Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 35, Stu Lê, 20 Sapar Ehe 1868, 1 Mèi 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [529] ---

Ăngka 35, Stu Lê, 20 Sapar Ehe 1868, 1 Mèi 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Piwulang Kina Kasambêtan lan Larasipun Jaman Sapunika - Punapa Pikajêngipun Adan - Cariyos Sugêngipun Professor Dr. Lord Lister - Têtiyang Dhayak saha Tatacaranipun - Kawontênan ing Inggris - Bab Padpindêr - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah

Pangungsêt

Osik

Mênggah kajênging osik, punika kados dhumêdhêring wiji ingkang tuwuhipun lajêng ngămbra-ămbra. Tumraping osik wontên ingkang awon wontên ingkang sae, nanging wontên ingkang ngugêmi bilih ingkang nama osik punika namung ingkang lèrèg dhatêng sae, dene ingkang nama osik awon, dipun anggêp sanès osik. Nanging manawi dipun pêndhêt kajêmbaranipun, awon sae punika tuwuh saking badanipun piyambak, tuwin sarèhning makatên, dados tumraping tiyang botên sagêd anyelaki, namung bab kajêng tuwin sèlèhipun kêdah kapriksa wontên parêpataning pangadilan batos.

Manawi ngèngêti dhatêng pêpindhaning pangadilan, mênggahing jangkêpipun, tamtu wontên ingkang dados durjana, wontên ingkang dados saksi, dados jaksa tuwin wontên ingkang dados pangarsanipun. Dene jangkêping kawontênan ingkang kados makatên punika, nama sampun madêg parêpatanipun.

Cara pêpindhaning parêpatan, upaminipun wontên osik awon, nêdya badhe miawon tiyang, osik wau pêpindhaning durjananipun. Ing ngriku lajêng wontên sêksi nêtêpakên awoning osik wau. Sarèhning pêpindhanipun sampun wontên pangadilan, jaksa lajêng nindakakên papriksan, ing ngriku lajêng wontên tindak titining papriksan, wêkasan pangarsa lajêng andhawahakên karampungan, luwar utawi kokum.

Kajênging luwar, punika têgês mênang durjananipun, piawon saèstu tumindak, dene kokum, akajêng sêdya awon wau sande.

Andharan kados makatên wau sayêktosipun namung pangothak-athik, ingkang sèlèhipun namung badhe damêl ngămbra-ămbraning osik. Awit mênggahing pangoyak, manawi wontên osik sae, punapa wontên pangadilanipun.

Pangoyak wau manawi dipun êmbèki, inggih lajêng cêkap dipun wastani sampun luwar saking prakawis, nanging manawi dipun ungsêt, caraning pangadilan makatên, osik sae wau inggih taksih nama prakawis, namung sarèhning pangadilaning osik awon wau saupami pêpindhaning pangadilan namung landrad, tamtunipun botên anggadhahi wêwênang ngrampungi prakawis ingkang samantên agêngipun (osik sae), kêdah kainggahakên ing yustisi. Tamtunipun pangadilan yustisi wau sampun botên kêkilapan, sagêd andhawahi karampungan, kokum utawi luwar. Ensoporêt.

Samantên ngămbra-ambraning pangothak-athik osik.

Cêkruktruna.

--- 530 ---

Raos Jawi

Piwulang kina kasambêtan lan larasipun kalihan jaman sapunika.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 16.

[Sinom]

Duk kunane pramitranya | ingkang padha anyipati | jinurunge sang atapa | lêluhur ingwang linuwih | gumêlar kadya nginggil | kèh kang samya amêguru | mêrlokkên nyuwun bêrkah | supangate laku juti | sapa wonge datan kèpi kang mangkana ||

sanadyana ingsun uga | kapengin tanpa upami | mring lêluhur ngèmpêrana | endah sênênge ing kapti | akèh kang anyuyuti | ajrih asih sakêlangkung | yèku jatining umat | lamun dahat eling Widhi | bêtah tapa kêkasihing Hyang Minulya ||

anak putu angrungokna | sadhengah kang anglakoni | antuk ganjaraning Allah | saya manèh trahe kaki | darahe turun nguni | kacarita kasbut dhuwur | yèn arsa nglakonana | gya katêkan nuli-nuli | kang ginayuh samubarang tinurutan ||

aja padha salah tămpa | rêrasakna lan pinikir | lir turune pra panêgar | lamun nunggang ing turanggi | adate kèh kang wasis | angrèh jaranira nurut | turune ngrèh turăngga | kalêgan ingkang ningali | ana uga ingkang kêna kanggo pindha ||

pêpadhane turunira | anak putuning sêrati | lamun angopèni liman | mêsthi bisa bêcik-bêcik | gajahe tur nèh ajrih | tan binlêdig ing balêdug | kaanggo prêmainan | dèn ajari lir kêmidhi | bisa nurut lan tinurut karêping tyas ||

padha uga kang kalumrah | para ahli găngsa kang wis | yèn wis turune niyaga | măngka ngudi maring gêndhing | amêsthi bisa gêlis | nulya ngrêti enggal baut | bangsane pra pradăngga | darah rohe ing pangrawit | pêpadhane sira turuning awirya ||

têtêpe ywa mlèncèng marga | anuruta aja nlisir | ing sarèhning sira padha | turuning atapa yêkti | lamun tan tapa mêsthi | mung sathithik bêgjanipun | siji tan gêlêm nulad | lêluhurira ing nguni | kang wus têrang darahira padha mulya ||

lan lorone nora mriksa | sabênêre ing ngaurip | kudu nganggo rong prakara | yèku lair lawan batin | laire dunya iki | batin eling ing Hyang Agung | elinge nganggo tapa | sagadug-gaduging ati | bisa slamêt lawan gampang kang sinêdya ||

aja kagèt mring wong kuna | lakune kaluwih-luwih | ingkang prêlu ăngka juga | kasampurnan kang sajati | dening wayahing lalis | mung gumantung ing Hyang Agung | sawisa[1] wus sampurna | kapundhut sawanci-wanci | dwi kadunyan mung kasambi karo mlampah ||

ênggonira kuwat tapa | kasusuwun ing Hyang Widhi | ing laire mung tinêksa | ngulinakkên sing sathithik | tan beda anyèlèngi | sing sathithik dadya nglumpuk | apaa yèn kulina | mêsthi bisa dadi luwih | kêrêp linggih suwe-suwe bêtah lênggah ||

yèn kulina kêrêp dhahar | dèn undhaki sing sathithik | suwe-suwe bisa drêmba | wus mangkono wong ngaurip | dèn ajar anyênyirik | nyuda mangan nyuda turu | manawa wus kulina | bêtah mêlèk bêtah ngêlih | têmên-têmên kabèh mau tinêmênan ||

klakon rêrasakna dadya | mantêp amrih gawe bêcik | têkan dènnya nyuwun mulya | nganggêp [ngang...]

--- 531 ---

[...gêp] mastani linuwih | katêkdir miradati | srêg bêgja sihing Hyang Agung | watakku ngampêt hawa | trang napsune nora mosik | jro asma wus nambadani kang sinêdya ||

Asmaradana.

Wus kasmaran marang wêning | alêsane golèk tilas | ngangkah rancag cècèg cocog | atinira para kuna | amêlêng mulang suta | daya-dayane rahayu | mula nulat kang utama ||

dhêmên nendra nora bêcik | dahat kêsèt tan tumănja | siningkiran drajat gêdhe/ gênti ingkang dhêmên mangan | aduwe watak ala | kênthêling tyas bangêt kêthul | kêthaha tan bisa pêthal ||

adate kang kurang guling | golong ayêm jroning wrana | lamun thênguk-thênguk ijèn | kasêmbadan ing sakarsa | kang warêg marang pangan | sinuda sihing Hyang Agung | langkung susah lênging driya ||

lamun kirang mangan manggih | lah daulatipun kathah | lakunira amrih kawong | duka antuk gung sungkawa | wong suka antuk duka | wus kodrate para makluk | kacêklekan yèn alena ||

trange lamun anglakoni | mung sadina wus ginanjar | tikêl akèh uwis maton | tikêl luwih ping sadasa | nyênyuda lawan nrima | tan nglèmprèh prihatin tutug | tinurutan ing Hyang Suksma ||

amula wong kuna luwih | mardi tapa linêksanan | awit nyuda dhahar sare | têtêp sidik ing wicara | lan trusing pamariksa | pana padhang jroning kalbu | pramana ing dunya kerat ||

binuka ing gaib uning | uninga yèn ninggal dunya | datan lali dêdalane | rinakêt ing ngèlmu rasa | wus kamot ing karamat | mêmêt mat-matane emut | singa mêmêt mamèt gêsang ||

laku kang karasa ngati | lagon rêrigêning nala | tyas tan kuwur datan kawor | lamun wêning wênang dadya | lir jaran mrih awora | lan gêdhogan kang wus tamtu | angrasakkên ngraga suksma ||

[Iklan]

tapa kayadene uwit | ngèlmu kayadene lêmah | mrih campura ing dayane | kudu milih juru taman | dhinangir siniraman | sae ingkang kaduk rabuk | amrih bisa dadi ngrêda ||

mangkana kang dhangir bumi | wong mung siji ngolah sawah | nandur gandum wêkasane | satus dina durung mangan | dede kang dhangir badan | satus dina uwis rampung | wus katêkan kang sinêdya ||

ing sarèhning wêktu mangkin | ingaran wus seje jaman | datan bisa nandukake | dene ana wong tan kuwat | sawênèh tan kaduga | ana ingkang tan anggugu | kinira mung kăndha dora || Badhe kasambêtan.

