Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10-08, #698

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10-08, #698. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-10-08, #698. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 81, 7 Jumadilakir Dal 1863, 8 Oktobêr 1932, Taun VII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1269] ---

Ăngka 81, 7 Jumadilakir Dal 1863, 8 Oktobêr 1932, Taun VII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Tatwawara - Bab Pakêmpalan Parte Tionghwa Indhonesiah - Kagunan - Jaarmarkt ing Surabaya - Puji Raharja - Kamajênganing Èstri Jawi - Protès Badhe Sudaning Balănja - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Tatwawara

[Mêgatruh]

Wong lumaku kang tansah ngambah dalan gung | tan sumêlang kênèng êri | lastari tulus rahayu | yuwana samargi-margi | puwara sahing lêlakon ||

beda lawan kang sok dhêmên nusup-nusup | nlêsêp ngulari ling-aling | lir angganing manuk êngkuk | kumênthus mangkring pang garing | gariyêng kag kug tan anggop ||

jroning cipta anggêpe kalantur-lantur | dupèh bisa angungkuli | wong sapasar kang kumrumpyung | anèng ngisoring waringin | waringutên ambêgogok ||

rah-arahên sirnaning anggêp tan jujur | wit jêjêre mrih basuki | sukaning jagad kinayun | dudu drênging tyas darêngki | kang mêmurung karahayon ||

yuning raga ywa rinagèn ragu-ragu | tan wun rogarda ngranuhi | pikolèhe anggung lêsu | lês-lêsan kadi wong ngimpi | êmpon-êmpone mung jomblong ||

kukubane kari kojah karo umuk | prandene den êmi-êmi | tan wruh yèn manggon nèng kêdhung | kaglundhung ing jurang curi | caraning urip kalorop ||

--- 1270 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pakêmpalan Parte Tionghwa Indhonesiah

IV.

Garèng : Truk, Truk, lagi dina Rêbo kang kapungkur kae kowe dikon ngêntèni aku sadhela bae, têka ora kanti, tumuli banjur mulih bae, hla, ing wusana banjur ora bisa nêrusake rêmbuge lagi dina Sabtu kae. Ora, kowe kuwi pancèn iya wong mêntalan têmênan.

[Grafik]

Petruk : Iya aja dadi atimu, Kang Garèng, wong kala samono aku pancèn ribut bangêt marga pindhahan. Wêruha, Kang Garèng, nèk saiki aku kiyi munggah drajate, dhèk biyèn manggon ana ing gang (Gang Karnolong), saiki manggon ana ing lan (Ijsfabrieklaan), mung bae omah saiki sewane tikêl loro... murahe, kahanane tikêl têlu... cilike, kang anjalari barangku sing sêparo tak... obral. Ora, Kang Garèng, dupèh aku enggal-enggal mulih, kok banjur kok unèkake mêntalan, kuwi sababe dening apa.

Garèng : Iya mêsthi bae, ta, yèn jênêng mêntalan, wong ana ing omahing uwong dhewe sadhela bae, sadhiyanku sarapan sêga liwêt kambi cêplokan êndhog kathik diludhêsake babarpisan, kajaba iku kathik ora lali anggone ngusung pisan... biyunge cêplok sing lagi angrêm. Hara, apa ora jênêng mêntalan kuwi. Ora, Truk, sabênêre aku ngalêmbana bangêt nyang kowe, dene saiki wis pupuran sadurunge bênjut, awit kowe kuwi wong putrane rama gubêrnêmèn, sanadyan mung jênêng Klêting Kuning. Ing

--- 1271 ---

măngka nèk ora kabênêran, taun ngarêp kiyi bakal sêtêngah kiyamat, mulane kuwi rak aluwung ngobralake bêkakase, katimbang ngobralake... anak bojone.

Petruk : Wiyah, wiyah, Kang Garèng ambok aja ngece mêngkono, karo manêh aku kok ora ngandêl, yèn nagara arêp samono têgêle. Paribasane bae rak wis ana: wong tuwa nyang anak kuwi, sanadyana tega nyang larane, masa tegaa nyang patine.

Garèng : Mula iya mêngkono, Truk, mung bae jamane saiki kiyi jaman anèh-anèhan, kuwatirku, nèk jamane banjur malih nyara... plêncing, anak warak. Nèk samono jamane, bangsane kowe barang kuwi, mêsthi rê... muk. Nanging aja dibanjur-banjurake le ngrêmbug bab kiyi, Truk, awit nang mata sê... pêt. Saiki padha ambalèni rêmbuge ing sakawit. Dhèk anu aku ngomongake, yèn baline dhuwit sing diutangake băngsa Tionghwa, nyang para tani sok anggawa rewang tikêl, lo, kuwi pancèn lakune among dagang. Iki rak padha bae karo lagi kowe dhèk biyèn adol pisang gorèng kae. Anggonmu kulak gêdhang salirang isi 20 ulêr, mung nêm sèn, glêpunge têlung sèn, lêngane limang sèn, gunggung kabèh anggonmu ngêtokake dhuwit mung 14 sèn, dadine pisang gorèng ana 40 iji, têka banjur kok êdol nyasèn, dadi olèh-olèhanamu gunggung 40 sèn. Hara, baline dhuwitmu kiyi apa ora tikêl matikêl.

Petruk : Lo, kiyi seje bab, Kang Garèng, wong dodol kaya sing kok kandhakake kiyi cara Landane rak akèh risikone, akèh têtanggungane. Kaya ta: gêdhang salirang kuwi rak durung karuwan bêcik kabèh, bisa uga ana sing bongkrèkên, glêpunge durung karuwan yèn ora apêk, lan anggone dodol mau durung karuwan, yèn bisa payu kabèh, kuwi kabèh durung tak kandhakake sing ilang, sabab saka di... icip-icip.

Garèng : Apa manèh yèn sing kanggo icip-icip kuwi... sêparo dhewe. Kowe kuwi le ora mempêr, Truk, Truk. Nèk dipikir risikone, tindak apa bae iya mêsthi ana risikone. Apa dikira băngsa Tionghwa sing nyilihi dhuwit nyang wong tani mau ora ana risikone. Rak bisa bae kalakon, têtandurane wong tani wau dipangan mênthèk, utawa ing desane wong tani mau karawuhan dèn bagus pès, utawa mas lara kolerah, kang anjalari si tani sacindhil abange tumpês babar pisan hara, nèk ngono kuwi dhuwite băngsa Tionghwa mau apa ora kalakon kocar-kacir. Lan kowe aja kalalèn: saka abote sêsanggane si tani nyang kanane, rak bisa kalakon andadak... tèkên kontrak.

Petruk : Ewasamono, Kang Garèng, aku mêksa durung bisa nêksèni pitulungane băngsa Tionghwa nyang bangsane dhewe kiyi, sing pancèn mumpangati têmênan. Malah kosok baline, sok ngêngèl-êngèl marang kamajuane wong bumi dalah nagarane. Kaya ta băngsaa Walănda, Tionghwa, Arab, utawa wong bumi pisan, [pi...]

--- 1272 ---

[...san,] sing padha lênggah ana ing polêksrad upamane, kuwi mêsthi kêkêmbange băngsa-băngsa mau. Têgêse: ora ngêmungake para sing gêmblengan, sing atos, nanging pangarêp-arêping umum, iya sing luhur bêbudène. Apa manèh tumrape para warga băngsa Tionghwa, ing sarèhne kalênggahane ana ing tanah kene kiyi dumunung ana ing têngah-têngah, dadi ora prêlu milih ngalor utawa ngidul. Mulane pangarêp-arêpe wong bumi iya mung mênyang kasuciane panggalihane, karêpe: mêsthi ora bakal ilon-ilonan, apês ambalêbês sing ditindakake mêsthi watak Bratasena: sapa sing salah disalahake, sapa sing bênêr, iya dibênêrake. Nanging katone nganti saiki, jêbul yo ayo nang Amsêtêrdham, loso, yaiku: nèk kana bêcik ajêgan, nèk kene salah dhur-dhuran.

Garèng : Para warga polêksrad băngsa Tionghwa saiki kiyi kok unèkake kêkêmbangane bangsane, lo, kuwi nèk rumasaku kok rada têrlalu, dhing. Saupamane kok arani pilihane bangsane, hla, kuwi mèmpêr, pancèn mula iya mêngkono. Nanging sing kêpilih mau, rak durung kinarta yèn mêsthi kêkêmbange bangsane. Iki padhane rak lurah desa kae, dupèh dadine lurah mau dipilih wong sadesa, apa iya mêsthi kêkêmbange desa kono, durung mêsthi, sèh. Bisa uga anggone kêpilih mau, jalaran diwêdèni, bisa andongèng, utawa jalaran bisa... photong kambing. Prakara kandhamu yèn warga polêksrad băngsa Tionghwa tumêkane saprene tansah abonêmèn marang panêmuning kana, nanging tansah nyatru nyang panêmuning kene, kuwi aku ora bisa maido, awit băngsa Tionghwa kuwi nganti tumêkaning ngêros pisan pancèn among dagang, nèk nganti mung arêp ngamini karêpe wong bumi bae, kang wusanane wong bumi banjur padha pintêr-pintêr, mêngko rak kalakon bangsane dhewe kapêksa banjur: eing, e- ing, mari pulang nêgara... ora papa.

