Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-23, #1805

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-23, #1805 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-01-30, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-02, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-03, #1805 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-04, #1805 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-05, #1805 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-06, #1805 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-07, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-08, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-09, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-10, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-11, #1805 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1935-12, #1805. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 6, Rê Pa, 17 Sawal Wawu 1865, 23 Januari 1935, Taun X

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [81] ---

Ôngka 6, Rê Pa, 17 Sawal Wawu 1865, 23 Januari 1935, Taun X

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sèlèbês - Kasarasan tumrap Gêsang Sêsrawungan - Bab Jagong Bayi - Selon - Ingah-ingahan Ulam ing Blumbang - Bab Prof. Voronoff - Kabar Warni-warni - Wêwaosan.

Sèlèbês

1805_81
Pasabinan ing Wawakarung, pulo Sèlèbês.

--- 82 ---

Bab Kasarasan

Kasarasan Tumrap Gêsang Sêsrawungan.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 3.

Ing jaman samangke pranatan nagari sampun tumindak sae lan jampinipun sampun wontên, sanajamsanajan botên sagêd nyarasakên babarpisan, nanging ingkang sakit dipun jampèni kraos ènthèng.

Sêsakit leprah punika wontên tigang warni.

1. Leprah maculosa katingal blêntong-blêntong abrit, trêkadhang bundêr utawi botên têmtu gambaripun, asring ingkang blêntong-blêntong kêmpal lajêng dados wiyar, manawi dipun grayangi ragi mandhukul utawi anggrênjêl, langkung mandhukul tinimbang kulit ingkang saras. Limrahipun kulit ingkang blêntong-blêntong wau ragi botên kraos dipun jiwit utawi dipun cublês dom, trêkadhang kulit ingkang sakit blêntong-blêntong wau katingal pucêt tinimbang kulit ingkang saras.

2. Leprah tubêrosa, kulit ingkang sakit katingal pating prongkol abrit sêpuh utawi sawo matêng, kulitipun ingkang mrongkol ragi nglothok sawatawis, yèn sampun sawatawis wulan ingkang mrongkol dados atos. Limrahipun kulit ingkang mrongkol wau katingal ing rainipun ingkang sakit ing alis, kulit ing bathuk sami nglunthung, lambe dados kandêl, rambut alis sami ambrodholi, godhohing kuping sami abuh kandêl abrit, ingkang sakit warninipun kados singa barong (leeuwengezicht), trêkadhang mripat katrajang, tlapukanipun lajêng sami abuh abrit, ing gulu lan ing ngandhap wang thukul klanjêripun. Manawi tangan lan sukunipun ingkang sakit katingal mrongkol, ing thothok tangan tuwin sikut utawi ing garês inggih abuh abrit. Yèn lak-lakan ingkang sakit ing ngriku sagêd dados korèng, yèn ingkang mrongkol ing driji tangan lan suku utawi ing perangan badan sanès ngêmu nanah lan dados korèng, sagêd mrèmèn anggêpok balung, balungipun sagêd risak ajur, driji utawi tangan lan suku lajêng sagêd mrotholi.

3. Leprah anaesthetica, kulit ingkang sakit katingal sami mlêmbung utawi mlênthung isi toya bêning, yèn ingkang mlênthung wau sami pêcah lajêng dados korèng, utawi kulitipun dados pêthak lan klimis kilêng-kilêng, sagêd dados abrit. Sakawit dipun dêmèk kraos sakit, nanging dangu-dangu lajêng botên kraos lan warninipun dados pêthak, tangsul raos (zenuwen) ing lêngên cakêt sikut dipun grayang katawis grênjêl, gligir daging (spier) ing rai tangan lan suku mêngkêrêt tipis, lajêng balungipun katingal anggligir (kêra sangêt), driji sami mêngkêrêt mlêngkêr kadosdene tangan kithing makatên. Kulit ingkang pêthak-pêthak sagêd dados korèng, mrèmèn malêbêt anggêpok balung, balungipun sagêd risak ajur, tangan driji utawi suku sagêd pruthul.

Jampinipun sêsakit leprah punika dèrèng wontên [wo...]

--- 83 ---

[...ntên] ingkang mustajab, nanging manawi sakitipun dèrèng kasèp, dipun jampèni dhoktêr sagêd saras.

Panjaginipun sêsakit punika:

1. Tiyang ingkang sakit botên kenging kêmpal kalihan tiyang ingkang saras.

2. Tiyang ingkang sakit kêdah dipun kêmpalakên ing griya sakit ingkang mligi kangge tiyang sakit punika.

3. Tiyang ingkang sakit botên kenging lados têtêdhan utawi sanèsipun, botên kenging dados tukang cukur, tumrap èstri botên kenging dados juru umbah-umbah.

Panganggenipun utawi kacu ingkang sampun kangge tiyang sakit punika kêdah dipun godhog lan dipun tawar.

Keelonsteking (sakit gorokan).

1805_83
Griyaning têtiyang sakit leprah, ing parêdèn Margasuku, Bêngkulèn.

Punika panjaginipun ingkang saras sampun cakêt kalihan tiyang ingkang sakit, awit manawi ingkang sakit watuk mêdal rêrêgêd ingkang ngandhut wijinipun sêsakit, môngka ingkang saras kaplêtikan utawi kacipratan inggih sagêd katularan, kacu rêgêd ingkang kangge ngusapi utawi nadhahi rêrêgêd saking cangkêmipun ingkang sakit, manawi kagêpok ing tiyang saras inggih sagêd nulari.

Influenza, sêsakit punika wijinipun dèrèng kasumêrêpan dening dhoktêr, ingkang limrah nularipun sêsakit wau jalaran ingkang saras sêsrawungan kalihan ingkang sakit tuwin rêrêgêd saking cangkêmipun ingkang sakit kalêbêt ing badanipun ingkang saras.

Ing môngsa pagêblug influenza tiyang ingkang saras sanadyan botên sêsrawungan kalihan ingkang sakit, suprandene sagêd katularan, bokmanawi ing hawa ingkang kasêrot dening tiyang ingkang kangge ambêkan sampun ngandut wiji sêsakit wau, mèh sadaya tiyang sagêd katrajang dening sêsakit influenza, tandhanipun ing taun 1918-1919 sadonya waradin mèh sadaya tiyang katrajang sêsakit punika. Dados ing môngsa pagêblug, tiyang botên sagêd anjagi utawi anulak sêsakit wau.

Longontsteking, sêsakit ing paru, ingkang sakit mawi bêntèr sangêt lan watuk ngêdalakên rêrêgêd riyak lan nanah. Panjaginipun kadosdene keelontsteking.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Kudus.

--- 84 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Bab Jagong Bayi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 5.

Manawi kaothak-athik mênggah ingkang kasêbut nginggil wau pasêmonipun memba tiyang manêmbrama tuwin asung pambagyaharja tumraping jiwa ingkang nêmbe manjanma, inggih jabang bayi wau. Samantên ugi tumrap ingkang gadhah griya, sanadyan ing wêkdal punika kêpêksa ngêdalakên wragad kathah minôngka pisêgah tamu, nanging sajak botên rinaosakên, malah ing sêmu katingal bingah. Mila makatên, sabab piyambakipun mêntas nampi pasihaning Hyang Maha Agung, inggih punika gadhah anak wau akanthi wilujêng dalah biyungipun.

