Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-06, #686

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-06, #686. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07-06, #686. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 54, 30 Sapar Dal 1863, 6 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [837] ---

Ăngka 54, 30 Sapar Dal 1863, 6 Juli 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pèkcun ing Bantên - Ringkêsaning Kawruh Padhalangan - Bab Wilujêng - Pawartos saking Administrasi lan Redhaksi - Sakatèn (Suka Ati) - Kawontênan ing Bophên Dhigul - Nagari Walandi - Adpêrtènsi - Katur Redhaksi Kajawèn ing Bale Pustaka - Têtandhingan Motrèt - Darmawisata (picnic) ingkang Kathah Pambênganipun - Jaarbeurs ing Bandhung - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Pèkcun ing Bantên

[Grafik]

Sawangan ing salah satunggaling lèpèn nuju wontên karamean pèkcun ing tanah Jawi Kilèn, Bantên.

--- 838 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 53.

Udawa: Hèh, bocah Dwarawati, apadene bocah Mandura.

Punggawa: Kula, kula, kula.

Udawa: Ingkang Sinuhun Mandura arêp tindak saiki lêrêm marang pasanggrahan Randhu Gumbala. Sarta Radèn Kadipatèn arêp tindak marang Endraprastha, diutus ingkang rama. Para wadya punggawa kang sikêp prajuritan apa wus samêkta.

[Grafik]

Patih Udawa

Punggawa: Kula nuwun, sadaya sampun rumantos, namung ngêntosi timbalanipun kyai lurah.

Udawa: Iya samêngko tatanên. Budhale ngêntènana têngara, yèn wus bêndhe kaping têlu, panganjuring laku banjur budhalna.

Punggawa: Nuwun, dhatêng sandika.

Udawa: Amrih sêmuwane nganggoa satataning gêlar prang, yèn ana pakewuh supaya ora kuthetheran.

Punggawa: I, kula nuwun inggih. Cumadhong dhawuhipun kyai lurah mawi gêlar punapa.

Udawa: Sajêroning praja nganggoa makara byuha, sajabaning nagara nganggoa bajra tiksna lungid.

Punggawa: Nuwun dhatêng sandika.

(Udawa wangsul, ada-ada Astakuswala agêng).

Baladewa: Udawa, kêpriye bocahmu kang bakal lumaku pasisiran.

Udawa: Kula nuwun, sampun samêkta, bidhalipun namung ngêntosi dhawuhipun gusti kula ingkang sinuhun.

Baladewa: Iya, aku budhal saiki bae. Mara, banjur prentahna nêmbang têngara.

Udawa: Nuwun sandika.

(Udawa mêdal, ada-ada têngaran).

Baladewa: Sămba, ayo budhal saiki.

Sămba: Nuwun, dhatêng sandika.

(Nyandhak ucap-ucapan nêdhani gêndhing kapalan).

--- 839 ---

4. Ginêm rampogan

Mara, mara, mara, mara. (Suwaranipun agêng alit).

Êlo, apa kănca, pangarêpe laku kok mandhêg tanpa antara. Apa ana baya pakewuh.

Ora, kănca.

I, dene sêmbrana mlaku padha ora manut tata, akèh gaman ligan pating crongat mangkene têka padha sêmbrana.

E, ora sêmbrana mangkono, mara awasna dalan ngarêp iki. Bakal diambah gêgaman gêdhe lan upacara kaprabon, măngka dalane rusak bangêt, akèh prabatang malang, rawe-rawe bondhot karo rêrunggut.

Wo, lah iya, kêpriye prayogane, apa ngatas nyuwun dhawuh kyai lurah.

E, aja mangkono, priyayi gêdhe akèh sing digalih, barang mangkene wae têka ngaturi uninga. Ayo, padha dirampungi dhewe.

E, lah iya yèn mangkono. Kănca kalanggowong, margăngsa, jlagra, selakrêti padha kon sikêp gêgamane, wadung, pêthèl, pecok, dhandhang, arit bapang, linggis, suwan, bêndho bodhing, gaman prajuritan iki padha diringkêsi. Mung sing nunggang jaran sikêp pêdhang, kon natasi bondhot ing dhuwur.

Lah iya wis prayoga kănca, ayo padha tumandang. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.

Dawêg, dawêg, dawêg, dawêg.

Bab ringkêsaning kawruh padhalangan ing Surakarta punika mugi sampun dados cuwanipun para maos, wêkdal punika kula kèndêli. Mangke têmbenipun manawi wontên măngsa kalanipun malih inggih sumêdya kalajêngakên sadumuginipun. Makatên punika botên awit saking punapa, namung jalaran padamêlan nuju kathah punapadene jalaran sadhèrèk Wiradat sapunika wangsul dhatêng Surakarta.

Bab Wilujêng

[Asmaradana]

Sadèrèngipun miwiti | punapa kang badhe kula | aturakên ing samangke | langkung dhihin mugi karsa | ngêgungkên pangaksama | bilih awon ingkang têmbung | lan kiranging tatakrama ||

utawi drênging pamikir | sanajan taksih kuciwa | mênggah kasagêdan mangke | kang mêdal saking pangripta | yèn badhe kasamèkna | kalawan para linangkung | nyamut-nyamut antaranya ||

e inggih mung kangge isi | Kajawèn kang ambêk darma | paring papan sacêkape | kang badhe kula aturna | ngarsaning pra nupiksa | wilujêng kang dados baku | kabêtahaning agêsang ||

ayu kang samya dèn udi | pundi margining raharja | lan kadospunapa mêne | kathah praja angupaya | wilujêng mawi srana | kados ta yèn kapinuju | gadhah damêl damêl griya ||

