Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09-10, #694

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09-10, #694. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-09-10, #694. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 73, 8 Jumadilawal Dal 1863, 10 Sèptèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1141] ---

Ôngka 73, 8 Jumadilawal Dal 1863, 10 Sèptèmbêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Petruk ing Salêbêting Pakèwêd - Bab Sêrat Hariwara - Bôngsa Indhu - Sêrat Pranacitra - Pulo Sèlèbês - Bab Luhur utawi Andhaping Drajating Bôngsa - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Pocung]

Pakne Pocung sung pèngêt mring anak putu / ujare mangkana / he para nak putu wuri / ywa katungkul gagas rêkasaning jaman //

luwung ngrêmbug pathokane wong tumuwuh / apa kang ingaran / dhasaring urip sajati / marma kudu eling kalawan waspada //

eling iku môngka têtalining laku / dene si waspada / kang dadi coloking margi / dêdalane kang anjog mring jaman ora //

ora suwung sawangane awang-uwung / ngêlangut kawangwang / silêm ananing dumadi / dadi kari karasa-rasaning rahsya //

jumbuh pêthuk pêpêthan pathine kumpul / kadyangganing surya / mrabani sakèh kumêlip / tan kumêlap-lape amboyong kadhatyan //

tangèh lamun tinutur têrange samun / mung wahyu nugraha / gêgaran dera marsudi / tan lyan srêgêp sarèhing wong puruhita //

--- 1142 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Petruk ing Salêbêting Pakèwêd.

I

Garèng : Salêbare kowe nonton karo aku lagi anu kae, kowe apa nonton Pasar Gambir manèh, Truk.

Petruk : Aku karo adhimu Makne Kamprèt nonton sapisan manèh, Kang Garèng, yaiku nalika malêm Minggu kang kapungkur kiyi. Nanging kala samono ana ing kana aku kloron nyêdhaki anggone mèwèk-mèwèk katimbang anggone ngèkèk-ngèkèk.

[Grafik]

Garèng : Aku ngandêl, Truk, wong kowe kuwi sok ora ngrêti petung, kiraku kowe ana ing salah sijining rèsturan wis kabanjur ngantêm krama sasayahira, barêng arêp bayar, kèlingan yèn sangune wis labas dianggo... dhomino lagi malêm Sabtune. Iya ora maido yèn kowe sakloron wasanane banjur mèmblèh-mèmblèh.

Petruk : Ngrêtia, Kang Garèng, wiwit ana sirkulèr saka pandhuwur anglarangi para priyayi padha main, tak tobatake têmênan aku gêlêm main, ning... ana ing pasamuwan, mêngko aku rak diarani priyayi sing ora nurut marang prentahe pandhuwuran.

Garèng : Ditobatake main ana ing pasamuwan, nanging nèk dhêlikan... lain prêkarah. Karo manèh nèk banjur ninggal main babarpisan, lo kok kaya dudu priyayi, rak iya ngono ta Truk. Ora, Truk, mara caritakna nyang aku, sabab dening apa nalikane kowe sakloron nonton ing Pasar Gambir lagi malêm Minggu kang kapungkur kiyi, kok nyêdhaki mèwèk-mèwèke katimbang karo ngèkèk-ngèkèke, dadi têgêse: malah akèh susahe katimbang sênênge.

Petruk : Mula iya mêngkono, Kang Garèng. Dene sabab-sababe mangkene: kowe rak iya wêruh dhewe ta Kang Garèng, yèn aku kiyi, sabab dening cilik-cilik iya pangkat jurnalis, saka komitening Pasar Gambir diwènèhi karcis, kang anjalari mlêbu mêtu ana ing Pasar

--- 1143 ---

Gambir satongtonane pisan kanthi gratis.

Garèng : Iya, iya, Truk, emane dene ana ing rèsturan têka ora gratis, ajaa sabên dina bojomu rak ora tau ngliwêt.

Petruk : Wayah, apa sasat bêndara-bêndara jaman biyèn: wèkmu wèkku, wèkku iya wèkku dhewe. Kala samono ing Pasar Gambir dianani balapan asu. Ing sarèhning tontonan sing mêngkono kuwi aku sakloron durung tau sumurup, mulane iya tak prêlokake bangêt nonton. Lumêbune ing papan balapan mau, kudu ambayar f 0.40, ing sarèhne wong aku, aku karo Makne Kamprèt iya kêna mlêbu bae. Ana ing tribinê: wong aku, mlêbu iya kêna-kêna bae. Sajêroning lungguh ana ing tribinê mau, barêng mengo ngiwa nêngên, ngarêp mêmburi wêruh yèn sing padha lênggah ana ing kono bôngsa gembong-gembong, kaya ta: rêsidhèn, asistèn, bêrgêmistêr lan sapêpadhane, wong iya aku, atine têtêp... lap-lapan.

Garèng : O, tak arani atine têtêp mantêp, jêbul têtêp lap-lapan, hla kok kaya jurnalis desa mêngkono, Truk.

Petruk : Lo, ora mêngkono, Kang Garèng, kala samono sanyatane aku ngrasa, yèn aku lan Makne Kamprèt kiyi bakune kêsasar, dudu ing tribinê kono panggonanaku, nanging tribinê liya-liyane. Iya bênêr kala samono ing kono ana gembong-gembong wong bumi loro, iya iku kangjêng bupati mistêr kornelis sagarwa, lan dhoktêr Radèn Suratma, panggêdhene pajagalan gumintê ing Batawi, nanging priyayi luhur loro kiyi, para luhur sing mung agawe susahku bae lan sing ngilangake kamardikanku ana ing kono. Mulane barêng kala samono ana priyayi luhur Jawa sakalihan rawuh, sing rada tak têpungi bangêt, sabab dhèk biyèn kônca sêkolah, tur jumênêng dadi pangarêping pakumpulan sing aku uga mèlu dadi wargane, ayêming atiku sakloron ing kala samono prasasat kaya disiram banyu ès têlung dhacin: cês, krêcês. Nanging kocapa, ing sarèhne priyayi luhur sakalihan mau sajake pados lênggahan, ing môngka larikan ênggonku kuwi kajaba ana ing ngarêp, isih lêga bangêt, mulane iya banjur dak aturi mangkene: môngga, pinarak ing ngriki. Toblas, ma- ti- a- ku. Aku ora olèh wangsulan, jêbul malah olèh... plengos, sêmune priyayi luhur mau ambatos mangkene: cung, kiyi dudu panggonanmu, ca- li- la- ca- li- li. Wah, Kang Garèng, rasaning atiku kala samono kaya kursi sing tak lungguhi amblês ana ka 10 mètêr jêrone.

[Grafik]

Kowe kudu ngajèni nyang aku, hèh...

Garèng : Wiyah, Truk, ambok aja guru ditômpa sing ora kêpenak mêngkono. Kiraku ora yèn priyayi luhur mau sêngaja paring plengos nyang kowe. Kowe kudu ngèlingi,

--- 1144 ---

Truk, yèn bangsaning ngaluhur kuwi akèh sing dipanggalih, iya akèhing pagawean, akèhe sobat-sobat sing padha nêmoni, malah bisa uga kala samono lagi manggalih akèhe... utange.

Petruk : Iya sukur alkamdulillah yèn pancèn ora disêngaja, mulane nèk ana salahku nyanthulani kiyi, muga-muga diparingi sêmpora bae. Awit kala samana aku pancèn rumasa nalôngsa bangêt. Nanging sanyatane mungguhing laku, nèk ana priyayi luhur, agêng... mustakane kuwi, malah tak alêmbana. Awit iya priyayi luhur sing kaya ngono kuwi, sing bisa gawe sênêng atiku, bisa amardikakake awakku, seje karo bangsane ingkêng bupati ing Mistêr Kornelis utawa Radèn Dr. Suratma, hla, kiyi priyayi luhur sing nyilakani, lan sing ora mardikakake awakku.

[Grafik]

... inggih anggêr pun paringi arta.

Garèng : Wah, hla, saya ora ngrêti aku, Truk, salahe apa ingkang bupati ing Mistêr utawa Radèn Dr. Suratma kuwi, dene kok arani gawe cilaka lan ora mardikakake awakmu. Barêng priyayi luhur sing salegêr mustakane, jêbul malah kok arani apik.