Ing wanci lingsir dalu, ing sasêlaning swara pangêliking juru maos, tuwin sabên-sabên sèlèhing pada agêng, kamirêngan swaraning tiyang mungêl sora sawatawis makatên: ji, ji, ... , jago, jago, ... o, kêkiwa ... Inggih punika swara gêdêring têtiyang sami main kêrtos gangsal, ingkang totohanipun botên misra, yèn cinôndra ing ngriku kados ênggèning têtiyang amangun suka, nanging ugi dados satunggaling pratôndha ing wêkdal samantên nadyan padhusunan mirah arta. Dados mênggah kawontênan wau inggih manjing pasrèning papan pajagongan ugi.

Kocap para sêpuh lênggahipun angêmpal sami sêpuh (miyambak) sawênèh wontên ingkang sadangunipun namung tansah anjingglêng ngêmatakên suraosing sêrat ingkang sawêg kawaos, memba pakartining murid ingkang pinuju winêjang dening gurunipun, babagan ngilmu sajati. Kosokwangsulipun tumrap para ingkang drêmba, wontênipun ing ngriku namung tansah ngantuk athêklak-thêkluk, labêt saking kêtuwukên têtêdhan, punika sadaya yèn rinaos malah amêwahi pantês. Têtiyang samantên kathahipun wau, satunggal-satunggalipun botên wontên ingkang anggadhahi raos sêrik, sabab anggèning tansah pêpoyokan, garap-ginarap, punika dados cihnaning guyub rukun.

Sapunika lajêng nyariyosakên ing dalu mangsanipun wilujêngan nyapêkêni kirang sadintên, ngadat ingkang gadhah griya lajêng anggiyarakên pawartos dhatêng para ingkang sami jagong, bilih benjing dalu badhe dhawahing dintên jagong ingkang pungkasan, inggih punika nyarêngi mangsanipun wilujêngan nyapêkêni, ing ngriku ngiras nêdha tulung dhatêng para mitra, supados para sadhèrèk sanèsipun ingkang wêkdal punika botên wontên dipun undhangana.

Enjingipun para tamu wau inggih lajêng awêwartos saprêlunipun, mila ing dintên punika wanci sontên lêngjalajêng kathah para èstri sami andilir dhatêng griyanipun ingkang nêmbe nglairakên kanthi ambêbêkta, wujud pasumbangan warni-warni kados ingkang sampun kaandhar ngajêng, kathah-kathahipun uwos winadhahan ing baki punapa dhulang, pambêktanipun kaindhit, katutupan ing kacu utawi suwekan mori. Lampah makatên punika saupami ing margi kêpapag pitêpangan sanèsipun ingkang dèrèng mirêng kabar, [ka...]

--- 85 ---

[...bar,] nuntên dipun kabari, mila pitêpanganipun wau ugi lajêng tumut ngêtut salampahipun, tur inggih kanthi ambêbêkta kados makatên. Sawangsulipun saking ênggèn bayèn, wêwadhah wau sampun kaisenan panganan dening tiyang ing ngriku, minôngka wangsulaning pasumbang, kawastanan: angsul-angsul. Angsul-angsul punika kathah kêdhikipun namung samurwat, watawis nyapiring, kabungkus ing godhong jati utawi godhong pisang, pambungkusipun kados caraning ambungkus brêkatan. Mila ngangge godhong jati, kajêngipun: manjinga sadhèrèk sajatos.

Sarêng ngancik ing wanci dalu, dhatêngipun para jagong langkung saking ngadat, dados saya kathah malih, labêt sampun kaundhangan sadèrèngipun, mila kawontênanipun inggih sangsaya rame. Kocapa ki juru maos, ing dalu punika rèhning dintên pungkasan, mila pamaosipun ragi dipun sêngkakakên sawatawis ngangkah enjing nyarêngi bibaran jagong sêratipun sampuna tamat. Samantên ugi ingkang gadhah griya inggih sampun nyadhiyani bêbingah tumrap piyambakipun, kadèkèk ing sacêlaking lênggahipun maos, barang awarni uwos watawis sapitrah winadhahan ing cêthing, katumpangan pisang satangkêp, sêdhah, sata, lawe, kalapa, gêndhis Jawi tuwin sapanunggilanipun, botên siwah ingkang winastan sajèn, malah trêkadhang mawi têtindhih arta f 1,- utawi langkung, punika kawastanan sandhingan, enjingipun bibaran, barang punika kabêkta mantuk minôngka pituwasipun maos ing salêbêtipun sawatawis dalu wau.

Mênggah wêdaling ambêngan tumrap wilujêngan sapêkên punika ngadat kadhawahakên ing wanci jam 12 dalu, naluri kina kacariyos angêntosi sirêp kayon lan wontên kajêngipun. Dene wujudipun awarni sêkul tumpêng kanthi kêkuluban tuwin jêjanganan pêpak, ulam ayam lan sapanunggilanipun, kathah kêdhiking ambêngan manut kathah kêdhiking tiyang ingkang badhe ngêpang.

Mila dipun sêbut jêjanganan pêpak wau, liripun botên ngêmungakên gêgodhongan ingkang eca katêdha kemawon, malah dumuginipun gêgodhongan ingkang anggadhahi raos pait ugi dipun morakên, kados ta godhong pare, katès, gêmpol, luntas sapanunggilanipun kangge gudhangan. Mênggahing kajêngipun: daya angsaripun anyawabana dhatêng ki jabang bayi. Rèhning sapunika sampun pupak pusêr, wiwita wanuh kalihan sari-sarinipun têtuwuhan wuluning bumi, supados tawar dhatêng sarap-sawan, sabab jabang bayi punika kaanggêp satunggaling jiwa ingkang nêmbe manjanma, saking ngalam kaalusan dhatêng ngalam donya, dados prêlu kêdah dipun manuhakên, inggih lêrês dèrèng sagêd nêdha, namung sagêda kasawaban saking daya alus kemawon, utawi kêtumusan saking toya sêsêpaning biyung.

Badhe kasambêtan.

Nirrasa, Tumpang-Malang.

--- 86 ---

Pawartos Sanès Praja

Selon

Pulo Selon punika tumrapipun bôngsa Jawi kêgolong sampun kêrêp mirêng, nanging pakêcapanipun santun dados: Selong. Tuwin miturut cêcariyosan kala ing jaman rumiyin, nalika pulo wau dipun kuwaosi bôngsa Walandi, nate kangge ngendhangakên para luhur Jawi, ingkang akajêng kakendhangakên dhatêng pulo Selon (Selong), wusana lajêng kacêkak namung dipun wastani: kaselong, saha salajêngipun têmbung kaselong wau dados têmbung gêsang, sanadyan wontên prayagung luhur ingkang kakendhangakên dhatêng pundi kemawon, inggih dipun wastani kaselong. Dene dumuginipun ing sapunika, ing pulo Selon wau kathah turunan bôngsa Jawi, sanadyan sipatipun Jawi sampun ical, nanging taksih ngrumaosi gadhah êrah Jawi.

Pulo Selon punika pasitènipun loh, pamêdalipun warni tèh, kapas, karèt tuwin manis jangan. Palabuhanipun nama Kolombo, dados ampiraning kapal ingkang layaran saking Eropah dhatêng tanah ngriki.

