Ôngka 44, 25 Sura Dal 1863, 1 Juni 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Lèpèn Citarum

[Grafik]

Lèpèn agêng ing Jawi Kilèn, ingkang misuwur wiwit jaman kina.

--- 678 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Ing sapunika saya katingal usrêkanipun praja ingkang sami pasulayan, jêjêripun praja ingkang pasulayan sakawit, upami kalèn, katingal sampun pating srèwèh, kathah simpanganipun ilèn-ilèn toya. Ngrika-ngriki sami sambêtan tunggil ili, kajêngipun sami gêgayutan kabêtahan.

[Grafik]

Wadyabala wanodya Tiongkok, ingkang ambiyantu pananggulanging mêsah.[1]

Kala rumiyin tumrap Jendral Ma Chan San mèh kasilêp ing wartos, dupèh ing ngajêng kadakwa ambalik dhatêng Jêpan. Ingatasing senapati kabangsan gadhah tindak kados makatên, tamtu kemawon lajêng nuwuhakên rêraosan botên sae, lan kintên-kintên inggih adamêl rêkaosipun ingkang nglampahi. Nanging sarèhning kabatosaning tiyang punika botên kenging dipun janjagi ing pangintên, diwasanipun adakan suka piwêlèh, tandhanipun Jendral Ma Chan San lajêng katingal riwut ing palagan, ananggulang bôngsa Jêpan ingkang dados mêngsahipun, wah katingal sagêd unggul.

Nanging tumrapipun Jendral Ma Chan San sapolahipun tansah dipun sujanani ing tiyang, rumiyin dipun sujanani dening bôngsa piyambak, ing sapunika dipun sujanani dening bôngsa Jêpan, kadakwa santosaning wadyanipun jalaran saking angsal bêbantu saki[2] Sovjet. Nanging Jendral Ma Chan San anduwa dhatêng pandakwa wau, rumaos botên angsal bêbantu saking Sovjet, sawarnining mêsin mabur asli saking artanipun bôngsa Tionghwa ing Mansjoerie, pandakwa ingkang kados makatên punika sajatosipun inggih panunggilanipun anjajagi kabatosaning liyan.

Tamtunipun pawartos ingkang kados makatên punika inggih sampun sumêbar dumugi pundi-pundi, malah bokmanawi kawigatosan rêmbag ingkang winados ugi sampun wontên. Ing sapunika komisi Volkenbond ing Harbin gadhah panêdha dhatêng parentah Sovjet supados dipun sukani palilah badhe dhatêng [dha...]

--- 679 ---

[...têng] Shakhalin anglangkungi Blagoveshtchensk, prêlu badhe manggihi Jendral Ma Chan San, parentah Sovjet mangsuli, botên nêdya gêgayutan kalihan praja Manchu Kuo, mila botên nêmbadani dhatêng panêdhanipun komisi Volkenbond wau.

Sayêktosipun mênggahing kasujanan, tansah pinanggih ing pundi-pundi, awit ing ngrika-ngriki tansah nindakakên kaprayitnan. Malah tumrap wawasaning sanès, utawi mirid pawartos ingkang sampun sumêbar, kawontênanipun praja Jêpan tuwin Ruslan, katingal sampun mrêpêk, upami bêndungan, kantun brolipun kemawon. Mênggah ingkang dipun kuwatosakên ing sapunika, Jêpan badhe ngêbroki kitha Sachalijn ingkang têbihipun saking watês Ruslan namung 5 mil, lan malih papan wau angajêngakên kitha Blagoveshtchensk, dene ingkang badhe dipun broki wau ing ngajêng dados têlêng dununging barisanipun Jendral Ma Chan San. Mênggahing kasamaran, botên liya namung manawi dados pêrang. Nanging mênggah pêpêrangan, kados botên cêkap namung dipun samarakên, manawi pancèn sami grêgêt, sintên ingkang badhe sagêd mambêngi, tuladhanipun sampun pinanggih wontên praja Jêpan kalihan Tiongkok piyambak.

[Grafik]

Wadyabala Jêpan wontên ing Sjanghai nuju amèngêti para saradhadhu ingkang sami pêjah wontên ing paprangan.

Ing bab pandakwa dhatêng kasujananipun Jêpan lan Ruslan, punika tansah wontên kemawon, malah bab punika dipun wawas dening admiral Jêpan Magano, ingkang dados wêwakil praja bab sèlèh dêdamêl, amastani bilih Ruslan tansah cawe-cawe wontên ing laladan Mansjoerie. Saya malih tumrap kasujananipun Jêpan dhatêng wadya Tiongkok ingkang wontên laladan Mansjoerie, Jendral Honjo mratelakakên bilih wadya Tiongkok sadhiya prajurit 10.000 nêdya lumawan Jêpan, mila Jêpan inggih lajêng kintun bêbantu dhatêng ngriku. Nanging sadaya wau kajêngipun kadospundi, panggrunêngipun wau punapa badhe ngajak padhamèn. Manani[3] nitik saking sêsulakipun, kathah èmpêripun badhe campuh. Dados wosipun sami nindakakên kaprayitnan. Dene nyatanipun, Jêpan malah nêtêpakên undhang paprangan ing Mansjoerie. Nanging saupami campuh tamtu sakalangkung rame, awit Jendral Ma Chan San inggih sampun saya nyantosani wadya, kintên-kintên botên dhadhal dipun têmpuh ing mêngsah.

Pinanggihipun tumrap pamanahan praja Jêpan, ing

--- 680 ---

wêkdal punika pancèn sawêg ribêd, dening kawontênanipun cawang-cawang. Nanging sarèhning sadaya punika lajêripun saking kêmudhi satunggal, goyat-gayutaning ebah-ebahan inggih sêsarêngan kemawon. Ing sapunika Jêpan nêtêpakên, manawi padhamean ing Sjanghai botên rampung tumuntên, nêdya badhe andhatêngakên wadya malih. Punika dados tandhaning uluk-uluk rame.

Ing sapunika gêntos angraosi gegeran salêbêting praja Jêpan piyambak, kados ta ing bab sedanipun Premir Inukai, pulisi lajêng nyumêrêpi, bilih ing sapunika wontên pakêmpalan tigang golongan, ingkang tansah nindakakên lampah para cidra wontên praja, satunggal nama golongan: Kadang Tunggal Gêtih, gadhah warga 300. Pakêmpalan punika warganipun ingkang nyidra ministêr babagan arta Inouye tuwin warga bang Takuma. Ingkang sagolongan malih pakêmpalaning para upsir neneman, warganipun 120, pakêmpalan punika warganipun ingkang nyidra premir Jêpan Inukai. Dene katiganipun nama pakêmpalan: Tunggal Pati, warganipun sami golongan tiyang tani. Golongan punika nindakakên damêl lampah pangrisak pakaryan praja.

Dados pinanggihipun, Jêpan, Tiongkok tuwin Ruslan, ing sapunika sawêg sami dados jêjêring lêlampahan.

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning kawruh padhalangan ringgit purwa ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 42.

Bab ginêm

Ing ngriki dipun wiwiti ingkang botên kalêbêt ing lampahan partakrama, inggih punika ngrumiyinakên ginêm jêjêran ingkang tamunipun botên sarêng, dados satunggal punika dèrèng mawi ôngka, ingkang mawi ôngka namung ingkang klêbêt lampahan partakrama.

Ginêm jêjêran limrah

Ratu: ora dadi guguping atinira sira ingsun piji pasebanira marang ngarsaningsun.

Putran (utawi punggawa): kulanuwun, nalika wontên ing jawi, tampi timbalanipun ingkang sinuhun sakalangkung gêtêring manah, kados upaminipun tinêbak ing sima lêpat sinambêr ing gêlap tuna. Kumêjot gêtêring manah kados alang-alang salômba pinanjêr madyaning alun-alun, katiyubing maruta manda kumêjot kumitir caruk kalihan mêmaras. Nanging sarêng wontên ngabyantaranipun ingkang sinuhun lajêng rêp, samêndhang botên anggadhahi manah ingkang kuwatos, kawula nuwun-nuwun.

Ratu: apa marmane jaba beda lawan ana ing ngarsaningsun.

Putran: kulanuwun, wantêring timbalanipun ingkang sinuhun, ingkang kaping kalih kula dèrèng andungkap antawising karsanipun kangjêng sinuhun, dene miji pasewakan anglangke. Bela-belaning manah, [ma...]

--- 681 ---

[...nah,] ambokmanawi kula nandhang dosa sakit tuwin pêjah, mugi ingkang sinuhun lajêng matrapana. Sampun siyang, sanadyan dalu, kula namung sumôngga ing asta kalih, têmbung tadhah wadana, kumurêb ing abahan.

Ratu: têka banjur[4] kajêron tômpa kaya wong adêdosan, nanging iya, sapa yogyane kang anjunjung kaluhurane praja... (namaning praja). Sanadyana akèh bocah ingsun kang wrêda parama ing budi, nanging yèn ingsun ora imbal pangandika lawan sira, kayadene wong mêrang tanpa landhêsan.

Putran: kulanuwun, kula namung ngaturakên cêguk balilu. Sadaya kasagêdan kula namung saking sih pangèstunipun gusti kula ingkang sinuhun.

Ratu: sira ingsun piji pasebanira, aja ngira bakal nampani ganjaran busana kang endah, utawa warastra kang bêcik tangguhe, ing samêngko kaya ora, bêbasan lintang adoh sinawat balang kayu, tangèh tênane, cêpak cupête.

Putran: kulanuwun, sadrahing angin-angin sarema pinara sapta, tilêma botên supêna, mèndêla botên anyipta manawi ngajêng-ajêng ganjaran. Têbih dhatêng atuwuk, cêlak malah botên kuwawi anampèni, amargi kêkucahipun ingkang sinuhun lumèbèr angêlèbi dhatêng anak rakyat. Amila ciptaning manah kula, rintên pantara dalu namung angajêng-ajêng padamêlan ingkang awrat, minôngka pamangsuling sihipun kangjêng ingkang sinuhun. Suka kakarsakna angêlar jajahan, ngrisak wêwêngkoning satru sakti. Sanajan ngrangsang bètènging mêngsah nyabrang jêjagang, rêmuk kasawurna, tugêl kasawatna, manawi mundur sajangkah kasosoga ing ganjur watang saking wingking, kawula nuwun, nuwun.

Ratu: bangêt arsayaningsun sira ngatonake sih sêtyanira marang ingsun.

(Pathêt nêm jugag)

Ing samêngko seje kang ingsun galih...

(Punika ginêm adat. Wiwit ing ngriki lajêng nyandhak ginêm prêluning lampahan).

Raos Jawi

Ngantêpi pitutur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 43

[Dhandhanggula]

têdhakira jêng sri narapati / sampun rawuh cêlak lan daulat / si jaka alon ature / punapa karsa mundhut / ngèlmu kula saking sudarmi / mung rêgi satus dinar / ya ta sang rêtnayu / mèsêm matur mring sang rama / jêng pukulun idhêp-idhêp amaringi / bok inggih kinarsakna //

sri narendra angandika aris / ênya iki dhuwit satus dinar / ngèlmunta kaya kapriye / daulat nyêmbah matur / dhuh pukulun nataning bumi / makatên ngèlmu kula / yèn tinimbang turu / aluwung luru-lurua / sri pamase mèsêm tan manabda malih / laju kondur mring pura //

dalunipun wau sri bupati / dadak wontên kang rinamtam-rantam / tan sagêd [sa...]

--- 682 ---

[...gêd] tumuntên sare / andungkap wanci bêdhug / sirêp tiyang kantun sang aji / dangu-dangu kayatnan / yèn tinimbang turu / aluwung luru-lurua / sri narendra wasana miyos ing puri / mayêng-mayêng singlonan //

duk samana wau ta sang aji / sampun rawuh cêlak kapatihan / maèsmu manginte-inte / kawistara ing ngriku / patih lênggah lan pra bupati / sakawan pagunêman / mrih upaya sadu / nandukkên karti sampeka / mring suyasa yèn sang nata wus ngêmasi / badhe jumênêng raja //

pan têtela sang nata miyarsi / sigra-sigra kondur ngênyapura / sakalangkung pangungune / tan winursitèng dalu / enjingira miyos tinangkil / pêpakan kang sumewa / mantri muka ngayun / ing dalu sampun sarêmbag / lan tumênggung juru ngampil pucangwangi / punika kang pinatah //

anandukkên wisa mring sang aji / sakarsanya ugêr kalampahan / wau sandi upayane / kadrigaman jinurung / dèn slubukkên ing pucangwangi / dupi sri narendrarsa / ngasta talam gumyur / kadya winangsit jawata / gantèn wisa pinaringakên mring patih / tandya sami amucang //

sanalika risang nindya mantri / saking sangêt rumasuking wisa / sumaput dadya tiwase / sadaya sami ngungun / sri narendra sampun anggalih / ing rèh kang kasamaran / wahananing dalu / cinupêt jatining kôndha / tan winarna sabab antakane patih / kang nandhang ila-ila //

nata ngutus mring para bupati / angulati sang jaka daulat / sampun kerid ing ngarsane / ngandika jêng sinuhun / sora sarèh sabdanira ji / hèh sagung wadyaningwang / si daulat iku / wong kang anêtêpi nama / mêntas adol ngèlmu marang jênêng mami / rêgane satus dinar //

iya iku kang bisa jalari / ingsun oncat saka ing bêbaya / maune sadina kiye / sun sêngkakkên ngaluhur / anggêntèni jênêng apatih / kuwasa ngêmbat praja / lan ing têmbe lamun / wus ana karsa manira / sun dhaupkên kalawan si nini putri / jumênêng raja mudha //

pra nayaka sami saur pêksi / sampun rujuk tan wontên cawêngah / sanalika sri pamase / sampun mundhut pisantun / sapangadêg agême patih / daulat binusanan / tan kuciwèng sêmu / sarwa pantês sri kawuryan / tan antara sang nata kondur mring puri / bibaran kang sumewa //

linding[5]

dongèng sintên anglampahi / ing pitutur ujar kang utama / yêkti agêng nugrahane / kados daulat wau / antuk bêgja amangku singgih / sumawana sang nata / kang ngèstokkên ngèlmu / sagêd ngoncati bêbaya / tamat ingkang mangripta anyangkalani / paksobah ngèsthi rupa //[6]

Sutata Wandawa, Tlawong-Sawit.

Buku Wêdalan Bale Pustaka

Bale Pustaka mêntas ambabar buku enggal

1. Dêmang Pancal Panggung. Serie no. 982. Anggitanipun Mas Arjadisastra. Sastra Jawi, gancaran, ukuran alit 64 kaca. Nyariyosakên lêlampahan jaman Sinuhun Pakubuana V (Sunan Sugih), Surakarta. Kala samantên praja Surakarta katrajang pacêklik, nanging wusananipun sirêp, saking daya pangudinipun ingkang sinuhun. Cêcariyosanipun nêngsêmakên, rêgi f 0.25.

2. Pati Winadi. Serie no. 974. Anggitanipun Mas Arjawiraga. Sastra Jawi, mawi sêkar ukuran alit, 74 kaca. Bakuning cariyos, angandharakên lêlampahaning durjana linangkung, lajêng èngêt dhatêng tindak lêrês adhêdhasar kabatosan. Sajatosipun sêrat punika kacariyos nêngsêmakên ingkang araos wulang. Rêgi f 0.25.

3. Panji Laras lan Langêndriya Sungkawa. Serie no. 408. Cap-capan kaping kalih. Sastra latin, gancaran. Sêrat punika dongèng nêngsêmakên, mirid anggèning sampun kaêcap kaping kalih, nandhakakên manawi dipun rênani ing ngakathah. Rêgi f 0.25.

4. Almênak Tani Jawa. Isinipun mêpêki, nyêkapi kabêtahanipun para tani. Rêgi ajêg kados adat, namung f 0.50.

--- 683 ---

Jagading Wanita

Kabiraèning wanita

Mênggahing cara pêpetanganipun, tumraping kabiraèn, jalêr kalihan èstri punika, bokmanawi kathah kabiraènipun tiyang èstri. Nanging jalaran saking kêlimrahing tindak wau, birainipun wau ngantos botên katawis, lan malih, sajatosipun, kabiraèning wanita punika limrahipun gêgayutan kalihan tatakrama. Wontênipun makatên, awit wanita punika pantêsipun tansah ngadibusana, dene ingkang dipun waswani[7] ngadibusana wau botên kok nyandhang ngangge kêdah ingkang sarwa mompyor, sarwa enggal, inggih sanadyana namung sarwa prasaja, tumraping wanita wajib tansah dandos, murih têtêp katingala dados sêsêkaring bale griya. Awit mênggahing wanita, manawi ngantos ambombrong, katingalipun saru, lan malih ambombrong punika sanèsipun Dèwi Banowati botên pantês. Samantên wau namung luconipun, dados saupami wontên wanita ingkang candranipun ambanowati, sanadyan ambombronga inggih pantês.

[Grafik]

Limrahing irung ingkang nama sae, punika ingkang ambangir, mênggahing rekadayanipun, sarana dipun jêpit ing pirantos.

[Grafik]

Alis ingkang nglamlami punika ingkang nanggal sapisan, pratikêlipun sarana kapidih.

Tumraping wanita ing jaman kina, manawi wontên ingkang nyandhang ngangge sarwa ngagètakên, adhakan dados rêraosan, awit dhêdhasaring pamanahanipun para kina, rêmên dhatêng sarwa prasaja, mangangge sarwa botên ngagètakên, nanging mangangge kados makatên punika, manawi kalêrêsan malah anglênggahi ucap-ucapan: macak barès ngayang batin.

Nanging lampahing jaman punika sarèhning tansah gilir-gumantow,[8] [gi...]

--- 684 ---

[...lir-gumantow,] sêngsêming sawangan ingkang sarwa kêlêm wau, dangu-dangu saya suda, malah lajêng ical babarpisan, tiyang rêmên nyênyawang ingkang sarwa mompyor, pangangge ingkang kalêrêsan cocog traping ngadibusana, tuwin mathuk undha-usuking corakipun, manisipun ngantos katingal ulêng-ulêngan. Ing sapuka[9] sarêng wontên gagrag lurik, caraning ngadibusana wiwit santun, wontên ingkang sampun mangsuli pangangge sarwa prasaja. Pinangihipun wontên ing sawangan, tumrap para mudha inggih amastani sae, dene tumrap para ingkang taksih katutan mripat lami, tamtu kemawon lajêng manthuk-manthuk, malah lajêng sagêd mêwahi pangumpak ingkang dipun cocogakên kalihan jamanipun, ucapipun: wèh, dhasar wanita pangajaran, thik pangagêmane rasa kabangsan, ya kaya prajurit têmênan.

[Grafik]

Tumraping jôngga milih ingkang lurus, sarananipun kêdah dipun sêlèndêr ing pirantos.

[Grafik]

Yèn pêpilihaning idêp, pinanggih ingkang tumênga ing tawang, kasêmbadanipun kêdah dipun jênthit-jênthitakên mawi gunting wasiyat.

[Grafik]

Saening pipi punika andurèn sajuwing, mila kisutipun kêdah dipun lus ing sarana pirantos listrik.

Ing sapunika nglajêngakên ing bab kabiraèning wanita, punika pinanggihipun botên namung ing bab ngadibusana kemawon, inggih sarana apêpaès sarira, kajêngipun andandosi saranduning sarira pundi ingkang kenging, awit saranduning sarira punika satunggal-satunggalipun [sa...]

--- 685 ---

[...tunggal-satunggalipun] sami katitipan wônda sae, tuwin pinanggihipun wontên ing sawangan jawi, tansah dipun ucapakên. Nanging sarèhning sadaya wau nama kodrat, sagêdipun nulad inggih rêkaos, awit saupami wontên wanita ingkang irungipun botên ambangir, môngka kapengin ambangir, inggih badhe rêkaos kalêksananipun.

Nanging sarèhing jaman punika saya majêng, para ahli kagunan tansah nindakakên rekadaya ngêngudi dhatêng sarsa[10] sae, tumrap kuciwaning warninipun wanita, tansah dipun udi murih sagêd sae, lan sagêd nocogi kados ingkang dipun kajêngakên. Tamtu kemawon bab wau pinanggihipun ing sapunika sawêg wontên tanah kilenan, nanging botên sande tamtu dumugi ing ngriki, malah ing sapunika ugi sampun wontên ingkang tumindak wontên ing ngriki, kados ta bab ngewahi rambut. Mênggah patraping ngewahi wau, saupami ing tanah ngriki sampun wontên, kados ingkang kacêtha ing gambar.

Manawi ing tanah ngriki sampun wontên pirantos kados makatên, ing pangintên badhe kèbêkan tiyang ayu, nama sami bêgjanipun.

Nyuwun Sêsêrêpan

Nalika taksih suwargi pun êmbah, kula nate dipun ngandikani, manawi ing dhusun Manglu, Cowogan, (Mataram), rumiyin wontên priyantun ingkang jumênêng bupati, punika punapa lêrês, dene manawi nyata, sintên asmanipun sang bupati wau. Sarta putranipun sintên. Lan malih sang bupati wau lajêng kagungan putra pintên.

Ingkang punika kula nyuwun sih sêsêrêpanipun para bandara utawi para priyantun, manawi mirsa utawi mirêng babad-babadipun sang bupati Manglu wau, kula aturi maringi katrangan kapacak ing Kajawèn. Ing wasana sadèrèng sasampunipun kula matur sêmbah nuwun.

Lêngganan No. 1845.

Bab punika manawi para maos ing Ngayogya wontên ingkang uninga, mugi kaparênga paring katrangan. Kados ing bab punika tumrap priyantun ing Ngayogya botên kêkilapan.

Red.

Bab Sayêmbara Patih

Volksalmanak 1933

Dumuginipun sapunika, para priyantun ingkang nglêbêti sayêmbara patih Volksalmanak 1933 wontên 603. Bale Pustaka botên ngintên manawi ngantos samantên kathahipun. Namung kauningana, gambar-gambar wau wontên ingkang botên nêtêpi kados ingkang dipun kajêngakên, inggih punika bab ukuran, warni tuwin tataning ngintunakên.

Tamtu kemawon cacah samantên wau, tumraping juru mriksa badhe nyanggi padamêlan awrat, nanging botên dados punapa, malah nama prayogi, dene sagêd nandhing pundi ingkang nama sae yêktos.

Ingkang dados juru mriksa wontên 9 dipun pangarsani dening Tuwan Hoofdambtenaar Bale Pustaka.

Mugi sami sabar ing panggalih.

--- 686 ---

Tanah Dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 43

Sarêng kandhang lêmbu saha panggenan amragad sampun sadhiya, lajêng pados tiyang ingkang kulina angupakara lêmbu. Sasampunipun angsal lajêng kaajak sowan ing panjênênganipun Tuwan Monso nyuwun lêmbu. Punika inggih lajêng dipun paringi sapanyuwunipun tiyang bucalan punika. Ing sarèhning parumputanipun dèrèng patos kathah, amila lêmbu ingkang katampi namung kalih dasa. Caranipun badhe amragan[11] kêdah angidêrakên sêrat lêmbaran rumiyin supados sagêd nyumêrêpi kathahing tiyang ingkang nêdya tumbas daging lêmbu. Rêrêgènipun ulam ing wêkdal punika ing dalêm satunggal pun: daging nomêr 1 tigang tangsul, daging nomêr kalih suwidak sèn, jêroan sakawan dasa sèn saha balungan satangsul.

Tumindakipun pajagalan punika inggih namung salêbêting paprentahan kaasta dening panjênênganipun Tuwan Monso.

Cêkakipun sadaya kawontênan ing Tanah Merah sarêng paprentahan kaasta panjênênganipun Tuwan Blok ewah sadaya.

Atur kula prakawis kawontênaning patêgilanipun têtiyang Tanah Merah salêbêtipun paprentahan kaasta dening panjênênganipun Tuwan Monso, cêkap samantên kemawon. Saha ing bab anyariyosakên kawontênaning lanbao kopêrasi gêgayutanipun kalihan pajagalan, prayogi kula pratelakakên malih.

Ingkang dados jagal ing salêbêtipun pakêmpalan lanbao kopêrasi punika, sarêng paprentahan kaasta panjênênganipun Tuwan Blok, dipun dadosakên pangarsaning têtiyang bucalan ingkang sami purun ambabad wana kangge pasabinan. Pajagalan punika kaasta dening panjênênganipun Tuwan Blok piyambak. Ingkang anindakakên padamêlan pajagalan punika sadaya tiyang bucalan ingkang kanthi balônja wulanan, ing dalêm sawulan f 30.-. Administrasinipun ingkang nyêpêng tiyang bucalan. Tiyang bucalan punika andaleya sangêt, botên nêtêpi kuwajibanipun. Kajawi punika, tiyang bucalan wau gadhah toko. Têtiyang bucalan ingkang sami ngêbon (nyambut) dhatêng tokonipun botên mawi kasêbutakên namaning barang-barang ingkang kapêndhêt. Bon-boning toko lajêng kaaturakên dhatêng panjênênganipun Tuwan Blok, minôngka lintuning rêrêgèn daging lêmbu, dados ambayar kropyok (contant).

Tiyang bucalan ingkang andaleya punika anggadhahi pambêkan kumalungkung, manawi kaunggulakên sampun bingah. Manawi nampi bon kirang satiti, panagihipun inggih andaleya, panyimpênipun bon-bon inggih sêmbrana. Saking bèrbudi saha ambêk luhuring panjênênganipun Tuwan Blok, anguningani tindak ingkang kados makatên punika, saha anitipriksa kiranging anggènipun angaturakên pêpajênganing panyadenipun ulam lêmbu, punika panjênênganipun namung suka pemut supados piyambakipun sampun [sa...]