--- 840 ---

awoning dintên sinirik | kalayan nyaosi dhahar | Ki Jayuda karêmane | wedang bubuk lan dhaharan | jadah bakaran miwah | impling benggol datan kantun | benggol kêdah kaênjêtan ||

janjine pados basuki | mawi srana tan mêkakat | mêksa tinêmpuh tan mèngèng | yèn kagalih kang têmênan | tamtu kathah salahnya | nanging bab kados puniku | sampun mlêbêt adat kita ||

gih lêpata kadospundi | katutupan dening limrah | tamtu lêpat datan katon | lan ing ngriki lajêng têrang | janma tan gadhah arja | wilujêng kêdah dèn suwun | tumbas awis yèn parênga ||

nanging wilujêng tan kenging | tinumbasa mawi arta | wilujêng kaparingake | wilujêng ingkang gandhengan | lan kabêtahan kita | wilujêng sêsemahipun | wilujênging sêsrawungan ||

pan wontên wilujêng malih | wilujêng ing padamêlan | sampun pantês panggenane | wilujêng ingkang sajuga | katanggêl dening priya | binantu ing putrinipun | nagri pami sêsemahan ||

arjaning nagri kang mêsthi | katanggêl dening ratunya | binantu patih samine | patih nindakkên sadaya | karsanira narendra | pêpatih ingkang pinunjul | ruwêt rêntêng wus kaasta ||

jane nagari puniki | ratu lan patih tan pisah | êmbat-batan salamine | tata têntrêm lan raharja | kang tansah ingupaya | mamrih majêng nagrinipun | ingkang gandhèng lawan jaman ||

ngaturkên wilujêng malih | wilujênging sêsrawungan | mathuk ngagêm andhap asor | lan malih raharjanira | mênggahing padamêlan | ingkang kumêdah kasuwun | trêsna mring samining kănca ||

yogya makatêna yêkti | yèn suwunga ing katrêsnan | tamtu nylèwèng ing samangke | wilujêng kang dèn upaya | amung badan priyăngga | mrih dèn lêm pangagêngipun | kănca pêjah tan rinêmbag ||

kang wilujêng warni katri | wilujênging sêsemahan | wilujênga srawungane | wilujêng ing padamêlan | yèn tiga pinanggiha | sampurna ing gêsangipun | kang dèn upaya katêkan ||

karya panutuping tulis | supados trang sadayanya | kula badhe ngaturake | juru wilujêng andika | trêsna samèng tumitah | kaya dene mring badanmu | trêsnane kudu sing padha ||

titi mangkya dèn pèngêti | Ngahat Kaliwon dintênnya | wulan Sura ing tanggale | salikur ing taun Êdal | sèwu wolung atus lan | sawidak tiga winuwus | mung punika atur kula ||

Mevr. Suraji, Langênarjan, Ngayogya.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1604 ing Glugur (Medhan), panjênêngan kalintu tampi. Lêrêsipun kagêm priyantun kalih (K 1604 saha K 2425) namung kirang f 2.50. Samangke rèhning sampun kalajêng maringi wisêl f 4.50 dados langkunganipun ingkang f 2.- punika, lajêng kalêbêtakên pambayaran taun 1933 nyarupiyah edhang. Kauningana.

Lêngganan nomêr 2048 ing Panjalan. f 3.- sampun katampi.

Lêngganan nomêr 5629 ing Klathèn. Dèrèng rampung.

Lêngganan nomêr 3919 ing Lawiyan. Dèrèng kadamêl.

Lêngganan nomêr 3399 ing Brêbês. Dumugi Oktobêr.

Pawartos saking Redhaksi

Tuwan P. ing Kêdhangkrang. Panjurung panjênêngan punika sampun kalêbêt ing buku Bale Pustaka.

Lêngganan nomêr 2100 ing Ngayogya. Waosan Rajaputri Seba dèrèng kawêdalakên.

--- 841 ---

Raos Jawi

Sakatèn (Suka Ati)

Benjing ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 11 Juli 1932, sarta kaping 5 Mulud Dal 1863 wanci jam kalih siyang, kagungan dalêm găngsa Suka Ati nèm sêpuh kawiyosakên, dhumatêng bangsal pagongan lèr kidul ing Masjid Agêng, Surakarta. Jam 4 sontên wiwit tinatab mungêl angarangin rintên dalu, dumugi ing dintên malêm Sênèn Pon malêm Garêbêg, jam 1 dalu. Kèndêl jam 2 găngsa sami kakondurakên, awit enjingipun badhe kawiyosakên urmat Garêbêg Mulud Dal, wontên ing dintên Sênèn Pon wau tanggal kaping 18 Juli, saha kaping 12 Mulud Dal. Wigatinipun sadaya punika prêlu angurmati tingalan dalêm Gusti Kangjêng Nabi Mukhammad Rasullolah. Amila ing dalu malêm Sênèn Pon punika ing surambi dalêm sami maos Maulud Nabi, sarpul anam lagu Jawi laras slendro, anglastarèkakên panggubahipun para panjênêngan wali sanga, marêngi jumênêngipun kraton ing Dêmak, taun Jawi, tinêngêran (gêni mati siniram ing jalmi) 1403.

[Grafik]

Masjid Agêng ing Surakarta.

Ha. Asli găngsa Suka Ati cacah 5. Mirit rukuning Islam gangsal, 1. maos sahadat, 2. salat gangsal waktu tuwin salat Jumngah, 3. siyam Ramlan, 4. jakat, 5. minggah kaji dhumatêng Mêkah, sarta sowan jiarah ing Madinah.

Na. Cacah găngsa wau, 1. kênong, 2. kêmpyang, 3. dêmung, 4. ricikan, 5. bêdhug.

Ca. Asli gêndhingipun amung tiga. 1. rambu, atêgês, robbul ngalamin (Gusti Allah) kang mangerani alam sadaya. 2. Rangkung atêgês (arrohmanirrokim) Gusti Allah ingkang sipat asih ing donya tur Maha Asih ing akerat. 3. Sumiring, atêgês, para kawula sami wajib sumarah ing takdiripun Gusti Allah dzat ingkang Maha Kuwasa, sarta atêgês Gusti Allah, 2. Mukhammad Rasullolah, 3. eyang kita Kangjêng Nabi Adam.

Amung punika anyumanggakakên.[1]

Pr. P.

--- 842 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52.

Ing wulan Agustus, wontên tiyang bucalan sawatawis ingkang manggèn ing kampung A pindhah ing kampung C saha B.