Têtiyangipun siti ingkang kathah asli saking Hindhu ngajêng, ingkang kathah piyambak dipun wastani bôngsa Singa, jalêr èstri sami ngingah rambut, malah ingkang jalêr sami gêlungan saha cundhuk sêrat plêngkung kados tiyang Surakarta nalika taksih sami ngingah rambut. Bôngsa punika kêgolong ingkang unggul piyambak, inggih punika ingkang sami dados pangagêng, nguwaosi siti punapadene griya, manggèn wontên ing papan ingkang loh. Tumrap laladan ingkang sisih lèr, dipun dunungi ing bôngsa Tamil, punika inggih dados bôngsa ingkang katingal, katiganipun dipun wastani bôngsa Wedhah, punika kêgolong bôngsa ingkang asor piyambak, kadosdene taksih tiyang wanan, inggih punika ingkang baku tiyangipun siti sayêktos, panganggenipun taksih cawêtan, panggêsanganipun ambêbêdhag mawi dêdamêl jêmparing tuwin tumbak, manggènipun wontên ing guwa-guwa utawi manggèn ing griya ingkang taksih prasaja sangêt.

Miturut cariyos gêgayutanipun kalihan ing nginggil, misuwuripun pulo Selon, jalaran ing ngriku ing kinanipun kanggenan wajanipun Sang Budha, ingkang lajêng dados pêpundhèn wontên ing nagari Kandhi. Ngantos sapriki ing sabên taun sapisan, ing Kandhi kadhatêngan têtiyang saking ngamônca ewon dhatêng candhi ingkang dipun wastani Waladhah Maligawah, inggih ing ngriku punika papan pangrimataning wajanipun Sang Budha. Kapitadosan wau botên beda kados patraping tiyang minggah kaji.

Jalaran saking misuwuring kawontênanipun ing pulo ngriku, anjalari dhatênging para nangkoda saking tanah ngamônca. Dangu-dangu, kala ing taun 1498 nagari ngriku kadhatêngan bôngsa Portêgis, saha lajêng sagêd ngêsur tumindaking para nangkoda sanès anggèning candhak-kulak wontên ing ngriku, malah salajêngipun [sa...]

--- 87 ---

[...lajêngipun] nguwaosi wontên ing ngriku, saha sarêng ing taun 1505, panguwaosipun saya agêng, lajêng sagêd gêgayutan kalihan natanipun ing nagari ngriku, sagêd damêl bandaran agêng, angsal palilah saking panjênêngan nata, makatên ugi sang nata ugi sangêt karênan mêmitran kalihan bôngsa ngamônca. Nanging dangu-dangu lajêng dados pasulayan, sang prabu kasêsêr linggar saking prajanipun dhatêng Kandhi. Bongsa Portêgis saya ngangsêg.

1805_87
Pahargyan nalika wangsulipun makutha nata ing Kandhi.

Nanging kala samantên pangangsêging bôngsa Portêgis lajêng kandhêg dening rêkaosing margi sungil tuwin wana agêng punapadene awoning hawanipun. Makatên ugi kasantosaning têtiyang ing parêdèn botên kenging dipun angsêg.

Salugunipun kala samantên tumrap bôngsa ing ngriku anggèning sêsrawungan kalihan bongsa Portêgis kathah bathinipun, amargi sagêd nyinau dhatêng kagunan warni-warni, kathah ingkang sagêd nelad, mila sarêng jumênêngipun Nata Prabu Sinha I kadugi nandhingi bôngsa Portêgis, tandangipun botên nguciwani. Saha sarêng jumênêngipun Prabu Sinha II lumawanipun saya mitadosi, satêmah bôngsa Portêgis kasêsêr, wusana wangsul namung sagêd manggèn ing Kolombo sakiwa-têngênipun. Wiwit punika tumindaking padagangan ing ngriku kanthi kasantosan, têgêsipun mawi jinagi ing dêdamêl.

--- 88 ---

Dangu-dangu dayanipun bôngsa Portêgis wontên ing ngriku saya suda, dening sabab warni-warni. Ing ngriku kasusul dhatêngipun bôngsa Walandi, inggih punika ing taun 1602, ambêkta kapal kêkalih, lajêng sagêd têpang rêmbag kalihan ratunipun ing nagari ngriku, saha lajêng nyraya murih kesahing bôngsa Portêgis saking nagari ngriku. Wusana kalampahan bôngsa Walandi sagêd unggul, saha dumugining taun 1658 nguwaosi Kolombo tuwin Yafnah.

1805_88
Hertog von Gloucester kalihan Gupêrnur ing Selon (ingkang lênggah ing têngah) nalika anjênêngi pahargyan wontên ing Selon.

Sasampuning tumindaking among dagang bôngsa Walandi tumindak sae, lajêng tuwuh sabab malih saking tindakipun nata ing Kandhi, inggih punika atindak siya dhatêng wêwakil Walandi ingkang sowan dhatêng sang nata, malah wontên ingkang dipun pêjahi punapa. Wusana kalampahan dipun lurugi, saha kalampahan sagêd ngêbroki Kandhi, sang nata kaplajêng, nanging wadya Walandi lajêng kataman pacêklik tuwin sami nandhang sakit, lajêng sami wangsul dhatêng padununganipun lami, ing ngriku nalika wontên ing margi tansah dipun ganggu damêl dening têtiyang siti.

Salajêngipun bôngsa Walandi sagêd nyêpêng padagangan ing ngriku miyambaki. Saha sarêng dhatêng golongan Kumpêni (Oost-Indische Compacnie), kawontênanipun bôngsa Walandi kaperang dados kalih, inggih punika golonganing tiyangipun Kumpêni tuwin tiyang mardika. Ing kala samantên tumindaking padagangan ing ngriku jor-joran kalihan bôngsa Inggris, wusana panguwaos ing ngriku gêntos dhawah Inggris.

Adêgipun gupêrnur Inggris kapisanan ing ngriku ing taun 1793, kala samantên ingkang jumênêng nata ing Kandhi Sri Wikamaraja Sinha, ing sakawit gêgayutan kalihan Inggris sae, nanging wusananipun inggih dados pasulayan malih, saha salajêngipun sang nata kenging kacêpêng, inggih punika ing taun 1815, lajêng kakendhangakên dhatêng Madras, ing taun 1832 sang prabu seda. Panguwaosipun Inggris [Ing...]

--- 89 ---

[...gris] têtêp wontên ing ngriku, nguwaosi kawontênanipun ing ngriku sadaya.

Dumugining taun 1934 nalika Hertog von Gloucester putra nata Inggris badhe dhatêng Ostraliyah anjênêngi adêging nagari Melbourne sampun satus taun, mampir dhatêng Selon, maringakên makuthanipun Raja Kandhi, ingkang ing kala taun 1815 kabêkta dhatêng Inggris. Nalika maringakên wangsuling makutha wau kanthi pahargyan agêng-agêngan.