--- 687 ---

[...mpun] ngantos tumindak kados makatên malih. Sawulan kalih wulan tiyang punika inggih sae panyambutdamêlipun, ananging ing sarèhning tiyang ngêmprah (daleya), sêmbrananipun muncul malih. Ing wusananipun ing satunggiling wêkdal dhatênging lêmbu kantu, ing suwau dhatênging lêmbu lumintu, dados kiranging panyadening lêmbu ingkang kaaturakên dhatêng panjênênganipun Tuwan Blok botên patos kawuningan, awit manawi kadangu kêkantunaning lêmbu, anggènipun angaturakên tamtu langkung kathah katimbang wujudipun. Wusana tindak wau ingkang anjalari konanganing tindakipun salingkuh.

Sarêng mlêbêt mêdaling arta kacocogakên, kiranging arta mlêbêt kathah sangêt, botên namung dasanan kemawon, ananging atusan, malah kula mirêng mèh sèwu langkung. Ingkang kangge nambêli ambayar inggih punika bon-boning tokonipun, dalasan sapêpajêngan sanalika, ugi kaaturakên kangge nambêli. Ngantos barang toko ngantos têlas dèrèng sah. Dados ngantos piyambakipun kamardikakakên saking pambucalanipun taksih anggadhahi sambutan dhatêng parentah. Ing wiwitan tiyang punika katahan rumiyin dipun dhawuhi angêsahi sambutanipun, ananging piyambakipun sanggêm badhe nicil manawi sampun wontên ing tanah Jawi. Prakawis tiyang bucalan ingkang kamardikakakên kawangsulakên dhatêng tanah kalairanipun taksih gadhah sambutan dhatêng parentah, dipun purih anicil manawi sampun dhatêng ing tanah Jawi, punika kula botên sagêd anamtokakên, awit atur kula bab sambutan badhe kacicil wontên ing tanah Jawi punika namung mirêng ombyoking tiyang Tanah Merah kemawon.

Badhe kasambêtan, Aris Munandar.

Dongèngipun Petruk dhatêng Garèng

Bab bal-balanipun para sêpuh

III.

Garèng : Ora, Truk, tak rasak-rasakake dêdongenganamu kala dina Sabtu kang kapungkur kae, kok ora mèmpêr sathithik-sathithika. Sing kok côndra pamaine wis ana priyayi lima utawa nêm, ana kok ora ana siji-sijia sing katon mêntèrèng, apa iya ora ana siji-sijia sing pènsiyunan sêporêt. Têmtune salah siji rak iya ana sing kêna disawang pamaine.

Petruk : Lho, iya mêsthi ana bae, sanadyan pamaine miturut rasane dhewe-dhewe, kaya ta: panjênêngane patih yatim, ing sarèhne iya priyayine iya pangkate wis rada yuswa, rasane iya mung arêp ngêmong, dadi nèk ana mungsuh têka anggawa bal, iya mêksa diêmong, têgêse: ora banjur ngladaki ngrêbut bale, nanging diêmong, yaiku di... tutwuri. Mêngkono uga Radèn Mr. Adi, bawane dadi pangarsaning pakumpulan budi utawa pakumpulan [pa...]

--- 688 ---

[...kumpulan] Jawa sing tuwa dhewe, mêsthine iya isih kandêl rasane kajawène, mulane sanadyan maina bal, iya isih katon rasane kajawène. Têgêse: pangoyake utawa nêndhange bal, kuwi iya mêsthi nganggo... irama. Dadine klumayu[12] ngoyak bal, sajake iya kaya... nylindir, kuciwane dene aku ora namatake, apa nèk nêndhang bal sêmang nganggo... pacak gulu.

[Grafik]

Garèng : O, iya pancèn wong sêmbrana sêtêngah mati têmênan, kowe kuwi pancèn iya wong jail mêthakil, ana kabèh-kabèh têka digarap mêngkono. Mula ya bênêr paribasan Walônda sing kira-kira surasane mangkene kae: juru mudhi sing pêng-pêngan iku, iya juru mudhi kang ana ing dharatan. Wong kowe dhewe ora mèlu main, mulane bisa nacad mrana nacad mrene, jajal saupama kowe main dhewe, aku kok kêpengin wêruh sepak trajangmu...

Petruk : Wah, nèk aku wis mêsthi ora bakal nguciwani, apa ngilang-ilangake anggonku ajar silat nganti têlung... dina. Cêkake nèk adhimu sing brêgas anggêbibir kiyi, mêsthi ora bakal wêdi rêkasa lan kangelan, têmtu mapan têrus-têrusan, mêngkone nèk ana bal mara, mêsthi banjur: Hèt... indha.

Garèng : O, hla nèk kaya ngono kuwi arane moh barang-barang, karêpe mung kaya pangantèn sing lali jogède, barêng gamêlane wiwit diunèkake boyong, mung ngadêg anjêjêr kaya regol. Karo manèh kathik têgêl-têgêle, bal têka banjur indha, manawa kuwatir yèn sikilie sing kaya cuthang kuwi kêna bal banjur... putung. Ora, Truk, aku kok ora ngrêti, mungguh karêpe bae kêpriye, ana priyayi-priyayi wis padha yuswa, têka nganggo têtandhingan main bal barang, apa cikbèn diarani: padha cikat tandang solahe, padha anjêjak trajange, kathik [kathi...]

--- 689 ---

[...k] balindrik guwayane...

Petruk : Wiyah kok dipadhakake awake dhewe, anggêr wis ana ing pasamuwan, banjur dipêtèntèng-pêtèntèngake, disigrak-sigrakake, dibêntholat-bênthalitake, rumasane anggêr wong mêsthi padha nyawang, padha ngawasake, lan padha migatèkake. Anggêpe wong-wong mau mêsthi padha gumun lan ngalêmbana mangkene: êndhèk cilika kae, nèk Mas Bèi Nala, wong iya mlinthêng lan angganthêng, nèk wêwayangane apês ambalêbês iya... Wisanggêni. Ora ngrêtia yèn kabèh-kabèh padha ngrasani: wayah, iki wong, kathik le mêthikil, anjêngil kaya... upil.

Garèng : E, pancèn iya kranjingan tênanang. Wis, wis, kok banjur obral anggarap wong mêngkono. Saiki caritakna bae panêmumu, mungguh para jamhur-jamhur padha krêsa têtandhingan main bal kuwi.

Petruk : Mungguh ing panêmuku, Kang Garèng, anane main bal sing mêngkono mau, kajaba mung kanggo sênêng-sênêng bae, ana surasane sing wigati bangêt. Kayadene anane saiki, antarane kaum krama lan kaum têlèk utawa kaum ningrat, kuwi isih pirang-pirang pos têmênan, nganti si kaum krama kuwi kadhangkala anduwèni rumasa, yèn kaum têlèk lan kaum ningrat, kuwi dudu bangsane dhewe nanging putra wayahe malaekat, mulane wajib kudu diwêdèni, diaji-aji lan disêmbah-sêmbah ajêgan. Kosokbaline kaum têlèk, apa manèh kaum ningrat, kuwi sok anduwèni panganggêp nyang kaum krama, kayadene mênyang... sêmut, tur sêmut gatêl. Dadi wajibe, ora prêlu ngopèni, ora prêlu ngaruhake, luwih-luwih ora kêna nyanak babarpisan, wong iya sêmut gatêl, mêsthine iya marakake...dhik-dhikan. Jalaran saka iku, rak iya wis mêsthi bae, ta, yèn si kaum krama banjur wêdi sêsrawungan karo kaum ningrat lan kaum têlèk, kosokbaline, kaum ningrat lan kaum têlèk iya ora sondèl kêkumpulan karo kaum krama, lan sabanjure sanadyan golongan têlu mau tunggal bôngsa, nanging salawas-lawase kumpule iya tansah kaya banyu karo lênga bae. Jalaran saka dayane jaman kamajuan kiyi, kang anjalari kaum têlu pisan padha gêlêm main bal barêng-barêng, gêlêm kumpul dadi siji anggayuh kabutuhane umum, lan sapiturute, kang wusanane bisa agawe saiyêging kaum têtêlu mau, iya ing kono bakal bisane bôngsa-bôngsa kene saiyêg barêng-barêng ngêpung... kênthang bêstik, krokèt, panêkuk,...

Garèng : Wis, wis, kok banjur anglantur omonge mêngkono, rêmbuge bab bal-balan padha disêtop samene bae.

Pawartos saking administrasi

Lêngganan nomêr 2216 ing Purwakarta (Krawang). Lêngganan kapetang wiwit 1 April. Lose nomêr Kajawèn rêgi f 0.15 sajilid, nanging botên mêsthi wontênipun.

Lêngganan nomêr 3815 ing Ngapêman. Lêngganan kapetang wiwit 1 Juni 1932.

Lêngganan nomêr 3631 ing Cakranêgaran. Lêngganan ingkang gugat botên nampi salah satunggiling nomêr Kajawèn punika kathah (botên panjênêngan piyambak), sabên wontên sêrat ingkang makatên, manawi dhasar taksih wontên sadhiyanipun, ing sanalika ngriku inggih lajêng dipun kintuni.

--- 690 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Tanah ngriki

Rêrigên madosakên panggêsangan. Wontên pawartos wadana ing Playên, Ngayogya, gadhah ada-ada mitulungi têtiyang ingkang sami botên gadhah panggêsangan, sarana dipun gadhuhi babon, sagêda angsal asil saking tiganipun, ing sapunika sampun dipun wiwiti saking klurahan Dêgok.

Pitulungan punika manawi sagêd tumindak sae pantês dipun lêstantunakên lan ugi pantês dipun telad.

[Grafik]

Sawêr agêng T.M.H. Soetomo ing Wonorêjo, Kêncong, mêntas nyanjata sawêr sawa ing wana Jadrêkan. Sawêr wau panjangipun 4.35 m. Mriksanana gambar.

Nglalu saking dayaning malèsèt. Ing sagantên sacêlakipun Padang pinanggih wontên mayitipun bôngsa Tiyonghwa kampul-kampul wontên ing toya. Sarêng katitipriksa mayit wau mayitipun sudagar karèt, ing griya pinanggih wontên tilaranipun sêrat 2, satunggal tumuju dhatêng ingkang èstri, satunggalipun dhatêng pulisi. Ingkang dhatêng pulisi mratelakakên tiyang wau sampun umur 60 taun, kintên-kintên sampun botên mêningi pulihing rêrêgèn karèt malih, dados anggèning pêjah punika nglalu jalaran saking mloroting rêrêgèn karèt.

Lêlampahan punika nocogi kados ucap-ucapan: donya punika adamêl pêpêtêng.

Beya f 11.000 mèh mrucut. Toko Hin Jin Bros ing Singaraja (Bali), misuwur sêsadeyanipun barang mirah sangêt. Ing bab punika lajêng nuwuhakên sujananing pulisi. Sarêng pulisi niti barang-barang kintunan dhatêng toko wau wontên ing palabuhan, kasumêrêpan barang-barang kintunan wau, ingkang kacariyos isi mêrcon, ing lêbêt isi dlancang sigarèt tuwin barang sanès-sanèsipun, beyanipun kemawon f 11.000. Inspecteur pabean ing Surabaya lajêng papriksa mriku, aspiran komis palabuhan kadakwa sêkuthu, lajêng dipun kèndêli.

Têmtunipun tindak kados makatên punika tuwuh saking ichtiar pados kabêgjan wontên ing jaman malèsèt.

Rumêksa ing katêntrêman. Kawartosakên kala ing taun 1930 Nationaal Arbeidssecretariaat ing Amsterdam kintun arta dhatêng têtiyang bucalan ing Digul kathahipun f 100.- Nanging arta wau dipun tampik dening Guprênur Maluku. Pakêmpalan wau lajêng nêrangakên dhatêng Tweede Kamer, angsal wangsulan wontênipun katampik, kakuwatosakên manawi kangge sangu miruda.

Sawarnining lêlampahan punika manawi taksih wontên salêbêting kasamaran, pinanggihipun inggih wontên-wontên kemawon.

Kasangsaran ing Miangas. Miturut pawartos, kasangsaran ing pulo Miangas kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, sarêng kapriksa yêktos, griya 95 wuwung, ingkang wilujêng namung 4, wit klapa 13.000 ingkang rêbah 10.000, ingkang 3000 risak, kapitunan f 75.000.

Manawi kapetang, kasangsaran punika sakalangkung agêng, ngriksak[13] panggêsangan tuwin katêntrêmanipun têtiyang ing ngriku.

Pamulangan Mosvia ing Probolinggo lêstantun. Wontên pawartos bilih pamulangan Mosvia ing Probolinggo botên saèstu kagamblokakên dados satunggal kalihan Magêlang, utawi dipun suwak.

Sapunika sampun pinanggih wontên pawartos suwakan ingkang botên saèstu, awit mênggah pigunanipun pancèn katingal, kintên-kintên tumraping pamulangan sanès inggih sami mèrèkakên.

P.K.N. ugi nindakakên politiek. Sakawit kawartosakên, bilih P.K.N. punika mêngkêrakên dhatêng politiek. Mênggah sayêktosipun pawartos wau botên nyata, P.K.N. taksih tumandang saprêlunipun.

Têmtunipun tumrap jaman sapunika, pakêmpalan ingkang tanpa gagayutan kalihan politiek araos cêmplang.

Arta muspra. Kawartosakên ing taun 1931 nagari kapitunan arta mèh 4 yuta rupiyah. Arta samantên wau ingkang f 2.194.635 arta paos, ingkang sampun botên kenging katarik malih, dene ingkang f 530.689.83 dipun salingkuhakên dening punggawa nagari.

Dados sanadyan nagari inggih wontên amanipun.

Balanjanipun para burgemeester. Wontên pawartos, wiwit benjing tanggal 1 Januari 1933 parentah botên badhe ambiyantu ambalanja para burgemeester.

Punika dados satunggiling sêsanggèn sawatawis awrat tumrap Gemeente. Nanging kintên-kintên inggih sagêd tumindak, môngsa kêkirangan margi.

Papan pangungsèn enggal. Rumiyin sampun kawartosakên, parentah sampun angèndêli tumindaking paboyongan dhatêng Lampung. Ing sapunika wontên pawartos, tumrap tiyang paboyongan enggal ingkang asli saking Kediri tuwin Nagyogya[14] kapapanakên wontên sacêlakipun Gunung Sugih, ugi laladan Lampung. Wontên ing ngriku badhe ambubak wana agêng, pasitênipun loh, jêmbaring pasitèn wontên 40.000 bau.

Ing tanah ngriki punika kapratelakakên kathah jiwanipun, lan nyatanipun ugi jêmbar buminipun. Dados ing pangintên kathahing tiyang badhe botên kêkirangan papan.

Pakêmpalan Rukun Kriya Santosa Maja. Ing Sragèn (Maja Sragèn) wontên pakêmpalan nama kados inginggil, ancasing pakêmpalan wau angêdêgakên pakaryan patukangan, kados ta: tukang bêsi, tukang lampu (andandosi dilah), tukang kayu, tukang batu tuwin sanès-sanèsipun, ugi sade barang warni-warni. Adêging pakêmpalan wau mawi aandeel.

Tindak makatên punika kintên-kintên badhe mitulungi dhatêng para angguran, makatên ugi anênangi dhatêng padamêlan kriya. Dados têtiyang sumêrêp, bilih wêdaling têdha punika marginipun warni-warni.

--- [997] ---

Ôngka 45, 28 Sura Dal 1863, 4 Juni 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [693] ---

Ôngka 45, 28 Sura Dal 1863, 4 Juni 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Kabêsmèn

[Grafik]

Kasangsaran kabêsmèn ing tangki sacêlakipun Glodhog, Batawi.

--- 694 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Napsu

I

[...][15] sing matèni: ka, malah kathik ana sing dilagokake barang. Iya, iya, tak rindhikne anggonku nunggang gondhang-gandhung.

Garèng : Karo manèh, Truk, iki gênahe arêp pit-pitan nyang ngêndi, wong kaya-kaya wis putêr kayun, kok durung... mêngko sik, Truk, rada alon dhisik, bok sawangên aku sadhela, dhasiku rak ora mèncèng, ta, mêngkono uga ikêtku rak ora barang-barang, ta, wong êndhasku mau krasa mak cês, aku kuwatir nèk kêtiban lênga jêbat kasturining... blêkok.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, bok kêtêlekan balêkok, ngono bae rak uwis, kathik dipadhakake lênga swarga. Ora, Kang Garèng kiyi kênang apa, ana ujug-ujug têka banjur salin salaga, mêntas bae anggriyêng, jarene napase mèh ngêtutake anggone pit-pitan, ana kok andadak le nunggang pit didêgèg-dêgègake. Nakokake dhasine mèncèng apa ora, mungguh sing dadi sababe bae apa, jajal tak nolèh mêmburi... hut, sapêrlotis... jêbul wêruh widadari... kêrinan. Jarene saiki lagi ngudi mênyang kasampurnaning ngaurip, ana mêngkono bae diopèni.

Garèng : O, ya kliru, Truk, yèn kowe duwe pandakwa mungguhing aku sing ora-ora mêngkono kuwi, bêbasane rambut pinara pitut, nèk aku, nuruti hawa napsu, apa manèh sing

--- 695 ---

tumrape payung kalong utawa payung Jêpang, wah, iya wis adoh bangêt. Anggonku aku mau nakokake mèncènging dhasiku, utawa kaanane ikêtku, lo, kuwi sabab saka aku moh dosa, sarèhning aku kiyi mèh nglakoni dosa, sabisa-bisa aku iya kudu tansah anjaga, aja nganti wong liya olèh dosa jalaran saka solah tingkah lan kaananku. Kaya ta: saupama panganggoku dhasi kiyi kayadene wujude jarum-jaruming jam gêdhe nalikane jam papat kurang sêpuluh mênit, alias panganggoku dhasi mau mèncèng bênggala, lo, kuwi rak bisa anjalari dosane wong wadon mau, jalaran wanita mau rak bisa anggagas mêngkene: têka eman têmên, priyayi brêgas-brêgas pangagême dhasi kok nganti mèncèng mêngkono, kiraku garwane sing pancèn kêmproh, ora prêdulèn, mêsthine bae garwane doyan main. Jajal saupama aku sing dadi garwane, wah, priyayi kae anggêr miyos iya mêsthine - cis ajêgan. Hara, Truk, apa ora jênêng dosa kuwi, andakwa bojoning wong sing ora-ora.

Petruk : Wèh, gagasane kathik nyamlêng. Sing ala kuwi dudu awake, jêbul malah bojone. Mungguhing aku ora mêngkono gagasane wong wadon kae, kira-kiraku mêngkene: Wèh, brêgase priyayi kae, kathik nganggo dhasi barang, nganti kaya... thowokan.

Garèng : Hla nèk mêngkono gagasane, saya tikêl salusin dosane. Wah, kuwi tak tobatake mêncit têmênan. Saiki kiyi pancèn lagi tak udi bangêt, aja nganti aku kêdosan, mulane hawa napsuku iya tak pêpêt, sukur bage bisa tak patèni babarpisan. Mulane, Truk, panjalukku nyang kowe, ambok kok lèrènana anggonmu dhêmên plêsir, ngêjor kasênêngan, royal...

Petruk : Kang Garèng, mungguh sing kok sêdyakake, kuwi aku ora cocog babarpisan, kuwi tindake wong kêsèd, wong ora duwe kêkêncêngan, nèk donya kiyi diisèni wong sing duwe wêwatêkan anglunthung kaya kowe kuwi kabèh, cêkake iya wis nyêdhaki kiyamat. Nèk aku ora mêngkono, Kang Garèng, wong diparingi urip ana ing donya kiyi, wis mêsthine kudu nindakake napsune, awit iya nêpsu kuwi sing dadi sumbêre kamajuan, sumbêre panguwasan. Jajal saupama manusa kuwi ora nindakake nêpsu kanthi sakuwat-kuwate, apa wis bisa samene lêpase kamajuane donya kiyi, anane: sêpur, mêsin-mêsin, tilpun, èlèktris, lan sapiturute, kuwi kabèh rak saka olèh-olèhaning napsu, jajal saupama kowe ora nindakake napsumu, kiraku saiki iya durung bisa: pit-pitan, durung bisa macak gajah kaya saiki, malah kiraku durung bisa olèh... bakyu.

Garèng : Wèh, la kok sêmbrana mêngkono. Ewasamono aku kok nocogi bangêt, yèn napsu kuwi kudu dipatèni babarpisan, awit, wêruha Truk, napsu kuwi rak kabutuhane daging, dudu kabutuhane roh. Daging

--- 696 ---

kabèh kuwi rak kalêbu badan wadhaging manusa, yaiku sing kêna disanepakake pakunjaraning roh. Mulane mungguhing panêmuku, saya kêras anggone nguja napsu, kang atêgês saya nyampurnakake kabutuhane badan wadhag, kuwi saya nguwatake pagêr lan bètènging pakunjaran. Hara, apa ora saya cilaka rohe. Nanging dina kiyi rêmbugane padha dilèrèni dhisik, liya dina tak andharake sing nganti kumpêlit, yèn pancèn nyata napsu kuwi kudu dipatèni babarpisan.

Rêpat taunan P.B.I ing Surabaya

Pakêmpalan P(ersatoean) B(angsa) I(ndonesia) mêntas adamêl rêpat taunan manggèn ing Gedong Nasional Indonesia ing Surabaya.

[Grafik]

Ing sadèrèngipun ambikak parêpatan, kawontênakên pêpanggihan rumiyin.

Ing sapunika P.B.I. sampun gadhah pang 30 panggenan. Ingkang ngintunakên utusan kala punika 27.

Parêpatan ngrêmbag ing bab ancasipun P.B.I. palapuran taun kapêngkêr, korban pon, têgês utawi kajênging swadhèsi, bab pangajaran tuwin sanès-sanèsipun.

Makatên ugi kala parêpatan ingkang kaping sakawan, ngawontênakên bêstir enggal, pinanggihing pilihan, pangarsa Dr. Sutama, warga sanès-sanèsipun, tuwan-tuwan Mr. Suwana, Sudirman, Ruslan Wôngsakusuma, S. Ngion, J.F. Tuwanakotta, Mr. Singgih, J.K. Lengkong, Mr. Subrata, Thukul, Sunjata, Dr. Slamêt Gôndakusuma, Sujana tuwin Abdullah.

Ing sadèrèngipun bibar, nêtêpakên rêmbag, rêpat taunan ingkang kaping kalih badhe kawontênakên ing Surakarta.

Wusana parêpatan katutup, wilujêng.

--- 697 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 44.

Adêgipun kampung

Ing sakawit pambabadipun wana ingkang badhe kangge padununganipun têtiyang bucalan, ing nalikanipun paprentahan kaasta dening panjênênganipun Tuwan Kapitan Bèking, taksih kairit dening saradhadhu, dados ing wêkdal punika dèrèng wontên priyantun B.B. Têtiyang bucalan pamanggènipun wontên ing barak (pondhok) sabên dintên kairit dhatêng wana ingkang badhe kangge pakampungan. Sadaya tiyang bucalan botên sadaya kairit dhatêng wana, ananging kabagea miturut kabêtahanipun. Pambagenipun makatên:

Sabagèn[16] kapurih angrêsiki sakiwa têngênipun barak saha anglêrêsakên payon ingkang trocoh.

Sabagean kapurih angolah-olahakên têtiyang bucalan ingkang botên gadhah bojo.

Sasampunipun kalih bagean punika sampun cêkap lajêng kairit dening saradhadhu dhatêng wana.

Ing wêkdal punika pambabadipun wana kangge pakawisan taksih sêsarêngan, dados botên kaprinci, saha payon kangge griya dèrèng kasadhiyan, mila sanadyan sampun wontên wana ingkang rêsik sawatawis wiyar, nanging dèrèng dipun dhawuhi andamêl griya.

Kajawi padamêlan ingkang kasêbut ing nginggil, panjênênganipun Tuwan Kapitan Bèking adamêl tiyang bucalan sawatawis kadadosakên juru pangupakara tiyang sakit ambiyantu dhoktêr.

Salêbêtipun Tuwan Kapitan Bèking ngasta paprentahan wontên ing Tanah Merah, pêrlop dhatêng Ambon, ingkang dados wakil panjênênganipun tuwan litnan.

Sarêng paprentahan dipun sulihi dening panjênênganipun tuwan litnan, panjênênganipun dhawuh supados têtiyang bucalan anyobi adamêl griya. Karsanipun tuwan litnan, wanguning payonipun griya kados pisang salirang kemawon, amrih gampilipun. Dene ingkang kangge payon sakwontênipun waton kenging kangge ngaub. Karsanipun tuwan litnan inggih kadumugèn ngantos sagêd ngadêg tigang griya, ingkang kangge payon galagah.

Ing wusana sarêng panjênênganipun Tuwan Kapitan Bèking kondur saking pêrlop, têtiyang bucalan dipun dhawuhi damêl pakampungan. Dene payoning griya pinaringan saking parentah. Baita kapal ingkang dipun tititihi[17] panjênênganipun Tuwan Kapitan Bèking kalêrês momot payon wêlit saha sèng. Griya ingkang kadêêgakên[18] miturut dhawuhipun tuwan litnan botên dipun ênggèni tiyang, namung kangge ngaub bilih sayah nuju ambabadi wana.

Ing salaminipun panjênênganipun Tuwan Kanitan[19] Bèking angasta paprentahan ing Tanah Merah sampun wontên ganthanipun kampung nami A.B. saha C, tuwin ing kampung A sampun wontên griya ingkang dipun dunungi kalih griya.

Ing sarèhning adêging kampung saha kawontênanipun botên sami, amila anggèn kula badhe anyariyosakên [anya...]

--- 698 ---

[...riyosakên] saking satunggal urut saking kampung ingkang sampun wontên rumiyin, uruting cariyos kados ing ngandhap punika:

Kampung A

Kampung A punika wontênipun langkung rumiyin katimbang kampung sanès-sanèsipun. Inggih kampung punika ingkang kababad sêsarêngan, ingkang ing wusananipun dèrèng ngantos kababad sadaya binagèkakên dhatêng satunggal-satunggalipun têtiyang bucalan ingkang sami badhe dêdunung wontên ing kampung ngriku. Wiyaripun pakawisan gangsal wêlas mètêr saha panjangipun salawe mètêr.