Petruk : Dadi nèk mêngkono rak iya cêtha, ta, yèn băngsa Tionghwa, sing anane ana ing kene kiyi niyate mung among dagang, kêna tak arani mokal, ta, saupamane arêpa ambantu nyang kamajuane băngsa bumi, awit saya dadi pintêr băngsa wong bumi, mêsthine kauntungane iya saya... mungkrêt. Mulane aku iya banjur ora gumun, Kang Garèng, mênyang lêlakone toko Padhang ing Bêtawi kene, ingatase toko sêmana gêdhene, pêpayone mindêng mêngkono, sadhela bae têka mak klêsêd, gulung lampit, apa iya dudu...

Garèng : Sê-top, ora prêlu kok banjur-banjurake, mêngko mundhak kalêlêgên impling, luwih bêcik rêmbugane bab kiyi dilèrèni samene bae, wong atiku: dhag, dhug, dhig, bae.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3707 ing Sawo. Kula aturi paring priksa, Kajawèn nomêr pintên ingkang dèrèng katampi. Pangintun kula ajêg.

Lêngganan nomêr 3572 ing Salatiga. Gambar ingkang lêmbaran botên wontên. Prayogi mundhut Kajawèn sunan nomêr kemawon, rêgi 5 kêthip.

Lêngganan nomêr 4487 ing Sarangan. f 1.50 ingkang kula tampi kaping 23/9, punika tumrap 4e. Kw. '32.

--- 1273 ---

Kawruh Sawatawis

Kagunan

Ing jaman sèkêtan taun kapêngkêr, tumraping băngsa Jawi, kathah sangêt têtingalan ingkang dipun gawoki, inggih punika têtingalan ingkang asli tanah ngamănca, kados ta bangsane sulap, kumidhi tuwin sanès-sanèsipun. Anggènipun sami gumun wau saking sawarninipun ingkang dipun pitongtonakên sarwa adamêl gawok. Manawi bab sulapan, gumunipun ingkang sami ningali, ngantos nuwuhakên panggagas ingkang botên-botên, wontên ingkang mastani, bilih sulap punika kawruhing setan, mila sagêd ngawontênakên ingkang sarwa anèh-anèh.

Nanging manawi miturut cêcariyosanipun para sêpuh, utawi ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat Jawi, kawruh sulap punika ing kina inggih sampun wontên, inggih punika ingkang dipun wastani anjantur. Anèhipun inggih adamêl gawok. Dene wontênipun lajêng kasilêp, kintên-kintên jalaran saking botên dipun têngênakên, amargi mirid kapitadosan, botên sae, malah wontên ingkang mastani, tiyang nyulap punika badhe kamlaratan ing salami-laminipun.

Dene manawi bab kumidhi, punika têtiyang sampun sagêd mastani manawi kawruh bares-baresan, punapa ingkang dipun tindakakên sarwa nyata. Dene wontênipun sarwa gumun, jalaran saking anèh-anèhipun ingkang dipun mainakên, kados ta tiyang sagêd jêmpalikan, tiyang rosa, tiyang sagêd ngajar sato kewan tuwin sanès-sanèsipun. Nanging inggih punika namung kandhêg ing gumun kemawon. Măngka kawruh kados makatên punika salugunipun băngsa Jawi inggih sampun kadhah.[1] Dados mênggahing nalar, sadaya wau namung saking kasilêp saking botên dipun sinau, utawi dipun anggêp kawruh asor.

[Grafik]

Tuwan Mustapa nalika nyulap wontên ing Batawi.

Dangu-dangu kawruh wau lajêng wiwit gêsang, têtiyang Jawi purun nindakakên sawatawis, nanging inggih namung dipun tindakakên dening perangan andhap, tandhanipun mawi dipun saranani ambêbarang, kados ta bangsaning ringgit emprak.

Sarêng dumugining jaman ngêmbrahing para mudha, inggih jaman pangajaran, kawruh ngamănca wau saya sumrambah, malah lajêng dipun mangrêtosi, bilih kawruh yêktos, kenging kangge sarana ngupa jiwa, ngantos dados pangupa jiwa agêng. Tandhanipun nyumêrêpi

--- 1274 ---

ing bab agênging pamêdalipun, lan tiyang anggadhahi kumidhi utawi tukang sulap ingkang agêng, punika sanès tiyang baèn-baèn. Wusana malah dados pêpenginaning ngakathah, nanging pêpenginan wau nyatanipun malah botên gampil dipun telad, awit sadaya kêdah sarwa kasêmbadan. Sagêd ugi dangu-dangu pangupa jiwa kados makatên wau sagêd tumular dhatêng têtiyang ing tanah ngriki.

[Grafik]

Gambaripun Tuwan Sahroni.

Nanging sampun limrah, samukawis punika mawi kalamăngsa, manawi sampun wontên ingkang miwiti, ing wingking lajêng kathah ingkang sami tumut, lan ugi sagêd nindakakên. Kados ta bab kasagêdanipun juru sulap tuwin kumidhi, dangu-dangu têtiyang Jawi inggih kathah ingkang sampun sagêd nelad. Malah dangu-dangu kawruh wau lajêng dados margi ngudi kamajêngan, tandhanipun lajêng dipun tindakakên dening para mudha pangajaran.

Para mudha pangajaran wau lajêng saya jêmbar wawasanipun, sagêd andumugèkakên panjăngka asarana sangu kasagêdan ingkang makatên punika. Kados ta Tuwan Mustapa, ingkang sapunika nuju lêlana ngubêngi jagad, kajawi sampun dhêdhasar kasagêdan, ingkang kangge sarana, inggih punika sangunipun anjajah praja, kalayan mitongtonakên kagunanipun sulap, kalêksanan lampahipun sagêd widada dumugi ing pundi-pundi.

[Grafik]

Kasagêdanipun Tuwan Sahroni nênumpak sêpedhah.

Tindak kados makatên punika pinanggihipun wontên ing wawasan, nama satunggiling kamajêngan, lan nyata bilih kawruh ingkang rumiyin dipun anggêp sapele, lajêng katingal mênggah gêngging pigunanipun.

--- 1275 ---

Tamtu tindak kados makatên punika lajêng nuntuni ingkang kantun. Sapunika wontên ingkang sumusul, inggih punika Tuwan Sahroni, ing Surakarta, ugi nêdya angidêri jagad, dene sarananing pados sangu lampah, kajawi nyulap, ugi mitongtonakên kagunan numpak sêpedhah. Ingkang dipun sagêdi wontên 30 warni. Kagunanipun sawatawis katingal wontên ing gambar.

Ing sapunika katingal, bilih kagunan numpak sêpedhah, ingkang rumiyin namung katindakakên dening juru main kumidhi, ing sapunika sampun sagêd dipun telad dening tiyang ing tanah ngriki, lan kasagêdanipun inggih sampun sairib kalihan juru main kumidhi ingkang sayêktos.

Nalika pasar malêm kabangsan ing Surabaya, Tuwan Sahroni mitongtonakên kasagêdanipun numpak sêpedhah, ngantos dipun sukani sêrat pangalêmbana. Makatên ugi kalanipun wontên pasar malêm ing Jawi Têngah ugi mitongtonakên, dumugi sapunika sampun angsal bintang mas tuwin salaka 12 iji.

Bidhalipun Tuwan Sahroni saking Surakarta kala tanggal 25 Marêt, sampun ngambah nagari-nagari ing Jawi Wetan, 50 panggenan, sadumugining Batawi dhatêng ing sêkolah-sêkolahan. Dene salajêngipun, badhe dhatêng Sumatrah, Indhocina, Jêpan, Amerikah lajêng Eropah. Saking pangintênipun lampahipun wau badhe kêmput salêbêtipun 7 taun.

Dados nyata, bilih kagunan punika agêng pigunanipun.

Jaarmarkt ing Surabaya.

[Grafik]

Sêsawangan sangajêngipun Jaarmarkt ing Surabaya wanci dalu.

