Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06-01, #682

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06-01, #682. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06-01, #682. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 44, 25 Sura Dal 1863, 1 Juni 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Lèpèn Citarum

[Grafik]

Lèpèn agêng ing Jawi Kilèn, ingkang misuwur wiwit jaman kina.

--- 678 ---

Nagari Ngamănca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Ing sapunika saya katingal usrêkanipun praja ingkang sami pasulayan, jêjêripun praja ingkang pasulayan sakawit, upami kalèn, katingal sampun pating srèwèh, kathah simpanganipun ilèn-ilèn toya. Ngrika-ngriki sami sambêtan tunggil ili, kajêngipun sami gêgayutan kabêtahan.

[Grafik]

Wadyabala wanodya Tiongkok, ingkang ambiyantu pananggulanging mêsah.[1]

Kala rumiyin tumrap Jendral Ma Chan San mèh kasilêp ing wartos, dupèh ing ngajêng kadakwa ambalik dhatêng Jêpan. Ingatasing senapati kabangsan gadhah tindak kados makatên, tamtu kemawon lajêng nuwuhakên rêraosan botên sae, lan kintên-kintên inggih adamêl rêkaosipun ingkang nglampahi. Nanging sarèhning kabatosaning tiyang punika botên kenging dipun janjagi ing pangintên, diwasanipun adakan suka piwêlèh, tandhanipun Jendral Ma Chan San lajêng katingal riwut ing palagan, ananggulang băngsa Jêpan ingkang dados mêngsahipun, wah katingal sagêd unggul.

Nanging tumrapipun Jendral Ma Chan San sapolahipun tansah dipun sujanani ing tiyang, rumiyin dipun sujanani dening băngsa piyambak, ing sapunika dipun sujanani dening băngsa Jêpan, kadakwa santosaning wadyanipun jalaran saking angsal bêbantu saki[2] Sovjet. Nanging Jendral Ma Chan San anduwa dhatêng pandakwa wau, rumaos botên angsal bêbantu saking Sovjet, sawarnining mêsin mabur asli saking artanipun băngsa Tionghwa ing Mansjoerie, pandakwa ingkang kados makatên punika sajatosipun inggih panunggilanipun anjajagi kabatosaning liyan.

Tamtunipun pawartos ingkang kados makatên punika inggih sampun sumêbar dumugi pundi-pundi, malah bokmanawi kawigatosan rêmbag ingkang winados ugi sampun wontên. Ing sapunika komisi Volkenbond ing Harbin gadhah panêdha dhatêng parentah Sovjet supados dipun sukani palilah badhe dhatêng [dha...]

--- 679 ---

[...têng] Shakhalin anglangkungi Blagoveshtchensk, prêlu badhe manggihi Jendral Ma Chan San, parentah Sovjet mangsuli, botên nêdya gêgayutan kalihan praja Manchu Kuo, mila botên nêmbadani dhatêng panêdhanipun komisi Volkenbond wau.

Sayêktosipun mênggahing kasujanan, tansah pinanggih ing pundi-pundi, awit ing ngrika-ngriki tansah nindakakên kaprayitnan. Malah tumrap wawasaning sanès, utawi mirid pawartos ingkang sampun sumêbar, kawontênanipun praja Jêpan tuwin Ruslan, katingal sampun mrêpêk, upami bêndungan, kantun brolipun kemawon. Mênggah ingkang dipun kuwatosakên ing sapunika, Jêpan badhe ngêbroki kitha Sachalijn ingkang têbihipun saking watês Ruslan namung 5 mil, lan malih papan wau angajêngakên kitha Blagoveshtchensk, dene ingkang badhe dipun broki wau ing ngajêng dados têlêng dununging barisanipun Jendral Ma Chan San. Mênggahing kasamaran, botên liya namung manawi dados pêrang. Nanging mênggah pêpêrangan, kados botên cêkap namung dipun samarakên, manawi pancèn sami grêgêt, sintên ingkang badhe sagêd mambêngi, tuladhanipun sampun pinanggih wontên praja Jêpan kalihan Tiongkok piyambak.

[Grafik]

Wadyabala Jêpan wontên ing Sjanghai nuju amèngêti para saradhadhu ingkang sami pêjah wontên ing paprangan.

Ing bab pandakwa dhatêng kasujananipun Jêpan lan Ruslan, punika tansah wontên kemawon, malah bab punika dipun wawas dening admiral Jêpan Magano, ingkang dados wêwakil praja bab sèlèh dêdamêl, amastani bilih Ruslan tansah cawe-cawe wontên ing laladan Mansjoerie. Saya malih tumrap kasujananipun Jêpan dhatêng wadya Tiongkok ingkang wontên laladan Mansjoerie, Jendral Honjo mratelakakên bilih wadya Tiongkok sadhiya prajurit 10.000 nêdya lumawan Jêpan, mila Jêpan inggih lajêng kintun bêbantu dhatêng ngriku. Nanging sadaya wau kajêngipun kadospundi, panggrunêngipun wau punapa badhe ngajak padhamèn. Manani[3] nitik saking sêsulakipun, kathah èmpêripun badhe campuh. Dados wosipun sami nindakakên kaprayitnan. Dene nyatanipun, Jêpan malah nêtêpakên undhang paprangan ing Mansjoerie. Nanging saupami campuh tamtu sakalangkung rame, awit Jendral Ma Chan San inggih sampun saya nyantosani wadya, kintên-kintên botên dhadhal dipun têmpuh ing mêngsah.