D.

--- 532 ---

Punapa Pikajêngipun Adan, lan kadospundi Mênggah Asal Mulabukanipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 34.

Mila parêpatan inggih kapêksa botên anyondhongi. Parêpatan lajêng nyumantakakên malih dhatêng ngakathah: sumăngga para sadhèrèk, sintên malih ingkang badhe ngaturi pamanggih, kaparênga lajêng angusulakên, sampun mawi èwêd pakèwêd, jêr rancangan punika badhe kangge salami-laminipun.

Sakabat Ngumar majêng, lajêng usul makatên: Parêpatan, bab rêmbag prakawis ngadani damêl têngara punika, saking pamanggih kula, punapa botên langkung prayogi lajêng matah dhatêng satunggaling tiyang ingkang tinanggênah amajibi suka sumêrêp, sarana wara-wara mawi suwara ingkang sora kemawon, têmbungipun makatên: Assolatu-jamingah. Usul kula punika, manawi pakêmpalan tampi kalayan mupakat, kula purun tanggêl, mêsthi botên badhe wontên satunggal têngara punapa kemawon ingkang agêngipun ngêplêki, alitipun ragi mèmpêr kalihan têngara ingkang kula usulakên punika. Ewasamantên bab punika, nyumanggakakên kadospundi pamanggihipun parêpatan, kula borong. Namung samantên usul kula. Pamanggihipun sakabat Ngumar punika katampèn suwara kathah, pakêmpalan lajêng mupakat.

Ing ngriku Gusti Kangjêng Nabi s.a.w. lajêng nêtêpakên dhumatêng sakabat Bilal, ingandikakakên dados juru wara-wara. Dhawuh dalêm Kangjêng Nabi: Bilal, sarèhning bab wara-wara iki, durung ana dhawuh katêmtuan apa-awa[2] saka Pangeran kang Maha Agung, mula wiwit ing saiki, kowe tak patah dadi juru pangundanging sêmbahyang. Sabên wis manjing wêktune, kowe ngadêga wara-wara awèh wêruh ing akèh, têmbungmu mangkene: Assolatu jamingah, kang iku banjur tindakna saprêlune. Sarampunging têtêpan punika, pakêmpalan katutup, lajêng bibaran sami asêsowangan, mantuk ing griyanipun piyambak-piyambak.

Kacariyos, nunggil ing wanci dalu wau, Ngabdullah bin Jaèd, saantukipun saking pakêmpalan, dumugi ing griyanipun, lajêng mapan tilêm, sawêg kraos liyêr-liyêr dèrèng tilêm sayêktom,[3] Ngabdullah bin Jaèd anyupêna: sumêrêp wontên satunggalipun tiyang jalêr ingkang langkung wira-wiri ing ngajêngipun, kalihan ambêkta kênthongan. Ing salêbêting alam pasupênan ngriku, Ngabdullah bin Jaèd pitakèn dhatêng tiyang jalêr wau, têmbungipun: Kisanak, kênthongan sampeyan punika, punapa badhe kasade. Wangsulanipun tiyang jalêr: Sampeyan têka nakèkakên kênthongan kula punika, punapa badhe ngarsakakên mundhut tumbas, ta, sadhèrèk. Upami sampeyan tumbas, lajêng badhe kagêm prêlu punapa.

Ngabdullah bin Jaèd: Lo, makatên, ta, kisanak: têrangipun manawi kênthongan sampeyan punika, pancèn lêrês kasade, badhe kula tumbas, prêlu badhe kula angge têngara undang-undang sêmbahyang.

Tiyang jalêr: O, dados makatên ta karsa sampeyan punika, sadhèrèk. Hla, yèn makatên,

--- [533] ---

punapa sakintên sampeyan karsa, upami kula aturi pamrayogi, saha kula turi sêsêrêpan bab ingkang kados karsa sampeyan punika, ingkang panindakipun mayar, gampil, tur langkung sae katimbang mawi têngara kênthongan punika.

Ngabdullah bin Jaèd: Inggih, kisanak, prayogi. Sumăngga kadospundi pamrayogi sampeyan, badhe kula tampi kalihan lêga bingahing manah, sarta ing sadèrèng lan sasampunipun, kula sampun angrumiyini ngaturakên gênging panuwun dhatêng pitêdah sampeyan ingkang badhe kalubèrakên dhatêng kula.

[Iklan]

Tiyang jalêr: Sapunika makatên kemawon, inggih sadhèrèk, sabên sampun manjing wêgdalipun sêmbahyang, sampeyan cêkap wara-waraa, makatên: Allahu akbar, Allahu akbar x 2. Ashadu alla ilaha illallah x 2. Ashadu anna Mukhammadarasulullah x 2. Khaya ngalassolah x 2. Khayangalal phalah x2. Allahu akbar, Allahu akbar, la ilaha illallah.

Kacariyosakên, ing salêbêting alam supênan, tiyang jalêr wau sarêng sampun rampung pamulangipun adan, lajêng mundur ragi têbih akalihan Ngabdullah bin Jaèd, nanging lajêng cariyos malih: Anu sadhèrèk, kula ajêng mêling sakêdhik êngkas: yèn wara-wara suka sumêrêp adêging sêmbahyang, sampeyan mungêl makatên:

Allahu akbar-Allahu akbar.

Ashadu alla ilaha illallah.

Wa ashadu anna Mukhammadarasulullah.

Khayangalassolah-khayangalal phalah.

Kodgomatissolah-kodgomatissolah. Allahu akbar-Allahu akbar-la ilaha illallah. Sampun pitêdah kula sapunika, sampun cêkap.

Sasampuning supênan wau dumugi, Ngabdullah bin Jaèd, nglilir: byar, gregah tangi sami sanalika, ngadêg nyat, tanpa tumolih, lajêng enggal-enggal ngindhik mêdal, têrus marak sowan ing wanci dalu wau, dhatêng ngarsanipun Gusti Kangjêng Nabi s.a.w. prêlu badhe ngaturakên supênanipun ingkang nêmbe dipun alami. Badhe kasambêtan.

Sawala.

--- 534 ---

[Iklan]

--- 535 ---

[Iklan]

--- 536 ---

Bab Kasarasan

Cariyos Sugêngipun Professor Dr. Lord Lister

Sambêtipun Kajawèn nomêr 33

Dhoktêr lan pambantunipun (verpleger, vroedvrouw) kêdah sami mangangge rasukan ingkang sampun dipun sêtum (gesteriliseerd) lan ngangge topèng gaas. Topèng wau kangge nutupi irung lan cangkêm, prêlunipun bilih hawa saking irung utawi rêrêgêd saking cangkêm mêdal sampun dipun tadhahi dening gaas wau, dados botên sagêd nulari dhatêng tiyang ingkang badhe dipun operatie, prabot (instrument) verband-verband dipun steriliseeren.

Sarêng pranatan makatên punika tumindak, sadaya tiyang ingkang dipun operatie lajêng botên kenging infectie saking jawi, têgêsipun tatu botên sagêd katularan rêrêgêd (baksil) saking dhoktêr utawi asistènipun utawi saking prabot potong (instrument).

Ing sawau sadèrèngipun wontên pranatan asepsis lan antisepsis punika, tiyang ingkang dipun operatie sami amêng-amêngan nyawa, ngraos saya manggih bêbaya, nanging samangke perang-peranganing wêtêng, dhadha, gulu, sirah, cangkêm, mripat, kuping dipun operatie botên punapa-punapa, botên ambêbayani, malah ingkang sakit dados saras wilujêng, kajawi yèn sêsakitipun sampun kasèp utawi sêsakitipun botên konangan dening dhoktêr potong punika.

Wasana kauningana sadaya pranatan, ihtiyar lan pangudinipun Dr. Lister makatên punika manut pamanggihipun Tuwan Pasteur. Milanipun inggih namung priyantun kêkalih Lister tuwin Pasteur punika ingkang pinunjul kapintêranipun sagêd mitulungi gêsangipun tiyang ing sangalam donya.

Têmbung asepsis têgêsipun: a= botên wontên, sepsis= rêrêgêd (baksil) botên utawi tanpa baksil. Anti-sepsis, anti= nyêgah utawi nulak. Dados nulak baksil.

Dene ing jaman samangke pranatan wau dipun tata langkung sae, sampurna, amargi para dhoktêr sampun majêng lan pintêr.

Mila tiyang utawi dhoktêr ingkang motong dhatêng tiyang sanès, măngka botên kanthi pranatan a lan anti-sepsis, kadosdene bong utawi calak, inggih punika dhukun sunat utawi dhukun têtak, ingkang botên mangrêtos pranatan punika, yèn nyunati lare inggih mutawatosi lan ambêbayani.