--- 1276 ---

Pamuji Harja

[Sinom]

Lir binuru ing ayuda | solahira para janmi | wong desa ngungsi ing kutha | wong kutha kèh angoncati | sêdya lunga pribadi | angungsèkkên badanipun | tanapi anak semah | tambuh-tambuh solahnèki | ngalor ngidul ngetan ngulon tan prabeda ||

nadyan saka tanah sabrang | têkane ambanyu mili | wit ing kana tan prabeda | binuru ing mungsuh sakti | têmah samya ngoncati | têkane sami kapiluh | angungsi mrana-mrana | kaprêgok mungsuh angungsir | ing wêkasan samya nrima dadi tawan ||

wit sajagad wus kawratan | wadyanya mahraja sakti | pêparab Krisis sudibya | kang ngumbar angkara budi | sajagad dèn dhèwèki | ywa ana kuwasa tulung | desa praja kawratan | prajurit kang dibya sêkti | donya iki kabèh dadi kuwasanya ||

aywa ana kang mêmadha | miwah kwasa nanggulangi | mila sagung para janma | sudagar tanapi pyayi | para tani prajurit | ing dharat miwah ing laut | tan ana kwasa nglawan | mring krodhèng Sri Krisis sakti | kajabane yèn ana pitulung Suksma ||

samargane apan dadya | sirêpe pangamuknèki | lir carita duk ing kuna | jamane sri narapati | Gêndrayana Sang Aji | atêtulung mring sang wiku | Bagawan Danèswara | kang asrama anèng wukir | Nilandusa jajahan nagari Daha ||

sarana sirnane ama | kang angrusak sabên wêngi | sakèh tanduran ing sawah | pakarangan miwah têgil | wujude warni-warni | wujud kewan miwah jamur | tan kêna tinanggulang | yèn sinirêp saya dadi | ing wêkasan ana parmaning jawata ||

mangkana ing kaelokan | lêlakon ing donya iki | yèn antuk pitulung Suksma | samargane apan dadi | lantarane antuk sih | yêkti saking ing panuwun | kanthi santosa ing tyas | pamêsunya sang ayogi | ing wêkasan antuk pangapurèng dewa ||

wêwarah mring Daniswara | kinèn minta pasihaning | Maharaja Gêndrayana | Daniswara anuruti | mêminta mêlas-asih | kalakon sang maha wiku | antuk pitulungira | putra Gêndrayana Aji | kang pêparab sudibya Dyan Narayana ||

anglawan sakèhing ama | dilalah têka agampil | bisa sirna tan rêkasa | malah tuk nugraha luwih | panggih Dèwi Pêrtiwi | miwah dewa kang dèn ratu | sakèh ama kang sirna | pra jawata asêsanti | jaya jaya jayaa Dyan Narayana ||

mila yèn panujèng karsa | mrih luwar saking prihatin | sami nênuwun mring Suksma | kanthi santosa ing batin | lir ujare wong luwih | sing sapa têmên tinêmu | kanyatan sang bagawan | Daniswara duk prihatin | lir kupiya kang wus kasêbut ing ngarsa ||

mangke wus ana antara | kang dadi nugrahèng Widi | tuwuhing măngsa samangkya | lire nugraha kang kèksi | pamulanganing warni | saking budidayanipun | pra kawula sadaya | tanapi pakaryan Jawi | tênun lurik kang wus mèh ilang larinya ||

masih akèh yèn dèn ucap | pratăndha sihing Hyang Widi | saking sruning panalăngsa | sarta têmêning pambudi | amila mugi-mugi | lastantun sarta tuwajuh | nênuwun ing Hyang Suksma | lêstantun salami-lami | pintên banggi paring tambah kanugrahan ||

Marma, Ngawăngga, K. 4052.

--- 1277 ---

Jagading Wanita

Kamajênganing Èstri Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

Ing sarèhning ing pundi-pundi kitha agêng sampun wontên huishoudschool ingkang mawi intêrnat, para lare èstri prayogi kasinaokakên ing pamulangan wau, murih sagêda pikantuk piwulang saha dhêdhasar ingkang sae. Ingkang punika sumăngga sami kagalih kadospundi ingkang mikantuki panuntunipun lare èstri sagêda nêtêpi kudangan kita, inggih punika lare èstri sagêda nêtêpi wajibipun èstri ingkang utami.

[Grafik]

Lare-lare èstri nuju sinau olah-olah.

Mênggahing ancas, sarèhning kula tiyang Jawi, anggèn kula nuntuni lare èstri inggih kula angkah sagêda dados èstri Jawi ingkang sae, inggih punika ingkang sugih kasagêdan, sumêrêp dhatêng kuwajibanipun èstri sarta botên ical pangraos tuwin katrêsnan dhatêng băngsa Jawi.

Murih sagêda sampun kalajêng anilar dhasaripun kautamèn Jawi, para sêpuh mugi sampun kirang waskitha, manawi lare èstri sampun dumugi pasinaonipun utawi sampun diwasa inggih punika andungkap krama, ingkang sêpuh amêrdi murih sagêda ingkang putra kasumêrêpakên dhatêng wêwalêripun agami, tumrapipun băngsa Jawi ingkang kathah inggih agami Islam, sarta padintênanipun (sêlanipun padamêlan) dipun tuntuna dening ibunipun anindakakên dhasaring kautamèn wau, inggih punika mêngku balegriya lan sapanunggilanipun ingkang sampun kapratelakakên [kapratelaka...]

--- 1278 ---

[...kên] ing ngajêng, punapa malih bab tatakrama lan sêsrawunganipun sampun ngantos nilar adat Jawi ingkang utami, makatên punika ingkang kula anggêp kamajêngan èstri Jawi.

Wêwalêr agami punika têgêsipun, sarak utawi pranatan agami, agami punika sanadyan agami Kristên, Buda, utawi sanèsipun, wosipun sami kemawon ugêr wontên ingkang sangêt dipun ajrihi, inggih tumrap ing lair tuwin ing batos, kados ta yèn ing agami Islam ajrih ing Gusti Allah.

Gusti Allah punika sajatosipun ing pundi-pundi wontên, tăndha yêktinipun: ora kêna dièmpêr-èmpêr mung kuwasane dumunung ing sarirane pribadi.

Samăngsa lare sampun kadhêdhêran agami, punika ingkang limrah manahipun sagêd sarèh, kadosdene kapal ingkang mawi kêndhali, sanadyan ucula gampil panyêpêngipun. Mênggahing tiyang ingkang sampun mawi agami punika yèn kaladuk andamêl piawon, măngka kèngêtan ing agaminipun, lajêng sagêd mantuni, beda kalihan tiyang ingkang tanpa agami punika botên wontên panyandhêtipun.

Băngsa Jêpang, punika băngsa ing Asiah ingkang katingal unggul piyambak tatakraminipun. Jêpang salami-laminipun têtêp tatanipun dipun angge, sêsrawungan kalihan bangsanipun piyambak botên tilar tatakrami Jêpang, langkung-langung ing griya inggih taksih ngangge tatakrami samêsthinipun, dene manawi Jêpang sêsrawungan kalihan băngsa sanès, inggih ngangge tatakrami International (Europa), dados upami tiyang Jawi sêsrawungan kalihan bangsanipun Jawi ngangge tatakraminipun piyambak punika botên dados awonipun, malah langkung sae.

Sapunika dados pêpèngêt, tumrap para lare èstri (kênya) rèhning sampun cêtha bilih saening kalakuan, wêwatêkan, tuwin sapanunggilanipun wau adhakan dados pilihaning ngakathah, lan saprika-sapriki panataning manungsa taksih têtêp anggèning tansah gadhah panampik tuwin pamilih, inggih punika sadaya sami nampik ingkang kaanggêp awon, milih ingkang kaanggêp sae. Dados inggih sakalangkung prayogi manawi para lare èstri tansah angêngudi supados botên kawastanan mêdal utawi mrojol saking garising nama kautamèn.

Sumadirja. Ind. Arts.

Pawartos saking Redhaksi

Sadherek ing Jombang. Bab nut mênyanyi binarung gêndhing botên kapacak, amargi ing Kajawèn ugi mêntas macak bab kados makatên.

Tuwan Sastra, ing Bat. C. Karangan prayogi kasêrat aksara Jawi, basa krama.

Tuwan Darsa. Karangan panjênêngan punika sampun umum kawrat ing ariwarti.

Lêngganan nomêr 991 ing Jênar. 1. bab pandangu panjênêngan punika, pinanggihipun sampun umum. 2,3. punika wêwadosing redhaksi. 4. Kajawèn punika sanès ariwarti, dados botên ngawontênakên panjurung pakabaran. 5. karangan kakintuna sarana dhokimèn, waragadipun langkung mirah.