Pinanggihipun tumrap pamanahan praja Jêpan, ing

--- 680 ---

wêkdal punika pancèn sawêg ribêd, dening kawontênanipun cawang-cawang. Nanging sarèhning sadaya punika lajêripun saking kêmudhi satunggal, goyat-gayutaning ebah-ebahan inggih sêsarêngan kemawon. Ing sapunika Jêpan nêtêpakên, manawi padhamean ing Sjanghai botên rampung tumuntên, nêdya badhe andhatêngakên wadya malih. Punika dados tandhaning uluk-uluk rame.

Ing sapunika gêntos angraosi gegeran salêbêting praja Jêpan piyambak, kados ta ing bab sedanipun Premir Inukai, pulisi lajêng nyumêrêpi, bilih ing sapunika wontên pakêmpalan tigang golongan, ingkang tansah nindakakên lampah para cidra wontên praja, satunggal nama golongan: Kadang Tunggal Gêtih, gadhah warga 300. Pakêmpalan punika warganipun ingkang nyidra ministêr babagan arta Inouye tuwin warga bang Takuma. Ingkang sagolongan malih pakêmpalaning para upsir neneman, warganipun 120, pakêmpalan punika warganipun ingkang nyidra premir Jêpan Inukai. Dene katiganipun nama pakêmpalan: Tunggal Pati, warganipun sami golongan tiyang tani. Golongan punika nindakakên damêl lampah pangrisak pakaryan praja.

Dados pinanggihipun, Jêpan, Tiongkok tuwin Ruslan, ing sapunika sawêg sami dados jêjêring lêlampahan.

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning kawruh padhalangan ringgit purwa ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Bab ginêm

Ing ngriki dipun wiwiti ingkang botên kalêbêt ing lampahan partakrama, inggih punika ngrumiyinakên ginêm jêjêran ingkang tamunipun botên sarêng, dados satunggal punika dèrèng mawi ăngka, ingkang mawi ăngka namung ingkang klêbêt lampahan partakrama.

Ginêm jêjêran limrah

Ratu: ora dadi guguping atinira sira ingsun piji pasebanira marang ngarsaningsun.

Putran (utawi punggawa): kulanuwun, nalika wontên ing jawi, tampi timbalanipun ingkang sinuhun sakalangkung gêtêring manah, kados upaminipun tinêbak ing sima lêpat sinambêr ing gêlap tuna. Kumêjot gêtêring manah kados alang-alang salămba pinanjêr madyaning alun-alun, katiyubing maruta manda kumêjot kumitir caruk kalihan mêmaras. Nanging sarêng wontên ngabyantaranipun ingkang sinuhun lajêng rêp, samêndhang botên anggadhahi manah ingkang kuwatos, kawula nuwun-nuwun.

Ratu: apa marmane jaba beda lawan ana ing ngarsaningsun.

Putran: kulanuwun, wantêring timbalanipun ingkang sinuhun, ingkang kaping kalih kula dèrèng andungkap antawising karsanipun kangjêng sinuhun, dene miji pasewakan anglangke. Bela-belaning manah, [ma...]

--- 681 ---

[...nah,] ambokmanawi kula nandhang dosa sakit tuwin pêjah, mugi ingkang sinuhun lajêng matrapana. Sampun siyang, sanadyan dalu, kula namung sumăngga ing asta kalih, têmbung tadhah wadana, kumurêb ing abahan.

Ratu: têka banjur[4] kajêron tămpa kaya wong adêdosan, nanging iya, sapa yogyane kang anjunjung kaluhurane praja... (namaning praja). Sanadyana akèh bocah ingsun kang wrêda parama ing budi, nanging yèn ingsun ora imbal pangandika lawan sira, kayadene wong mêrang tanpa landhêsan.

Putran: kulanuwun, kula namung ngaturakên cêguk balilu. Sadaya kasagêdan kula namung saking sih pangèstunipun gusti kula ingkang sinuhun.

Ratu: sira ingsun piji pasebanira, aja ngira bakal nampani ganjaran busana kang endah, utawa warastra kang bêcik tangguhe, ing samêngko kaya ora, bêbasan lintang adoh sinawat balang kayu, tangèh tênane, cêpak cupête.

Putran: kulanuwun, sadrahing angin-angin sarema pinara sapta, tilêma botên supêna, mèndêla botên anyipta manawi ngajêng-ajêng ganjaran. Têbih dhatêng atuwuk, cêlak malah botên kuwawi anampèni, amargi kêkucahipun ingkang sinuhun lumèbèr angêlèbi dhatêng anak rakyat. Amila ciptaning manah kula, rintên pantara dalu namung angajêng-ajêng padamêlan ingkang awrat, minăngka pamangsuling sihipun kangjêng ingkang sinuhun. Suka kakarsakna angêlar jajahan, ngrisak wêwêngkoning satru sakti. Sanajan ngrangsang bètènging mêngsah nyabrang jêjagang, rêmuk kasawurna, tugêl kasawatna, manawi mundur sajangkah kasosoga ing ganjur watang saking wingking, kawula nuwun, nuwun.

Ratu: bangêt arsayaningsun sira ngatonake sih sêtyanira marang ingsun.

(Pathêt nêm jugag)

Ing samêngko seje kang ingsun galih...