Sanajan ingkang sampun kalampahan lare dipun sunati dening dhukun wau botên mêsthi kenging infectie, punika namung saking kapinujon botên wontên kruma (baksil) ingkang tumèmplèk ing drijining dhukun utawi ing kulitipun lare ingkang dipun sunati.

Makatên ugi dhukun ingkang nulungi tiyang èstri manak, yèn botên mangrêtos pranatan wau, inggih ambêbayani tumrap têtiyang èstri ingkang manak wau.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 537 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Tiyang Dhayak saha Tatacaranipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 32.

Sapunika tatacara nganiaya tiyang wau dipun awisi dening ingkang wajib, dene ingkang dipun pêjahi manawi pinuju wontên damêl makatên ngêmungakên kewan.

[Grafik]

Tiyang jalêr Dhayak.

Karamean ingkang kapisan mawi dipun wontêni kêndhurèn.

Karamean ingkang nomêr kalih punika namung tumrap tiyang èstri thok, têtiyang jalêr botên kenging tumut-tumut. Sadaya tiyang èstri, wiwit ingkang anèm ngantos ingkang thuyuk-thuyuk sami suka parisuka.

Sapunika prakawis jisimipun, sasampunipun dipun lêbêtakên ing bandhosa, lajêng dipun bêkta dhatêng baita, ingkang dipun rêrêngga. Jisim kasabrangakên, saha sadumugining pinggir, bandhosa dipun cagaki saha dipun payoni. Ing ngandhaping bandhosa dipun dèkèki: cêthing isi wos, bathok isi toya, saha sanès-sanèsipun.

Sanjata dipun ungêlakên, wusana sadaya tiyang sami mantuk.

Enjingipun têtiyang sami murugi bandhosa, lajêng dipun ciprati rahing maesa, saha dipun pindhah panggenanipun, mawi nyabrang lèpèn. Manawi baita sampun cêlak kalihan gisik, modinipun lajêng mêngingis, jêmpalikan kados tiyang majênun sarwi wicantên: Astapirlaha alim (upami tiyanga Islam), dèn... (ingkang pêjah) pinaringan ganjaran gêdhe, awit liwat naraka kanthi slamêt.

Dintên ingkang kaping sakawan, jisim dipun pêndhêm ing panggenan kados salimrahipun.

Sadaya tatacara punika tumrap tiyang ingkang pêjah jalaran sakit. Ananging têtiyang ingkang pêjah jalaran manggih aral, kados ta: kèrêm, punika dipun bucal ing wana. Badhe kasambêtan.

Suyana-Adinata.

--- 538 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Inggris.

Ebahing kawontênan donya sumêbar angèngingi nagari ing pundi-pundi, Sêpanyol nêngah-nêngahi pêrang anggayut kawontênan ing Eropah. Amerikah gegeran prakawis pogokan, Asiah taksih ajêg wontên pasulayan, malah tansah tuwuh ramèn-ramèn enggal. Kajawi punika taksih wontên sanès-sanèsipun malih.

Tumrapipun Inggris, pancèn nuju nyarêngi kalamangsanipun tansah ngawontênakên pamanahan wigatos. Pamanahan ingkang ajêg lumintu, punika bab pangrêmbag matêsi dêdamêl, saprika-sapriki dèrèng wontên sampun-sampunipun. Kawontênan ingkang kados makatên punika wahananipun wontên praja sarwa damêl kawigatosan, inggih ngagêngakên rantaman praja tuwin ngawontênakên pangrêmbag praja ingkang sarwa wêrit.

Măngka tumrapipun Inggris, kabêtahaning prajanipun tansah gêgayutan kalihan bab-bab ingkang dados pamanahan yêktos, kados ta sampun pintên taun Inggris anggèning manah kamardikanipun Mêsir, pangrêmbagipun sakalangkung wêrit tuwin dangu. Ing sadèrèngipun rampung tansah kêsêlan ing sabab-sabab sanès, kados ta tuwuhing paprangan ing Ngabêsi, Inggris tansah manah dhatêng kawigatosan ing lautan tuwin ing dharatan, awit sadaya wau sisip sêmbiripun sagêd nyêmpyok dhatêng Inggris. Dene patraping panjagining kawilujêngan namung sarana patrap nyamari, awit saupami botên kanthi sêrêng, tumindakipun badhe tanpa daya, nanging manawi kêsêrêngên, sagêd ugi dados santun dhadhakan. Nanging wantunipun Inggris punika mumpuni dhatêng kridhaning ulah praja, ngantos dumugining sirêpipun paprangan ing Ngabêsi, wilujêng botên wontên sabab satunggal punapa. Dumugining bibar paprangan ing Ngabêsi, rêmbag gêgayutanipun Inggris kalihan Mêsir sagêd pinanggih cocog.

Wantunipun Inggris punika satunggiling nagari ingkang sugih laladan ing pundi-pundi, kawigatosanipun inggih wontên-wontên kemawon, kados ta pasulayanipun băngsa Arab kalihan Yahudi ing Palestinah, punika tumrapipun Inggris ugi nawung kawigatosan, awit lajêng kajibah nindakakên pamisah ingkang dhumawahipun ngadil sayêktos. Sarèhning wontêning pasulayan wau ngantos nuwuhakên tindak cidra-cinidra, Inggris kêpêksa ngandhapi wadyabala kangge anjagi tata têntrêm. Ewasamantên, kawontênanipun mêksa dèrèng têntrêm, kala-kala taksih wontên ramèn-ramèn.

Ing sapunika wontên ura-uru ingkang tuwuh ing tanah Indhu ing tapêl watês lèr, dipun pangajêngi dening satunggiling pakir ingkang langkung dipun suyudi ing tiyang kathah. Tumrapipun Inggris nganggêp bilih ura-uru punika botên sapintêna dayanipun, nanging sarêng wontên sêsulakipun bilih ura-uru punika kêmoran daya saking Ruslan, ugi lajêng nyamarakên.

Malah wontên wartos bilih wêwakil Ruslan ing Kabul [Kabu...]

--- 539 ---

[...l] ugi ngêmori damêl ambêbaluhi kanthi patrap sêsidhêman. Ebah-ebahan punika sanadyan botên sapintêna, nanging angèl dipun sirêp, amargi papan panggenanipun wontên ing wana parêdèn. Makatên malih taksih wontên gêgayutanipun prakawis sanès ingkang wosipun nêdya nyulayani tatananipun Inggris.

[Iklan]

Gêgayutanipun ura-uru punika ugi anggayut dhatêng sanès panggenan. Ing Bombai wontên arak-arakan ingkang têtiyangipun sami mangangge pita cêmêng ing lêngên, kangge tandhaning prihatos. Tiyang wau sami nyuwara angêmohi gronwèt enggal. Suwara wau ngangkah supados dipun tuta ing tiyang kathah. Kawontênan ingkang kados makatên punika anjalari wontênipun tiyang ingkang sami dipun cêpêngi.

Pogokan punika lajêng dados pogokan umum, lajêng tumular dhatêng golongan Islam, tumrap golongan Islam wau sanadyan dipun pênggak dening pangagêngipun, mêksa adrêng kemawon.

Kajawi punika ing wêkdal punika Inggris ugi tansah wontên pogokan kuli-kuli, ingkang ugi dados panggalihaning parentah.

Samantên pinanggihipun nagari agêng ingkang mêngku kawibawan tuwin panguwaos agêng, punapa-punapanipun inggih sarwa agêng.

Wangsulan Redhaksi

K. 144 ing Blora. 21 Rêjêb 1905 dhawah Kê Lê, Alip, 1835, 21 Sèptèmbêr 1905.

K. 3187 Ngayogya. Rê Kli, 27 Sapar Alip 1803 dhawah wuku Maktal, măngsa kasadasa, 15 April 1874.

--- [540] ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Padpindhêr

V.