Lêngganan nomêr 1527 ing Magêlang. Prayogi mundhuta sêrat pawarsakan Serie No. 1403, rêgi f 0.40 wêdalan Bale Pustaka.

Tuwan Moh. A ing Jombang. Badhe kawêdalakên, ngêntosana samăngsa sampun rampung.

Lêngganan nomêr 355 ing Juwana. 1. lêlangên ing Kajawèn kenging kemawon. 2. sarana dhokimèn. 3. karangan ingkang botên sae. 4. tanpa sêsanggêman punapa-punapa.

Lêngganan nomêr 2481, ing Gombong. Ingkang sampun dipun têrangakên ing bab panganggenipun, nanging sarèhning badhe wontên pranatan ing bab paos sata, salajêngipun botên mangrêtos.

--- 1279 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Protès nadhe sudanipun blanja.

Kala tanggal 3 October ingkang kapêngkêr punika, jam 6.30 sontên ing gêdhong Kêbon binatang (dierentuin) ing Bêtawi-Centrum sampun pêpak para bala Kurawa nagari prêlu ngatingalakên botên tarimah manahipun tumrap krêsaning nagari anggènipun badhe nyuda blanjanipun. Ingriki kula botên badhe adamêl palapuran punapa ingkang sampun dipun orèhakên dening para gembonging pakêmpalan-pakêmpalan wontên ingriku, awit para maos têmtunipun sampun sami maos wontên ing sadhengah ariwarti, nanging ingriki kula namung badhe adamêl obrolan mênggahing wawasan kula ing prakawis ingkang gêgayutan kalihan wontênipun protès wau.

Inginggil sampun kula cariyosakên, bilih para bala Kurawa nagari pêpak ingkang sami ngêmpal wontên ing kêbon binatang. Saking pêpakipun wau, ngantos ragi mathuk saupami kula cariyosakên cara dhalang makatên: Wauta, wadyabala sampun sami pêpak andhèr dumugi sajawining... kêbon binatang. Bala manungsa tanpa wilangan, prajurit raksasa tuwin raksasi pating prêngongos pating prêngingis, wênèh wontên ingkang sairib setanan sami pêtak acica-cica, lan sapiturutipun.

Lo, sampun kalintu panampi, para maos, sampun têmtu kemawon bilih ing papan ngriku botên wontên buta utawi setananipun ingkang yêktos, ingriki namung badhe nyariyosakên pêpaking para punggawa, inggih punika punggawa bangsa Walandi, Tionghoa, Jawi, Sundha, Mlayu lan sasaminipun. Kajawi punika inggih pêpaking pangkat, dados inggih wontên ingkang pangkatipun mêncit sangêt, ingkang botên nate mêndhaki têtêmbungan: kêndhil mêngkurêb, lan ugi wontên ingkang pangkatipun êndang-êndangan, têgêsipun: êndang mangan, êndang ora. Sadaya wau, dados inggih ingkang gêmbil punapadene ingkang kêmpot... padharanipun, sami saiyêg sarêng-sarêng dhatêng wontên ing kêbon binatang lan wontên ingriku badhe ngatingalakên botên rênaning manahipun, dene blanja sampun kacêngklong laminipun kirang langkung sêtaun, cêngklonganipun wau saupami caranipun sêlang sambut makatên botên lajêng dipun wangsulakên, jêbul kabaripun malah badhe dipun... promotie. Dados ingriku namung badhe sêsarêngan protès anggènipun umum badhe dipun cêngklong blanjanipun. Caranipun anggèning badhe nyêngklong blanja tumrap satunggal-satunggaling golongan, wontên ingriku dèrèng badhe dipun rêmbag, awit miturut kabar-kabar ingkang sampun kaprojol wontên ing sêrat-sêrat kabar, lêrês lan botênipun, punika cara santrinipun: wallahu'alam, kacariyosakên, bilih panyêngklongipun tumrap satunggal lan satunggaling golongan ragi beda-beda, inggih punika tumrap schaal A: 45%, schaal B: 35% lan tumrap schaal C: 20%.

Tumrap para maos ingkang dèrèng patos dhamang, kados prêlu ingriki nyariyosakên sakêdhik mênggah ingkang dipun wastani: schaal A, lan Schaal B lan schaal C wau.

Mênggahing tanah ngriki punika, sanajan kaparentah ing karajan satunggal, nanging para punggawaning nagari kaperang-perang dados tigang golongan, inggih punika golonganipun têtiyang siti, dados golonganipun têtiyang ingkang wiwit canggah warèngipun mila salaminipun wontên ingriki. Ing sarèhne turun-maturun wontên ingriki, dados inggih sampun kulina dhatêng kawontênanipun ingriki, amila satêdha-têdhanipun inggih dipun anggêp sagêd mlêbêt, saênggèn-ênggènipun inggih sagêd: srêg, dalasan wuda blêjêd inggih dipun anggêp: botên barang-barang. Cêkak aos têtiyang siti punika ing samukawisipun dipun anggêp sagêd sarwi mirah, sarwi sasêkecanipun. Amila golonganing têtiyang wau lajêng kula wastani: golongan kaum dharatan. Tiyang inggih sadaya-sadaya sarwi mirah, dados botên pêrlu nênumpuk, inggih numpak dhokar, kreta punapadene motor, nanging cêkap... jalan kaki sêlama-lamanya. Inggih golongan punika ingkang lajêng kagolongakên dhatêng ingkang dipun wastani: schaal A.

Kosokwangsulipun wontên golonganing têtiyang ingkang sadaya-sadayanipun sarwi awis, awit dhatêngipun kanthi ngambah lautan, tuwin aslinipun saking praja-praja ingkang beda kawontênanipun sarta beda adat tatacara sarta panggêsanganipun. Golonganing têtiyang punika kenging kula wastani: golongan kaum lautan. Ing sarèhne bangsa manca wau beda ing sadaya-sadayanipun wau, murih sagêd wilujêng lan sênêng gêsangipun wontên ingriki, inggih kêdah dipun sukani panggêsangan ingkang anyêkapi saèstu, ngantos sagêd nyèlèngi minangka kangge sangunipun manawi mantuk, dhatêng ing pundi-pundi botên prêlu salaminipun ngodhok, nanging sagêd motor-motoran lan sasaminipun. Bangsa têtiyang manca ingkang sakêlangkung awis pangrumatipun wau, lajêng kalêbêtakên ing golongan ingkang kawastanan: schaal C.

Dene golongan ingkang angka tiga, golonganing Walandi pranakan, dipun wastani: schaal B. Nanging mênggahing kula, ing sarèhning golongan punika nama golongan ingkang luwês, awit ngêmpal golongan kaum lautan sagêd, ngêmpal golongan kaum dharatan sagêd, amila lajêng kula wastani: golongan

--- 1280 ---

kaum... kapithing utawi kaum yuyu, sabab gêsang toya kalih. Panggêsanganipun tiyang punika sagêd nyara kaum dharatan, nanging kaplêsiranipun nyara kaum lautan. Amila pêpancènipun kêdah dipun langkungi saking pêpancèning kaum dharatan, nanging inggih kêdah sangandhapipun pêpancèning kaum lautan.

[Grafik]

Nitik andharan inginggil kados sampun cêtha sabab-sababipun dene ing tanah ngriki punggawa nagari kaperang-perang dados 3 golongan, inggih punika: schaal A, B tuwin C, lan ugi sagêd kasumêrêpan bilih pêpancènipun schaal B langkung kathah katimbang schaal A, lan schaal C langkung kathah tinimbang schaal B.

Miturut kabar, kabar, lo, thik namung slênthingan kemawon dados botên kenging dipun tamtokakên nyatanipun, badhe cêngklongan blanja punika pranatanipun tumrap: schaal A badhe kacêngklong 40% schaal B kacêngklong 35% dene C badhe kacêngklong 20%, punika cariyosipun miturut dhêdhasar panggêsanganipun tiyang siti. Bokmanawi pangetangipun makatên, punika kapêndhêt gampilipun.