(Punika ginêm adat. Wiwit ing ngriki lajêng nyandhak ginêm prêluning lampahan).

Raos Jawi

Ngantêpi pitutur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 43

[Dhandhanggula]

têdhakira jêng sri narapati | sampun rawuh cêlak lan daulat | si jaka alon ature | punapa karsa mundhut | ngèlmu kula saking sudarmi | mung rêgi satus dinar | ya ta sang rêtnayu | mèsêm matur mring sang rama | jêng pukulun idhêp-idhêp amaringi | bok inggih kinarsakna ||

sri narendra angandika aris | ênya iki dhuwit satus dinar | ngèlmunta kaya kapriye | daulat nyêmbah matur | dhuh pukulun nataning bumi | makatên ngèlmu kula | yèn tinimbang turu | aluwung luru-lurua | sri pamase mèsêm tan manabda malih | laju kondur mring pura ||

dalunipun wau sri bupati | dadak wontên kang rinamtam-rantam | tan sagêd [sa...]

--- 682 ---

[...gêd] tumuntên sare | andungkap wanci bêdhug | sirêp tiyang kantun sang aji | dangu-dangu kayatnan | yèn tinimbang turu | aluwung luru-lurua | sri narendra wasana miyos ing puri | mayêng-mayêng singlonan ||

duk samana wau ta sang aji | sampun rawuh cêlak kapatihan | maèsmu manginte-inte | kawistara ing ngriku | patih lênggah lan pra bupati | sakawan pagunêman | mrih upaya sadu | nandukkên karti sampeka | mring suyasa yèn sang nata wus ngêmasi | badhe jumênêng raja ||

pan têtela sang nata miyarsi | sigra-sigra kondur ngênyapura | sakalangkung pangungune | tan winursitèng dalu | enjingira miyos tinangkil | pêpakan kang sumewa | mantri muka ngayun | ing dalu sampun sarêmbag | lan tumênggung juru ngampil pucangwangi | punika kang pinatah ||

anandukkên wisa mring sang aji | sakarsanya ugêr kalampahan | wau sandi upayane | kadrigaman jinurung | dèn slubukkên ing pucangwangi | dupi sri narendrarsa | ngasta talam gumyur | kadya winangsit jawata | gantèn wisa pinaringakên mring patih | tandya sami amucang ||

sanalika risang nindya mantri | saking sangêt rumasuking wisa | sumaput dadya tiwase | sadaya sami ngungun | sri narendra sampun anggalih | ing rèh kang kasamaran | wahananing dalu | cinupêt jatining kăndha | tan winarna sabab antakane patih | kang nandhang ila-ila ||

nata ngutus mring para bupati | angulati sang jaka daulat | sampun kerid ing ngarsane | ngandika jêng sinuhun | sora sarèh sabdanira ji | hèh sagung wadyaningwang | si daulat iku | wong kang anêtêpi nama | mêntas adol ngèlmu marang jênêng mami | rêgane satus dinar ||

iya iku kang bisa jalari | ingsun oncat saka ing bêbaya | maune sadina kiye | sun sêngkakkên ngaluhur | anggêntèni jênêng apatih | kuwasa ngêmbat praja | lan ing têmbe lamun | wus ana karsa manira | sun dhaupkên kalawan si nini putri | jumênêng raja mudha ||

pra nayaka sami saur pêksi | sampun rujuk tan wontên cawêngah | sanalika sri pamase | sampun mundhut pisantun | sapangadêg agême patih | daulat binusanan | tan kuciwèng sêmu | sarwa pantês sri kawuryan | tan antara sang nata kondur mring puri | bibaran kang sumewa ||

linding[5]

dongèng sintên anglampahi | ing pitutur ujar kang utama | yêkti agêng nugrahane | kados daulat wau | antuk bêgja amangku singgih | sumawana sang nata | kang ngèstokkên ngèlmu | sagêd ngoncati bêbaya | tamat ingkang mangripta anyangkalani | paksobah ngèsthi rupa |[6]|

Sutata Wandawa, Tlawong-Sawit.

Buku Wêdalan Bale Pustaka

Bale Pustaka mêntas ambabar buku enggal

1. Dêmang Pancal Panggung. Serie no. 982. Anggitanipun Mas Arjadisastra. Sastra Jawi, gancaran, ukuran alit 64 kaca. Nyariyosakên lêlampahan jaman Sinuhun Pakubuana V (Sunan Sugih), Surakarta. Kala samantên praja Surakarta katrajang pacêklik, nanging wusananipun sirêp, saking daya pangudinipun ingkang sinuhun. Cêcariyosanipun nêngsêmakên, rêgi f 0.25.

2. Pati Winadi. Serie no. 974. Anggitanipun Mas Arjawiraga. Sastra Jawi, mawi sêkar ukuran alit, 74 kaca. Bakuning cariyos, angandharakên lêlampahaning durjana linangkung, lajêng èngêt dhatêng tindak lêrês adhêdhasar kabatosan. Sajatosipun sêrat punika kacariyos nêngsêmakên ingkang araos wulang. Rêgi f 0.25.

3. Panji Laras lan Langêndriya Sungkawa. Serie no. 408. Cap-capan kaping kalih. Sastra latin, gancaran. Sêrat punika dongèng nêngsêmakên, mirid anggèning sampun kaêcap kaping kalih, nandhakakên manawi dipun rênani ing ngakathah. Rêgi f 0.25.