Petruk : Lo kuwi mangkene, Kang Garèng, priyayi luhur loro mau, saka bêcike tangkêpe nyang bangsane umat, nganti sok ora ambedak-bedakake bangsane ringin lan bangsane sukêt. Kayadene ingkang bupati ing Mistêr, iya bênêr durung tau priksa karo aku, nanging anggone mriksani kuwi kanthi sumèh lan ngrêsêpake ati, sêmune ora pisan-pisan kagungan panggalih: kowe wêruh, iki gusti kangjêng, hèh, balik kowe rak mung: sê- mut. Mulane tumrape aku, iya ci- la- ka, sabab banjur ora bisa mêrdika babarpisan, anggêr dilirik bae, lungguhku iya kapêksa banjur kudu ngapurancang angajèni, awit kanane sanadyan pangkat luhur, wong iya krêsa ngajèni nyang aku. Balik priyayi luhur sing rumasa putrane malaekat Jabarail, nyang wong kaya aku kiyi rak ora priksa, sabab ana ing mripate pancèn iya ora katon. Ing sarèhne ora katon, kenene iya bisa mardika, bisa sakarêp-karêp, arêpa aku ana ing ngrêsane lungguh jegang, pêthenthengan, lan sapadhane, iya ora dadi ngapa, sabab kanane wong ora priksa nyang aku. Badhe kasambêtan.

--- 1145 ---

Bab Sêrat Hariwara

Sing Ala Kêtara, Sing Bêcik Kêtitik

Sambêtipun Kajawèn nomêr 72.

Hariwara Wirapustakan, kaca 62 mungêl

b. Dhungulan punika sami kalihan dhêndhan kukudan, têgêsipun: pangapêsaning dewa, mungêl ing Sêrat Cênthini, makatên... (plêk kalihan pêthikan ing nginggil, namung dipun ewahi panyêratipun, kados ta: jawata, jawata. Sakèh, sakyèh).

Sumôngga, punapa botên elok sangêt ingkang kaping kalih, têka mêthik Sêrat Cênthini kemawon inggih tumbuk. Ingkang makatên punika mêsthi dede kapinujon, sampun têmtu manawi satunggalipun mêndhêt saking satunggalipun. Sapunika pitakènipun, êndi kang tiron, têgêsipun, sintên ingkang tumindak kirang prayogi. Wangsulanipun, miturut litterair onderzoek Hariwara Purbadipuran ingkang dipun tiru.

Bab titimôngsa

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, voorbericht Hariwara Wirapustakan mawi taun 1890, kados-kadosa sêrat wau ing taun 1890 sampun rampung. Nanging sarêng dipun taliti ôngka taun wau pinanggih botên tulèn. Miturut angsal-angsalaning pamariksa, Sêrat Hariwara Wirapustakan punika sêpuh-sêpuhipun damêlan kala taun 1907 punika yèn tulèn.

Hariwara Purbadipuran, titimangsanipun dumunung ing têngah, salêbêting bab 34... kaya ta ing dina iki, tanggal ping nêm Mukaram taun Jimawal. Sèwu wolung atus patang / puluh lima kang lumaris / ... punika sami kalihan November 1914. Samangke pitakèn malih: bilih nyata, Hariwara Wirapustakan kala taun 1907 sampun rampung, punapa baya sababipun têka mêdalipun sawêg kala taun 1916. Manawi pitakèn punika kacocogakên kalihan atur kula ing Kajawèn No. 54, kados sampun botên susah dipun wangsuli. Dene bab titimôngsa 1837= 1907 ingkang tumrap ing kaca 28: o, manawi ing ngajêng sampun wontên titimôngsa ingkang botên kenging pinitados, inggih kêdah ngatos-atos dhatêng môngsa sanèsipun.

Ingkang sampun kêtatalan

Tiyang sêpuh kula, R.M.T. Purbadipura, ingkang sampun tilar dunya, punika botên nate nyêkarakên damêlanipun tiyang sanès, sadaya damêlanipun punika lugu damêlanipun piyambak, saking dhawuh dalêm Ingkang Sinuhun P.B. X ingkang jumênêng sapunika. Kados ta:

1. Sêrat Pakurmatan Supit Dalêm (H.W.H.S.P.B. X), kacithak ing pangêcapan Albert Rusche & Co. ing Surakarta kala taun 1899, buku limrah isi 140 kaca.

2. Sêrat Srimataya, anyariyosakên kala sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun bêksa wirèng. Kadamêl kala taun Jimawal 1813= 1883, kacithak ingkang sapisan ing pangêcapan Albert Rusche & Co. Surakarta taun 1898, buku alit 56 kaca. Kacithak ingkang kaping tiga ing

--- 1146 ---

pangêcapan Sie Dhian Ho & sons Solo taun 1922-1852, buku limrah 42 kaca.

3. Sêrat Nata Cangkrama, pèngêtan têdhak dalêm dhatêng pasanggrahan Langênarja, kacithak ingkang sapisan, ing Surakarta, kala taun 1898, ingkang kaping kalih taun 1922-1852 ing pangêcapan Sie Dhian Ho, 39 kaca.

4. Sêrat Sridana, pèngêtan banjir agêng ing Surakarta, kala taun 1823= 1893, ingkang sinuhun miyos baitan, kacithak kala taun 1922, ing pangêcapan Sie Dhian Ho, 17 kaca. Sri Mataya 3e druk, Nata Cangkrama 2e druk saha Sridana, dados satunggal buku wêdalan Sie Dhian Ho.

5. Sêrat Sri Karongron

Jilid 1 buku limrah 81 kaca, kacithak N.V.B.O. Surakarta, kala taun 1913.

Jilid 2 isi 103 kaca, kacithak, idhêm.

Jilid 3. isi 240 kaca, kacithak, idhêm 1914.

Jilid 4 isi 308 kaca, kacithak, idhêm 1916.

6. Sêrat Srinastuti, pahargyan pêpanggihan dalêm ingkang sinuhun kalihan Z.E.G.G. Mr.D. Fock wontên ing Sêmarang, 146 kaca, kacithak Sie Dhian Ho Solo kala taun 1922.

7. Sêrat Sriutama, pahargyan tamu saking Indo-China, Z.E.G.G. Pas Kwiye, 31 kaca, mawi gambar tiga iji, cithakan N.V.B.O. Surakarta taun 1930.

8. Sêrat Srimahargya, pahargyan tamu Raja Siyêm, Sri Bagendha Maharaja Prajadipak, praja dipaka), 41 kaca mawi gambar tiga iji, cithakan, idhêm ing nginggil.

Sêrat kasêbut ing nginggil punika sadaya mawi sêkar. Dados cariyosipun R.Ng. Dutawijaya ing Kajawèn No. 68 kaca 1062 kolom 1 adêg-adêg 2 punika mêsthi dora. Awit:

1. Wirapustakan babarpisan botên nate mamèrakên karanganipun dhatêng bapak.

2. Wirapustakan punika dhatêng bapak, ewa, kirang srêju.

3. Bapak botên nate nyêkarakên damêlanipun tiyang sanès. Kalihan malih bapak dipun cariyosakên ngêndika kados makatên dhatêng R.Ng. Dutawijaya, punika inggih dora, awit:

1. Kala samantên R. Ng. D. manawi kula botên kêlintu, sawêg dados jajar sarati. Bapak dados kaliwon damêl. Dados sêsrawungan ingkang kabêkta saking pandamêlan, babarpisan botên wontên.

2. Yuswanipun R. Ng. D. kalihan bapak, punika dede amput-amputipun, dados sêsrawungan ingkang kabêkta saking barakaning yuswa, inggih botên wontên.

3. Bapak punika prasasat botên nate ngêdali parêpatan R. Ng. D. kenging winastan priyantun ingkang majêng, rêmên pêrgadringan, dados sêsrawungan ingkang kabêkta saking pasaban, inggih ugi botên wontên. Kulina malih yèn kulinaa. Tandhanipun bilih Dutawijayan botên kulina dhatêng Purbadipuran, bakyu Purbaningsih (Puspakartikan) dipun wastani rayi kula.