Saupami tiyang siti, dados schaal A, gadhah blanja f 100.- punika ingkang dados dhêdhasaring panggêsanganipun f 90.- upaminipun, ingkang f 10.- wau minangka èmbèl-èmbèlipun. Tumrap schaal B, ingkang kadamêl miturut dhêdhasaring panggêsanganipun para Walandi pranakan, ingkang dados dhêdhasaring pêpancèn inggih sami kalihan tumrap schaal A, inggih punika f 90.- Nanging èmbèl-èmbèlipun ingkang ragi beda. Awit dhasar kabêtahan tuwin kaplêsiranipun sanès, kados ta: kêdah ngangge kaos, sêpatu, topi lan ugi kêdah nonton: gambar idhup, kumidhi wontên ing schouwburg lan sasaminipun, ingkang sadaya-sadaya wau kêdah ngêdalakên wragad. Amila èmbèl-èmbèlipun pêpancèn inggih kêdah dipun langkungi, upaminipun kemawon namung... tikêl 6, dados f 60.- Dene tumrap schaal C, dhêdhasaring pêpancèn inggih ugi sami kalihan schaal A, inggih punika f 90.- Nanging èmbèl-èmbèlipun sampun têmtu saya anggènipun dipun bedakakên. Awit ing schaal C punika dunungipun para kaum lautan, para ingkang kêdah wangsul dhatêng nagarinipun malih, para ingkang limrahipun botên krêsa sêkul, jangan lodhèh, pelas katul lan sasaminipun, nanging ingkang dipun dhahar namung: roti, kênthang, mêrtega, keju, bêstik lan sapiturutipun, dados barang-barang ingkang sarwa awis sadaya. Ing sarèhning benjingipun kêdah wangsul dhatêng nagarinipun piyambak, inggih lajêng kapêksa kêdah nyèlèngi minangka kangge sangunipun ing benjing. Jalaran saking punika amila arta èmbèl-èmbèlanipun inggih kêdah saya kathah malih, upaminipun kemawon tikêl kalih kalihan schaal B, dados 2 x f 60 = f 120.-

Miturut punika ingkang sampun kacariyosakên inginggil, ingriku kados sampun cêtha mênggah perang-peranganing blanjanipun schaal A, B tuwin C. Dados timbanganipun, manawi punggawa nagari ing schaal A, blanja f 90 + f 10 = f 100.- blanjanipun schaal B f 90 + f 60 = f 150, schaal C. f 90 + f 120 = f 210.

--- 1281 ---

Lan ingriku ingkang dados dhêdhasaring pêpancèn inggih sami kemawon, inggih punika f 90.-

Samangke kados pundi dene lajêng dipun kabarakên, bilih manawi wontên sudan blanjan malih, panyêngklongipun têka dipun etang tumrap schaal A 45%, tumrap schaal B, 35% lan tumrap schaal C 20%. Lo, punika mênggah gagasan kula, nanging inggih gagasan ngayawara, kintên-kintên makatên:

Ing pundi-pundi samangke punika sadaya-sadaya, kajawi bayaran sêkolah, pajêg, sewan listrik, sampun mêdhak sangêt aosipun. Mêdhakipun wau ngantos radin-radin wontên 50% piyambak. Jalaran saking punika lajêng dipun anggêp sampun samêsthinipun bilih pêpancènipun panggêsangan kêdah dipun cêngklong 50%. Dados tumrap schaal A ingkang blanja f 100, utawi pêpancèn f 90 lan èmbèl-èmbèl f 10.- pêpancènipun kapotong 50% kantun f 45. ingkang punika blanjanipun ingkang suwau f 100 lajêng kantun f 45 + èmbèl-èmbèl f 10.- = f 55.- Dados pamotongipun blanja lajêng 45%.

Schaal B ingkang blanja f 150, utawi pêpancèn f 90.- èmbèl-èmbèl f 60.- pêpancènipun kasuda 50%. Blanjanipun kantun f 90.- f 45 + èmbèl-èmbèl f 60.- = f 105, dados pamotongipun namung 35%.

Schaal C ingkang blanja f 210, utawi pêpancèn f 90, èmbèl-èmbèl f 120, pêpancèn kacêngklong 50%. Blanjanipun kantun f 90.- f 45 + èmbèl-èmbèl f 120 = f 165, dados pamotonganipun inggih namung kirang langkung 20%.

Para nupiksa! Mênggah andharan kula sadaya punika sajatosipun namung pawitan kintên-kintên miturut pawartos saking jawi. Dados inggih namung kangge ancêr-ancêr, mila saking panuwun kula mugi cabara samantên kemawon. Wusana kula tansah lajêng amêmuji, mugi-mugi kaparêngipun pamarentah badhe anyuda balanjaning para punggawanipun, ingkang dados bêbau tuwin tumut nyambutdamêl kapêntinganing nagari, botên badhe dipun lêksanani, kados panuwun utawi swaraning protèsipun para punggawa nagari golongan warni-warni wontên ing kêbon binatang nêmbe punika.

Mênggah protès ingkang makatên wau sajatosipun botên amung wontên ingriku kemawon, dalasan ing nagari Walandi piyambak sarêng wontên ungup badhe sudaning balanja, sarta sarêng sampun kamanah dening umum badhe sudan balanja wau têrang sangêt badhe nuwuhakên wohing kawontênan ingkang kirang prayogi, wusana para punggawaning nagari inggih lajêng sarêng-sarêng adamêl protès, ingkang wohipun amarêmakên manah.

Kauningana! gêsangipun para punggawa nagari samangke punika, mênggah umumipun sampun rêkaos, dados pamarentah têmtu anggalih bab punika kanthi kawicaksanan, mokal ta yèn botên angayomana dhatêng punggawanipun, kalêbêt kula pun PÊNTHUL.

--- 1282 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Ing bab calon tatanan enggal. Pranatan ing bab para punggawa nagari sami badhe kapurih damêl sêrat sêsanggêman, punika wontên pawartos susulan, bilih ingkang katêtêpakan nandha tangani namung punggawa ingkang kamanah prêlu.

Dados mênggahing kajêngipun tindak wau namung badhe ngèngingi dhatêng punggawa ingkang sampun wontên ambêt-ambêtipun. Manawi nyata kados makatên, dados inggih kêdah wontên pangganda landhêp. Dene nyata lan botênipun pawartos wau, dèrèng wontên.

[Grafik]

Papan panyadean loterij. Para maos têmtunipun tansah mirêng pawartos ing bab kalanipun kantor Escompto ing Batawi nyade loterij, ingriku kathahipun têtiyang tumbas ngantos suk-sukan, malah ngantos dados pajagèn pulisi. Saya ingkang pinanggih kala nyade loterij "Ziekenverpleging" tanggal 3 wulan punika, wontênipun têtiyang ingkang badhe tumbas saya kathah sangêt. Tandha yêktinipun mriksanana gambar. Dumugining jam 9.15 lot sampun têlas. Sarêng sampun dhawah ing bakul, rêgining lot sampun mindhak dados f 16.- mêksa sami dipun têmpuh.

Samantên pangêsukipun tiyang nêdya sugih wontên ing jaman malèsèt.

Pacêklik. Kawartosakên, ing dhusun Dumas, Bandawasa, têtiyangipun sami kêkirangan têdha, ngantos sami nêdhani dhangkèl rosan ingkang sampun sami garing tur kanthi rêbatan.

Pawartos punika manawi nyata, pancèn damêl panalangsa sayêktos.

Begal ing sacêlakipun Bandung. Wontên pawartos, ing sacêlakipun Bandung kathah begal, nanging namung trimah sawontênipun.

Pawartos kados makatên punika mèh radin pinanggih ing pundi-pundi. Dados mênggahing pamawas, begal ingkang kados makatên punika namung saking tiyang kêkirangan saha saking rêkaos pados têdha. Dados lampahing jagad ingkang nuwuhakên lêlampahan kados makatên punika.

Jor-joran. Sabrangan lèpèn Opak, Ngayogya, ingkang dipun yasani krêtêg dening sawênèhing Walandi, ing sapunika dipun jori ing têtiyang siti ingkang ugi damêl krêtêg wontên ingriku, waragading ngambah krêtêg botên katêtêpakên. Krêtêg yasanipun bangsa Walandi prabeyaning motor langkung lajêng kaandhapakên, nanging mêksa kathah ingkang ngambah krêtêgipun tiyang siti, amargi kajawi langkung mirah, ugi dipun dombani dening pakêmpalan sopir. Golongan tiyang siti lajêng dipun rêmbagi, krêtêg kapurih ngicali, sabên wontên motor langkung, motor satunggal dipun sukani sakêthip. Nanging tiyang siti botên purun.

Samantên dayaning karukunan.

Malik tanêman. Jalaran saking munduring tanêman sata ing Bêsuki, ing sapunika têtiyangipun sami nanêm kobis pêthak. Pêpajênganipun inggih lumayan.

Inggih sareka-rekanipun, tumraping têtanèn, punika sagêd kemawon anggènipun malik pamêdal, waton purun.

Usul bab têmbung "Inlander". Benjing congres P.P.B.B. wontên pamrayogi saking pangrèh agêng, supados ngawontênakên usul dhatêng parentah ngewahi têtêmbungan "Inlander' ingkang kapacak wontên ing undhang-undhang utawi sêrat-sêrat paprentahan, dados "Indonesier".