4. Almênak Tani Jawa. Isinipun mêpêki, nyêkapi kabêtahanipun para tani. Rêgi ajêg kados adat, namung f 0.50.

--- 683 ---

Jagading Wanita

Kabiraèning wanita

Mênggahing cara pêpetanganipun, tumraping kabiraèn, jalêr kalihan èstri punika, bokmanawi kathah kabiraènipun tiyang èstri. Nanging jalaran saking kêlimrahing tindak wau, birainipun wau ngantos botên katawis, lan malih, sajatosipun, kabiraèning wanita punika limrahipun gêgayutan kalihan tatakrama. Wontênipun makatên, awit wanita punika pantêsipun tansah ngadibusana, dene ingkang dipun waswani[7] ngadibusana wau botên kok nyandhang ngangge kêdah ingkang sarwa mompyor, sarwa enggal, inggih sanadyana namung sarwa prasaja, tumraping wanita wajib tansah dandos, murih têtêp katingala dados sêsêkaring bale griya. Awit mênggahing wanita, manawi ngantos ambombrong, katingalipun saru, lan malih ambombrong punika sanèsipun Dèwi Banowati botên pantês. Samantên wau namung luconipun, dados saupami wontên wanita ingkang candranipun ambanowati, sanadyan ambombronga inggih pantês.

[Grafik]

Limrahing irung ingkang nama sae, punika ingkang ambangir, mênggahing rekadayanipun, sarana dipun jêpit ing pirantos.

[Grafik]

Alis ingkang nglamlami punika ingkang nanggal sapisan, pratikêlipun sarana kapidih.

Tumraping wanita ing jaman kina, manawi wontên ingkang nyandhang ngangge sarwa ngagètakên, adhakan dados rêraosan, awit dhêdhasaring pamanahanipun para kina, rêmên dhatêng sarwa prasaja, mangangge sarwa botên ngagètakên, nanging mangangge kados makatên punika, manawi kalêrêsan malah anglênggahi ucap-ucapan: macak barès ngayang batin.

Nanging lampahing jaman punika sarèhning tansah gilir-gumantow,[8] [gi...]

--- 684 ---

[...lir-gumantow,] sêngsêming sawangan ingkang sarwa kêlêm wau, dangu-dangu saya suda, malah lajêng ical babarpisan, tiyang rêmên nyênyawang ingkang sarwa mompyor, pangangge ingkang kalêrêsan cocog traping ngadibusana, tuwin mathuk undha-usuking corakipun, manisipun ngantos katingal ulêng-ulêngan. Ing sapuka[9] sarêng wontên gagrag lurik, caraning ngadibusana wiwit santun, wontên ingkang sampun mangsuli pangangge sarwa prasaja. Pinangihipun wontên ing sawangan, tumrap para mudha inggih amastani sae, dene tumrap para ingkang taksih katutan mripat lami, tamtu kemawon lajêng manthuk-manthuk, malah lajêng sagêd mêwahi pangumpak ingkang dipun cocogakên kalihan jamanipun, ucapipun: wèh, dhasar wanita pangajaran, thik pangagêmane rasa kabangsan, ya kaya prajurit têmênan.

[Grafik]

Tumraping jăngga milih ingkang lurus, sarananipun kêdah dipun sêlèndêr ing pirantos.

[Grafik]

Yèn pêpilihaning idêp, pinanggih ingkang tumênga ing tawang, kasêmbadanipun kêdah dipun jênthit-jênthitakên mawi gunting wasiyat.

[Grafik]

Saening pipi punika andurèn sajuwing, mila kisutipun kêdah dipun lus ing sarana pirantos listrik.

Ing sapunika nglajêngakên ing bab kabiraèning wanita, punika pinanggihipun botên namung ing bab ngadibusana kemawon, inggih sarana apêpaès sarira, kajêngipun andandosi saranduning sarira pundi ingkang kenging, awit saranduning sarira punika satunggal-satunggalipun [sa...]

--- 685 ---

[...tunggal-satunggalipun] sami katitipan wănda sae, tuwin pinanggihipun wontên ing sawangan jawi, tansah dipun ucapakên. Nanging sarèhning sadaya wau nama kodrat, sagêdipun nulad inggih rêkaos, awit saupami wontên wanita ingkang irungipun botên ambangir, măngka kapengin ambangir, inggih badhe rêkaos kalêksananipun.

Nanging sarèhing jaman punika saya majêng, para ahli kagunan tansah nindakakên rekadaya ngêngudi dhatêng sarsa[10] sae, tumrap kuciwaning warninipun wanita, tansah dipun udi murih sagêd sae, lan sagêd nocogi kados ingkang dipun kajêngakên. Tamtu kemawon bab wau pinanggihipun ing sapunika sawêg wontên tanah kilenan, nanging botên sande tamtu dumugi ing ngriki, malah ing sapunika ugi sampun wontên ingkang tumindak wontên ing ngriki, kados ta bab ngewahi rambut. Mênggah patraping ngewahi wau, saupami ing tanah ngriki sampun wontên, kados ingkang kacêtha ing gambar.

Manawi ing tanah ngriki sampun wontên pirantos kados makatên, ing pangintên badhe kèbêkan tiyang ayu, nama sami bêgjanipun.

