyang Kaya-Kaya sanèsipun sarêng sumêrêp sêsêpuhipun anêmahi tiwas lajêng sami anggêblas lumajêng dhatêng wana. Ingkang kantun wontên ngriku namung èstrinipun sêsêpuh kalihan anakipun. Anakipun sêsêpuh punika lajêng kabêkta kangge pratôndha kamênanganipun, nanging bojonipun sêsêpuh punika katilar.

Badhe kasambêtan.

--- 568 ---

Cariyos Kina

Kapitadosan tiyang kina

Mila pancèn sampun dados adat wêwatêkanipun tiyang siti ingkang naluri kaum kina, saprika dumugi sapriki taksih kathah ingkang kandêl dhatêng kapitadosan anut grubyug, ela-èlu, gugon-tuhon sasaminipun ingkang sangêt botên pinanggih ing nalar, mila wêkasanipun inggih sok malah andadosakên kapitunan tumrap dhatêng awakipun piyambak, kados ta: rêmên madhukun ujar panggorohan, pados isarat, nyênyuwun ngalap brêkah dhatêng kayu, watu, kuburan limrah sapanunggilanipun ingkang sadaya wau sami botên sagêd linampahan lêlahanan, nanging mêsthi mawi ngêdalakên ragad kilap kathah utawi sakêdhik, môngka pinanggihipun ingkang dipun sêdyakakên, nyatanipun namung tansah cabar alias wuk tanpa dados, suprandene sapriki taksih kathah sangêt golongan kina ingkang kandêl kapitadosanipun dhatêng babagan ujar lalawora makatên wau.

Bab tiyang ngalap brêkah dhatêng kuburan limrah dening kandêling kapitadosan utawi namung saking anut grubyug, kajawi ingkang sampun kêrêp kacriyos wontên ing kalawarti warni-warni, ing mangke kula ugi nyumêrêpi panunggilanipun kapitadosan wau, kalihan cêkak kasêbut ngandhap punika.

Ing kikising kitha Surakarta kaprênah kidul kilèn, wontên satunggaling pakuburan limrah kangge tiyang kathah, namanipun karan pakuburan: makam pragola, kabêkta namaning padhukuhan ngriku ugi karan kampung (kala rumiyin dhusun) makam pragola. Ing pinggir pakuburan iring kidul, wontên satunggal badan kubur limrah amiyambak ijèn, ngêblak dipun pagêri bêthèk mubêng, wontênipun sampun dasanan taun, salaminipun botên nate kocap kadospundi-kadospundi, botên wontên tiyang mêmêtri utawi nênêpi sasaminipun dhatêng kubur ngriku.

Wusana sawêg watawis tigang taunan sapriki, kuburan wau dipun angge jujugan tiyang ngalap brêkah nyuwun idi, supados benjing dintên anu kaparingana têrang, sampun ngantos jawah, tiyang ingkang sami ngalap brêkah nyuwun têrang wau, ingkang mêsthi prêlu tumrap badhe gadhah damêl mawi jagongan, dhatêngipun ngriku kalihan ambêkta dhaharan kasajèkakên ing daganing kuburan, awarni sêkul, lawuhipun namung tigan dipun pindhang, wedang kopi, trêkadhang wontên ingkang mawi srutu utawi tike sami sakadaripun piyambak-piyambak, nanging ingkang mêsthi ajêg sêkul kalihan tigan pindhang, punika botên kantun, sasampuning kalarapakên juru kuncining pakuburan, tiyang ingkang gadhah panyuwun lajêng ambêsmi dupa, rampung sajèn sapirantosipun katilar wangsul mantuk, mèh sabên 8-10 dintên sapisan kenging katêmtokakên wontên tiyang dhatêng kuburan wau 1 utawi 2, dumugi sapriki taksih lumintu wontênipun.