Ewahing têtêmbungan kados makatên punika pinanggihipun wontên ing jaman sapunika tansah dados rêmbag. Awit sanadyan namung têmbung sawatawis wanda, nanging sami dipun wigatosakên.

Kamirahanipun S.S. Kawartosakên S.S. badhe mitulungi lêlahanan dhatêng para angguran bangsa Walandi, ngangkat saking panggenanipun dhatêng pasadhiyan panggenan ing Bandung tuwin ing Malang, ingkang sampun dipun sadhiyakakên dening A.M.V.J. Ingkang kapetang lêlahanan wau ing bab panumpaking sêpur tuwin pangangkating barang.

Tindak makatên punika damêl kamayaran sawatawis.

Panêmpuhipun malèsèd ing Ngayogya. Pinanggihipun têtiyang ingkang sami gadhah sambutan dhatêng bangsa Tionghoa mendring ing Ngayogya kathah ingkang sakalangkung rêkaos, rumaos sampun botên sagêd nicil malih. Bab punika juru potang lajêng gadhah rekadaya trimah dipun bayar punapa kemawon. Kalampahan sambutan wau wontên ingkang kabayar awarni balok, grabah, malah wontên ingkang kabayar menda, sawênèh lêmbu.

Tindak pambayar ingkang kados makatên punika dados tandha bilih pancèn sampun korang-karèng yêktos.

Nglalu mawi bela anak. Tuwan de N. punggawa kabudidayan sata ing Jêmbêr, satunggiling dintên nalika mantuk saking padamêlan, sadumugining griya sumêrêp bojo tuwin anakipun tiga sami angglethak. Ingkang èstri pinanggih tatu ugêl-ugêlipun, anak-anakipun dipun têdhani bubukan jampi, lare ingkang alit piyambak sampun kêlajêng tiwas. Dene sababipun nyonyah wau mêntas pabên, saha badhe pêgatan, nanging ugi kawartosan nyonyah wau nate sakit èngêtan.

Mênggah wos-wosipun kintên-kintên jalaran anggènipun badhe pêpisahan punika. Dados manawi makatên tindak badhe pêpisahan punika inggih botên kenging grusa-grusu. [grusa-...]

--- 1283 ---

[...grusu.]

Wara-waranipun Ki Ajar Dewantara. Wontên pawartos, Ki Ajar Dewantara marak-marakakên dhatêng paguron T.S. sampun pisan-pisan masang gambaripun Ki Ajar Dewantara wontên ing pundi kemawon, amargi Ki Ajar botên rêna manawi wontên raos amêmundhi.

Kaparêngipun Ki Ajar Dewantara ingkang makatên punika têmtunipun sampun kawawas kanthi jêmbaring panggalih.

Sêpur kilat badhe dipun kilatakên malih. Wontên pawartos, wiwit benjing wulan Mèi 1933, sêpur kilat badhe dipun angkah dumugining Surabaya jam sêtêngah pitu, sarana nyuda botên ngèndêli Cikampèk tuwin nyuda danguning kèndêlipun wontên Kroya.

Ewahing lampah punika têmtunipun tumraping têtiyang limrah botên andadosakên kabêtahan, awit bêtahipun namung pados sudaning waragad. Nanging tumraping para dagang tuwin para lampah kasêsa têmtu agêng sangêt pigunanipun.

Pulisi militèr. Kawartosakên, wiwit benjing wulan Mèi 1933 parentah badhe nindakakên damêl pulisi militèr marsose. Tumrap Jawi Kilèn, ing Bêtawi badhe dipun sukani sakumpêni, Serang (Bantên) sakumpêni. Tumrap Jawi Wetan, Surabaya sakumpêni, Bandawasa sakumpêni. Ing sapunika para opsir tuwin para onder opsiripun sawêg sami sinau wontên ing pamulangan pulisi ing Sukabumi.

Mênggahing pangintên tatanan pajagèn enggal punika têmtu saya santosa.

Pananggulang lintah dharat ing Bandung. Pakêmpalan pananggulang lintah dharat (anti woeker) ing Bandung, mêntas mitulungi sudagar tiyang siti ingkang kadakwa nyambut arta f 10.000.-dhatêng bangsa Tionghoa, barang-barangipun sampun badhe dipun bêskup dening deurwaarder. Sarêng prakawis wau katindakakên papriksanipun, jêbul dakwan botên nyata. Pakêmpalan gêntos anggigat, bangsa Tionghoa tuwin deurwaarder sami kokum.

Manawi wontên lêlampahan kados makatên punika, sagêd adamêl anglêsing manah. Kintên-kintên prakawis ingkang kados makatên punika kathah, nanging angèl sumêrêpipun, awit limrahipun tiyang nyambut punika dipun lampahi kalayan sukêt godhong aja nganti krungu.

Papriksan sêsakit malaria. Pakaryan kasarasan panitinipun sêsakit malaria ing Cianjur pinanggih nyata, kathah lare ingkang tiwas. Tiyang ing kampung sami dipun dumi tablèt.

Mangsa punika manawi nuju botên sae, sawarnining sabab ingkang damêl botên sakeca, tansah pating jrêdhul dhatêng. Mugi sami pinaringana kuwawi.

Rêrêgèn gaplèk mandhap sangêt. Ing tanah Nanggulan, Ngayogya, panènipun pohung kêmêdalan, nanging sarêng kadamêl gaplèk, sapikul namung pajêng f 0.15.

Para maos sagêd manggalih piyambak, rêrêgèn kados makatên punika punapa botên ngrêkaosakên golongan tani. Dados caraning pêpetangan mirahing têdha punika dèrèng têmtu damêl sakecanipun ingkang sade.

Pès ing Garut. Pangamukipun sêsakit pès ing Garut saya katingal majêng. Wontênipun tiyang ingkang tiwas 40, ingkang taksih sakit 115. Dhusun ingkang katênggêl ing Panawuan. Ingkang wajib nindakakên pajagèn kêncêng, ngawisi tiyang ngambah dhusun ngriku, makatên ugi manawi wontên tiyang asli saking dhusun wau dhatêng ing panggenan sanès, botên angsal.

Rêrigên pananggulang pès pinuji mugi angsala pambiyantu saking têtiyang ingriku. awit tumindakipun kêdah sêsarêngan.

Kabêsmèn ing rêdi Ijèn. Nyambêti pawartos bab kabêsmèn ing rêdi Ijèn, prajurit marsose saking Bandawasa kapatah anjagi kawah rêdi Ijèn. Urubing latu saya agêng, katêmpuh ing angin kados dipun damu, lampahipun narajang wana alang-alang tuwin wit cêmara, latu tansah lajêng kemawon, lajêng nglanjak rêdi Mêrapi, ingkang ingriku wontên kabudidayanipun kopi. Miturut pawartos wêkasan, sapunika sampun sirêp.

Pangamuking latu punika têka sairib kados pasêmon kanêpsoning tiyang manawi nuju mubal.

ASIA.

Pamrayoginipun parentah Inggris dhatêng Sang Gandhi. Nalika Sang Gandhi nglampahi siyam, parentah Inggris suka palilah dhatêng wêwakil bangsa Hindu ingkang sami badhe rêrêmbagan kalihan Sang Gandhi. Ing sapunika manawi Sang Gandhi badhe rêrêmbagan ingkang gêgayutan kalihan parentah, ugi kaparêngakên nampèni panuntun-panuntun congres tuwin tiyang sanès-sanèsipun.

Kintên-kintên badhe campuh sakalangkung rame. Ing laladan Mansyurie lèr sêsulakipun kêtingal pêtêng. Golongan Tionghoa ngêbroki statsiun agêng-agêng sisih lèr. Wadya Jêpan bêbantu dipun santosani. Wadyanipun Chang Hsuoh Liang cacah 150.000 wiwit ngangsêg. Wadya ingkang dipun tindhihi Jendral Su Peng Wen sampun sagêd ngêbroki Manchuli tuwin sagêd ngrêbat Hailar, Dalainor tuwin Puhattu. Wadya Mansyukuo ing laladan punika lajêng tumut golongan Tionghoa, dêdamêlipun dipun bêskup, bênderanipun dipun uwèk-uwèk. Ing bab punika andadosakên kawigatosanipun Rusland. Wadya bêbantu Jêpan sampun bidhal saking Tsitsihar.

EROPA.

[Grafik]

Kasangsaran mêsin mabur. Tuwan Michelin Jr. anakipun tuwan ingkang gadhah pabrik band auto, ingkang misuwur ing pundi-pundi, dhawah saking mêsin mabur wontên ing Clermont, Prancis, tiwas sanalika. Gambaring mêsin mabur ingkang katiwasan kados inginggil. Dèrèng dangu inggih mêntas wontên kasangsaran masin[2] mabur ingkang dipun tumpaki Tuwan Bata. Dados kasangsaran mêsin mabur ingkang anggayut namanipun tiyang dagang ingkang misuwur, sampun kalih punika.