Bab sêkaran

Bab sêkaran Purbadipuran kagalih dèrèng kenging

--- 1147 ---

dipun pamèrakên, kados sêkaran Suradipuran, saya sêkaran Rônggawarsitan, têbih sungsatipun, punika namung kula sumanggakakên, namung nyatanipun ingkang ngladosi sêrat sêkaran, ingkang sinuhun, wiwit kala dèrèng jumênêng nata, ngantos bapak seda, punika bapak. Sadaya panêmbrama bintang-bintang agêm dalêm, saha tamu-tamu ing karaton, punika ingkang kadhawuhan andamêl bapak. Sadaya sêrat-sêrat mawi sêkar ingkang kaparingakên putra santana dalêm, utawi abdi dalêm prayagung, manawi pinuju kagungan damêl (maringi pasumbang) punika ingkang kadhawuhan andamêl, inggih bapak. Malah ingkang sami tampi paring dalêm sêrat mawi sêkar wau, bilih botên sagêd ngunjukakên sêrat wangsulan mawi sêkar, inggih bapak ingkang dipun têdhani tulung andamêlakên.

Bapak sampun andamêl sêrat-sêrat sêkaran kasêbut ing nginggil, wontên ingkang kacithak ngantos kaping tiga. Sêrat Sri Karongron jilid I nalika sawêg mêdal, ing salêbêtipun 4 a 5 wulan, têlas. Malah Sêrat Srimataya ingkang cithakan sapisan, ingkang ngêdalakên Ki Padmasusastra, tiyang mardika... enz. Sêrat Supitan, ingkang ngêdalakên Ngabèi Wirapustaka, abdi dalêm mantri Radya Pustaka. Sêrat Nata Cangkrama, ingkang ngêdalakên Tuwan F.L. Winter, têgêsipun, bapak prasasat botên nate nyithakakên damêlanipun piyambak, punapadene damêlanipun tiyang sanès. Saya botên, sabab kajawi botên priksa cara-caranipun, utawi botên kuwawi ambayar waragadipun, inggih saking botên kêpêksa pados têdha sarana nyithakakên sêrat. Sawêg akal-akal badhe nyithakakên Hariwara wontên ing Waradarma, kalayan pro deo tanpa honorarium jêbul kêcathok.

Cêkakipun, sêrat-sêrat damêlanipun bapak ingkang sampun kacithak, punika mêdalipun saking tiyang sanès, botên saking bapak piyambak, dados wêdalipun sêrat-sêrat wau botên sarana dipun onyok-onyokakên.

Mênggah ingkang makatên punika bab awon saening barang lajêng pinanggih No. 2, ingkang No. 1 prakawis payu. Payu dipun capakên tiyang sanès, dèrèng tamtu payuning sade tinumbas, awit prakawis punika ingkang sumêrêp namung para Boekhouder-ipun toko ingkang nyade buku wau. Nanging bilih ngèngêti manawi wontên ingkang ngantos kacithak kaping tiga, punapa inggih botên nama pajêng.

Gêgandhengan kalihan bab awon saening sêkaran, kula rumaos kêpêksa mêthik sêrat kabar Bramartani ôngka 65, Akad Lêgi kaping 7 Siyam Alip 1843= 1912(?) Ing ngriku wontên panjurung mawi sêkar, ajalaran saking pandamêlipun Sêrat Sri Karongron jilid I, panjurung wau yèn dipun raosakên, kênyamipun makatên. Lo, wong akon gawe layang, aku kok ora mèlu dikon. Karodene sing dikon kuwi kok iya ora gêlêm ngajak aku, utawa sarasehan karo aku. Makatên kênyamipun. Dene pungkasanipun panjurung wau ungêlipun makatên.

Tumulada sang paramèng kawi / Radèn Ngabèi Purbadipura / ing jagad ngalela dhewe / sampurnèng têmbang kidung / inagnya jêng sri narapati / mèngêti lêlampahan / nalika ing dangu / têdhak [têdha...]

--- 1148 ---

[...k] marang Yogyakarta / pinapinta tinata kalawan titi / tan ana kaliwatan //

nadyan lêmpêr isi iwak têrik / gêdhe dawa pan kongsi sakilan / kang mangkono nora cèwèt / ywa malih ingkang pêrlu / baju putih mênthur kinanji / kabèh bisa kababar / karyeraming kalbu / nira Pak Iramênggala / myang Ki X Manadukara sêsanti / ngêmum barkahing nata //

kula mangrêtos manawi punika panglulu- batos kula: lah iya lulunên- nanging kados inggih cêtha sangêt manawi punika ungêlipun tiyang mèri, tiyang ewa kanthi panas ati dhatêng bapak. Lah inggih sumôngga, ta, sakarsanipun.

Sarèhne Pak Iramênggala, tuwin X punika nama sêsinglon, kula botên sumêrêp punika salugunipun sintên, dados pratelan kula punika botên tumuju dhatêng prayantun satunggal utawi kalih, ingkang kasumêrêpan (een of twee bepaalde personen).

Bab gayutan pamili, punika ingatasipun rêmbag kawruh (wetenschap) botên parlu, utawi botên kenging dipun gandhèngakên.

Dr. Purbacaraka. Batawi 1 September 1932.

[Grafik]

Sawung-sawung hocky Indhia, nalika dumugi Los Angeles dados tamunipun "Breakfost-club", lan pêpanggihan kayiyan[1] Tom Mix bintang pilêm ingkang misuwur namanipun.

--- 1149 ---

Sêrat Pranacitra

Sêrat Pranacitra punika satunggiling sêrat cariyos kina, kenging dipun wastani sêmpalanipun Sêrat Babad Tanah Jawi, ingkang winêngku lêlampahan jamanipun Sinuhun Sultan Agung ing Mataram.

Dene jêjêring cariyos, nyariyosakên lêlampahanipun Rara Mêndut tuwin Bagus Pranacitra. Mênggah sêngsêming cariyos, tumraping bôngsa Jawi, sampun botên kêkilapan.

Mênggah bakuning cariyos ingkang kenging kangge wulang, pinanggih warni-warni, kados ta Ki Tumênggung Wiraguna, punika satunggiling prayagung luhur ingkang agêng panguwaosipun, katingal anggènipun sarwa sambada. Nanging wontên kuciwanipun, dene kyai tumênggung wau kadunungan panggalih ngêgung-êgungakên, satêmah damêl pêjahipun Pranacitra tuwin Rara Mêndut, ingkang sami kadunungan sêtya ing manah. Wosipun ki tumênggung saking kacuwan, dening botên kalampahan sagêd mundhut garwa paminggir dhatêng Rara Mêndut.

Tumrap Pranacitra tuwin Rara Mêndut, sanadyan nyatanipun kadunungan kasêtyan, nanging cêtha bilih tindakipun sarwa lêpat.

Dados mênggahing kajêngipun, manawi kaantukakên dhatêng wulang, ing ngriku anggambarakên pinanggihing wohipun lêlampahan lêpat. Nanging ugi kêbak isi piwulang sae.

Dene ing bab sêngsêming cariyos, pancèn botên nguciwani, tôndha yêktinipun, Sêrat Pranacitra wêdalan Balepustaka ingkang dipun wêdalakên kapisan, ing sapunika sampun têlas.

Kauningana, satêlasing buku ingkang kawêdalakên sapisan, Balepustaka lajêng ngudi supados Sêrat Pranacitra ingkang langkung tulèn, inggih punika ingkang mawi ungêl-ungêlan: Rara Mêndut asinjang guringsing, kêmbênira jingga pinarada, kêncana sêngkang bapange…

[Grafik]

Pangupadosipun wau sagêd angsal, sapunika sampun kababar, mawi rinêngga ing gambar, namung rêgi f 0.95.

Wêdaling Sêrat Pranasitra[2] ingkang kaping kalih punika, tamtu adamêl marêmipun ingkang sami maos.

--- 1150 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Pulo Sèlèbês

Sambêtipun Kajawèn nomêr 72.

Tumrap basa Makasar wontên alusanipun, nanging botên ewah pakêcapaning têmbung, namung ugêr saukara kawêwahan: kate, nandhakakên alus. Kados ta upaminipun:

[Grafik]

Kêkêmpalanipun têtiyang Makasar lan Bugis.

