Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08, #1647

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-01, #1647. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-02, #1647. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03, #1647. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-04, #1647 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-05, #1647 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-06, #1647 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-07, #1647 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08, #1647 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09, #1647 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10, #1647 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-11, #1647. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-12, #1647. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 62, 28 Mulud Dal 1863, 3 Agustus 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [965] ---

Ôngka 62, 28 Mulud Dal 1863, 3 Agustus 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Bab Kasênêngan, Pakarêman, tuwin Kanikmatan - Pasar Gambir - Tata Ngadatipun Têtiyang Siti Tanah Gêduwang - Pasar Malêm Nasional ing Surabaya - Adpêrtènsi - Cacad Jawi - Pawartos saking Administrasi - Bab Adêgipun H.B.S. tuwin A.M.S. Nasional - Têntunsêtèling ing Den Haag - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Pêkên Kewan.

Sri Paduka Kangjêng Ratu Emah

Dintên Slasa tanggal kaping 2 Agustus 1932 kala wingi punika, kalêrês dintên wiyosan dalêm Sri Paduka Kangjêng Ratu Emah Wilhèlminah Teresiah, ibu dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah. Samangke yuswa dalêm 74 taun, mugi-mugi saya winantua ing nugraha, salajêngipun ambrêkahana dhatêng putra wayah dalêm lan sadayanipun.

[Grafik]

Ing dintên wau tanah jajahan sami ngluhurakên asma dalêm, saha sami mahargya, punapa malih para agung ingkang sami botên sagêd anjênêngi pahargyan wau tamtu sami adamêl utusan utawi wêwakilipun.

Angèngêti kaluhuran dalêm Sri Paduka Kangjêng Ratu Emah tumrap sadaya ingkang sampun kalampahan, andadosakên satunggiling tôndha saksi, bilih panggalih dalêm wau kapêksa ngrêksa dhatêng katêntrêman tuwin kawilujêngan. Mugi lêstantuna sapanginggilipun, sampun ngantos kirang satunggal punapa.

--- 966 ---

Wulang Sae

Bab Kasênêngan, Pakarêman tuwin Kanikmatan.

Tiyang punika mêsthi gadhah kasênêngan, pakarêman tuwin kanikmatan, awit punika pancèn pêrlu kangge bumbuning agêsang, dados pangarêm-arêming manah tumrap raosing ilat, utawi badan.

Ingkang dados pakarêman punika limrahipun bangsaning têtêdhan, kados ta: olah-olahan tuwin buah-buahan. Dene ingah-ingahan, têtingalan, abên-abên, ambêbêdhag tuwin main sapanunggilanipun, bangsaning dolanan punika kalêbêt kasênêngan. Sanajan nyambut damêl, sinau, maos buku, nyêrat, anggambar tuwin sapanunggilanipun, inggih dados bangsaning kasênêngan.

Ombèn-ombèn utawi minuman, sês rokok utawi apyun tuwin nginang, punika bangsanipun kanikmatan. Ingkang sampun kapratelakakên punika sadaya tumrap ing agêsang sagêd angindhakakên marêming manah utawi badan, awit tiyang gêsang ingkang sêpên salah satunggal saking tigang bab ing nginggil wau, gêsangipun tansah kêmba utawi susahan. Ananging sarèhning sadaya wau namung nama bumbu, dados prayoginipun gêsang punika namung nganggea samurwatipun. Manawi kaladukên sampun têmtu botên prayogi, malah trêkadhang ngrisakakên. Saminipun kadosdene olah-olahan, bumbu punika murugakên eca, ananging manawi kêkathahên ambibrahakên raos botên eca.

Mênggah ingkang nama kêkathahên punika sajatosipun angèl anggènipun matêsi, jalaran tiyang punika botên sami.

Ing kitab Kuran, wontên ungêl-ungêlan ingkang suraosipun: ing sajroning anggur (anggur atêgês sadaya inuman kêras) ana ala ana bêcik, amigunani utawa maedahi tumraping manungsa, nanging bêcike mau kasoran dening alane, liring sae makatên: manawi anggur wau pangombènipun kanthi murwat, têgêsipun, kalamasa manawi wontên prêlunipun tur botên kêkathahên, botên ngantos wuru (mêndêm) punika prayogi. Manawi kadamêl ajêg lajêng dados kabêtahan, punika anagihi, dados awon. Punapa malih yèn ngantos wuru, saya awon sangêt, awit kathah tiyang ngintên, inuman kêras punika sagêd ngicalakên atis. Ingkang makatên wau kalintu sangêt, ing sauwat (sagêdhagan) pancèn badan lajêng kraos bêntèr, jalaran otot-otot sami bênggang, êrah lajêng ngêmpal dhatêng kulit, lan malih urat-urating pangraos (zenuwen) sami ical, dayanipun kadosdene pêjah, satêmah botên sagêd angraosakên asrêping hawa malih. Bêntèring badan kathah ingkang muspra mêdal (nguwab) wêkasan adamêl kirang prayogi. Punapa malih manawi pinuju wontên ing panggenan asrêp, kadosdene ing parêdèn sasaminipun.

Sawênèh wontên ingkang gadhah pangintên, inuman kêras punika sagêd adamêl kiyat dhatêng badan, utawi sagêd ngicalakên sayah, punika gèsèh sangêt kalihan kayêktosanipun, awit tiyang nyambut [nyambu...]

--- 967 ---

[...t] damêl sanajan sampun kraos sayah, ingkang têmtu taksih gadhah kêkiyatan. Manawi lajêng ngombe inuman kêras, daya kêkiyatan kêkantunan wau lajêng mêdal sak kal, prasasat katumplêk sadaya, ing sagêdhagan kados rosa-rosaa, ananging wêkasanipun badan lajêng nglêmpuruk, labêt kaoncatan bayu.

[Grafik]

Tiyang ingkang pakarêmanipun apyun.

Tiyang ingkang kulina minum punika kêkiyatanipun prasasat wontên ing inuman. Yèn pinuju kêtagihan, sangsara sangêt, mèh sami kalihan kêtagihan tike, ingkang limrahipun lajêng botên sagêd anggulawat, botên doyan nêdha lan botên sagêd tilêm. Sagêdipun anjênggêlêk utawi anggulawat yèn dipun inumi malih. Awit saking punika sanajan wontên ing siti bêntèr utawi asrêp, tiyang-tiyang ingkang pangupajiwanipun ambujêng ulam lodan (Walvisch) racak-racakipun sami nyirik dhatêng inuman kêras wau.

Punapa malih kêladuking minum, sagêd adamêl mêndêm, ingkang nuwuhakên saru, utawi ngrisak, inggih punika ambibrahakên tatakrama, mila sarengating agami Islam, ngawisi sangêt sadaya inuman ingkang ngêndêmi, jalaran ngicalakên kaèngêtan, sanalika supe ing wajib, cêpak nêpsunipun, saha asring adamêl dadakaning tukar pabên. Mila makatên, awit kenging kawastanan tiyang minum punika mokal sagêdipun nêtêpi sarengating agami, sanajan Islama, Kristêna, utawi Budaa.

Kathah para dhoktêr ing Eropah, ngyêktosi inuman kêras punika kalêbêt dados sabab ingkang anjalari sêsakit ewah, sapanunggilanipun, tuwin lampah utawi tekad ingkang awon, kados ta: mandung, sasaminipun, saha malih wontên ingkang gadhah pangintên inuman kêras punika sagêd damêl rikating pangêjuripun têtêdhan ingkang wontên ing padharan, punika inggih kalintu malih, awit badan ingkang saras, sabibaring nêdha, lêt tigang jam utawi dangu-dangunipun gangsal jam, têmtu sampun lajêng kraos luwe. Sanajan yèn nêdha ngangge minuman samantên dangunipun wau, sagêd dèrèng kraos luwe. Ewadene rikating pangêjuring têtêdhan wau, rèhning prasasat ngangge kêkiyatan pêksan, jalaran nêpsu nêdha ginugah, dados kêkiyatanipun kapêksa tumindak malih, têmtu kêsuhipun kêlangkung-langkung ngungkuli limrahipun.

Milanipun prayogi ingkang ngatos-atos dhatêng inuman kêras wau. Botênipun nyirik babarpisan inggih sagêda nyêgah. Makatên ugi tumraping pakarêman tuwin kanikmatan sanès, inggih sampun ngantos dados têlukipun ingkang ngantos kenging dipun êrèh [ê...]

--- 968 ---

[...rèh] dening pakarêman, utawi kanikmatan, awit awoning sadaya pakarêman utawi kanikmatan, punika manawi sampun sagêd nêlukakên dhatêng tiyang ingkang gadhah pakarêman utawi kanikmatan wau lajêng dados ngrisak. Mênggah watakipun pakarêman tuwin kanikmatan punika manawi sampun linampahan sapisan utawi kaping kalih lajêng nêdha kaping tiga salajêngipun, yèn tansah dipun turuti, lajêng matuh dados kabêtahan ingkang nênuntun dhatêng katunan utawi karisakan.

Mila wusananipun atur pêpèngêt kula dhatêng ingkang karsa maos sêrat punika, sadaya-sadaya wau kêdah sampun ngantos nilar pamatawis.

Sumadirêja.

Pasar Gambir

Kados para maos sampun kathah ingkang sami uninga, bilih ing Batawi sabên taun dipun wontênakên karamean saha ingkang sinêbut: Pasar Gambir. Pramila dipun wastani makatên, jalaran papan panggenanipun karamean wau wontên ing alun-alun Gambir.

Badhe têmpuking dintên karamean Pasar Gambir wau samangke sampun cêlak sangêt. Ing ngriki pêpêthan utawi wêwangunaning griya los, panggung, bango-bango kangge dhasar sêsadean barang-barang tuwin bangsaning dhêdhaharan, punapadene pêpasrèn, ingkang adi aèng anêngsêmakên tiningalan tuwin sanès-sanèsipun, sanadyan dèrèng samapta babarpisan, nanging para maos sagêd mirsani gambar-gambar punika, wusana tamtu lajêng sagêd angintên-ngintên: wadhuh- gèk badhe kadospunapa rame sarta asrining sawangan ingkang tansah andudut manah.

Pramila para sadhèrèk tuwin para priyantun ingkang cêlak saèstu badhe kalêksanan nyatakakên piyambak benjing têmpuking Pasar Gambir wau, dene tumrap ingkang sami têbih-têbih padunungan utawi padalêmanipun, sampun kuwatos, tamtu inggih badhe sagêd tumut amirsani, ingkang prasasat anyipati (nguningani) piyambak, sabab pun Petruk sagah badhe adamêl wawasan ing bab kawontênan wau, tur kajawi kanthi taliti anjalimêt, botên kantun sinalundhingan ing lêlucon, ingkang sakalangkung amranani. Dados cêkakipun, pun Petruk niyat ingsun dados wakil sêsulih panjênêngan sadaya para sadhèrèk, para priyantun, para sudagar lan sasaminipun, anjêmbarakên polatan, ingkang salajêngipun badhe adamêl suka pirênaning panggalih tuwin anuntuni kabêgjan lan kautaman.

Mênggah ingkang makatên punika, sintên ingkang dèrèng kaparêng sami dados mitra namanipun pun Kajawèn, dipun enggal cekat-cèkêt lajêng amundhuta dados langgananipun tumuntên.

Sadaya ingkang kasêbut ing nginggil punika namung atur salugu, sanès satunggiling pangiming-iming saha inggih sanès têmbung balondrongan. Môngga, bêbabasan:bêbasan. ala gêlar, dene yêkti.

--- [969] ---

Pasar Gambir

[Grafik]

Pasar Gambir sampun mèh bikak, panjênêngan sadaya tamtu badhe sagêd amirsani karamean wau, ingkang anênarik manah tuwin angindhakakên jêmbaring polatan.

[Grafik]

Nginggil punika gambar papaning griya-griya ing Pasar Gambir. Dene ing sisih têngên punika gambaripun kori gapuraning Pasar Gambir ingkang sisih kilèn.

[Grafik]

Sisih kiwa patamanan ing samadyaning Pasar Gambir. Ing wingking kori gapura.

[Grafik]

Katingal anèh, sabab kapoto saking sanginggilipun manara. Ingkang katingal sanès manaranipun, nanging namung wêwayanganipun.

--- 970 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Tata Ngadatipun Têtiyang Siti Tanah Gêduwang

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.

Mênggah tata ngadatipun têtiyang siti tanah Gêduwang kados ingkang kajèlèntrèh ing ngajêng wau, jaman samantên inggih lêrês nama sagêd nyuda kaborosan tumrap anggêmèni barang darbèkipun piyambak, nanging pinanggihipun têka sagêd nuwuhakên rêrêsah. Kenging dipun pêsthèkakên, sabên dhawahing wulan ingkang dados môngsa pacêklik wau, têmtu kathah lampah kadurjanan, pandung, begal sasaminipun, obong-obongan griya ugi pakarti kadurhakan prasasat sabên dalu wontên. Sirêping rêrêsah yèn ngadat pacêklik wau sampun tutup (môngsa panèn pantun).

Nanging kawuningana, jaman sèkêtan taun mrika, samantên kula nyipati piyambak, lampahing pajagèn tumrap tata têntrêm umum ingkang dados kuwajiban pulisi, nama taksih gampil-gampilan sangêt, makatên malih, wontênipun punggawa pulisi punapadene tumindaking pajagèn tata têntrêm umum, ugi taksih sakêdhik sangêt, kadugi namung saparadasanipun kalihan kawontênan ingkang tumindak jaman samangke punika. Kala rumiyin sabên sak ondêran dhistrik ingkang dipun wêngkoni watawis pasitèn 6-8 pal pasagi wiyaripun, môngka pulisi namung dipun wontêni: mantri gunung satunggal, carik satunggal tuwin jinêman kalih, sabên dintênipun padamêlan ingkang dipun tindakakên namung paprentahan praja magrok ing kantoran, kêcêkapipun tindak wau sarana pambiyantunipun bêkêl-bêkêl dhêdhusun ingkang dipun wêngkoni. Priyantun pangagêng dhusun sanèsipun ugi dipun wontêni kathah, kados ta: pangkat panèwu, mantri, dêmang, rôngga tuwin pratinggi, mèh sabên 2-3 dhusun dipun wontêni satunggal, ananging sadaya wau botên kawajibakên dhatêng padamêlan pulisi babarpisan, padamêlan ingkang dipun wajibi namung nindakakên pakaryan tanêman kopi, dados panggaotan kagunganipun nagari Mangkunagaran. Panjagi tata têntrêming dhusun-dhusun, prasasat cêkap namung wontên wêwênanging bêkêlipun dhusun ngriku piyambak-piyambak. Makatên malih, priyantun-priyantun sadaya wau, botên wontên ingkang wêdalan saking pamulangan utawi wêdalan saking Sala (kitha Mangkunagaran), ananging sami angsal silah priyantun dhusun ingkang nalika alitanipun kemawon sawatawis wulan laminipun suwita minôngka magang wontên praja, makatên salajêngipun turun-tumurun, mila karanipun ingakathah sinêbut: priyantun patuh, namung panèwu tuwin mantrinipun dhistrik (kala rumiyin nama panèwu utawi mantri gunung) punika ingkang kêdah wêdalan pawiyatan saha asli priyantun salêbêting kitha.

Bôngsa Tyonghwa ingkang dêdunung ngriku, namung satunggal sabên sakadhistrikan, inggih punika paktêrcandu ngiras têbas prabeya potong gurung (pamragat rajakaya). Bôngsa Walandi wontên satunggal, inggih punika pangagênging pakaryan tanêm kopi kagungan nagari. Sêkolahan punapadene pakêmpalan-pakêmpalan, [pakê...]

--- 971 ---

[...mpalan-pakêmpalan,] saya dèrèng paja-paja wontên. Têtumpakan ingkang wontên sawêg kapal, bilih tumrap priyantun utawi pangantèn èstri: lampahipun numpak: tandhu utawi krêmun karêmbat ing kuli. Marginipun kangge langkung ing bênawi taksih lampah baita, sapraja Surakarta dèrèng wontên sapanggenan kemawon margi sabrangan bênawi ingkang dipun karêtêg.