Nanging kawuningana, dhawahing êndon dintên têmpuking prêlu, têka têmtu sagêd kabul têrang sayêktos inggih

--- 569 ---

botên, kanyataanipun ingkang sampun marambah-rambah, tumrap sanès tiyang sanès panggenan ingkang sampun kula yêktosi, mêksa taksih botên sagêd uwal saking wontêning kodrat alam, pinanggihing kayakinan bilih dintên wau dhongipun têrang inggih sagêd têrang, nanging manawi ing gêgana sampun katingal mêndhung ngêndhanu, dhawahing jawah pintên dangunipun inggih botên sagêd sande, tarkadhangan malah langkung dêrês ngêgètakên. Tôndha saksi têrang sadangunipun môngsa kathah jawah samangke punika, salêbêtipun kalih wulan sapriki, kathah tiyang dhatêng ing kuburan wau nyuwun têrang, dintên têmpuking damêl sampun ngantos wontên jawah. Tibanipun jêbul sabên dintên rintên dalu jawahipun tansah anggarêjèh kemawon, kalêbêt dintên-dintên ingkang kasuwunakên têrang kangge tiyang gadhah damêl wau. Dados pinanggihipun ing kayakinan botên beda kalihan ingkang botên mawi ihtiyar isarat, dhongipun têrang inggih têrang, dhongipun jawah inggih jawah, namung wontênipun naluri lagon kaum kina sapriki taksih kathah ingkang sami ngayoni ngêcakakên ihtiyar makatên, ciptaning manah: ragad ora sapiraa, prêlu kudu dinyatakake.

Mangsuli bab kuburan wau, kula gumun, sintên mulabukanipun ngajêng-ajêng ingkang angsal wisik: yèn ta wisika, ing ngriku sagêd nêrang jawah wau, sumêrêp-sumêrêp lajêng sampun kathah tiyang dhatêng, sadaya ngakên sami gêthok tular, makatên ugi juru kuncinipun ngriku, inggih kapetang taksih enggal amung kantun anglinggihi klasa gumêlar.

Kula angsal pamirêng ugi saking gêthok tular, dêdongengan cêkak nyariyosakên, bilih ingkang sumare ing kubur ngriku punika namanipun Kyai Selakêrti, prajurit kêsdik balanipun Tumênggung Pragola Pathi, nalika pêrang jaman Mataram, kasêsêr ing yuda dumugi tiwasipun kakubur ing pakuburan makam Pragola wau, nanging kêsdik kadospundi botên sagêd têrang jajlèntrèhanipun, namung dumugi samantên dongengan ingkang kacariyosakên. Wasana lêrês lêpatipun kula nyumanggakakên saha nyuwun pangaksama para maos.

P.K. 585

Buku Enggal

Bale Pustaka mêntas ambabar buku waosan: Narasoma aksara Latin mawi sêkar, rinêngga ing gambar ringgit wacucal 20 iji isi 78 kaca, rêgi f 0.50.

Mênggahing lampahan ringgit, lampahan Narasoma punika nêngsêmakên, kêbak piwulang warni-warni, saya tumrap ingkang sinawung ing sêkar punika, sêngsêmipun botên ngêbosêni, dhadhar sêkaranipun sae, nêngga ing gambar kathah, ingkang babonipun saking ringgit adèn.

Lan malih ugi sampun ambabar buku waosan Abimanyu Kèrêm, aksara Jawi, mawi sêkar, cap-capan kaping kalih, mawi rinêngga ing gambar ringgit.

Mirid anggèning buku punika sampun dipun êcap kaping kalih, nandhakakên buku wau dipun karênani ing ngakathah, mênggah cêkakaning cariyos nyariyosakên pusaka nata Pandhawa ical, Dèwi Wara Sumbadra jumênêng nata wontên ing tanah sabrang. Buku cap-capan ingkang kaping kalih punika rêginipun namung f 0.50. Rumiyin f 0.95.

Buku kalih warni ingkang kasêbut ing nginggil punika, salugu buku waosan ingkang nocogi kalihan raos Jawi.

Tanggap Warsa Dal 1863

Administrasi, redhaksi tuwin sanès-sanèsipun, ngaturi sugêng dhatêng para lêngganan tuwin pamaos Kajawèn, anyarêng tumanggaping warsa Dal 1863.