Ingah-ingahan Ulam ing Blumbang

Ing dhusun-dhusun bawah kabupatèn Magêlang kathah tiyang ingkang sami ngingah ulam ing blumbang, ingkang langkung kathah tiyang ing bawah dhistrik Munthilan sarta bawah dhistrik Salam. Ulam ingkang kaingah wau inggih punika: gramèh, wadêr bang, tômbra bang, tômbra bêndha, bêkèpèk, mèlêm, badhèr sarta karpêr. Ananging ingkang kathah ingkang dipun rêmêni ngingah: 1. gramèh, 2. wadêr bang, 3. tômbra bang, awit warninipun ulam tigang warni wau angrêsêpakên. Warnining gramèh punika wontên ingkang bule pêthak, wontên ingkang blorok, dene ingkang kathah warni klawu ijêm, êndhasipun bêlang. Warninipun wadêr bang lan tômbra bang wontên ingkang jêne, wontên ingkang abrit gilap, lan ugi wontên ingkang klawu ijêm. Wujuding gramèh saèmpêr ulam kakap, bedanipun manawi gramèh yèn sampun ngumur 5-6 taun katingal wontên janggutipun, kadosdene cangkêming ulam katingal majêng manginggil. Wujudipun ulam wadêr bang saèmpêr ulam badhèr, wondene tômbra bang saèmpêr ulam bandêng, nanging tômbra bang langkung panjang.

Jaman 25 taun sapriki ulam têtiga wau (gramèh, wadêr bang, tômbra) namung kangge ingah-ingahanipun têtiyang ingkang kacêkapan kemawon kangge kalangênan, sarêng jaman 10 taun sapriki sampun tular-tumular dhatêng pundi-pundi, kathah tiyang padhusunan ingkang sami ngingah sarana anêtêsakên piyambak. Dene ingkang nêmbe dipun ngrêtosi anêtêsakên ulam wadêr bang lan tômbra bang, wontên ugi ingkang mangrêtos nêtêsakên ulam gramèh, nanging sawêg satunggal kalih kemawon.

Sadèrèngipun ngandharakên rekadayanipun nêtêsakên ulam, badhe anêrangakên bab balumbang ingkang kangge ngingah ulam rumiyin.

Balumbang ingkang kangge ngingah ulam punika ingkang kêlimrah ing padhusunan kadamêl wontên ing pakawisan, wontên ugi ingkang kadamêl wontên ing sabin, nanging taksih awis-awis, sarta pandamêlipun wau botên katandhing kathahing toya kalihan kathahing ulam ingkang dipun ingah, namung ambujêng rêmên kemawon, upami toya sakubuk (1m.³) trêkadhang dipun ingahi ulam ngantos satus, sampun tamtu kemawon lajêng kathah ingkang sami pêjah. Dene ingkang prayogi, sanadyan pandamêlipun wontên ing pakawisan, kêdah kapadosakên papan ingkang kêsorotan srêngenge, lêbêting toya sampun ngantos langkung saking ½ m. Badhe kasambêtan.

R. Suparta, Magêlang.

--- 90 ---

Rêmbagipun Sêmar lan Garèng

Bab Prof. Voronoff.

III.

Sêmar: E, bingung pikiranaku ngrasakake omongmu ing bab prawan Amerikah kang isih kinyih-kinyih anglamar wong kakèk-kakèk Turki, Nala Garèng, nèk-nèke bae, si kakèk iki: olui (sugih dhuwit) dadi sing dimelik tinggalane ing besuk. Sabab bôngsa kana kuwi lumrahe nyang dhuwit rada sênêng bangêt, akèh bae sing sanajan dikon anglakoni sêtêngah urip, anggêre duwe pangarêp-arêp bakal olèh dhuwit sasayahira, iya mêksa: olrit (bagus).

1805_90

Garèng: Wah, iki kosokbaline, ma, jarene malah si prawan mau sing sugih. Mulane mungguhing panêmuku, anggone prawan anglamar iku, iya sabab saka kapunjulane wong Turki tuwa mau. Sanajan kapunjulane awujud pinaringan lanjar umur dening ingkang Kuwasa, nanging jênêngane mau rak iya kêsuwur, ta, hla nèk banjur nglamar, apamanèh yèn banjur dadi moprone, sadhela bae jênênge rak iya banjur kasuwur ing jagad.

Sêmar: E, wong sêmbrana, apa prasasat angreklamêkake awake kuwi ane. Aku ora arêp maido, bokmanawa iya ana bênêre omongmu mau, mung bae sing kaya ngono kuwi iya ora kêna yèn banjur ditêpakake marang sadhengah uwong, apamanèh marang tuwan propesor sagarwane. Sabab tuwan Propesor Voronof iki pancèn wong pintêr têmênan, lho kuwi miturut omongane layang-layang kabar.

Garèng: Ora, ma, miturut caritane layang kabar, jarene tuwan propesor iki bôngsa Prancis, nanging nyang rêrungon têka ora cocog têmên, jarene jênêngan Prancis kuwi nganggo: E, E, tur suwarane nyang irung, kaya ta: Sewaliye, Karpênce, Prebowakranye, Lêpête utawa: Owa, Owa, ngono kae, kaya ta: Kdilowa, Lêrowa, ning dudu: kêluwak. Balik asmane tuwan propesor kiyi têka nyêbal pathokan têmên, ora: E, E, ora: owak, o ...

Sêmar: Tumrape jaman saiki prakara jênêng kuwi ora kêna kanggo pathokaning bôngsa. Mara, sapa nyana, ta, wong jênênge: Mênggala Dikrama, rak iya jênêng Jawa tulèn, jêbul-jêbul [jê...]

--- 91 ---

[...bul-jêbul] jarene: Lônda, lho, mulane kanggo jaman saiki, sing ngati-ati marang jênêngan. Mêngko Walônda: Mênir Sêtikasônta, diundang: Mas bèi, iya mêsthi bae yèn banjur mlerok dawa. Sabab saiki iki pancèn akèh wong sing mlêbu dadi bôngsa liya, nanging jênêngane lawas isih nginthil. Mêngkono uga tuwan Propesor Voronof, saka jênênge ya wis kêtara yèn dhèwèke kuwi bôngsa Rus, nanging saikine wis dadi bôngsa Prancis. Malah anggone mrasuk dadi bôngsa Prancis kuwi nalika yuswa 17 taun. Sarta wiwit yuswa samono mau iya têrus ana ing Pêrancis. Sakolahe iya têrus ana ing kono, dadine dhoktêr iya ana ing kono. Malah pirang-pirang taun lawase dadi panggêdhening dhoktêr tukang ambêdhèl ana ing rumah sakit ing kutha Paris. Saiki jarene yuswane tuwan propesor wis 60 taun.

Garèng: Wèh, hla iya wong wis 43 taun anggone ana ing Prancis, têmtune carane Rus iya wis lepyan kabèh. Apamanèh lawase nganti samono taun, oraa lali, wong bangsane dhewe kiyi sing nyang nagara Walônda mung sêpuluh taunan, jarene cara Jawane iya wis: irpol onslah babarpisan, wong rikala têkane ing tanah Jawa ditakoni nguwong: sugêng, dèn mas. Kuwi mung klecam-klècêm karo muni: wah, kan nit sêprikên-sêprikên Jawa (ora bisa omong cara Jawa).