Petruk : Ambalèni omongku lagi anu, Kang Garèng, padpindhêr kudu ginau anênitèni, kang karêpe: yèn wêruh apa-apa aja mung wis wêruh iya uwis, nanging kudu bisa nyathêt apa-apa sing prêlu. Upamane bae gampangane saupama wong nonton pasar malêm. Wong sing dudu ahli nênitèni, yèn nonton pasar malêm, bisane mung ngarani: wah, pasare malêm rame bangêt, utawa: yah, wong pasar malêm têka sêpi bangêt mêngkono. Seje karo wong sing ahli nênitèni, dongèngane mêsthi bisa rete-rete bangêt, kaya ta upamane nonton nyang Pasar Gambir, wong ahli nênitèni mêsthi bisa carita mêngkene upamane: wah, Pasar Gambir saiki omah-omahane kabèh modhèl Minangkabo, arêp lumêbu ing papan kono, sing nampani Walănda kabèh. Mlêbu blêng, ing sisih kiwa padhasaran kawêkêlan wong bumi, sisihe padhasaran barang-barang gaweane wong prantean, banjur sandhing kono ing pojok, panjagan pulisi, têruse warung-warung padhasaran barang warna-warna, banjur papan kanggo mitongtonake pakaryan kasarasan, lan rada mojok panggonan wayang wong, kang diatur bêcik bangêt, adoh nyang unèn-unèn sing pating jrêthot pating grobyag, dadi wong nonton ana ing kono bisa ngêmatake. Tunile bêcik, papane wong nonton kêpenak, wayang wonge iya pilihan, emane: klas sing dhuwur-dhuwur digawe ămba bangêt, klas sing èndhèk ciyut bangêt, dadi kayadene karêpe komite: wayang wonge supaya mung ditongton wong-wong sing sugih dhuwit bae. Cêdhake kono papan padhasarane pakumpulan: kautaman putri. Barang-barang sing didhasarake ana ing kono warna-warna bangêt, tur èdi-èdi bangêt, kabèh gaweane para wargane dhewe, malah tukang ladène dipilihi sing mlênis-mlênis bae. Tumêkane ing kono punggawane Pasar Gambir, iya sing jaga gapura, sing nariki karcis, sing tukang kontrol, kabèh mèh băngsa Walănda, iki apa jalaran saka komitene duwe pikiran: ewak awèk abot awake dhèwèk.

[Grafik]

Garèng : Wayah, kuwi jênênge wong ahli nênitèni sing mung arêp golèk prakara bae. Banjur [Ba...]

--- [541] ---

[...njur] andakwa sing ora-ora mêngkono.

Petruk : Lo, ing kono aku mung arêp anggambarake awase wong sing ahli nênitèni kuwi. Nganti paribasane, sanadyan ana ing karamean pisan, wong sing ahli nênitèni kuwi iya wêruh sing padha... pating krintip ana ing pagêr upamane.

Garèng : Wayah, iya pancèn wong mata kulik sing kaya ngono kuwi. Wis saiki banjurna bae katêranganamu ing bab planggêrane padpindhêr kuwi.

Petruk : Iya, Kang Garèng, rungokna: g. Ngudi nyang gawean tangan, dolanan ing têba, lan dolanan liya-liyane.

Garèng : Bab kang kapisan, yaiku: kudu ngudi nyang gawean tangan, aku cocog, Truk, awit prêlune tangane bocah bisa urip. Balik dikon dolanan ing têba, dadi dikon pêpanasan, dikon angin-anginan, hla, kiyi aku sing ora srêg, Truk, apa manèh yèn bocah wadon, apa cikbèn busikên, cikbèn irêng, hla mêngko rak ora payu laki, Truk.

Petruk : Lo, sing dikuwatirake têka yèn bocahe banjur busikên utawa irêng, arêpa kuning mliding, yèn kêmbuk-kêmbuklana... pilêrên, rak mung gawe susah bae. Tak kandhani, ya Kang Garèng. Dolanan ing têba lan sapadhane, kuwi karêpe: 1e ngudi nyang sêporêt, dadi ngudi nyang kasarasaning badan sarta kasarasaning pikiran, 2e. andhêdhêr karukunan lan nyambut gawe bêbarêngan, lan 3e tanggap, karêpe tanggape aja klêmak-klêmèk, utawa klêlar-klêlêr, nèk lanang kaya Janaka lagi mulês, nèk wadon kaya Sêmbadra kluron, nanging tanggape mau bisaa sing cikat, tandang lan trêngginas.

Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, bab 1e aku: asese, sabab sapa bae, anggêre saras badane lan pikirane, mêsthi ora sugih aras-arasên, nanging arêp apa-apa, ora wêgah anggone nandangi. Wong aku dhewe bae, kalane saras awakku lan pikiranku, iya ora duwe wêgah-wêgèh, dikon ngayoni... sêga pêcêl patang piring. Nanging bab 2e, hla kuwi aku sing durung pati dhamang. Wong dolanan ing têba têka diunèkake andhêdhêr karukunan lan nyambut gawe bêbarêngan.

Petruk : Têrange mêngkene, Kang Garèng. Kaya ta dolanan: bal-balan upamane. Ing kono rak dianani pranatan sing wajib diturut dening sing padha main bal, kaya ta: sêmprite juru pamisah (scheidsrechter) kabèh kudu miturut. Lan siji-sijine bocah ora kêna yèn arêp main sakarêp-karêpe dhewe, nanging kudu bisa nyambut gawe bêbarêngan karo kănca-kancane. Dadi cêkak aos ing kono, bocah didhêdhêr: kudu ngakoni lan ngajèni nyang sing dadi pandhuwurane, kudu nêtêpi pranatan, kudu rukun, lan kudu bisa nyambut gawe bêbarêngan karo kănca-kancane.

Garèng : Hla nèk mêngkono iya bêcik bangêt, Truk. Awit, ing sarèhne wiwit cilik dikulinakake: kudu ngakoni lan ngajèni pandhuwurane, kudu nêtêpi pranatan, kudu rukun, kudu bisa nyambut gawe bêbarêngan karo kancane, ing besuk tuwane watake iya kêlantih mêngkono. Dadia dèn klèrêk upamane, iya dèn

--- [542] ---

klèrêk patohan, sabab wis ngrêti ngajèni nyang panggêdhe, wis bisa nêtêpi pangaturan utawa kuwajiban, sarta ing sarèhne wiwit cilik dikulinakake kudu rukun lan bisa nyambut gawe bêbarêngan karo kănca-kancane, mêsthine iya banjur ora bakal dadi dèn klèrêk tukang atur-atur... gramèh upamane, kang wusanane dening panggêdhe bisa dibênum dadi... durnane.

Petruk : Wèyèh, apa panggêdhe bodho, têka mung gêlêm dicokol gramèh, banjur arêp mung pracaya bae mênyang wong kang atine ala.

Garèng : Lo, sagêdhe-gêdhening dunya, sanadyana saiki rak iya isih ana bae panggêdhe sing clola-clolo mêngkono kuwi, nganti pracaya marang wêwadulane wong kang mênggik mênthol atine. Saiki kang 3e. Truk, yaiku: ngudi nyang tanggap kang cikat, tandang lan trêngginas, iya nèk cah lanang ora dadi ngapa, balik cah wadon, apa dikon ngajak ora agama. Mêngko barêng gêdhe, ana jaka bagus sêthithik, banjur: plêtak-plêtik, cêprat-cêprit, crit,- iki le idu, lo Truk, wèh, hla nèk aku nganti duwe anak wadon kaya ngono, wah, kira-kirane iya têrus... kaku aku.

Petruk : Lo, salah wèsêl, Kang Garèng, sing diarani tanggap kang cikat, tandang lan trêngginas, kuwi karêpe ora kok bocah supaya kudu: jêlalatan, pêndêlikan, utawa: nel-nelan lan pret-pretan, nanging aja wêgahan, aja kêsèt, kosokbaline kudu: tandang tanduk, yaiku: maju nyang pagawean, lan cak-cêk nyang kapêrluan. Kaya wis cukup mangkene, Kang Garèng, saiki tak banjurne manèh: h. Ngundhakake kaprigêlaning awak, lan ngajokake kasarasan.

Garèng : Dikapak-kapakna kae, aku mêksa ora cocog, Truk, hla wong bocah kathik dikon ngudi undhake kaprigêlaning awake. Sabab mungguh panêmuku, wong sing diunèkake prigêl awake kuwi, iya awak sakojur prigêl kabèh, iya irunge, cangkême, tangane, wêtênge, nganti têkan sikile pisan, bocah sing kaya ngono kuwi umume nèk gêdhe, yèn ora dadi tukang sulap, iya tukang... kutil.

Petruk : Saya anggone panêmumu: ngrujak sêntul, Kang Garèng. Sing diarani kaprigêlaning awak, yakuwi sing bisa prigêl, tandang lan luwês anindakake samubarang gawe. Dadi wong sing dipasrahi apa bae: ora kaku lan cithang-cithing. Kaya ta: dikon angladèni: luwês, dikon rewang: pantês, dikon balănja nyang pasar: gandês, lan sapiturute, Kang Garèng. Bab pambudidaya ngajokake kasarasan, ora prêlu tak têrangake, kowe mêsthine wis ngrêti dhewe.

Garèng : Ha iya, Truk, padhane: wêtêng slêmêt-slêmêt sathithik kudu dikastroli, ngêlu sathithik: aspirin.

Petruk : Wayah, kuwi rak tambane wong lara, nèk ngajokake kasarasan kuwi karêpe: kudu rêsikan, kudu sing kêrêp ngobahake badan, cêkake: kudu tansah ambudidaya supaya didohi nyang lêlara. Kajaba iku uga migunakake akal liya-liyane kang absah. Kang kinira bisa ambêcikake apa kang disêdyakake mau.

--- 543 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

TANAH NGRIKI

K.T. Ingkang Wicaksana Graaf Limburg Stirum. Nalika têdhak dalêm K.T. Ingkang Wicaksana Graaf Limburg Stirum dumugi Salatiga rawuh ing sanatorium tiyang sakit paru, ing Gêtasan, lajêng mriksani padamêlan ing Witte Kruis kolonie, salajêngipun dhatêng Kopèng. Sadumugining Surakarta nyare wontên dalêm gupêrnuran. Mara tamu dhatêng karaton, dhatêng Mangkunagaran. Salajêngipun dhatêng Ngayogya, mriksani candh[4] Prambanan, Kaliurang tuwin sanatorium ing Pakêm.