--- 1284 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

48.

Mêngah kêncênging manah, Nyonyah Dhorah nêdya badhe nyambut damêl tumuntên, awit niyat badhe gêsang piyambak.

Sasampunipun tigang dintên, Nyonyah Dhorah angsal padamêlan wontên ing kantor bang. Nanging sawêg sadintên kemawon sampun wontên nonah tunggil sapadamêlan ingkang linggihipun cakêt, lajêng nyapa ingkang raos mêlèhakên, ungêlipun: Nyonyah, sintên ingkang ngintên manawi kula kalihan sampeyan sagêd nunggil sapadamêlan.

Nyonyah Dhorah mangsuli: Sampeyan punika sintên.

Tamtu kemawon nyonyah dèrèng wanuh kalihan kula. Kula punika asring mara tamu dhatêng griyanipun nyonyah tăngga sampeyan abên pagêr, ing gang Kêtapang. Nanging katingalipun sampeyan kalihan nyonyah wau botên wanuh-wanuhan.

Sanalika Nyonyah Dhorah mirêng raosan anggêpok tilas tangganipun wau, manahipun karaos kumêpyur, èngêt manawi punika mêngsahipun, raos ingkang kados makatên punika anjalari Nyonyah Dhorah lajêng botên karaos nyambut damêl wontên ngriku.

Nonah wau wicantên malih: Nyonyah tăngga sampeyan wau sakalangkung wêlas dhatêng sampeyan, awit sintên kemawon ingkang dipun dhatêngi Nyai Kucing tamtu karisakan.

Ing ngriku Nyonyah Dhorah saya karaos ing manah, punapa ta prêlunipun dene nonah wau raosan ingkang kados makatên. Manawi mirid pasêmon, nonah wau sajak abela prihatos, nanging ugi katingal wontên raosipun mêmiringi, ingkang atêgês nêmênakên Nyonyah Dhorah kenging paekanipun Nyai Kucing sayêktos. Nanging lajêng dipun panjangakên, manawi bojo piyambak sampun gadhah pandakwa kados makatên, tăngga ingkang sampun pangawak mêngsah malih botêna saya nêtêpakên pandakwanipun.

Sarêng Nyonyah Dhorah kêpêntog rêmbag kados makatên punika, manahipun saya bêntèr sangêt dhatêng ingkang jalêr, awit lajêng cêtha sangêt bilih ingkang jalêr punika botên titi, pinanggihipun lajêng botên rumêksa dhatêng ajinipun tiyang èstri, dados tuwuhing pandakwanipun tiyang kathah namung ngêbyuk saking kadayan pandamêlipun ingkang jalêr.

Lambenipun Nyonyah Dhorah lajêng andharêdhêg, badhe mangsuli ungêlipun nonah wau. Nanging lajêng badhe cariyos kadospundi, awit wicantênipun nonah wau botên ngêblak, lan malih rêrêmbagan kalihan tiyang ingkang nêmbe wanuh, ing bab ingkang kados makatên, tamtu pakèwêd sangêt, sasat piyambakipun anjarag ngawon-awon badanipun piyambak. Wusana Nyonyah Dhorah namung tumungkul kemawon kalihan nyambut damêl.

Sarêng sampun angsal tigang dintên, pasrawunganipun Nyonyah Dhorah kalihan nonah wau saya araos kakên. Punapa solahipun nonah wau katingal ngrèmèhakên, nanging dipun sasabi sajak bela prihatos, ingkang katingal dipun damêl-damêl.

Kawan dintênipun, Nyonyah Dhorah dipun undang pangagêngipun, ulating pangagêng wau katingal pêtêng, Nyonyah Dhorah lajêng kapurih linggih, wusana tuwan pangagêng wicantên: Nyonyah, kula rumaos rêkaos sangêt badhe nglairakên ginêm kula punika, nanging sarèhning kêpêksa, inggih kadospundi malih kêdah kula lairakên. Kathah sangêt rêraosan ing bab sarira sampeyan, ingkang suraosipun awon. Bab punika kula botên badhe maèlu, awit kula nate dados tiyang anèm, nanging sarèhning kula punika dados warganing bang, ingkang dados wêwakiling punggawa sadaya, sarêng mirêng pawartos kados makatên punika adamêl botên sakecaning manah kula, lan malih sarèhning pamanahaning ngakathah punika warni-warni, kula kapêksa andhawahakên panimbang. Cêkakipun, manawi pawartos punika nyata, kula botên sagêd nyukani padamêlan dhatêng sampeyan wontên ing ngriki. Nanging manawi pawartos wau dora, mangsulana.

Nalika Nyonyah Dhorah tampi pitakenan kados makatên wau, rumaos kados pêjah sanalika, lajêng anjêgrêg tanpa ngucap, namung luhipun carocosan. Nanging tandhaning kasusahan ingkang kados makatên wau sakêdhap kemawon ical, lajêng anjrêbabak katingal kados tiyang nêpsu. Muntabing manah, botên liya jalaran saking tampi pitakenan ingkang kados makatên wau, lan malih piyambakipun mangrêtos, bilih tuwuhing pawartos punika tamtu saking nyonyah tangganipun. Măngka pancènipun, pitakenan ingkang nisthanipun kados makatên punika botên pantês sangêt ngantos dipun pitakèkakên ing tiyang sanès. Mila isinipun Nyonyah Dhorah kala samantên inggih botên kadosa.

Sasampunipun katog anggènipun ngraosakên, Nyonyah Dhorah lajêng andêngèngèk kalihan ngusapi luhipun tuwin wicantên: Tuwan, sayêktosipun kula botên badhe mangsuli dhatêng pitakenan nistha tuwin awon ingkang kados makatên punika dhatêng sintêna kemawon, kajawi manawi dipun dangu wontên ngarsaning pangadilan. Nanging kula cêkap mangsuli cêkakan dhatêng panjênêngan: Kula botên anglampahi kados makatên. Sanèsipun punika kula botên sagêd ngaturakên punapa-punapa malih, dene panjênêngan pitados utawi botên, kula namung sumăngga. Saha salajêngipun, kula badhe nyuwun mêdal saking ngriki. Kalilana. Satêlasing wicantênipun, Nyonyah Dhorah lajêng ngadêg kalihan suka tabik. (Badhe kasambêtan)

--- 157 ---

Nomêr 40, taun III

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu

Cangkriman

E, para mitra-mitraku, sarèhne wis rada suwe ing Taman Bocah kene ora tau ngêmot cangkriman, mulane aku arêp urun cangkriman, idhêp-idhêp kanggo ngulir budi. Nanging sarèhning lagi nêmbe iki aku milu lêlumban ing Taman Bocah kene, mula yèn ana saru sikuning têmbungku iya aja kurang ing pangapura.

Sadurunge aku ngandhakake cangkrimanku ayo padha nêpungake dhisik, aku Subarja, ing Têgalgănda (Dêlanggu). Dene cangkrimanku mangkene:

1. Jênênging perangane omah, kadadeyan saka rong wanda. Yèn wanda kang ngarêp mau sigêg wanda kang buri muni jênênging perangane sandhanganmu. Yèn pamacane diwalik dadi jênênging măngsa. Apa jênênge perangan omah mau.

2. Ana uwong desa gawene golèk kayu mênyang alas. Anuju sawijining dina wong mau mlêbu mênyang alas, arêp golèk kayu, yèn wong mau nyêdhaki sawijining uwit, uwong lan uwit dadi jênênge kutha ing tanah Jawa Wetan. Dadi uwonge mau jênêng sapa. Lan uwit mau uwit apa.

3. Ana jênênging wowohan kadadeyan saka têlung wanda. Yèn wanda kang têngah dibalèni dadi jênênging piranti kanggo olah-olah. Yèn dibalelani[3] sawanda kang buri dhewe, dadi têmbung Mlayu, kang jawane omahing kewan. Apa jênênging wowohan mau.

4. Perangane awak uwong yèn ditulis nganggo aksara latin, ana nêm aksara. Yèn dibalèni sak aksara kang buri dhewe, dadi araning kewan, kang ing tanah Jawa kene ora ana. Yèn diwuwuhi aksara B kang ngarêp dhewe dadi têmbung atêgês ora ana têrusane. Apa jênênge peranganing awak uwong mau.

Wis samono bae dhisik, besuk bae manèh.

Mitramu. Subarja, Têgalgănda. p/a K. 2880.

Suk Sêtu macak batangane. S.