[Grafik]

Ing laladan tanah Papuah (Bopên Dhigul)

Ing sarèhning badhe kampung punika sampun wontên ingkang rêsik saha kababad utawi taksih wujud wana babar pisan, punika caranipun ambage makatên:

Wana ingkang badhe kangge pakawisan punika kaukur miturut ukuran ingkang kasêbut ing nginggil. Sasampunipun rampung pangukuripun, têtiyang bucalan kapurih anglêbêtakên sêrat panêdha, awit pambabadipun wana punika wontên ingkang rêmên ambabad piyambak-piyambak saha wontên ingkang rêmên ambabad sarana bêbathon. Sarêng sêrat panêdha sampun pêpak sadaya lajêng kaundhi.

Sasampunipun kaundhi saha sampun mangrêtos prênahing pakawisanipun piyambak-piyambak, lajêng sami wiwit ambabad. Tumindaking anggènipun sami nyambut damêl sasampunipun mangrêtos hakipun piyambak-piyambak sami sêngkut-sêngkut, beda sangêt kalihan nalika ambabad sêsarêngan. Tôndha pasaksènipun, ing suwau botên sami ngudi kaprigêlaning nyêpêng dêdamêl (upaminipun kampak, parang saha pacul, ing wêkdal punika dêdamêlipun namung tigang warni punika), sareng sampun nindakakên padamêlanipun piyambak-piyambak lajêng ngudi wasising nyêpêng dêdamêl, ngantos kenging winastan onjon-onjonan.

Badhe kasambêtan, Aris Munandar.

--- 699 ---

Nagari Ngamônca

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Wawasan ingkang pinanggih wontên ing pasulayan punika tansah wontên-wontên kemawon, kados ta tumrap kawontênan-kawontênan ing nagari sanès, punika pundi ingkang gêgayutan kalihan praja Jêpan tuwin Tiongkok, lajêng kenging panggrayangan, bilih nagari wau mêngku kajêng ingkang sakalangkung wigatos. Bab makatên wau sayêktosipun inggih botên kenging pinaibên. Awit mênggahing pangintên, botên wontên praja ingkang gêgayutan kalihan praja liyan ingkang botên mêngku kajêng.

Ing sapunika wontên titik ingkang kenging dipun wastani babak anglayoni, inggih punika ing bab gêgayutanipun praja Jêpan kalihan Polên. Miturut pawartos, mêntas wontên upsir agêng bôngsa Jêpan kêkalih, satunggal Klonèl Imura satunggalipun Mayor Goriki. Mênggah dhatêngipun upsir kêkalih wau wontên ing Polên, botên ngêmungakên prêlu mêling dêdamêl kemawon, ugi prêlu nitipriksa wadyabala Polên, tuwin amigatosakên sangêt bab pamariksanipun wadya mriyêman. Lan malih dhatênging tamu bôngsa Jêpan wau sakalangkung dipun urmati dening para panuntun bôngsa Polên.

Tamtu kemawon tindak ingkang kados makatên punika lajêng nuwuhakên kasujananing liyan praja, mokal saupami Polên botêna gêgayutan punapa-punapa kalihan Jêpan. Wah malih tumrapipun praja Polên, pinanggihipun ing sapunika, upami tiyang, sawêg gumregah tangi tilêm, awit sampun lami botên kadunungan kamardikan sajati, nanging sapunika pinanggih mardika yêktos. Makatên ugi tumrapipun Polên, têtiyangipun pancèn pangawak prajurit, dados saupami gêgandhengan sami prajurit, inggih punika Jêpan, tamtu lajêng daya-dinayan badhe madêg dados prajurit santosa yêktos. Lah sinlên[20] ingkang botên badhe nyamarakên, athik dhasar kawontênanipun nuju kados makatên.

Ing sapunika tumrap praja Ruslan, gêgayutanipun kalihan babagan pasulayan Jêpan Tiongkok, saya katingal cêlak sangêt, môngka manawi tumrapipun Ruslan piyambak, salugunipun inggih mêngku kabêtahan warni-warni, ingkang ugi prêlu kawigatosakên, kados ta ing bab rumêksaning watês-watês, anjagi murih têtiyangipun sampun ngantos mêdal saking praja. Mênggah pangrêksa kados makatên wau, gampilaning pangintên inggih namung anjagi kasantosaning nagari, dene tumrap pikajêngipun sanès, tamtunipun inggih wontên.

Raos kasujananipun Ruslan dhatêng Jêpan, mênggahing nalar botên kenging dipun paibên, kados ta ing sapunika Jendral Honjo mindhah têlênging pabarisan dhatêng Harbin, tuwin lampahing wadya Jêpan urut Lèpèn Soengari dhatêng watês Ruslan. Ing sapunika kados punapa kagètipun Ruslan, rumaos manawi kêsuk ing kasamaran, malah loking ngakathah

--- 700 ---

lajêng mastani Jêpan tumuntên campuh kalihan Ruslan.

Ingar-ingêring senapati paprangan, pancèn anglangkungi, gêlar-gêlar tansah katindakakên, nanging wantuning mêmêngsahan sami pêng-pêngan, gêlaripun tansah kalêbêtan ing gêlar sanès, mila katingalipun sakalangkung rame. Kados ta wadya Jêpan ingkang dhatêng Harbin lajêng campuh kalihan wadya Tiongkok ingkang botên dipun tata, ingkang pêpindhanipun wadya Tiongkok wau kadosdene têtamènging wadyanipun Jendral Ma Chan San. Ing sakawit wadya Tiongkok inggih sakalangkung kêthetheran, nanging lajêng gêntos nêmpuh ngêgèt, wêkasan sagêd ngundurakên wadya Jêpan.

[Grafik]

Saradhadhu Ruslan nuju jagi wontên ing sapinggiring lèpèn.

Kèngsêring wadya Jêpan ngantos dumugi sajawining kitha Harbin, wadya Jêpan tansah ngangsêg kemawon, nanging wusananipun lajêng dipun pêgat saha lajêng dipun wangsulakên dening tèng Jêpan, wadya mriyêman, punapadene bom-bom saking mêsin mabur Jêpan, wadya Tiongkok angunduri.

Unduring wadya Tiongkok sakalangkung kêthetheran, nanging lajêng damêl rong-rongan urut pinggiring lèpèn Soengari sisih kilèn, wadyanipun Jendral Ma Cha San lajêng ngrisak margi sêpur, ngantos sagêd mêdhotakên margi. Wadyanipun mriyêm Jendral Ma Chan San nundhung baita-baita Jêpan ingkang wontên ing lèpèn, kêpêksa wangsul dhatêng Harbin. Nanging pinanggihipun ing sapunika, malah sakalangkung nyamarakên, awit golonganing wadya Jêpan malah saya nyêlaki kalihan watês Sovjet, tamtu badhe campuh yêktos.

Manawi nitik kawontênanipun pawartos paprangan wau, lajêng katingal bilih pasulayanipun tansah sami botên tilar wêweka, tandhanipun tansah gêntos asor gêntos unggul kemawon.

Sintên sapunika ingkang sagêd mastani badhe kadadosanipun ing wingking.

--- 701 ---

Panglipur Manah

Sêngsêming Manah

[Pocung]

Timbang nganggur luwih bêcik nêmbang pocung / kinarya slamuran / nèng wisma tan nambut kardi / sêsambène amung pijêr maca koran //

lan anglaras mring swaraning kutut manggung / nyambi ngombe wedang / pacitan pating talêning / leha-leha prasasat wong pènsiyunan //

tansah mungkul nèng wisma sarwi pitêkur / tlêcêring panjôngka / angudi têntrêming ati / kang supadya kalis ing godha rêncana //

thênguk-thênguk angadhêp koran satumpuk / anjingglêng winaca / kang dadya sêngsêming ati / mung Kajawèn wêdalan Balepustaka //

kantoripun ing kitha Batawi Sèntrum / rêginipun mirah / amung gangsal wêlas kêthip / pan kaetang salêbêting tigang wulan //

mêdalipun têtêp dintên Rêbo Sêtu / tur mawi rinêngga / ing gambar mawarni-warni / sagêd narik panglipuring manah susah //

jampi ngantuk yèn kapêthuk rama Petruk / kang lagya gunêman / lan Garèng bab rêmbug pênting / sinêlanan lêlucon akarya suka //

[Grafik]

Lare-lare nuju sami maos koran Kajawèn.

mak kalècêm kang maos têmtu gumuyu / wit saking kapranan / cucuding sabda kang mathis / pangarange yogyantuk pangalêmbana //

kang kadyèku kula namung matur lugu / ywa ginalih ngompak / lo jalaran mung kêtarik / mring Kajawèn kang karya sêngsêming nala //

pancèn mathuk kinarya panglipur kalbu / yogya maca koran / jêr wus cêtha maedahi / anjêmbarkên mring têbaning sêsêrêpan //

langkung prêlu ngiras kinarya sinau / angulir pikiran / supadya sagêd malêtik / lamun têgên nênitèni mêsthi bisa //

tandhanipun kang nurat punika kidung / bodhone kalintang / tan darbe kawruh sacuwil / wiwit alit tan kapêthuk sakolahan //

nanging maju rêmên ngolak-alik buku / lawan maca koran / dangu-dangu ragi trêtil / thimik-thimik rekane wus bisa ngarang //

ngikêt kidung nadyan pincang ting kêcincug / têtêmbunganira / growal-growal nora mathis / nanging lowung kêbluk mulur waton cêtha //

--- 702 ---

lo rak inggih makatên rama redhaktur / kêdah nut ing jaman / supadya sagêd ngêmpali / malêbêt mring kalanganing kamajêngan //

mila prêlu gêgacone kudu maju / ngudi kapintêran / kang cocog lan maedahi / kanggo gada gêgaran pangupajiwa //

ywa katungkul thênguk-thênguk ngrangkul dhêngkul / sêpên budidaya / mung nuruti ardèng kapti / kang nênarik mring rusaking kauripan //

bangêt lumuh sungkan mangudi mring butuh / nanging datan wêgah / lamun angadhêpi cêthing / angêthengkrang angudang sêgane wadhang //

yèn wis tuwuk thêruk-thêruk nulya ngantuk / karasa jroning tyas / kangên mring bok lara Thumpling / jampi sayah bêtèke pancèn wus nadhah //

nora ketung main sulap Sêmar njantur / apa darbèkira / wujud barang malih dhuwit / mung kinarya nuruti ardaning nala //

kang kadyèku gandhèng lan wong main krêtu / butuh ngabotohan / nora ketang utang silih / kadhang wani nêmpuh mring tindak culika //

yèn kêpatuh tan rikuh mring tindak slingkuh / yêkti dadya rusak / jêjêr araning sujanmi / kajantaka uripe têmah sangsara //

yèn ginêbyug kabèh karoyalan iku / yèn tanpa dêduga / ngêndon kèrêm nora eling / pasthi lamun tundone anandhang papa //

mila yogya dèn eling aywa kabanjur / nglaju ardaning tyas / rèh jamane lagya gonjing / kang sayogya anindakkên pangiridan //

kudu mungkul nyênyuda ardaning kalbu / mrih kabul kabuka / bakune pangulir budi / anancêpkên sabar tawakal lan nrima //

pan makatên usule kang nitrèng kidung / cocog botênira / mung sumôngga pra nupèksi / rèh wus sayah sampun têlas tutup lawang //

W. Cah kêbon. Magêlang.

[Grafik]

Pabrik dêdamêl landhêp ingkang wontên capipun "Made in Germany" ing Jêrman.

--- 703 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Comite sêmangêt swadèsi ing Mataram

Comite sêmangêt swadèsi ing Mataram, ingkang dipun pandhegani dening Tuwan J. Driyowongso, inggih punika satunggiling bêbadan ingkang dipun adêgakên dening para têtiyang siti ing Nyagogyakarta saha ingkang sêdyanipun angajêngakên jêmbaring têbanipun ada-ada swadèsi, ingkang atêgês: sêdya ngudi murih tiyang siti samia migunakakên barang-barang damêlanipun piyambak, wiwit tanggal 29/30 Mèi ngantos dumuginipun tanggal 6/7 Juni, ambikak pêkên lurik manggèn wontên ing griya yatim Islam ing Bêtawi-Cèntrum. Dene barang-barang ingkang dipun dhasarakên wontên ing pêkên lurik wau, sadaya sami dêdamêlanipun têtiyang Indonesia ing laladan Mataram. Mênggah angsal-angsalanipun bêbathèn rêsik, ingkang 10% badhe kadarmakakên dhatêng griya yatim kasbut nginggil, 90% dhatêng têtiyang angguran bangsa Indonesia.

[Grafik]

Padhasaran lurik ing griya yatim Islam ing Bêtawi. Gambar ingkang sisih kiwa Nyonyah Gunawan, sêsêpuh griya yatim Islam wau.

Sadèrèngipun kula ngandharakên agênging pugunanipun ada-ada, ingkang dipun tindakakên dening "Comite sêmangêt swadèsi" wau, kados ingriki prêlu nyariyosakên rumiyin wontênipun barang-barang ingkang dipun dhasarakên ingriku.

Sadaya barang-barang wau, inggih agêm-agêmanipun para kakung punapadene para putri, sami barang tênunan, wujudipun anêngsêmakên thik kiyat sarta awèt. Tumrap agêm-agêman wanita, kados-kados inggih botên patos sojah kuwi sangêt-sangêt saupami kapandhinga kalihan bangsanipun: zijde voile, cita Paris lan sasaminipun. Bangsanipun zijde voile lan sapiturutipun punika katingalipun wontên ing mripat pancèn inggih: ngêgèt-êgèti lan anggêtapakên manah, nanging botên kêgadhuhan: luwês, kèwês, dados sanadyan anggêtapakên manah ewasamantên botên anênarik manah. Beda kalihan lurik-lurikan, sadaya ês cêkakipun sami mondhok wontên ingriku, kados ta: luwês, kèwês, gandês, mlêpês, dhinês, nanging sanès... angêcêcês, tur rêginipun mirah, panganggenipun sagêd awèt. Tumrap agêm-agêman wanita ingriku mila sampun dipun pêpaki sayêktos. Kangge agêm-agêman ingkang barès nanging sêdyanipun batos badhe ngayang batin, inggih wontên. Kangge pameran lan bêsus-bêsusan, inggih dipun sadhiyani. Cêkakipun ingriku dipun cawisi sadaya lurik-lurikan, ingkang pantês lan mathuk tumrap priyantun putri ingkang sampun yuswa, upaminipun: lurik cêmêng, lurik abrit sêpuh lan sasaminipun. Wujudipun prasaja, wontên ing paningal sêdhêpipun kêpati-pati.

Makatên ugi inggih nyadhiyani tumrap para putri ingkang taksih nêdhêng-nêdhêngipun, punapadene ingkang taksih rêmaja putri, kados ta upaminipun: lurik wungu, ijêm, jêne lan sapiturutipun. Sanadyan katingalipun prasaja, nanging inggih sampun rêspati ulêng-ulêngan.

Punapa malih agêm-agêman kakung, saking pêpak lan kumpeleetipun, samangke namung kantun gumantung dhatêng raosing priyantun ingkang badhe ngagêm kemawon. Manawi raosipun sampun 150% Walandi, lajêng badhe ngagêm sêtelan utawi pantalon, damêlanipun lurik-lurikan inggih sampun mèh sausap kalihan: lena cap ringgit, cabardin utawi palmbeach, dados inggih sampun sagêd ngêplêki yêktos sa... sinyo Rêbo. Langkung malih manawi taksih kandêl raosing kajawènipun, dhasar punika sampun dados anggèn-anggènipun bangsa Jawi, êtrapipun wontên ing badan têmtu inggih srêg lan saya amêwahi pantês tuwin luwêsipun. Kados badhe angêbaki papan saupami pigunanipun lurik tumrap bangsa Jawi wau kaandharakên sadaya.

Samangke kados prêlu ngrêmbag ada-adanipun "Comite sêmangêt swadèsi" kasbut nginggil.

--- 704 ---

Miturut pawartos ada-adanipun comite wau anggènipun badhe ambèbèrakên adhasar lurik botên ngêmungakên wontên ing sapanggenan kemawon, nanging badhe adamêl dhasar wontên ing pundi-pundi panggenan saindênging tanah Jawi.

Mênggah ancas ingkang makatên wau, sajatosipun langkung utami sarta enggal sumrambahipun tinimbang kalihan namung kawarak-warakakên kemawon wontên ing lesan. Mila pantês sangêt dipun puji anggènipun andhasarakên barang dêdaganganipun piyambak, punika wontên ing pundi-pundi panggenan sagêda angsal kasil ingkang satimbang kalihan rêkaosing lampah utawi utamining ancasipun. Langkung malih kados ingkang sampun kacariyosakên inginggil, bêbathènipun badhe katanjakakên dhatêng kapêrluan umum.

[Grafik]

Padhasaran Pantiyoso ing Ngayogya, nalika ambikak pêkên lurik wontên ing Magêlang.

Kajawi punika kula sadaya kêdah sami angèngêti utawi kêdah pramana dhatang[21] lampahing jaman, ingkang sakintên ing têmbe wingking badhe adamêl kapitunan agêng tumrap bangsa kula sadaya, inggih punika dhatêngipun dêdagangan ingkang awarni pangangge saking nagari manca, ingkang kasade wontên ingriki saklangkung mirah rêgènipun. Mirahing rêrêgèn wau tumrap jaman samangke dados sanjata ingkang prêmati sangêt tumrap kawruh padagangan. Jalaran saupami kula sadaya kirang waspada tumindakipun, sampun têmtu lajêng sami jor-joran anumbasi barang-barang ingkang rêgènipun langkung mirah, ingkang wusana prasasat amêjahi dêdaganganipun piyambak, ingkang nêdya dipun ajêngakên minangka dêdamêl kangge anggêsangakên barang dêdamêlanipun piyambak wau. Ingkang punika kula sadaya wajib sami angèngêti dhatêng wontênipun lampah jor-joran. Upaminipun kemawon kadosdene kala jaman samantên pabrik ès jor-joran kalihan pabrik ès mêngsahipun. Saupami ingkang satunggal nyadenipun 1 pond rêgi 3 sèn, satunggalipun 2 sèn. Manawi ingkang 3 sèn wau dipun andhapakên dados 1 sèn, ingkang 2 sèn malah lajêng dipun gratisakên kemawon, ngantos salah satunggalipun pabrik ès wau dhawah kantaka kadosdene ulêr kambangipun waranggana ingkang mungêl makatên: "Ngêndi ana wong mati bali mring donya". Manawi sampun makatên pabrik satunggalipun, inggih pabrik ingkang taksih waluya jati, têmtu lajêng surak-surak, malah bokmanawi lajêng sami gerongan anggambirsawit barang. Awit sapêjahing mêngsahipun, lajêng sagêd sapurun-purun anggèning ngindhakakên rêrêgèn barang dêdaganganipun wau, ingkang kula sadaya lajêng sami kapêksa tumbas kanthi sênênging manah, inggih jalaran saking botên wontên tunggilipun wau.

Miturut kawontênan ingkang sampun kaandharakên inginggil, mênggah ada-ada ngajêngakên barang-barang damêlan kita pribadi punika, têtela bilih gawat sayêktos, manawi kirang prayitna têmtu sagêd ugi badhe kandhêg ing margi. Nanging nitik grêngsênging tandangipun bangsa kula ing jaman samangke, kados-kados kathah pangajêng-ajêngipun kasêmbadan ingkang dados sêdyanipun, amargi para panuntun tamtu botên badhe kawêkèn anggèning nyulang-nyulangakên dhatêng bangsanipun, ingatasing tuju utawi ancasing pikajênganipun ada-ada swadèsi wau.

Ewasamantên ingriki ugi prêlu ngaping kalihi atur pamrayogi, mugi-mugi bangsa kula sadaya sami sampun kasupèn kados katêrangan kula inginggil, inggih

--- 705 ---

punika sampun kapiluyu dhatêng barang dagangan sanès, ingkang botên kenging botên tamtu badhe ngêndhih barang damêlanipun piyambak. Punapa malih sami angèngêtana bilih bakuning kamajêngan punika, ingkang langkung prêlu bab ekonomie. Lan yèn ngantos bab ekonomie wau sampun dhumawah ing tanganing liyan, gèk kadospundi sagêdipun tumuntên kalaksanan panggayuhing kamajênganipun. Mila awas, para sadhèrèk, sanadyan rêrêgèn lurik utawi barang damêlan kita piyambak samangke wontên radi awising rêginipun tinimbang wêdalan manca, nanging sampun ngantos mundur. Jalaran munduring kêkêndêlan kula tumbas daganganipun piyambak punika, inggih atêgês munduring kabangsan tuwin kadrajatan kula sadaya.

Botên langkung saking pamuji kula, mugi-mugi para sadhèrèk ing sanès panggenan, ingkang dipun dhasari dagangan lurik dening Comite wau, sami kêparênga migatosakên saèstu tuwin arêrencang ing saprêlunipun, awit bab punika botên namung tumanja pitulungan dhatêng salah satunggaling bêbadan kemawon, nanging ugi dados dhêdhasar manunggaling kabangsanipun pun PÊNTHUL.

Pambikakipun Lot Lotre Agêng.

[Grafik]

--- 706 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Lèpèn Bathang bêna malih. Sampun sawatawis dintên lèpèn Bathang bêna malih, narajang margi sêpur N.I.S. ngantos andhadhalakên ril 150 m, krêtêg pitulungan ingriku inggih dhadhal malih. Makatên ugi sabên-sabên ingkang katrajang inggih risak. Nanging wilujêng botên wontên kasangsaran.

Wêca ing bab bêna lèpèn Bathang, kados ingkang nate kawrat ing Kajawèn, nama nêmahi, sokur dene karisakanipun botên sapintêna.

[Grafik]

Siti mlêkah ing Mênado. Kala lindhu sawatawis dintên punika karisakanipun ing Mênado kathah griya-griya sami ambruk, kajawi punika taksih wontên karisakan sanès-sanèsipun malih. Inginggil punika gambaripun siti mlêkah ing sabibaripun lindhu.

Pitulungan nagari. Jalaran saking rêkaosing panggêsangan ing laladan Kêdiri, nagari maringi arta pitulungan f 10.000.- prêlu kangge sarana nyukani padamêlan dhatêng têtiyang angguran.

Pitulungan punika mugi sagêd numrapana dhatêng ingkang sami kapitulungan, awit manawi wohipun sae, kintên-kintên badhe lumintu ing wingking.

Ariwarti enggal. Kawartosakên ing bab ada-adanipun pangrèh agêng Muhammadiyah badhe ngêdalakên ariwarti "Adil" badhe kawêdalakên wontên Ngayogya, redacteuripun Tuwan Muhammad Hatta, ingkang sapunika taksih wontên purug.

Ariwarti punika manawi kasêmbadan mêdal, upami baita kenging dipun wastani angsal jurumudi pêng-pêngan.

Lêlintu waragad pirantos sinau. Miturut sêbaran saking Departement Pangajaran, wiwit wulan Juli ngajêng punika, sawarnining kabêtahan sêkolahan, kados ta buku-buku, buku kangge nyêrat tuwin sanès-sanèsipun botên kaparingan lêlahanan, badhe amurih ambayar kalêbêtakên nunggil rekening sakêdhik-sakêdhikipun sawulan f 0.35. Nanging murid lare ingkang kacingkrangan, lêstantun kaparingan lêlahanan.

Kasir arta nagari ambodhokakên tiyang. Kasir arta nagari ing Purworêjo nama S. satunggiling dintên kadhatêngan tiyang ing dhusun Pangèn Têngah, prêlu badhe nglintokakên arta nyatus rupiyah gangsal lêmbar, tiyang wau pitakèn, punapa mawi wragad. Bab punika kasir lajêng rêmbag pirukunan wontên ing griyanipun tiyang ingkang nglintokakên mawi ngêmpakakên rêmbag ingkang ambodhokakên, amargi badhe kalintokakên dhatêng Bêtawi. Wusana sarêng nampèkakên arta, namung dipun sukakakên f 450.- ingkang sèkêt kangge wragad. Dene wusananipun dados prakawis.

Kirang sêsêrêpanipun tiyang dhusun pancèn taksih kathah, wajib dipun sêrêp-sêrêpakên.

Ing Mênado lindhu malih. Ing Mênado sasampunipun wontên lindhu agêng, lêt dintan wontên lindhu malih. Rêdi Soputan katingal ngêdalakên latu. Ir. Steub sampun kapiji dening parentah mriksa rêdi wau. Pinanggih papriksan, rêdi wau saya katingal nguwatosakên.

Ing bab punika mugi kandhêga ing pawartos, sampun ngantos wontên bêbaya punapa-punapa malih.

Ambage bêbathèn. Kawartosakên, ing taun punika Denis ing Bandung, ambage bêbathèn 10%, Hollansche Beton Maatschappij ambage bêbathèn 20% tuwin Landbouw Mij "Ngupit" ambage bêbathèn 25%.

Wah mangsa kados makatên punika manawi wontên wartos ambage bêbathèn, sagêd ngècèsakên ilêr.

Ing Banjarmasin bêna agêng. Ing kampung Paminggir tuwin Pantau Kujang laladan Amuntai (Banjarmasin) mêntas bêna agêng, wontên maesa 330 sami sirna kèli.

Kasangsaran rajakaya ingkang ngantos samantên wau awis wontênipun, sokur dene botên wontên kasangsaran tiyang. Mugi ingkang sami kapitunan wau tumuntên angsal lêlintu.

--- 707 ---

Kantor Guprênur Jawi Wetan nyuda wragad 30%. Kawartosakên kantor Gupêrnur Jawi Wetan badhe nyuda wragad 30%. Dene tumindakipun badhe nyuda punggawa alit-alit.

Sudan wau kenging dipun wastani kalêmpakaning pêpetangan agêng, ingkang kakalêmpakakên saking sakêdhik, punika pancèn lajêng katingal, nanging saya cêtha katingalipun malih ing bab tangis kalêmpakaning tiyang kathah, ingkang panggêsanganipun botên sapintêna.