Tena= ora | Tena kate= botên | Balak= omah | Balak kate= griya | Niyak= ana | Niyak kate= wontên | Tenari balak kate= botên wontên ing griya

Makatên salajêngipun. Manawi wontên ing paginêman kathah têmbung kate-nipun, nelakakên paginêman alusan.

Tumraping kitha Makasar sawêwêngkonipun, pasiraman ing sagantên, sampun limrah, dene ingkang kangge pêng-pêngan, inggih punika ing Bantimurung sacêlakipun kitha Maros, têbihipun saking ngriku wontên 13 km., Makasar- Maros, wontên 30 km. Bantimurung punika wujud toya grojogan, inggilipun watawis 10 m, wiyaring lèpèn 15-an mètêr. Hawanipun asrêp sakeca. Ing ngriku sampun kaupakara dening bôngsa Walandi, sintên ingkang lumêbêt ing ngriku, siram utawi botên, kêdah mundhut karcis a f 0.15, tumrap ingkang ngrêsakakên kamaran, dipun sadhiyani. Sabên minggu kathah para tiyang ingkang mrêlok-mrêlokakên dhatêng Bantimurung, [Ba...]

--- 1151 ---

[...ntimurung,] bôngsa Walandi, Tionghwa, lan sanès-sanèsipun.

Pasiraman ingkang kados makatên, yèn ing tanah Mandhar, ing Akbaga, alit tur dèrèng kaupakara sae.

Hawa ing tanah Sèlèbês, kalêbêt hawa bêntèr, dene papan ingkang hawanipun asrêp minôngka kangge patirahan, inggih punika ing Malakaji, cakêt Bontain.

Palabuhan-palabuhan kapal ingkang kapetang sae, tur labuhing kapal sagêd mèpèt, inggih punika kajawi ing Makasar, ing Pare-pare, dene sanèsipun punika, dèrèng sagêd mèpèt.

Kuburan Dipanagaran, ingkang wontên ing kampung Jerak, botên dados pajirahaning[3] têtiyang ing ngriku, awit sampun sami gadhah papan pakaulan pating talècèk kathah sangêt, inggih punika ingkang kasêbut saukang. Wontên malih satunggal ingkang kangge agêng-agêngan, inggih punika ing Gowa, saking Makasar watawis 10 km, miturut gotèkipun para tiyang ing ngriku, inggih punika kuburanipun Sèh Yusup, ingkang miwiti anggiyarakên agami Islam ing Sèlèbês, pakramatan wau dipun sêbut Tuan Tasalamaka utawi Tuwan Tasalamae. Rumiyinipun papan wau prasasat papaning ratu, liripun para tiyang ingkang sumêja badhe sujarah mriku, manawi sampun dumugi ing margi ingkang anjog ing papan ngriku, kêdah sampun tumungkul, botên kenging cantênan. Môngka saking cungkupipun taksih watawis satêngah pal têbihipun. Saking dayaning kamajêngan, ing sapunika pajiyarahan wau sampun kathah kêndhonipun.

Pancènipun kula badhe ngaturakên dêdongenganing para têtiyang Sèlèbês ingkang satêngah kalêbêt babad, ananging sarèhning wêwaton kula namung miturut dêdongengan ingkang kasêbut ing buku-buku Bugis kina, kados ta: Lagaliga, lan sanès-sanèsipun, dados kula sandèkakên, awit ing ngriku kathah cêcriyosan ingkang nyêbal saking wêwaton, lan kathah gugon tuhonipun. Kados ta bab Sawiri Gadhing lan Lama Patotok, ingkang dipun cariyosakên, putraning Bathara Guru utawi dewa, ingkang run-tumurun lajêng anurunakên bôngsa Bugis lan Makasar.

Mila sêsêrêpan bab kawontênan ing Sèlèbês, kula cêkapakên samantên rumiyin, wasana nyumanggakakên para maos sadaya.

S.K.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan A.T. Karsana, ing Pakalongan. Sêrat panjênêngan sadaya sampun katampèn, nanging botên sagêd kasêmbadan. Panjurung kados makatên sampun kêrêp wontên.

Lêngganan nomêr 1361. Bab sajarah kados ingkang panjênêngan kintunakên punika, namung tumônja dhatêng ingkang gêgayutan, botên umum. Botên kapacak.

Tuwan Mh.N. ing Sampit. Panjurung panjênêngan sampun katampèn, sadaya sami babagan dêdongengan kilenan ingkang sampun kêlimrah. Botên kapacak.

Tuwan S. Hartana, ing Kêrtasana. Ingkang panjênêngan kajêngakên punika bokmanawi wangsuling gambar, punika manawi dipun têdha wangsul inggih kakintunakên. Panjênêngan badhe angsal pituwas sawatawis.

Lêngganan nomêr 4052 ing Cèpèr. Bratayuda kalêbêt ing jilid XXXI dumugi XXXIII. 2 Ingkang sade J.B. Wolters Gang Scott 5 Batavia C. wontên 4 buku, sabuku rêgi f 1.50.

--- 1152 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab luhur utawi andhaping drajatipun bangsa.

Motto: Sing sapa ngala-ala mênyang sadulure, munggahe mênyang bangsane, prasasat ngala-ala mênyang awake.

[Grafik]

D'Artagnan nalika prang tandhing kalihan Jussac.

Mênggahing tiyang, punika kadhang kawis sok sagêd anjunjung dêrajat punapadene adamêl arum namaning tiyang sêpuhipun, malah ngantos dumugi namaning sanak sadhèrèkipun pisan. Saupami wontên tiyang sae lêlampahanipun, luhur bêbudènipun sarta têmên ing manah, punika kêrêp kemawon lajêng dipun titipriksa mênggah ingkang anak-anak, lan sadèrèng-dèrèngipun têmtu kathah ingkang anggadhahi gagasan makatên upaminipun: "Wong kae têka samono bêcike, wis mêsthi yèn sing nurunake wong bêcik-bêcik, awit paribasane ana: "kacang masa tinggala lanjaran". Kosokwangsulipun manawi lêlampahanipun awon, bêbudènipun asor, dèrèng-dèrèng tiyang inggih sampun mastani: "Èh, uwong kathik ngono, gênah bangêt yèn anak turuning gêntho". Ing mangka dèrèng kinantênan, bilih ingkang mastani makatên wau sampun nyumêrêpi mênggah kawontênanipun tiyang sêpuhipun, ewasamantên sampun sagêd andumuk awoning tiyang sêpuhipun.

Botên ngêmungakên sagêd adamêl arum tuwin awon namanipun sanak-sadhèrèkipun kewawon,[4] sanadyan, tiyang satunggal punika nama ringkih kathik botên sapintêna, kadhangkala inggih sok sagêd anjunjung utawi ngasorakên têtiyang saha tanah wutah rahipun.

Kados ta: sadèrèngipun sang minulya Napoleon dipun wiyosakên wontên ing donya punika, sintên ingkang badhe ngrêmbag utawi ngraosi kawontênanipun pulo Corsika, inggih punika pulo tanah kalahiranipun sang minulya wau. Nanging jalaran saking kaprawiran, kêkêndêlan punapadene kawicaksananipun sang minulya Napoleon, ingkang ing wusana jumênêng nata wontên ing karajan Prasman, jalaran saking aruming asmanipun wau, ngantos dumuginipun sapriki tiyang Prasman piyambak botên rila sangêt, saupami wontên tiyang nyariyosakên bilih Sang Napoleon punika dipun wiyosakên wontên ing pulo Corsika. Pikajêngipun inggih supados Sang Napoleon wau dipun wastani tiyang Prasman sêjati. Samèntên dayanipun lêlampahanipun tiyang satunggal, ngantos tanah kalahiranipun kemawon kangge rêbatan. Dados kenging dipun wastani, bilih têtiyang Prasman ing batos badhe ngalap bêrkah dhatêng Sang Napoleon wau.