Sêmar: Wiyah, cara Walônda anggonmu nutur kuwi ambok aja sok diwêtok-wêtokake, ngisin-isini. Ambalèni ngrêmbug Tuwan Propesor Voronof, kuwi pancèn iya wis misuwur têmênan anggone bisa ngênomake uwong. Yaiku kayadene sing wis dikandhakake ing ngarêp, sarana mindhah klanjêring kêthèk mênyang badaning manusa. Dene nyobane mangkono-mangkono mau nalika taun 1920. Sing kanggo coban-coban wong wis umur 74 taun. Wong mau luwih dhisik dibêdhèl, pambêdhèle kurang luwih 40 mênit. Jalaran saka dibêdhèl mau, wong sing wis umur 74 taun mau, jarene tandang-tanduke, kacikatane lan kaprigêlane banjur padha karo uwong sing umur-umurane kurang luwih lagi 45 taun.

Garèng: Wah, hla malah ukuman tumrape wong mau, sabab tôngga-tanggane mêsthine iya wis padha wêruh kabèh, yèn wong mau bakune wis thikluk-thikluk, kabèh-kabèh panyêbute mêsthi iya simbah. Nanging si simbah saiki rumasa kaya wong sing umur 45 taun, wong iya olèh sudan kok nganti 29 taun, têmtune rumasane iya bali kêmlancur manèh, sabanjure nuli kêpengin ... rabi manèh. Nanging anggêr niyate pêtengtang-pêtèntèng nêdya anglèncèri, sabên wong wadon pitakone: êmbah, tindak pundi, êmbah. Hara, apa ora bisa gawe kalêngêr kiyi ...

Sêmar: Wiyah, kowe mono, sing mung kalêbu ing pikiranamu kuwi ora liya mung le arêp rabi manèh. Apa ing donya kuwi ora ana kanikmatan utawa kasênêngan liya-liyane manèh kajaba rabi. Nèk aku wis rumasa nikmat lan mupangat yèn sabên dinane bisa tanpa gothang anggonku nyêmbah marang Ingkang Kuwasa.

--- 92 ---

Garèng: Wah, mula iya mathuk bangêt pangandikamu kuwi, ma, mula iya kudu mangkono kuwi pangandikane priyayi sing wis ... jêmpo. Nanging tumrape wong sing kaya aku kiyi, isih ngarah bangêt mênyang ganjaran lan bokbanawa iya saka gêdhening wêlasanaku. Yèn ana wong wadon sing durung omah-omah, kuwi atiku mung banjur wêlas thok bae, upama bisa anyêmbadani mono, kabèh-kabèh arêp tak tulung, yaiku sarana tak borong tak jaki mênyang mas pêngulu kabihan.

Sêmar: E, omongane wong edan ane. Wis, wis, ana kok banjur talencengan mêngkono rêmbugane. Saiki padha ambanjurake rêmbuge ing bab Tuwan Propesor Voronof mau. Miturut ujare layang kabar, anggone tuwan propesor bêsiyar mrene kiyi, jarene arêp ambanjurake panitipriksane ing bab umuring manusa. Sabên nagara sing ditêkani, kuwi wong-wonge bumi padha dititipriksa umur-umurane. Kaya ta nalika ana ing Sêtambul, wong Turki tuwa sing kok kandhakake mau, yaiku: Saroaga, iya dititipriksa umur-umurane. Paniti priksane tuwan propesor mau sarana migunakake sorot X iya iku sawijining piranti kang kanggo nêmtokake umur sarana tindak anitik kaanane balung-balung badan. Sarana tindak kang mangkono mau, Tuwan Propesor Voronof bisa angyakinake, yèn umure Saroaga iku luwih saka 120 taun.

Garèng: Wèh, kok iya undhig dhing. Ma, kiraku wong sing anduwèni kapintêran sing kaya mangkono kuwi, disingkiri dening para wanita. Sabab kuwatir, yèn umure banjur kêpêthèk, jalaran lumrahe, wong wadon kuwi sok dhêmên nguriki umur. Wong gênah mênangi anjêbluge gunung Krakatao, jarene: sawêg rêdi Kêlut anjêblug ingkang kapisanan ing taun 1901, kula taksih gombak.

Sêmar: Wiyah, iya rada gêgêdhèn kuwi anggone nguriki umur. Nanging sanyatane mungguh bôngsa Jawa, umume ora sêngaja nêdya ngunthêt umure, nanging sanyatane sabab saka ora sumurupe. Seje karo wanita bôngsa kulonan, hla, kiyi cêtha le sok kêpengin diarani ênom ajêgan. Wong aku duwe tôngga nyonyah Lônda, lho kuwi aku ora tau wêruh anggone lumaku barêng sing lanang, nanging sabên palêsir-palêsir iya karo anake lanang, bokmanawa mèn aja diarani wis tuwa. Mula iya nyata, nèk kabênêr lumaku karo anake lanang, didêlêng saka kadohan pancèn iya katon isih sêngklik-sêngklik têmênan, nanging yèn cêdhak wah, iya mung kèri ... ngumbah.

Garèng: Ewasamono, ma, kèriya ngumbah kae, jênênge rak iya: nyonyah, dadi mêsthine iya moblèng-moblongmoblong-moblong ...

Sêmar: Wiyah, kok rupa-rupa mangkono, wis wis rêmbugane padha dilèrèni samene dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

--- 93 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

TANAH NGRIKI.

Loterij enggal pajêng. Loterij enggal ingkang sawêg kasade ing wulan punika katingal majêng, mangka kakintên badhe kêndho amargi nyêlaki ari-adi tuwin taun baru Walandi. Nanging nyatanipun, sarêng wiwit kasade, loterij ingkang hoofdprijs f 50.000.-, (loterij pêthak) sakêdhap kemawon têlas. Dados sapunika ingkang taksih namung kantun ingkang abrit, hoofdprijs f 100.000.-.

1805_93

Rêdi Mêrapi krodha. Wontên pawartos, kawontênanipun rêdi Mêrapi sakalangkung nguwatosakên, kala tanggal 17 wulan punika ngêdalakên kukus kêmoran latu ngantos 16 rambahan. Wêdaling kukus wau ngantos sagêd damêl jugruging jurang Senoworo sacêlakipun pajagèn ing Babadan. Ingriku wontên jawah êndhut tuwin blêdhosan hawa, jurang Senoworo lajêng ngêdalakên lahar mawa latu, andadosakên risaking têmbing kawah ingkang sisih lèr.

Gambar nginggil punika, rêdi Mêrapi nalika ngêdalakên kukus lan awu, dipun tingali saking Babadan.

Pabrik Nitisêmita. Wiwit kala wulan November kêpêngkêr, pabrik sês krètèk Nitisêmita ing Kudus katutup dening Regenschapsraad, amargi kaanggêp kirang panjagining kasarasanipun ingkang sami nyambut damêl, dene ingkang nyambut damêl ingriku kirang langkung wontên tiyang 8000. Ing sapunika Tuwan Nitisêmita wiwit damêl pabrik piyambak manggèn ing dhusun Tanjung, griyanipun agêng sangêt. Pandamêling griya wau dipun pasrahakên dhatêng bouwaannemerij Activa, ingkang dipun pangajêngi dening Ir. Soemana, ing Sêmarang.

Procureur-Generaal dhatêng Bandhung. Tuwan Vonk, Procureur-Generaal ing Bêtawi tindak dhatêng Bandhung, pêrlu badhe nyatakakên ing bab orêg-orêganipun têtiyang siti ing pintên-pintên panggenan babagan suntikan pest.