Plat gramopun R.A. Kartini. Awit saking ada-adanipun Comite mèngêti R.A. Kartini, badhe damêl plat gramopun lêlagon R.A. Kartini, dipun wêdharakên dening golongan putri K.I.M. tuwin paguron P.B.S. kanthi musik saking murid-murid Kweekschool Islamiyah. Sasampunipun dipun sade mirah-mirahan.

Mèh wontên rêrêsah. Ing bètèng Vredenburg, Ngayogya mêntas wontên lêlampahan ingkang nyamari, inggih punika golonganing saradhadhu bangsa Timur badhe campuh kalihan saradhahu bangsa Walandi. Jalaranipun saradhadhu-saradhadhu bangsa Timur wau rumaos dipun rèmèhakên. Salajêngipun golongan wau badhe nêmpuh saradhadhu Walandi ingkang nuju jagi. Saradhadhu-saradhadhu jagi sampun ngêtêngi sanjata, andadosakên girising saradhadhu-saradhadhu Timur, lajêng sami kesah. Salajêngipun dados papriksan, saradhadhu-saradhadhu Timur lajêng dipun barisakên ngantos pintên-pintên dintên. Pinanggihipun sampun têntrêm.

Utusan dhatêng Bali. Benjing congres ing Bali, saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan badhe utusan G.P.H. Tejokusumo tuwin B.P.H. Suryodiningrat, sami êmpu kabudayan Jawi, mawi ambêkta niyaga, ganga[5] tuwin ingkang anjogèt, badhe kapitongtonakên.

Karisakan krêtêg lèpèn Jêbol, mèh damêl sangara.[6] Jalaran saking mêntas jawah dêrês, wontên bêna saking rêdi Mêrapi ing lèpèn Jêbol. Krêtêgipun lèpèn wau ing sacêlakipun Têgalganda, Surakarta, kaprênah margi saking Surakarta dhatêng Ngayogya nêmahi karisakan, pondêmèning krêtêg rêmuk, krêtêg pêdhot. Ing dalu nyarêngi dhawahing karisakan, Tuwan Pronk ing pabrik gêndhis Cèppèr, saking Surakarta badhe dhatêng Ngayogya numpak auto langkung ing krêtêg wau, sarêng dumugi tengah, sumêrêp krêtêgipun pêdhot, auto dipun rèm sakiyatipun, sagêd kèndêl, nanging sarèhning krêtêg wau miring, auto ngglindhing piyambak kêpêntog pagêr krêtêg. Ingkang sami numpak sagêd oncad, auto lajêng kêcêmplung. Auto wau kenging dipun êntas kanthi rêkaos. Enjingipun karisakan wau dados papriksaning para agêng nagari.

Ngindhaki lampahing motor mabur. Wiwit tanggal 1 Mèi punika motor mabur saking Bêtawi dhatêng Balikpapan, saking Bêtawi dhatêng Surabaya, saking Surabaya dhatêng Dèn Pasar tuwin saking Bêtawi dhatêng Bandung badhe dipun kêrêpi.

Pabrik tênun ing Têgal sampun kabikak. Pabrik tênun ing Têgal sampun kêlampahan kabikak, mawi pasamuan sawatawis, ingkang ngêpang sami têtiyang padhusunan kanan keringipun ngriku. Pabrik tênun punika kalêbêt ingkang agêng piyambak ing satanah ngriki.

Usul saking P.P.B.B. Nalika P.P.B.B. ngawontênakên congres, Tuwan Sutarjo mrayogèkakên supados parentah ngawontênakên pamulangan luhur kangge calon pangrèh praja.

Nilari bandha dhatêng nagari Surakarta. Ki Margowiryo abdi dalêm ajidan ing karaton Surakarta tilar donya. Miturut sêrat wasiyat ingkang sinêksèn notaris, tilaranipun arta f 100.000.- dipun aturakên dhatêng nagari Surakarta. Dene barang-barang dipun warisakên dhatêng sanak sadhèrèk.

[Grafik]

Kaangkat dados Zelfbestuurder ing Banawa. Inginggil punika gambaripun Raja Ruhana kalihan controleur ing Banawa ginarubyug dening têtiyang karajan Banawa, nalika badhe katêtêpakên dados Zelfbestuurder ing Banawa, laladan Mênado.

Kursus padamêlan tangan ing Lagere Nijverheidsschool ing Bêtawi. Kawartosakên, manawi nyêkêpi[7] wiwit benjing tanggal 1 Augustus ngajêng punika, awit saking kaparêngipun Departement Pangajaran badhe ngawontênakên pamulangan Gouvernements "Lagere Nijverheidsschool voor meisjes". (Pamulangan babagan bale griya andhap tumrap para kênya) ing Batavia-C. (comediebuurt I), sinaunipun wanci sontên, saminggu kaping kalih, wiwit jam 4 dumugi jam 6, laminipun kalih taun. Kursus punika botên ngêmungakên kangge guru-guru èstri kemawon, ugi tumrap lare-lare èstri ingkang botên gadhah diploma guru. Tamatipun sakingriku sagêd nêmpuh pandadaran acte fracie handwerken, ingkang kawontênakên salêbêting wulan Maart utawi April ing sabên taun. Murid ingkang malêbêt ing taun punika sagêd nêmpuh wontên ing taun 1939. Bayaranipun sawulan f 7.50, dèrèng kapetang waragad kangge têtumbas, kêdah ngawontênakên piyambak. Sintên ingkang badhe rêrêmbagan bab punika, sukaa sumêrêp dhatêng pangagênging Gouvernements lagere nijverheidsschool voor meisjes ing Batavia-C. (Comediebuurt I).

EROPA

Tentoonstelling ing Paris. Tentoonstelling ing Paris badhe kabikak wontên tanggal 24 Mèi punika, tumrap kangge umum wontên tanggal 25.

--- 544 ---

Wêwaosan

Saribang.

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

55

Tiyang Yahudi ngêlus-êlus janggutipun ingkang sajakipun botên nate dipun raupi saking rêgêdipun, ing sêmu sawêg mikir-mikir. Lèdhi Blakêne ingkang tansah mirêngakên rêmbagipun tiyang kêkalih wau, raosing panggalihipun kados dipun iris-iris. Pitakènipun Sopêlin dhatêng tiyang Yahudi wau, sang putri ugi mirêng, kanthi kuwatos panggalihipun sang putri lajêng amriksani dhatêng tiyang Yahudi wau. Nanging saking rêgêding rainipun pun Yahudi, sang putri botên sagêd mangrêtos mênggah ingkang dados pikajêngipun. Mênggah rumaosipun sang putri kadosdene nyawanipun ingkang raka: Sêr Blakêne, punika samangke gumantung wontên tiyang Yahudi wau.

Ragi sawatawis dangu sadaya sami kèndêl. Sêmu botên sabar lan nêpsu Sopêlin tansah nyawang Yahudi sêpuh ingkang wungkuk punika. Dangu-dangu tiyang Yahudi wau lajêng ngrogoh kanthonging jasipun sarta mêndhêt arta salaka sawatawis. Arta punika kasawang sakêdhap, salajêngipun nuntên wicantên makatên:

Nalika tiyang mănca ingkang agêng inggil wau bidhal kalihan Rubên, nyukani arta punika dhatêng kula, mênggah prêlunipun supados kula sampun ngantos cariyos-cariyos dhatêng tiyang sanès dhatêng pundi tiyang mănca wau ingkang badhe dipun tuju.

Sopêlin ngangkat pundhakipun sajak botên sabar malih, sarwi apitakèn: Pira dhuwitmu iku.

Tiyang Yahudi amangsuli: Sadasa rupiyah, kangjêng tuwan. Salaminipun kula punika tiyang sae, botên nate gadhah tindak ingkang dados wêwalêripun nagari.

Tanpa wicantên punapa-punapa, Sopêlin mêndhêt arta mas saking kanthonganing jasipun sarta lajêng kakricik-kricik kapamerakên dhatêng tiyang Yahudi wau. Salajêngipun kalayan sabar nuntên apitakèn dhatêng pun Yahudi makatên: Mara badhenên: dhuwit sing tak cêkêl iki pira kèhe.

Ningali arta ingkang dipun cêpêng dening Sopêlin wau, maripatipun tiyang Yahudi sakêdhap katingal pandirangan. Nanging botên watawis dangu lajêng adhêngklukakên sirahipun. Ing wusana sêmu ajrih lajêng kalair têmbungipun makatên: Kintên kula sakêdhik-sakêdhikipun inggih wontên satus sèkêt rupiyah, kangjêng tuwan.

Sopêlin: Kaya-kaya dhuwit samene iki rak wis cukup, ta, kanggo nêbus jangjimu anggonmu ora arêp kăndha apa-apa nyang wong liya.

Tiyang Yahudi: Kangjêng tuwan badhe mundhut priksa ingkang kadospundi.