[Grafik]

Ilèn-ilèn toya (irigasi) ing laladan Wanagiri, jaman kamajêngan.

Mangsuli bab tangadattata ngadat. têtiyang siti tanah Gêdawung, sarêng sampun ngancik jaman kamajêngan, watawis kawan dasanan taun sapriki, untap-untapan kalihan jumênêngipun Kangjêng Gusti Mangkunagara VI ngasta pusaraning praja. Kabêkta saking santun-santuning tatanan praja punapadene ewah-ewahan enggal tumrap sêsanggènipun kawula ing sapraja Mangkunagaran, kados ta: (tumrap tanah Gêduwang kemawon) panggaotan nanêm kopi wiwit rucat botên dipun wontênakên malih. Sadaya priyantun pangagêng dhusun, punggawa paprentahan praja tuwin sapanunggilanipun dumugi bêkêl dhusun, kêdah pêndhêtan saking nagari ingkang wêdalan pawiyatan kanthi dinadar kasagêdanipun. Pajêg bau kuli dhusun kasuwak santun dados pajêg arta. Botên dangu lajêng pranatan siti komplet. Pangkat bêkêl kaicalan santun dados kapala dhusun, racak-racak inggih pêndhêtan saking nagari wêdalan pawitanpawiyatan.

ugi. Botên dangu malih lajêng dipun wontêni sêkolahan warni-warni. Nuntên gagrag mapas rema (gundhul), saya lami lampahing kamajêngan sangsaya [sangsa...]

--- 972 ---

[...ya] ngangsêg. Bôngsa Tyonghwa, têtiyang saking kitha kathah ingkang sami dêdunung ing tanah Gêduwang. Wasana lajêng tuwuh ada-ada pakêmpalan warni-warni, gagrag enggal saya majêng-majêng. Lah punika tata ngadat angwontênakên môngsa pacêklik wau lajêng wiwit suda kêlimrahipun, saking sakêdhik têtiyang siti ngriku sampun botên prêlu nganggèkakên malih, kantun saperangan alit kemawon ingkang taksih ngangge utawi damêl môngsa makatên wau. Wontênipun rêrêsah kadurjanan, obong-obongan griya sasaminipun, kenging dipun wastani sampun sirêp, nanging lajêng têtumpakan motor bis sabên dintên kesah dhatêng tanpa towong. Bênawi ingkang kangge langkung sampun dipun wontêni karêtêg santosa.

Dumugining jaman sapunika, tata ngadat tanah Gêduwang kina wau sampun sirna babarpisan, tabêtipun kemawon prasasat sampun botên wontên, nanging lajêng santun ngangge tata ngadat gagrag kaum mudha sadaya kados ingkang limrah kangge pundi-pundi panggenan. Namung dumugi samantên cariyos bab tata ngadatipun têtiyang siti tanah Gêduwang jaman rumiyin ingkang pantês dados gotèk ing Kajawèn ngriki, lowung kangge pêpak-pêpaking waosan. Sukur bilih prêlu kenging kadamêl pêpiridan, jêr tata ngadat makatên sanadyan paedah sagêd nyuda kaborosan, nanging yèn pinanggihipun sagêd nuwuhakên rêrêsahan umum, dadosipun malah langkung saking tindak kaborosan, wasana nyuwun pangaksama para maos.

P.K. 585

Pasar Malêm Nasional ing Surabaya

[Grafik]

Sêsawangan bango komite nuju pasar malêm Nasional ingkang kaping III ing Surabaya.

--- [973] ---

[Iklan]

--- 974 ---

Panggulawênthah

Cacad Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.

Tiyang èstri wau paribasanipun swarga lan naraka nunut. Dados awon lan sae wau namung dumunung ing tiyang jalêr.

Sok wontên ugi trêkadhang ingkang jalêr cul bidhal dhatêng kantor (nyambut damêl) ingkang èstri lajêng blas kesah dhatêng tôngga utawi dhatêng sanèsipun, yèn ta prêlua, tiyang inggih botên. Dadosa kesah bok inggih manah wingking, sêdhiyanipun ingkang jalêr mangke yèn dhatêng saking padamêlan. Sadhatêngipun ing panggenan ngriku prêlu ngêlus-êlus bok lara lèmpèng alias kucing dèngkèk upaminipun. Yèn botên inggih namung ngêcuwis, ngrêmbag ini dhan itu, ngantos kasupèn griya ingkang dipun tilar wau. Kangge pawadan ing griya aras-arasên utawi botên wontên damêl, alkamdulilah, mokal yèn ing griya sêpên padamêlan, kok inggih tanpa akal, masa inggih griya botên wontên padamêlan. Bok yèn kirang padamêlan mirsanana utawi ngomêndiri anggènipun olah-olah kokinipun, utawi maos-maos buku punapa koran, punapa punika sanès padamêlan, tur ngindhakakên sêsêrêpan ingkang maedahi, utawi yèn wanita ingkang pintêr nyulam utawi bordhir lan sasaminipun, bok inggih puruna uthak-uthik katimbang aras-arasên. Saèstu botên badhe sêpên yèn purun tumandang.

Dene mangke ing wanci sontên sami jêjagongan jalêr èstri sinambi ngombe wedang, ugi botên sêpên ing rêmbag. Kados ta ingkang jalêr nyariyosakên bab padamêlan kantor lan sapanunggilanipun. Dene ingkang èstri bab padamêlan griya lan bêtahing sabên dintênipun, tuwin kasambi jarum-jarum utawi nyulam-nyulam. Kajêng kula ngrêmbag padamêlan griya lan bêtah punika wau, kêdah dipun reka lan dipun timbang têtiyang kalih amrih dados saenipun. Langkung prayogi nitipriksa kasbuk, cathêtan wêdalipun arta ing dalêm sadintên-dintênipun. Bokmanawi wontên bêtah ingkang kirang prêlu kenging kasuwak, awit ngakathahi wêdalipun arta, ngèmuti ing samangke jaman susah, kêdah kasbuk sakêdhap-sakêdhap dipun titipriksa, karêmbaga tiyang kalih. Bilih botên wontên ingkang karêmbag malih, mugi samia mados sêrat kabar, supados anguningani obah-osiking jaman.

Punapa ingkang kula sêbutakên ing nginggil wau, sampun nama padamêlan ingkang suraos ngirangi rêmbag ingkang botên-botên, nanging mangke gèk dhong jêjagongan ing ngèmpèr ngajêng, môngka wontên tiyang langkung ingkang sampun têpang, wusana lajêng nyariyosakên, bilih botên rêmên utawi kirang mathuk dhatêng tiyang ingkang nêmbe langkung wau, amargi tiyang wau rêmên main, upaminipun, dene piyambakipun botên. Punapa malih lajêng pangrêmbagipun ngrambyang-ngrambyang ingkang ngêmu raos botên sakeca, hla punika kula ingkang tobat saèstu. Têka angsal kemawon [kema...]

--- 975 ---

[...won] ingkang dipun rêmbag wau. Makatên wau sampun anandhakakên bab gêthingan. Bok inggih sakajêngipun, tiyang rak gadhah kasênêngan piyambak-piyambak. Dados botên prêlu gêthing sasamining tumitah. Wondene botên rêmên dhatêng pandamêl wau (main) sampun tumut anglampahi, sampun anggêthingi tiyangipun, punika kirang prêlu. Punapa yèn sêsrawungan kalihan tiyang rêmên main lajêng dados sagêd, punika botên badhe, niyat ingkang dados. Yèn niyatipun botên badhe main, rukuna kados punapa inggih botên badhe sagêd.

Prakawis anggêthingi tiyang main, sampun kangge tuladha. Kula badhe mêndhêt tuladha malih, inggih punika pêngolok dhatêng agami utawi pangkat.

Agami utawi pangkat punika, ingkang wajib (wênang) nglampahi inggih sintên ingkang rêmên lan panci gadhah kaantêpan dhatêng punika wau, botên kenging lajêng sami olok-olokan, utawi mêmada. Upami wontên satunggiling tiyang agami Islam lajêng ngolok-olok tiyang agami Kristên, ing sêmu nyêpèlèkakên, mêmada lan ngasorakên, botên purun sêsrawungan tur botên rukun. Botêna sêsrawungan punika, yèn botên katawis sêngitipun, tiyang ing sêmu malah dipun sêngaja. Samantên ugi pangkating satunggal-satunggaling tiyang. Wontên kemawon tiyang ingkang botên rêmên dhatêng pangkat pangrèh praja (B.B.) lajêng kawêdal pangolok ingkang damêl sêriking manahipun ingkang nglampahi. Kula nate mirêng pitakenan makatên: yagene kok dadi guru, wong sêkolahanmu biyèn ana ing pamulangan calon priyayi pangrèh praja. Wontênipun pitakèn wau têmtunipun kirang mangrêtos dhatêng sabab-sababipun. Hla dipun pitakèni makatên kemawon wangsulanipun têka nyênêpakên padharan. Hla bok inggih cariyos kemawon yèn botên rêmên pangkat punika, kados rak sampun cêkap ta. Nanging wangsulanipun beda sangêt, makatên: bok dibayar pirang atus, yèn nganti dak lakoni. Sapa sing gêlêm, wong sabên-sabên dikon ngesot sila pirang-pirang jam, tur ora kêndhat ing sêmbah. Mêngko yèn kêbênêr kabupatèn ana gawe sing wadon dibênum dadi koki ora wêruh jawane jaga dhapur, barêng sing lanang yèn isih cilik pangkate dibênum dadi jongos, asah-asah piring sapanunggalane. Môngka ingkang pitakèn wau ugi apangkat kasêbut. O, têka inggih kasangêtên, yèn ta botên rêmên bok inggih botên susah kêkathahên cingcong, mindhak andadosakên botên sae. Badhe kasambêtan.

R.A.S. Pacitan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3064 ing Warujayèng. f 1.50 ingkang kakintun ing wulan Mèi punika tumrap kuwartal kaping kalih= (botên kangge Mèi dumugi Juli) awit panjênêngan kapetang dados lêngganan wiwit wulan Juni 1931, dados wangsulan ing Kajawèn sampun lêrês.

--- 976 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Adêgipun H.B.S. tuwin A.M.S. Nasional

IV

Garèng : Ora, Truk, nèk aku kèlingan nyang dongèngmu ing bab lêlakone Kangjêng Nabi Musa s.a. karo para kawulane, sing banjur dicaritakake, yèn para kawulane mau ngêboti kênthang bêstike katimbang karo kamardikaning uripe, lo, kuwi aku kok gumun sasayahe. Awit ing jaman samono kuwi jarene kêna diarani walikane jaman saiki. Kala ing jaman samono, sing disêbut jêmpolan, kuwi iya para sing ngêdohi dunya brana lan sing dhêmên tapabrata, têgêse: ora dhêmên mrada... tlêponge. Mulane jaman samono, para pêng-pêngan iya padha barès-barès, tur iya lôngka bangêt sing padha nonong... wêtênge. Beda karo jaman saiki, jaman materialis, lan jaman nyara buta, têgêse: jaman mata dhuwitên, lan jaman gêndhut-gêndhutan wêtêng, sing diarani bôngsa jêmpol, iya sing gêdhonge pating pêthuthuk nyang ngêndi-êndi, tur sing bisa nunggang motor: tlêsêr, tlêsêr, ngono kae, apa manèh wêtênge, lanang wedok kudu ora kêna ana bedane, loro-lorone kudu sawayahe wong mitoni kae.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, ambok aja sok sêmbrana mêngkono. Kang Garèng, sanadyan ing jamane Kangjêng Nabi Musa s.a. durung jaman mata dhuwitên sarta ora pati nêngênake mênyang lèkêr-lèkêran kaya jaman saiki, nanging ora beda karo jaman saiki, kala samono iya ana golongan sing pancèn asor lan ana sing luhur bêbudène. Sapa wêruh, nèk para kawulane kangjêng nabi mau pancèn padha asor bêbudène. Nèk sing pancèn dhuwur têmênan bêbudène, iya têmênan aluwung mati katimbang ilang kamardikane. Aja manèh nganti kelangan kamardikane, wong isin bae iya êmoh-êmoh têmênan, nganti bisa dilakoni ngêndhat tali murda, lo, kuwi nèk bôngsa jêmpolan ing jaman kuna. Nanging ambokmanawa, carane angrasakake lêlakon sing ina utawa ala

--- 977 ---

lan saru kuwi ing jaman kuna luwih ngêthèl katimbang ing jaman saiki. Nèk wis sapisan anglakoni barang ina, barang ala utawa barang saru, iya banjur diêcap bae sajêge urip ana ing dunya kene...

Garèng : Kiraku omongmu kiyi ana bênêre, Truk. Sajake kalakuan sing dhèk biyèn dadi pangewan-ewan sajêge urip, saiki mung dianggêp si- pil. Anggone diarani: ala, nistha, ina lan sapadhane, kuwi mung sabrêgadagan bae, nèk uwis iya u... wis, apamanèh nèk katon anjalêgêdhag, kalakuane ala sing biyèn-biyèn, wis dilalèkake babarpisan, sabanjure sing dikatonake mung anjalêgêdhage. Kaya ta: rikalane durung duwe apa-apa, sabên uwong sing wêruh, padha arêrasan: hla, kae wong nistha, wong saru, wong ora idhêp isin, ora prêduli sarana this-thisan, ora prêduli karam, ora prêduli kêjêm, paribasane: sanadyan kêdhêle twèdhêhan (tweedehandsch) dicuthiki manèh, pathokane anggêr bisa mundhak puluse bae. Wong kaya ngono kuwi ora prêlu diêmori, najis. Lo, mêngkono garundêlaning wong, Truk, nanging iya salawase sing digarundêli mau isih mlarad, nèk wusanane wong kiyi banjur duwe motor, apamanèh nèk nuli bisa yasa omah sing ambalindrik, wong-wonge iya banjur padha salin programah bae, unine: kae, lo, wong jêmpol, wong kampi, cara Inggrise bangsane: sèlêp mid mèn (self made-man) têgêse: wong kang olèh kaluhuran sing jalaran saka pambudidayane dhewe. Hara, alane sing biyèn: tindak kêjêm, ora mrêduli nyang barang karam, lan sapêpadhane, barêng wonge mau wis anjênggarang, banjur ilang babarpisan, nanging banjur malih: diaji-aji, dipundhi-pundhi, dijêmpol-jêmpol, lan sapiturute. Mulane iya ora salah, nèk jaman saiki kiyi diunèkake: panganggêp ala kuwi mung saprepedan. Apa manèh bab nyolong dhuwit, lo, kuwi sajake rada sêtêngah dikalalake, kaya ta: saiki dhêl ngantêm samene atus èwu. Sabab salah iya banjur: bluwêng, dilêbokake nang hotèl prodheo, nanging samêtune iya banjur: cègêr, olèh panggonan sing kêpenak manèh. Hara, apa alane kiyi ora mung saprepedan. Jajal saupama jaman biyèn, duwe laku sing kaya mêngkono kuwi, sajêge urip iya wis diêcap: wong- prê-ngus...

Petruk : Rak malah apik, ta, Kang Garèng, anandhakake yèn manusa kuwi sathithik-sathithik cara santrine mèlu-mèlu anduwèni sipat: Rohman, lan Rohim, têgêse: dadi anduwèni watak: wêlas lan asih. Kayadene omongmu ing ngarêp, kalane isih mlarad, carane golèk dhuwit iya sarana mêrêm, nganti dadi rêrasaning uwong, nanging barêng wis sugih dadi pangalêman, sapa wêruh yèn anggone tindak nistha kalane isih mlarad mau, barêng wis sugih banjur ditêbusi sarana: dhêmên driyah, budi bêcik, lan sapiturute. Mêngkono uga wong sing ngantêm krama atusan ewon, kang

--- 978 ---

wusana banjur ditulung pagawean manèh. Lo, kiyi rumasaku rak iya wis adil bangêt, awit, wong iya aran manusa, wis mêsthi bisa lali. Lali samênit kuwi pancèn iya nyata, sok bisa nuwuhake laku ala sing ora karu-karuan kae. Wis mêsthine wong mau iya kudu diukum, nanging nèk salahe mung samênit mau, banjur diukum sajêge urip, mêngko rak jênêng ora adil.