Rêgining sata ing Lumajang mandhap sangêt. Jalaran saking kathahipun golongan tani ing Lumajang ingkang nanêm sata, rêgining sata mandhap sangêt. Kala rumiyin sadhacin sagêd pajêng f 70.- ing sapunika sagêd pajêng f 1.- kemawon sampun rêkaos, wusana damêl kêkêsing manahipun para tani.

Manawi kawontênaning rêrêgèn pamêdal siti kados makatên, têmtu angagêngakên kapitunan, nanging sagêd ugi ngagêngakên bêbathènipun ingkang sagêd tandho. Mila nama makèwêd, manawi pajêng sakêdhik mêmêlas, nanging manawi pajêng kathah dipun bêntèri (mriksanana Kajawèn kêpêngkêr). Rak sarwa mêmêlas.

Arta palsu. Pulisi ing Kudus mêntas nyêpêng tiyang 3 damêl arta palsu wontên onderdistrik Undaan, jangkêp dalah pirantosipun damêl arta palsu.

Punapa tindak makatên punika kalêbêt ajênging kagunan. E, dene ngrika-ngriki tansah wontên kemawon.

Kuli-kuli saking tanah sabrang. Kapal Op ten Noort mêntas dhatêng ing tanah Jawi ambêkta kuli-kuli saking tanah sabrang cacah 1820.

Benjing punapa malih sambêtipun, mumpung ngriki taksih rame ngrêmbag tiyang angguran.

Karajan ing Surakarta botên ngandhapakên pajêg kabudidayan. Awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta, botên angandhapakên pajêg siti tumrap para kabudidayan. Dene tumrap Ngayogya sampun tumindak kaandhapakên.

Bab punika têmtu kemawon lajêng dados rêmbag panjang. Têmtunipun sadaya inggih sampun sami nyêpêng wêwaton ingkang mitadosi. Mila sapunika kaparêng dalêm wau badhe kengguh, têmtu badhe nuwuhakên rêmbag malih.

Ir. Sukarno tuwin Ir Rusena bikak kantor wontên ing Bandung. Kawartosakên Ir kêkalih ingkang kasêbut inginggil badhe ambikak kantor wontên ing Bandung, kantoripun manggèn ing Banceuy.

Adêging kantor punika kintên-kintên anênarik manahing ngakathah dening kasawaban ing nama.

Tindak nganiaya ing Bandawasa. Pêtinggi tuwin upas dhusun ing Gambangan, Bandawasa, mêntas nganiaya dakwa cacah 4, wontên ingkang dipun cathut lambe, tangan tuwin pupunipun saha dipun gêbagi kajêng. Malah wontên ingkang pêjah satunggal, dipun cêmplungakên sumur, suku tuwin tanganipun dipun srimpung.

Tindak panganiaya ingkang kados punika têka wontên kemawon.

Kakintên badhe damêl rêrêsah. Ing Cicalêngka wontên tiyang cacah 2000 sami sêsarêngan sowan dhatêng kawêdanan. Mênggah wigatosing kajêngipun, sami gadhah panuwun, mugi parentah botên nindakakên papriksan rohipun tiyang pêjah. Kala punika ingkang wadana botên manggihi, têtiyang wau lajêng dipun panggihi dening pèlpulisi.

Ing bab mriksa rohipun tiyang pêjah punika sampun rambah-rambah dados gêndra. Namung pinuji mugi sadaya sami pinaringana èngêt.

Nyade locomotief 23 iji. Kawartosakên, kapal Bandung Maru mêntas ngêmot locomotief 23 iji, sami asli saking S.S. tanah Sumatra, ingkang numbas bangsa Jêpan.

Têmtunipun pambikakipun inggih ambrêngkut. Sadean kados makatên punika têmtunipun barang sampun sêpuh, yèn cara Bêtawi nama dipun lowakakên, manawi Sêmarang dipun balangakên, dene Jawi Têngah wontên ingkang mastani dipun gêndulkopèkakên.

Kabêsmèn agêng ing Surabaya. Ing pasar Terong, Surabaya, mêntas wontên kabêsmèn agêng, toko alit-alit tuwin los agêng ing Kêmbang Jêpun sirna dipun amuk ing latu. Bank of Taiwan ugi karisakan. Toko alit ingkang kabêsmi wontên 52, ingkang anggadhahi tiyang 35, bangsa Tionghoa. Kapitunan f 200.000.

Wontên-wontên kemawon.

Angsal Hoofdacte. Kawartosakên, R.r. Supartini, Sêmarang, sagêd angsal anggènipun nêmpuh pandadaran Hoofdacte. Dados dumuginipun sapunika, wanita ingkang angsal Hoofdacte wontên 4, inggih punika: Nyonyah Cindarbumi, R.A. Sri Umiati (anggènipun angsal wontên nagari Walandi) tuwin nonah Rama Salèh.

Wilujêng.

Pulisi ingkang botên nyumêrêpi wajib. Kawartosakên, parentah nindakakên papriksan ing Nieuw Guinea lèr, ingriku kasumêrêpan pulisinipun nindakakên padamêlan kados among dagang, ngantos adamêl pêjahipun para among dagang partikêlir. Pulisi wau ndhatêngakên barang-barang saking Eropa piyambak kasade dhatêng bangsa Tionghoa, sawarnining sêrat-sêrat katindakakên cara pakaryan praja tuwin wontên sanès-sanèsipun.

Punika punapa ingkang dipun wastani gajah ngidak rapah?

EROPA.

[Grafik]

Ngrisak yêyasan. Kados para maos dèrèng kasupèn dhatêng kawontênanipun Koloniale Tentoonstelling ing Paris. Pandamêling griya-griya ingriku, ing sadèrèngipun kabikak ngantos ngeram-eramakên. Nanging sapunika, sarampunging prêlu, griya-griya wau sami dipun bibrah, inginggil punika gambaripun pêpêthan manara ing Madagaskar, ingkang dipun brukakên ing ing sabibaring damêl.

--- 708 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

12.

Inggih sarêng gadhah anak punika Radèn Ngantèn Sumarta rumaos manggih panglipur, manawi nuju kataman susah, sagêd lipur saking nyawang anakipun, dhasar suwita wujudipun andêmênakakên, badanipun lêma akêngkêng, sugih polah, ing kalanipun lumah-lumah, manawi sukunipun kêconcalan, ibunipun ngêlokakên kados anêndhang bal. Cêkakipun warni-warni sangêt panglipur ingkang tuwuh saking anak, saya mindhak agêng, saya katingal warninipun. Ewadene ing kalanipun nuju kataman susah, mêmanising anakipun wau malah lajêng katut tumut amêmêlas.

Nanging wantunipun tiyang èstri winêngku ing tiyang jalêr anggêp-anggêpan, sabên dintên inggih tansah angganyang manah, tujunipun Radèn Ngantèn Sumarta punika tiyang ingkang dhêdhasaripun sae, momot, botên pisan-pisan kêdunungan titik lare pangajaran, katingalipun namung kados lare yutun, dipun êlak-êlukakên ingkang jalêr namung sarwa miturut.

Lêlampahan ingkang kados makatên punika, tumraping tiyang èstri ingkang watak kêrasan saha angsal pasrawungan, lajêng kirig-kirig. Malah Radèn Ngantèn Sumarta nate katamuan tilas kancanipun sêkolah, angraosi makatên: wong lanang kaya ngono bae kosêtyani, yèn aku, tak têndhang.

Radèn Ngantèn Sumarta ingkang batosipun kèbêkan wulang Jawi, mirêng têmbung makatên wau manahipun ngantos tumratab, malah lajêng mapali rêmbag, amrinani anggèning guru lakinipun dipun awon-awon ing liyan, adhêdhasar ngalêmbana dhatêng kautamènipun ingkang jalêr, lan mênggahing guru laki namung kêdah dipun sêtyani.

Ucap kados makatên wau adhakan saya adamêl muntabing manahipun tiyang ingkang dipun ajak ginêman, dening rumaos murinani, malah dipun sapèlèkakên. Dene dhêdhasaripun Radèn Ngantèn Sumarta, botên liya namung saking anggènipun nêtêpi kasusilan Jawi.

Tumrap Radèn Sumarta, bilih piyambakipun nuju pisahan kalihan ingkang èstri, saha nuju momoran kalihan kancanipun, rumaos manawi botên gadhah bojo. Radèn Sumarta botên niyat manuhakên ingkang èstri dhatêng mitra-mitranipun, kajawi ingkang sampun kalajêng pêpanggihan. Malah tumrap tindakipun Radèn Sumarta ing bab ngrèmèhakên dhatêng bojo, botên namung samantên kemawon, taksih dipun mori pangawon-awon, amastani ingkang èstri punika lare dhusun, ajrih sangêt dhatêng Walandi.

Bab makatên wau ugi dipun anggêp nyata dening para mitra-mitranipun, awit para mitra wau inggih sampun sami sumêrêp piyambak, inggih punika ing kalanipun sami mara tamu dhatêng griyanipun Radèn Sumarta, sanadyan ing ngriku wontên titikipun tiyang èstri ing wingking, nanging nyatanipun botên katingal tumut amanggihi tamu. Makatên malih Radèn Sumarta inggih botên anggape dhatêng anakipun.

Sanadyan tindak kados makatên punika Radèn Sumarta amastani lêrês, nanging kathah nyonyah-nyonyah ingkang sami mastani lêpat. Dene Radèn Sumarta pancèn tiyang gathekan, lajêng sagêd mawali rêmbaging mitranipun ingkang araos nyeda dhatêng tindakipun. Nanging malah wontên mitranipun ingkang ngêlokakên makatên, inggih punika nyonyah asistèn residhèn: Apa kowe ngrêti Sumarta, sing diarani wajibing wong lanang mêngku wong wadon, lan ngrêti tindak angajèni wong wadon ana pasrawungan. Kowe aja ngetokake alusing bêbudèn kang mung koanggo nglamari kamurkaning batinmu, awit tindak kang kaya mangkono mau mung nyiksa mênyang wong wadon kang pangawak ringkih. Kowe jare ngrêti tatacara Walônda. Nanging tindakmu kang kaya mangkono mau, malah dadi cacadaning bôngsa Walônda. Dadi mungguhing kowe, kêna diarani durung wêruh mênyang bênêring tatakrama Walônda.

Nalika Radèn Sumarta tampi têmbung panacad ingkang kados makatên punika, sakalangkung kagèt ing manah, lajêng èngêt dhatêng lêpating tindakipun sadaya. Wusana lajêng mangsuli sêmu kalincutan: Pangandika panjênêngan, kula tampi kanthi bingahing manah, awit kula ngrêtos, panjênêngan punika sampun yuswa, kathah sêsêrêpan panjênêngan bab tata pasrawungan, dados sadaya kula anggêp dados piwulang lêrês lan sae. Nanging kula kêpêksa mratelakakên, manawi anggèn kula jêjodhoan punika sayêktosipun botên kenging dipun wastani jêjodhoan sajati, kadosdene caraning jêjodhoanipun bôngsa Eropah. Anggèn kula rabi angsal Sumarmi botên prêlu kula aturakên sabab-sababipun, namung kula cêkak, anggèn kula jêjodhoan punika nama botên timbang.

Nyonyah asistèn residhèn mangsuli sêrêng: Sumarta, kandhaku iki sanadyan kotômpa sêrik, utawa dadi kêliruning panampamu, dening koanggêp ngrèmèhake awakmu, sakarêpmu. Kandhaku mênyang kowe dudu kandhaning nyonyah asistèn residhèn mênyang kalerehane, mung salugu saka ucape wong wadon, kang rumasa bênêr, lan nyumurupi luputing tindake wong lanang kang ngaku pangajaran. (Badhe kasambêtan)

--- 85 ---

Nomêr 22, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Manuk Êmprit Sajodho

Ing alas sandhing sawah, ana manuk êmprit sajodho nusuh ana ing progokan êpanging wit kusambi. Nuju ing sawijining dina wayah esuk, padha mencok ana ing pucuk, sadhuwuring susuh, dhidhis ana ing panasan, disambi rêrêmbugan, têmbunge sing wedok: Pakne, susuhe la bok iya kok dandani. Mau bêngi, aku sasat ora bisa turu saliyêpan bae, saking atise. Angine sêmribit mêtu ing sasêlan-sêlaning gêdhèg. Banyune udan gumrajag kaya grojogan, sing nyiprat mênyang awak, pating tlêthok, rasane kaya dibandhêmi nganggo ès prongkol. Tujune omahe panggung dhuwur, jrambahe sukêt, dadi bisa tuntas. Saupama jogane lêmpung, rak sida mati kêblabak têmênan.

Sing lanang mangsuli: Puluh-puluh dikapakna, parênge sing Kuwasa lagi kaya ngene. Liwat saking olèhku banting awak, mibêr rana rene, suwiwiku rasane nganti kaya sêmpal-sêmpala, olèhku ngudi bisane entuk sukêt, ewasamono, aja sing olèh, mrangguli salêr bae ora. Kakang bocah ngarit sambate sundhul langit, pating kluyur ngalor ngidul, nyangking kranjang nyêngkêlit arit. Manawa padha nêmu ênggon rit-ritan, banjur padha rêbutan, trêkadhang dilabuhi bacokan. Nanging sing akèh-akèh padha mulih nglênthung nyangking kranjang kothong. Kana kene kaanane padha bae, ara-arane wis rupak. Dhèk wingi aku nginthil bocah ngarit ana ing galêngan, salêr bae ora olèh keceran, malah aku disrampang arit, mak cring, aku trangginas endha, arite ngênani watu, rada gowang sathithik, anggone ngujar-ujari andhrindhil, kiraku...

Sing wedok nyêlani. Adhuh, tujune, kowe têka isih bisa pêncak, athuka, aku rak sida golèk jirêt têmênan. Nanging, pakne, iki srêngengene kaya wis dhuwur, apa kowe wis olèh dhedhekan, mênyang ngêndi parane, anggone golèk isi têlih.

Sing lanang mangsuli: Bênêr, bokne, iki kaya wis awan, nanging aku dhewe durung olèh incêngan. Mêntas mênyang panggonane paman tani, tak ungak, lumbunge kothong. Ing pojokan ana kecerane gabah sathithik, tak cucuk, jêbul wis gabug, aku banjur mibêr klêpêran ing dhuwur omah, nitik-nitik, ana ngêndi olèhe andhêlikake parine. Nanging sawuli bae aku

--- 86 ---

mêksa ora bisa nêmokake. Sing tak wêruhi mung kêtela ana tampah tumumpang paga, karo irisan putih-putih, kaya jamur plèk-êmplekan, dipepe ana ing anjang-anjang. Kiraku ing wêktu dina iki, parine paman tani padha tumandho ana ing omahe babah kutha, awit, sawatara sasi kang kapungkur, aku wêruh saka ngawang-awang, pari pirang-pirang tumpuk dimot ing cikar, jarene arêp digawa mrana. Aku gumun, genea paman tani ora gêlêm nyimpêni dhewe. Apa ing desa luwih akèh tikuse tinimbang ing kutha.

Sing wedok nyauri: Nèk kiraku sababe saka kurang trêsnane paman tani mênyang Dèwi Sri, awit yèn pancèn trêsna têmênan ngono, aja sing têkan ing lara, têkan ing pati dilabuhi. La wong kuwi ora. Malah salong sadalême pisan kentas, marga paman tani ngêbotake mênyang kabungahan, yèn pinuju nyunatake utawa mantokake kêponakane, tinimbang karo siêmbok dèwi. Wis, ayo pakne, êndang budhal mênyang kutha, mumpung durung pati panas. Mêngko kasêlak kêntekan keceran.

Wangsulane sing lanang: Nèk saka pamrayogaku, bokne, ora prêlu padha ngumbara mênyang kutha, bêcik trima dhisik mangan sakatêmune. Sawatara sasi êngkas, yèn ana parimarmaning Pangeran, mêsthine iya bakal wêruh rasane pari anyar sing arum gandane. Mêntas udan, mêsthi banjur têrang, rak iya ngono, ta.

Saure sing wedok: Iya ngono, nanging aku dhewe, mêksa isih milu gêtun, têka dhèk bubar panèn sing kapungkur kae, parine dianggo obral-obralan. Pangarêp-arêpku, muga-muga besuk bubar panèn, paman tani bisa anyratèni mênyang karsane Dèwi Sri, upamane: ora diwor karo kaborosan, dadi panggalihe ana ing omah bisa têntrêm, ora kroncalan kudu ngalih. Wis, wis, ayo êndang budhal, nèk mung gunêman bae mêngko sida mati kalirên têmênan, tilihku[22] wis têrus protès bae.

Sing lanang mangsuli: Iya ayo, nanging sing ngati-ati, nèk kêjirêt.

Ora lêt suwe, manuk loro mau banjur niyup, nucuki wiji sing gogrog ana ing lêmah.

Kabula Pranata.

[Grafik]

Iki carane manjangan manawa nuju kêpêthukan, anggone bijigan kuwi atêgês kayadene salaman. Sajake padha sênêng.

--- 87 ---

Dongèng Bango Thonthong

Ana dongèng cêkakan. Ing wayah sore nuju udan riwis-riwis, ana bango thonthong wis tuwa ngadêg ana sapinggiring sêndhang, arêp golèk pangan. Ora suwe ana wadêr pari ngambang, banjur dithothol, nanging mung diêmut ana sajêroning cucuk bae.

Wadêr pari bangêt susahe, rumasa yèn arêp mati. Ing kono wadêr pari akal, banjur sambat-sambat karo anggunggung saranduning awake bango thonthong, unine nganggo lêlagon mangkene:

Siwa, siwa bango, sikile siwa, kaya sikiling garudha.

Bango thonthong mangsuli karo mingkêm bae: hê êh.

Bango thonthong digunggung mangkono mau atine gêdhe. Wadêr pari anggone anggunggung tanpa lèrèn, wiwit sikil nganti têkan cucuk. Nanging barêng panggunggunge têkan cucuk, bango thonthong atine mongkog bangêt, awit cucuke sing gêdhe dawa, barêng diarani kaya cucuk garudha, rumasa yèn mèmpêr têmênan, wusana anggone mangsuli hê êh diimbuhi: hah hah hah, kaya gambar.

[Grafik]

Mêsthi bae wadêr pari banjur mancolot nyêmplung sêndhang manèh.[23]

Bango thonthong bangêt gêtune. Nanging kapriye manèh, jênêng lupute dhewe nganti suwe bango thonthong ngêntèni ngambange wadêr pari, nanging wadêr pari mêksa ora ngambang. Suwe-suwe mupus, banjur lunga.

Dongèng iki kêna kanggo upama, wong karêm digunggung iku, sok nêmu kapitunan, eling-elingên.

--- 88 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 43.

[Pocung]

kaya gêtun sêmune sang putri samun / saka ora ngira / Wêlas pambadhene titis / anocogi kaya sing uwis kawêca //

ing dhèk mau, abdi kang padha angrungu / barêng uwis cêtha / yèn sang putri kêthip-kêthip / banjur ngira cangkrimane tanpa daya //

padha gumun, ananging kamoran gêtun / môngsa ta wurunga / Wêlas mêsthi rabi putri / môngka nyata wêlas wong cilik balaka //

dadi thukul, ati drêngki pating jrêdhul / sajak padha ewa / para nyai angêprêti / ana muni: e la gustiku sangsara //

ora wurung, diboyong wong liwat lurung / dhasar ora misra / awit patute wong kuwi / êmung dadi uwong kang urip cilaka //

uni mau, akèh uwong padha ngrungu / Wêlas iya cêtha / malah angguyu nyêkikik / umat-umêt nuli amiwiti kôndha //

sampun gêtun, priyantun sadayanipun / nama bêgja kula / harak inggih ta sang putri / botên langkung pun kula namung sumôngga //

ing dhèk mau, sang putri kaya wong bisu / andhrêdhêg sakala / sang prabu nganti anjawil / karo alon ngandika sêmu ngrêrêpa //

aja ewuh, wis wangsulana sing saguh / ewuh ewuh apa / jaragan wis kêna tali / lan kajirêt arêp obah ora bisa //

sang aprabu, katara bangêt ing sêmu / ing panggalih lêga / dene ora ana pati / sabanjure ora ana sambekala //

nuli nyundhul, Wêlas kaya atur usul / sampun ta sumôngga / bok tumuntên pun iyani / dados lajêng manah kula sagêd lêga //

ketok nêpsu, sang putri ngandika sêru: / aja bungah sira / dupèh sira anguwisi / pancèn bênêr pambatangira: sun trima //

wruhanamu, ora êmung siji iku / gon ingsun cangkriman / bakal ana manèh siji / lah badhenên sun tamtokke liya dina //

tanpa matur, Wêlas banjur klepat mundur / karo garunêngan / iki rak rêmbug nusuli / êmung arêp angarah patining tôngga //

gone mêtu, tanpa pamit mung mêcucu / satêkaning jaba / mripate ambrêbês mili / ing wusana katêmu Jaka Kawasa //

wise wêruh, Ki Kawasa aruh-aruh / êlo ana apa / têka-têka athik nangis / yake kowe ora ngèstokake kôndha //

sênggrug-sênggrug, Wêlas kôndha karo watuk / cangkriman wis kêna / nanging sang putri nyidrani / cangkrimane ing saiki isih ana //

besuk dhawuh, dadi aku banjur ewuh / Ki Jaka Kawasa / amangsuli ngarih-arih / wis nrimaa ya bêcik dibudidaya //

Wêlas mathuk, ngêkêp dhêngkul thênguk-thênguk / mêngko kacarita / wise têkan wayah bêngi / sêpi nyênyêt sêmuning susah katara // Ana sambungane.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 48, 9 Sapar Dal 1863, 15 Juni 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [741] ---

Ôngka 48, 9 Sapar Dal 1863, 15 Juni 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Griya Timbangan Têbu - Kawruh Padhalangan - Panggulawênthah - Cariyos Kina - Tanah dalah Tiyangipun - Raos Jawi - Ngêlisi Kapal - Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk - Pawartos Administrasi - Wara-wara - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Griya Timbangan Têbu

[Grafik]

Grobag-grobag lêmbu nuju ngêwrat têbu kabêkta dhatêng griya timbangan têbu gadhahanipun pabrik gêndhis ing Malang.

--- 742 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 46.

Baladewa : I, ya jagat dewa bathara, ora jagat pramodhita, e, lah katiwasan, kapriye yayi prabu. Plêng, lali ora eling sathithik-thithika. E, lah, môngka raka para wis nyaguhi mênyang yayi Prabu Ngastina, bakal isin apa kang tak sandhang. Wis, cêkake mangkene wae, raka para jabakna saka darah, aku arêp nusup ngayam alas tingggal kadhaton. Ora sae nyawang sorote hyang patanggapati.

[Grafik]

Walmuka.

Krêsna : Mangke ta, mangke, kaka prabu, sampun kagean ing panggalih, manawi kaka prabu rujuk, kula gadhah pamanggih.

Baladewa : Kapriye, yayi prabu, ruwêt têmên rasane atiku.

Krêsna : Sapunika makatên kemawon. Kula èngêt, kala rumiyin panjênênganipun kaka prabu kagungan kêkudangan, èngêt kula makatên: ing besuk yèn Si Sumbadra jatukrama bisoa nganggo pamiwahan kaya aku, gamêlan lokanônta, kêmbar mayang jayaandaru, pangarih widadara widadari.

Baladewa : I, ladalah.

(Pathêt nêm jugag),

Iya, yayi prabu aku eling.

Krêsna : Kula inggih nusuli kêkudangan. manawi Sumbadra dados pangantèn, sagêda numpak rata kancana, pangirid kuda yaksa, kalihan mawi sasrahan: maesa andanu satus ingkang pancal panggung.

Baladewa : Banjur kapriye kaparênge yayi prabu.

Krêsna : Sapunika prayogi kadamêl sayêmbara kemawon, sintên ingkang sagêd marnèkakên sadaya wujuding kêkudangan, inggih sagêd dhaup kalihan pun Wara Sumbadra. Botên ketang tiyang pidak padarakan, mêcuk cukil lan cêcèkèl longaning bale, manawi sagêd andhatêngi kêkudangan, enjing, [e...]

--- 743 ---

[...njing,] sontên kadhaupakên, andhatêngi sontên, enjing kadhaupakên.

Baladewa : I, hêh hah hah, hah, lêga têmên rasaning atiku, kaya luwar saka bêbandan, kaya olèh pêpadhang saka ing pêpêdhut. Wis, yayi prabu, raka para rujuk bangêt, dene prasabênan marang Ngastina yayi prabu aja anggalih, cukup ana raka para bae.

Krêsna : Kula nuwun inggih dhatêng sumôngga.

Eca imbal pangandika, kasaru gêdêring jawi.

Sêndhon pananggalan, mirsanana ucap-ucap babak unjal.

Krêsna : Raja duta, padha raharja têkanira ana ing ngarsaningsun. Ing buri ngêndi pinangkanira, sapa aran sarta pangkatira.

Danawa duta : kulok noknon, kapêtêk ing mustaka timbalanipun ingkang sinuhun, kula pundhi kados jimat. Ingkang sinuhun andangu nama kula pun Maudara, dene pangkat kula nyêpuhi panêkar sagolongan. Ing wingking kula saking nagari ing Garbaruci.

Krêsna : Gêdhe cilik sira pangkat bupati.

Danawa duta : Kula noknon inggih. Ana wigati apa sira tumêka ana ing Dwarawati. Manawa ora kapara wadi, sira ingsun lilani matur ana ing pacewakan.[24]

Danawa duta : Sowan kula kautus ratu gusti kula ing Garbaruci, sapisan ngaturakên pangabêkti.

Krêsna : Iya daktrima.

Danawa duta : Ingkang kaping kalih ngaturakên nawala, katur sri paduka ingkang sinuhun.