Conto malih. Sintên ingkang sampun nate maos buku: "Tiga Panglima Perang" karanganipun Alexander Dumas, ingkang kawêdalakên dening Bale Pustaka, têmtu badhe kasêngsêm dhatêng lêlampahanipun Sang D'Artagnan, ingkang sanadyan saklangkung anggènipun brangasan, nanging kaprawiran, kêkêndêlan, punapadene kasêtyanipun dhatêng ratu, adamêl gumuning tiyang. Sang D'Artagnan wau dipun lahirakên wontên ing provincie Gascogne. Saking katarikipun dhatêng aruming namanipun Sang d'Artagnan wau, lajêng

--- 1153 ---

kemawon tiyang amastani, bilih tiyang asli Gascogne punika lêrês brangasan, nanging kêndêl, prawira, têmên lan sêtya ing ratu. Ing mangka dèrèng kinantênan, bilih sadaya tiyang ngriku sami anggadhahi wêwatêkan kadosdene Sang d'Artahnan[5] wau, ewasamantên saking dayanipun tiyang satunggal kemawon, tanah wutah rahipun, inggih punika Gascogne, satêtiyangipun pisan, inggih lajêng angsal nama ingkang sakêlangkung arum gandanipun.

Samangke kadospundi mênggah kawontênanipun karajan Jêpan. Sabab dening punapa têka karajan punika sakêlangkung luhur darajatipun ngantos saindênging bawana prasasat awis ingkang nandhingi? Punika botên sanès inggih jalaran saking tindak lêlampahaning para kawulanipun, ingkang tansah ngatingalakên dhatêng dunya mênggah kaprawiran, kêkêndêlan tuwin kasêtyanipun dhatêng ratu saha tanah wutah rahipun. Mênggah kayêktosipun sadumuginipun têlas-têlasan abad ingkang kaping 19, praja Jêpan sakawulanipun punika prasasat botên kocap babar pisan. Nanging sarêng tuwuh pêrang Jêpan-Rus, ingriku kawula Jêpan ngatingalakên mênggahing kalangkunganipun, ingkang ngantos adamêl cingaking jagat raya. Kados ta: nalika salah satunggiling kapal pêrang Jêpan kenging dipun torpedo dening mêngsahipun wontên ing sangajênging pêlabuhan Port-Arthur, ingkang anjalari kapal pêrang wau kèrêm, botên sakêdhik prajurit Jêpan ingkang nêdya ngupados gêsang sarana gêgendholan wontên ing kapal ingkang sawêg kèrêm wau, ewasamantên sarêng sami sumêrêp bilih wontên baita mêngsahipun andhatêngi nêdya suka pitulungan kanthi botên kamanah panjang malih lajêng sami anjêlih: "binêai" saha sêsarêngan sami anggêbyur ing sêgantên.

Lo, samantên tekadipun prajurit ing Jêpan, aluwung pêjah katimbang dados tawanan mêngsah. Kajawi punika taksih kathah malih conto-conto mênggah agênging tekadipun kawula Jêpan, ingkang adamêl arum namaning têtiyang tuwin tanah wutah rahipun.

Kosokwangsulipun mênggahing karajan Mexico, punika sanadyan sampun nama nagari mardika sarta ugi anggadhahi pamulangan-pamulangan luhur ingkang anyêkapi, ewasamantên dening praja-praja sanès dèrèng dipun wastani nagari ingkang tata. Lo, punika jalaranipun botên sanès inggih sabab saking lêlampahaning para kawulanipun, inggih punika satunggal-satunggaling tiyang asring sami rêbat unggul, rêbat kuwasa, lan sasaminipun, ingkang sampun têmtu lajêng tansah anuwuhakên pêrang sadhèrèk. Jalaran saking punika inggih sampun layak kemawon bilih tata têntrêming praja tansah dipun agru-agru, saha lampah cidra, kados ta: nyade bangsanipun piyambak lan sasaminipun, tansah botên wontên kèndêlipun.

Mangga samangke sami ngrêmbag kawontênanipun ing nagarinipun piyambak, inggih punika ing tanah Jawi ngriki.

[Grafik]

Panganggenipun tiyang Mexico.

Nitik suraosipun babad tanah Jawi, ing jaman rumiyin, jaman karajan Daha, Singasari ngantos dumuginipun jaman Majapait tuwin jaman karajan Dêmak, tanah Jawi punika botên ngêmungakên kasuwur sabab dening loh jinawi gêmah ripahing tanahipun, sanadyan para kawulanipun ugi kaloka mênggahing kêkêndêlan tuwin kaprawiranipun, ngantos botên amung saindênging tanah basa Indonesia dados tanah wêwêngkonipun, nanging para prajuritipun ngantos sami anglurugi ing praja sajawinipun tanah basa Indonesia, kados ta wontên ing Malaka, Johor, malah ngantos dumugi ing Hindia wingking pisan. Mila inggih nyata, bilih ing kala sêmantên aruming namanipun tanah Jawi satêtiyangipun prasasat ngêbaki jagad raya.

Ngantos dumugi jamanipun Mataram, namaning tanah Jawi satêtiyangipun, sajakipun inggih taksih arum sangêt gandanipun. Nanging sarêng wiwit jaman Mataram wau, lêrês tanah Jawi taksih kaloka mênggahing loh jinawinipun, nanging kala samantên têtiyangipun sajak wiwit santun salaga, têgêsipun: kêkêndêlan tuwin kaprawiranipun, ingkang ing kala jaman Majapait sapênginggil kaloka dumugi ing pundi-pundi, wiwit jaman Mataram sêmunipun lajêng saya suda. Langkung malih sarêng bangsa kilenan dhatêng ngumbara mriki, ing sakawit bangsa Portegees, botên dangu lajêng bangsa Walandi, punika lajêng

--- 1154 ---

kêtingal sangêt, bilih kêkêndêlan lan kaprawiranipun bangsa Jawi saya mindhak tipis. Buktinipun kados ingandhap punika:

Kala Sinuhun Sultan Agung ing Mataram andhawuhakên angrêbat Jakarta, ingkang kala sêmantên wontên tanganipun para among bangsa dagang Walandi (Oost Indische Compagnie). Sang nata sampun sêdhiya prajurit sagêlar sêpapan tuwin ing pundi-pundi, langkung malih ing Têgal, sampun dipun sadhiyani lumbung isi pantun pintên-pintên kangge têdhanipun para prajurit ingkang badhe ngrêbat Jakarta wau. Kajawi punika Ingkang Sinuhun ugi utusan tiyang ambêkta uwos pintên-pintên dhatêng laladan Jakarta kangge nyadhiyani para prajurit wau nalika ngêpang kitha ingkang badhe karêbat. Dilalah utusan wau dipun cêpêng dening mêngsah saha saking eman dhatêng gêsangipun piyambak, ing wusana lajêng balaka nyariyosakên dununging pasadhiyan pantun ing lumbung-lumbung wau sadaya. Jalaran saking punika anjalari tindaking mêngsah ambêsmi lumbung-lumbung wau, ingkang wusananipun para prajurit Mataram sami kêkirangan têdha saha botên kasêmbadan sêdyanipun.

Lo, têka ngantos samantên asoring bêbudènipun utusan Mataram wau. Saking eman dhatêng nyawanipun piyambak, ing wusana lajêng ical kaprawiran saha kêkêndêlanipun, tuwin lajêng purun anyade nêgari sarta bangsanipun.

Ing wusana sarêng tanah Jawi dados jajahanipun karajan Nederland ngantos atusan taun laminipun, lajêng kados pundi wêwatêkanipun bangsa Jawi ing jaman sapunika. Punapa kêkêndêlan tuwin kaprawiranipun saya mindhak punapa saya ical? Miturut kawontênan ngantos antawisipun tigang dasa taunan kapêngkêr, wêwatêkanipun bangsa Jawi kêtingal mundur sangêt, kalampahan kathah kemawon ingkang mêntala nyade bangsanipun piyambak. Nanging salêbêtipun tigang dasa taun punika, sarêng ing tanah Jawi tuwuh pamulangan warni-warni, ingriku bangsa Jawi lajêng katingal ebah manahipun saha lajêng wiwit katingal sami andandosi wêwatêkanipun. Dumuginipun titimangsa punika sampun kathah bangsa Jawi ingkang sami wangsul kêkêndêlan tuwin kaprawiranipun, ngantos botên ajrih ngrêkaos tuwin kangelan anggènipun sami ngudi murih kamajênganing bangsanipun.