Garèng : Iya jalaran sing ngono kuwi, Truk, mulane saiki laku ala, laku nistha, laku ina, laku bangsane dur banjur mung diènthèngake bae. Seje karo jaman biyèn, wong luput kuwi malah ana sing nganti diukum turun-maturun, mulane ing jaman biyèn kuwi wonge iya ngati-ati bangêt, aja nganti tindak sing ora bêcik, awit paukumane sok nganti têkan anak putune. Mulane ing jaman biyèn, buwèn kuwi disingkiri kayadene panyakit kolerah bae. Nanging nèk jaman saiki, malah ana sing nganggêp: brêgas. Mêtu saka buwèn, kayadene: satriya sing mêntas tumurun saka pratapan, nganti sok banjur dipuja-puja kayadene ... topik kong.

Petruk : Wiyah, wiyah, iki rak seje bab manèh. Wis, wis, rêmbugane padha dipunggêl samene bae dhisik, liya dina dibanjurake manèh.

Tèntun sêtèlêng ing Den Haag

[Grafik]

Kawontênanipun kolonialê tèntunsêtèlêng ing Den Haag ingkang dipun rawuhi dening Paduka Prins Hendrik (1) saha tilas ministêr Welter (2).

--- 979 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Bupati Rêmbang tampi bintang. Kala tanggal 25 Juli R.M.A.A. Joyo Adiningrat, jumênêng bupati ing Rêmbang sampun 20 taun, mila ing dintên punika ing kabupatèn dipun wontêni pahargyan sarta panjênênganipun ingkang bupati tampi nugraha saking pamarentah, awujud bintang jêne agêng minangka tandha kasêtyanipun dhatêng nagari.

Cokorde Gde Sukawati. Tuwan Sukawati ingkang dhatêng Eropa prêlu nyinau kawontênanipun tanah Eropa lan ngawat-awati para tiyang Bali ingkang sami dhatêng Eropa prêlu mitongtonakên kagunan jogèd, sampun wangsul mawi numpak baita "Marnix". Tanggal 28 Juli Tuwan Sukawati dumugi ing Bêtawi. Samêdhakipun saking kapal lajêng tumut kêmpalan ing Raad Kawula dados warga golongan P.E.B.

Tingalan dalêm. Kala dintên Rêbo Paing ingkang mêntas kapêngkêr punika kalêrês tingalan dalêm taunan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. Para bandara pangeran tuwin abdi dalêm sadaya sami sowan kados ingkang sampun-sampun, jam 9 sampun rame wontên ing pasowanan piyambak-piyambak.

Jam 10 sampeyan dalêm lênggah siniwaka wontên ing bangsal kancana ngagêm kaprabon tuwin upacara kados adat. Tuwan gupêrnur nuntên lumêbêt ing kadhaton kadhèrèkakên para ambtenaar, tuwin kumêndhan ing loji agêng saopsiripun, Walandi kabudidayan lan sapiturutipun. K.G.P.A.A. Pakualam sasêntana dalêm ugi lumêbêt ing kadhaton. Sarêng sadaya sampun atata lênggah, ajat dalêm kawiyosakên, saking dhawuh sampeyan dalêm lumadosipun unjukan dalêm wedang tèh lan tarces. Samunduring pangunjukan dalêm, tuwan guprênur sapandhèrèkpun lan tuwan-tuwan pamit kondur, sampeyan dalêm jêngkar, dene para bandara pangeran lan abdi dalêm sasampunipun nyêpêng ajat dalêm ugi lajêng bibaran.

Kabêsmèn agêng ing Borneo. Nalika dintên malêm Kêmis ingkang mêntas kapêngkêr punika ing pêkên Baru (kitha Banjarmasin) wontên kabêsmèn agêng, griya ingkang kêbêsmi wontên 9 kontên, dene barang-barang ingkang katut kabêsmi sadaya wontên rêrêgèn f 15000, nanging sadaya katanggêl dening assurantie. Kajawi punika ubaling latu agêng ugi ambêsmi barang-barang gadhahanipun tiyang dagang ngantos wontên rêrêgèn f 25000 nanging ingkang sabagean ugi katangêlakênkatanggêlakên. dening assurantie.

Examen pamulangan Hakim Inggil. J.J. Poublon lulus candidaatexamen ingkang kapisanan. R.M. Hapsono Wrêsniwiro lulus candidaat examen ingkang kaping kalih.

Nyonyah doktêr Sunini Murjani. Nyonyah doktêr Sunini Murjani sampun pikantuk idi saking pangagêng D.V.G. nindakakên praktik wontên ing kitha Magêlang. Dhatêngipun ing kitha wau dipun tampi komite saking Kinderêorg en Geêondheidsleer wontên ing griyanipun Tuwan Joahari, pangarsa pakêmpalan wau. Priyantun ingkang tumut angurmati dhatêngipun nyonyah doktêr wau kakung putri wontên satusan.

Guru-guru A.M.S. partikulir ing Surakarta. Miturut kabar ingkang badhe dipuri wisuda guru mulang basa Jerman ing A.M.S. partikulir ing Surakarta, inggih punika: Tuwan Mr. B. van Cin, dene ingkang badhe kadadosakên guru mulang basa Walandi Tuwan Dr. J.H. Bavinck anggêntosi Tuwan Sujadi, ingkang lajêng badhe kapasrahan mulang pangajaran sanèsipun. Mênggah ingkang badhe mulang wiskunde: Tuwan Sutaya.

Pamulangan enggal punika wiwitipun kabikak benjang tanggal 1 Sèptèmbêr 1932.

Kuli kontrakan ing Sukamandi. Dintên Rêbo tanggal 28 Juli wontên angkatan tiyang jalêr èstri kiranglangkung wontên kalih atusan saking distrik Cicalêngka lan Garut dhatêng kontrakan ing Sukamandi bawah Subang, prêlu badhe nyambut damêl ing kontrakan ngriku. Dene padamêlanipun inggih punika damêl bênang sutra saking sêrat nanas. Tiyang-tiyang wau anggènipun sami dhatêng nyambut damêl ing Sukamandi saking kajêngipun piyambak, botên mawi prajanjian punapa-punapa. Anggènipun nyambut damêl kabayar borongan, miturut angsal-angsalanipun.

Têtandhingan waragad. Wontên satunggiling mantri inlichter damêl têtandhingan, kawrat wontên ing S.O. suraosipun makatên: wontên inlichter tiyang siti lan wontên inlichter Wêlandi, padamêlanipun sami, nanging balanjanipun beda. Tumrap tiyang siti, kathah-kathahipun f 70.- manawi Walandi f 325.-. Waragad mlampah, tiyang siti f 2.50.- tumrap sêpedhah, utawi f 12.50 tumrap kapal, tumrap Walandi f 30.- f.70. utawi manawi dados controle f 90.- tuwin taksih wontên têtandhingan sanès-sanèsipun malih.

Tindak nandhing-nandhingakên punika nama sampun limrah, luwung kenging kangge anjêmbarakên wawasan.

Rawa Pêning ing Ambarawan.Ambarawa. De Locomotief martosakên bilih rawa Pêning ing Ambarawa ing wêkdal samangke badhe kangge ngingah ulam ingkang gêsang ing toya tawa. Rawa wau ugi sampun kapriksa kawontênanipun dening punggawa consulent sarta punggawa wau ugi sampun pados katrangan ingkang prêlu-prêlu. Benjang wulan Sèptèmbêr rawanipun badhe wiwit dipun rêsiki lan dipun lêbêtakên sarta dipun icali ulam-ulamipun ingkang dados ama.

Manawi niyat punika èstu dipun lêksanani mêsthinipun kenging kangge mitulungi nyukani padamêlan dhatêng tiyang angguran.

Wangsulan kuli kontrakan. Miturut kabar nalika tanggal 28 Juli kapal "Van Treub" pangkat saking Medan ambêbtaambêkta. kuli-kuli sabatihipun gunggung wontên 863 tiyang badhe kawangsulakên dhatêng tanah Jawi. Salajêngipun mêsthinipun sampun botên badhe wontên angkatan kuli kontrakan dhatêng Medan malih.

--- 980 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

29.

Sarêng Suwita sampun katog anggènipun nangis, lajêng tilêm wontên pangkoning biyungipun. Nanging sarêng kasèlèhakên, nangis malih, makatên wau ngantos wongsal-wangsul, ngantos mèh byar, têntrêm-têntrêm sarêng Radèn Ayu Prawira tumut ngêloni wontên ing ngriku.

13. Uwal saking gênggêman

Enjingipun, Radèn Ngantèn Sumarta taksih enjing sampun rêrêsik ngajêngan, langkung enjing tinimbang padatan, awit sêlak badhe kesahan. Sarêng sampun rampung anggènipun rêrêsik lajêng dandan, saha matur dhatêng Radèn Ayu Prawira badhe dipun dhèrèkakên dhatêng kantor pos.

Wangsulanipun Radèn Ayu Prawira: Prêlune apa ta dhuk, aku kogawa-gawa mênyang kantor pos.

Inggih prêlu panjênêngan piyambak, badhe napak astani sêrat kalawingi. Sanadyan panjênêngan namung sagêd sastra Arab, inggih kenging. Môngga ta tumuntên bidhal, punika sampun siyang.

Ana apa ta Dhuk, kêsusu-susu.

Anu bu, badhe rêmbagan kalihan tuwan pangagêng pos rumiyin, awit nama rêmbagan ing sajawining prêlu, inggih punika nyuwun pitulung supados gampil sagêdipun nampèni sêrat wau. Mokal saupami panjênênganipun botêna purun mitulungi.

Radèn Ayu Prawira lajêng dandos, sarêng sampun rampung lajêng bidhal, nanging taksih katingal anggènipun grunêngan, ngantos dipun êruh-êruhi mantunipun: Ingkang panjênêngan wêgahi punapanipun, ta bu.

Wangsulanipun: Satêmêne aku rada ulap mênyang Lônda, la wong ora kêna luput sathithik bae banjur gêdrug-gêdrug, muni-muni.

Radèn Ngantèn Sumarta ing salêbêting sêdhih ngantos sagêd ngengisakên gujêngipun. Lajêng mangsuli: Inggih botên sabên Walandi kados makatên. Manawi prakawis mungêl-mungêl, kasaripun punapa ngungkuli ungêlipun bapakipun thole manawi nuju wontên ing griya.

Iya bênêr: dhuk, bojomu yèn wis nêpsu iya prêdam-prêdom kaya Walônda, kuwi wis lunyu saka dadi pakulinan.

Nanging bu, tumrap Walandi ingkang sae, ingkang ambêg susila, tamtu botên purun gadhah tindak kados makatên, saya malih ngucap kasar wontên sangajênging wanita, punika lumuh babarpisan.

(Badhe kasambêtan)

Pêkên Kewan

[Grafik]

Untabipun têtiyang sade tinumbas kapal ingkang ajêg kawontênakên ing sabên taun ing Middelburg Nèdêrlan.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka: 64, 6 Bakda Mulud Dal 1863, 10 Agustus 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Bogor - Katrangan Bab Pamrayogi Isinipun Volksalmanak Jawi - Nglêluri Sêkar Wijayakusuma - Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok - Grahana - Cacad Jawi - Bata ingkang Angsal Jêjuluk Raja Sêpatu Ngajal - Pangeran Adipati Siyêm dumugi Tanah Jawi - Bab Darmawisatanipun Para Jurnalis - Kasangsaran Mêsin Mabur - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Bogor

[Grafik]

Sêsawangan salêbêtipun Kêbon Raja ('s Lands plantentuin) ing Bogor.

--- 998 ---

Pawartos Wigatos

Katrangan bab pamrayogi isinipun Volksalmanak Jawi.

Kantor Bale Pustaka tansah tampi pamrayogi saking Jawi, supados Volksalmanak Jawi dipun cap mawi aksara agêng, amargi aksara ingkang dipun angge ing sapunika kalitên, manawi dipun waos kirang cêtha, saya tumrap para sêpuh, saya rêkaos. Kajawi punika ugi wontên pamrayogi, supados dipun isèni petangan.

Ing bab punika, Bale Pustaka ngaturakên gênging panuwun dhatêng para ingkang kagungan pamrayogi wau, awit raosing panggalih pamrayogi dhatêng Bale Pustaka, malah adamêl suka bingah, dening Bale Pustaka lajêng badhe sagêd nindakakên saprêlunipun.

Mênggah ing bab aksara alit, punika pancèn sampun dangu dados rêmbag wontên ing Bale Pustaka, lan pancèn dipun akêni mênggah kiranging prayoginipun. Nanging kadospundi, saupami Volksalmanak wau dipun santuni aksara agêng, sudaning isinipun bokmanawi wontên sapalih piyambak. Bab makatên punika tamtunipun botên adamêl rênaning para maos.

Manawi dipun cap mawi aksara agêng, ingkang isinipun kadamêl sami, kados isinipun cap-capan aksara alit, kandêlipun tamtu badhe tikêl, lan Bale Pustaka kêpêksa badhe ngindhakakên rêginipun. Ingkang kados makatên punika tamtu botên dipun sayogyani dening para ingkang sami mundhut.

Ugi wontên pamrayoginipun Bale Pustaka ingkang pinanggihipun botên badhe nyuda isi tuwin botên mêwahi kandêlipun, inggih punika manawi dipun cap mawi aksara Latin. Nanging pamanggih makatên punika inggih dèrèng tamtu anocogi kalihan panggalihaning ngakathah, pinanggihipun namung nuwuhakên sêmang-sêmang.

Mila ngantos sapriki, pangêcapipun kalêstantunakên kados sapunika.

Ing bab punika para maos Volksalmanak kaparênga nglairakên pamanggih wontên ing kalawarti ngriki, kadospundi prayoginipun.

Dene ing bab petangan, ing Volksalmanak Jawi ajêg ngêwrat, nanging pangêwratipun gêntos-gêntos.

Wusana bab sadaya wau, andadosna kauningan, saha nyumanggakakên.

Pawartos saking administrasi

Lêngganan nomêr 298 ing Kauman, Sala. Tumrap kuwartal 4.

Lêngganan nomêr 4003 ing Masaran. Pos wisêl sampun katampi. Nuwun. Landrechtreglement botên sade. Reglement tumrap tiyang ewah, sampun têlas.

--- 999 ---

Cariyos Kina

Nglêluri Sêkar Wijayakusuma

Nalika jamanipun kula taksih sêkolah nate dipun dongèngi guru kula, bab mulabukanipun para nata ing nuswa Jawi wiwit jaman purwa ngantos dumugi sapriki sami nglêluri pusaka pêpundhèn Sêkar Wijayakusuma, dene dêdongenganipun makatên:

[Grafik]

Sagantên Kidul sacêlakipun Nusakambangan, Cilacap.