Pakabaran punika dumugi wêkasaning wulan Oktobêr botên anocogi, malah ngantos wulan Nophèmbêr botên wontên kabar kamardikan. Ing wulan punika ing kampung A kawêwahan jiwa malih, inggih punika wontên tiyang bucalan ingkang sawêg dhatêng manggèn ing kampung punika. Tiyang bucalan ingkang gêgayutan pakêmpalan P.A.R.I. (Partij Asosiatie Republiek Indonesia) saha têtiyang ingkang nêmbe luwar saking ukuman, ing salêbêtipun kaukum sampun tampi nawala kêkancingan pambucalan.

Ing salêbêtipun wontên orêg-orêgan badhe wontên kamardikan ing wulan Oktobêr, saha ing wulan Nophèmbêr dèrèng wontên punapa-punapa, punika ing wulan Nophèmbêr wontên kadadosan ingkang ragi anggumujêngakên, inggih punika:

Wontên satunggaling tiyang bucalan asli saking Gorontalo, nama Haji Sanusi, piyambakipun punika rêmên gêgojegan. Piyambakipun punika anggadhahi kapitadosan dhatêng salah satunggiling tiyang bucalan nama Abdul Karim ingkang dados pangajêng kaum bêrah Tanah Merah. Ing satunggiling wêkdal Haji Sanusi dolan dhatêng griyanipun sadhèrèk Abdul Karim. Wosipun ingkang karêmbag dening Haji Sanusi kalihan Abdul Karim punika prakawis kamardikan ingkang kaping tiga. Sanadyan Haji Sanusi punika dhatêngipun ing Tanah Merah dèrèng wontên kalih taun, sampun anggadhahi manah kapengin badhe wangsul dhatêng tanah wutah rahipun, manawi wontên tiyang ngabarakên wontên wara-wara, saking pamanggihipun Haji punika sampun tamtu sêrat wara-wara anêrangakên namaning têtiyang bucalan ingkang kamardikakakên.

Anggènipun wicantên sadhèrèk Haji Sanusi kalihan sadhèrèk Abdul Karim punika dintên Rêbo tanggal 11 Nophèmbêr 1931. Sadhèrèk Abdul Karim cariyos bilih benjing Sênèn tanggal 14 punika badhe wontên sêrat wara-wara. (Botên katêrangakên wara-wara punapa).

Sadhèrèk Haji Sanusi mirêng têmbung wara-wara saking sadhèrèk Abdul Karim punika lajêng cariyos dhatêng mitra-mitranipun, manawi ing benjing Sênèn ngajêng punika badhe wontên sêrat wara-wara anêrangakên namaning têtiyang bucalan ingkang kamardikakakên.

Dumugi ing dintên Sênèn pancèn inggih lêrês wontên sêrat wara-wara, ananging wara-wara badhe wontênipun gambar idhup. Ing dintên Sêlasa têtiyang ingkang pitados dhatêng omonganipun Haji Sanusi lajêng sami pitakèn dhatêng sadhèrèk Haji Sanusi, piyambakipun nyariyosakên bilih ingkang cariyos punika sadhèrèk Abdul Karim. Sadhèrèk Abdul Karim dipun pitakèni dening kancanipun amangsuli bilih botên cariyos dhatêng sadhèrèk [sadhè...]

--- 843 ---

[...rèk] Haji Sanusi ing bab sêrat wara-wara ingkang angêwrat namanipun tiyang bucalan ingkang kamardikakakên, ananging cariyos bilih ing dintên Sênèn badhe wontên sêrat wara-wara, namung bokên[2] katêrangakên sêrat wara-wara punapa punika. Măngka pikajêngipun sadhèrèk Abdul Karim inggih punika sêrat wara-wara gambar idhup.

Ing wulan Dhesèmbêr taun 1931 raosan kamardikan sampun têntrêm. Dumadakan botên wontên kabar punapa-punapa, ing dintên Jumuwah, tanggal kaping 22 Januari 1932 ing wanci enjing jam 7 wontên timbalan inggih punika panjênênganipun wadana amaringi priksa dhatêng têtiyang bucalan ingkang tumut kamardikakakên ingkang kaping tiga.

Wontênipun kamardikan ingkang kaping tiga punika, kawontênan ing kampung rame sangêt. Inggih punika ramening têtiyang ingkang tata-tata badhe wangsul dhatêng tanah wutah rahipun, saha têtiyang bucalan ingkang dèrèng kamardikakakên, ingkang manggèn ing kampung sami pindhah dhatêng kampung C saha B.

Ing nalika kamardikan kapisan saha kaping kalih punika pindhahipun têtiyang bucalan ingkang kantun sasampunipun têtiyang ingkang kamardikakakên sampun kawangsulakên sadaya dhatêng tanah wutah rahipun, ananging kawontênanipun kamardikan ingkang kaping tiga punika botên makatên. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

[Grafik]

Gambar gêdhong ingkang inggil sisih têngên inggih punika ingkang nama Het Witte Huis, ing Rotêrdham.

--- [844] ---

[Iklan]

--- 845 ---

Batawi Sèntrêm, 30 Juni 1932

Katur Redhaksi Kajawèn ing Bale Pustaka

Kula nuwun, ing Kajawèn nomêr 52 tanggal 29 Juni kaca 810 wontên karanganipun sadhèrèk nama Martasutrasna. Wosipun, kajawi bab sanès-sanès, angaosi dhatêng tiyang sêpuh kula, Radèn Mas Tumênggung Purbadipura, ingkang sampun tilar donya.

Kula nuwun, ingkang makatên punika kula, pun Purbacaraka, minăngka wakil warisipun tiyang sêpuh kula ingkang sampun tilar donya wau, matur sakalangkung nuwun katur dhumatêng sadhèrèk Martasutrasna. Namung sarèhne kula botên sumêrêp dhatêng adrèsipun sadhèrèk Martasutrasna, manawi redhaksi Kajawèn kêparêng, kula nyuwun tulung, karsaa anglantarakên atur panuwun kula wau. Ing sadèrèngipun kula matur nuwun dhatêng redhaksi Kajawèn.