Nyuwun Sêsêrêpan

Nalika taksih suwargi pun êmbah, kula nate dipun ngandikani, manawi ing dhusun Manglu, Cowogan, (Mataram), rumiyin wontên priyantun ingkang jumênêng bupati, punika punapa lêrês, dene manawi nyata, sintên asmanipun sang bupati wau. Sarta putranipun sintên. Lan malih sang bupati wau lajêng kagungan putra pintên.

Ingkang punika kula nyuwun sih sêsêrêpanipun para bandara utawi para priyantun, manawi mirsa utawi mirêng babad-babadipun sang bupati Manglu wau, kula aturi maringi katrangan kapacak ing Kajawèn. Ing wasana sadèrèng sasampunipun kula matur sêmbah nuwun.

Lêngganan No. 1845.

Bab punika manawi para maos ing Ngayogya wontên ingkang uninga, mugi kaparênga paring katrangan. Kados ing bab punika tumrap priyantun ing Ngayogya botên kêkilapan.

Red.

Bab Sayêmbara Patih

Volksalmanak 1933

Dumuginipun sapunika, para priyantun ingkang nglêbêti sayêmbara patih Volksalmanak 1933 wontên 603. Bale Pustaka botên ngintên manawi ngantos samantên kathahipun. Namung kauningana, gambar-gambar wau wontên ingkang botên nêtêpi kados ingkang dipun kajêngakên, inggih punika bab ukuran, warni tuwin tataning ngintunakên.

Tamtu kemawon cacah samantên wau, tumraping juru mriksa badhe nyanggi padamêlan awrat, nanging botên dados punapa, malah nama prayogi, dene sagêd nandhing pundi ingkang nama sae yêktos.

Ingkang dados juru mriksa wontên 9 dipun pangarsani dening Tuwan Hoofdambtenaar Bale Pustaka.

Mugi sami sabar ing panggalih.

--- 686 ---

Tanah Dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 43

Sarêng kandhang lêmbu saha panggenan amragad sampun sadhiya, lajêng pados tiyang ingkang kulina angupakara lêmbu. Sasampunipun angsal lajêng kaajak sowan ing panjênênganipun Tuwan Monso nyuwun lêmbu. Punika inggih lajêng dipun paringi sapanyuwunipun tiyang bucalan punika. Ing sarèhning parumputanipun dèrèng patos kathah, amila lêmbu ingkang katampi namung kalih dasa. Caranipun badhe amragan[11] kêdah angidêrakên sêrat lêmbaran rumiyin supados sagêd nyumêrêpi kathahing tiyang ingkang nêdya tumbas daging lêmbu. Rêrêgènipun ulam ing wêkdal punika ing dalêm satunggal pun: daging nomêr 1 tigang tangsul, daging nomêr kalih suwidak sèn, jêroan sakawan dasa sèn saha balungan satangsul.

Tumindakipun pajagalan punika inggih namung salêbêting paprentahan kaasta dening panjênênganipun Tuwan Monso.

Cêkakipun sadaya kawontênan ing Tanah Merah sarêng paprentahan kaasta panjênênganipun Tuwan Blok ewah sadaya.

Atur kula prakawis kawontênaning patêgilanipun têtiyang Tanah Merah salêbêtipun paprentahan kaasta dening panjênênganipun Tuwan Monso, cêkap samantên kemawon. Saha ing bab anyariyosakên kawontênaning lanbao kopêrasi gêgayutanipun kalihan pajagalan, prayogi kula pratelakakên malih.

Ingkang dados jagal ing salêbêtipun pakêmpalan lanbao kopêrasi punika, sarêng paprentahan kaasta panjênênganipun Tuwan Blok, dipun dadosakên pangarsaning têtiyang bucalan ingkang sami purun ambabad wana kangge pasabinan. Pajagalan punika kaasta dening panjênênganipun Tuwan Blok piyambak. Ingkang anindakakên padamêlan pajagalan punika sadaya tiyang bucalan ingkang kanthi balănja wulanan, ing dalêm sawulan f 30.-. Administrasinipun ingkang nyêpêng tiyang bucalan. Tiyang bucalan punika andaleya sangêt, botên nêtêpi kuwajibanipun. Kajawi punika, tiyang bucalan wau gadhah toko. Têtiyang bucalan ingkang sami ngêbon (nyambut) dhatêng tokonipun botên mawi kasêbutakên namaning barang-barang ingkang kapêndhêt. Bon-boning toko lajêng kaaturakên dhatêng panjênênganipun Tuwan Blok, minăngka lintuning rêrêgèn daging lêmbu, dados ambayar kropyok (contant).

Tiyang bucalan ingkang andaleya punika anggadhahi pambêkan kumalungkung, manawi kaunggulakên sampun bingah. Manawi nampi bon kirang satiti, panagihipun inggih andaleya, panyimpênipun bon-bon inggih sêmbrana. Saking bèrbudi saha ambêk luhuring panjênênganipun Tuwan Blok, anguningani tindak ingkang kados makatên punika, saha anitipriksa kiranging anggènipun angaturakên pêpajênganing panyadenipun ulam lêmbu, punika panjênênganipun namung suka pemut supados piyambakipun sampun [sa...]