Kacariyos Prabu Sri Bathara Krêsna, putranipun Prabu Basudewa, ing nagari Mandura, titisipun Sang Hyang Wisnu, kagungan pusaka Sêkar Wijayakusuma. Sri Bathara Krêsna kalihan para Pandhawa sami lêlana pitêr puja dhatêng dhusun ingadhusun, anjajah tanah ngamônca nagari mrih trawacaning cipta anggèning ngancas kamuksan, amêmuja angèsthi ayuning bumi, widada tumrahing wuri, tinêbihna sambekala, tulusa mêngku wibawa ambawani nuswa Jawi, sarêng dumugi pasisir kidul, Sri Bathara Krêsna anglabuh kagunganipun pusaka Sêkar Wijayakusuma, sarta sinabdan makatên: sira muga tuwuha ing jaladri, dadia sarana usada ing wuri, pinêtri agung sawabe, lan dadia pêpundhèn, pratandhaning para nata binathara nuswa Jawa. Lajêng sinauran swara jumêgur prahara sindhung riwut, dhèdhèt erawati gêtêr patêr, tôndha tinarimah sabda pangandikanipun Sri Bathara Krêsna. Panglabuhipun Sêkar Wijayakusuma wau amarêngi taun côndra 760. Tuwuh wontên jaladri pasisir kidul, wadhah dumados sela, sêkar dumados kitri, dados kitri tuwuh ing sela, kawastanan pulo Bandhung, ing samangke kabawah kabupatèn Cilacap, paresidhenan Banyumas. Pulo Bandhung wau jèjèr kalih, ingkang lèr kilèn kathah têtuwuhanipun, ingkang kidul wetan pulo alit awujud curi, têtuwuhanipun amung wit sêkar Wijayakusuma.

Nalika Prabu Parikêsit ngancas badhe muksa nulad lêlabêtanipun ingkang eyang ugi pitêr puja, kadhèrèkakên para sêpuh saha para brahmana rêsi, sarêng dumugi ing pulo Bandhung, mriksa tuwuhan wontên ing sagantên, lajêng andangu dhatêng ingkang sami andhèrèk, atur wangsulanipun Rêsi Gurundaya, bilih punika tuwuhing pêpundhèn sêkar Wijayakusuma, kagunganipun Sri Bathara Krêsna nalika linabuh, ing nguni sinabdan sagêda tuwuh sarta dados tandhaning panjênêngan nata ing tanah Jawi.

Nalika Prabu Ajipamasa mêntas nirnakakên Rêsi Kanwa, ing ngriku tilas kuwunipun Rêsi Kanwa lajêng wontên nagaraja agêng kagila-gila, lajêng jinêmparing babar dados widadari nama Dèwi Wasuwati, aparing sêkar Wijayakusuma, kagunganipun Sri Bathara Krêsna

--- 1000 ---

ingkang linabuh tuwuh wontên pulo Bandhung, tuwuhipun bilih pinêtri agêng sawabipun, sarta dados tandhaning lêstarinipun panjêngan nata nyakrawati.

Dumugi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurad, ingkang ngadhaton ing nagari Kartasura, ugi nglampahakên utusan ngupaya sêkar Wijayakusuma, ingkang kautus nama Ki Pranantaka.

Wiwit kina sêkar Wijayakusuma dados pêpundhèn panjênêngan nata ing nuswa Jawi, sabên mêntas jumênêng nata anglampahakên utusan ngupaya sêkar Wijayakusuma, ngantos dumugi nalika mêntas jumênêng dalêm nata Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping X ingkang ngadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat, watawis 8 wulan akalihan jumênêng dalêm nata, amarêngi dintên Sabtu Pon tanggal kaping 23 wulan Rabingulakir ing warsa Dal, ugi nglampahakên utusan ngupaya pêpundhèn sêkar Wijayakusuma.

Wasana lêrês lêpatipun dêdongengan ing nginggil, kula nyumanggakakên.

Sutata

Tlawong.

Pawartos Sanès Praja

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

Sampun sawatawis dangu Kajawèn botên ngêwrat pawartos ing bab pasulayanipun praja kêkalih ingkang kasêbut ing nginggil. Wontênipun botên ngêwrat, saking kamanah bilih pawartos bab pasulayan wau angêbosêni, awit kawontênanipun namung maligi nyariyosakên ing bab pasulayan, ingkang tansah lumintu tanpa pêdhot. Ewadene ing Kajawèn inggih taksih ngêwrat pawartos babagan pasulayan wau sawatawis, kawrat ing pêthikan pakabaran warni-warni.

Manawi mirid kawontênanipun pasulayan, têtela bilih sami dèrèng manggih pamarêm, sanadyan pasulayanipun, saupami latu urubipun kantun botên sapintêna, nanging tangèh raosa asrêp. Malah manawi nitik dhatêng gumêlaring lêlampahan, sanadyan pasulayanipun sampun nipis, nanging têlênging kawigatosan saya katingal, awit mênggahing wos-wosipun, ngrika-ngriki sami ngudi sagêdipun manggih kuncara, dene kuncara wau botên liya namung ngangkah dhatêng asil agêng, ingkang kanthi pinayungan panguwaos. Tamtu kemawon kamelikan kados makatên wau ugi dipun pengini ing praja sanès, mila lajêng katingal tindak pating talêsêp sami ngêtrapakên pangangkah.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih adêging paprentahan Mantsjoekoeo punika ingayoman dening panguwaos Jêpan, inggih sanadyan mawi dipun sasabana ing tindak kadospundi, sêsulakipun tansah ngalela kemawon. Sarêng paprentahan enggal wau sampun katingal jêjêg adêgipun,

--- 1001 ---

inggih lajêng tuwuh tatanan enggal warni-warni. Ing sapunika ing bab adêging pakaryan pos, wiwit ewah saking padatan, gêgayutaning pakaryan pos Tiongkok wontên ing laladan Mantsjoekoeo lajêng kados dipun papras babarpisan.

[Grafik]

Konsul Jendral Moerai ingkang nandhang sangsara saking pambêlêdhosing bom ing Hongkjoe-park, dipun gendhong dening matrus Jêpan.

Inggih sintên tiyangipun ingkang lêga dipun suwak panguwaosipun, ing pangangkah tamtunipun inggih nindakakên panduwa. Ing sakawit babagan pakaryan wau lajêng dipun jèjèri panguwaosipun Jêpan, wosipun supados nyuda dayanipun Tiongkok. Wusana bab punika malah lajêng dipun rosani dening paprentahan Mantsjoekoeo angawisi amtênar pos Tiongkok tumindak damêl wontên ing laladan ngriku, malah para amtênaring pos wau lajêng sami kapurih nilar sawarnining kantor pos ing Mansuriyah. Malah ing salêbêtipun sami oncat, wontên ing margi dipun agru-agru dening bôngsa Jêpan.

Sarêng panguwaos punika sampun dhawah ing paprentahan Mantsjoekoeo, inggih punika pakaryan ing laladan propènsi Moekden, sadaya lajêng dipun wontêni tatanan enggal, adamêl prangko tuwin bripkar piyambak, sisa-sisa gadhahanipun paprentahan lami dipun sukani palilah namung dipun angge dumugining wêkasanipun wulan punika. Lan tumindaking tatanan enggal wau sarana mawi ngêmohi dhatêng rêmbaging praja ngamônca. Tuwin taksih wontên tatanan sanès-sanèsipun.

Makatên ugi ing bab tatanan pabeyan, punika inggih tansah tuwuh rêbat panguwaos kemawon. Kados ta pakaryan pabeyan ing Shanghai, nêtêpakên mupu beya barang-barang ingkang badhe kakintunakên dhatêng Mantsjoerie. Ing bab punika lajêng nuwuhakên gitaning para sudagar bôngsa Jêpan, saha parentah Jêpan lajêng adamêl tatanan murih nindakakên rêmbag padhami. Makatên ugi tumrap paprentahan Tiongkok ing laladan Mantsjoerie, [Mantsjoe...]

--- 1002 ---

[...rie,] lajêng nindakakên awisan lêbêting barang dhatêng Mantsjoerie, punika namung minôngka tindak pamalês kemawon.

[Grafik]

Tiyang ingkang ngêbom dipun cêpêng dening pulisi.

Sêsulaking pasulayan ingkang ing sapunika araos tipis, manawi mirid saking pinanggihing pasulayan ingkang sampun-sampun, tuwin ing bab tindak paracidra, kadosdene ingkang pinanggih ing Hongkjoe-park (Shanghai) kala samantên, ngantos adamêl kasangsaraning para pangagêng Jêpan, punapadene mirid sêsulaking pasulayan ingkang taksih lumintu, lôngka manawi lajêng tumuntêna sagêd sirêp.

Malah miturut pawartos ing sapunika, parêpataning pêrang para Jendral Tionghwa, ingkang dipun tindhihi dening Jendral Chang Hsuek, nêtêpakên, badhe nindakakên panglawan dhatêng wadya Jêpan ing salêbet saha sajawinipun Mantsjoerie, kanthi ngawontênakên wadya kabangsan 200.000, sami pêpilihan.

Parentah Nanking ugi sampun nayogyani saha nindakakên bêbantu. Makatên ugi wontên pawartos saking Peiping bilih Jendral Ma Chan Shan ingkang wêkdal punika nuju kêsilêp, pinanggih taksih sarwa mitayani, malah wiwit lumawan nêmpuh mêngsah.

Nitik kawontênan makatên punika, sirêping pasulayan kados namung pinanggih wontên ing pawartos kemawon. Namung ing pamuji, kawontênan wau tumuntêna sirêp yêktos, awit, sirêping paprangan, inggih atêgês têntrêming jagad.

Pawartos saking redhaksi

P.K. 585. Cariyos Rêdi Jabal Kanil, cariyos rêca Sukuh, bab praja Mangkunagaran, dèrèng tampi. Sanèsipun sampun tampi, nanging botên kapacak sadaya.

Tuwan S. ing watês Kadhiri. Gedeponeerd têgêsipun nyimpên. Tumrap bab andhêl, têgêsipun nyimpên mèrêk andhêl dhatêng kantor ingkang dipun wajibakên nyimpên. Mênggah caraning ngêdheponirakên, ngaturakên sêrat dhatêng Kantoor voor den Industrieelen Eigendom Gang Pool Batavia-Centrum.

Lêngganan nomêr 2735 ing Bogor. Bab kados ingkang pajênêngan ngandikakakên punika, botên angsal pènsiun, dening kala samantên dèrèng wontên tatanan. Nanging warandhaning amtênar gupêrmèn kenging gadhah panyuwun ondêr sêtan, samantên punika kanthi katrangan bilih warôndha wau nyata kamlaratan, dene manawi sagêd angsal, pangetangipun wiwit kala punapa, punika gumantung saking panimbanging pangagêng nagari ingkang nindakakên.

Lêngganan nomêr 2829 ing Bandhung. Sawarnining lampahan ringgit kados ingkang panjênêngan cathêti, sampun kawêdalakên dening Bale Pustaka sadaya, dados 37 jilid, isi 177 lampahan, aksara Jawi, gancaran, sajilid rêgi f 0.24.

--- 1003 ---

Kawruh Sawatawis

Grahana

Ing karangan kula rumiyin sampun ngrêmbag bab sonnêsêtèlsêl, kula sampun matur manawi planit-planit sadaya sami mlampah ngubêngi srêngenge, sarèhning ing ngriku kula babarpisan botên ngucapakên prakawis rêmbulan, têmtu kemawon para maos sami badhe pitakèn, mênggah rêmbulan punika punapa.

[Grafik]

Rêmbulan, bumi srêngenge.

Ing sayêktosipun rêmbulan wau inggih satunggilipun planit, ananging planit ingkang mlampah ngubêngi bumi, wusana kenging dipun wastani èmbèl-èmbèlipun bumi utawi putunipun srêngenge.

Sadèrèngipun kula nyariyosakên bab grahana, kula badhe ngrêmbag srêngenge rumiyin. Srêngenge punika miturut katêranganipun para astronomen, bangsanipun lintang sagêd mêncorong angêdalakên sorot, wusana para sarjana saking pundi-pundi nagari sapunika sagêd nyumêrêpi manawi srêngenge wau satunggalipun vuurmassa, kenging dipun samèkakên dilah ingkang agêng. Mênggah planit-planit wau sagêdipun têrang inggih saking sorotipun srêngenge wau, dados srêngenge kalihan planit-planit wau kenging dipun samèkakên dilah ingkang agêng kalihan pêngilon.

Kala môngsa manawi pinuju padhang bulan, rêmbulan wau sagêd sakêdhik utawi sadaya dipun aling-alingi dening bumi, dados botên kenging sorotipun srêngenge, makatên angwontênakên grahana rêmbulan.

Sapunika manawi tanggal sêpuh, dados rêmbulan wontên ing têngahipun bumi kalihan srêngenge, kala môngsa srêngenge wau dipun tingali saking bumi dipun aling-alingi dening rêmbulan, makatên wau sagêd andadosakên grahana srêngenge.

Kintên kula gambar punika sagêd nyêthakakên dhatêng para maos.

Manawi rêmbulan wau mlêbêt dhatêng wayanganipun bumi, ing mriku miwiti grahana.

Miturut cariyosan ing nginggil dados sabên padhang rêmbulan mêsthi wontên grahana rêmbulan, sarta manawi pinuju tanggal sêpuh kêdah wontên grahana srêngenge. Ananging kawuningana salêrêsipun botên makatên, sabab margi rêmbulan wau miring sakêdhik kalihan patrapipun bumi kalihan srêngenge.

Para astronomen mawi petangan sagêd nêmtokakên grahana, pintên jam dangunipun saha saking pundi panggenan sagêd katingal.

Pardi

Opsir Gouv. Marine.

--- 1004 ---

Panggulawênthah

Cacad Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

Sanadyan nyataa pisan, gèk punapa ta prêlunipun, dene pun C lajêng ngêmohi dhatêng A, jêr botên miawon dhatêng piyambakipun. Botên prêlu gêthing, pun A rak botên gadhah lêpat dhatêng piyambakipun. Dados yèn makatên pun C wau nama anggêthingi tiyang tanpa dosa. Malah piyambakipun ingkang dosa kaping kalih, 1 angrujuki tiyang dosa, 2 dosa anggêthingi tiyang ingkang tanpa sabab. Nanging kocapa, danguning dangu sarêng pun C mirêng (mangrêtos) dene pun A nyata botên awon, sakala lajêng kawalik, glebag, têpangipun pun C rumakêt sangêt dhatêng pun A, ananging dhatêng pun B ingkang suwaunipun kêlèt, sapunika dados pisah. Tiyang gêsang têka dipun bingung-bingung piyambak.

Pramila atur kula dhatêng para maos, sadaya kawontênan ingkang asêmu badhe botên sae, krêsaa nyatakakên rumiyin, sampun kasêsa anggêgani rêmbag ingkang dèrèng kinantênan. Punapa ta awonipun nyatakakên, kados botên wontên awonipun. Môngka rêmbag nyata lan lêrês punika lôngka saèstunipun, sampun sinaksenan ing jagad, bilih tiyang rêmbagan punika sawênèh wontên ingkang ngindhakakên, sawênèh malih wontên ingkang ngirangi. Yèn ingkang dipun rêmbag wau kapinujon tiyang ingkang dipun trêsnani, bokmanawi awona inggih kadamêl sae. Dene kosokwangsulipun, yèn ingkang dipun rêmbag kalêrês tiyang ingkang botên dipun sênêngi, utawi sêngit, bok saea kados punapa, sok ugi dipun awonakên. Kadospundi ungêl-ungêlan Jawi: wong sênêng ora kurang pangalêm, wong gêthing ora kurang pamada. Pramila sadaya para maos yèn wontên rêmbag ingkang botên sakeca dipun mirêngakên, sarta suraos badhe ngawontênakên crah utawi gêgêthingan, sampun pisan-pisan dipun ladosi, mugi ingkang sabar kemawon lan kaantosakên, mangke rak kasumêrêpan piyambak. Samukawis awon lan sae, tamtu wontên panggenanipun piyambak-piyambak. Bêcik katitik, ala katara, panci inggih wontên lêrêsipun. Dene ungêl-ungêlan Walandi ingkang gêpok magêpokan kalihan bab punika, tur pantês ugi dipun angge, kados ing ngandhap punika: Zelf ervaring is de beste leermeesteres. Dene suraosipun yèn botên kalintu kados-kados makatên: dene lêpat sumôngga sami pun lêrêsakên, samubarang kang dinyatakake dhewe, kuwi kang utama. Dene raosipun, botên kenging anggêgani rêmbag sanès.

Sampun cêkap samantên kemawon atur kula, botên langkung nyuwun pangaksami dhatêng para maos.

R.A.S.

Pacitan.