Bab Sêrat Hariwara, kaparênga kula têrangakên kados ing ngandhap punika:

Anggènipun bapa kula andamêl Sêrat Hariwara, punika sampun lami. Kala samantên Sêrat Hariwara mawi sêkar, punika dipun aturakên dhatêng redhaksi Tijdschrift Waradarma, redhakturipun gancaran: (suwargi) Mas Ngabèi Wirapustaka. Sêkaran: Mas Ngabèi Rêksadipraja, samangke Kangjêng Radèn Tumênggung Suradipura, supados dipun mot.

Kadospundi nalaripun kula sampun kêsupèn, sêrat wau sarêng sampun sawatawis wulan dipun wangsulakên dhatêng bapak. Ing wusana botên dangu lajêng mêdal Sêrat Hariwara gancaran, kadhapur pawicantênan, mawi satunggal kalih panggenan ingkang mawi sêkar, kaêcap ing pangêcapan Budi Utama ing Surakarta, taun 1916. Kados ing ngandhap punika titêlipun: Sêrat Hariwara (Petangan dintên) karanganipun Ki Padmasusastra, Ngabèi Wirapustaka ing Surakarta. Kaêcap ing pangêcapan N.V.B.O. Surakarta, taun 1916.[3]

Bab punika kala samantên badhe dipun lokakên saprêlunipun, nanging angèngêti prakawis kathah, pinanggihing rêmbag: sampun dipun caosakên Ingkang Kuwaos (Gusti Allah) kemawon.

Ing samangke wontên sadhèrèk ingkang sajakipun badhe ngêcapakên Sêrat Hariwara damêlanipun bapak wau, kados ingkang kamratelakakên ing Kajawèn kasêbut ing nginggil. Redhaksi Kajawèn mawi maringi onderschrift makatên:

Sêrat Hariwara wau prayogi kakintuna, redhaksi badhe nyumêrêpi salêsihipun, punapa Sêrat Hariwara wau botên kados ingkang sampun [sampu...]

--- 846 ---

[...n] kawêdalakên ing pangêcapan sanès. Manawi pancèn botên wontên pakèwêdipun, ugi badhe kapacak ing Kajawèn.

Mênggah punika atur kula, pun Purbacaraka, warisipun R.M.T. Purbadipura, kula botên suka bilih Sêrat Hariwara damêlanipun bapak dipun dalakên ing tiyang sanès, botên mawi nêdha palilah dhatêng kula, kalayan rêmbag ing saprayoginipun. Wondene atur kula punika alêlandhêsan: Auteurswet 1912, wet van 23 September 1912 (Ned. Statsblad 318), houdende eene nieuwe regeling van het auteursrecht (S. 1912 no. 600 laatstelijk gewijzigd bij S. 1931 no. 323) ing Koster-dekker Handboek voor Politie Ambtenaren (Eerste druk, drukkerij "Patria" Soekaboemi) kaca 795 salajêngipun.

Wasana sadaya wau mugi andadosna kawuninganipun redhaksi Kajawèn.

Saking kula, Dr. Purbacaraka.

Bab ing nginggil punika mugi andadosna uninganipun sadhèrèk Martasutrasna. Tuwin kaparênga paring katrangan ing saprêlunipun.

Red.

Têtandhingan Motrèt

[Grafik]

Gambar ing potrètanipun Tuwan J.C. Bartelomy ingkang sampun angsal pamênang ingkang nuju dipun wontênakên têtandhingan motrèt wontên ing Betuwe nagari Walandi.

--- 847 ---

Buku Pèngêtanipun Petruk

Darmawisata (picnic) ingkang Kathah Pambênganipun

I

Jajal sapisan kiyi aku tak cara Lănda, ethok-ethoke gawe pèngêtan anggonku lêlungan mênyang Bandhung kala dina Sabtu kang kapungkur, reka-rekane cara bêndara priyayi arêp mriksani yarbèrês (jaarbeurs).

[Grafik]

Sadurunge aku pangkat, aku kok kèlingan sawijining piwulang, êmbuh piwulange sapa, lo, kuwi unine mangkene: sing sapa trêsna nyang bojone, kudu ditinggal nyang omah bae.

Piwulang kiyi nèk tak gagas-gagas mula iya ana bênêre, nanging iya mung tumrap wong wadon sing sabangsane Makne Kamprèt, dudu tumrap wong wadon sing wis anduwèni ancas: wawênange wong wadon apês ambalêbês kudu dipadhakake karo wawênange wong lanang. Tumrap para wanita kiyi, piwulange iya mêsthi kudu beda, sèh, iya iku mangkene upamane: sing sapa trêsna nyang bojone, kudu... ambangun turut saprentahe.

Anggonku duwe gagasan, manawa piwulang sing kasbut dhisik, ana bênêre, awit băngsa Walănda bae wis ngarani yèn wanita kuwi diarani: het zwakke geslacht têgêse: băngsa sing ringkih, dadi apa-apane iya ringkih, nanging iya mung wong wadon bangsane Makne Kamprèt, kaya ta: badane iya ringkih, sanadyan anggone main sêporêt ora ana lèrène, yaiku: main tènis, korêp bal, malah playon barang, mung bae wujude rada beda sathithik. Kaya ta: main tènis (bal tamplèk) cara Makne Kamprèt, malah saya nguwatake otot, jalaran carane namplèki kudu luwih kuwat, yaiku... anggêblègi kasur, gantine main korêp bal... napèni bêras, mung playone kuwi tiba kadhang kala bae, yaiku ngêmungake

--- 848 ---

manawa... kabêlêt bangêt.

Atine, pikirane, ning kiyi mung tumrap Makne Kamprèt bae, iya ringkih, têgêse: ora kêna wêruh bêbaya utawa apa-apa sing nguwatiri sathithik, sanalika banjur ngadi-adi, yaiku banjur ngrangkul dhikêp nyang aku karo mingsêk-mingsêk mangkene: hih, hih, mas, aku wêdi. Tak arani pikirane ringkih, jalaran wêruh apa-apa apik sathithik bae, iya banjur sênggruk-sênggruk mangkene: hêk, hêk mas, aku tokokake kae. Jalaran saka iku mau kabèh, mula iya ana bênêre piwulang ing dhuwur, yaiku: sing sapa trêsna nyang bojone, kudu ditinggal nyang omah.