--- 687 ---

[...mpun] ngantos tumindak kados makatên malih. Sawulan kalih wulan tiyang punika inggih sae panyambutdamêlipun, ananging ing sarèhning tiyang ngêmprah (daleya), sêmbrananipun muncul malih. Ing wusananipun ing satunggiling wêkdal dhatênging lêmbu kantu, ing suwau dhatênging lêmbu lumintu, dados kiranging panyadening lêmbu ingkang kaaturakên dhatêng panjênênganipun Tuwan Blok botên patos kawuningan, awit manawi kadangu kêkantunaning lêmbu, anggènipun angaturakên tamtu langkung kathah katimbang wujudipun. Wusana tindak wau ingkang anjalari konanganing tindakipun salingkuh.

Sarêng mlêbêt mêdaling arta kacocogakên, kiranging arta mlêbêt kathah sangêt, botên namung dasanan kemawon, ananging atusan, malah kula mirêng mèh sèwu langkung. Ingkang kangge nambêli ambayar inggih punika bon-boning tokonipun, dalasan sapêpajêngan sanalika, ugi kaaturakên kangge nambêli. Ngantos barang toko ngantos têlas dèrèng sah. Dados ngantos piyambakipun kamardikakakên saking pambucalanipun taksih anggadhahi sambutan dhatêng parentah. Ing wiwitan tiyang punika katahan rumiyin dipun dhawuhi angêsahi sambutanipun, ananging piyambakipun sanggêm badhe nicil manawi sampun wontên ing tanah Jawi. Prakawis tiyang bucalan ingkang kamardikakakên kawangsulakên dhatêng tanah kalairanipun taksih gadhah sambutan dhatêng parentah, dipun purih anicil manawi sampun dhatêng ing tanah Jawi, punika kula botên sagêd anamtokakên, awit atur kula bab sambutan badhe kacicil wontên ing tanah Jawi punika namung mirêng ombyoking tiyang Tanah Merah kemawon.

Badhe kasambêtan, Aris Munandar.

Dongèngipun Petruk dhatêng Garèng

Bab bal-balanipun para sêpuh

III.

Garèng : Ora, Truk, tak rasak-rasakake dêdongenganamu kala dina Sabtu kang kapungkur kae, kok ora mèmpêr sathithik-sathithika. Sing kok căndra pamaine wis ana priyayi lima utawa nêm, ana kok ora ana siji-sijia sing katon mêntèrèng, apa iya ora ana siji-sijia sing pènsiyunan sêporêt. Têmtune salah siji rak iya ana sing kêna disawang pamaine.

Petruk : Lho, iya mêsthi ana bae, sanadyan pamaine miturut rasane dhewe-dhewe, kaya ta: panjênêngane patih yatim, ing sarèhne iya priyayine iya pangkate wis rada yuswa, rasane iya mung arêp ngêmong, dadi nèk ana mungsuh têka anggawa bal, iya mêksa diêmong, têgêse: ora banjur ngladaki ngrêbut bale, nanging diêmong, yaiku di... tutwuri. Mêngkono uga Radèn Mr. Adi, bawane dadi pangarsaning pakumpulan budi utawa pakumpulan [pa...]

--- 688 ---

[...kumpulan] Jawa sing tuwa dhewe, mêsthine iya isih kandêl rasane kajawène, mulane sanadyan maina bal, iya isih katon rasane kajawène. Têgêse: pangoyake utawa nêndhange bal, kuwi iya mêsthi nganggo... irama. Dadine klumayu[12] ngoyak bal, sajake iya kaya... nylindir, kuciwane dene aku ora namatake, apa nèk nêndhang bal sêmang nganggo... pacak gulu.

[Grafik]

Garèng : O, iya pancèn wong sêmbrana sêtêngah mati têmênan, kowe kuwi pancèn iya wong jail mêthakil, ana kabèh-kabèh têka digarap mêngkono. Mula ya bênêr paribasan Walănda sing kira-kira surasane mangkene kae: juru mudhi sing pêng-pêngan iku, iya juru mudhi kang ana ing dharatan. Wong kowe dhewe ora mèlu main, mulane bisa nacad mrana nacad mrene, jajal saupama kowe main dhewe, aku kok kêpengin wêruh sepak trajangmu...

Petruk : Wah, nèk aku wis mêsthi ora bakal nguciwani, apa ngilang-ilangake anggonku ajar silat nganti têlung... dina. Cêkake nèk adhimu sing brêgas anggêbibir kiyi, mêsthi ora bakal wêdi rêkasa lan kangelan, têmtu mapan têrus-têrusan, mêngkone nèk ana bal mara, mêsthi banjur: Hèt... indha.

Garèng : O, hla nèk kaya ngono kuwi arane moh barang-barang, karêpe mung kaya pangantèn sing lali jogède, barêng gamêlane wiwit diunèkake boyong, mung ngadêg anjêjêr kaya regol. Karo manèh kathik têgêl-têgêle, bal têka banjur indha, manawa kuwatir yèn sikilie sing kaya cuthang kuwi kêna bal banjur... putung. Ora, Truk, aku kok ora ngrêti, mungguh karêpe bae kêpriye, ana priyayi-priyayi wis padha yuswa, têka nganggo têtandhingan main bal barang, apa cikbèn diarani: padha cikat tandang solahe, padha anjêjak trajange, kathik [kathi...]

--- 689 ---

[...k] balindrik guwayane...