Pathêt nêm wantah, Sômba nampèni sêrat lajêng kaaturakên Sri Krêsna. Lajêng ucap-ucapan: Sarampunging pamaos, Sri Krêsna sampun andhadha suraosing sêrat, manawi nata ing Garbaruci ngêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, nyuwun jatukrama kalawan Rêtna Bratajaya. Sri Baladewa lajêng andangu:

Baladewa : Yayi prabu, apa raka para ora ana pakewuhe mèlu nyumurupi layang saka ing Garbaruci iku.

Krêsna : Kula nuwun inggih botên, sumôngga kaka prabu kula aturi maos.

Panggulawênthah

Rêmbagipun Pak Sujut lan Bok Sujut

Pak Sujut : Mêngko ta bokne, rèhne kowe lan aku kaparingan pasihane Pangeran, yaiku awujud anak lanang-lanang 3, iku kowe lan aku jênêng dipitaya rumêksa marang anak. Môngka ing saiki anakmu wis padha sêkolah kabèh, dadi kowe kudu sing opèn lan dahwèn, kaya ta: bab pangane kudu dijaga, sandhangane kudu ditata, apamanèh budine kudu

--- 744 ---

diprêdi. Mula kaya mangkono, supaya anakmu bisa dadi wong kang pintêr, kang supaya bisa kumpul marang ing kaanan saiki.

Bok Sujut : Lêrês pakne, mênggah pênggalih samang sing kados ngotên niku. Nanging, napa anggèn kula ngopèni (anggulawênthah) lare niki kirang sae.

Pak Sujut : Iya wis apik bokne, nanging isih ana cacade. Yaiku anakmu isih kumpul dolanan lan bocah kampung, sing tanpa pangajaran.

Bok Sujut : Lo, niku dede lêpat kula, sabab anake tiyang kampung sing nyêlaki thole pinuju dolanan.

Pak Sujut : Yaiku aja olèh sabab suwening-suwe sok katularan marang watak kang ora apik.

Bok Sujut : Mangke ta, pakne, napa samang botên èngêt dhatêng dhawuhe para sagêd sing têmbunge makatên: tiyang gêsang ing ngalam donya niku, botên sagêd gêsang piyambakan, sagêde gêsang sarana sêsarêngan.

Pak Sujut : Ya bênêr omongmu iku, nadyana sêsrawungan ya kudu milih. Sabab ana paribasan mangkene: barang gumêlar ana ing ngalam donya iki, wong wênang nampik lan milih.

Bok Sujut : Pakne, sanadyana anake tiyang kampung niku ênggih ontên lêrêse. Anggène ngêmpali thole niku, sabab kêpengin kêmpal (kêkancan) kang budine sae. Môngka ngêmpali kok lajêng botên angsal, la niku rak lêpat. Sabab yèn kula gathukake kalih ngandikane para sagêd sing suraose: wong kang dlajate luhur iku, kudu anjunjung marang wong kang dlajate asor. Utawi malih pakne, saking panggrayang kula mênggah kawontênane barang awon niku ugi migunani têng tiyang kathah, pancèn êmpun dados gêgadhuhaning tiyang.

Pak Sujut : Mêngko ta, bokne, kowe iku wong wadon, wêruh Jawane apa ta, kathik omonganmu kaya wis tau ngêntèkake pamulangan, arêp mapaki prajane wong lanang.

Bok Sujut : Bapakne, niki napa niyat mulang lare napa pabênan, dene sampeyan kok lajêng pêcuca-pêcucu kados ngotên, ngangge ngungêl-ungêlake sing botên-botên. I. Upami kula gadhah nalar kang botên kantên-kantênan, sing rugi rak ênggih sampeyan ta. II. Upami kula gadhah nalar kang mapaki prajane wong lanang, sing bêgja rak ênggih sampeyan, ta. Awit kula semah sampeyan.

Pak Sujut : O, bokne, ya aku kang luput, dene olèhku ngêcakake rêmbug rada klèru. Ora liwat ing saiki rèhning kowe lan aku durung pati mangrêti bab anggulawênthah bocah, ayo padha ngasil marang para bisa.

Bok Sujut : Ênggih pakne. Kajawi niku kula nyuwun gunging pangapuntên, dene kula kumawantun mawali rêmbag sampeyan, awit sampeyan guru laki kula ingkang wajib kula pêpundhi.

Pak Sênthot. Tumpang.

--- 745 ---

Cariyos Kina

Patilasan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 47.

Ing ngriku samangke dados kampungan dalêm, kiwa têngênipun dados pemahan. Ananging ingkang tilas kadhaton dèrèng sami purun ngênggèni. Sela gilang sampun dipun paringi bangsal kajêng jati payon sirap, sarta gêbyog.

Kula badhe nêrangakên bab pasarean ugi taksih Mataram.

Pasarean punika miturut dêdongengan tilas dalêmipun Ki Agêng Mataram, dados dalêm punika lêstantun dipun agêm ngantos sumare, ugi mèmpêr. Capuri ingkang lèr wontên tilas butulan kori samangke taksih katingal. Nitik kawontênanipun Sumbêr Kêmuning punika sakilèn capuri taksih lêstantun, punika ingkang dipun wastani sumbêr ingkang sêpuh, nalika Ki Agêng Mataram rawuh mriku taksih dados wana.

[Grafik]

Pasareanipun Panêmbahan Senapati ing Kithaagêng.

Pasareanipun Nyai Agêng Ênis, Kangjêng Pangeran Jayaprana utawi Kyai Agêng Datuk Palembang punika kawastanan witana, dhapuripun tajug. Cêcariyosanipun punika langgaripun Kyai Agêng Mataram, inggih Kyai Agêng Pamanahan, punika inggih mèmpêr miturut kawontênanipun, mila lajêng dalêm prabayaksa wontên kidul. Ing ngriku taksih wontên kawontênan malih, awarni balok kajêng jati sak wetan pasareanipun Kangjêng Pangeran Gagakbaning, punika tilas titihanipun Kangjêng Panêmbahan, nalika ngèli wontên ing lèpèn Opak, nyadhong wahyu karaton. Ing samangke dipun namakakên Kyai Tunggul Wulung. Saka guru kidul wetan, mawi kasêngkêr pinacak suji mamas sarta pèni garapanipun, cêcriyosanipun nalika Gusti Pugêr andagan jalaran saking awis uwos, têtiyang sami kalirên, ing ngriku wontên tompo cumanthèl wontên saka lajêng anjalari mirah uwos.

Bab sêndhang Saliran punika kalêrês kidul pasarean capuri baluwarti, miturut dêdongengan wontênipun sêndhang Saliran punika sasurutipun Kangjêng Panêmbahan, lajêng wontên sêndhangipun. Dêdongenganipun [Dê...]

--- 746 ---

[...dongenganipun] lisah Jayèngkaton wontên ngriku, lajêng nama sêndhang Saliran, jalaran toya saking saliranipun Kangjêng Panêmbahan. Ing ngriku mawi klangênan bulus kuning dipun wastani Kyai Dhudha.

Sêndhang Saliran samangke sampun dipun dèkèki bangsal kajêng jati payon sirap, mawi sinêngkalan ejrah: toya sêliran sêmbahan jalmi.[25]

Bab gapura. Gapura pasarean Mataram punika dhapuripun candhèn, mawi kori kajêng jati mawi dipun ukir, cacahipun nêm iji. Pipi ingkang sisih lèr gapura ingkang malêbêt dhatêng pasarean mawi sêngkalan: winayanging rasa wisayaning ratu,[26] punika taun Jawi. Lajêng gapura ingkang wetan ugi lèr gapura, wontên sêngkalanipun: rasa têrus suwaraning jalmi.[27]

Tatacaranipun ingkang sowan dhatêng pasarean tiyang jawi jalêr sanès abdi dalêm, bikak rasukan utawi udhêng sinjang ingkang botên dados awisanipun malêbêt dhatêng karaton. Tiyang èstri bikak rasukan ubêt-ubêt sinjang botên katingal sèrètipun (kêmadha), kêdah prasabên ingkang caos.

Bikakipun pasarean sabên Jumungah jam 1 dumugi jam 2, Kêmis manawi dhawah Surakarta jam 9 dumugi jam 11 siyang, manawi Ngayogyakarta jam 8 dumugi jam 10. Mênggah prêlunipun sowan têbah rêrêsik salêbêtipun pasarean, kajawi wulan Siyam, dene padintênanipun sabên jam 5 sontên dipun sulêdi dilah lisah klêntik, malêm Jumuwah mawi wêwah lilin. Badhe kasambêtan.

Martahastana, Tèmpèl Kuthagêdhe.

Tanah Dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 47.

Ingkang ngolah-olahakên tiyang nyambut damêl ingkang botên gadhah bojo, punika tiyang èstri bojoning têtiyang bucalan ingkang lumêbêt ing golongan punika.

Sasampunipun ragi ènthèng panyambutdamêlipun, saperanganing tiyang bucalan ing golongan punika ingkang botên gadhah bojo, ingkang sagêd olah-olah dipun purih ngolah-olahakên têtiyang bucalan ingkang botên gadhah bojo sanèsipun, awit rinaos dening golonganing têtiyang bucalan ingkang botên gadhah bojo, bilih kalajêng-lajêng makatên mêsakakên dhatêng tiyang èstri.

Ukuraning pakawisanipun têtiyang kampung punika: wiyar kalih dasa mètê,[28] panjang tigang dasa mètêr. Sabên sakawan pakawisan kinubêng ing margi. Ingkang [Ing...]

--- 747 ---

[...kang] dêdunung wontên ing kampung D punika ingkang kathah têtiyang bucalan asli saking Têrnate, Banyumas saha Panaraga.

Kampung E.

Têtiyang bucalan ingkang kapatah ambubak wana kangge ngawontênakên kampung E, punika tumandangipun nyambutdamêl badhe angemba tindaking têtiyang bucalan ingkang dêdunung ing kampung B, inggih punika andamêl barak rumiyin. Bedanipun têtiyang bucalan ingkang kapatah ambubak wana kangge kampung E punika, sasampunipun barak dados saha sampun sami pindhah ing barak (pondhok) sami aras-arasên. Manawi wontên ingkang gadhah niyat badhe enggal-enggal ambabat wana kangge pakawisan, dipun sêmadosi kapurih ngêntosi, manawi sampun ngawontênakên parêpatan. Dados mangke kemawon kadospundi karampunganing parêpatan.

Sarêng dipun wontênakên parêpatan, rêmbag-rêmbag inggih kathah, wontên ingkang ngajak ambabad sêsarêngan, wontên ingkang ngajak ambabad piyambak-piyambak utawi andamêl golongan bêbathon sasênêngipun piyambak kadosdene caranipun kampung A, B, saha C. Miturut suwantên ingkang kathah kababad sêsarêngan kadosdene caranipun golongan bêbathon agêng ing kampung D.

Kalimrahaning manungsa punika ingkang kathah angêngkoki pikajêngipun piyambak. Nanging angugêmi pikajêngipun piyambak punika botên kok salaminipun dipun sarujuki ing ngakathah, awit pikajêngipun manungsa punika warni-warni. Mila botên anèh ing kampung E punika, sanadyan karampunganing parêpatan sampun dipun sarujuki nyambutdamêl sêsarêngan, ananging ing sarèhning wontên ingkang botên sarujuk, inggih lêrês namung bagean alit ingkang botên anocogi, wataking manungsa limrah inggih lajêng pados-pados jalaran ingkang supados pikajêngipun sagêd kadumugèn. Golongan punika lajêng gadhah panêdha dhatêng juru mranata pambubakan kampung E supados dipun sukani badhe ambabad piyambak, yèn botên dipun kabulakên panêdhanipun trimah botên tumut ambabad sêsarêngan, ananging badhe tumut ambubak wana ingkang badhe kangge ngawontênakên kampung sanès. Saking adrênging panêdhanipun lajêng dipun lêksanani dening juru mranata ing kampung E.

Kadospundi kadadosaning para têtiyang bucalan ingkang sami ambabad sêsarêngan sasampunipun golonganing têtiyang bucalan ingkang botên purun nyambutdamêl sêsarêngan sampun kaprênca, para maos sampun tamtu badhe ambatang, bilih sagêd widada kadosdene têtiyang bucalan ingkang ambabad sêsarêngan kados ing kampung D. Ing sadèrèngipun kula nyariyosakên kawontênanipun.

Sasampunipun pondhok (barak) dados, kula sampun matur, bilih wontên sawatawis tiyang ingkang sampun ngraos kraos manggèn wontên ing pondhok. Inggih tiyang ingkang makatên punika ingkang dados sêsakitipun panyambut damêl sêsarêngan, awit golongan têtiyang punika sadaya dados warganing têtiyang nyambutdamêl sêsarêngan. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 748 ---

Raos Jawi

Sabakarti ing Sêmarang, Bagian Tambangraras

Ingkang kawastanan tambangraras punika êpanging pakêmpalan sabakarti ingkang mligi ambudi ing gêgêlênganing adiluhung babagan kairaman, inggih punika iramaning suwantên, iramaning gêndhing, iramaning bêksa. Manungsa manawi sampun mangrêtos dhatêng irama tigang bab punika, kenging katamtokakên yèn alus bêbudènipun, jêr laras tigang bab wau minôngka pangulah alusing bêbudèn. Saya malih manawi panci sampun dhasar timur mila, punika lajêng kenging kawastanan musthikaning dumadi.

[Grafik]

Gêdhong sabakarti ing Sêmarang.

Ing dintên Sabtu malêm Minggu tanggal kaping 28-29 Mèi 1932, tambangraras ngawontênakên têtandhingan têmbang binarung ing pradôngga, tumraping warga piyambak. Saha ing dintên Sabtu malêm Minggu tanggal kaping 4-5 Juni 1932, têtandhingan tumrap ing pakêmpalan-pakêmpalan ing kitha Sêmarang ingkang nunggil laras. Wondene ingkang dipun tandhingakên wau: Pangkur Sindhèn satunggal êgong, têrus palaranipun satunggal pada, saha Mijil Kathoprak irama rangkêp kalih pada. Dene yèn wontên biji ingkang sami, katandhing malih, ingkang golongan Pangkur: Sinom Parijatha, ingkang golongan Mijil: ugi Mijil Kêthoprak, nanging laras slendro.

Tambangraras anggènipun ngawontênakên têtandhingan punika botên ngêmungakên adamêl karênaning manah kemawon, ugi anggêgêsang larasing suwantên ingkang anut ing wirama, sarta angudi dhatêng pangulahing raos ingkang dumugi ing kautamèn. Liripun:

Ha. Bab têmbang, têmbang punika pangulah larasing suwantên, samôngsa suwantên kaulah larasipun, lajêng anênuntun dhatêng kênyaring raos, kênyaring raos manawi sampun mapan, êmpanipun sagêd dados pandaming budi, samôngsa budi sampun padhang, sadaya sêdya botên badhe kaledhon, manungsa manawi sampun padhang budinipun lajêng gampil pangulahing kêmudhi, yèn sampun wasis pangulahing kêmudhi, tangèh yèn tumindaka dhatêng sasar, jêr sampun amusthi obor ingkang bangkit amadhangi margi ingkang sungil-sungil, satêmah rahayu ingkang pinanggih.

Na. Bab gêndhing, gêndhing punika pangulah raos ingkang lêlantaran sarana suwantêning pradôngga kanthi wêwatoning pathêt. Ingkang kawastanan pathêt punika, agêng aliting suwantên, wontênipun pêpathêtan suwantêning gêndhing wau, angêmu raos anggambar pasê-

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 749 ---

mon tumrap ing karsaning manungsa. Wondene pathêt wau wontên tiga, inggih punika pathêt nênêm, pathêt sanga, lan pathêt manyura. Ingkang kawastanan pathêt nênêm wau suwantên agêng, pathêt sanga suwantên cêkapan, pathêt mayura suwantên alit. Dene lênggahing irama: gêndhing ingkang pathêt nênêm ing wanci sontên, gêndhing ingkang pathêt sanga wontên ing wanci têngah dalu, gêndhing ingkang pathêt manyura wontên ing wanci bangun dumugi enjing. Kados upaminipun:

I. Gêndhing pathêt nênêm. Punika ing sêmu anggambar tindak-tanduking manungsa ingkang sawêg angancik ing diwasa. Manungsa ingkang wanci samantên wau, sadaya kêkajênganipun tansah kinandhut ing dalêm batos. Ananging manawi sampun bigar, umbagipun lajêng dhatêng kabrêgasan, pêpameran, têtantangan sarta sêsumbaran, tundonipun manawi kapêngkok ing pôncabaya lajêng angunduri, amargi taksih tangèh mênggahing karsanipun.

II. Gêndhing pathêt sanga, punika ing sêmu anggambar tindak-tanduking manungsa, ingkang nêdhêng-nêdhênging diwasa. Manungsa ingkang wanci samantên wau, dumugi kalamangsanipun angêmbat sadaya tekad, têgêsipun tekad awon tekad sae, narimah lan botên narimah, wontên ing wanci punika panglimbanging raos.

[Grafik]

Gôngsa ingkang dipun tabuh ngênut wiramaning gêndhing wontên ing Pakualaman.

III. Gêndhing pathêt manyura, punika ing sêmu anggambar tindak-tanduking manungsa ingkang sampun wêrda. Manungsa ingkang wanci sampun samantên wau, sampun dumugi ing môngsa angêncêngi dhatêng ulah brata. Sanadyan ing

--- 750 ---

lair kèndêl, ananging ing batos tansah jêrit-jêrit angêlokakên karsaning manungsa ingkang botên jujur (raos ingkang kados makatên punika pinanggihipun wontên ing paringgitan, dados dhalang punika kajawi anggêlar cariyos tuwin kawruh, ugi anggambar raosing ngagêsang).

Ca. Bab bêksa, bêksa punika larasing ulah raga. Raga manawi kaulah larasipun, lajêng gampil anggènipun tumindak ing kasusilan, yèn kasusilan sampun mapan, êmpanipun dhatêng alusing budi, manungsa manawi alus bêbudènipun, lajêng limpad ing pangawikan, limpading pangawikan satêmah bangkit mêmayuning dhiri.

Ing wusana lêrês lêpat anyumanggakakên ing kabatosanipun para paramèng raos.

Kèk Wir. K. 640

Ngêlisi Kapal

[Grafik]

Kasagêdan ngêlisi kapal ingkang katindakakên dening Tuwan Van Hunnik, wah mistêr le. Rêgimèn artilêri ing Utrecht nagari Walandi wontên ing papan balapan kapal ing Hilversum.

--- 751 ---

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Bab Napsu

IV

Garèng : Ora, Ma, sabênêre pangandikamu lagi anu kae rada gawe anggarunjal rêmpêluku, awit aku iya dibênêrake, iya disalahake, Si Petruk iya diluputake, iya dilêrêsake. Lo, kuwi kok ngelingake aku nyang rêmbugane priyayi têlu, yaiku 1. Sinyo Wilêm Sakêrlut, 2. Radèn Mas Ngabèi Prêmanasidhêm, lan 3. Tuwan Wôngsa Krokèt. Sinyo Wilêm Sakêrlut anêrangake: Adat lan tatacara kuwi ora ana sing ngungkuli adat tatacara kulonan, le brêgas, cikat, tandang, trêngginas, aksi... Radèn Mas Ngabèi Prêmanasidhêm amangsuli: Yakuwi adat carane: Ditya Sundhanggrawah, nèk aku sing apik dhewe kuwi iya adat tatacara Jawa, anggone alus, jatmika, luwês, pantês... Tuwan Wôngsa Krokèt banjur calathu amngkene: Adat tatacara kulonan kuwi iya apik, adat tatacara Jawa iya bêcik, nanging sing utama dhewe yaiku ngênggoni loro-loro pisan, kanthi milih sing apik-apik lan sing mathuk karo jamane. Awit, sanadyan adata Jawa, nanging nèk tumrape jaman saiki wis lêthêng, kaya ta: nyang panggêdhe klesodan, lan yèn didangu sabên-sabên sêngak-sênguk ngambungi tangane, la sing kaya ngono kuwi wajibe kudu disampirake nyang gêthèk, mêngkono uga adad kulonan, iya ana sing wajib dijothak têrus-têrusan, kaya ta: anggone pêthothak-pêthothok, utawa kêtêmu saênggon-ênggon banjur: crap, crup,

--- 752 ---

crap, crup, siyut...

Sêmar : Wiyah, wiyah, hambok aja kêtêrlaluan mêngkono.

Garèng : Aku kiyi mung drêma nirokake bae, Ma. Karêpku mung arêp nelakake, yèn rêmbuge Tuwan Wôngsa Krokèt kuwi rada ngèmpêri pangandikane rama, têgêse moh nyalahake rana-rene, ya tindak sing kaya ngono kuwi sing ana ing babagan kapulitikan luhur diarani tindaking : dhêklomat.

Petruk : Yak, Kang Garèng, nèk ora ngrêti kênthang kimpule kuwi hambok aja mèmu-mèlu nyêbutake, sing kok kandhakake kuwi jênênge: dhiplomat (diplomaat) dudu dhiklomat, wis Ma, tumuli têrangna dhawuhmu lagi anu kae.

Sêmar : Lo, kuwi mangkene: napsu kuwi wajibe iya kudu dituruti, yaiku napsu sing ajak-ajak golèk ngèlmu, golèk kapintêran, ngudi nyang budi suci...

Petruk : Krungu, Kang Garèng, apa dhawuhe rama, sapa sing bênêr saikine, apa dudu aku. Sanadyana kowe narima mangan lan nyandhang sakadare bae, nanging iya kudu anduwèni napsu sing sarana kanggo... ngêmis.

Sêmar : Wiyah, wiyah, kok banjur mlantrang-mlantrang mêngkono, karo manèh katêrangnaku[29] mau rak durung rampung, ujug-ujug têka nyrondhol bae mêngkono. Mungguh cêthane katêranganaku mau mangkene: wong urip kuwi iya wis mêsthi yèn kudu migunakake napsune, nanging iya napsu sing ngajak nyang kabêcikan lan kautaman, nanging napsu sing kamoran setan, kaya ta: napsu sing ngajak ropyan-ropyan, royal-royal, dhomino, triple, jèmèh, utawa ngajak mêdhayoh nyang ênggone... mas jêng-mas jêng, lo, iki wajibe iya kudu dipêkak, kudu dialang-alangi, awit iya napsu sing kaya ngono kuwi sing ngajak ora omah.

Garèng : Wadhuh, ngrêti saikine aku, dadi krêsamu kuwi, Ma, tumrape wong urip, napsu kuwi cara nunggange jaran mono iya kudu diculake lan iya kudu disêngkrèk. Ewasamono, Ma, aku isih mêksa ngukuhi kayakinanaku ing ngarêp, yaiku: matèni napsuku babar pisan, awit, wong iya jênêngane wong ngaurip, kuwi kêrêp bae sok kalimpud ing kabênêran, kaya ta: pangandikamu napsu sing ngajak nyang kautaman, kok ngandikakake upamane napsu ngudi nyang ngèlmu, kèri-kèri ngèlmune ngèlmu sikhir utawa ngèlmu klênik, apa kiyi iya utama. Sing kok ngandikakake napsu sing kaworan setan, jarene napsu sing ngajak main upamane. Nanging nèk anggone main mau mung arêp ngrujuki kônca-kancane, apa iya jênêng ala. Sabab jarene wong urip kuwi kudu bisa ngenaki marang atine sapadha-padha. Iya sabab anggone kaya mêngkono kuwi, mulane banjur takputus bae: napsu wajib dipatèni sama sêkali.

--- 753 ---

Sêmar : Wiyah, wiyah, apa-apa kuwi yèn banjur dipalencang-palèncèngake, iya mêsthi bae yèn banjur walik-wolak gosong. Têgêse: sing bêcik dadi ala, sing ala dadi baghus, kaya ta: ngudi kapintêran, ning kapintêran... ambabah pagêr utawa anggangsir, iya wis mêsthi bae anggolèke kapintêran mau, ora jênêng anggolèk kautaman, nanging anggolèk kamaksiatan. Kosokbaline: iya jênêng ala bangêt kalakuaning wong, sing sabên bêngi tanpa kêndhat anggone tansah ngadhêpi bêndara... sanga bang utawa pinci, nanging alane mau sok bisa suda 50%, saupama anggone mêlèk sabên bêngi kuwi dianjingake nyang tirakat, yaiku jarene: nyuda kanikmatane wong turu kanggo makolèhake anak putune. Wis, wis, Nala Garèng lan Petruk. Bakal kêdawa-dawa mêngko rêmbuge, yèn aku kêtungkul ambantahi apa sing kok kandhakake, luwih bêcik aku tak ngandharake dhisik mungguh kaanane sing jênêng manusa sêjati. Mungguh sanyatane, Nala Garèng utawa Petruk, manusa ditakdirake urip ana ing donya iki, kêgadhuhan bala warna loro, yaiku: bala lair, bala kang kasat mata, upamane bae: kuping, cangkêm, irung, tangan, sikil, lan sapiturute, cêkake kabèh sing dadi pirantining badan wadhag. Kang nomêr loro: bala batin, sing ora kasat mata. Nèk cara donyane, têgêse: cara mênir-mêniran utawa mêpro-mêpronan, bala batin kuwi minôngka insêpèktur tumrape bala lair mau. Anane bala batin iku rong prakara, yaiku: 1. daya kêkuwataning kapenginan, lan 2. daya kêkuwataning pamuring utawa kakêrasan. Loro-lorone iki kêna tak golongake mênyang napsu. Liya dina takandharake mungguh sing dadi paprincène: bala lair lan bala batin mau, saiki padha dilèrèni samene bae dhisik.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3487 ing Pedan (Klathèn) Almênak 1926 sampun têlas. Yatra f 3.- kangge wulan April dumugi Sèptèmbêr 1933.

Lêngganan nomêr 2194 ing Gayam. Pangintunipun Kajawèn mêsthi sarêng kalihan wêdalipun. Bab buku masakan kula aturi mundhut dhatêng tiyang ingkang gadhah adpêrtènsi, sarana ngintunakên bon ingkang kasêrat ing Kajawèn.