--- 1005 ---

Bata, ingkang angsal jêjuluk raja sêpatu, ngajal.

Kados para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun sêpatu ingkang nama Bata, awit sampun sumêbar ing pundi-pundi. Dene nama Bata punika mêndhêt saking namanipun tiyang ingkang gadhah ada-ada, nama Tuwan Thomas Bata. Mênggah babadipun cêkakan, sakawit namung tukang sêpatu limrah kemawon, dangu-dangu sagêd dados agêng tuwin salajêngipun gadhah pabrik agêng-agêng wontên ing Jêrman, Inggris, Joego Slavia, Prancis tuwin Suwis. Punggawanipun ewon.

[Grafik]

Motor mabur ingkang dhawah saha risak.

[Grafik]

Nalika badhe pambêktanipun layon.

Satunggiling dintên, nalika Tuwan Bata badhe mriksa pabrik enggal ing Suwis, numpak motoripun mabur piyambak, amanggih sangkala motoripun mabur numbuk pipaning pabrik dalancang, motor mabur risak, ingkang numpak sami tiwas.

Ing sangajalipun Tuwan Bata sampun atilar sêrat wasiyat, ingkang suraosipun suka piwêling, bilih kabudidayanipun punika gadhahaning ngakathah, lan gadhah piwêling nyauri sambutaning praja 4½ yuta krun.

--- 1006 ---

Pangeran Adipati Siyêm dumugi tanah Jawi

Ing Kajawèn sampun nate martosakên ing bab Pangeran Paribatra linggar saking praja Siyêm. Ing sapunika sang pangeran wau sampun dumugi ing tanah Jawi, nitih kapal Baloeran.

Tindakipun sang pangeran wau namung sakalihan garwa, putri 5 tuwin putra kakung ingkang nêmbe tamat saking pamulangan Oxford, punapadene pandhèrèk sawatawis.

Kala rumiyin sang pangeran punika jumênêng ministêr babagan sajawining praja. Kala tuwuh ura-uru tanggal kaping 24 Juni, panjênênganipun dipun tawan dening golongan rakyat. Sarêng tawanan sanès-sanèsipun sampun dipun luwari, panjênênganipun lêstantun taksih dipun tawan. Sasampunipun dipun luwari, gêlênging rêmbagipun ngakathah, panjênênganipun katêtêpakên supados sumingkir saking praja Siyêm.

Sarawuhipun ing Batawi, sang pangeran dipun papagakên Tuwan Residhèn van der Hoek, ingkang minôngka wêwakil dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Wontênipun ing Batawi lêrêm wontên ing hotèl des Indes. Saking Batawi tindak dhatêng Bogor, pêpanggihan kalihan Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Saking Bogor tindak dhagêngdhatêng. Bandhung lajêng lêlana ing tanah Jawi tuwin Bali.

[Grafik]

Ingkang kiwa: sang pangeran têdhak saking kapal. Têngên nginggil: juru sêratipun Phya Pradibaddha Bhudal. Ngandhap: para pandhèrèkipun.

Ing sapunika panjênênganipun sang pangeran dèrèng sagêd nêtêpakên kaparênging panggalih badhe lêrêm wontên ing pundi. Lan malih jalaran garwanipun sang pangeran nuju gêrah, prêlu ngêntosi pamrayogining dhoktêr, kêdah manggèn wontên ing praja pundi.

Samantên pinanggihing lêlampahaning ngaluhur, ingkang botên kinintên.

--- 1007 ---

Buku Pèngêtanipun Petruk

Bab darmawisatanipun para jurnalis

I

Sanadyan ora katon saka kene, nanging aku wis mambu, yèn para bêndara, para sadulur-sadulur sing padha maca pèngêtanaku kiyi mêsthi padha anggalêgês, nanging iya ora nganti katon gingsule. Seje karo kônca-kancaku para jurnalis ing sajabaning Batawi, cara adu jagone aku wani nyatus, yèn gumuyune ora mung angglêgês bae, nanging kiraku untune rong larik nganti katon kabèh, apa manèh sing untune ... kinclong, têmtune sabên uwong, luwih-luwih nèk cara Banyumase rada kanjat, iya dikandhani mangkene: hla, mênika, hèh, hèh hèh, hèh, manawi jurnalis Jakarta, hèh, hèh, hèh, hèh, anggêr slênthing wontên kabaripun, hèh, hèh, hèh, hèh, inggih anggènipun piknik (darmawisata) hèh, hèh, hèh, hèh, hahak, hahak.

[Grafik]

Dene ana sing padha angglêgês, malah ana sing padha anggêguyu pisan, kuwi sanyatane iya ora kêna dipaido, wong iya ingatase wis pirang-pirang sasi mung slênthêman bae, barêng glothak ana kabare, jêbul anggone arêp piknik. Ewasamono kudu dielingi, nèk biyèn kuwi para jurnalis ing Jakarta, tungkul tansah padha kêrah bae, kang wusanane padha isin dhewe, sing sabanjure padha prihatin. Anggone lawan mung mênang-mênang bae, kuwi sanyatane rak lagi pati gêni, dene anggone padha piknik, kuwi kêna diupamakake kayadene lagi buka saka anggone pati gêni mau. Salêbare kiyi kêna tak têmtokake, nèk para jurnalis ing Jakarta bakal tumandang gawe têmênan, ora-orane nèk nganti padha kêrah-kêrahan manèh, kaya dudu satriya, mêsthine iya banjur padha ...

--- 1008 ---

boksên.

Dene miturut programmah, sing padha mèlu darmawisata kiyi, saka ariwarti Bintang Timoer, jendral saopsire pisan, saka Siang Po kurnèle sakamprèt lan culike, kajaba iku tukang ngocèhe layang kabar utawa kalawarti: Java-Bode, Sin Po, Volksstem, Pandji Poestaka, Parahiangan iya akèh sing padha mèlu, malah tukang andopok apadene tukang ngobrole kalawarti Kajawèn, sanadyan nganti dilakoni tombok kathok, iya mêksa ora gêlêm kèri. Wong iya bangsane: tukang korèk, tukang andopok, tukang adol cao, kathik padha kumpul dadi siji, mulane ramene iya ora beda kayadene wong wadon jaman saiki sing ditari arêp digolèkake ... maru.

Rêmbuge ing ngarêp, kumpule para jurnalis ana ing kadhatone jênêng ingsun, yaiku ing gang Karnolong nomêr 8, ing Batawi Sèntrêm. Kanthi diwanti-wanti bangêt dening pangarêpe pakumpulan, Tuwan Kamprèt, saka ariwarti Siang Po, para jurnalis ing dina Minggu tanggal 7 Agustus, kang kapungkur jam 5.30 kudu wis padha ngumpul ana ing panggonan sing ditêmtokake mau, awit jam 6 thèng kudu wis bisa budhal saka ing Batawi. Sing akèh-akèh iya padha anêtêpi ing jangji têmênan, jam 5.30 pêrsis, wis akèh para jurnalis sing wis padha têka ing omahku. Dene kala samono aku dhewe wis sadhiya supaya ... digugah. Tujune otobise durung têka, dadi aku isih kobêr dandan, sarapan utawa ngopi barang. Kira-kira jam 6 aku wis samapta, nalika iku para jurnalis sing padha arêp mèlu darmawisata, mèh kabèh wis padha ngumpul ana ing pandhapaku, ramening suwarane para jurnalis sing lagi padha rêmbugan, ora beda kaya ... biyung jalak sing lagi ngloloh, cèt, cit, cèt, cèt, cit, cèt, nganti tôngga têparo padha tangi kabèh, awit dikira ana ... omah kobong.

Ing ngarêp wis tak omongake, kira-kira jam 6 para jurnalis wis mèh padha pêpak kabèh, mung kèri ngêntèni jurnalis siji, yaiku Si ... Kamprèt. Ewasamono iya ora kêna dipaido, sabab Si Kamprèt mau, kajaba dadi pangarêpe piknik, iya kajibah anggolèk otobise. Mulane kenene iya kudu ngêntèni kanthi sabar tuwêkal angayang batin, e, nas, kok nganggo ngayang batin, nganti kaya sing suwêngan panunggul siji kae.

Kira-kira jam 6.30, klêpêr, klêpêr, Si Kamprèt têka, nanging ora anggawa otobis. Mulane cara anggone ambagèkake para jurnalising wis padha ngumpul ing ngomahku, nyang sing lagi têka mau, iya warna-warna. Ana sing muni: o, durung jênêng Indhonesiyêr kuwi, nanging: in, -lan- dhêr. Ana manèh sing muni: wayah, kathik kaya pangantèn anyar ing môngsa bêdhidhing, krainan ajêgan. Malah ana sing ngêlokake: wayah, kathike alus kaya Sêmbadra kluron.

Bawane Si Kamprèt isih nêtêpi mênyang: wong Jawa goning sêmu, iya tanpa diwêlèhake dawa-dawa manèh, kala samono wis nyandhak yèn kasèping têkane otobis kuwi, ora

--- 1009 ---

wurung iya awake sing bakal dipaido, mulane cara Mlayune tanpa banyak cincong, blas, Si Kamprèt ninggal papan kono, prêlu ngurus otobise. Lakune ngutu lir pendah Ariya Sêtyaki mambu obat, klothak, klothak, iki suwarane têkêne, lho.

Rikala samono ngrêmpêlune para jurnalis sing wis rada suwe anggone padha ngêntèni mau, iya tan kêna kinira têmênan, saka jèngkèle mau, nganti aku kapêksa tombok ... kopi sêkati. Tujune kira-kira jam 7.30 otobise têka, aja harak bisa kalakon para jurnalis mau padha ngantêm krama ... sêga kuwadhang têmênan.

Kang miturut progamaneprogramane. niyat budhal saka Batawi jam 6, jalaran saka clila-cliline supir otobis, banjur kapêksa lagi bisa pangkat jam 8. Ing môngka sadurung-durunge wis ngaturi layang nyang wakil bupati ing Sukabumi, yèn para jurnalis ing Batawi arêp padha darmawisata nyang kono. Mungguh prêlune ngaturi layang mau, ora kok nêdya golèk suguhan, ewasamono ... nanging minôngka nyuwun idi, supaya para jurnalis mau kaparênga this-thisan anjajah ing tanah wêwêngkone. Dadi iya mung kanggo tatakramane bae, murih aja nganti diarani: jurnalis ora ngrêti unggah-ungguh. Ing layang mau disêbutake yèn têkane para jurnalis kira-kira jam 9, lakune saka Batawi nyang Sukabumi kuwi, nèk nunggang otobis kurang luwih 3 jam, ing môngka jam 8 isih ana ing Batawi. Dadi kêna ditêmtokake yèn bakal kasèp diningrat. Ewasamono ing sarèhne otobis kuwi gampang rusake, lan jaman saiki kêna diarani: jaman apus, mulane yèn nganti dipaido, iya mangsuli bae mangkene: tiyang bandhênpèh (anjêblug bane) ngantos kaping kawan sasur. Kaya-kaya kanane rak wis lêga.

(Wontên sambêtipun)

[Grafik]

Têtiyang nuju sami ningali salah satunggiling mêsin mabur ingkang tanpa motor dhawah, jalaran anyarèmpèt rêdi Pasir ing Egmond aan Zee (Nèdêrlan).

--- 1010 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan Saking Sêrat-Serat Kabar Sanès

Tanah Ngriki

Kalawarti enggal ing Pêkalongan. Wontên pawartos pangêcapan Pêrsatuan ing Pêkalongan badhe ngêdalakên kalawarti nama Bintang Islam mêdal sabên minggu, dene Bintang Islam lami ingkang mêdal saminggu kaping kalih, kalêstantunakên, namung ngêwrat bab wulangan Islam.

Nitik kawontênanipun wau, kalawarti punika pinanggih majêng mugi sagêda widada.

[Grafik]

Niti sêsakit lepra. Dr. Sitanala, achli sêsakit lepra kanthi Dr. Kodijat, nindakakên papriksan ing bab kawontênanipun sêsakit lepra (budhug). Dr. Sitanala wau wêwêngkoning bawahipun ing Jawi Têngah, nanging ugi badhe mriksa laladan Jawi Wetan tuwin Kilèn, sapunika nuju pêpriksa wontên ing Kêdhiri.

Sami-sami sêsakit, sêsakit punika tumraping bôngsa Jawi sampun dangu sumêrêpipun, nanging dèrèng sumêrêp ing bêbayanipun. Dangu-dangu sarêng têtiyang saya sêsrawungan kalihan dhoktêr saya mindhak sêsêrêpanipun bab sêsakit, mila tindaking pakaryan punika kintên-kintên saya dipun mangrêtosakên dening ngakathah.

Damêl sarêm. Satunggiling tiyang ing dhusun Pêcuk, Indramayu, nuju ambêkta sarêm damêlanipun piyambak kadênangan dening pulisi. Tiyang wau sarêng dipun cêpêng pratela bilih ing dhusun Pêcuk kathah tiyang damêl sarêm. Pèlpulisi lajêng tumindak gledhah, sagêd nyêpêng tiyang pintên-pintên. Mênggah sababing damêl, jalaran ing môngsa punika sawêg rêkaos pados têdha, nalika jamanipun dèrèng kêsangêtên inggih sami botên purun gadhah tindak kados makatên.

Samantên awratipun tiyang kapèpèt pados têdha wontên ing jaman kados makatên, ngantos purun gadhah tindak ingkang dados awisaning nagari. Mêmêlas.

Rakyat ing Gombong kawratan sêsanggèn warni-warni. P.S.I.I. ing Gombong mêntas ngawontênakên parêpatan, ingkang dipun dhatêngi ing têtiyang 1500 jalêr èstri. Mênggah wosipun anggêlêngakên rêmbag badhe gadhah atur dhatêng ingkang wajib, ngaturakên kawrataning rakyat ing bab awrating pajêg siti, pajêg pêkên, wragat pêgat nikah, makatên ugi ing bab wragad sade tinumbas rajakaya, awit sadaya wau sami dados sêsanggèning rakyat.

Sêsambat ingkang makatên punika manawi nitik dhatêng kawontênaning jaman, nama limrah pinanggih ing pundi-pundi, lan mênggah pinanggihipun kathah ingkang nyata. Dene kasêmbadanipun namung kandhêg wontên ing pamuji, mugi sawarnining sêsanggèn awrat sagêda dados ènthèng.

Tanêman kêdhêle gabug. Tanêman kêdhêle ing wêwêngkon kabudidayan Saragêdug kathah ingkang gabug, kintên-kintên wontên 250 bau.

Anggèning botên kêmêdalan têtiyang ngriku punika, têmtu andadosakên panggalihanipun ingkang wajib, lan wajib têmtu badhe nguningani sasambatipun ingkang sami kêkirangan.

Mêrapi-fonds ambage kadarman. Mêrapi-fonds ing Surabaya mêntas ambage kadarman dhatêng pakêmpalan angguran tiyang siti f 2458.06, dhatêng pangangguran bangsa Walandi f 2458.06, kasangsaran ing Panarukan f 1000.-, griya pangangguran sanèsipun malih f 2458.06.

Mugi kadarman wau sagêd murakabi dhatêng ingkang sami dipun darmani.

Mr. Soetardjo Brotosewojo ngawula dhatêng kraton Surakarta. Wontên pawartos Mr. Soetardjo Brotosewojo asli saking Surakarta ing sapunika ngawula dhatêng kraton Surakarta, dipun piji nyambut damêl wontên Sanawilapa (kantor salêbêting kraton), balanja wiwit f 450.-

Tumrap kraton Surakarta manggih punggawa ingkang mitadosi. Sagêd pinuji kasêmbadanipun.

A.M.S. kabangsan ing Surakarta saya katingal. Sarêng pambikakipun A.M.S. kabangsan ing Surakarta saya cêlak, saya katingal grêgêtipun. Para ingkang sami nêdha malêbêt dados murid saya kathah, wontên ingkang tilas murid Nias ingkang kawêdalakên ing taun punika, jalaran botên minggah. Calon murid saking Sumatra katêdha tumuntên ngintuna bijinipun. Kathah para sudagar ingkang ambiyantu urun arta sabên wulan. Sampeyan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunêgoro nyambuti bibliotheek. Manggènipun badhe nyambut saperanganing griya A.M.S. lami rumiyin. Sapunika sawêg nyuwun palilah dhatêng Departement Pangajaran.