Angsal-angsalanipun tram. Angsal-angsalanipun sêpur utawi tram ing wulan November kêpêngkêr, Sêmarang-Cheribon Stoomtram Mij. wontên f 153.000.-, dene angsal-angsalan ing wulan makatên taun 1933 f 161.000.-. Sêmarang-Joana Stoomtram Mij. f 114.000.-, November 1933 f 149.000.-. Oost Java Stoomtram Mij. f 44.000.-, pêndhakipun f 52.000.-. Sarayudal Stoomtram Mij. f 35.000.-, pêndhakipun f 37.000.-.

Kapal Jêpan kangge Borneo. Ing pabrik kapal kajêng ing Ominato, Jêpan, adamêl kapal kajêng agêngipun 58 ton, kanamakakên Hinomaru Maru, saha sampun kaandhapan ing toya. Pandamêling kapal wau awit saking pakènipun Ushimatsu Nagao ing Shiraham. Kapal wau badhe kangge lampah layaran ingkang namung punggawa 5, lajêng badhe têrus dhatêng Balikpapan kangge ngêwrat kajêng.

Bangsa Tionghoa dipun cêpêngi. Veldpolitie ing Kisaran Sumatra pasisir wetan, mêntas anggledhah tuwin nyêpêngi bangsa Tionghoa ing pakampungan ingkang sami botên anggadhahi sêrat palilah, sadaya wontên tiyang satus. Sadaya wau lajêng kasêrêg ing prakawis, sami kaukum, kaanggêp tiyang pêtêng. Dene ingkang gadhah arta, lajêng sami tumbas sêrat palilah.

Landgerecht ing Bêtawi. Dumugining wêkasan taun 1934 wontênipun prakawis langkung kathah tinimbang ing taun 1933. Ing taun 1933 wontên 29.047 prakawis, dene ing taun 1934 wontên 29.626. Indhaking sêrêgan wau jalaran saking wontêning tatanan lampah ing margi agêng.

Badhe dhatêng Shanghai. Wontên pawartos, benjing wulan Maart ngajêng punika, Directeur Economische Zaken badhe verlof dhatêng Hongkong tuwin Shanghai, laminipun sawulan.

Nyingkiri pajêg gêndhis. Ing Jawi Wetan wontên bangsa Tionghoa tumbas kêbon rosan pintên-pintên ha. Bangsa Tionghoa wau gadhah rekadaya, sarêhning tumrap tiyang siti manawi damêl gêndhis piyambak botên kakengingakên beya, pandamêling gêndhis wau lajêng kapasrahakên dhatêng tiyang siti, tamtu kemawon kanthi prajanjian. Dangu-dangu bab punika kasumêrêpan dening ingkang wajib, nanging bangsa Tionghoa cariyos bilih bab punika tuwuh saking kajêngipun tiyang siti piyambak. Tamtu kemawon botên dipun pitados. Kajawi punika ing Tumpang ugi wontên lêlampahan kados makatên.

Lulus examen ing pamulangan luhur. R. Kahar Atmosoedjono, lulus doctoraal examen bagean kalih ing pamulangan luhur doktêr. R. Isa Soetadilaga, lulus doctoraal examen bagean 2 ing pamulangan luhur pangadilan, sami ing Bêtawi.

Residhèn enggal. Tuwan K.J.A. Orie, katêtêpakên dados residhèn ing Sêmarang, tuwin Tuwan Ch. A. van Romondt katêtêpakên dados rêsidhèn ing Besuki. Kalih pisan sami asistèn residhèn ing Jawi Wetan.

Wontên propaganda communist malih. Wontên pawartos, ing Singapura wontên golongan communist nama Mohammad Sikerar kesah saking Singapura dhatêng tanah ngriki. Sarêng dipun padosi pulisi sagêd kêcêpêng wontên Surabaya, saha ingriku kasumêrêpan agêgayutan sêsêratan kalihan Moefandi tuwin Kartopandojo, asli wangsulan saking Digul, manggèn ing kampung Kabangan, Surakarta. Wusana Moefandi wau pinanggih sawêg anggêlar wulangan communist wontên griyanipun Kartopandojo, pamulangipun ngangge basa Inggris. Salajêngipun dados papriksan pulisi.

--- 94 ---

Nyade kewan tilaranipun Tuwan Beretty. Miturut pawartos, kewan-kewan têtilaran Tuwan D. W. Beretty ingkang wontên ing Villa Isola, margi Lembang-Bandhung badhe kasade, amargi waragadipun kathah. Kewan-kewan wau awarni kapal-kapal tumpakan, mênjangan, banyak cêmêng tuwin pêksi mancawarni.

Wangsul saking Digul. Mêntas wontên kapal saking Tanah Merah labuh ing Surabaya ambêkta tiyang 150 asli wangsulan saking tanah pambucalan ing Digul. Sadumugining Surabaya sami kalajêngakên dhatêng Bêtawi.

Qur-an basa Walandi mawi Tafsir. Kawartosakên, Qur-an Suci basa Walandi mawi Tafsir, tatananipun Maulana Muhammad Ali, panggarapipun dumugi sapunika sawêg angsal 20 jus, dados mlèsèd saking pangintên badhe rampung wontên wêkasaning taun 1934. Dene sababipun, ingkang kêjibah anggarap kêpambêng sakit. Kajawi punika kathah padamêlan-padamêlan ingkang damêl rêndhêt. Qur-an wau dalah bêbukanipun, rumiyin kakintên namung 1000 kaca, wusana kintên-kintên wontên 1300 kaca, ewadene rêginipun botên kaindhakakên, têtêp ingkang samak tipis f 16,-, ingkang samak wacucal kandêl f 19.50. Wiwit sapunika sampun sagêd mêling sarana nicil utawi kabayar kropyok.

Angsal-angsalanipun S.S. Angsal-angsalanipun S.S ing tanah Jawi ing wulan December 1934, tumrap tiyang numpak f 643.059.-, bagage f 18.000.-, bestelgoed f 82.000.-, barang-barang f 2.148.440,- sadaya gunggung f 2.148.440.-. Dene angsal-angsalan salêbêtipun taun 1934 wontên f 25.507.642.-. Manawi dipun timbang kalihan kala taun 1933 suda f 3.792.677.19.

Têtiyang ingkang gadhah radhio dèrèng angsal palilah. Ingkang wajib ing Bêtawi wiwit niti priksa ing bab wontênipun têtiyang ingkang gadhah radhio dèrèng angsal palilah, kintên-kintên wontên 30% tinimbang ingkang sampun têrang. Sadaya ingkang taksih pêtêng wau tamtu badhe nêmahi kirang sakeca. Ewasamantên pakaryan pos taksih marimirma, cêkap supados tumuntêna nêdha palilah kemawon, ing salêbêtipun wulan Januari punika.

Wontênipun tiyang ingkang pêjah sakit pest. Wiwit tanggal 10 November dumugi tanggal 1 December 1934, wontênipun têtiyang ingkang tiwas jalaran sakit pest ing tanah ngriki sadaya 1885.

Zegel dagang palsu. Ing bab wontênipun zegel dagang palsu, punika taksih lajêng dados papriksan, madosi sintên ingkang gadhah tindak makatên wau. Gunggunging kapitunan Nagari babagan punika wontên f 70.000.-.

ASIA.