Petruk : Wiyah kok dipadhakake awake dhewe, anggêr wis ana ing pasamuwan, banjur dipêtèntèng-pêtèntèngake, disigrak-sigrakake, dibêntholat-bênthalitake, rumasane anggêr wong mêsthi padha nyawang, padha ngawasake, lan padha migatèkake. Anggêpe wong-wong mau mêsthi padha gumun lan ngalêmbana mangkene: êndhèk cilika kae, nèk Mas Bèi Nala, wong iya mlinthêng lan angganthêng, nèk wêwayangane apês ambalêbês iya... Wisanggêni. Ora ngrêtia yèn kabèh-kabèh padha ngrasani: wayah, iki wong, kathik le mêthikil, anjêngil kaya... upil.

Garèng : E, pancèn iya kranjingan tênanang. Wis, wis, kok banjur obral anggarap wong mêngkono. Saiki caritakna bae panêmumu, mungguh para jamhur-jamhur padha krêsa têtandhingan main bal kuwi.

Petruk : Mungguh ing panêmuku, Kang Garèng, anane main bal sing mêngkono mau, kajaba mung kanggo sênêng-sênêng bae, ana surasane sing wigati bangêt. Kayadene anane saiki, antarane kaum krama lan kaum têlèk utawa kaum ningrat, kuwi isih pirang-pirang pos têmênan, nganti si kaum krama kuwi kadhangkala anduwèni rumasa, yèn kaum têlèk lan kaum ningrat, kuwi dudu bangsane dhewe nanging putra wayahe malaekat, mulane wajib kudu diwêdèni, diaji-aji lan disêmbah-sêmbah ajêgan. Kosokbaline kaum têlèk, apa manèh kaum ningrat, kuwi sok anduwèni panganggêp nyang kaum krama, kayadene mênyang... sêmut, tur sêmut gatêl. Dadi wajibe, ora prêlu ngopèni, ora prêlu ngaruhake, luwih-luwih ora kêna nyanak babarpisan, wong iya sêmut gatêl, mêsthine iya marakake...dhik-dhikan. Jalaran saka iku, rak iya wis mêsthi bae, ta, yèn si kaum krama banjur wêdi sêsrawungan karo kaum ningrat lan kaum têlèk, kosokbaline, kaum ningrat lan kaum têlèk iya ora sondèl kêkumpulan karo kaum krama, lan sabanjure sanadyan golongan têlu mau tunggal băngsa, nanging salawas-lawase kumpule iya tansah kaya banyu karo lênga bae. Jalaran saka dayane jaman kamajuan kiyi, kang anjalari kaum têlu pisan padha gêlêm main bal barêng-barêng, gêlêm kumpul dadi siji anggayuh kabutuhane umum, lan sapiturute, kang wusanane bisa agawe saiyêging kaum têtêlu mau, iya ing kono bakal bisane băngsa-băngsa kene saiyêg barêng-barêng ngêpung... kênthang bêstik, krokèt, panêkuk ...

Garèng : Wis, wis, kok banjur anglantur omonge mêngkono, rêmbuge bab bal-balan padha disêtop samene bae.

Pawartos saking administrasi

Lêngganan nomêr 2216 ing Purwakarta (Krawang). Lêngganan kapetang wiwit 1 April. Lose nomêr Kajawèn rêgi f 0.15 sajilid, nanging botên mêsthi wontênipun.

Lêngganan nomêr 3815 ing Ngapêman. Lêngganan kapetang wiwit 1 Juni 1932.

Lêngganan nomêr 3631 ing Cakranêgaran. Lêngganan ingkang gugat botên nampi salah satunggiling nomêr Kajawèn punika kathah (botên panjênêngan piyambak), sabên wontên sêrat ingkang makatên, manawi dhasar taksih wontên sadhiyanipun, ing sanalika ngriku inggih lajêng dipun kintuni.

--- 690 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Tanah ngriki

Rêrigên madosakên panggêsangan. Wontên pawartos wadana ing Playên, Ngayogya, gadhah ada-ada mitulungi têtiyang ingkang sami botên gadhah panggêsangan, sarana dipun gadhuhi babon, sagêda angsal asil saking tiganipun, ing sapunika sampun dipun wiwiti saking klurahan Dêgok.

Pitulungan punika manawi sagêd tumindak sae pantês dipun lêstantunakên lan ugi pantês dipun telad.

[Grafik]

Sawêr agêng T.M.H. Soetomo ing Wonorêjo, Kêncong, mêntas nyanjata sawêr sawa ing wana Jadrêkan. Sawêr wau panjangipun 4.35 m. Mriksanana gambar.

Nglalu saking dayaning malèsèt. Ing sagantên sacêlakipun Padang pinanggih wontên mayitipun băngsa Tiyonghwa kampul-kampul wontên ing toya. Sarêng katitipriksa mayit wau mayitipun sudagar karèt, ing griya pinanggih wontên tilaranipun sêrat 2, satunggal tumuju dhatêng ingkang èstri, satunggalipun dhatêng pulisi. Ingkang dhatêng pulisi mratelakakên tiyang wau sampun umur 60 taun, kintên-kintên sampun botên mêningi pulihing rêrêgèn karèt malih, dados anggèning pêjah punika nglalu jalaran saking mloroting rêrêgèn karèt.

Lêlampahan punika nocogi kados ucap-ucapan: donya punika adamêl pêpêtêng.