Sintên kemawon têmtu rumaos agêng ing manah dhatêng kasêmbadaning adêgipun A.M.S. wau.

Pabrik gêndhis bobrok. Miturut pawartos pabrik gêndhis ing Purworêjo, ing taun 1931 kapitunan f 1.782.800.99, manawi kapetang kalihan kapitunan taun 1930 wontên f 3.302.615.12. Nanging sagêd suda sawatawis dening sandening yasan enggal f 1.841.216.41 tuwin kas tandhon f 56.418.09.

Wah kapitunan samantên punika inggih botên sakêdhik, nanging manawi nuju bathi, kintên-kintên inggih sathekruk.

Para juragan gambar idup parêpatan. Para juragan gambar idup cacah 35 sami mêntas parêpatan wontên ing Sêmarang angêdêgakên bon nama: Ned. Ind. Bioscoopbond, badhe damêl congres wontên ing Bandhung.

Wah, sapunika punapa-punapa wontên golonganipun, gambar idup ugi makatên. Dangu-dangu punapa wontên bonipun tiyang ningali gambar idup?

--- [1173] ---

Ôngka 66, 13 Bakdamulud Dal 1863, 17 Agustus 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1029] ---

Ôngka 66, 13 Bakdamulud Dal 1863, 17 Agustus 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Rêdi Rahung - Kabingahan - Pangupajiwa Misaya Ulam - Ngluhurakên Kamisuwuran - Kawontênan ing Bophên Dhigul - Adpêrtènsi - Pamuji Gagasan Kawêdhar - Pawartos Rêdhaksi lan Administrasi, Wara-wara - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Rêdi Rahung

[Grafik]

Sawangan bolonganing rêdi Rahung Paresidhenan Banyuwangi, saantawisipun Bôndawasa lan Jêmbêr.

--- 1030 ---

Raos Jawi

Kabingahan

Irah-irahan ing nginggil punika, satunggiling têmbung ingkang dados idham-idhamanipun titah sadonya, wiwit ingkang andhap dumugi ingkang inggil pisan, awit ancas lan sêdya punapa kemawon amêsthi anuju dhatêng kabingahan. Miturut aturipun Rêsi Wisama, dhatêng panjênênganipun Prabu Basurata ing Wiratha, witing kabingahan ingkang dados pangèsthining manungsa punika kathahipun pitung prakawis.

Ingkang kapisan kasuran, têgêsipun kawantêran, pamrihipun kineringan, witipun saking kasaktèn, kalampahanipun saking cêgah bukti, kadadosanipun saking santosa, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi anjêjadha, lawan anganiaya.

Ingkang kaping kalih kagunan, têgêsipun: kasagêdan pamrihipun kinèdhêpan, witipun saking puruita, kalampahanipun saking tabêri, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi rêsah lawan sungkanan.

Ingkang kaping tiga kabêgyan, têgêsipun: kasugihan, pamrihipun kinalulutan, witipun saking anggaota, lêlampahanipun saking sabar anarima, kadadosanipun saking gêmi nastiti sarta angati-ati, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi lèr-wèh lawan angumpêt.

Ingkang kaping sakawan kabrayan, têgêsipun: wêrdèn sugih putra wayah, pamrihipun kopèn kinamulèn, witipun saking sih, kalampahanipun saking amêpêt pangandika, kadadosanipun saking môntra lawan sarana, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi sêngitan lawan sumêlangan.

Ingkang kaping gangsal kasinggihan, têgêsipun: kaluhuran, pamrihipun kajèn kinurmatan, witipun saking nastapa lawan têtaki, kalampahanipun saking puja lawan pangabêkti, kadadosanipun saking anuraga, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi loba angkara murka.

Ingkang kaping nêm kayuswan, têgêsipun: panjang yuswanipun, pamrihipun kinandêlan, witipun saking sadu budi, kalampahanipun saking wahdat, kadadosanipun saking sêtya tuhu, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi dora lawan cidra.

Ingkang kaping pitunipun kawidadan, têgêsipun: kayuwanan, pamrihipun kinopaman, witipun saking suci, kalampahanipun saking cêgah nginum, kadadosanipun saking utami lawan paramarta, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi nistha lawan sugih duka.

Mênggah lêrês lêpatipun kula sumôngga ing para maos.

Radèn Pringga Satata

Dhalang ing Ngawôngga.

--- 1031 ---

Bab Pangupajiwa

Pangupajiwa Misaya Ulam

Misaya ulam loh punika kagolong ewonipun pangupajiwa ingkang agêng. Tanah ingkang misuwur agêng daganganipun ulam loh punika nagari Walandi, ngantos mèh satanah Eropah kasrambahan dagangan ulam saking nagari Walandi. Yèn ulam kakintunakên dhatêng nagari ngamônca sarananipun kêdah kawadhahan ing ès, murihipun supados botên buthuk, utawi kêdah dipun olah dipun wadhahi rumiyin. Têtiyang ing nagari Walandi pamisayanipun ulam botên ngêmungakên wontên ing lèpèn kemawon, mandar ingkang kathah wontên ing sagantên. Baita-baitanipun ingkang kangge misaya sampun mawi lampah mêsin, inggih punika ingkang dipun wastani logêr (logger).

[Grafik]

Baita layar kangge misaya ulam ing sagantên.

Ing tanah ngriki dagangan ulam loh punika dèrèng patos agêng. Misaya ulam ingkang sampun kenging kawastanan pangupajiwa agêng ing tanah ngriki inggih punika ingkang wontên sagantên, namung baitanipun taksih sami alit-alit, tuwin lampahipun taksih mawi sarana layar utawi dhayung lan wêlah. Mila kesahipun pados ulam botên wani têbih-têbih. Yèn dharatan sampun cat katingal cat botên, kathah-kathahipun sampun botên sami purun manêngah malih. Têtiyang tukang baita mastani yèn makatên punika dharatan: magêr risak. Yèn dharatan sampun blas botên katingal babarpisan, anggènipun mastani: dharatan silêm. Dene yèn katingalipun kantun pêpindhanipun godhong salêmbar: dharatan nylêmbar.

Mênggah pangupajiwa misaya ulam wontên ing sagantên punika kenging kawastanan golonganing padamêlan amêng-amêng nyawa. Yèn sampun wontên ing têngahing sagantên baita katingal kados mêndhang kerut ing toya, kaonclang-onclangakên dening alun ingkang sarêdi-rêdi agêngipun, ngajêng wingking kiwa têngên kinêpang wakul binaya mangap. Yèn pinuju makatên punika bêbasan nyawanipun ingkang sami numpak baita sampun mandêlap-mandêlip badhe ical, lan sampun kêrêp kemawon ingkang tiwas wontên ing sagantên. Nanging sanajan makatên kawontênanipun, ewasamantên inggih mêksa taksih kathah ingkang purun anglampahi. Mila wontên tuwuhing ungêl-ungêlan [ungêl-u...]

--- 1032 ---

[...ngêlan] bob-botebot-bote. wong golèk upa.

Bidhalipun tiyang tukang misaya ulam dhatêng sagantên punika ingkang kathah ing wanci dalu, jam kalih utawi jam tiga, lan ugi wontên ingkang bidhal ing wanci sontên. Yèn sampun sadintên sadalu têtiyang ingkang misaya ulam sawêg sami mantuk, wontên ugi ingkang ngantos tigang dintên tigang dalu, utawi langkung. Yèn ngantos dangu makatên punika sami sangu têtêdhan. Upami ing ngajêng pamitanipun kesah ing sagantên namung sadintên sadalu, môngka upaminipun ngantos kawan dintên dèrèng sami dhatêng mantuk, têmtu kemawon ingkang wontên ing griya, anak semahipun utawi sadhèrèkipun sami mêlang-mêlang, trêkadhang ing wanci dalu botên sagêd tilêm, têtuguran ongak-anguk wontên pinggir gisik, bokmanawi wontên katingal dhatêng. Punapa malih yèn pinuju prahara ing wanci dalu, kados punapa prihatosipun ingkang lembak-lembak wontên ing satêngahing sagantên lan ingkang wontên ing griya, pêpuntonipun namung sami nênuwun dhatêng Ingkang Maha Kawasa, mugi-mugi manggiha wilujêng.

[Grafik]

Tiyang misaya ulam sarana masang sero ing pinggir sagantên.

Tukang misaya ulam utawi tukang baita bôngsa kula tiyang Jawi, anggènipun ihtiyar pados sarana murih wilujênging pangupajiwanipun warni-warni sangêt, ngantos kathah kemawon ingkang kasasar margi. Kula sampun nate mirêng cêcariyosanipun tiyang tukang baita ing sawênèhing panggenan, kados ing ngandhap punika.

Têtiyang ing panggenan ngriku manawi badhe yasa baita kangge misaya ulam utawi dagang, ing sakawit kêdah manggihi ing satunggaling tiyang sêpuh, inggih punika dhukun ingkang sampun misuwur kangge pêpundhènipun tukang baita. Ing ngriku kyai dhukun lajêng nêtêpakên dintên badhe wiwiting damêl baita, tuwin nyukani srana, dhawahing dintên punika dipun wontênakên wilujêngan, yèn sampun ngêtrapakên papan sakawan, inggih punika papan kajêng badhening baita, lajêng wilujêngan malih, bokmanawi yèn mênggaha tiyang wawrat punika dipun wastani ngapati, lajêng ningkêbi, makatên salajêngipun. Yèn baita sampun dados ugi wilujêngan, malah sok dipun êlèki barang, mênggaha tiyang punika bokmanawi dipun wastani jagongan bayi, lajêng puputan, baitanipun dipun sukani nama, ingkang nyukani nama ugi dhukun wau. Badhe kasambêtan.

Sadana- Purwawiyata. Wêlèri.

--- 1033 ---

Kawruh Sawatawis

Ngluhurakên Kamisuwuran

Sampun dados kalimrahaning ngagêsang, tiyang ingkang misuwur, punika tansah dados ucap, ingkang lêstantun ing salami-laminipun, dados kamisuwuranipun wau sanadyan ingkang ngawaki sampun botên wontên, ucapipun botên nate ewah.

[Grafik]

Pangarakipun Nyonyah Amalia Earhart.

Tumrapipun ingkang pinanggih wontên ing tanah Eropah, Amerikah tuwin sanès-sanèsipun, tindak makatên punika mèh limrah dados umum, dene kamisuwuran ingkang dipun luhurakên, punika warni-warni, tuwin botên mawi pilih-pilih dhatêng kadrajatanipun, nanging sintêna kemawon, ingkang gadhah tindak, pandamêl tuwin lêlabêtan linangkung, sagêd manggih pangaji-aji saha linuhurakên ing ngakathah. Kados ta para panuntun, para pujôngga, para ahli kidung, ahli yêyasan, tiyang wantêr, dalasan tiyang ahli jogèd tuwin ulah swara, botên kirang ingkang namanipun misuwur saha linuhurakên ing ngakathah.

Kamisuwuran wau wontên ingkang kalaning pinahargya ngantos adamêl gawok, tiyang sanagari malah dumugi môncapraja pisan, ugi sami tumut mahargya.

Kados ta ing Amerikah, mêntas wontên wanita nama Nyonyah Amalia Earhart pêparab Lady Lindy,

--- 1034 ---

nyonyah wau angayati lampah anggêgana anglangkungi samodra Atlantik kanthi motor mabur, namung dipun lampahi ijèn. Ing kalanipun nyonyah wau sawêg nêngahi tumindak ing damêl, têtiyang sampun sami ngalêmbana dhatêng kawantêranipun, saya sarêng sampun pinanggih wilujêng kasêmbadan ing sêdya sagêd wangsul dhatêng nagarinipun, nyonyah wau tinampi ing ngakathah sinungga-sungga ing tiyang sanagari, patraping mahargya botên beda mahargya dhatêng ratu, sadaya kados mawi lampah praja, dipun arak ngambah margi-margi, ombyaking têtiyang ningali ingkang ugi raos mahargya ngantos kados robing toya sagantên, mriksanana gambar.

[Grafik]

Pamêdhar sabdanipun Premier Herriot.

Tumrapipun ing tanah Prancis, mêntas mahargya ingkang raos angluhuran dhatêng suwargi Tuwan Briand, inggih punika Premier Prancis ingkang misuwur. Tumindaking pahargyan wau nêtêpi piwêlingipun ingkang sampun suwargi supados manawi seda dipun sarèkakên wontên ing Cocherel, ing kala mahargya wau nglêrêsi pamindhahipun, kathah para misuwur ingkang sami anjênêngi, Premier Prancis, Herriot mêdhar sabda wontên sangajêngipun para ingkang sami anjênêngi. Mriksanana gambar.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika têtela bilih tataning angluhurakên tiyang misuwur, katingal sangêt. Tamtu kemawon tindak makatên wau ing têmbe ugi tumular dumugi ngriki, saha kintên-kintên ugi sagêd nyrambahi dhatêng sintên-sintên, botên mawi pilih drajat.

--- 1035 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Kawontênan ing Bopên Dhigul

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Anggènipun botên kaparêngakên wangsul wau, jalaran dèrèng rampung pamriksaning prakawisipun ing Bopên Dhigul, ananging sarêng sampun rampung inggih lajêng kaparêngakên, sarana ambayar wragad piyambak. Sapunika sadhèrèk Mustakim botên wontên ingkang ngribêdi bilih gadhah pikajêng punapa-punapa, amila lajêng klonthang-klanthung pados mitra badhe kaajak angesahi tanah pambucalan. Ihtiyaring sadhèrèk Mustakin dipun sarujuki dening sadhèrèk Sinduatma. Mila sadhèrèk Sinduatma sarujuk punika, jalaran piyambakipun inggih anggadhahi niyat badhe angesahi tanah pambucalan.

Sadhèrèk Sinduatma punika salah satunggiling tiyang bucalan ingkang anglampahi paukuman kawitan, sabab ambangkang botên purun anindakakên tatanan kampung, ingkang dipun wontênakên dening parentah, inggih punika jagi kampung ing wanci dalu (rundha thèthèk).

Sasampuning piyambakipun wangsul saking paukuman lajêng gadhah angên-angên badhe angesahi tanah pambucalan, awit pranatan ingkang kados makatên punika botên adamêl sênênging manahipun.

Cêkakipun sadhèrèk kêkalih punika lajêng budidaya badhe kesah saking Tanah Merah. Miturut kabar saking salah satunggiling sadhèrèk bucalan ingkang pitakèn dhatêng piyambakipun angsal katêrangan kados ing ngandhap punika:

Sasampunipun sadhèrèk kêkalih punika sarujuk badhe minggat lajêng nglêmpakakên sangu kangge têdha wontên ing margi, sangunipun punika yèn katêdha tiyang kalih kintên-kintên cêkap tigang wulan. Baitanipun asli saking tiyang Kaya-kaya, sarana kalintonan kampak. Ingkang sinêdya lampahipun urut lèpèn Dhigul.

Kacariyos sarêng ubarampenipun sampun pêpak lajêng nêdya bidhal lêlayaran. Numpakipun baita saking gudhang arêng, jalaran upami numpakipun baita saking kampung pambucalan sampun tamtu anglangkungi pajagèn (gardhu) saradhadhu. Gudhang arêng punika dunungipun bilih miturut ilining lèpèn Dhigul sangandhapipun. Lampahipun dhatêng gudhang arêng sadhèrèk kêkalih punika anasak wana.