--- 158 ---

Bocah Bisa Anggambar

Iki dongengan panunggalane dhêdhasar bocah. Ing sadurunge aku arêp ngandhakake lêlakon ing Amsêtêrdham, nagara Walănda, nontona gambar. Mungguh gambar kuwi, gambaring bocah-bocah kang padha olèh ganjaran, saka anggone bisa milih ulês, kang pigunane bakal kanggo tăndha kang cêtha ditonton ing akèh, pakolèhe bakal ngêdohake kasangsaran.

[Grafik]

Ing saiki bocah-bocah mêsthine wis padha mangrêti, bocah kang bisa milih ulês kaya mangkono mau, kajaba kulina, iya jalaran saka duwe dhêdhasar. Lan mungguh mripating bocah, trakadhang landhêping pangrasane ngungkuli wong tuwa.

Mêngko gênti aku arêp andongèngake lêlakone bocah kang duwe dhêdhasar anggambar, nanging wong tuwane ora ngrêti.

Ing Jawa Têngah jamane sèkêt taunan, ana bocah desa urip tangane, bisa anggambar pêpêthan apa-apa, sanadyan durung plêk, nanging ana titike bocah mau duwe dhêdhasar anggambar, eman, dene ora ana kang mangrêti.

Tumrap wong tuwane dhewe, bisane mung ngêlêm, anake pintêr anggambar, apa sing digambar mèmpêr. Yèn anggambar gunung, iya nganggo kukus barang, yèn anggambar uwong, ganêp.

Sawiji dina, ana kontrolir papriksa bumi. Ing kono tuwan kontrolir mau ngandika: Bumi kene iki prêlu digambar. Apa ing kene ora ana kang bisa anggambar.

Wong ya dhèk jaman samana, isih akèh wong kang durung mangrêti, dadi mung mênêng bae. Suwe-suwe ana wong kêdhêkas-kêdhêkês arêp matur, ya kuwi bapakne bocah kang bisa anggambar, barêng didangu tuwan kontrolir, wong mau matur: Nun, anak kula sagêd anggambar.

Tuwan kontrolir bungah, banjur dhawuh arêp nguningani gambarane. Wong mau banjur enggal-enggal mulih, ora suwe bali, anggawa gambar sagêbung, ana siji kang diaturake tuwan kontrolir.

Barêng tuwan kontrolir mriksani banjur dhawuh: Iki gambar apa.

Ature: Nun, punika gambar Andhe-andhe Lumut nalika dipun inggah-inggahi para klêting.

Tuwan kontrolir mèsêm, ngrêtos yèn wong mau kliru surup, dhawuhe: O, kang tak karêpake anggambar bumi.

Wong mau enggal-enggal ngaturake gambar liyane, [liya...]

--- 159 ---

[...ne,] karo matur: Anggambar bumi inggih sagêd, punika gambaripun rêdi Marapi, kukusipun kêlun-kêlun.

Tuwan kontrolir saya mangrêtos yèn wong mau durung mangrêti, nanging salin kagungan panggalih, yèn bocah mau pancèn duwe dhêdhasar anggambar. Bocah banjur dipundhut, disinaokake anggambar. Nganti dadi wong kang bisa anggambar têmênan.

Dadi mungguh wose, dhêdhasar iku pakolèh bangêt yèn bisa olèh wulangan kang nocogi.

Pèngêt Dhatêng Tiyang Sêpuh Supados Manah Sayêktos dhatêng Anakipun

Gambuh

Buronwangi rum-arum | rinumpaka angambar sumawur | kuwur bawur berawèng tyas sung pêpeling | linud mardawaning têmbung | têmbang gambuh murwèng batos ||

beraging tyas winuwus | karya pemut sanggyaning tumuwuh | wrêdha mudha aywa badhar ngêmudhèni | wêdharing băndha sawêgung | gadhuhaning Sang Hyang Manon ||

sayêkti ing tumuwuh | tuwas tiwas katriwal katawur | katiwasan wong tuwa kang tan marduli | marang suta wayahipun | mung angganta kang binatos ||

têkaning don kalantur | sutanira datan bangkit tumut | anartani mukti mulyaning dumadi | marma yogya pinaèlu | emuta jaman samêngko ||

wong mudha bodho blilu | lamun lumuh anggilut ing kawruh | tanpa karya lir puspita jro wanadri | nadyan adi gănda arum | tan paedah lamun katon ||

yèn wong tuwa amêsu | sutanira èstri lawan jalu | sruwa-sruwi uwis ana ingkang luwih | bisa asung urun-urun | nyumbang wragad pasinaon ||

mring rinira kang kantun | isih ngungsêt amêmasuh kalbu | ing sajroning pawiyatan ngasah budi | têmah mayar dadinipun | paedahe gotong royom.[4]

Pak Sêbul.

Tejasusastra, Gawok N.I.S.

--- 160 ---

Rukun Olèh Gawe

III. Êndhog Wukan Ngêndhêg Laku

Lakuning kretan gêmlidhig tanpa sabab, apa-apa sing kêpêthuk padha nyimpang. Jago sênêng bangêt, sadalan-dalan tansah kluruk, agawe gograging kretan, nganti sok disaru. Nanging jago ora praduli, anggêpe kaya kapitan nunggang kreta ngubêngi loji, lali yèn dhèwèke iku lagi dadi gawene si kretan.

Ora suwe lakune kretan mandhêg. Jago nakoni: Ana apa, sèh, kathik mandhêg.

Kretan mangsuli: Iki sapa malang-malang ana dalan, apa dikira aku wêdi sudukane. Êlo jêbul êndhog. E, nyingkira êndhog, kowe iku êndhok apa, aja nyêgati lakuku. Yèn tak plindhês sida rêmuk.

Êndhog mangsuli: Aku iki êndhok pitik wukan. Aku dibuwang saka patarangan, ana kene. Barêng aku wêruh kowe liwat, pancèn nêdya milu nunggang kowe. Kowe arêp mênyang ngêndi, ta.

Jago mangsuli santak: Mênêng. Apa kowe ora ngrêti, aku arêp anggolèki nyaiku, digondhol luwak. Kowe arêp milu ora ana gawene. Kana nyingkir, arêp tak anggo liwat.

Êndhog: Bok sing sabar ta, pakdhe. Yèn ngono rak malah kêbênêran, aku arêp milu anggolèki bok gêdhe.

Jago: Rupamu, kowe arêp milu anggolèki kuwi carane kapriye. Yèn ta awakmu bêcika, kêna digodhog, diênggo sarapan, marêgi. Balik êndhog wukan arêp digawe apa.

Êndhog: Kowe aja nampik kasêtyanku, pakdhe. Sapa sing wêruh yèn ing buri awakku ana gawene.

Jago: Gawemu apa, sapa bae mêsthine ngrêti, yèn bangsaning êndhog kang kaya kowe kuwi patute iya mung dibuwang. Bêgja-bêgjane yèn kalèru gawene diunèn-unèni uwong.

Êndhog: Êlo, diunèn-unèni kapriye, ta.

Jago: Kae nèh, yèn ana wong arêp nyêplok êndhog, măngka barêng dipêcah, êndhoge wukan, wah, unine wong mau mêsthi èlèk.

Êndhog: Nanging bêcik pikirên sing dawa, ta.

Jago: Kapriye kretan, thole êndhog mêmpêng anggone arêp milu.

Kretan: Yèn kirane ana gawene, êjakên, ta. Nanging kon ngati-ati.

Jago: Iya wis, kene munggaha, le. Aja nganti pêcah, mundhak ngambon-amboni.

Êndhog banjur munggah karo muni: bisêmillah, pangglindhinge mênyang kretan ngati-ati bangêt. Sawise têkan dhuwur, banjur dipapanake ana sacêdhaking sikil jago.

Jago muni: Wis, aja cêdhak-cêdhak aku, mundhak kêpidak, rada kono bae. Wis ayo kretan mangkat, kuk, kuk, kluruk.

Kretan ambacutake lakune.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


kathah. (kembali)
mêsin. (kembali)
dibalèni. (kembali)
§ mangkono iku mathuk | sanadyan wong tuwa sing kêthuthuk | nanging bocah mêsthine katut mangrêti | gulo uwong tuwa iku | aboting sanggan samono || yèn tangan liya mrucut | mung wong tuwa kang katiban luput | diarani wong tuwa ora mêmikir | saka mung pijêr kêtungkul | nguja sênêng nganti katog || saiki kowe wêruh | mula aku wajib aruh-aruh | bocah bêcik sing padha pangawak ngrêti | ing saiki wong tuwamu | ambêgane krênggos-krênggos || saka gone amburu | mikir anak aja nganti saru | maragadi kanthi rêkasaning pikir | wis ta pêngên sinaumu | aja padha nganti kêndho ||. (kembali)