Awit saka gagasanaku sing mangkono mau, mulane pamitku nyang Makne Kamprèt anggonku arêp darmawisata nyang Bandhung sarana nunggang otobis, iya mangkene: dhiajêng Makne Kamprèt, têka kaya mangkene rasane wong sing kudu nglakoni ayahaning nagara, kudu ora kêna ngèlingi nyang abot, rêkasa apadene ambêbayani. Anggonku ngomong mêngkono mau nganggo tak saranani iku tak bêsêngut-bêsêngutake sajak wong sing kapatèn êmbahne kae. Êmakne Kamprèt banjur pitakon kanthi gugup: Ana pa ta, mas, mas, mas. Tak katon-katonake yèn aku susah bangêt. Aku mangsuli mangkene: Saka dhawuhe lurahku mêngko jam 2 kiyi aku barêng-barêng karo kănca 20 kudu pangkat-pangkat nyang Bandhung nunggang otobis. Adhuh, rasaning atiku kaya dirontog-rontoga, dene kudu pisah karo kowe. Makne Kamprèt banjur ngrangkul nyang aku karo calathu mangkene: O, mas, ambok aja digawe susah-susah, ênya, tak sangoni f 25.- ana ing Bandhung atimu ambok iya kok sênêng-sênêng.

Saka bungah lan sênênging atiku, dene Makne Kamprèt ora rèwèl kêpengin diajaki, thik kêwuwuhan aku disangoni f 25, mèh bae aku kêjodheran. Nèk tak pikir-pikir, mula iya ora kêna dipaido, dene sok ana wong wadon rêrasan mangkene: wah, wong lanang, anggêre arêp olèh, anggone pintêr bangêt ngasih-asih, nganti kiraku bisa ngruntuhake atine... kirun wanakirum têmênan. Jalaran saka iku, mungguhing panêmuku mulane kumpulane wong lanang kabèh bae, wajib matur sêmbah nuwun marang Sing Kuwasa, dene sing diudi dening pargêrakaning para wanita dhuwur-dhuwure mung arêp anjaluk dipadha wawênange karo wong lanang. Dadi ora pati andadèkake sabab, tumrape wong lanang rak luwih rêkasa manèh, saupama bêrgêrake kabèh kumpulan wanita kuwi wis sarujuk êmoh... ngliwêt.

Kira-kira mangsane otobis têka, atiku wiwit trataban, awit yèn Makne Kamprèt wêruh manawa sawênèhing kănca sing arêp mèlu nyang Bandhung, ana sing sakalihan, têmtune iya bakal beka. Mulane Makne Kamprèt banjur tak êrih-êrih mangkene: Wis, ta, makne, ambok mapan-mapan turu, ora prêlu nguntabake aku, sabab yèn kowe katon bae, kiraku aku ora mêntala ninggal. Makne Kamprèt iya banjur mangsuli iya, iya, mas, andhèrèkake sugêng, poma, [po...]

--- 849 ---

[...ma,] lo, mas, nang Bandhung aja digawe susah-susah, disênêng-sênêngake atine. Aku banjur calathu manèh: Bangêt trimaku, makne, ewasamono kiraku iya ora bakal bisa sênêng têmênan, awit wong ora karo kowe. Nanging ing batinku: wah nang Bandhung bakal katog sênêngku, awit wong iya bakal ora ana sing ngrêrusuhi.

Kira-kira jam 2 luwih sêprapat, otobis sing bakal dak tunggangi wis têka ing ngarêp omahku, ing kono katon ana priyayi putri loro sing bakal mèlu. Sauwise aku nginguk apa Makne Kamprèt wis mapan turu apa durung, sabanjure barêng wis cêtha yèn makne ora wêruh, aku banjur enggal-enggal mêncolot nang otobis kambi ngabani: purit, pul sêpid (vooruit, ful-spead). Otobise iya banjur tumuli dirikatake. Wah, rasaning atiku kala samono prasasat kaya manuk sing mêntas diêculake saka kurungan têmênan, utawa jaran luwar saka gêdhogan, dadi sajake bisa sakarêp-karêp. Malah ing pangrasa, sanadyan rambutku wis nyambêl wijèn, têgêse: sing putih lan sing irêng wis barêng-barêng padha nganakake konggrès, mêngkono uga untuku wis akèh sing pêrlop bètên bêswar, iya kaya jaka manèh, sabên-sabên dhèsiku tak sawang, nèk-nèke mèncèng. Saka bungah-bungahe, suwe-sume[4] aku ora bisa ngêngkên manèh, mulane banjur tak wêtokake sarana tak têmbangi mijil kêthoprak, mangkene:

ing nalika awak ingsun mijil | arasa sumêdhot | eling wong sing kèri ngomah dhewe | aku nganti krasa mrêbês mili | nanging wise têbih | sun bisa angguyu ||

gagasanku tansah salin-salin | mêngko aku wêroh | wong sing sripit-sripit lembehane | dhasar rada kaduk sêlop jinggring | prasasat Srikandhi | harak mati aku ||

sanadyana mataku wis arip | mêsdhi[5] bakal mlolo | nonton wayang wong bêcik lakone | saupama aku dikon mati | mêksa arêp pamit | nyuwun panjang umur || Badhe kasambêtan.

Jaarbeurs ing Bandhung

[Grafik]

Ing nalika bikakipun Jaarbeurs ing Bandhung, dipun rawuhi ing para agêng nagari saha sanès-sanèsipun.

--- 850 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Directeur Mulo darma Stichting ing Jombang. Ir. Hoo Kong Hoen, asli diploma saking Delft tuwin Bandung, kaangkat dados Directeur Mulo Darma Stichting ing Jombang.