Bangsa Jêpan pindhah dhatêng Mansyurie. Parentah Jêpan nyadhiyani arta 20 yuta Yen, pêrlu kangge mragadi pindhahipun bangsa Jêpan saking Jêpan dhatêng Mansyurie, cacah 50.000 minggahipun dumugi 100.000 jiwa. Makatên ugi bangsa Korea ugi kaangkah pindhah dhatêng Mansyurie. Wontên pasitèn ing laladan Mukden 1.000.000 bau dipun garap dening bangsa Jêpan.

Malaria ing Ceylon. Tuwuhing sêsakit malaria ing Ceylon saya anggêgirisi, tiyang ingkang katrajang ewon, têtiyang wau sami dhatêng ing griya sakit nêdha pitulungan, nanging ing griya-griya sakit sampun pêpêt botên wontên panggenan. Wontênipun têtiyang sakit ingkang anggêgirisi wau anjalari tuwuhing kêkirangan têdha. Pasabinan sami kapiran. Dr. Mendis ing Padukka ing salêbêtipun wontên sêsakit wau atêtulung, wusana anêmahi tiwas jalaran katrajang malaria ing utêk.

NAGARI WALANDI.

1805_94

Wadya pajagèn Walandi pangkat dhatêng laladan Saar. Kados ingkang sampun sumêbar pawartosipun nagari-nagari ingkang sami ambiyantu anjagi tatatêntrêm wêkdal nalika ngawontênakên pilihan laladan Saar, ing nginggil punika gambaripun wadya pajagèn Walandi nalika badhe pangkat numpak auto, ingkang dipun pangêjêngipangajêngi dening litnan L.W. Haberkorn, nuju tata-tata bêbêktanipun.

--- 94 ---

Wêwaosan

Tarsan Wanara Seta.

Pêpiridan saking buku karanganipun Tuwan Edgar Rice Burroughs.

69

Nonah Portêr lajêng mapan lênggah saha wicantên: Sajatosipun kula namung badhe matur kalihan bapak bilih pun Tobi benjing-enjing badhe wangsul mriki prêlu badhe ngêpaki buku-bukunipun. Panuwun kula, mugi panjênêngan krêsaa andhawuhi dhatêng Tobi buku pundi ingkang badhe panjênêngan asta. Nanging panyuwun kula bukunipun mugi sampun kabêkta sadaya dhatêng Wiskonsin.

Tuwan propesor: Apa Tobi saiki ana ing kene.

Nonah Portêr: Kula mêntas saking panggenaning piyambakipun. Samangke piyambakipun kalihan Esmêraldhah sawêg sami wontên ing griya wingking nyariyosakên punapa ingkang sami dipun alami.

Tuwan propesor: Wah, aku kudu rêmbugan sadhela karo Tobi, kowe nêmonana Tuwan Kènlêr ana ing kene dhisik. Tuwan Kènlêr, kula nyuwun palilah badhe prêlu sakêdhap, salajêngipun tuwan propesor lajêng rikat-rikat mêdal saking ngriku.

Sarêng tuwan propesor wau sampun kesah, Tuwan Kènlêr lajêng wicantên dhatêng Nonah Jinê makatên: Nonah Jinê, kula kêdah ngêntosi ngantos benjing punika, sadèrèngipun panjênêngan bidhal dhatêng Wiskonsin, prakawis kula kalihan panjênêngan kêdah dipun rêsikakên rumiyin. Panjênêngan piyambak kados priksa, bilih ingkang rama ngrêsakakên sangêt bilih panjênêngan dhaup kalihan kula.

Nonah Jinê Portêr mangsuli alon: Kula inggih sumêrêp, bilih krêsanipun bapak supados kula dhaup kalihan panjênêngan. Nanging punapa panjênêngan mangrêtos, manawi panjênêngan punika sajatosipun numbas kula, tur panumbasipun namung mawi sawatawis dholar. Sampun têmtu yèn panjênêngan mangrêtos lan kanthi pangajêng-ajêng manawi krêsa panjênêngan wau badhe sagêd kalêksanan, panjênêngan lajêng nyambuti arta dhatêng bapak minôngka kangge waragadipun ngupadosi barang ingkang mokal punika. Ananging saupami lajêng botên wontên kadadosan ingkang anèh, têmtu lampahipun bapak wau badhe angsal damêl, nanging tumrap panjênêngan têmtu badhe damêl gêla, Tuwan Kènlêr. Panjênêngan têmtu botên kagungan pangintên, bilih badhe angsal damêl. Panjênêngan punika satunggiling tiyang dagang ingkang pintêr, têmtunipun botên badhe kalampahan anyambuti arta minôngka kangge waragad ngupadosi donya brana ingkang botên kantênan, yèn botên wontên têtanggêlanipun ingkang anyêkapi. Kajawi manawi panjênêngan kagungan krêsa ingkang wigatos. Panjênêngan nguningani, bilih darah Portêr punika anggadhahi manah prawira, dados sanadyan tanpa têtanggêlan arta panjênêngan wau têmtu botên badhe ical. Inggih sarana nyambuti arta wau, ing têmbe panjênêngan lajêng sagêd mêksa dhatêng kula supados kula dados garwa panjênêngan. Panjênêngan botên nate ngandikakakên ing bab sambutanipun bapak dhatêng panjênêngan. Saupami tiyang sanès ingkang gadhah tindak makatên wau, têmtu kula lajêng gadhah gagasan bilih punika saking saening manahipun. Nanging mênggahing panjênêngan Tuwan Kènlêr, kula kêpêksa kêdah amastani: tindak julig. Panjênêngan ngintên, bilih kula botên mangrêtos dhatêng watak panjênêngan, punika kalintu, Tuwan Kènlêr. Kula sumêrêp sayêktos mênggahing lêbêtan panjênêngan. Manawi sampun botên wontên marginipun sanès, mênggah ingkang dados krêsanipun bapak wau, inggih badhe kula dhèrèk, inggih punika dhaup kalihan panjênêngan. Nanging sadèrèng-dèrèngipun panjênêngan kêdah nguninganana, kadospundi ingkang dados pamanahan kula.

Salêbêtipun Nonah Portêr cariyos makatên wau, rainipun Tuwan Kènlêr sakêdhap abrit, sakêdhap malih katingal pucêt. Sarêng nonah wau rampung anggènipun cariyos, Tuwan Kènlêr lajêng ngadêg saking palinggihanipun saha lajêng wicantên kalihan mèsêm sajak ngerang-erang makatên:

Kula gumun sangêt ngraosakên sampeyan Nonah Portêr. Pangintên kula, sampeyan punika sagêd ngêngkên punapa ingkang sampeyan batos, makatên ugi pangintên kula, sampeyan punika satunggiling wanita ingkang prawira, punapa ingkang sampeyan cariyosakên wau mila inggih lêrês sadaya. Sampeyan pancèn kula tumbas lan kula inggih mangrêtos yèn sampeyan ugi sumêrêp. Nanging pangintên kula, bilih sampeyan badhe rewa-rewa botên mangrêtos, kula ngintên, jalaran kabêkta saking kaprawiran sampeyan, sampeyan botên badhe ngakêni yèn kula tumbas. Nanging bab punika kula botên badhe mrêduli, ingkang kula anggêp prêlu, janji kula sagêd angsal sampeyan sampun cêkap.

Tanpa mangsuli sakêcap, Nonah Jinê mlengos saha mêdal saking papan ngriku.