Sopêlin: Apa kowe, grobag lan sajaranmu bisa anjujugake aku mênyang ing panggonan sing dituju dening mitraku băngsa Inggris mau, kang wis pangkat nganggo grobag lan jarane Rubên mau.

Tiyang Yahudi: Manawi kreta kula, badhea panjênêngan agêm dhatêng pundi kemawon, mêsthi inggih sagêdipun.

Sopêlin: Apa kowe bisa andujugake[8] aku nyang gubuge Blangkar.

Sajak gumun tiyang Yahudi apitakèn: Lo, panjênêngan têka priksa papan ingkang dipun tuju dening tiyang Inggris wau.

Sopêlin: Iya, iya, aku mula wêruh. Kowe apa sumurup ing ngêndi prênahe papan iku.

Tiyang Yahudi: Sumêrêp, kangjêng tuwan.

Sopêlin: Kapriye bisane mênyang ing papan kono mau.

Tiyang Yahudi: Ingkang rumiyin kêdah mêdal ing margi, ingkang dipun sêbut: Martinwèh. Saking ngriku lajêng mêdal margi alit kados dumugi ing sela karang.

Kalayan nyêntak Sopêlin amangsuli malih pitakènipun makatên: Kowe rak iya apal têmênan ta, dalane.

Kanthi sabar tiyang Yahudi amangsuli: Apal mawi sangêt, kangjêng tuwan.

Tanpa cariyos punapa-punapa Sopêlin lajêng nguncalakên arta tut satunggal dhatêng tiyang Yahudi wau, ingkang nuntên dipun pêndhêti sarana brangkangan. Wontên satunggal ingkang angglundhung ragi têbih, ngantos tumrap tiyang Yahudi wau ragi rêkaos pamêndhêtipun.

Sarêng tiyang Yahudi wau sampun rampung anggènipun mêndhêti arta, Sopêlin lajêng apitakèn makatên: Sêpira suwene anggonmu bisa nyadhiyakake grobag lan jaranmu.

Tiyang Yahudi: Sadaya sampun sumadhiya, kangjêng tuwan.

Sopêlin: Ana ing ngêndi.

Tiyang Yahudi: Saking ngriki kirang langkung namung wontên kalih dasa pêcak. Punapa kangjêng tuwan badhe mriksani.

Sopêlin: Ora prêlu. Nganti têkan ing ngêndi, bisaku nunggang grobagmu kuwi. Badhe kasambêtan.

--- 65 ---

No. 27, Taun VIII.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM

RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Sarjono Surakarta. Aku sênêng bangêt kowe mêrlokake ngirimi layang manèh nyang ibumu, uga karangan warna lêlucon. Batanganmu cangkriman bênêr kabèh.

Sri Mastuti Surakarta, Suparjo Ambulu, M. Kariyasumarta Sêmarang. Wiyose layangmu kabèh wis daktampa kanthi bungah, dene kowe padha mêrlokake ambatang cangkriman lan kabèh bênêr.

Handini Pacitan. Bangêt bungahku dene kowe ngirimi layang manèh nyang Bu Mar. Han, mungguh cêthaa kowe rak mêlèhake ibumu, jarene wis nini-nini, lan arêp potrèt bae ngêntèni yèn wis nglungsungi manèh, jêbul kiyah-kiyah ndhèrèk nyang Tanjungpriuk. Ha... ya kuwi ta Han, wis lawas ana donya, kok durung wêruh Gusti Kangjêng Ratu Timur karo putra lan prau gêdhe uga durung wêruh. Mulane banjur aku kadhawuhan ndhèrèk Mas Petruk sêkalihan. Kaya-kaya, Kangmas Petruk wis cêtha olèhe ngandikakake nalikane ana ing kapal. Wah ramene! Ing jêro prau iku kabèh sarwa nècis, aku kok banjur krasan bangêt, aras-arasên mulih lan sasuwene wêruh apa-apa ing jêro kapal iku, aku tansah ngêlus-êlus dhadha bae karo gèdhèg-gèdhèg.

M.H. Wiyono lan Siti Murtiningsih. Layangmu kang nandhakake sênêngmu, T.B. wis disalini aksara Latin wis daktampa. Kabèh bocah kêna nglayangi Bu Mar. No, ora mung sing langganan bae lan Kêjawèn uga sumêbar ing ngêndi-êndi, Pasundan lan sabrang, uga katulis basa Jawa.

Umi Kayatun Madiun, Dolah Kasilir, Sustarawulan Sêmarang, R.r. Kasibah Kasilir, Suparja Têgal.@Layangmu wis daktampa lan batangane cangkriman dhèk tanggal 27 Maart uga bênêr kabèh. Suparja karanganmu wis kêtampan, yèn ana papan bakal kapacak, bangêt panrimaku.

Mientarsih, Kustienah, Surti. Aku sênêng, kowe padha mêrlokake ngirimi layang manèh nyang Bu Mar lan karangan recept dhaharan uga wis daktampa. Ing sasisih ingisor iki kapacak. Kustien, bangêt bungahku kowe ngirimi layang manèh tur dawa bangêt lan sukur yèn kowe gêlêm ngumpulake recept-recept, sing diêmot ing Kêjawèn, sing tlatèn bae ya Tien, besuk rak suwe-suwe akèh.

Sukarti Sala Adiningrat. Layangmu têtêpungan wis daktampa kanthi sênênging atiku. Saya lawas saya mundhak kêponakan anyar, andadèkake bungahku. Dadi kowe saiki wis mêtu anggonmu sêkolah. Ti, sing tlatèn bae anggonmu sinau olah-olah, mbathik lan liya-liyane, suwe-suwe yèn bisa ngêcakake pagawean iku, rak banjur dadi jêmpolan. Yèn kowe arêp milu urun ngisèni T.B. ya kêna.

Supomo Imogiri. Bangêt bungahku kokkirimi layang lan bangêt panrimaku kokampirake nyang Imogiri, yèn pinuju mênyang Ngayogya, lan bakal kokêtêrake ndêlok pasarean. Karanganmu uga wis daktampa, yèn isih ana papan bakal kapacak.

Ismaji Sudarso. Wiyose aku wis nampa layangmu manèh kang isi karangan. Ora liya bangêt panarimaku.

Puja Utama Purwokêrto lan Siti Sukanti. Bangêt sênêngku barêng aku nampa layangmu. Puja, dhèk kapan kowe nyang Bêtawi, kok mêsakake têmên anggolèki omahe Bu Mar ora kêtêmu mangka nganti kodanan barang. Aku rak wis kandha Gang Bungur Jawa No. 8 lan kowe kok ora takon nyang kantor Bale Pustaka, rak banjur ana sing nuduhake. Cuwa bangêt, dene nganti ora bisa kêtêmu. Karanganmu uga wis padha kêtampan, yèn isih ana papan bisa uga kapacak.

St. Murtinah sakanca M.N.S. Blitar. Layangmu lan kanca-kancamu anêpungake nyang Bu Mar wis katampan kanthi bungahing ati. Yèn kowe arêp padha milu urun-urun ngisèni T.B. kanggo angramèkake, ora ana alangane.

Suparja Mênggala. Layangmu kang nandhakake kasênênganmu dene T.B. wis disalini aksara Latin, aku wis tampa, kêtrima bangêt. Karanganmu liya dina manawa isih ana papan bokmanawa iya kapacak.

Indinah Cikêbrok 20. Purwokêrto. Aku wis coba-coba ambadhe jênêngmu, nèk-nèke bênêr. In, bangêt andadèkake sênêngku barêng aku tampa layangmju tutupan kang dawa sarta isi potrètmu kang kaya kandhamu kanggo tandha katrêsnan. Saya wuwuh kapenginku wêruh Syphon sarta Jengawursluis ing Banjar, barêng kokcritani yèn pancèn apik Syphon iku.

Salamku nyang kangmas-kangmasmu, mbakyu-mbakyumu sarta adhi-adhimu lan aku milu muji, muga-muga mbakyumu sing sasi iki kudu examen, entuka anggone examen.

--- 66 ---

St. Rahayu, Tuti, Mutmainah Batang. Bangêt andadèkake sênêng lan bungahku, dene kowe têlu-têlune padha amêrlokake anêpungake nyang Bu Mar. Tuti, dadi saiki kowe wis mêtu anggonmu sêkolah. Ya sing srêgêp anggonmu ngrewangi ibumu ing pawon, lan sing tabêri sinau olah-olah utawa liya-liyane kabutuhan kanggo bocah wadon. Yèn pinuju padha kobêr, ngirimana layang manèh nyang Bu Mar.

Rr. Srihayu en Rr. Istiah Rêmbang. Karanganmu aku wis nampa, bangêt panrimaku. Yèn isih ana papan, bokmanawa kapacak.

Rr. Sutiamurni, Yogya. Layangmu isi têmbang sarta dongengan wis daktampa kanthi bungah. Liya dina yèn isih ana papan bakal kapacak.

St. Surakarta. Suharja awèh panarima nyang kowe, awit dhèwèke wis nyoba gawe wadhah rokok (karanganmu), iya pèna[9] sawangane, barêng wis dadi.