Nanging ingkang wêwatêkanipun asor purun cidra dhatêng bangsanipun, inggih mêksa taksih wontên.

Jalaran ingkang makatên wau, lampahing ngajêngakên bangsa lan nusa punika botên namung tiyang ingkang sami mêdhar sabda wontên ingajênganing umum kemawon, nadyan mèndêl botên mawi sarana pambêngok ugi sagêd tumindak. Dene ingkang nyilakani tuwin ambêbayani sangêt punika botên kados bangsa piyambak ingkang kasampiran panguwasa, dados warganing raad (Volksraad) upaminipun, tansah ngawon-awon tuwin ngina dhatêng ajênging bêbadan, pakêmpalan utawi priyayi pangrèh praja upaminipun; lah punika kajawi ampuh sabdanipun kangge ngrisak utawi ngundurakên kamajênganing bangsa, wêkasanipun badanipun piyambak lajêng dipun èsêmi ing batos dening bangsa manca tur inggih lajêng kirang dipun pitados, awit sawêg dhatêng bangsanipun piyambak kemawon kados makatên tandangipun, lah dhatêng bangsa sanès gèk kados pundi.

Amila sadaya panindak punika, kajawi kêdah sarwa ngatos-atos ugi kêdah adhêdhasar suci, watêkipun sagêd jêjêg ing panimbang lan adilipun, ingkang wêkasan anggampilakên dhatêng sadhengah ingkang ginayuh. Inggih makatên punika idham-idhamanipun PENTHUL.

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI.

Pêpêjah jalaran kataman pêpêtêng. Ing dhusun Bangunsari, Batang, wontên tiyang nama M. Suud amêjahi anak bojo tuwin lajêng nglalu pêjah piyambak. Dene jalaranipun M. Suud wau mêntas pêgatan, sarêng badhe wangsulan botên kasêmbadan. Tumrap M. Suud sagêd kêtulungan.

Samantên tiyang manawi sawêg manggih pêpêtêng, bojo ingkang dados kanthi gêsang bêbrayan, pinanggihipun malah dados makatên.

Loterij enggal sampun kasade. Loterij enggal R.K. Weeshuizen sampun kasade wontên ing Escompto Bêtawi ing tanggal 5 wulan punika. Ing salêbêtipun satêngah jam sampun têlas, têtiyang ingkang sami tumbas ngantos suk-sukan rêbat ngajêng. Tiyang ingkang dhawah wingking botên kêduman.

Sampun caraning sade loterij wontên ing jaman sapunika, têtiyangipun saking sami kêpengin sugih sarana ngabên bêgja.

Nyênjata tiyang ewah. Ing sêtatsiun N.I.S. Tuban wontên tiyang ewah ambêkta dêdamêl saha gadhah tindak mutawatosi. Lajêng wontên pulisi opêiener kanthi agèn kêkalih dhatêng, tiyang ewah kapurih sèlèh dêdamêl, botên purun, dipun acungi pistol ugi botên ajrih. Jalaran saking parentahing pulisi wau botên kagêga, pulisi opêiener lajêng akèn dhatêng agèn kapurih nyênjata. Kêlampahan tiyang ewah dipun sênjata, pêjah ngênggèn.

Pawartos punika manawi yêktos, tindak wau katingal sarwa grusa-grusu.

Muridipun Sang Rabridranath Tagore dhatêng Surakarta. Kawartosakên, wontên muridipun Sang Tagore dhatêng ing Surakarta, prêlu badhe nyinau bêksa kraton.

Manawi bab punika nyata, bêksa Jawi têmtu badhe tumular dhatêng tanah Indu, inggih atêgês miyarakên kabudayan Jawi.

--- 1155 ---

Toehoorders Bestuursschool. Awit saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, andhawuhakên dhumatêng: 1. Tuwan Pringgomarjuki, regentschapssecretaris Ngayogya, 2. Tuwan Pringgosukodiprojo, assistèn wêdana Prambanan, 3. Pringgosuharjo, asistèn wêdana Tèmpèl sami kadhawuhan sinau dhatêng Bestuursschool ing Bêtawi dados toehoorders.

Kamajêngan makatên punika nama kamajênganing praja Kajawèn ing Ngayogya.

Wanita katrajang spreekdelict. Kawartosakên, Nonah Juhariyah ing Probolinggo nalika mêdhar sabda wontên ing parêpatan I.M. ing bab babagan pangajaran, dipun sêrêg ing pulisi, jalaran kaanggêp akajêng politiek.

Sêrêgan kados makatên punika nama sawêg nêmbe wontênipun. Punika punapa kagolong ajênging jangkahipun prajurit wanita?

Angsal-angsalanipun arta dhêndhan landgerecht ing Surabaya. Ing salêbêtipun satêngah taun arta dhêndhan landgerecht ing Surabaya wontên f 13.974.62. Pêpetanganipun kwartaal kapisan f 8455.33, kwartaal kaping kalih f 5519.40.

Pêpetangan wau manawi mirid kwartalan, pinanggih suda, nanging manawi mirid gunggungipun, inggih sampun kathah.

Opperhoutvester salingkuh. Sampun sawatawis dintên wontên kasangsaran auto ing Muntilan, dipun tumpaki dening Tuwan Barkelie, Opperhoutvester ing Gunungkidul, Ngayogya. Wusana sarêng wontên papriksan, tuwan wau kadênangan gadhah tindak salingkuh, gunggunging arta ingkang dipun salingkuhakên wontên f 900.000.- Gadhah sambutan piyambak f 25.000.- Malah kasumêrêpan malih tuwan wau mêntas ngindhakakên assurantie kasangsaran auto dhatêng J.M.C. dados f 100.000.-. Mirid nalar-nalaripun, kasangsaran wau kados mêngku kajêng.

Punapa lêlampahan kados makatên punika kenging dipun ngibaratakên: obah ngarêp, kobèt buri?

Ama ulêr klapa. Ing Tangêrang tuwuh ama ulêr klapa, kintên-kintên wontên wit klapa 1000 uwit ngantos ical blarakipun babar pisan. Wit klapa ingkang katrajang ama wau, tanêmanipun lare pakunjaran. Ing sapunika sawêg dados papriksaning priyantun ahli.

Mugi ama wau tumuntên sirêp.

Pogokan ing pangêcapan Ang. Kawartosakên, para letter-zetter pangêcan[6] Ang ing Bandung, ingkang ngêcap sêrat kabar Soemangat, sami mogok, jalaran botên cocog bab bêrahan. Padamêlan ingriku lajêng sagêd angsal pitulungan saking pangêcapan sanès kêkalih.

Bêrah wajib ngajèni bau, juragan nêdya ngirid, punika sampun sami lêrêsipun. Nanging lêrês ingkang saèstu, têmtu wontên, inggih punika manawi ngadil yêktos.

Pasar Gambir. Dumuginipun tanggal 5 Sèptèmbêr, cacahipun têtiyang ingkang ningali dhatêng Pasar Gambir wontên 302.728. Kala taun kapêngkêr 322.664.

Mirid jamanipun, sudaning têtiyang ningali, inggih dèrèng sapintên, taksih nama lumayan.

Jor-joran damêl kapitunan. Kêmayaranipun tiyang kêkesahan saking Bandung dhatêng Cirêbon saya kêtingal, rumiyin wragading tumpakan salampahan f 3.50 sapunika cêkap namung f 1.- sarana numpak bus, jalaran bus tansah jor-joran ngandhapakên prabeya, inggih punika bus E.I.T.O. kalihan Satoh. Dene kawusananipun kalih pisan sami ambruk, nandhang kapitunan mitung dasa ewu rupiyah.

Makatên pinanggihipun tindak drêngki. Punika kenging kangge pêpèngêt.

Tindak utami. Ing Bondowoso kathah lare wêdalan H.I.S. tuwin pamulangan angka kalih sami botên angsal padamêlan. Wusana wontên rêrigênipun pakêmpalan P.B.I. ngêdêgakên pênaton, pawitanipun sarana pados darma. Padamêlan wau badhe dipun tandangi dening lare-lare wau.

Punika tindak utami saha lajêng dados tuntunan tumrap caraning pados panggêsangan. Botên namung ngêndêlakên padamêlan sêsêratan.