Sêdyanipun Nonah Jinê kêncêng botên badhe dhaup rumiyin sadèrèngipun piyambakipun têtirah wontên ing griyanipun ing Wiskonsin kalihan bapakipun tuwin Esmêraldhah rumiyin. Ing wusana sarêng Nonah Jinê pamit dhatêng Tuwan Kènlêr nêdya badhe pangkat, salajêngipun Tuwan Kènlêr wau lajêng cariyos bilih kalih minggu malih nêdya badhe nusul.

--- 96 ---

Dumuginipun papan ingkang dipun jujug, Nonah Portêr dipun pêthuk dening Tuwan Kleton tuwin Tuwan Pilandhêr. Lampahipun numpak motor urut wana nuju mangalèr. Botên watawis dangu lajêng dumugi ing griyanipun ingkang sampun lami Nonah Portêr botên nate nuwèni.

Mênggah griyanipun wau wontên sanginggiling gumuk, ing salêbêtipun tigang minggu prasasat lajêng malih wujudipun, dening pangruktinipun Tuwan Kleton tuwin Pilandhêr.

Tuwan Kleton kala dhatêngipun mriku ambêkta undhagi pintên-pintên, tukang cèt lan sasaminipun. Griya ingkang suwaunipun prasasat kantun rêbahipun kemawon, ing wusana dening panggarapipun tukang-tukang wau lajêng dados griya ingkang nyênêngakên sangêt, kanthi pirantos-pirantos ingkang sae-sae saha cèkli.

Nyumêrêpi kawontênan ingkang makatên punika, bingahipun Nonah Portêr tanpa upami, nanging sarêng mangrêtos bilih waragadipun têmtu botên sakêdhik, salajêngipun nuntên thêngêr-thêngêr, saha lajêng wicantên: Kadospundi, Tuwan Kleton dene ngantos samantên anggèn panjênêngan dandos-dandos griya punika.

Tuwan Kleton wicantên kanthi ngemutakên makatên: Nonah Portêr, mugi ingkang rama sampun ngantos mangrêtos ing bab punika, manawi panjênêngan botên matur, têmtunipun ingkang rama ugi botên badhe uninga. Sayêktosipun, kula botên rila sangêt, manawi ingkang rama ngantos dêdalêm wontên ing griya ingkang risak lan bobrok, kadosdene nalikanipun kula kalihan Tuwan Pilandhêr dumugi ing ngriki.

Kanthi sêmu kuwatos Nonah Portêt wicantên: Nanging panjênêngan rak inggih priksa, bilih bapak tuwin kula botên badhe sagêd mangsulakên arta ingkang kangge wragad sadaya punika. Mênggah krêsa panjênêngan kadospundi, dene panjênêngan paring pitulungan ingkang samantên kathahipun punika.

Tuwan Kleton wicantên sêmu susah: Panjênêngan sampun ngandika makatên. Saupami panjênêngan piyambak ingkang andalêmi griya punika, botên badhe kula dandosi ngantos samantên, awit kula sumêrêp bilih ingkang makatên punika têmtu botên andadosakên rênaning panggalih panjênêngan, nanging kula botên wêntala sangêt saupami ingkang rama ngantos dêdalêm wontên ing griya bobrok. Punapa panjênêngan botên pitados, bilih kula namung kêpengin andamêl lêganing panggalihanipun ingkang rama.

Nonah Portêr wicantên: Inggih, kula pitados jalaran kula sumêrêp bilih panjênêngan punika pancèn sae ing panggalih saha wêlas dhatêng bapak kula. Dhuh, tuwan ambok inggih kula pinaringana sagêd malês dhatêng kasaenan panjênêngan sadaya punika. Sabab kula rumaos sampun nyambut kautamèn ingkang kathah sangêt.

Tuwan Kleton pitakèn: Punapa ingkang dados pakèwêd panjênêngan anggèning badhe malês dhatêng kula punika. Panjênêngan kados sampun mangrêtos mênggah krêntêging manah kula dhatêng panjênêngan. Dados saupami panjênêngan krêsa dhaup kalihan kula, kados sampun botên wontên ingkang prêlu panjênêngan panggalih malih.

Nonah Portêr amangsuli: Inggih ingkang makatên punika ingkang dados pambêngan kula, jalaran manah kula punika sampun dhawah trêsna dhatêng tiyang sanès.

Tuwan Kleton: Punapa dhatêng Tuwan Kènlêr.

Nonah Portêr: Botên.

Tuwan Kleton: Manawi panjênêngan botên trêsna dhatêng Tuwan Kènlêr, punapaa panjenêngan badhe dhaup kalihan piyambakipun. Piyambakipun piyambak cariyos dhatêng kula sadèrèngipun kula pangkat saking Baltimor.

Mirêng wicantênipun Tuwan Kleton ingkang makatên punika, raosing manahipun Nonah Portêr kadosdene dipun rêmêt-rêmêt. Salajêngipun namung wicantên makatên: Dhatêng piyambakipun kula botên trêsna babarpisan.

Tuwan Kleton: Anggèn panjênêngan krêsa punika punapa sabab gêgayutan kalihan arta.

Nonah Portêr manthuk.

Tuwan Kleton: Manawi arta ingkang andadosakên jalaran, punapaa ingkang dipun pilih Kènlêr. Punapa kula kawon kalihan piyambakipun. Panjênêngan piyambak priksa, bilih kathahing bôndha kula punika prasasat kenging dipun wastani tanpa sagêd têlas.

Nonah Portêr: Kula inggih mangrêtos mênggah kasugihan panjênêngan. Nanging kula botên anggadhahi raos trêsna dhatêng panjênêngan, ngêmungakên anggadhahi raos angaji-aji tuwin bêkti. Manawi ngantos samantên asoring manah kula ngantos nyade badan kula dhatêng tiyang jalêr kados panjênêngan punika, langkung sae kula dhaup kalihan tiyang jalêr, ingkang ing batos lugunipun kula sêngit sangêt kadosdene Kènlêr punika. Manawi ngantos kalampahan kula dipun dhaupakên kalihan tiyang jalêr, ingkang kula botên anggadhahi raos trêsna, ing têmbe botên kenging botên sêngit kula dhatêng tiyang jalêr wau têmtu tanpa upami. Tumrapipun panjênêngan kados langkung sae, saupami salami-laminipun kula tansah angaji-aji, katimbang kula anggadhahi raos sêngit wau.

Tuwan Kleton botên anglajêngakên rêmbagipun, nanging sarêng lêt saminggu Tuwan Kènlêr numpak motoripun dhatêng ing ngriku, sêngitipun Tuwan Kleton, lod ing Grèstuk dhatêng Kènlêr, tanpa wontên pandhinganipun.

Salêbêtipun Tuwan Kènlêr wontên ing griyanipun Nonah Portêr ing Wiskonsin, piyambakipun tansah ngarih-arih supados piyambakipun tumuntêna kadhaupakên kalihan Nonah Jinê.

Sarêng Tuwan Kleton mirêng ing bab ing nginggil wau, ing sakawit badhe tumuntên kesah saking ngriku, nanging sarêng sumêrêp Nonah Portêr ing sêmu saklangkung prihatos, lajêng sande saha lêstantun wontên ing ngriku. Awit Tuwan Kleton rumaos botên mêntala nilar nonah wau.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]