Pamulangan adan-adan enggal, ingkang angsal pangajêng kados makatên punika, têmtu adamêl pamarêm. Nanging tumrap pamanahaning ngakathah, têrkadhang inggih ngawontênakên panyêda. Makatên punika namung kasumanggakakên.

[Grafik]

Perguruan Pemimpin ing Ngayogya. Padvinder Hizbul-Wathan ingkang ngêdêgakên Perguruan Pemimpin ing Ngayogya, mêntas ngêdalakên para neneman ingkang lulus saking pasinaon wau. Gambar inginggil punika gambaripun para neneman ingkang sami lulus. Ingkang ngadêg saking kiwa: 1. Marwoto (Sukarêja), 2. Adnan (Cilacap), 3. Hizam (Borobudur), 4. S. Bayasyud (Rêmbang), 5. Rasul (Pamêkasan), 6. Abd. Aziz (Seengkang). Ingkang linggih saking kiwa manêngên: 1. Taif (Makasar), 2. Yusuf (Minangkabau), 3. Dumairi, Guru P.P., 4. Arfobi (Seekang), 5. Sukarjono (Ngayogya).

Pangiridan pakaryan candu ing Jawi Wetan. Wontên pawartos, pakaryan candu ing Jawi Wetan badhe nindakakên pangiridan f 30.000.- sarana nyuwak griya panyadean candu sawatawis panggenan, lajêng kagamblokakên.

Sudaning griya panyadean candu atêgês sudaning punggawa, têmtu adamêl dhêg-dhêganipun ingkang badhe kadhawahan dhênggung.

Pabrik sês krètèk Astrakara darma arta. Kawartosakên, bangsa Tionghoa ingkang gadhah pabrik sês krètèk Astrakara ing Kudus darma arta dhatêng Gêdhong Nasional f 125.- sami ing Surabaya.

Kadarman ingkang kados makatên punika sintên kemawon têmtu ngalêmbana. Sintên ingkang angsal pangalêmbana, tamtu dhangan gadhah tindak kados makatên punika, nanging utami-utamining utami, botên kados darma ingkang tanpa ngarah pangalêm. Punapa kados punika ingkang murugakên angèl.

Kweekschool enggal ing Surabaya. Jalaran saking kathahing murid ingkang botên katampèn wontên ing Kweekschool Guprêmèn, makatên ugi Kweekschool Zusters Ursuline inggih mangsulakên murid, saking kêkathahên, Christelijke Mulo ing Embong Wungu lajêng ambikak Kweekschool enggal, wulanganipun sami kalihan Kweekschool Guprêmèn.

Saking pêpêting papan pangajaran, wohipun malah ngobètakên, dados mrojol saking pangintên.

Nglêrêsakên kalêpatan. Redaksi Kajawèn tampi katrangan saking comite, "sêmadosan ngangge rasukan lurik bêdhaya" ing Ngayogyakarta, bab anggèning benjing grêbêg Mulud para abdi dalêm bêdhaya badhe sami ngangge rasukan lurik, punika botên saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, nanging saking sêmadosanipun golongan rèh kawêdalan panakawan bêdhaya piyambak.

Katrangan punika mugi andadosakên uninganipun para maos. Redaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

Sinau ngantih dhatêng Ngindu. Nalika congrès cooperatie B.O. ing Sragèn, Mr. Singgih ngumumakên, manawi wontên kakung utawi wanita tiyang siti purun sinau ngantih dhatêng Ngindu, centraal P.B.I. ing Surabaya tuwin Mr. Singgih piyambak kadugi nglantarakên. Wontênipun ngrika badhe angsal wulangan, pondhokan tuwin nêdha lêlahanan. Ingkang badhe nulung sakabatipun Sang Gandhi.

Ancas kados makatên punika anêrusi kabêtahan ngriki, lan mirid jamanipun, kintên-kintên badhe kasêmbadan ing sêdya.

Woningverbetering ing Kuthagêdhe. Wontên pawartos, benjing taun 1933 ing Kuthagêdhe badhe katindakakên tatanan woningverbetering. Ing sapunika griya-griya sampun sami kapriksa. Wragadipun kataksir kirang langkung f 20.000.-.

Sampun dados kalimrahan tatanan makatên punika adhakan andadosakên manjêluting manahipun têtiyang ingkang sami gadhah griya. Nanging manawi ngèngêti dhatêng pigunanipun, raos kados makatên punika têmtu botên wontên. Mila pinuji mugi tindaking tatanan punika damêl pamarêming ngakathah. Langkung sukur dene padamêlan punika badhe mitulungi golongan angguran.

Tuwan H.A. Salim. Tuwin H.A. Salim ingkang sapunika wontên ing Bêtawi, badhe dados juru sêsuluh ebah-ebahan, utawi dados juru ngarang buku-buku.

Dados ing pawartos bab tuwan wau badhe ngasokakên sarira, ragi botên mèmpêr, awit nyatanipun taksih ngrêgiyêk nyambutdamêl.

Loterij garag enggal. Ing Jawi Wetan wontên loterij gagrag enggal sarana nglotrèkakên èrloji mas, isi 720 lot, rêgi nyèkêt sèn, prêlu kangge mitulungi golongan angguran ing Surabaya. Caraning loterij, èrloji wau kaputêr, lajêng dipun wadhahi rapêt, dipun pati, sadaya lajêng kapurih mêthèk, kèndêling èrloji wontên jam pintên, wiwit jam 12, jam 12 1 mênit, salajêngipun dumugi jam 11.59 mênit. Sintên ingkang cocog angsal jam wau.

Patrap wau sae, saya sae malih dene tumanja mitulungi tiyang angguran. Botên wontên awonipun manawi katelad, samantên wau manawi angsal palilah.

--- 851 ---

Indhakan blanja kasuda. Mirid pawartos, ing bab indhakan blanja tumrap punggawa nagari, badhe kabayar sapalih kemawon. Kajêngipun saupami tampi indhakan f 10.- namung tampi f 5.-.

Inggih timbang botên angsal.

Badhe ngubêngi donya. Wontên neneman tiga ing Surabaya gadhah sêdya badhe ngubêngi jagad, kanthi apawitan sangu ambarang pêncak tuwin jogèd.