Abu Wêlèri. Ing sarèhne kanggo pamikirku, dongènge kancil iku mèh kabèh bocah ngêrti, mulane aku ora tau ndongèng bab Kancil manèh. Nanging yèn kowe mêksa njaluk candhake dongènge Kancil, liya dina bakal dakcritani manèh.

Salbiyah Têgal. Pitakonmu: I. Mripat sok kêdutên, iku ana sing ngarani sasmita, nanging uga ana sing ngarani yèn satêmêne jalaran saka ora ajêg lakuning gêtih. II. Kuping kala-kala krasa muni "nging", iku sabab saka ana angine ing jêro. III. Driji sikil sok krasa kamikêkêlên (kraam) iku uga sabab ora ajêg lakuning gêtih.

Tuti lan Srinarti Cikêbrok Purwokêrto. Andadèkake bungahku kowe padha mêrlokake gawe layang nyang ibumu. Nanging aja pisan dadi atimu aku ora bisa nuruti panjalukmu potrèt.

Layang liya-liyane bakal takwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

PINTÊR NJOGÈD.

[Grafik]

Ing dhuwur ini gambare bocah umur 12 taun aran Roland wis dadi kampiun jogèd, kang lagi mitontonake jogèd cara nêgarane, Kaukaus (Ruslan), ing ngarêpe kanca-kancane lan wong-wong ing kampung panggonane Roland. Bocah-bocah, dêlêngên anggone padha sênêng-sênêng, kêplok-kêplok, lan Roland dhewe mèsêm-mèsêm saka sênênge. Dene panganggone Roland kaya panganggoning saradhadhu bangsa Kozak kang misuwur ing Roslan. Apa kowe uga padha sinau jogèd?

--- 67 ---

KINANTHI.

Bu Mar nuwun wiyosipun | amba kumapurun niti | yèn ing sapunika mangsa | sajêg jêng ibu ngêmbani | mandhegani Taman Bocah | mêdal sabên Sêtu hari ||

Upyêk para kadang ulun | nyawang sami angaturi | sêrat dhatêng jêng Ibu Mar | sabên hari ndlidir prapti | datan towong anggêr êjam | lir pendah kadiya garimis ||[10]

Enjing sontên tanpa nganggur | maos sêrat sarta nggalih | dalah wangsulane pisan | punapa malih milihi | karangan ingkang prayoga | badhe kangge angisèni ||

Nèng Taman Bocah nggènipun | nyata awrat sangganèki | mila botên sabên janma | ingkang kuwawi ngêmbani | kados dene jêng Ibu Mar | dhasar wasis angrangkani ||

Tan wontên kuciwanipun | mila layak yèn kapiji | bauning Bale Pustaka | ngêmong kadang jalêr èstri | pantês lamun dados rena | saking têbih amba puji ||

Alulus salaminipun | tan wontên ingkang ngrubêdi | Taman Bocah saya ngrêbda | widada salami-lami | nuntun dhatêng kamajêngan | murakabi bangsa Jawi ||

Rèhning têrang ancasipun | Taman Bocah mung angèsthi | sampurnaning para mudha | swawi kadang amba sami | angudi amrih raharja | mikantukana sêsami ||

Taman Bocah sawêg umur | wolung taun ing sapriki | ewadene sampun nyata | kathah ingkang angrênggani | anuju lampah utama | sapunika sampun titi ||

Atur amba têlas sampun | nyuwun gunging pangaksami | sakathahing kalêpatan | dhatêng sadaya nupèksi | miwah dhatêng jêng Ibu Mar | tuwin kadang jalêr èstri ||

Buntarta Sêmarang.

DONGÈNG SAKA PONDHOK PÊSANTRÈN TÊRMAS

(Candhake)

Si begal nglungani kanthi anggawa primbone Si Ibnukajar sarta ngucap: "He Ibnukajar, têka kainan bangêt dene anggonmu sinau kawruh-kawruh mung kocathêti bae, ora koapilake, hla yèn primbonmu iki kobong, kawruhmu ya mêsthi milu sirna dadi awu. Kowe apa lali dhawuhing andika nabi: Qulubuhum anaziluhum: jawane= Atine umat Muhamad iku kang minangka dadi bukune.

Têkan sêmana si begal musna tanpa lari, Ibnukajar karanta-ranta pikire, sanalika cêngkelak bali puruita gurune manèh. Kyai guru barêng wêruh Ibnukajar bali manèh, saya bangêt kagète, nanging barêng wus midhangêtake ing aturi[11] Ibnukajar, apa lêlakone ing alas mau, banjur dhawuh: "O, Ibnukajar, kowe kudu muji sukur ing Pangeran, kang andhêdhêr pitutur bêcik marang kowe, mula iya kudu koestokake." Ibnukajar uga wis nglênggana, mula banjur anjurung sinau ngèlmu-ngèlmu manèh tanpa nganggo dicathêti kaya sing uwis-uwis, nanging mêsthi diapilake. Wêkasane Ibnukajar dadi ngulama gêdhe, kang mumpuni sakabèhe ngèlmu, tur kabèh kawruhe matêng, tumancêp ing sanubari kabèh, lan sangajale ninggali kitab-kitab karangan kang adi luhung. Sawênèh ana dhawuh pawêlinge dhapur wulang surasane mêngkene:

Lamun sira ngudèng kawruh kaki | sayêkti nora bisa sampurna | yèn tan ganêp nêm sarate | dhihin akale wutuh | kapindho pengin dadi bangkit | ping têlu tabri ajar | ping pat anggêguru | ping limane kanthi wragad | kaping nême kudu santosa ing budi | nganti lawas mangsanya ||

Cuthêl.

RECEPT DHAHARAN.

Beschuittaart.

Êndhog 8, gula 1 cangkir, beschuit alus utawa roti garing didhêplok alus 1 cangkir, susu 1 1/2 gêndul, mêrtega 2 sendhok dhahar, panili sacukupe.

Êndhog kaubêg karo gula. Susu, beschuit lan mêrtega sing wis kaêjèr banjur kacampurake, nuli dibakar sap-sapan ing loyang utawa piring sèng.

Mientarsih.

Lêlucon.

Sardi: "San, aku mau bêngi ngimpi, yèn kowe mènèhi dhuwit aku 15 sèn. Aku kok mangsuli: Lah iki rak kokehan sakêthip."

Hasan: "Ya, kene balèkna!"

__________

Simin: "Jam pira Din, saiki?"

Sidin: "Jam sêtêngah!"

Simin: "Sêtêngah piye, ta?"

Sidin: "Sêtêngah êmbuh ya, la wong jarume jam kae sing cêndhak... ilang."

Ismaji Sudarso.

__________

Guru: "Kri, kowe sabên-sabên wis tak tuturi, yèn murid ora kêna siya kewan."

Sukri: "Inggih, pak guru. Kula sampun ngêrtos."

Guru: "La aku wêruh dhèk wingi kok mbrundhuli kinjêng lan kok sujèni buntute, hara siya apa ora?"

Sukri: "Lo, lo, kula nalika samantên rak sanès murid, taksih dados lare angèn. Inggih punapa botên?"

Guru: "Wah, pancèn mbêling kowe kuwi."

Jaka Santosa.

--- 68 ---

SÊDULUR AKON-AKON.

I.

Kacarita ana sawijining wong sugih, aran Mangun, manggon ing desa kang kira-kira limang pal adoha saka kutha, karo bojone lan sêdulure lanang aran Karsiman.

Mangun lan Karsiman iku ora duwe sêdulur manèh, lan wis ana sawatara taun lawase ditinggal mati biyunge.

Sarèhne Mangun sêdulur kang tuwa, ing mangka Karsiman nalika wong tuwane mati isih durung ngumur, mulane dhèwèke banjur sing kuwajiban nyimpên kabèh dhuwit lan bandha tinggalane wong tuwane.

Si Mangun iku dhasare kêsèd ing gawe lan ora sênêng sinau maca utawa nulis, sênênge mung adu jago, nyandhang bêcik lan sêsrawungan karo wong kang ora duwe pagawean lan ora gêlêm nyambutgawe. Wong-wong padha wêruh, manawa Mangun iku royal (dhêmên mbuwangi dhuwit kang ora pêrlu), dadi wis mêsthi bae wong sing kêsèd nyambutgawe padha sênêng sêsrawungan karo dhèwèke, pêrlu ngarahi kasugihane.

Ing kampung iku uga, ana wong loro, sing siji aran Sastra lan sijine Parta, kang gawene ora liya mung adu jago, main kêrtu, minum lan nyêrèt. Wong loro mau bangêt ditrêsnani dening Si Mangun, awit padha kêkarêpane lan wis kulina.

Anuju sawijining dina Mangun calathu karo adhine lanang, yaiku Karsiman, mangkene: "Man, ing donya iki angèl bangêt nêmu mitra kang sêtya. Mitraku sing bêcik atine lan padha kêkarêpane karo aku iku Sastra lan Parta. Wis dakpikir sawatara sasi lawase, wong loro iku arêp dak angkat dadi sêdulur.