Mugi sadaya kaparênga anglanggêngakên pangapuntên sami wêngku-winêngku.

Adm. Tuwin Red.

Kajawèn

--- 570 ---

Bab Nênanêm

I. Bab: Nanêm pantun gagi

[Mijil]

Mijil ingkang mangripta murwani / mangke winiraos / nanêm pantun wontên ing pagagèn / kêdah gadhah pacul arit wangkil / pêthèl pecok linggis / garu lan barujul //

[Grafik]

... wasana kabêsmi, sami dados awu.

wiwit môngsa katiga ki tani / sampun amirantos / tata-tata saubarampene / lajêng tapuk dènirarsa gagi / tan kasêsa benjing / tônja môngsa labuh //

wontên dene yèn pagagèn lami / ciyut kirang wêngkon / sumawana cêngkar pasitène / gya ambubak wana têpis iring / kang sampun dinugi / sitinipun mawug //

kêkajêngan sadaya gêng alit / tinêbang tinêgor / lêbur tumpur ludhês bondhotane / yèn tumpukan sampun sami garing / wasana kabêsmi / sami dados awu //

lajêng dhèdhèl lire angrèncèki / pang agêng kinêthok / sangkrah-sangkrah pan siningkirake / jêr punika sampun mikantuki / kajêng dang utawi / magêri ing ngriku //

lan kajawi punika ki tani / sok pikantuk tawon / kang pinanggih wontên babadane / pala-pala gadhung lawan uwi / bêdhèr miwah pakis / kêtupuk myang umbut //

saluntaning ki juru mratani / lajêng sami bacok / angrêsiki kêbondhotan lire / tinimbuk ing tunggak gya binêsmi / murih botên sêmi / sukur dados awu //

ing wasana lajêng sami bêsik / nging botên kaobong / lêlarahan dèn kalêmpakake / kangge tambak andhan-andhan sami / ing tanah kang miring / yêkti dados tanggul //

jawah agêng siti sami kèli / nglarutakên lêmon / kadosdene sabin tanah pèrèng / kêdah dipun andhan-andhan sami / mrih kèndêl kang warih / sagêda angêndhut //

sanajana pagagan ing ardi / mamrih awèt êloh / inggih kêdah katanggul èstune / kadidene sabin wau nanging / mung kadugi-dugi / wiyar ciyutipun //

ing sasagêd-sagêd dipun purih / kang ciyut kemawon / dados botên kinggilên tanggule / sarta cêthèk panampinge nginggil / siti tan kuwalik/ [kuwa...]

--- 571 ---

[...lik/] lêstantun anyabuk //

namping sarta angalis-alisi / prayogi kang dhoyong / kêkah botên gêmpalan watake / ngandhap tamping prêlu dèn kalèni / margi toya mili / nuju jawah agung //

dados malang lampahe kang warih / lêmpêr tan gumrojog / yêkti awèt ing ngriku lêmène / lah makatên yèn ing tanah miring / punika prayogi / manawi tinurut //

sayêktine kyai juru tani / sampun sami ngrêtos / tiyang babad sok wontên bekane / sima lawan andhapan tanapi / kewan alit-alit / dados kalamêrcu //

langkung-langkung sawêr ingkang mandi / yèn ngantos anyokot / santêr sangêt wisa pangêsuke / dhatêng ing rah lan yèn kenging warih / sanalika radin / ing badan sakojur //

milanipun têdah dèn tangsuli / cêlak kang kacakot / murih botên lumampah wisane / nanging kêdah asring dèn uculi / dados êrah rêsik / ngêjogi ing ngriku //

ananging ta dangu-dangu yêkti / wisa amarojol / sarèhne ta ing ngriku èstune / têbih lawan kadhoktêran masthi / langkung nguwatosi / emut dipun emut //

kapragatna ayam ingkang alit / pundi kang cinakot / tinapêlkên supados wisane / suda mêdal amargi katarik / rah ayam sing Jawi / manawi pitulung //