Tekadipun para mudha sapunika saya katingal, anggèning pados sarana badhe ngatingal botên kêkirangan margi. Wosipun majêng.

Golongan pangajaran ing Surakarta badhe ngêdêgakên A.M.S. Awit saking ada-adanipun para sagêd, nêdha ngêdêgakên A.M.S. wontên ing Surakarta. Bab punika ingkang mulabukani Dr. Satiman.

Kabêtahaning tiyang dhatêng pangajaran sampun botên kenging kinintên. Sampun malih ingkang nama pamulangan alit botêna dipun raosi, sanadyan sanginggilipun, malah ing sapunika dumugi ingkang têngahan pisan, ugi sami dipun ayati. Samantên wohipun kamajênganing bumi dalah tiyangipun.

Loterij enggal. Loterij enggal ingkang nêmbe kasade ing Escomto ing Bêtawi, kathah sangêt ingkang tumbas, salêbêtipun 2 dintên panyadenipun têlas babar pisan. Têlasipun wau kintên-kintên dhawah têtiyang ingkang sami kilak.

Jamanipun awis arta, têtiyang saya mêmpêng anggènipun ngudi kasugihan.

Het Bagblad pêjah. Sêrat kabar Het Bagblad ingkang rumiyin nama Volkscourant, ing sapunika sampun botên kawêdalakên malih.

Samantên angèling nindakakên wêdaling ariwarti, wawratipun Het Bagblad punika botên kêkirangan anggènipun ngrabuki, mêksa cêmpuritan, wêkasan pêjah.

Nglêbêtakên rèk pêtêng. Ing Labuanratu wontên tiyng siti nglêbêtakên rèk cacah 26 pêthi sarana dhêdhêmitan. Wusana kasumêrêpan saha kacêpêng. Lêrêsipun rèk wau kêdah kakengingakên beya f 1363.64.

Tiyang nêdya nyingkiri beya punika tansah wontên-wontên kemawon, pancèn barang padhang lajêng dados pêtêng.

Rêmbagan babagan Islam kalihan Christen. Ing laladan Sumpiuh, mêntas wontên pêpanggihan ngrêmbag ing bab babagan Islam kalihan Christen. Bakuning rêmbag ing bab têtak, dosa, waris tuwin sabar. Anggènipun rêmbagan wiwit jam 9 dalu ngantos jam 4 enjing, golongan Islam ingkang unggul. Malah kabaripun golongan Christên lajêng sinau agami Islam.

Bab ramening rêmbag babagan agami, sampun têmtu. Mugi sampun dados garêjêgan ing wingking.

Ing Bandung mirah ulam loh sêgantên. Bangsa Jêpan nama Satoh andhatêngakên ulam loh saking Bêtawi, sakawit panyadenipun brandon kalihan bangsa Walandi, wusana Walandi wau lajêng gadhah ada-ada piyambak dagang ulam. Ing sapunika Tuwan Satoh lajêng andhatêngakên ulam saking Cheribon. Dene pinanggihakên ing sapunika ing Bandung kaluberan ulam loh, rêginipun mirah sangêt.

Jor-joran makatên punika namung adamêl kabêgjaning tiyang siti. Sukur.

Batu api pêtêng kacêpêng. Pulisi ing Tanjungpriok mêntas nyêpêng batu api pêtêng, pêngaos f 15.000.

Pandhêsêking tiyang nglêbêtakên barang pêtêng saya majêng, nanging bab batu api punika kados sampun jêg-jêgan.

Pangalêmbana tumrap paboyongan ing Lampung. Parentah andhawuhakên pangalêmbana linangkung dhatêng para ingkang sami nindakakên damêl babagan paboyongan ing Lampung, inggih punika dhatêng: Bupati tuwin Tuwan Ch. O. van der Plas, makatên ugi dhatêng Adjunct Inspecteur Agrarische Zaken, Mr. C.C.J. Maassen, Kontrolir Tanjung Karang J. van der Zwaal tuwin para ambtenaar sanès-sanèsipun. Kajawi punika parentah andhawuhakên dhatêng Guprênur Jawi Wetan, Têngah tuwin Ngayogya supados sami anjênêngi dhumawuhipun pangalêmbana wau dhatêng bawahipun piyambak-piyambak.

Bêgja ingkang sami angsal pangalêmbana punika.

Congres golongan Sayid ing Sêmarang. Badhe wontênipun congres golongan Sayid ing Sêmarang katingal kagatosakên. Kathah wakil-wakiling pakêmpalan ingkang badhe dhatêng.

Jamanipun sapunika pakêmpalan punapa kemawon têmtu dipun gatosakên dening ingkang gadhah golongan tuwin ingkang ambêtahakên, mila manawi wontên pakêmpalan ngantos bibar, inggih sawêg kojuripun.

Pakaryan sarêm lan candu badhe kadadosakên satunggal. Miturut pawartos, awit saking kaparêngipun parentah, pakaryan sarêm tuwin candu badhe kadadosakên satunggal.

Nunggiling pakaryan punika têmtunipun badhe nyuda rèbyèg, kajawi punika têmtunipun inggih gêgayutan kalihan jamanipun.

ASIA.

Nêmpuh sêpur Jêpan. Wadyanipun Jendral Ma Chan San mêntas nêmpuh sêpur ingkang ngêwrat wadya Jêpan, ngantos campuh rame, wusananipun wadya Jêpan kasoran, lajêng ngoncati.

Malèsèt ing Indo China. Mirit katrangan saking utusan Pêrancis ingkang wangsul saking Indo-China, mratelakakên bilih kawontênanin[6] panggêsangan ngrêkaos sangêt, uwos tuwin pamêdal sanès-sanèsipun tanpa rêgi. Ing sapunika prêlu sangêt ngawontênakên pitulungan. Manahing para narapraja ing Indo-China sami uwas, dening kawontênaning jaman kados makatên.

EROPA.