Wara-Wara

Ngaturi uninga dhatêng sanggyaning para priyantun lêngganan, bilih administrasi sampun wiwit ngintunakên blangko pos wisêl dhatêng para priyantun lêngganan ingkang dèrèng kagungan pambayaran sakêdhik-kêdhika tumrap kuwartal kaping tiga ing ngajêng punika.

Amurih botên kacuwan ing pênggalih, jalaran katêlasan nomêring Kajawèn, mugi kêparênga tumuntên maringi sarana blangko wau.

--- 754 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRATN KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI

Bestuursschool badhe kasuwak. Wontên pawartos, parentah badhe nyuwak Bestuursschool ing Bêtawi, malah badhe kawiwitan ing taun punika saking sakêdhik. Ing bab punika Hoofdbestuur P.P.B.B. badhe sowan Kanjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, kintên-kintên badhe anduwa kaparêngipun parentah ingkang makatên wau.

Tamtunipun tuwuhing pawartos punika, botên sanès namung jalaran saking jaman pangiridan.

[Grafik]

Kamajêngan tiyang siti. Ing bab kagunan damêl Cliche, punika sakawit namung katindakakên dening bangsa Eropa, dangu-dangu lajêng saya kalimrah, nanging pinanggihipun wontên ing tiyang siti taksih langka. Nanging sarèhne nama kagunan, dangu-dangu tiyang siti inggih wontên ingkang sagêd nindakakên. Inginggil punika gambaripun Tuwan Mara Sutan (ingkang linggih) ing Bêtawi tuwin putunipun nama Baharudin, lare wêdalan Mulo ingkang lajêng sinau damêl cliche, sapunika sampun bikak padamêlan wau.

Dados têrang, bilih ing sapunika lare pêngajaran punika botên namung kapengin angadhêp meja panyêratan.

Bab tiyang bajang. Ing bab tiyang bajang ing Sumatra, ingkang sapunika dipun udi katranganipun dening ingkang wajib, bangsa punapa. Ing sapunika wontên dhawuh supados pangudinipun kèndêl rumiyin ngêntosi katrangan ingkang sapunika sawêg dados pêpêriksan, inggih punika tiyang bajang ingkang sampun dipun pêjahi.

Sayêktosipun tataning pangudi ingkang ngantos ngantos damêl pêpêjah punika inggih kirang sakeca dhatêng manah, saya manawi papriksan wau nêtêpakên bangsaning tiyang ing bab pêjahipun wau lajêng araos lêbêt.

Adat Badui ing Bantên. Kawartosakên, têtiyang Badui ing Bantên Kidul sami kasamarakên ing manah, dening padununganipun saya kadhêsêk ing padhusunan sanès. Saha rumaos botan narimah, dene kadhatêngan punggawa landrente.

Pamanggihipun bangsa Badui ingkang kados makatên punika, namung tuwuh saking anggènipun anggondhèli tatacara kina, dèrèng mangrêtos dhatêng tumindaking jaman sapunika. Punapa kintên-kintên badhe anduwa kalimrahan.

Kapitunan pamêdal sabin ing Malang. Miturut pawartos, wontênipun pamêdal sabin ingkang karisakan jalaran bosok oyodipun ing Malang kidul adamêl sudaning wos 15.000 pikul.

Pêpetangan punika nama botên sakêdhik, nanging pinuji mugi kêkirangan samantên wau sampun ngatos adamêl jalaraning pacêklik, malah sagêd dados jalaran lumèrèbing pantun saking sanès panggenan ingkang kacariyos mèh sasat tanpa rêgi. Punika tumraping pangeram-eram, mastani saking ngadiling Pangeran.

Pagantosan Jawi kèndêl manggaota. Jalaran saking indhaking pajêg, pagadhean Jawi ing Nagabandan tuwin Mangkudiningratan, Surakarta sami kèndêl.

Kèndêling pagantosan Jawi punika inggih sampun mèmpêr kemawon, amargi têtiyangipun ingkang anggantosakên saya kirang, thik pajêgipun mindhak. Inggih sampun ingkang pagantosan Jawi botêna sêpên, cacak ingkang pagantosan Guprêmèn inggih sêpên. Dados pêjahing pagantosan Jawi wau sasat nyêngkakakên anggèning kantun gadhah wêwênang gantos sumur.

Murid-murid ingkang katampèn wontên ing Mulo Sêmarang. Mulo Guprêmèn ing Sêmarang dipun lamar ing calon murid 140, katampèn 28 anjujug kl. 1, sagêd ugi badhe langkung saking samantên amargi wontên murid saking voorklas ingkang minggah minggah dhatêng kl. 1 nêdha pindhah dhatêng H.I.K. Kajawi punika wontên 43 ingkang katampèn anjujug ing voorklas, sami asli saking H.C.S. tuwin H.I.S. wontên 80 ingkang gadhah panêdha njujug voorklas, katampèn 27. Lan tumraping Mulo kêkalih ing Sêmarang wontên murid ing kl. 1 cacah 39 ingkang kausulakên mêdal jalaran botên minggah, sanadyan sawêg sataun.

Mirid kawontênan punika, ingsar-ingsêring lêbêtan murid nama taksih lumayan. Lan nyata, tumraping lare sinau pancèn botên kenging sêmbrana.

Bab ambêbêdhag. Pangadilan Landgerecht ing Bêtawi mêntas ngrampungi prakawisipun têtiyang ambêbêdhag pêksi ingkang dados awisan. Wontên ingkang kadhêndha f 10.- utawi f 20.-

Ing bab punika kados prêlu kasumêrêpan ingakathah, têtiyang ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng undhang-undhang nagari ingatasing bab ambêbêdhag.

--- 755 ---

Nyambutdamêl salêbêting liburan. Awit saking panyuwunipun commissie têtêdhan, para student tiyang siti ing pamulangan luhur doktêr, salêbêtipun liburan supados niti dhatêng kawontênaning têtêdhan ing panggenanipun piyambak-piyambak. Ing benjing supados kalapurna.

Punika nandhakakên bilih para student wau sampun angsal kapitadosan saking parentah, tur ngiras-ngirus.

Kamajêngan wanita. Kawartosakên, sakèndêlipun Nyonyah Lich ten Belt, directrice pamulangan normaal ing Ngayogya dipun gêntosi dening Radèn Ajêng Sri Umiati.

Punika ugi nama satunggiling kamajêngan wanita.

Mr. Abdullah Sukur. Mr. Abdullah Sukur kawisudha dados advocaat tuwin procureur ing Hooggerrechtshof.

Wilujêng.

Mr. Kusuma Sumantri mungkul dhatêng agami. Awit saking pratelanipun utusan Muhammadiyah ing banda nalika congrès ing Makasar, ing sapunika Mr. Kusuma Sumantri mungkul dhatêng agami, nanging botên nêdya nyuwun ngapuntên amargi botên rumaos lêpat.

Têmtunipun molah-malihing lêlampahan punika ugi sagêd angèngingi dhatêng sintên kemawon.

Sêsakit malaria ing Lampung. Ing laladan Lampung tuwuh sêsakit malaria, pinanggih wontên papan bubakan enggal. Ingkang wajib wiwit ambage kininê.

Sami-sami sêsakit malaria punika tumraping tiyang padhusunan sok nyêpèlèkakên, mila para juru pamêrdi kasarasan kêdah bêtah anggrètèhi.

Pamêdal pantun suda. Panenan pantun ing Kawungantên, Cilacap, ing taun punika suda tinimbang taun kapêngkêr, kintên-kintên angsal-angsalanipun botên nyêkapi kangge ambayar paos, sanadyan pajêg wau sampun kasuda 10%.

Hèh, tansah wontên-wontên kemawon kabêtahaning ngagêsang ingkang tansah dados pikiran.

Pamanggihing P.P.B. ing Surakarta. Pakêmpalan pangrèh praja ing Surakarta sampun ngaturakên sêrat dhatêng nagari, ing bab panimbang botên nayogyani dhatêng panyuwunipun para kabudidayan ing bab sudan pajêg, kanthi atur maton.

Sintên ingkang badhe nglêpatakên dhatêng golongan ingkang sêdya pados botên kapitunan?

Kalawarti enggal. Wontên pawartos, benjing wulan ngajêng ing Surakarta badhe wontên kalawarti enggal nama: Penghibur, wêdalipun pêndhak satêngah wulan, wujud buku agêng, rêginipun sawulan namung 50 sèn. Mênggah sêdya tuwin ancasing kalawarti wau badhe nglêlipur dhatêng para ingkang sami kapêtêngan manah ing mangsa punika.

Wêdaling kalawarti wau pinuji sagêda widada sampun kirang satunggal punapa, têtêpa dados panglipuring manah sayêktos, sampun ngantos angosok-wangsul, anggèning nglêlipur malah dipun lêlêlipur, dening mangsanipun nuju kados makatên.

Tamu saking Hindu ing Taman Siswa. Taman Siswa ing Ngayogya mêntas katamuan Mr. K.A. Metho utusanipun Sang Gandhi, kadhèrèkakên Ir. Surahman tuwin Ir. Supardi. Dhatêngipun wau prêlu nyatakakên kawontênanipun Taman Siswa, tuwin nyatakakên tilas siswa, Tuwan Sutan Harahap ingkang mêntas rampung pasinaonipun wontên ing Shanti Niketan. Kathah pangalêmbananipun dhatêng Taman Siswa.

Sukur, dene Taman Siswa saya têbih kuncaranipun.

Ambêtahakên gêdhung kabangsan. Sêdyatomo martosakên, dalêm Joyodipuran ingkang sabên-sabên kangge papan pakêmpalan kabangsan badhe kasade. Bab punika nuwuhakên panglocitaning manah, punapa pakêmpalan-pakêmpalan kabangsan ing Ngayogya botên sagêd anglelangakên rêmbag numbas dalêm wau, kangge gêdhong kabangsan. Manawi botên makatên punapa botên wontên satunggiling tiyang sugih ingkang gadhah pangeman, murih griya wau botên kaliya?

Mirid ajênging raos kabangsan, bokmanawi griya wau botên badhe kaliya. Cobi dipun yêktosi.

EROPA.

[Grafik]

Bêndungan ing Zuiderzee nagari Walandi. Kados para maos sampun kêrêp mirêng ing bab kawontênaning bêndungan sêgantên ing nagari Walandi. Inginggil punika gambar bêndungan ing Zuiderzee, nalika nuju dipun rawuhi ing Paduka Pangeran Hendrik.

Bêbaya kêluwèn ing Jêpan sampun jumanggut. Wontên pawartos ing Jêpan katingal sulak-sulakipun badhe awis têdha. Parentah angangkat commissie mêndhêt saking para ambtenaar ingkang sagêd-sagêd saking golongan departement warni-warni, anindakna rekadaya pitulungan. Kajawi punika supados tumuntên damêla palapuran ing bab kawontênanipun golongan têtanèn.

--- 756 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

15

Radèn Sumarta botên mangsuli, lajêng ambopong anakipun saking kretan, dipun èngklèk-èngklèk saha lajêng kabêkta dhatêng panggenaning mitra-mitranipun. Nanging sarèhning anggènipun Radèn Sumarta ambopong anakipun wau botên srêg têrus ing manah, pun lare inggih kraos, mila malah saya sêru panangisipun. Nonah kantor pos sarêng sumêrêp Radèn Sumarta ambopong anakipun lajêng kêplok-kêplok saha lajêng anggarap makatên: Galo, galo, babu anyar. Apa nyonyahe lagi kasêngsêm maca, dene nganti lali anake.

Nyonyah guru nyambêti: Ora, nyonyahe lagi dandan saiki rak nuju wayahe wong dolan-dolan.

Ing ngriku Radèn Sumarta mangsuli kalincutan kalihan ambopong anakipun wira-wiri lumampah: Iya kaya mangkene iki kaanane uripku sabên dina. Ing kene ana wong wedok loro, wong lanang siji, kabèh padha nyambutgawe, bocah siji bae nganti kapiran. Nanging wong liya ngira yèn ing kene iki kaswargan.

Pancèn sampun dados padatan, lare dipun jak ing tiyang sêpuh, ingkang manahipun botên rêna, raosipun ugi nêrusi dhatêng larenipun. Mila tumrapipun Suwita, lare ingkang pancèn botên kulina dhatêng bapa, panangisipun saya jêmpling-jêmpling, badanipun mobat-mabit kalihan jêrit-jêrit sarosanipun.

Nalika Suwita nuju nangis kados makatên punika, Radèn Ngantèn Sumarta nglêrêsi malêbêt dhatêng griya, mirêng cêtha panangising anakipun. Sarêng Radèn Ngantèn Sumarta mirêng tangising anak kados makatên punika, ical ajrih tuwin isinipun, sandhanganipun katingal sarwa rêgêd, lajêng mêdal nêdya nulung, tanganipun kalih kaacungakên. Saking rêgêding wujudipun, mèmpêr manawi Radèn Ngantèn Sumarta dipun wastanana rencang.

Radèn Ngantèn Sumarta pancèn sampun ical samar tuwin isinipun, botên pakèwêd ngatingalakên badanipun ingkang sakalangkung rêgêd wontên sangajênging tamu Walandi. Nanging saupami botên kêtarik saking nangising anak, sanadyan dipun epahana pisan, môngsa puruna ngatingal wontên sangajênging tamu, malah sanadyan padintênan pisan, manawi nuju wontên pawon mangangge kados makatên, botên nate purun mêdal.

Nêpsunipun Radèn Sumarta dhatêng anak tuwin dhatêng rencang, saya wêwah malih sarêng sumêrêp ingkang èstri mêdal amangangge kados makatên, malah lajêng dipun ujar-ujari sapurun-purunipun. Radèn Sumarta botên pakèwêd ngujar-ujari bojo wontên sangajênging tamu. Para tamu wau sarêng mirêng ucap ingkang botên sae, malah lajêng rumaos sami lingsêm piyambak.

Radèn Ngantèn Sumarta kèndêl tuwin tumungkul kemawon, namung luhipun carocosan. Suwita sarêng dipun bopong ibunipun lajêng kèndêl panangisipun, kados mangrêtos gadhah wêlas dhatêng biyung. Wusana Radèn Ngantèn Sumarta lajêng wangsul dhatêng pawon kalihan ambopong anak.

Wangsulipun Radèn Ngantèn Sumarta kanthi karaos-raos ing manah, ngantos kawêdal tangisipun wontên ing salêbêtipun lumampah, kanthi nyawang anakipun ingkang katingal taksih kêsêsêgên. Radèn Sumarta taksih ngêtut wingking kalihan angungêl-ungêli sapurun-purunipun. Punika nama kranjingan.

Ing kala punika Radèn Ayu Prawira wontên salêbêting griya, punapa kawontênanipun ing jawi sumêrêp sadaya. Sadumugining pawon lajêng ngrangkul putranipun mantu tuwin wayahipun kalihan muwun, wusana ing pawon rame kèbêkan tangis. Mêmêlas.

Botên dangu Siman katingal angladosakên wedang dhatêng ngajêngan. Radèn Sumarta kèndêl kemawon. Dene sababing kèndêl wau, jalaran saking taksih nêpsu, punapa jalaran saking kêduwung, botên kasumêrêpan.

Lêlampahan ingkang kados makatên punika tumrap para tamunipun sami ngraosakên botên sakeca, sadaya sami tumut kèndêl tanpa ngucap, satêmah ngicalakên raos badhe bingah-bingah. Radèn Sumarta sasampunipun ngacarani para tamunipun sami ngunjuk wedang, inggih lajêng sami ngunjuk sêsarêngan.

Ngantos dangu botên wontên ingkang ngandikan. Wusana tuwan guru ningali jam saha lajêng wicantên dhatêng ingkang èstri: Mêngko bêngi aku kudu ngrampungake rêpote bocah-bocah, ulihe aja kasèp.

Nyonyahipun botên mangsuli, namung lajêng ngadêg kalihan ngacungakên tangan dhatêng Radèn Sumarta ngajak tabikan, dipun kanthèni wicactên:[30] Punika sampun dalu, sanès dintên pêpanggihan malih.

Tuwan guru inggih lajêng nungka tabikan. Nonah kantor pos katingal taksih linggih, nanging lajêng dipun ajak tabikan Radèn Sumarta kalihan wicantên: Seje dina têtêmonan manèh.

Nonah kantor pos nyandhak tanganipun Radèn Sumarta, ngêtrapakên tabik namung sêndhal pancing, sinarêngan ngawêtakên lambe ngandhap, kados padatan saradanipun tiyang èstri sugih wiraga. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 51, 19 Sapar Dal 1863, 25 Juni 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [789] ---

Ôngka 51, 19 Sapar Dal 1863, 25 Juni 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Pambikakipun Rad Kawula - Ewahing Tatacara - Pawartos saking Administrasi - Bab Napsu - Pawartos saking Redhaksi - Dhandhanggula Swadhèsi - Kawontênan ing Bophên Dhigul - Bab Pakêmpalan para Jurnalis Asiah - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

Rèhning donya iku margi, ya kudu diambah nguwong, têgêse tumraping para makluk, wênang angliwati, nanging mung samêsthinya, dadi lamun rinungkêban.

Lah iku sakêthi sisip, dudu bênêre mangkono, lan sing sapa ngambah dalan mau, kudu nyumurupi, yèn kang ana ing ngarsa, nadyan iku pinaranan.

Aja nuli dèn andhêgi, wit iku pamurung lakon, marma murih salamêting laku, mung dipun liwati, nanging ywa kandhêg padha, têkaa kang pinaranan.

Parane sagung dumadi, kang tanpa watês tanpa gon, ingkang bangkit tumêka ing ngriku, tan lyan para muksis, kang wus radya laungan, kêkasihira Hyang Suksma.

Trap-trapane luwih trêtip, rapêt tutupe abakoh, sru kinêkêr lir nyimpên mastatur, batine tan ajrih, mring durjana myang kampak, mung ajrih mring uripira.

Urip ingkang anguripi, kang tan samar ing lêlakon, laku lêkas kang agal lan alus, ya kang andarbèni, dalan kang sira ambah, ya kang padha pinaranan.

--- 790 ---

Pambikakipun Rad Kawula

[Grafik]

Salêbêting gêdhong Rad Kawula, nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mêdhar sabda.

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana (kiwa) kalihan Alg. Secretaris Tuwan P.J. Gerke, rawuh sangajênging gêdhong Rad Kawula.

Kajawèn kala ing dintên Sabtu sampun ngêwrat ing bab pambikakipun Rad Kawula, kanthi ngêwrat gambar tuwin suraos wêdhar sabda dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Ing ngriki prêlu anjangkêpakên sakêdhik ing bab gambar-gambar tuwin lampah-lampahipun sawatawis.

Ing dintên pambikakipun wau kathah têtiyang ningali sami thèrèk sapinggiring margi ingkang anjog gêdhong Rad Kawula, turut margi dipun jagi ing wadya militèr. Sadaya warga Rad Kawula, para dhirèktur dhepartêmèn, sami mangagêm agêng-agêngan.

Jam 9 kirang saprapat, Nyonyah De Jonge tuwin Nyonyah Gerke tuwin putrinipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kêkalih sami rawuh. Jam 9 musik ngungêlakên lagu wilhèlmês, Kangjêng Tuwan Ing

--- [791] ---

kang Wicaksana rawuh. Sasampunipun lênggah sawatawis, lajêng mêdhar sabda. Kados ingkang kawrat ing Kajawèn nomêr 49.

[Grafik]

Para kongsul karajan ngamônca, tuwin para pangagêng sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Para dhirèkturing dhepartêmèn. Saking kiwa: tuwan-tuwan B.J. de Leeuw (Financien), Mr. J.J. Schrieke (Justitie), A. Muhlenfeld (B.B.), Dr. Ch. J. Bernard (Landbouw), J.F. Osten (Marine) tuwin H.A. Cramer (wadya dharatan).

--- 792 ---

Jagading Wanita

Ewahing Tatacara

Kiyating jaman ingkang lampahipun lumintu, tansah angewahakên lêlampahan ingkang tiyang botên sagêd suminggah, saupami wontên tiyang ingkang botên ngênut lampahing jaman, lajêng dipun wastani tiyang manjila. Lêlampahan kados makatên punika anggènipun angengingi tiyang botên mawi milih, jalêra, èstria, sanadyan larenipun, sami kemawon.

Lêlampahan sadaya wau, kados sampun sami dipun alami. Para maos kados taksih sami kèngêtan dhatêng ewahing para kakung dhatêng bab pangajaran, ing sakawit kala majênging para mudha, para sêpuh namung sami tarimah nyawang, awit ngrumaosi manawi tindaking kamajêngan punika limrahipun namung pinanggih ing para neneman. Nanging nyatanipun sarêng lampahing donya saya ewah, ingkang sayêktosipun anggadhahi daya angengingi saisinipun sadaya, têtiyang ingkang nêdya sumisih nyingkiri ebahing jaman, mêksa kêsêmpyok, inggih lajêng tumut ngraosakên, lan dangu-dangu, sanadyan wontên ing pinggir, sakêdhik-sakêdhik inggih tumut angêmori. Dene sababipun, botên liya inggih jalaran saking rosanipun lampahing jaman wau.

Ing inggil sampun kacariyosakên, bilih lampahing jaman punika angengingi sintên-sintên, botên mawi pilih-pilih, dados tumraping wanita, inggih botên purun kantun, tumrap ingkang wanita sampun anocogi jaman, jangkahipun katingal rikat, malah sanadyan ingkang pancèn kantun, inggih punika ingkang botên kumanan pangajaran, ingkang limrahipun sampun sinêbut biyung, botên lingsêm ugi sami nusul tumut sinau sêsakecanipun, dangu-dangu wontên ingkang sagên[31] ngêmori dhatêng pakêmpalan, sanadyan wontênipun ing pakêmpalan namung mirêngakên rêmbag, nanging sampun sagêd angraosakên yêktos. Saya dangu malah saya kulina, wusana botên pakèwêd angêmori rêmbaging akathah.

Manawi dipun manah, ajênging wanita punika pancèn ngêgètakên, sabrebetan katingalipun kados malik babarpisan, môngka tumraping raos, kados tansah wontên ambêt-ambêtipun, bilih wanita punika dados prajurit wingking, wajibipun pêpêrangan kalihan enthong irus, jêbul nyatanipun botên.

Pinanggihing sawangan ing pasrawungan, sadaya katil sarwa ewah, sarwa majêng, kados ta bab caraning nyandhang ngangge, saya dangu saya brêgas, saya cancing, sagêd makani paningal. Bab tangkêbing sêsrawungan, katingal rumakêt, sanadyan sawêg pinanggih, katingal sumanak, kados tiyang sampun pakulinan lami.

Kalanipun wontên ing pakêmpal, para wanita katingal kados pêksi wontên umbaran, pinanggihipun wontên ing sawangan katingal saya ngrêspatèni.

Tumraping para wanita ingkang mêningi dhatêng lêlampahan [lêlampah...]

--- 793 ---

[...an] tuwin tatacara ingkang sampun kapêngkêr, lajêng sagêd ambedakakên dhatêng ewah-ewahing cara wau. Upaminipun kemawon ing bab tatanipun tiyang mara tamu, rumiyin ingkang nama dados bakuning sêsêgah, ing sadèrèngipun nyugata punapa-punapa, ingkang karumiyinakên pagantenan. Ing kalanipun ngandikan, dipun sambi anggantèn nyamuk-nyamuk tuwin kêcoh cah-cuh wontên ing pakêcohan kuningan, punapadene susur ngantos macucu. Pinanggihipun kala samantên katingal asring ngrêsêpakên.

[Grafik]

Pating kalêcis, nanging manis.

Sarêng jamanipun majêng, tata ingkang kados makatên punika lajêng ewah babarpisan, ewahipun wau botên namung jalaran saking ngewahi dhapuring rêrênggan kemawon, nanging jalaran cara kados makatên wau, inggih punika anggantèn, adamêl raos botên sakeca, awit angosokwangsul raosing kasusilan kilenan, lan sarèhning ingkang tumindak ing jaman sapunika kasusilan kilenan, cara anggantèn wau lajêng ical. Pinanggihipun wontên ing sawangan, ing papan pêpanggihaning para [pa...]

--- 794 ---

[...ra] wanita, katingal rêsik gumrining.

Nanging sarèhning lêlênggahan punika mawi sambèn, botên namung sripat-sripit ngunjuk wedang, utawi klêthak-klêthik mamah dhêdhaharan, lajêng tuwuh wontên sambènipun sês, limrahipun sês sigarèt putri. Namung pinanggihipun ing bôngsa Jawi, taksih ragi awis-awis, tumrap ingkang sampun nindakakên, taksih katingal miyambaki, nanging botên sande inggih badhe anggêbyah, awit raosing pakèwêd botên wontên.

Manawi tumraping cara kilenan, sês wau sampun nama kêlimrah, malah sapunika tumraping wanita sampun wontên ingkang sês pipa, katingalipun inggih sae kemawon. Punapa kintên-kintên inggih badhe dipun telad para wanita ing ngriki.

Dados mênggahing kamajêngan, punika inggih tansah gêgayutan kalihan ewahing tatacara.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3394 ing Dêlanggu. Botên sade.

Lêngganan nomêr 2543 ing Ngadiwinatan. Blangko wisêl punika lakar tumrap pambayaran Juli punika.

Lêngganan nomêr 4390 (ing nêgara Bali), Wetboek van Strafrecht Walandi- Melajoe rêgi f 2.50.

Rêmbagipun Sêmar Garèng lan Petruk

Bab Napsu

VI.

Garèng : Ora, Ma, rasaning pikirku kok rada garunjalan, barêng ngrasakake pangandikamu kala dina Sabtu kang kapungkur ing bab kuwajibane bala batin, kapenginan lan kanêpson, anggone kudu bisa ngalang-alangi napsune badan wadhag sing ngajak ora omah, lo, kuwi têrange kêpriye, Ma.