ASIA.

Pêrang kalihan Mansyukuo. Miturut pawartos ing sêrat-sêrat kabar, parentah Tiongkok badhe lumawan Mansyukuo, samangsa Mansyukuo dipun akên dening Jêpan.

Jendral Honya dipun têmpuh. Sêpur ingkang dipun tumpangi Jendral Honya saking Moekden dhatêng Foesan, wontên ing margi dipun êndhêg dening barisan manasuka Tiongkok ingkang sampun mirantos dêdamêl. Nanging sarêng campuh wadya Tiongkok ngunduri.

NAGARI WALANDI.

Ngudi kawilujênganing pêkên dagang. Pabrik-pabrik tênun ing nagari Walandi gadhah atur dhatêng Minister Ruys tuwin De Graaf supados kaparêng nyatitèkakên indhaking beya lêbêting barang dhatêng India Inggris. Amargi tindak makatên punika anjalari kandhêging lêbêtipun barang. Makatên ugi kintunan barang-barang Jêpan dhatêng jajahan Walandi ugi katingal sangêt pangêsukipun. Bilih tindak punika lêstantun makatên, kabudidayan ing Twente kapêksa katutup, têmtu nuwuhakên kathahing tiyang angguran.

EROPA.

[Grafik]

Kongres wanita. Ingkang pinanggih ing bangsa punika, tumrap ing tanah ngriki sawêg rame ngrêmbag kamajêngan wanita. Nanging tumrap ing tanah Eropa, nama sampun limrah. Inginggil punika gambaripun para wanita moncanagari ingkang sami mêntas anjênêngi kongres wontên ing Edinburgh, Inggris.

Pogokan ambtenaar. Wontên wartos saking Warschau, wontên ambtenaar-ambtenaar gemeente cacah 4000 sami mogok, amargi sampun kalih wulan botên tampi blanja. Sarêng tita blanja wau botên mandhap, para ingkang mogok mindhak dados 12.000. Gemeente têtêp botên purun ambayar blanja walêdan.

--- 1156 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

40.

Radèn Sumarta lajêng ngimur-imur manahipun piyambak, batosipun: seje dina Dhorah wis dadi bojoku, kira-kira wêwatêkane mau iya banjur bisa owah.

Kalampahan, dhawahing dintên ingkang dipun tamtokakên, Nonah Dhorah kalihan Radèn Sumarta sowan dhatêng kantor Burgelijke Stand, dipun irid saksi kalih sami komis kantor dhepartêmèn pangrèh praja.

Nonah Dhorah mangangge cara pangantèn namung sarwa prasaja, Radèn Sumarta mangangge sarwa cêmêng. Wiwit punika lajêng têtêp nama tuwan tuwin nyonyah Marteau. Sarampunging prêlu lajêng sami dhatêng kantor pos, badhe ngêposakên karcis. Wusana nyonyah Marteau lajêng wangsul mantuk dhatêng pondhokanipun rumiyin, santun pangangge. Sasampunipun rampung anggèning pêpetangan bayaran pondhokan, kopêr-kopêripun lajêng kawêdalakên, têrus boyongan dhatêng griyanipun enggal. Tuwan Marteau sadumugining griya inggih lajêng santun pangangge, saha lajêng sami bidhal dhatêng sêtatsiun Gambir, badhe dhatêng Sukabumi.

Tuwan Marteau sasampunipun wontên ing sêpur wicantên: Dhuh Dhorah, ing dina iki aku rumasa nêmu kabêgjan kang gêdhe bangêt. Bok coba ketokna mêmanismu sadhela bae, wis sêdhênge tinêmu ana ing kalane wong dadi pangantèn anyar.

Nyonyah Marteau mangsuli: O Wim, kang gêdhe pangapuramu bae, tinêmuning lêlakon iki bisa angelingake lêlakonku kang wis kapungkur. Aku eling mênyang wong tuwaku kang wis ora ana, êmbuh lila êmbuh ora manawa nyumurupi lêlakone anake kang kaya mangkene iki.

Mokal yèn wong tuwamu ora lila, Dhorah. Dhèk biyèn wong tuwamu wis kalair gunême mênyang aku.

Iya bênêr bokmanawa bapak bungah lan lila, samono mau yèn kowe ora nyia-siya mênyang anake.

Prakara mangkono iku aja koanakake ing gagasan, Dhorah. Anggonku duwe pangarêp-arêp kasêmbadaning sêdyaku arêp mêngku kowe wis suwe. Yèn aku urip tanpa kowe, adhuh, ing donya arasa sêpi. Mokal saupama aku nyia-siya mênyang kowe, awit pancèn mung kowe kang tak anggêp nyawaku.

Muga ucapmu iku aja owah, Pangeran kang bakal nyantosakake têtêping atimu lan atiku, katrêsnane lêstaria nganti tumêka ing pati. Mung aku ngrumasani, duwe wêwatêkan ora bêcik, muga kowe bisa angilangake, wusana uripku tinêmu atut rukun.

Mêsthi bae apa kaananmu tak tômpa kanthi sênênging ati, Dhorah, yèn ana galap gangsule, aku kang bakal kajibah ambênêrake, awit kabèh iku mawa têtali katrêsnan.

Muga-muga tinêmua mangkono, Wim. Aku pitaya mênyang kowe.

16. Salêbêtipun Jêjodhoan

Cinêkak, anggènipun jêjodhoan Tuwan Marteau sampun kalih taun, tumrap kulawarganipun sampun sami mirêng, bilih Radèn Sumarta sampun dados Walandi, sampun rabi nyonyah, botên nate kintun sêrat tôndha kawilujêngan dhatêng ahli waris. Malah anggènipun sumingkir punika botên ngêmungakên dhatêng kulawarga, sanadyan kalihan bôngsa Jawi ingkang nunggil sanagari ugi botên nate purun canthuk lawung.

Tuwan Marteau sampun mantêp yêktos ing manah, bilih piyambakipun dipun anggêp bôngsa Walandi, mila sêdyanipun inggih namung badhe pakulinan kalihan bôngsa Walandi. Nanging ciptanipun ingkang kados makatên punika botên kasêmbadan, awit kônca-kancanipun ing kantor, inggih ingkang sampun gadhah bojo, inggih ingkang taksih lêgan, pasrawunganipun namung ampang kemawon. Tuwan Marteau jalêr èstri inggih gadhah pakêmpalan main tènis kalihan bôngsa Walandi punggawa gupêrmèn. Tangkêpipun kônca sapakêmpalan inggih katingal botên ambedakakên, nanging pinanggihipun, tiyang kalih wau namung katingal sumisih kemawon. Danguning dangu saya adamêl karaosing manah, malah Tuwan Marteau nate ngajak dolan numpak taksih kalihan kancanipun, mêksa botên dipun pituruti, nanging inggih kanthi dipun wangsuli sae.

Tumrapipun para kônca, saupami gêthing jalaran tuwan wau Jawi, punika botên, awit kônca-kônca wau ugi kathah Jawinipun, lan ugi pakulinan kalihan bôngsa Walandi sanès-sanèsipun.

Dangu-dangu Tuwan Marteau jalêr èstri lajêng mêdal saking pakêmpalan tènis, pados kasênêngan sanèsipun. Nanging sanadyan kasênênganipun wau warni-warni, nanging botên wontên ingkang araos srêg. (Badhe kasambêtan)

--- 141 ---

Nomêr 36, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Têtakon Margane Wong Bisa Pintêr

Sambungane Kajawèn nomêr 71.

Bahe Tarji: Iya biyèn mula rak wis dak kon ana kene, kowe ora awèh. Rèwèl sadina rong dina, suwe-suwe rak ya ora.

Ora kacrita olèhe padha rêmbugan, esuke wong tuwane Tarji mulih. Bangêt karasa ing ati. Kiraku kowe ya wis bisa ngrasakake ingêdohan wong tuwa. Sumêndhal. Ora ana wong tuwa gêthing nyang anak, mula kowe ya nuruta apa prentahe.

Anuju sawiji dina wayah esuk, Tarji dolanan ana ing ngisor jambu, ana wong kula nuwun, banjur dikandhakake bahe. Bahe ngungak mênyang jaba wêruh yèn sing têka mau kamituwa arêp rêpot, nuli kôndha: O, kamituwa, arêp rêpot.