lèn punika wontên jampi malih / dienggal kemawon / mêndhêta ron luwingan kang ênèm / kamamaha kangge blonyoh kanin / toya dèn sêsêpi / sok ugi pitulung //

sata eca sagêd mitulungi / kawênyêd kang nyonyot / kanthi toya kapêrês takêre / kirang langkung mung sagêlas alit / kaombèkna nuli / ampasipun wau //

lajêng enggal kangge amblonyohi / tatu kang cinakot / tiyang wau punika èstune / lajêng mêndêm anglêr tandya guling / yèn sampun ngalilir / ical sakitipun //

Pun: Su: Tlawong - Sawit

[Grafik]

Mêsin mabur sadhiyanipun presidhèn Associated Aviation Clubs Incorporation of Amerika. Bilih sampun rampung, badhe kangge anggêgana ing sanginggiling Amerikah, saha sagêd anjajah kirang langkung 1000 kitha.

--- 572 ---

Raos Jawi

Panggrêsahing manah

[Dhandhanggula]

pindha dhandhang munya môngsa agring / sêsambate para janma mangkya / tan ana beda-bedane / kuli-kuli rawat luh / dènnya angèl ngupaya misil / ing kutha miwah desa / tanna bedanipun / wit pakaryan samya nyuda / kèhing kuli tanapi wêtuning picis / awit môngsa rêkasa //

bapa tani sêsambat mlas asih: / awit wulu pawêtu ing desa / palakirna sasamane / miwah kang rupa pantun / pêpajêngan lir tanpa aji / iku bisaa enggal / pêpajênganipun / wus murah adol rêkasa / tarkadhangan dèn idêrkên mêksa bali / ginawa marang wisma //

pra sudagar ingkang laku grami / sabên dina sêsambate grêsah / nora kaya môngsa kiye / dagangan tumpuk-tumpuk / nora nana janma kang mipik / rêrêgan saya suda / yèn tan wani nêmpuh / kapitunan sawatara / liya dina tunane saya andadi / wêkasane rêkasa //

para blanjan sambate dêrwili / awit blônja tansah suda-suda / tur nora sithik sudane / rusak rancangan butuh / pagawean ambanyu mili / rowangnya saya suda / mula tansah ngadhuh / maju rupak mundur rusak / pamupuse iki jaman lagi agring / manawa têmbe mulya //

nara praja tansah montang-manting / gènnya mikir murih widadanya / kawula ing wêwêngkone / têntrêma gêsangipun / aywa kongsi kaparag agring / miwah ywa kakurangan / sandhang panganipun / tinêbihna ingkang kara / sinirika ing janma kang laku juti / rinakêt suka arja //

kang supaya jumbuh pamikiring / paprentahan marang wêwêngkonnya / mula ana pitulunge / Gusti kang murbèng tuwuh / paring eling mring titah sami / samya angèstokêna / ing rêrigênipun / panulaking kasangsaya / ora liya mung nyuda wêtuning dhuwit / kang kurang paedahnya //

angundhaki gêmi iku wajib / padha nganggo urip kang prasaja / dianggo ing sabanjure / pindha jaman rumuhun / caritane si kaki nini / urip luwih prasaja / dene gêsangipun / wus sênêng tanna bedanya / lawan mangkya malah sênêng duking nguni / wit ngêgungkên panrima //

dene lamun sagunging pra janmi / datan iyêg agêsang prasaja / miwah tumindaka gêmèn / nambahi wêkêlipun / upamane jagade agring / nora olèh têtômba / satêmah kabacut / saya-saya karusakan / saya angèl pulihe lir wingi-wingi / tangèh manggih raharja //

R. Martasuma

Ngawôngga

jatinira rasa kang tan manis / yèn rinaras kang kongsi karasa / tinêmumu padha bae / awit lakuning petung / datan owah salami-lami / yèn kalaning kaloman / datan ngrasa wuwuh / balik mangkya kinurangan / ngrasa lamun tinêkêk satêngah mati / sêsambat ngaruara //

nulya èngêt tumindak prêmati / uning maring tumanjaning petang / nyupêt ingkang kae-kae / mèngêt maring wong sêpuh / ingkang anggung grètèh nuturi / mangkya inganggêp nyata / sae wulangipun / nanging lêlakyan mangkana / jatinira kaprah samya anglampahi / tan lyan amung narima //

Red.