Kacarita Karsiman iku umure kira-kira lagi 21 taun, dene adat kêlakuane beda bangêt karo kakange. Dhèwèke pintêr maca lan nulis. Sarèhning Mangun iku sêdulur tuwa, mangka umure kacèk akèh lan kabèh-kabèh sing ngrampungi dhèwèke, mulane Karsiman ora tau wani mênggah apa sing dikarêpake dening kakange. Barêng Karsiman krungu têmbunge Mangun kaya kang kasêbut ing dhuwur, dhèwèke bangêt kagète sarta banjur calathu mangkene: "Aku krungu omonging wong, kakang, jarene saupama wong arêp ngêpèk sêdulur iku kang anduwèni laku apik. Ing mangka kabar-kabare Sastra lan Parta iku dudu wong kang bênêr-bênêr, lan adat kêlakuane ora kêna diarani apik. Ananging kakang iku luwih tuwa, luwih mangêrti, mêsthine ya ora milih wong sêmbarangan bae. Yèn pangrasane kakang wis bênêr, ya mangsa bodhoa, aku ora wani ngalang-alangi karêpe kakang.

Mangun krungu kandhane sêdulure lanang kaya mangkono, andadèkake kurang sênêng atine, banjur mangsuli: "Kowe ngêrti apa, bocah, wis mêsthi bae wong sing ora sênêng karo Sastra lan Parta, ya ngabarake ala. Aku sing wis têpung lawas dadi wis ngêrti adat kêlakuane. Wong loro iku olèhe bêcik patrape nyang aku, ora mèmpêr-mèmpêra yèn dudu sêdulur, mulane aku banjur thukul trêsnaku nyang wong loro mau lan anduwèni niyat arêp ngêpèk sêdulur. Dene yèn kowe ora sênêng karo wong loro iku, ya ora susah canthuk lawung.

Sauwise Mangun kandha mêngkono, banjur akon bojone supaya sêdhiya mangan kanggo ngurmati Sastra lan Parta sabab sorene bakal padha diundang mangan, wong loro iku bakal katêtêpake dadi sêdulur lanang.

Dina iku bok Mangun ribut olah-olah lan sorene Sastra lan Parta padha diundang mangan. Barêng wis padha rampung anggone mangan Sastra calathu mangkene: "Kang Mangun, ing sarèhne aku sakloron sore iki wis katêtêpake diaku sêdulur karo kakang, yèn kakang ana pêrlu utawa sabab apa-apa, sanajan ana ing alas grêng utawa ing sajroning banyu, ya kandhaa bae, ora susah ewoh-pakewuh karo aku sakloron, aku bakal arêp tulung kanthi rilaning atiku."

Mangun mangsuli: "Sêdulur-sêdulurku kang pintêr, aku muji padhaa têmên anggone sêduluran, yèn padha ana kêkurangan apa-apa, têkaa mrene bae.

II. Wong loro kang padha drêngki.

Sauwise Mangun ngangkat sêdulur Sastra lan Parta sabên dina tanpa lèrèn anggone padha inum-inuman nganti mêndêm, lagi bali. Sadulure Mangun kang têmênan yaiku Karsiman sabên dina ora liya mung ngaji, maca, nulis, cêkake ora kêndhat anggone sinau kapintêran. Sabên dina maca buku-buku lan layang kabar, sabab Karsiman wêruh, manawa sing sapa dhêmên maca layang kabar, iku bisa mundhak kawruhe lan jêmbar sêsurupane lan uga banjur ngêrti kaanan ing nêgara ngêndi-êndi, nanging ora lunga saka ngênggon. Karsiman mulane banjur nulad pitutur kang bêcik-bêcik.

Pêrkara kakange sok mêndêm, dhèwèke ora patia mreduli, awit sabên dielikake ora tau ngungrokake.

Bok Mangun wêruh, manawi sing lanang ora tau mikir sadulure lanang, banjur milu krasa, yèn bojone kêlakuane iku ora bênêr. Dhuwit bageane Karsiman ora diwènèhake, mung dianggo sênêng-sênêng dhewe bae. Salêbare ngangkat sêdulur Sastra lan Parta, mundhak dina mundhak ndhatuk anggone doyan minum, durung bali yèn durung mêndêm. Kala-kala sing wadon ngelingake, ananging salawase Mangun ora tau gêlêm mrêduli. Ana candhake.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Langêndriya

Sêrat Langêndriya punika ingkang sampun mêdal wontên: 6 jilid, inggih punika lampahan:

1. Jumênêngipun Dèwi Kancanawungu.@2. Pêjahipun Rănggalawe.@3. Gunjaran (Radèn Watangan lan Radèn Buntaran katawan ing mêngsah).@4. Pêjahipun Menak Jingga.@5. Damarwulan jumênêng nata.@7.[12] Panji Wulung dhatêng Majapait.

Jilid 6, babonipun sampun kalaksanan angsal. Sawulan kalih wulan malih mêdal. Ingkang sampun kalajêng mundhut jilid sanèsipun, botên kalajêng-lajêng cuwanipun. Ingkang dèrèng têmtu lajêng katarik panggalihipun.

Lampahan Langêndriya punika sabên têlas salampahan, golèk mêdal, sindhènipun ambak-ambing ragi kenging dipun raosakên.

Pakêm padhalangan ringgit krucil, cariyos lampahanipun: Radèn Damarwulan. Babon saking Ngayogyakarta, anggitan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi.

Gêndhing ayak-ayakan, suwuk, lagon, kinanthi jăngga, kêndhangan căndra, golèk anjogèd anggrudha mawi ura-ura Kinanthi:

kanthi-kanthining pangidung | ngudang dadining pudyadi | prawèndyaning langêndriya | wandaya wêwêding èdi | wit karsa Jêng Gusti Pangran | Adipati Mangkubumi ||

Litnan kolnèl jidan gupnur | pan sêtaph èstuning puji | mring raka jêng sri narendra | kluhuran yogya lêstari | sagarwa putra santana | têkan liyaning sanagri ||

Ngayugyakarta kadhatun | pra andêl nayaka wrêsni | sumrambaha kasênêngan | wadyaning nata gêng alit | mituhuning kasadarman | darma amonging dumadi ||

jêr pangudining pangidung | ngêngudang dadining pamrih | tan lyan mrih arjaning lampah | kudu waspadèng pra widi | aninggahi kawadakan | ngudi dadining utami ||

krana sutamèng tumuwuh | mêmanuh langgêngi tokid | anir deya dèn kawangwang | wanguning kaanan jati | lir warna sajroning kaca | manjing ingkang aningali ||

dhawah mas ginonjing, golèk anjogèd, nyambêr lajêng nglana. Rêp. Ura-ura malih, gêndhing Sinom Grandhèl:

kakang Gambyong prayoganya | aja katungkul ing kapti | luwih bêcik angupaya | pangrêti praboting urip | apa kang sira pilih | gramèn myang ngabdi pyayi gung | (Gambyong): raning bandhul baita | kayu gung rineka jalmi | karbèn apa nganggo golèk kang kangelan ||

(Golèk): kakang Gambyong aja wangkal | kudu ora anglakoni | jêr iku wus ingran lumrah | panguripan dèn ulati | tan kêna anyinggahi | luwih luput yèn katungkul | (Gambyong): babo gèr pagêr wayang | lamun ta bodho lir mami | apa dadak banjur nora kêdadean ||

(Golèk): kakang Gambyong kayaparan | durung ngrêti wis madoni | gonmu urip iku apa | ora lawan nyandhang bukti | yêkti iku tan prapti | kalamun ora linuru | (Gambyong): mas mirah kothak jêpan | kapithing kang sabèng sabin | apa dadi wong ayu pêpasthèn ilang ||

(Golèk): kakang Gambyong bênêr sira | mula nyata nganggo pasthi | nging tan tinggal pangupaya | jêr witing ana pinurih | ana dadi kinardi | rasakna iki ujarku | (Gambyong): walang ijo larira | rak arèndèn imbuh lami | êmbuh-êmbuh kudu sun sukak gambyongan ||

(Golèk): kakang Gambyong lamun sira | tan mituhu ujar mami | luwih bêcik pêpisahan | tanpa gawe sun ladèni | kêrêp ngudur sayêkti | wit wus sulayèng panêmu | (Gambyong): mas mirah sêmut abang | raning jendraling wong Ngarbi | aku gêmang yèn pisah kalawan sira ||

Jogèd macak, suwuk, prêpêkan. Golèk ical, suwuk, bibaran.

Kajawi punika, Sêrat Langêndriya samangke kamirahakên. Rumiyin f 1.- utawi f 0,80 sajilidipun, samangke racak namung rêgi a f 0,30.

--- [0] ---

 


sawise. (kembali)
apa-apa. (kembali)
sayêktos. (kembali)
candhi. (kembali)
gangsa. (kembali)
sangsara. (kembali)
nyêkapi. (kembali)
anjujugake. (kembali)
pèni. (kembali)
10 Lebih satu suku kata:lir pendah kadya garimis. (kembali)
11 ature. (kembali)
12 6. (kembali)