Tarji sajak gumun calathu manèh: Uwong kok, bah.

Êmbahe: Kaya kamituwa.

Tarji: E, kamituwa kuwi uwongane, ing omahku ora ana kamituwa, sing ana mung sindêr, kêpala kampung, karo mandhor.

Saiki sêkolahan wis bukak. Tarji diêtêrake êmbahe mênyang sêkolahan H.I.S. nyangking sabak, lakune gagah sajak ora wêdi sapa-sapa.

Saiki Tarji wis sêkolah, atine sênêng. Bahe bangêt anggone mrêdi, apa-apa ditêrangake supaya bocah ora duwe watak gumunan. Ing sarèhne bocahe uga gathekan apa-apa takon, mulane lagi 2 sasi sinaune wis onjo dhewe.

Dongèngku wis cukup samene bae. Isine sing bêcik kêna ditulad. Wong iku marga saka durung tau wêruh lan durung mangrêtine bisa dadi gêguyon, nanging yèn ora isin têtakon, wêkasan dadi bocah pintêr uga.

Gosokan karo bocah climut, manawa gêdhe bisa maling nanging yèn karo wong pintêr dadi bocah pintêr uga.

Sunarka. Bocah Pare.

--- 142 ---

Aneh-anehan

Kasêbut ing dêdongengan, jare kêmbang êlo iku yèn mêgar gêdhene sak payung agung, nanging sarèhne siluman, ora sabên uwong wêruh, awit kêmbang êlo iku kayadene dadi sasmita, sapa sing wêruh, bakal olèh kabêgjan gêdhe bangêt. Dadi mungguh tinêmune ing nalar, dêdongengan mau goroh, awit mungguh gêdhe-gêdhening kêmbang, ya mung lumrah kaya sing wis disumurupi ing wong akèh.

[Grafik]

Satêmêne kêmbang gêdhe iku ya ana, kaya ta ing tanah Sumatra, ana kêmbang gêdhe bangêt, kêmbang mau bôngsa ngamônca ngarani kêmbang Rafflesia, tinêmu ana ing sacêdhake desa Pulo Lebar ambane luwih samètêr, gandane ora enak bangêt. Anane kêmbang mau dijênêngake Rafflesia, kagawa saka sing nyumurupi sapisan Tuwan Raffles.

Coba nontona gambare. Mêsthine bocah-bocah padha gumun, athik ana kêmbang gêdhene samono. Apa kêmbang sing kaya ngono kuwi kêmbange Arya Kumbakarna jaman biyèn. Anane tak kandhakake mangkono, jare Arya Kumbakarna kuwi gêdhe bangêt, yèn mangan gajah mung diêmplok wutuhan bae. Mêsthine yèn wonge kaya ngono, omah utawa apa-apane ya gêdhe.

Kêmbang Rafflesia mau mirid papriksane para ahli diarani kêmbang kang ing sajagad gêdhe dhewe. Sapa bae mêsthi ngandêle.

--- 143 ---

Nanging ing saiki ana manèh, ing Wageningen, nagara Walônda, ana kêmbang bangsaning bakung, dhuwure 2.65 mètêr, garise têngah ana 1.50 mètêr. Yaiku kêmbang kang saiki gêdhe dhewe ing sajagad. Coba nontona gambare. Walônda, sing mêsthine longgor, barêng jèjèr karo kêmbang mau mung ketok kaya sinyo.

Dadi ing saiki kowe padha ngrêti, yèn kêmbang gêdhe iku ana têmênan, dudu dongèng. Nanging aja duwe pangira yèn iku bangsane siluman, banjur dikutugi. Ora.

Iki jênêng aneh-anehan.

[Grafik]

Pitakenan

[Dhandhanggula]

lir sarkara dènnya dahat kèpi / pirabara mêwahi rêrênggan / mrih asri Taman Kajawèn / ngrêmbaka lêdhung-lêdhung / kadya uwit awoh andadi / tumraping Taman Bocah / kongsi kèlu mèlu / nora beda rare priya / yun andhahar wowohan ing taman asri / mrih aja katinggalan //

namung matur rama Sêbul mugi / aparinga samodra aksama / de kula sawêg katêmbèn / reka-reka manjurung / tur sapele botên majaji / ewadene sumêngka / saking sangêt punggung / paripaksa nyuwun priksa / têgêsipun uran-uran cara Jawi / kang wus makina-kina //

uran-uran wontên warni kalih / wiwit kula dèrèng asakolah / sampun mirêng sabên sore / kalaning mapan turu / kalisikan dèn isik-isik / dening pun biyung êmban / kanthi nata kêmul / sinambi angura-ura / sasat menco dene sami botên ngrêti / kados ngandhap punika //

sêmut irêng anak-anak sapi / kêbo bongkang nyabrang kali bêngawan /[7] keyong sacarak sungute / timun ginotong wolu / Surabaya gègèr kêpati / ana wong nyandhak macan / dèn wadhahi bumbung / ngalun-alun Kartasura / gajah mêta cinancang wit sidaguri / mati cinèkèr ngayam //

tikus pithi kang anata baris / kodhok ijo kang kinarya kopral / walangkrèk pasarehane / yuyu kapitanipun / nitih kreta ngidêri loji / jangkrik upa têtêgar / kêmôngga kang nuntun / si kongkang nabuh gamêlan / mung si têkèk mêkèkèk atunggu kori / si bunglon thuk-anthukan //

--- 144 ---

uran-uran ingkang kasbut nginggil / bokmanawi botên kula pyambak / radin-radin sabên lare / saèstu sampun wanuh / namung emanipun sakêdhik / dene kang ura-ura / racakipun baul / botên ngrêtos babarpisan / kadospundi kajêngipun ingkang nganggit / dèrèng wontên uninga //

mila klangkung anggèn kula muji / mugi-mugi para mitra kadang / ingkang sami lare-lare / utawi rama Sêbul / karsa paring pitêdah bêcik / supados sagêd gamblang / mênggah maksudipun / botên langkung atur kula / sèwu nuwun pitêdah badhe kapundhi / dening sandining nama //

Dongèng Kucing karo Asu

Dhèk Sêtu kapungkur ana dongèng kucing karo asu, kang pungkasaning dongèng, ngandhakake kucing lan asu êndhêm-êndhêman.

[Grafik]

Satêmêne asu iku watake dhêmên anggrêtak, nanging licikan, dene kucing, watake kêndêl yèn kêpèpèt, yèn ora kêpèpèt ya trima mlayu. Dadi satêmêne padha ora ana pilihane.

Kewan loro mau sawise mêntas pasulayan, tansah plorok-plorokan bae, nanging asu iku pancèn dhêmên miwiti gawe prakara nalika sriwingan karo kucing, banjur muni: Kucing gêring.

Kucing mangsuli: Apa asu buntung.

Asu: Aku kopadhakake asu buntung, iki lo buntutku kopat-kapit. Anggone muni ngono mau karo mungkur nuduhake buntute, nanging iya karo trataban, kuwatir yèn digraut kucing.

Kucing mangsuli: Aku apa ya gêring, gilo wêtêngku ambalêndhuk.

Asu: Mêsthi bae wêtêngmu ambalêdhuk, la wong sing kopangan bangsane enak-enakan, thik barang colongan.

Kucing: Êlo, muni anggêr mangap bae.

Asu ora ngira yèn anggone kucing muni mangkono mau karo ambarêngi napuk. Panapuke kucing titis, ngênani congore asu, asu banjur mlayu karo kaing-kaing.

Kucing sumbar môngsa padha yèn padhaa.

Kuwi tinêmune wong ngalah, wêkasane mênang.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. kalihan. (kembali)
kalihan.
2. Pranacitra. (kembali)
Pranacitra.
3. pajiyarahaning. (kembali)
pajiyarahaning.
4. kemawon. (kembali)
kemawon.
5. d'Artagnan. (kembali)
d'Artagnan.
6. pangêcapan. (kembali)
pangêcapan.
7. Lebih satu suku kata: kêbo bongkang anyabrang bêngawan. (kembali)
Lebih satu suku kata: kêbo bongkang anyabrang bêngawan.