[Grafik]

Rekadaya ngudi tata-têntrêm. Jalaran saking tansah wontênipun kasangsaran auto, ingkang tuwuh saking sêmbrananipun sopir, ingkang wajib ing Manheim, Jerman, ngawontênakêên trèm listrik mawi ciri mripat mênthêlêng ngêwrat auto ingkang karisakan, kabêkta mubêng-mubêng murih kasumêrêpan ingakathah.

Samantên warni-warnining pangudi murih tata-têntrêm.

--- 852 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

21.

Nonah Dhorah amangsuli kanthi anjênggirat: La kok jêbul kowe ta, Sumarta. Le mu têka dhèk apa.

Nonah Dhorah sarêng sampun ningali dhatêng tiyang ingkang andhawahakên wau sawatawis, lajêng wicantên, têmbungipun sarèh: Wis, ambacutna lakumu, aku sing luput.

Sarêng tiyang wau sampun kesah saking ngriku, Nonah Dhorah kalihan Radèn Sumarta lajêng sêsarêngan mapan linggih wontên ing palinggihan sapinggiring ara-ara.

Nonah Dhorah tansah mijêt-mijêt dhêngkulipun têngên, wusana wicantên: Wis kapenak. Saiki nyaritakna lêlakonmu, têkamu dhèk apa, lan karêpmu nyang Batawi kuwi arêp apa.

Wicantênipun Nonah Dhorah kala punika katingal manis gapyak, nandhakakên manawi sênêng ing manah. Ing sanalika ngriku raosing susahipun Nonah Dhorah ical, saupami pêpêtêng, ing sapunika lajêng padhang, dening dayanipun Radèn Sumarta.

Radèn Sumarta mangsuli: Aku dicakot asu edan, Dhorah, wis têlung dina iki aku têtămba ana Instituut Pasteur.

Wis têlung dina, Sumarta. O, ajaa aku nêmoni bêbaya iki, yake aku ora kêtêmu kowe.

Radèn Sumarta kèndêl kemawon, jalaran sawêg kasêngsêm nyênyawang kawontênanipun ing ngriku, griya-griya katingal padhang abyor ngrêsêpakên. Wusana mangsuli: Aku ya wis duwe pikiran arêp katêmu kowe, prêlu anglairake bela susahing bab sedane wong tuwamu. Nanging Dhorah, atiku banjur grêg, saka ngèlingi dhèk nalika rabiku, aku tămpa kartu pos saka kowe, kang surasane awèh slamêt, lan aku wis kirim karcis anglairake bela susahku ing bab sedane wong tuwamu. Pancène wis êsah, ora ana pikiran apa-apa manèh. Dadi mungguh rasaning pasrawungan ana ing layang isih ajêg bae, nanging antêpe, ora kaya yèn nuju têtêmonan kaya ngene iki, mula ing bab sêdya anggolèki kowe, salawase tansah ana.

Nonah Dhorah lajêng suka tangan dhatêng Radèn Sumarta kanthi ngegosakên linggihipun, sasampuning têtabikan araos antêb, saha salêbêtipun tangan dèrèng uwal, Nonah Dhorah wicantên: Cucukmu kuwi sing sok ngetoki, Sumarta, sing uwis ya uwis. Aku sing ngrumasani luput. Saiki nglêstarèkake anggone padha dadi mitra.

Radèn Sumarta mangsuli kanthi angglonging manah: O, Dhorah, pangarêp-arêpku biyèn mula, supêkêtku bisa angungkuli supêkêting mitra utawa saduluran. Nanging yèn kêpêksa ora kasêmbadan, iya wis bêgjaku.

Sumarta, wong kang wis jêjodhoan iku, tinêmu ana sajabaning pikiranku, lan ora wajib nganakake osik ambangun rasa anyar, ngêmungna nglêstarèkake anane rasa kang suci, kuwi kang kudu ditêtêpi.

Ing sanalika manahipun Radèn Sumarta saya angglong, rumaos manawi sampun kêpulêt ing raos kautamèn, botên wênang yèn ngeguhna dhatêng kalêpatan, mila lajêng mangsuli: Kandhamu iku bênêr bangêt, Dhorah. Aku tansah angèlingi mênyang sucining anggonku padha mêmitran.

Bangêt panarimaku, yèn kowe duwe pikiran mangkono. Satêmêne aku nalăngsa bangêt, saupama anggonmu mêmitran wiwit sangkaning bocah, banjur pêdhot, kang jalaran prakara kaya mangkono. Mêsthine kowe ngrêti, Sumarta, yèn ing saiki mitraku mung kowe. Seje dina aku bakal pêpisahan karo nonah-nonah mitra-mitraku kang padha nunggal sapamondhokan, awit aku arêp mêtu saka kono, lan arêp mêtu saka anggonku sêkolah. O, kowe wêlasa mênyang aku, ya, Sumarta, sajrone sawatara dina, aku kapengin sêsrawungan karo mitra, kaya dhèk biyèn. Kancanana.

Kowe arêp mêtu saka pamondhokan, lan mêtu saka sêkolah, Dhorah. Banjur kapriye.

Sumarta, sabanjure aku dhewe ora mangrêti. Nanging bab sêkolah, aku wis bosên. Ing saiki aku rumasa tanpa kulawarga, ora duwe mitra, gèk bakal ana ngêndi tibaning awakku. Mêsthine kowe iya banjur bisa nêpakake, yèn panganggêpku mitra mênyang kowe kanthi rasa kang suci, nganti ngilangake rasaning lanang lan wadon.

O, mêmêlas. Bêcike nyambuta gawe bae, Dhorah.

Mêsthine aku iya bakal nyambut gawe, kiraku gampang. Nanging kapriye yèn uripku tansah nandhang susah, apa pakolèhe. Saiki aku ngrêti ing bab sababe wong nglalu pati, kang jalaran saka bosên urip. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


§ Lêrês lêpating andharana punika kasumanggakakên. (kembali)
botên. (kembali)
§ Sampun dipun tawèkakên ing omslag Waradarma No.2 tanggal 15 Sapar Je 1846 (1915). (kembali)
suwe-suwe. (kembali)
mêsthi. (kembali)
kawontênaning. (kembali)