--- 573 ---

Jagading Wanita

Pakêmpalan: Sri Tumurun ing Blora

Mirid namaning pakêmpalan punika, kados para maos lajêng sagêd ngintên, bilih punika namaning pakêmpalan wanita. Dene nyatanipun, pakêmpalan: Sri Tumurun punika pakêmpalan wanita ing Blora, adêgipun sampun sawatawis wulan, katingal majêng.

[Grafik]

Para pangrèh saha para warga: Sri Tumurun

Ingkang ngadani damêl pakêmpalan wau panjênêngan patih ing Blora, ingkang dipun sayogyani ing ngakathah, pakêmpalan wau lajêng dipun namakakên: Sri Tumurun, dene kajêngipun mêndhêt saking raos Dèwi Sri punika putri ingkang agung sawabipun, tumurun ing Blora. Minôngka pasêmon wunguning para putri ing Blora, ingkang taksih manggèn wontên ing pêpêtêng.

Ancasing pakêmpalan wau badhe:

a. Ngudi supêkêting pawong mitran sasamining warganipun para putri ing Blora.

b. Tulung-tinulung samôngsa wontên kasusahan tuwin wontên damêl paridamêl. Kanthi lampah nyumbang bau suku, inggih punika bau tuwin arta sawatawis.

c. Andandosi tumindaking kabêtahan, kanthi sêsorah murih tumindak gêmi.

d. Ngawontênakên celengan, salajêngipun kangge krèdhit kopêrasi dhatêng para warganipun, minôngka pananggulang prakawis sambut awrat.

e. Ngawontênakên barang sewan kabêtahaning bale griya ing kalanipun wontên prêlu, kanthi tatanan prayogi.

f. Ngudi ajênging kasagêdanipun para wanita ing Blora, kanthi tindak:

1. Ngawontênakên kursus a.b.c. kangge ngajêngakên para ingkang sami botên sagêd maos, ngantos dumugining sagêd maos lan nyêrat.

2. Kursus basa Walandi, Inggris, tuwin sanès-sanèsipun, kangge nyadhiyani sintên ingkang kaparêng.

--- 574 ---

3. Sabên Minggu kapisan ing dalêm sawulan, kawontênakên sinau olah-olah.

4. Sabên Minggu ingkang kaping kalih ing dalêm sawulan, kawontênakên pasinaon padamêlan tangan.

5. Sinau mrêban tuwin ngupakara lare. Bab punika sawêg ihtiyar sagêdipun kalampahan.

Ing sasisih punika gambaripun para pangrèh tuwin warganipun pakêmpalan wau, nalika badhe sinau olah-olah wontên ing kapatihan, Blora.

Katranganipun No. 1. Radèn Ayu Sudirman, pangarsa, No. 2. Radèn Ayu Sastradimêja (Radèn Ayu Patih), panuntun olah-olah, No. 3. Radèn Rara Mujiyati, panuntun padamêlan tangan, wêdalan Huishoudschool. Sanès-sanèsipun botên tumut kagambar.

Pawartos Saking Administrasi

Lêngganan nomêr 124 (t. Sastrowijoto), kêlungsèn sangêt anggèn panjênêngan paring priksa.

Lêngganan nomêr 1787 (t. Ajik), Kajawèn nomêr 1 dumugi 10 sampun dangu têlas, jalaran saking punika panjênêngan kapetang dados lêngganan wiwit 1/8-'32.

Ngaturi Uninga

Ing dintên punika, Petruk botên angêdali, amargi kêpambêng kirang sakeca. Makatên ugi pun Pênthul, ing dintên punika nuju arungan prêlu, ugi botên ngêdali.

[Iklan]

--- [645] ---