Ing wêkdal punika ing gudhang arêng sampun kadunungan têtiyang bucalan sawatawis ingkang dinakwa dening parentah dados pangajêngipun kaum oposantên (golongan ambaguguk), têtiyang bucalan punika ingkang sami sumêrêp tindakipun sadhèrèk Mustakim saha Sinduatma. Ing sarèhning têtiyang bucalan ing gudhang arêng punika sanès bangsanipun tiyang adu-adu (tumbak cucukan) mila inggih botên wontên ingkang angaturi priksa dhatêng pangagêng ingkang ngasta paprentahan ing Bopên Dhigul. Dados inggih kalampahan sadhèrèk kêkalih punika anggènipun badhe angesahi wana dunungipun têtiyang bucalan.

Bidhalipun sadhèrèk kêkalih punika lêt tigang dintên [di...]

--- 1036 ---

[...ntên] saking mancaling baita kapal ingkang lêlayaran dhatêng Bopên Dhigul wangsul dhatêng Ambon. Miturut etangan inggih pancèn wêkdal ingkang sae, jalaran wontênipun baita kapal dhatêng Bopên Dhigul watawis sawulan malih. Dados saking pamanggihipun sadhèrèk kêkalih punika botên badhe kapanggih kalihan baita kapal ingkang alêlayaran dhatêng Tanah Merah.

Kacariyos minggatipun sadhèrèk Mustakim saha Sinduatma sarana baita mancung nurut ilining lèpèn Dhigul watawis angsal kalih dintên wilujêng, ananging tigang dintênipun wontên ing tekungan lèpèn Dhigul antawisipun Asike saha sungapan lèpèn Dhigul kapanggih kalihan baita kapal kagunganing parentah pinuju badhe turne dhatêng Bopên Dhigul. Botên mawi kapriksa sadhèrèk kêkalih saha baitanipun mancung kabêkta minggah ing kapal punika, saha kawangsulakên dhatêng Tanah Merah.

Sadumugining Tanah Merah sadhèrèk kêkalih punika katahan wontên ing pakunjaran. Sasampunipun baita kapal kagunganing parentah ingkang turne punika wangsul, sadhèrèk kêkalih punika lajêng kapriksa. Têlas-têlasaning papriksan sadhèrèk kêkalih punika ginanjar paukuman, yèn botên lêpat paukuman punika nyataun.

Dhuh para maos samantên kaelokaning lêlampahan. Cobi, ta, kalimrahanipun baita kapal ingkang alêlayaran dhatêng ing Bopên Dhigul punika sawulan sapisan, pancèn inggih sok wontên sawulan kaping kalih, inggih punika salêbêtipun tigang wulan sapisan. Ing môngka wulan kapêngkêr mêntas wontên baita kapal kaping kalih sawulan, dilalah têka wulan ingkang botên nyana-nyana wontên baita kapal dhatêng ing Tanah Merah, têka lajêng wontên baita kapal. Bokmanawi kapinujon ingkang kados makatên punika, ingkang sinêngguh dening para têtiyang, parentah sagêd sumêrêp sadèrèngipun kalampahan.

Sadhèrèk kêkalih punika sarêng mèh têlas ukumanipun lajêng dipun taros dening pangagêng ingkang ngasta paprentahan ing Bopên Dhigul, punapa piyambakipun badhe dados golonganing têtiyang bucalan ingkang nurut kalihan parentah punapa badhe dados golonganing têtiyang bucalan ingkang ambaguguk.

Miturut kawontênanipun sadhèrèk kêkalih punika tumut dados golonganing têtiyang bucalan ingkang nurut kalihan parentah, jalaran piyambakipun lajêng sami purun nurut pranatan ingkang dipun wontênakên dening parentah, inggih punika sadhèrèk kêkalih wau ngantos kula badhe kawangsulakên dhatêng tanah Jawi, sadhèrèk Mustakim dados juru pados ugêt-ugêting (larve) jingklong, sadhèrèk Sinduatma dados kuli ari (kaum ladhang).

Anglajêngakên cariyosipun têtiyang bucalan sanès-sanèsipun ingkang sami nêdya angesahi tanah pambucalan.

Botên watawis lami saking sasampunipun sadhèrèk Mustakim kacêpêng saking minggatipun lajêng wontên pindhah-pindhahan, inggih punika têtiyang bucalan ingkang wontên ing gudhang arêng badhe dipun pindhahi malih, sabagean kapindhah dhatêng Tanah Tinggi, sabagean malih kawangsulakên dhatêng Tanah Merah. Badhe kasambêtan.

Aris Munandar.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1037] ---

[Iklan]

--- 1038 ---

Panglipur Manah

Pamuji Gagasan Kawêdhar

[Mêgatruh]

dudukwuluh kadadak wêdaling êluh / umèngêt jaman samangkin / sêsambating bôngsa bakul / ngaru-ara ari ratri / sakabèh barange bobrok //

narapraja kang wus ajêg blanjanipun / ing tyas katut kêtir-kêtir / yèn rinucat pangkatipun / kurbanira anêrusi / sabatih kang dadi ingon //

yèn ngêmungna kasuda balanjanipun / jênêng bêja lumastari / ngupayaa sanèsipun / nadyan dêrpati mangudi / tan antuk blônja kang jumboh //

[Grafik]

Têtiyang èstri nuju damêl tudhung ing Ciawi Priyangan.

saya garês miyat ing dhusun ngadhusun / kawarti wontên sujanmi / saking wisma kusung-kusung / mikul gaplèk êngkat-êngkit / mring pasar nêdya dèn êdol //

tuging ngêndon inganti angantu-antu / tan wontên ingkang numbasi / gaplèk mung tinilar sêbrung / mantuk angrêrônta ati / bêtèke lumaku adoh //

puluh-puluh minôngka mêpêr pamupus / jênêng nora angijèni / sajagad asambat ngadhuh / kadi binêndon Hyang Widhi / kinèn ngalami rêkaos //

nanging mungguh kabèh lêlakon puniku / tan kêni lômba tinampi / paran ing wahananipun / kang tinêmu têmbe wuri / maksih kinêkêr winados //

mung pinuji tanah ngriki kang tinêmu / sagêda dadya dayani / sêngkuting mardika gayuh / srana Indhianisasi / ngèbêki sakabèh kantor //

lawan mugi dadia jalaranipun / trêsnaning bôngsa ngluwihi / mèngêt ing papêsthènipun / bôngsa kang papa nglampahi / ing tyas tumut angrêdatos //

ing satêmah têtêp tumindak têtulung / kadi kang kawahyèng mangkin / tuwuhing pambudinipun / pawiyatan warni-warni / sarana kurban dumados //

lire kathah sarjana sujana mulung / mulang muruk andarmani / lêlahanan tindakipun / ketang trêsnanirèng kapti / mring bôngsa kang dadya lakon //

ing sawastu têtêp kadarman linuhung / dene tumrap kang darmani / kônca dhusun gêsangipun / ugi datan nguciwani / kadi ing mangke katongton //

lire kadi tinêmuning ananipun / kamajuan badhe lurik / wus kaprah bêbasanipun / ingagêm kakung myang putri / nadyan sêtelan pantalon //

dipun puji sagêda lastari têrus / lawan sampurna mangudi /

--- 1039 ---

kongsi bôngsa sanèsipun / kerup karênan ing kapti / kalumrah dadya panganggon //

kadidene tudhung ta ngerang puniku / sumêbar tan nguciwani / wêwangunanira mungguh / dadya anggoning prajurit / nadyan bôngsa liyan manggon //

ing saèstu yèn têmên-têmên tinêmu / marma wajib dèn èngêti / aywa kadi pindhanipun / blarak kang murub kabêsmi / sayêkti tangèh kalakon //

ing wusana malesê mangke puniku / tan kêndhat dipun pêpuji / tumrap ingkang samya nganggur / Pangeran paring sêsulih / nambut karya tan kêrèh wong //

dadya sumbut maring angên-angênipun / dhêdhasar mêntas pribadi / nètèr ing kagunanipun / tan kewran lamun ngalami / kadi ing mangke dumados //

Darpa.

Kagunan Jawi

Bab Nut Gêndhing

Urun wêdha pamrayoginipun sadhèrèk Kodrat S Sastra Suwignya ing Kajawèn No. 55.

Ing sadèrèngipun kula andhèrèk atur pamrayogi, kula ngaturakên kawontênan ingkang sampun nate kula alami rumiyin.

Nalika taun 1903 amarêngi ingkang jumênêng pêpatih dalêm ing karaton Surakarta, swargi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, ing kapatihan sampun wontên nut kangge sinau gêndhing Jawi, katata sabên sakêbèt isi sagêndhing, mirit sêtèmpêl ingkang wontên ing kêbetan, anelakakên bilih ingkang kagungan anggitan nut wau swargi Radèn Mas Tumênggung Wrêksadiningrat I ingkang rayi pêpatih dalêm. Mênggah kawontênanipun nut wau ingkang baku, anggambar larasing wilahan gôngsa asarana ôngka Walandi 1 dumugi 7, dene urut-urutanipun kados ingkang sampun kapratelakakên sadhèrèk Kodrat kawrat ing Kajawèn No. 55.

Nalika taun 1907 paduka Tuwan J. Kats rawuh ing Surakarta, anjujug dalêmipun Tuwan Kilian sêpuh, prêlu anyampurnakakên kasusastran Jawi, ing wêkdal samantên kula kadhawuhan ambiyantu. Ing salêbêtipun anggarap têmbung-têmbung Jawi wau, kalihan nyambi nyinau nut wêdalan kapatihan kasbut nginggil, kaêcakakên mawi gambang, ing ngriku katingal gampil anggènipun nyinau, malah panjênênganipun Tuwan Kilian piyambak sampun sagêd anggambang, botên ketang gêndhingipun kêmbang jêruk. Wondene kula piyambak sarèhning sadèrèngipun sampun nyinau bab punika, dados gampil anggèn kula ngladosi. Salajêngipun kula dipun cobi kadhawuhan damêl karangan dolanan lare mawi nut, ugi kalêksanan, sanadyan katranganipun beda sakêdhik, bakuning swara ugi mêndhêt urut-urutaning ôngka wilahaning gêndhing wau.

Ing samangke sampun kathah para sagêd ingkang karsa anggiyarakên karangan bab panuntuning olah karawitan. Ingkang makatên wau saèstu andadosakên [andadosakê...]

--- 1040 ---

[...n] gênging manah kula, dene gêsanging kabudayan Jawi sagêd subur angrêmbaka. Saha kula pitados sangêt dhatêng katranganipun para sagêd wau, tamtu badhe mikantuki saha anggampilakên pasinaon. Namung eman dene ôngka ingkang kangge bakuning swara lajêng adhapur beda-beda, botên runtut kalihan baku ingkang sampun kagiyarakên lami, saha ingkang sampun tumanêm dhatêng raosipun para ahli gêndhing, punapadene ingkang sampun nyinau bab punika. Môngka ingkang nyinau bab punika botên ngêmungakên bôngsa kula piyambak kados ingkang sampun kula aturakên ing nginggil. Manawi bakunipun beda-beda tamtu namung damêl ribêd, prayogi mawi baku satunggal ingkang gumathok. Kadosdene nut gêndhing kilenan ingkang sampun sumêbar wontên ing tanah ngriki. Sabên kula sumêrêp, ôngka 1, panjanga cêlaka tamtu kula ungêlakên: do, makatên malih yèn sumêrêp, ôngka 7, alita mêthit tamtu inggih sami dipun ungêlakên si.

[Grafik]

Gôngsa ing Pakualam, Ngayogyakarta.

Mênggah karangan ingkang sampun kula sumêrêpi, ingkang beda kalihan pathokan lami inggih punika:

a. Karanganipun Bagus Sunardi, buku Wedyapustaka sèri No. 2 nama pradôngga:

nêm - barang - gulu - têngah - lima

1 - 5 - 4 - 3 - 2= pradôngga

6 - 1 - 2 - 3 - 5= baku lima

--- 1041 ---

b. Buku Sariswara, karanganipun Ki Hajar Dewantara, ôngka bakuning swara kapathok miturut pathêt: nêm, sanga, manyura:

barang - gulu - têngah - lima - nêm

Pathêt nêm : 5 - 1 - 2 - 3 - 4 = Sariswara

Pathêt sanga : 3 - 4 - 5 - 1 - 2 = Sariswara

Pathêt manyura : 2 - 3 - 4 - 5 - 1 = Sariswara

1 - 2 - 3 - 5 - 6 = baku lami

Ingkang makatên wau kula kuwatos bilih ing wingking wontên ingkang ngarang mawi baku beda malih, upaminipun: laras wilahan barang slendro dipun gambar mawi ôngka 8 supados botên sami kalihan laras barang pelog.

Mênggah saking pamanggih kula ingkang prêlu dipun udi punika, cêthaning katrangan murih gampil dipun sinau, nanging ingkang botên angewahakên, ôngka bakuning swara lami (guru wilahan), cobi kula anggambar malih barang ingkang sampun tumanêm ing raosipun tiyang kathah.

Ôngka Jawi punika sampun kapathok mawi aksara 1, têgêsipun satunggal. Aksara: ha, ugi kenging dipun sambut kangge ôngka satunggal, kangge ngurutakên cêcariyosan ingkang langkung satunggal, lajêng kasambêt: na, têgêsipun ôngka 2. Nanging manawi aksara: ha, wau dipun jèjèri 0 botên sagêd dados ôngka 10. Dados aksara: ha wau namung minôngka katrangan amrih cêtha sarta pilah, mênggah bakuning ôngka inggih têtêp aksara: 1. Sabab aksara: ha, manawi dipun pisah miyambak, sanadyan dipun apit pada pangkat, tiyang maos namung sagêd mastani ha, nanging manawi aksara: 1 tiyang lajêng sagêd mastani ôngka satunggal.

Ingkang punika kula suwun dhatêng ingkang kawogan, mugi sami kaparênga anggêlêngakên ngangge baku satunggal. Supados manawi dipun tingali saking sajawining rangkah sagêd ngalela, botên tidha-tidha anggènipun badhe nyinau. Wasana nyumanggakakên dhatêng ingkang kagungan kabêtahan bab punika.

Partawiryana, ing Cêpagarum.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 3213.

Bale Pustaka sade gambar ringgit ingkang prayogi kangge rêrênggan tembok, inggih punika: Darah Barata (gambar pulasan 37 iji) rêgi f 4.-

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4742 ing Purbanêgaran. Tumrap kuwartal 4.

Lêngganan nomêr 3221 ing Tasikmalaya. f 3. punika kangge 4e. Kw. 1932 lan 1e. Kw. 1933.

Lêngganan nomêr 3240 ing Munthilan. Dumugi Januari 1933.

Lêngganan nomêr 2830 ing Plêmahan. Ingkang dèrèng kabayar wulan Ogustus punika.

Lêngganan nomêr 3836 ing Nyatnyana ngangge têmbang.

Lêngganan nomêr 1804 ing Sragèn. Ogustus- Oktobêr.

Lêngganan nomêr 3282 ing Surabaya. Dèrèng sêdhiya.

Lêngganan nomêr 996 ing Kêbondalêm. Lêrês.

Wara-wara

Ngaturi uninga ing para maos, wêdalipun Kajawèn ing dintên punika pun Petruk botên angêdali, amargi kêkirangan papan, mugi kawuningana.

--- 1042 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Sudaning angsal-angsalan pêkên-pêkên ing Surabaya. Ing taun 1931 angsal-angsalaning pêkên ing wêwêngkon Surabaya wontên f 496.111.09.- ing taun 1930 wontên f 567.726.85.- dene ing taun punika kintên-kintên saya suda.

Manawi bab angsal-angsalan asil pêkên, punika ragi cêtha kangge ngintên munduring padagangan, inggih atêgês munduring panggêsangan. Dados têrangipun angèngingi ngrika-ngriki.

[Grafik]

Juru gambar Tuwan Sukirman. Rumiyin Kajawèn sampun nate ngêwrat pawartos ing bab juru gambar Tuwan Sukirman. Tuwan wau mêntas mitongtonakên gambaran wontên ing Mr. Cornelis, kathah ingkang sami ningali, saha kathah gambaranipun ingkang pajêng. Tuwan Sukirman gadhah sêdya badhe ngêdêgakên papan anggambar, miturut panêdhanipun ingkang sami badhe sinau.