Sêmar : Lo, kuwi mangkene. Sabênêre dhasar wis kinodrat manawa uriping badan wadhag kuwi kudu kalêbon rêjêki, mulane si bala kapenginan iya banjur duwe sêdya supaya badan wadhag mau kalêbon ing rêjêki. Nanging sêdya sing mangkono mau wis têmtu ora bisa kalakon saupama ora ditulungi ing bala lair kayadene sing wis kêlumrah uripe ana ing ngalam donya kiyi. Nanging karêpe badan wadhag kuwi sok kênèh-kênèh, ana mihun, kêpengin ngicipi, ana wong bukak dhadhu kêpengin anglêboni, dalasan ana sing anduwèni, ora ambil kêpala mumêt, mêksa arêp dirêbut, dupèh... lakune lênggut-lênggut. Iya karêpan sing kaya ngono kuwi, sing wajib kudu dialang-alangi dening bala kanêpson mau.

Petruk : Hêm, wong rama wis dhongkolan ênom, iya bisa ngandikakake: kudu bisa ngalang-alangi karêpe badan wadhag sing ngajak: ngene, ngono, ngana. Lan ora pisan-pisan ngemuti, yèn nalika narayanane pra-

--- [795-796] ---

[Teks hilang]

--- 797 ---

Panglipur Manah

Dhandhanggula Swadhèsi

Madubrata dènira murwani / ri Anggara Kuningan ping rolas / wulan Bêsar ing warsa Je / côndrasangkalanipun / kanthi trêsna ngèsthi sawiji /[32] jamane kamajuan / swadhèsi ranipun / angêbaki kalawarta / angidêri saindênging tanah ngriki / pantês sinudarsana //

mangkya ingkang dadya sêkar lathi / tumrap sandhang ya lurik-lurikan / iku wus dadi bênêre / gugah kagunanipun / bôngsa kita wajib ngajèni / lamun nora mangkana / paran wêkasipun / nanging sajatining sandhang / nora kudu kêlayu kèlu nglayoni / nganggo darbèking liyan //

dhasar nyata tur rêgine awis / wus kalumrah ingaranan brêgas / bêcik wong larang rêgane / nanging sajatinipun / dudu sandhang sing larang bêcik / kabèh ana ing patrap / pantêse mêmatut / nadyan nora sapiraa / lamun runtut rak iya katone mathis / manis anèng sawangan //

coba-coba busananing èstri / tak urute manawa prayoga / cara Sala pacakane / nanging tumraping bakul / bakul jarit ingkang abangkit / nyandhang sarwa lurikan / yèn jarite kêpyur / kêmbên kêthèl Sumabratan / têngah putih klambine lurik pênjirit / sing dhasar rêng-irêngan //

slendhang lurik tuluhwatu krikil / suwêng cêplik kang sinêling mirah / ceredhèmpèt li-aline / gêlung malang ya têkuk / tur prasaja mungguh kaèsthi / sayêkti nora bakal / yèn ta kalah sêmu / yèn jarite têmênggungan / kêmbên modang klambi têlu pat wus mathis / slendhang yuyu sêkandhang //

jarit badra gêrusan ing mungking / kêmbên lurik tuluhwatu ingkang / ijo tur dadi manise / dene rasukanipun / kêmbang gayam araning lurik / slendhange sêtulmanan / rak iya wus patut / lunga pasar bêbakulan / tur lakune tumungkul tan nolah-nolih / wus notog tanpa pindha //

amung kari sing bisa nglakoni / nandyan dhandhang nganggo laring mêrak / nut ing jaman kalakone / katone iya mungguh / gagah brêgas maksa mengini / dhasar bisa anglayang / prigêl ngigêl baut / nanging yèn tan mangkonoa / saya elok alôngka lamun ngêmohi / laku jantraning jaman //

jaman iku rosa nglêliwati / tumimbule mung sarwa anggêtak / ngêgèt-êgèti lakune / bêja sing bisa tuku / sanalika bisa ngêmori / dhasar maneka-neka / suka jroning kalbu / sajake saekapraya / nunggal budi amanjangakên pangaksi / miyarkên pamiyarsa //

beda lamun kang lagi nglakoni / tuna luput kang sarwa jinôngka / kacuwan kêkarêpane / tan liyan sambat ngadhuh / tidha-tidha sêdyaning kapti / tan jênak nèng kumpulan / ing bêbasanipun / amajua kêna borang / yèn mundura pindha wong ambarang baring / rasane tanpa pindha //

bêja lamun nora dèn ewani / mring sasama samining agêsang / kira tan mathuk karêpe / mung durung bisa tuku / wit katrajang laranging dhuwit / dadya praboting gêsang / sangune wong idhup / dhasar iku wus sanyata / mung anggêre katrêsnan tan owah gingsir / rasane têpa slira //

kaananing ing donya [do...]

--- 798 ---

[...nya] puniki / nandyan ribêd kêbak ing bêbaya / prandene katon manise / kajaba wus kinukut / iku ilang manising bumi / mêguk-mêguk mung jaga / pathok kayu watu / anèng soring wit sêmboja / parandene duk uripe nglêliwati / kadya jugrugna arga //

mung pinuji bisane lêstari / kinalisa sakèhing rêncana / sinung emut salamine / jinurunga Hyang Agung / anggêgêsang kagunan Jawi / Jawi iku jawata / manungsa linuhung / ywa kadi obor balarak / mung nuruti watêk bosênan tan bêcik / mundhak diguyu tôngga //

Pak Jaya

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 50

Bibaring kampung.

Kula sampun nyariyosakên bilih kampung-kampung punika dadosipun awujud kampung ing têlas-têlasaning taun 1929.

Sarêng ngancik taun 1930. Kawontênanipun kampung-kampung wiwit santun. Dene ingkang dados sababipun makatên:

1. Têtiyang bucalan ingkang sami manggèn ing kampung ingkang têbih saking panggenan mêndhêt têtêdhan sami ambudidaya pados panggenan ingkang cêlak.

2. Sarêng wontên sagolonganing têtiyang Kaya-kaya (Papuah) nêdya damêl rêrêsah ing Tanah Merah (ingkang sampun kula cariyosakên ing nginggil) kathah tiyang bucalan ingkang sami pindhah, nyêlaki pajagèn.

3. Sami pindhah dhatêng sanès kampung anyêlaki mitra karuhipun ingkang dipun sarujuki (cocogi).

4. Sarêng wontên sabagean têtiyang bucalan kamardikakakên saha kawangsulakên dhatêng nagari tanah wutah rahipun dening parentah.

Bokmanawi ingkang langkung sae anggèn tula[33] nyariyosakên bibaring kampung punika saking kampung ingkang bibar rumiyin, uruting bibaripun kampung kados ing ngandhap punika:

Kampung F

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih kampung F punika dunungipun saking kampung pambucalan têbih piyambak.

Sadèrèngipun kula nglajêngakên cariyos bibaring kampung F, kula badhe nyariyosakên sababipun wontên kampung pambucalan ingkang limrahipun têtiyang Tanah Merah amastani intêrnèrêngsêkam (interneeringskamp).

Bakuning kampungipun têtiyang bucalan punika barak-barak (pondhok-pondhok) ingkang kasadhiyakakên dening parentah kangge padununganipun têtiyang bucalan ingkang nêmbe dhatêng.

Dununging pondhok-pondhok punika sanadyan pondhok-pondhokipun sampun dipun bibrahi, taksih têrus winastan kampung pambucalan. Ing

--- 799 ---

sadèrèngipun wontên toko-toko, pambagenipun, blanjan saking toko intêndhan (toko militèr) pambagenipun wontên ing kampung pambucalan. Ing salêbêtipun têtiyang bucalan sami ibuk ambubak wana kangge pakampungan mèh kenging winastan botên wontên babarpisan tiyang sêsanjan. Ingkang kathah têtiyang bucalan punika anggènipun andamêl griya botên sarantos angrêsiki babadanipun sadaya, namung kaculik sakintên cêkap kangge ngêdêgakên griya. Têtiyang ingkang anggènipun angêdêgakên griya cara kados makatên punika, sasampunipun pindhah botên nate kesah-kesah, kesahipun namung yèn badhe mêndhêt têtêdhan.

[Grafik]

Laladan tanah Papuah.

Nalika panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso ngawontênakên parêpatan kalihan para lurah kampung, lurah kampung F sampun anggadhahi pamanggih, bilih têtiyang bucalan ingkang nêmbe dhatêng botên badhe purun manggèn ing kampung F, manawi botên sarana kapêksa. Aturipun lurah F dhatêng panjênênganipun Tuwan Kontrolir Monso punika anocogi, têtiyang bucalan ingkang sami dhatêng enggal namung satunggal kalih ingkang purun manggèn ing kampung F. Têtiyang bucalan satunggal kalih ingkang sami purun manggèn ing kampung F namung jalaran kabêkta saking kônca nalika wontên ing dhusunipun utawi sadhèrèkipun ingkang sampun sami gadhah griya wontên ing kampung F punika. Têtiyang bucalan angkatan enggal punika ingkang kathah sami manggèn ing kampung A, B saha C.

Kajawi sabab ingkang kasêbut ing nginggil, wontên jalaran ingkang agêng, ingkang andadosakên bibaring kampung F, inggih punika lurah kampung F ngangge arta tirahan ondêrsêtan (arta pitulungan) prêlu kangge rabi angsal anakipun lurah kampung E. Bab paprincènipun kula cariyosakên ing wingking. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- 800 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Pakêmpalan jurnalis Asia.

Wontên kabar, bilih dèrèng dangu punika ing Surabaya wontên ada-ada badhe ngêdêgakên pakêmpalan jurnalis Asia. Mênggahing kula wontênipun ada-ada punika, saupami kagalih botên cocog inggih cocog, nanging manawi kapurih ngrujuki babar pisan inggih kapêksa kêdah... mangke rumiyin. Awit angêdêgakên pakêmpalan ingkang makatên wau, sayêktosipun pancèn inggih ragi gawat. Tumraping kula pakêmpalan jurnalis ingkang nama mathuk punika, namung warni kalih, inggih punika ingkang kenging kula wastani: Nationalistische journalistenbond (pakêmpalan jurnalis kabangsan) tuwin Journalistenbond (pakêmpalan jurnalis) saumumipun.

Mênggah ingkang kula wastani: jurnalis kabangsan tumrap tanah ngriki, inggih punika sadaya jurnalis bangsa Indonesia ingkang anggadhahi ancas angajêngakên bangsa tuwin tanah wutah rahipun, kanthi botên amrêduli punapa jurnalis wau nyambutdamêl wontên ing sêrat kabar gadhahaning bangsanipun piyambak, gadhanipun[34] bangsa Walandi, Tionghoa punapadene gadhahipun rama guprêmèn kadosdene sakula punika.

Ingajêng kula matur jurnalis tiyang tanah ngriki, ingkang nyata anggadhahi ancas: ngudi dhatêng kamajênganing bangsa tuwin tanah wutah rahipun. Awit sanadyan jurnalis bangsa piyambak, kadhang-kadhang inggih sok wontên, ingkang jalaran anggadhahi tauke ingkang têdhanipun mêrtega lan kèju, nuntên sadaya-sadayanipun kêdah mawi dipun bumboni mêrtega lan kèju. Tumrap tiyang ingkang cêkak bêbudèn tuwin sêsêrêpanipun, dupèh mrêgoki jurnalis bangsa tiyang siti ingkang makatên lageyanipun wau, inggih lajêng mukul gambang sama rata kemawon, amastani bilih sanadyan jurnalis kabangsan tulèn, manawi nyambutdamêl dhatêng ariwarti gadhahipun bangsa Tionghoa karêmanipun botên kenging botên inggih têmtu: capcay tuwin balkleyca, manawi koranipun wau gadhahanipun bangsa Walandi, sampun gênah manawi doyananipun: bier utawi ciu. Langkung malih manawi ingkang anggadhahi sêrat kabar utawi kalawarti punika rama guprêmèn, wah hla punika pandakwanipun inggih ingkang botên-botên kemawon, cêkakipun inggih êntèk amèk kurang golèk sayêktos.

Tumrap têtiyang ingkang pancèn cêkak bêbudèn tuwin sêsêrêpanipun kados inginggil, ingkang kathah-kathah sok lajêng botên ngèngêti, bilih trajanging tiyang punika beda-beda, langkung malih tumrap ancas sumêdya angajêngakên bangsa tuwin tanah wutah rahipun. Wontên ingkang tumindakipun nyara Radèn Wrêkudara, nalikanipun matak ajinipun: wungkal bênêr, lampahipun nguthu, anrajang rawe-rawe rantas, malang-malang putung. Wontên malih ingkang caranipun nindakakên ancasipun sarana: ngulêr kambang, têgêsipun alon-alon anggêre kêlakon. Nanging wontên ugi ingkang panindakipun saupami misayaa ulam makatên, inggih ingkang: kêna iwake nanging aja nganti buthêk banyune. Dados ingriku cêtha, bilih caranipun anggèning badhe ngudi punapa ingkang kagayuh wau, sami beda-beda, nanging sadaya-sadaya ingkang dados bakuning sêdya rak inggih sami kewala. Sampun têmtu tumrap satunggal-satunggaling jurnalis wontên wêwalêripun ingkang botên kenging katrajang. Kados ta: mênggahing jurnalis ingkang nyambutdamêl wontên ing sêrat kabar Tionghoa, têmtunipun inggih botên kenging ngêwrat karangan utawi wawasan ingkang kinintên badhe adamêl kapitunaning bangsa Tionghoa umumipun. Makatên ugi jurnalis ingkang nyambutdamêl wontên ing sêrat kabar gadhahanipun bangsa Walandi utawi guprêmèn pisan, sampun têmtu inggih dipun awisi amacak prakawis-prakawis ingkang badhe andhatêngakên kapitunan tumrap ingkang suka padamêlan. Nanging kados-kados rak botên badhe kirang margi anggèning badhe ngajêngakên bangsa tuwin tanah wutah rahipun wau, ingkang sarana botên mawi ngrugèkakên taukenipun. Kados ta upaminipun, angajêngakên ing bab: kabudidayan, kaeconomian, kawruh tuwin sêsêrêpanipun, sarta taksih kathah malih sanès-sanèsipun, ingkang sakintên botên anêrak wêwalêripun ingkang gadhah padamêlan wau.

Mênggahing pamanggih kula inggih para jurnalis tiyang siti ingkang sanadyan caranipun beda-beda nanging ancasipun sami kados ingkang kula andharakên inginggil punika, ingkang pantês sarêng-sarêng angêdêgakên pakêmpalan, ingkang kula wastani: Nationalistische journalistenbond wau. Ingriku lajêng botên ngêmungakên sagêd sarêng-sarêng sami ngudi dhatêng kamajênganing bangsa tuwin tanah wutah rahipun, nanging ugi sagêd sarêng-sarêng sami ngudi dhatêng kamajênganing kajurnalistikanipun. Awit ingriku wajib dipun akêni, bilih kajurnalistikan kita punika manawi dipun pandhing kalihan sanès bangsa kantunipun taksih nyamut-nyamut sangêt.

Inginggil sampun kula aturakên, bilih kula mathuk saupami lajêng ngêdêgakên pakêmpalan jurnalis saumumipun. Dados ingriku lajêng botên ambedak-bedakakên bangsa. Sintêna kemawon inggih bangsa

--- 801 ---

tiyang Indonesia, Tionghoa, Arab, Filippina, Jêpan pupanadene bangsa Walandi pisan, anggêripun nama jurnalis inggih kengang-kenging kemawon lumêbêt dados warganing pakêmpalan. Nanging sêdyanipun pakêmpalan têmtunipun inggih lajêng beda sangêt, inggih punika botên sanès kajawi ngudi dhatêng kawruh: jurnalistiek. Dados inggih botên beda kados tiyang ingkang ngudi dhatêng kawruh: kadoktêran, palintangan, pamisah lan sanès-sanèsipun, lo, punika kados-kados inggih botên wontên pêprincènipun satunggal-satunggal, kados ta: kawruh kadoktêran Europa utawi Amerika, kawruh palintangan Asia utawi Afrika, nanging sadaya-sadaya wau kawruh internationaal, têgêsipun: kawruh umum sajagad. Makatên ugi kawruh jurnalistiek inggih kagolong kawruh internationaal, dados inggih botên wontên pêprincènipun.

Samangke angrêmbag sawatawis ingkang dados sabab-sababipun dene kula botên patos nocogi dhatêng wontênipun pakêmpalan jurnalis Asia punika. Sajatosipun kula rumaos tidha-tidha mênggah ingkang dados ancasing pakêmpalan wau, saupami saèstu kalampahan sagêd ngadêg. Jalaran kabêtahaning sawarnining bangsa Asia ingkang dêdunung wontên ingriki punika sami beda-beda, sanadyan sadaya-sadaya ingkang dados pêpuntoning sêdya namung pados... fulus. Tumraping bangsa Tionghoa, ingkang dipun agêngakên babagan among dagang. Saking agênging dêdaganganipun bangsa Tionghoa ing tanah ngriki, ngantos wontên sawênèhing sarjana ingkang anglahirakên pamanggihipun makatên: "Yèn bangsa Tionghoa nganti ninggal tanah Jawa, tanah Jawa mêsthi bakal rêkasa, sabab bangsa Tionghoa iku kêna diupamakake krêtêg, kang anggandhèng wong-wong Jawa karo para sudagar gêdhe kang anêkakake barang mrene. Makatên ugi bangsa Arab ingkang dêdunung wontên ingriki, ingkang dipun agêngakên inggih prakawis among dagang. Malah sawênèh wontên ingkang caranipun among dagang wau kanthi dipun saranani jumênêng bêndara tuan T (ien) T(waalf) T(erug), têgêsipun: satunggiling bêndara tuan ingkang purun ngêculakên 10, nanging wangsulipun inggih kêdah 12. Bangsa Filippina dêdunung wontên ingrkriki,[35] caranipun ngupados fulus, sarana barang musik. Dene bangsa Jêpang ngumbara ing tanah ngiriki,[36] sintên sumêrêp, mbokmanawi... namung among dagang kewala.

Ingriku têtela bilih kabêtahaning bangsa Asia warni-warni ingkang sami wontên ing tanah ngriki punika sadaya sami beda-beda, tuwin ingkang kathah-kathah adamêl kapitunaning rakyat ngriki. Jalaran mèh sadaya tindaking rakyat ngupados panggêsangan punika prasasat karêbat dening bangsa-bangsa Asia kasêbut inginggil.

Salajêngipun kadospundi ancasing pakêmpalan jurnalis Asia wau? Kabêtahaning bangsa pundi ingkang badhe dipun têngênakên? Mênggahing pangraos kula dayaning pakêmpalan wau inggih ngêmungakên saupami adamêl ada-ada ananggulangi kaum reactionnair, inggih punika kaum panglawan kamajêngan.

Pramila miturut wawasan ingkang kasêbut inginggil, kados botên prêlu katêrangakên malih, bilih ancasing pakêmpalan wau sagêd ajêg, inggih lajêng kenging kabadhe: kathah botênipun dipun sayogyani dening jurnalis bangsa Asia sanèsipun, jalaran, sampun têmtu kemawon, êmpon-êmponaning kamajênganipun para jurnalis wau, inggih atêgês kamajênganing tanah Indonesia dalah têtiyangipun, lan salajêngipun kamajênganing tanah Indonesia punika ngalamat kamunduraning bangsa Asia sanèsipun ingkang sami tumut adêdunung wontên ngriki, saha ingkang sami ngajêngakên panggêsanganipun.

Lah saupami ngantos kêlampahan makatên, dados têtela bilih bangsa Asia sanèsipun wau prasasat ajak-ajak anjirêt jangganipun piyambak. Dados nama anèh.!

Ingajêng sampun kaandharakên, bab badhe wontênipun ada-ada pakêmpalanipun para jurnalis punika tumrap raosing manah kula piyambak taksih tidha-tidha, jalaran mirib kawontênan-kawontênan ingkang sami kasat mripat samangke ewuhaya saèstu. Lampahing pakêmpalan botên badhe kajêmbarakên, dangu-dangu têmtu gadhah panêdha piyambak, nanging yèn tinurutan têmtu botên badhe subur gêsangipun, dene lajêng kathah sangêt pêpalang-pêpalang ingkang amalangi lumpating ancasipun pakêmpalan.

Hara! lajêng kadospundi budidayanipun. Sanadyan wontên budidaya ingkang sakintên kenging kangge dêdamêl ananggulang pêpalang wau upaminipun, nanging punapa kula sadaya sami botên sami ngrumaosi ringkihing kêkiyatanipun. Ewasamantên, sadaya-sadaya punika manawi pancèn sampun dipun niyati sayêktos, dhawahing pêpalang-pêpalang ingkang badhe ngebat-ebatakên santosanipun, inggih badhe sagêd linumpatan kalayan gampil, janji ngangge aji-aji saeka praya.

Awit saking punika, saupami bab badhe adêgipun pakêmpalan wau sampun kamanah matêng, kula kapêksa cawe-cawe, ing sadèrèngipun tumindak, ingkang kêdah katindakakên rumiyin, ajak-ajak manunggilakên ingatasipun bab punika, prêlunipun manawi sampun sagêd kapanggih rêmbagipun, ing têmbe botên badhe cêthunthungan anggèning sami lumampah wontên ing margi ingkang lunyunipun ngungkuli wod galega binalonyo ing kêndhal.

Dumugi samantên atur kula, mugi dadosa panggalihanipun para ingkang sami ngadani badhe adêging pakêmpalan jurnalis Asia wau. Ing salajêngipun ancas ingkang sakalangkung utami saha langkung prêmati sagêda kasêmbadan kanthi widada sarta wohing budidaya wau angenggalna lampahing kamajênganipun tanah Indonesia dalah têtiyangipun bangsaning PÊNTHUL.

--- 802 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Pakêmpalan kêpêjahan wanita. Ing Banjarnêgara wontên ada-adanipun para wanita angêdêgakên pakêmpalan kapêjahan, warganipun sampun wontên 60, pakêmpalanipun nama: Tarbiyatul Anwat.[37] Ancasing sêdya samangsa wontên tiyang pêjah badhe têtulung saya manawi tumrap golongan wanita.

Punika sayêktosipun inggih satunggiling kamajêngan, awit limrahipun ingkang sampun, manawi wontên kapêjahan, tumrap golongan wanita, sanadyan ithu anggèning tandang tulung, sajak dèrèng katingal, beda manawi sampun pangawak pakêmpalan makatên punika.

[Grafik]

Nyêpêng tiyang damêl arak pêtêng kalihan mêjahi sawêr. Pèlpulisi ing Kisaran dipun pangagêngi mantri pulisi anggropyok griya panggenan damêl arak pêtêng, jangkêp sabutamalanipun sadaya. Enjingipun pulisi wau ambêkta vrachtauto badhe kangge ngêwrat barang-barang wau, wusana kasumêrêpan ingriku wontên sawêr agêng nuju nglêkêri babi, lajêng dipun pêjahi pisan. Sawêr wau panjaginipun 5 1/4 m.

Wontên margi kangge malêbêt dhatêng T.S. Ngayogya. Wontên pawartos, lare-lare ingkang botên katampèn ing voorklas Mulo tuwin klas 1, sagêd nglêbêti examen dhatêng T.S.

Punika satunggiling wênganan margi ingkang sampun pêpêt, mugi-mugi dados pitulungan yêktos.

Dayanipun Kyai Madrais mlêbêt ing Kuningan sampun suda. Kyai Madrais ing Kuningan ingkang misuwur ambangun agami enggal nama Pasundan Jawi, gadhah murid ewon, sabên taun sapisan ngawontênakên karamean ngantos satus dintên. Nanging ing wêkdal wau punika katingal sêpên, bokmanawi para murid sampun sami suda antêpipun.

Kamisuwuranipun para kyai ingkang lajêng suda makatên, punika kêrêp pinanggih, dene sababipun warni-warni, nanging ugi wontên ingkang têtêp salami-laminipun. Punika kenging kangge titik manawi sae punika inggih têtêp sae.

Kalawarti "Penghipur" saèstu badhe mêdal. Benjing wiwitaning wulan Juli ngajêng punika, kalawarti ingkang kanamakakên "Penghibur" saèstu badhe mêdal, isinipun kaangkah ngêwrat raos ingkang sagêd damêl panglipur wontên ing jaman malèsèd. Kalawarti wau badhe adhapur buku, ukuran 30 cm x 22 cm, mawi dêlancang sae, tapihipun mawi dipun cap mawi mangsi 2 warni. Rêginipun sawulan f 0.50 utawi 3 wulan f 1.35. Sawulan mêdal kaping kalih. Pangintunipun sêrat dhatêng Administratie "Penghibur", Pasarkliwon-straat, Sala.

Mugi wêdaling kalawarti "Pênghibur" widadaa sampun kirang satunggal punapa.

Ing Bumijawa awis têdha. Miturut pawartos, têtiyang siti ing Bumijawa sami kêkirangan uwos; ing sabên dintênipun têtiyangipun sami nêdha gêgodhongan; manawi dalu awis tiyang sagêd dilahan. Mirid pêpriksan, sabên griya 700, ingkang nandhang kamlaratan 500.

Ing sapunika wontên pawartos kados makatên, saèstu adamêl anglêsing manah. O, mugi kawontênan ingkang kados makatên punika tumuntên enggal sirêp. Tuwin mandhêga wartos kemawon.

Untabing tiyang nyambutdamêl kados toya bêna. Ing wêkdal punika ing Têmanggung nuju wontên bikakan padamêlan woningverbetering. Kathah têtiyang saking Kulonprogo sami pados padamêlan mriku, dados tukang batu, undhagi tuwin sanès-sanèsipun. Ingriku katingal bilih kathah tiyang bêtah panggêsangan.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika lajêng katingal, bilih ing mangsa punika tiyang pados panggêsangan punika rêkaos sangêt.

Katrangan saking Parentah bab Mosvia. Awit saking atur pamitêrangipun pangrèh agêng P.P.B.B., Parentah andhawuhakên, bilih suwaking Bestuursschool, Mosvia ing Prabalingga tuwin Fort de Kock, punika namung sawatawis taun, nyarêngi jaman malèsèd, ing têmbe badhe karêmbag malih.