Beya f 11.000 mèh mrucut. Toko Hin Jin Bros ing Singaraja (Bali), misuwur sêsadeyanipun barang mirah sangêt. Ing bab punika lajêng nuwuhakên sujananing pulisi. Sarêng pulisi niti barang-barang kintunan dhatêng toko wau wontên ing palabuhan, kasumêrêpan barang-barang kintunan wau, ingkang kacariyos isi mêrcon, ing lêbêt isi dlancang sigarèt tuwin barang sanès-sanèsipun, beyanipun kemawon f 11.000. Inspecteur pabean ing Surabaya lajêng papriksa mriku, aspiran komis palabuhan kadakwa sêkuthu, lajêng dipun kèndêli.

Têmtunipun tindak kados makatên punika tuwuh saking ichtiar pados kabêgjan wontên ing jaman malèsèt.

Rumêksa ing katêntrêman. Kawartosakên kala ing taun 1930 Nationaal Arbeidssecretariaat ing Amsterdam kintun arta dhatêng têtiyang bucalan ing Digul kathahipun f 100.- Nanging arta wau dipun tampik dening Guprênur Maluku. Pakêmpalan wau lajêng nêrangakên dhatêng Tweede Kamer, angsal wangsulan wontênipun katampik, kakuwatosakên manawi kangge sangu miruda.

Sawarnining lêlampahan punika manawi taksih wontên salêbêting kasamaran, pinanggihipun inggih wontên-wontên kemawon.

Kasangsaran ing Miangas. Miturut pawartos, kasangsaran ing pulo Miangas kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, sarêng kapriksa yêktos, griya 95 wuwung, ingkang wilujêng namung 4, wit klapa 13.000 ingkang rêbah 10.000, ingkang 3000 risak, kapitunan f 75.000.

Manawi kapetang, kasangsaran punika sakalangkung agêng, ngriksak[13] panggêsangan tuwin katêntrêmanipun têtiyang ing ngriku.

Pamulangan Mosvia ing Probolinggo lêstantun. Wontên pawartos bilih pamulangan Mosvia ing Probolinggo botên saèstu kagamblokakên dados satunggal kalihan Magêlang, utawi dipun suwak.

Sapunika sampun pinanggih wontên pawartos suwakan ingkang botên saèstu, awit mênggah pigunanipun pancèn katingal, kintên-kintên tumraping pamulangan sanès inggih sami mèrèkakên.

P.K.N. ugi nindakakên politiek. Sakawit kawartosakên, bilih P.K.N. punika mêngkêrakên dhatêng politiek. Mênggah sayêktosipun pawartos wau botên nyata, P.K.N. taksih tumandang saprêlunipun.

Têmtunipun tumrap jaman sapunika, pakêmpalan ingkang tanpa gagayutan kalihan politiek araos cêmplang.

Arta muspra. Kawartosakên ing taun 1931 nagari kapitunan arta mèh 4 yuta rupiyah. Arta samantên wau ingkang f 2.194.635 arta paos, ingkang sampun botên kenging katarik malih, dene ingkang f 530.689.83 dipun salingkuhakên dening punggawa nagari.

Dados sanadyan nagari inggih wontên amanipun.

Balanjanipun para burgemeester. Wontên pawartos, wiwit benjing tanggal 1 Januari 1933 parentah botên badhe ambiyantu ambalanja para burgemeester.

Punika dados satunggiling sêsanggèn sawatawis awrat tumrap Gemeente. Nanging kintên-kintên inggih sagêd tumindak, măngsa kêkirangan margi.

Papan pangungsèn enggal. Rumiyin sampun kawartosakên, parentah sampun angèndêli tumindaking paboyongan dhatêng Lampung. Ing sapunika wontên pawartos, tumrap tiyang paboyongan enggal ingkang asli saking Kediri tuwin Nagyogya[14] kapapanakên wontên sacêlakipun Gunung Sugih, ugi laladan Lampung. Wontên ing ngriku badhe ambubak wana agêng, pasitênipun loh, jêmbaring pasitèn wontên 40.000 bau.

Ing tanah ngriki punika kapratelakakên kathah jiwanipun, lan nyatanipun ugi jêmbar buminipun. Dados ing pangintên kathahing tiyang badhe botên kêkirangan papan.

Pakêmpalan Rukun Kriya Santosa Maja. Ing Sragèn (Maja Sragèn) wontên pakêmpalan nama kados inginggil, ancasing pakêmpalan wau angêdêgakên pakaryan patukangan, kados ta: tukang bêsi, tukang lampu (andandosi dilah), tukang kayu, tukang batu tuwin sanès-sanèsipun, ugi sade barang warni-warni. Adêging pakêmpalan wau mawi aandeel.

Tindak makatên punika kintên-kintên badhe mitulungi dhatêng para angguran, makatên ugi anênangi dhatêng padamêlan kriya. Dados têtiyang sumêrêp, bilih wêdaling têdha punika marginipun warni-warni.

--- [997] ---

 


mêngsah. (kembali)
saking. (kembali)
Manawi. (kembali)
§ Kêlimrahipun ing padhalangan, munduran. Nanging sarèhning têmbung punika kirang mungguh, prayogi dipun santuni: têka banjur, tur mindhak padhang suraosipun. (kembali)
liding. (kembali)
Tanggal: paksobah ngèsthi rupa (AJ 1862). Tahun AJ 1862 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Mei 1931 sampai dengan 7 Mei 1932. (kembali)
wastani. (kembali)
gumantos. (kembali)
sapunika. (kembali)
10 sarwa. (kembali)
11 amragad. (kembali)
12 lumayu. (kembali)
13 ngrisak. (kembali)
14 Ngayogya. (kembali)