Pawartos punika têmtu anênangi dhatêng panggalihanipun para ingkang sami kadunungan dhêdhasar anggambar.

Rêdi Slamêt. Miturut pèngêtan, rêdi Slamêt punika anggènipun botên ngêdalakên lahar sampun wiwit kala taun 1800. Dene mirid papriksan, kawontênan sapunika punika botên sagêd ngawontênakên bêbaya ingkang ngêgèt.

Dalah rêdi kemawon têka inggih mawi kumat kados tiyang sakit. Wêca wau mugi nyataa.

Comite nanggulangi lintah dharat ing bawah Banyumas. Ing dhusun Purwosobo, Banyumas, wontên ingkang ngadani ngêdêgakên comite nanggulangi panêmpuhing lintah dharat, amargi ing padhusunan ngriku kathah têtiyang ingkang tinêmpuh ing bêbaya wau.

Sami-sami lintah dharat panêmpuhipun dhatêng golongan tani pancèn angedap-edapi, ingkang dipun ingsêp enggal kêra, ingkang ngingsêp enggal lêma. Tindak wau pinuji kasêmbadanipun.

Juru sandi dados pangajêng durjana. Ing Jombang wontên juru sandi kangge sangêt damêlipun, tansah sagêd suka katrangan warni-warni. Malah wontên prakawis agêng ingkang sagêd adamêl kokuming pasakitan. Sarêng pasakitan wau sampun luwar, pados katrangan sintên ingkang anjalari kacêpênging kadurjanan wau, wusana sumêrêp saking pandamêlipun juru sandi. Tiyang wau lajêng lapur dhatêng ingkang wajib, sayêktosipun juru sandi wau malah ingkang dados pangajênging durjana. Juru sandi kacêpêng, katranganipun nyata, kathah kadurjanan ingkang kawiyak.

Lêlampahan kados makatên punika punapa kêlêbêt ing bêbasan jati nlusub ing luyung.

Sabin katêmpuh ama tikus. Kawartosakên, pasabinan ing laladan onder distrik Karang, Garut, katêmpuh ing ama tikus, ngantos dipun adani nyêbar wiji kaping tiga, mêksa botên dados. Panulakipun mêgah-mêgahakên.

Dhawahing kalamangsa punika sok makatên, jaman ingkang nuju botên sakeca, malah katimbrung saya botên sakeca, dhatênging kabêgjan sok ngantos suk-sukan.

Asil immigratie suda. Ing salêbêtipun 6 wulan ing taun punika wontênipun têtiyang manca ingkang dhatêng ing tanah Jawi: Walandi 1078, bangsa Eropa 219, Jêpang 31, Tionghoa 1631, Arab 173, bangsa wetanan sanès-sanèsipun 172, gunggung 3304, dene tumrap taun kapêngkêr salêbêtipun 6 wulan, gunggung bangsa sadaya wau wontên 5625. dados suda 2300. lêbêting bea immigratie taun 1931 ing salêbêtipun 6 wulan wontên f 166.800.- ing taun punika kados pêpetangan wau namung wontên f 90.000 langkung.

Sawarnining angsal-angsalan sarwa suda, baya sampun jamanipun.

Loterij enggal. Loterij ingkang sampun nêmbe kamainakên, paribasan ingkang nguthut dèrèng rampung, ing sapunika sampun kasusul wêdaling loterij enggal malih nama Roomsch Katholieke Weeshuiêen Sêmarang. Kasade wiwit tanggal 5 Sèptèmbêr ngajêng, pambikakipun botên langkung saking tanggal 5 November.

Jamanipun kêdah cekat-cèkêt, pados kasugihan inggih kêdah cekat-cèkêt.

Suda lumungsur saha indhaking kadurjanan ing Bêtawi sakanan-keringipun. Kawontênanipun kadurjanan ing laladan Bêtawi salêbêtipun kwartal 2 ing taun 1931 wontên 899, ing taun 1932 kwartal 2 wontên 1098. Tumrap laladan Mr. Cornelis kwartal 2 taun 1931 wontên 449, kwartal 2 taun punika 206. Tumrap Krawang taun 1931 kwartal 2 wontên 742, kwartal 2 taun punika 657. Ing Tangêrang tuwuh kadurjanan agêng-agêng.

--- 1043 ---

Suda lumungsur tuwin indhaking kadurjanan, kados kenging kangge pêpiridan têntrêm lan botêning laladan, nanging tumrapipun wontên ing jaman sapunika, pangintên wau dèrèng kenging dipun ugêmi, awit umumipun sawêg nama jaman awis punapa-punapa.

Pêlikan fosfaat. Wontên pawartos, ing bawah Cilacap pinanggih wontên pêlikan fosfaat, inggih punika bangsaning rabuk. Pêlikan wau kintên-kintên wontên 200.000 ton.

Punika punapa botên nama kasugihanipun tanah Jawi.

Cursus babu koki P.P.P.P.A. Ing Bêtawi ngadani damêl papan pangupakara wanita ingkang sami kapintên, saha badhe ngawontênakên wulangan padamêlan koki, babu sapanunggilanipun.

Rekadaya punika manawi kasêmbadan, kintên-kintên badhe agêng pigunanipun, awit tumraping wanita ingkang kapintên gêsangipun, nama manggih margi ingkang prayogi.

Sudan dhêndhan ingkang ragi mayarakên. Rumiyin wontên pawartos, satunggiling sudagar bangsa Tionghoa ing Cilacap kapatrapan dhêndha f 700.000, jalaran nyalingkuhakên lêbêting batu api, kalêbêt dhêndhan ingkang sampun pantog, kapetang kaping kalih dasaning arta beya f 35.000.- ingkang badhe kasalingkuhakên. Tiyang ingkang badhe kapatrapan dhêndhan wau lajêng apèl dhatêng Raad van Justitie, nyuwun sudan. Ing sapunika sampun wontên dhawuh kaparêngakên, namung bayar saprapitonipun kemawon, inggih punika f 100.000 kanthi inah salêbêting 2 wulan. Manawi botên sagêd ambayar badhe kakunjara.

Sudan samantên wau botên sakêdhik, nanging kêkantunan ingkang kantun samantên wau inggih botên sakêdhik. Sampun lêrêsipun pados donya mawi bêbanton donya.

Panggaotan nênun ing Ngayogya saya majêng. Wontên pawartos, Prof. van Gelderen badhe pêpriksa ing bab panggaotan lurik ing Ngayogya, amargi ing sapunika saya majêng. Saya majêngipun wau kabêkta ing sapunika rêgining pirantos nênun damêlan piyambak langkung mirah tinimbang tumbasan saking Departement tatanèn. Cacahing pirantos nênun sapunika sampun atusan, têtiyangipun èstri saya majêng.

Wohing papriksan punika mugi sagêda mikantuki.

Pawartos ingkang ngayêmi tanah ngriki. Miturut pawartos, wontên titikipun, asil siti ingkang kasade ing Amerika katingal majêng. Manawi saya majêng, botên sande asil ing tanah ngriki têmtu tumut majêng. Punika pawartos angayêmi.

Manggih patilasan kina. Kawartosakên, ing sacêlakipun Majapait, bawah Majakêrta, mêntas pinanggih wontên tembok-tembok tilas bètèng, kintên-kintên kala rumiyin dados baluwartining kitha. Kajawi punika inggih manggih tilas pasiraman.

Saya dangu saya katingal tilas kaluhuraning karajan Jawi sapunika kantun dados pangèngêt-èngêt.

Arbeidsbeurs ing Sêmarang. Miturut pèngêtan saking Arbeidsbeurs Gemeente ing Sêmarang, dumugining tanggal 31 Juli wontênipun angguran wontên 1348; tiyang samantên wau ingkang bangsanipun jurusêrat wontên 346, upas 97, mandor tuwin juru jagi dalu 96, tukang warni-warni 84, opêichter tuwin werkbaas 73 tuwin sanès-sanèsipun 50, wontên malih golongan sopir 47.

Cêtha bilih para angguran punika ingkang kathah bangsaning alusan, dados ing bab padamêlan nyêrat punika ajêg taksih dados idham-idhaman.

Ariwarti Sipatahunan taksih dipun sirik. Golongan pamêdhar sabda tiyang siti ing Raad Kawula gadhah usul supados ariwarti Sipatahunan kakengingakên malêbêt dhatêng tangsi militèr. Wakiling parentah babagan paprangan Litnan Jendral Cramer têtêp anduwa.

Ariwarti punika manawi sampun kêcirèn, sok lajêng makatên punika, suda pasabanipun.

Sumbêr lisah pèt. Ing sacêlakipun walantaka katindakakên adamêl ngêbur siti, prêlu kangge kabêtahaning papan ingkang kêkirangan toya. Ingriku wontên siti ingkang ngêdalakên ganda kados lisah pèt. Ing sapunika sampun kalapurakên dhatêng ingkang wajib.

Manawi ing têmbe nyata ngêdalakên lisah pèt, nama kados satunggiling sumbêr donya ing tanah ngriki.

ASIA.

Cinêgah dening kodrat. Jalaran saking bênanipun lèpèn Singari tuwin lèpèn sanès-sanèsipun, adamêl kêndhoning lampah margi sêpur Chinese Eastem Railway tuwin adamêl karisakaning wulu pamêdal, punapadene batang sanès-sanèsipun, kathah pêpêjah. Wontên tiyang 5000 sami andandosi margi sêpur, tumindak siyang dalu. Lan jalaran saking kawontênan kados makatên punika, adamêl kandhêging mêmêngsahan. Mêsin mabur Jêpan ambage têdha saking gêgana dhatêng para wadya ingkang kinêpang ing bêna. Nanging taksih wontên wadya tuwin têtiyang ewon ingkang badhe kaluwèn.

AMERIKA.

[Grafik]

Anggêgana wontên sanginggiling samodra Atlantik. Ing Kajawèn dintên punika ngêwrat paargyan ing bab tiyang misuwur, ingkang ugi ngêwrat bab wanita ingkang misuwur sagêd anggêgana wontên sanginggiling samodra Atlantik. Inginggil punika ngêwrat gambaripun bangsa Amerika ingkang ugi mêntas anggêgana nglangkungi samodra Atlantik, saking Amerika dhatêng Jerman, dipun lampahi 18 jam. Ingkang anggêgana nama Tuwan Mattern, nomêr tiga saking kiwa.

--- 1044 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

33.

Sabên sontên, Radèn Sumarta, ingkang sapunika sampun têtêp cêpêng damêl, dhatêng ing panggenanipun Nonah Dhorah, prêlu wedangan. Manawi Nonah Dhorah nuju sêla, lajêng sami mubêng-mubêng numpak sêpedhah. Saya manawi nuju dintên Ngahad, anggènipun sênêng-sênêng ngantos dumugi sajawining kitha, prêlu pados hawa sae.

Ing kalanipun Radèn Sumarta dhatêng ing griyanipun Nonah Dhorah, mawi ambêkta sêrat kabar, lajêng dipun waos ing tiyang kalih. Ingkang dipun waos namung bab pakabaran ingkang rèmèh-rèmèh, malah trêkadhang botên dipun waos babarpisan, dening kêslamur tansah gêgojegan kemawon. Ing kalanipun gêgojegan wau, nalika Radèn Sumarta nyêpêng sêrat kabar, lajêng dipun rêbat, dipun singkirakên têbih, saha Nonah Dhorah lajêng wicantên: Apa ora ana carita bab liya kang sêngsême ngungkuli surasaning layang kabar iki.

Nuju ing wanci sontên, Radèn Sumarta dhatêng griyanipun Nonah Dhorah ambêkta sêrat kabar. Ulatipun Radèn Sumarta katingal padhang linut ing èsêm, saha tandangipun sajak kasêsa. Saya sarêng tabikan kalihan Nonah Dhorah, tanganipun ngantos andharêdhêg.

Nonah Dhorah salêbêtipun têtabikan lajêng pitakèn: Genea Sumarta, dene pasêmonmu owah saka padatan.

Radèn Sumarta mangsuli andharêdhêg kalihan ambikak sêrat kabar: Kabar wigati bangêt Dhorah.

Wis ta enggal kôndhaa, kabar apa. Kabarmu kuwi sèlèhna dhisik.

Ênya ta wacanên dhewe.

Radèn Sumarta lajêng nêdahakên pakabaran cêkak, Nonah Dhorah lajêng maos, ungêlipun:

Kawrat sêrat kêkancingan saking parentah, nêtêpakên, Radèn Sumarta, komis dhepartêmèn pangrèh praja, hakipun kasamèkakên kalihan bôngsa Eropah, ngangge nama Willem Marteau.

Dadi kowe saiki wis dadi wong Eropah, yèn ngono cangkingane jênêngmu Wim.

Sasampunipun wicantên makatên, Nonah Dhorah dhêlog-dhêlog kalihan nyawang sêsêkaran.

Radèn Sumarta ningali ulatipun Nonah Dhorah kados makatên punika manahipun karaos, lajêng pitakèn: Kowe kuwi anggagas apa ta Dhorah. Apa kowe ora sênêng ngrungu mênyang owahing kaananku.

Mokal yèn aku oraa milu bungah Sumarta. Dene anggonku dhêlog-dhêlog iki, mung saka ngèlingi owahing uripku dhewe. Kaya lêlakonku sing uwis, aku pêpisahan karo wong tuwaku, sabên aku eling, atiku banjur karasa-rasa bangêt. Môngka ing saiki kowe dhewe anjarag misah karo ibumu.

Aku ora duwe niyat babarpisan nêdya misah karo ibuku Dhorah. Sanadyan aku ing saiki uwis ngêmohi karo bangsaku, nanging sapa sing arêp bisa mêdhotake supêkêting anak lan biyung. Ing batin aku isih rumasa duwe ibu, nanging yèn biyungku ngêmohi, kang jalaran saka anggonku ngudi undhaking drajat, kaya priye manèh. Kabèh wis tak eklasake ora gawe masguling atiku. Kang tak aboti mung kowe.

Sasampunipun makatên, Radèn Sumarta lajêng mandhap saking kursi jèngkèng wontên sangajêngipun Nonah Dhorah tuwin anggrayangi tanganipun linut ing ungêl: Dhorah, aku ngrêti yèn kang ngalang-alangi kaananku lan kowe, mung jalaran saka bedaning bôngsa. Kowe rak ngrêti yèn aku iki bôngsa Jawa, nanging saka kakuwataning pranatan nagara, ing saiki aku wis tunggal bôngsa karo kowe. Wiwit saiki aku wis ngungkurake bangsaku babarpisan, jênêngku Sumarta wis ilang. Dhuh, apa kowe gêlêm dadi bojoku Dhorah.

Nonah Dhorah lajêng anggèrèt tanganipun Radèn Sumarta, dipun ajak linggih ing kursi malih kalihan wicantên: Tak pikir-pikire dhisik Wim. Aku iki jênêng lagi nêmbe ngrasakake dadi wong mardika, aku isih abot arêp anglakoni dadi wong kang kêcancang manèh.

Kowe ngandhakake bab mardikane uripmu Dhorah. O, aku ora niyat arêp mêksa mênyang kowe. Aku dhangan angêntèni sataun, rong taun, ya ngantia sapuluh taun pisan. Dene kang dadi pangarêp-arêpku, aku kapengin ngrungu kêlaire antêping atimu Dhorah. Apa kowe gêlêm dadi bojoku. Ing bab iku pancène ora prêlu dipikir-pikir dawa, awit karampungane pancèn wis suwe tuwuh ana ing batin. Waton kowe wis kôndha gêlêm, sanadyan têtaunana, tak êntèni. Kowe sumurupa Dhorah, uripku ing saiki tak pasrahake mênyang kowe.

Saupama aku kôndha ora gêlêm, apa kowe banjur arêp anglalu pati. Yèn kowe duwe niyat kaya mangkono, tak pituturi aja. Patimu bakal siya-siya. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[8 halaman iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]