Dados mênggahing pangajêng-ajêng taksih wontên. Sukur.

Parêpatan botên saèstu. Wontên pawartos, P.N.I. pang ing Têmanggung mêntas badhe parêpatan, dipun dhatêngi ing tiyang kirang langkung 1500, manggèn ing griya gambar idhup. Nanging sande dening pangagênging griya gambar idhup pakèwêd nyukani palilah, saha ugi dipun pambêng dening ingkang wadana. Pinanggihipun botên damêl marêming ngakathah.

Lêlampahan kados makatên punika adhakan dados ginêm wontên ing pundi-pundi. Cobi dipun yêktosi kemawon.

Kamajêngan ing jaman malèsèd. Ing Kayên wontên pakêmpalan strijkorkest, sadaya têtabuhanipun sami damêlanipun piyambak, sadaya sampun tumindak sae, ingkang dados panuntuning pakêmpalan Tuwan Tashari (S).

Sayêktosipun bangsa Jawi punika kagolong gathekan, kathah kupiyanipun ingkang katingal. Kintên-kintên manawi saya kapèpèt, punapa botên saya mlêtik manahipun. Pinuji kemawon.

--- 803 ---

Congrès pakêmpalan Kawula ing Ngayogyakarta ingkang kaping kalih. Kawartosakên, P.K.N. badhe ngawontênakên congrès dipun jênêngi Bandara Pangeran Suryadiningrat. Ingkang badhe karêmbag ing bab prêlu-prêlu ingkang dados kabêtahaning kawula. Pakêmpalan wau sampun gadhah warga 180.000.

Tandangipun P.K.N tansah saya katingal, mugi salajêngipun sagêda anêrusi kados ing pangajêng-ajênging ngakathah.

Kasagêdan numpak sêpedhah motor. Pambatu Kajawèn martosakên, Tuwan Munaji ing Ngawi, gadhah kasagêdan numpak sêpedha motor ingkang sakalangkung ngedap-ngedapakên, patraping panumpak warni-warni. Tuwan Munaji wau mêntas numpak sêpedhaipun anjajah kitha-kitha ing tanah Jawi.

Punapa punika ugi botên kalêbêt kamajênganipun tiyang siti?

Pakêmpalan wanita Widawara ing Wêlèri. Ing Wêlèri punika sanadyan kitha alit, nanging katingal kamajênganipun, malah sapunika wontên pakêmpalanipun wanita nama Widawara. Ancasing sêdya badhe ngluhurakên drajading wanita, sarana nêtêpi kasusilan tuwin kuwajibaning wanita (P.W.).

Pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, wanita ingkang botên ngambah dhatêng pakêmpalan katingal anggènipun kekuk. Mila utami sangêt dene ing pundi-pundi lajêng tuwuh pakêmpalan wanita.

Jor-joran ngandhapakên prabeya. Têtumpakan ing Sêmarang jor-joran ngandhapakên prabeya. Bis saking Jombang dumugi alun-alun prabeyanipun namung 3 sèn. Trèm ing kitha saking Jombang dumugi alun-alun, rumiyin prabeyanipun 4 sèn, tuwin saking alun-alun dumugi Bulu, 3 sèn, sapunika kadamêl racak sami ngalih sèn. Malah dalah lampahipun ugi karikatakên.

Mangga samia mandhap malih, tiyang tamtu sami sênêng kemawon. Bok inggih tanpa ambayar pisan, têmtu inggih kemawon.

Rêrigên ananggulangi pès. Jalaran saking ngrêbdanipun sêsakit pès ing Garut, pakaryan pananggulang sêsakit pès tumandang mêjahi tikus-tikus ing griya. Kajawi punika ugi nindakakên rêrigên badhe andandosi margi-margi ingkang jêblog, awit ugi dados sarana nanggulangi sêsakit wau.

Kados têtiyang ing pakampungan inggih lajêng sami mangrêtos, bilih rêrigên wau migunani sayêktos. Lan ugi rumaos bêgja, dening jalaran saking wontêning sêsakit wau lajêng sagêd manggih margi sae.

Guru-guru sêkolahan dhusun sanès punggawa nagari. Kawartosakên, hoofdbestuur P.G.H.B. mêntas ngaturakên sêrat paturan dhatêng Departement Pangajaran, suraosipun nyuwunakên kindertoeslag dhatêng para guru dhusun, wusan[38]

angsal wangsulan awaton staadblad, guru sêkolahan dhusun punika sanès punggawa nagari. Bab punika hoofdbestuur lajng gadhah atur dhatêng Raad Kawula. Kodos punapa gêlanipun para guru dhusun, dene manggih panganggêp kados makatên. Botên langkung pinuji mugi angsala pamarêm, kados ingkang dados krêntêging manah.

ASIA.

Tindakipun Jendral Ma Chan San. Wadya ingkang dipun tindhihi Jendral Ma Chan San sami buyar dening kadhêsêg wadya Jêpan, ingkang ngêpang wadya Tionghoa, malah wadya-wadya ingkang kêplajêng lajêng asrah badan. Nanging wadyanipun Jendral Ma wau ugi wontên ingkang nêmpuh Oshan, inggih punika satunggiling sêtasiun sêpur ingkang wêkasan. Wontên ingriku lajêng anjarah rayah. Wadya Jêpan lajêng mangsah gêntos, sarêng sampun pêrang tigang jam, sagêd ngawonakên mêngsah. Jendral Ma Chan San lajêng anggêlêngakên wadyanipun ingkang sampun pating blêsar, lajêng sagêd madêg santosa malih.

Brandhal nêmpun Acheng. Sagolonganing brandhal cacah 6000 nêmpuh dhatêng panggenan-panggenan ingkang tiyangipun kathah, jalaran sami kêkirangan têdha. Tumrap brandhal ingkang gadhah mriyêm lajêng campuh kalihan wadya Jêpan, nanging golongan brandhal kawon. Brandhal tiwas 50. Para brandhal sanèsipun saya rêsah, anjarah rayah samargi-margi.

[Grafik]

EROPA.

Tiyang ingkang nangani tilas nata ing Sêpanyol dipun cêpêng pulisi. Kacariyos nalika Alfonso tilas nata ing Sêpanyol dumugi Marseille dipun tangani ing tiyang. Dene ingkang nangani wau sawênèhipun kuli bangsa Spanyol nama Gonzales Macanares. Inginggil punika gambaripun tiyang wau nalika dipun cêpêng ing pulisi.

[Grafik]

Layonipun president Doumer nalika wontên ing kreta. Para maos kados taksih èngêt dhatêng bab sedanipun President Doumer ing Prancis. Inginggil punika gambaripun layoning sang president wau nalika kaêmot ing kreta badhe kabêkta dhatêng greja Notre Dame.

--- 804 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

18.

Botên dangu ambikaki wadhah barang-barang malih, nuwèni bokmanawi wontên barang ingkang kasupèn, lajêng nglêmpak-nglêmpakakên prabot panyêratan, bokmanawi badhe kangge wontên ing purug. Patrap kados makatên punika kenging kangge tôndha saksi, bilih tiyang sêpuh punika tumrapipun dhatêng anak putu namung kêbak katrêsnan.

Sayêktosipun manawi dipun manah, sababipun anggèning Radèn Ayu Prawira muwun punika botên mantuk ing nalar, awit saupamni muwuni putra ingkang badhe kesah, Radèn Ayu Prawira sampun kêrêp pêpisahan kalihan putra, yèn ta nyamarakên prakawis anggèning putra dipun cakot ing sagawon, inggih botên mèmpêr, awit lêlampahan kados makatên punika sampun kêrêp pinanggih, nanging inggih botên ambêbayani. Dados mênggahing pamuwunipun wau, anggadhahi raos kados sasmitaning Pangeran, ingkang tiyang botên sagêd anggayuh. Lan malih sanadyan Radèn Ayu Prawira sampun kêtrucut pangandikanipun ingkang raos kados nyupatani dhatêng putra, nanging ugi lajêng nyêlêt kanthi angandhasakên panalôngsa, mugi Pangeran maringana pangapura dhatêng Radèn Sumarta, sampun ngantos anêmahi ingkang botên-botên.

Ing kala punika kathah tiyang ingkang sami tuwi, martosakên ing bab lêlampahanipun Radèn Sumarta. Radèn Sumarta mangsuli bilih botên dados punapa, dene anggènipun dhatêng Batawi, namung salugu jêjampi, ingkang botên sapintêna dangunipun, dados botên prêlu kawigatosakên sangêt-sangêt. Bidhalipun badhe piyambakan kemawon, botên usah dipun untapakên tiyang kathah.

Mênggahing kabatosanipun Radèn Sumarta, anggènipun dhatêng Batawi punika malah sangu kabingahan, dening badhe nilar balegriya ingkang araos damêl supêk, saha wontênipun ing Batawi lajêng badhe kapanggih kalihan tiyang ingkang dados woding manah, inggih punika Nonah Dhorah.

Tumrapipun Radèn Ngantèn Sumarta, botên mangrêtos, punapaa têka inggih gampil têmên wêdaling tangisipun. Saya sarêng sumêrêp bidhaling guru laki numpak sêpur, sumêdhoting manah kados araos botên badhe pinanggih malih. Inggih lêrês Radèn Ngantèn Sumarta trêsna lan bêkti dhatêng guru laki, nanging manawi ngèngêti lêlampahanipun kados makatên, pisahipun kalihan guru laki punika malah kados manggih papan ombèr, saha malah gadhah pangajêng-ajêng, bokmanawi benjing sawangsulipun ingkang jalêr sagêd èngêt. Nanging anèh têmên, têka raos ingkang kados makatên punika lajêng malik, linintu isi tangis.

Sabidhaling sêpur, Radèn Ngantèn Sumarta saya sangêt ing panangisipun, lajêng dipun salamur ngêkêp-ngêkêp anak, dipun ambungi minôngka dados panambak tangis.

Radèn Ayu Prawira lajêng ngandika kados ngêngimur: Wis ayo dhuk mulih, ing ngomah sêlak ora ana uwong.

Radèn Ngantèn Sumarta mangsuli: Kula piyambak inggih botên mangrêtos bu, manah kula têka karaos botên sakeca, kintên-kintên dangu icalipun.

Wis lumrah dhuk, wong katêmbèn ditinggal bojo iku rasane kaya ngono.

Sajatosipun, sanadyan Radèn Ayu Prawira piyambak sagêd ngêngimur kados makatên, nanging ing galih inggih trataban. Dados anggèning ngandika kados makatên wau namung kangge ngêngimur manahipun Radèn Ngantèn Sumarta kemawon, ing batosipun inggih botên beda.

10. Pinanggih malih

Gêntos kacariyos, amangsuli Nonah Dhorah ingkang wontên ing Batawi. Salêbêtipun kalih taun, Nonah Dhorah pamanahanipun sampun santun, botên angèngêti dhatêng lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr. Wontênipun makatên, amargi Nonah Dhorah lajêng amanggih lêlampahan, ingkang lajêng nyupèkakên dhatêng pamanahan warni-warni, kados ta: sarêng anggènipun wontên ing Batawi sampun sataun, lajêng dipun tilar ngajal bapakipun, namung sakit sawatawis dintên. Sarêng Nonah Dhorah tampi pawartos saking pangagênging nagari bab ngajaling tiyang sêpuhipun, manahipun lajêng pêpês, rumaos manawi ing donya punika namung isi kasusahan, sampun lola, botên gadhah sanak kadang, sarta ngrumaosi bilih katrêsnan ingkang têtêp punika namung wontên ing tiyang sêpuh. Ing ngriku lajêng nuwuhakên piduwung, ing bab anggèning wangsul dhatêng Batawi anglajêngakên sêkolah punika namung atêgês ngècèr-ècèr lampah ingkang adamêl kapitunan.

Makatên malih manawi ngèngêti, anggèning tiyang sêpuhipun tanpa kanthi, pancènipun sampun cêkap sêkolah kados ingkang sampun kemawon, awit tumrap gêgayutanipun kalihan warga, mênggahing Tuwan Be, inggih namung dhatêng Nonah Dhorah thok, nanging sarèhning sadaya punika saking pamardining tiyang sêpuh, anak namung wajib manut miturut. (Badhe kasambêtan)

--- 97 ---

Nomêr 25, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Dolanan ingkang Migunani

Panjurung saking: Sugiri, guru dhusun ing Pêkalongan

Ngèngêti cacah yutan, murih sampun ngantos kêsupèn ing sawatawis lami, punika rekanipun kawaosa pinêtha kadosdene têmbung-têmbunging ukara. Dene murih sagêdipun makatên punika, ingkang rumiyin kêdah ngèngêtana dhatêng têmbung-têmbunging ôngka 1 dumugi 0. Nanging sabên têmbung kaucapna wandanipun ingkang pungkasan kemawon. Kados ta: 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0. Pamaosipun: ji, ro, lu, pat, ma, nêm, tu, lu, nga, das. Rèhning wontên wandanipun ingkang kêmbar: lu= 3 kalihan: lu= 8, punika murugakên damêl samaring apilan. Prayoginipun angkanipun, 8 kaucapna: bu. Dados sadaya kaucap: ji, ro, lu, pat, ma, nêm, tu, bu, nga, das. Lajêng ngèngêtana nglêgênanipun: ja, ra, la, pa, ma, na, ta, ba, nga, da.

Dados sapunika yèn badhe ngrumpaka murih dadosing têmbunging cacah mênapa kemawon, aksara wau karakêtana ing sandhangan sapêrlunipun. Upami cacah 13 kenging kawaos: jala, juluk, njaluk... 18 = jêbug, jrambah lan sanès-sanèsipun malih. Dene yèn badhe migunakakên carakan, murih jangkêpipun aksara kalih dasa, prêlu kangge kabêtahaning ukara pèngêting cacah yutan. Prayoginipun sabên ôngka kaucapna ngangge satunggaling aksara ngalih iji ingkang nyawarni, kapiliha pundi ingkang prêlu kangge. Kados ta: 1 kaucapna: ja, utawi: ca. Sabab pasanganipun mèh sami, 2= ra, utawi: ga. Sabab sawarni, salajêngipun ingkang warninipun sairib, têrangipun: 1 caja, 2 raga, 3 laha, 4 paya, 5 madha, 6 naka, 7 wata, 8 banya, 9 thanga, 0 sada.

Ugêr aksara punika sampun lumèngkèt ing angên-angên, nadyan ngèngêtana cacah sapintên kemawon, mêsthi botên badhe kèwêdan malih. Upami badhe mèngêti angkaning lot: 5637812490. Punika kenging rineka ukara warni-warni, kados ta: mênang lotre banjur rêpèn ngidung, punapa: mênèk awak bêgja rak ya ngadêg, utawi: mikul arta bêjan rong pêthi sap, lan sanès-sanèsipun malih. Sanajana upami sadaya ôngka wau sawarni, upami: 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1 1. Inggih mêksa

--- 98 ---

kenging rineka ukara: jajal, jajal cacah jèjèr janji cocog, ja crak-crik. Lan sanès-sanèsipun. Cêkakipun kenging kareka sakajêng-kajêng. Ananging kirang prêlu murih luwêsing ukara, jêr punika dede bakuning ukara ingkang prêlu kasêrat, murih kasumêrêpan ing ngakathah, kadosdening côndrasangkala. Namung maligi kangge apilaning ciptanipun piyambab.[39] Kados ta: apilan bab: bolong rapêting pangrenda, dhakon, petang pananggalan, katêmtuan jam lampahing tumpakan, lan cacah sanès-sanèsipun malih ingkang prêlu kaapilakên.

Gila Wêruh Ulêr

Gambuh

mungguh wong gila iku / pancèn ora kêna rinarêmbug / nadyan tansah dituturi wira-wiri / mêksa ajêg gilanipun / lagi wêruh bae êmoh //

dene sarananipun / ora liya amung tansah emut / wêruha yèn kewan kang gilani kuwi / ora bakal bisa ngamuk / nyundhang bijig lawan nyaplok //

beda lan wêdi iku / isih kêna diwèhi pitutur / apamanèh diistiyari mawarni / mêsthi suda ajrihipun / kapara mari sayêktos //

Pak Kêmis kang cinatur / wayah sore samana pinuju / diundang ing tanggane ngêpung kêndhuri / rampung dongane ki kaum / tumuli didumi godhong //

cêg jinèrèng ronipun / ora nganggo ewuh lan pakewuh / dumadakan ana ulêre nglênggirik / marga saking gilanipun / mênyat kambi buwang godhong //

lumayu ora emut / sipat kuping nrajang têngahipun / ambêng sarta lawuh akèh morak-marik / sikil karo gubrah sêkul / têkan ngomah krênggas-krênggos //

kancane mulih nglênthung / nguman-uman Pakne Kêmis mau / wênèh ana ngira yèn Pak Kêmis kuwi / duwe lara edan taun / nging ana kang ngrêti yêktos //

banjur awèh pitutur / yèn Pak Kêmis gilane saklangkung / marang ulêr satêmah ngapura sami / ring Pak Kêmis dosanipun / kang sêmbrana ngancam batos //

durung lawas panuju / Pakne Kêmis dijaluki tulung / ing tanggane dikon padha amrithili / kacang brul lan kancanipun / kang sumêdya ngancam awon //

Pakne Kêmis asêngkud / nyênêngke ring kang jaluk tulung /[40] cekat-cèkêt ati ora wigah-wigih / supaya enggala rampung / lir gawene dhewe mamon //

mulane sadhela wus / kêbak tenggok kang diadhêp iku / nuli clathu: aku wis olèh sasênik / tangane karo angacung / nudingi kancane lunggoh //

yèku Sura ranipun / kang angancam duk kêndhuri wau / jroning ati Si Sura rumasa isin / kalah rikat tandangipun / ati tansah ngontog-ontog //

gone mrithili iku / lingak-linguk ulêr kang linuru / dumadakan tangane Si Sura nuli / andêmèk ulêr mak kênul / cêg inguncalkên nèng pangkon //

Pak Kêmis banjur jumbul / ora emut tenggoke jinunjung / kinabrukkên ing gundhule Sura nuli / lumayu ajumbul-jumbul / ngok-bêngok ngundang sing wadon //

Hi, hi, kathok-kathokku / bola-bali mung mangkono iku [i...]

--- 99 ---

[...ku] '/ bokne Kêmis wis ngrêti enggal mêtoni / ulêre banjur jinupuk / trus binuwang tiba adoh //

Bok Kêmis amêcucu / plêca-plêcu alise atêpung / dene têka sêmbrana kêpati-pati / ora têpa-têpa iku / gawe dolanan marang wong //

Pak Kêmis isih nruthuk / thuk-êthukan lambe biru kêcu / rai katon abang dluwang lir wong mati / ambêkane kêmpas-kêmpus / anake lanang malompong //

gandi[41] Sura cinatur / sauwise gundhule dikabruk / dilus-êlus amarga karasa sakit / tur tansah padha tinutuh / dening wong akèh ing kono //

malah ana calathu: / upamane Pakne Kêmis mau / nyêkêl arit mêsthi kowe anêmahi / adus gêtih gêgundhulmu / sida ana titir gobyog //

wis cuthêl dongèng iku / rasakêna sajroning atimu / yèn korasa dadi tuladha kang bêcik / bisa salamêt awakmu / suk tak dongèngi kang elok //

Aku pamanmu, Wangon.

Lucon, Ora Lucu

Ana wong bumi têtanggan karo wong ngamônca, jalaran saka kurang anjajahe mênyang sêsurupan, uwong mau nganti rumasa gumun, dene tanggane mau athik bisa caturan nganggo basa, sing dhèwèke ora ngrêti, dalah tatacarane bae iya beda. Saka bangête anggone ngrasakake, samubarang apa kang disumurupi ana panggonaning tanggane mau, tansah disatitèkake, saya disatitèkake manèh ing bab tindaking bocah-bocah tôngga ing sabên dinane, kuwi ora ana sing ngiribi kaya caraning anake, iya ing bab apa bae.

Sawiji dina ana bocah tôngga mau loro kakang adhi jênênge Nyo Klênthêng karo Nyo Ganthêng, padha dolanan ana nglatar, caturane pating cruwèt ora ngrêtèkake. Nyo loro mau banjur padha main dhadhu, gênti ngopyok.

[Grafik]

Tôngga wong bumi mau tansah nyawang bae, nganti andombêlong. Suwe-suwe nyo loro mau ana sing kalah pamaine, banjur nangis.

Barêng nyo mau nangis, wong tôngga mau banjur alok karo angguyu: êlo, barêng nangis kok bisa nangis cara Jawa, kaya tangise thole, aku ya ngrêti. Dadi: ya padha, ta.

--- 100 ---

Trêsna Bapa

Sambungane Kajawèn nomêr 49

Ambatang cangkriman ingkang kaping tiga.

[Maskumambang]

sanalika Wêlas abangêt prihatin / mung ora katara / nanging sajêroning ati / asambat kalara-lara //

satêkaning ngomah ketok mrêbês mili / alinggih dhewekan / cangkêm muni andrêmimil / mangkene anggone kôndha //

ambak uwong anggêr bae bisa muni / jarene cangkriman / dene ora uwis-uwis / apa ngono cara raja //

harak dadi ora kêna diantêpi / yèn kêbo sapia / bisa anggocèki tali / yèn wong anggocèki apa //

apa pancèn ngarah aku cikbèn mati / yèn isiha bapak / kêna tak sambat sêbuti / mêngko sambat mênyang sapa //

dhèk samana Jaka Kawasa nyêdhaki / takon gêlayêman / yak ana apa ta kuwi / dene kôndha galur dawa //

Wêlas nolèh karo nyêntak gone muni / bok ya nganggo nyawang / ulatku rak ora manis / aja koajak sêmbranan //

Ki Kawasa mangsuli karo nyêkikik / ya ora sêmbranan / rak lumrah wong takon kuwi / nganggo guyon sawatara //

saka judhêg Wêlas ora amangsuli / mênêng tanpa kôndha / nuli turu anggalinting / pangoroke sêsênggoran //

dhèk samana wayahe wis rada bêngi / Ki Jaka Kawasa / nuli mara anyadhêki /anyêdhaki ngiling-ilingi lan kôndha //

ketok têmên Wêlas anggone prihatin / ya môngsa wurunga / kowe mêsthi rabi putri / aku sing labuh rêkasa //

Ki Kawasa banjur mêtu amarani / gone putri setan / ing kono miyos sang putri / mabur rikat kaya kilat //

Ki Kawasa enggal-enggal anututi / rai anjrababag / saka bangêt muring-muring / murinani mênyang Wêlas //

barang[42] cêdhak putri banjur digêbugi / nganti sambat-sambat / nglèmprèh kaya ngrasa mati / nanging mêksa bisa oncat //

nuli nyêngka ature sang rajaputri / sauwise têkan / gone ratu setan nuli / bangêt gone sambat-sambat //

dhuh pukulun sapunika kadospundi / kula katiwasan / cangkriman kêbadhe malih / kula tamtu katiwasan //

sanalika ratu setan amacicil / lan ambêngok kôndha / aja samar kowe putri / samêngko sira kôndhaa //

kon ambatang cangkriman wêkasan iki / kowe ambatina / iki lo sirahku iki / wis ayo nuli balia //

aja samar ayo kowe tak tut buri / sang putri abungah / nuli rêrikatan bali / ditêrake ratu setan //

gumarubug lakune digiring angin / lan udan kumrasak / swarane agawe giris / wong sing ngrungu padha samar //

Ki Kawasa ora adoh êtut wuri / ora kawêruhan / saparane mung kêkinthil / asamar yèn kêtilapan //

ketok bangêt sang putri agêng ing galih / rumaos kabêgjan / bakal agawe pêpati / panggalihe bakal lêga //

Kang mangkono Kawasa panas ing ati / ing batin anggagas / tak kapakake wong iki / bèn aja saya andadra // Ana sambungane.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. mêngsah. (kembali)
2. saking. (kembali)
3. Manawi. (kembali)
4. § Kêlimrahipun ing padhalangan, munduran. Nanging sarèhning têmbung punika kirang mungguh, prayogi dipun santuni: têka banjur, tur mindhak padhang suraosipun. (kembali)
5. liding. (kembali)
6. Sengkalan: paksobah ngèsthi rupa (1862 A.J.). (kembali)
7. wastani. (kembali)
8. gumantos. (kembali)
9. sapunika. (kembali)
10. sarwa. (kembali)
11. amragad. (kembali)
12. lumayu. (kembali)
13. ngrisak. (kembali)
14. Ngayogya. (kembali)
15. Naskah rusak. (kembali)
16. Sabagean. (kembali)
17. titihi. (kembali)
18. kaêdêgakên. (kembali)
19. Kapitan. (kembali)
20. sintên. (kembali)
21. dhatêng. (kembali)
22. têlihku. (kembali)
23. § Bale Pustaka ya adol layang dongèng iki, serie 406, isi dongèng warna-warna, bêcik-bêcik. Rêgane f 0.95. (kembali)
24. Pasewakan. (kembali)
25. Sengkalan: toya sêliran sêmbahan jalmi (1284 A.J.). (kembali)
26. Sengkalan : winayanging rasa wisayaning ratu (1566 A.J., 1644/1645 A.D.). (kembali)
27. Sengkalan : rasa têrus suwaraning jalmi (1796 A.J., 1867/1868 A.D.). (kembali)
28. mètêr. (kembali)
29. katêranganaku. (kembali)
30. wicantên. (kembali)
31. sagêd. (kembali)
32. Sengkalan: kanthi trêsna ngèsthi sawiji (Sêlasa Pon, 12 Bêsar 1862 A.J., Selasa, 19 April 1932 A.D.). (kembali)
33. kula. (kembali)
34. gadhahanipun. (kembali)
35. ingriki. (kembali)
36. ngriki. (kembali)
37. Akhwat. (kembali)
38. wusana. (kembali)
39. piyambak. (kembali)
40. Kurang satu suku kata: nyênêngake ring kang jaluk tulung. (kembali)
41. ganti. (kembali)
42. barêng. (kembali)