Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 62, Rê Lê, 27 Jumadilawal, Ehe 1868, 4 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [961] ---

Ăngka 62, Rê Lê, 27 Jumadilawal, Ehe 1868, 4 Agustus 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pura ing Karangasêm - Pambêkan Luhur - Rêdi Crême - Patilasan: Rêdi Gambar ing Ngawèn - Kawontênan ing Tiongkok - Bab Lampahipun Kolonis dhatêng Tanah Sabrang - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pura ing Karangasêm

[Grafik]

Pura Anak Agung ing Karangasêm ingkang ing ngandhap wontên balumbang punapadene patamananipun ingkang sarwa asri.

--- 962 ---

Raos Jawi

Pambêkan Luhur

[Sinom]

Nahên ta kang rinumpaka | duk jamane narapati | Wibisana ing Singgêla | binathara nyakrawati | sabarang rèh mumpuni | paramarta budya tulus | mêmayu ayuning rat | linulutan para dasih | dhasar lêbda kridhaning asmaralaya ||

marma mangkya rinumpaka | dimène dadya palupi | mring sing sapa kang sumêdya | ngarah kamulyane urip | uripe donya ngakir | jêr palupi iku prêlu | eman yèn tininggala | karana têpa palupi | dadya kanthi tumrap sagunging pratingkah ||

sanadyana adarbea | ngilmu luhur dakik-dakik | lamun tanpa têtuladan | lêlakone pra winasis | kang nyata mikolohi |[1] adhêdhasar budya tulus | ngilmune ilang muspra | jêr tindak utama sêpi | lir bêbasan wastra lungsêd ing sampiran ||

yèn tan sudi têtuladan | lêlakone pra linuwih | kang asmane wis kasusra | harak bakal nêniwasi | sêdyane tanpa dadi | mung nuruti ardèng kalbu | rumasa wus widagda | nganggo karsane pribadi | ngorakake têpa palupi kang nyata ||

kawuwusa duk samana | sri narendra nguningani | yèn wus pêrak mangsanira | kondur marang ngalam gaib | tandhane mêlok kèksi | gya nimbali narpasunu | Dyan Arya Bisawarna | sri narendra ngandika ris | hèh ta kulup sun jarwani piyarsakna ||

wus karsane Hyang Suksmana | sira pisah lawan mami | karana wus praptèng măngsa | ing janji kang wus pinasthi | tan kêna dèn selaki | kulup ingsun arsa kondur | mring ngalam kalanggênan | marmane samêngko kaki | tampanana prajanira ing Singgêla ||

sira kulup umadêga | narendra gung ambawani | mêngku praja ing Singgêla | ananging ta wêkas mami | ywa tinggal ngati-ati | boya gampang madêg ratu | ywa tinggal paugêran | ugêre sri narapati | iya iku pambêkan wolung prakara ||

uga aran asthabrata | sapisan ambêking bumi | lire tansah adêdana | mawèh sukaning dumadi | wujude dana kaki | samubarang kang tumuwuh | ana ing angganira | suka lila yèn dèn ambil | mring sok wonga kang prêlu andarbènana ||

aywa manèh têtuwuhan | yèn tan lila dèn ambili | sanadyana angganira | dhinudhukan tan saksêrik | mandar yèn ambênêri | nyimpên rajabrana agung | pêlikan warna-warna | suka lila trusing ati | sinungake para janma kang uninga ||

kapindho ambêking tirta | lire tansah angenaki | mawèh suka para janma | tan rêngat tan gung lumintir | cinawuk wali-wali | tan kaèksi longing ranu | sakala paripurna | kadya dene tan ingambil | yèn pinêrang wanti-wanti tan katara ||

dadya dènnya ada-ada | ngenaki tan kêdhah-kêdhih | wus tan nganggo ringa-ringa | barès kurès trusing ati | pawèhe tan pinikir | masaborong kang anjupuk | ngêgungake apura | adil paramartèng dasih | amêmayu sèsining rat pinrih suka ||

kaping tri ambêking brama | amisesa ing sakalir | ambabadi rêrungkudan | sirnane pinangan agni | rêrêgêd donya ênting | kang malang-malang pinutung | rawe-rawe rinantas | ambrastha sagunging sisip | nyirnakake mêmala druhakèng jagad ||

amadhangi

--- 963 ---

kapêtêngan | yèn kelangan tan rudatin | tan kêmba kinarya gêla | tan êsak kinarya sêrik | tumindak sarèh wêgig | tindak sêrêng uga baut | gumantung ing kaanan | sarèh sêrênging pakarti | karo pisan tanduke tan kawistara ||

ping catur ambêg maruta | sabarang rèh kanthi titi | ngati-ati ngarah-arah | bangkit nuksma agal rêmpit | gunane miyatani | datan pêgat alêlaku | pamrihe tanpa cihna | yèn tinulak boya sêrik | yèn katarik tan pisan êsak tyasira ||

ping lima ambêking suryya | ing pangarah lèrèh lirih | ing karsa tan daya-daya | saniskara kang ingungkih | sinangkan sing sathithik | kang satêmah bangkit nyakup | tandange tan rêkasa | sarwa sarèh ngirih-irih | kang kadayan mituhu rèh tan rêkasa ||

ping nêm ambêging rêmbulan | sumèh ing netya mranani | mawèh sêngsêm kang umiyat | jatmika alusing budi | nuraga amèt asih | nawurake kang raras rum | sumrambah sèsining rat | kapanduk gandane sari | sêgêr sumyah manjing saranduning angga ||

kapitu ambêging lintang | santosa pêngkuh ing budi | datan lèrès ing ubaya | lêlemeran datan sudi | pitaya trusing ati | saguh wutuh tanpa kewuh | tan nganggo samudana | lire samudana lamis | rewa-rewa saujare ginugua ||

ping wolu ambêking ima | adile tanpa sêsiring | ngêmpakake wêsiasat | danane yèn ambênêri | udan drês maratani | wèh sêgêre tanêm tuwuh | dene kang wêsiasat | swarèng guntur anggêtêri | banjir bandhang anjalari karusakan ||

ala bêcik kinawruhan | gêbyaring kilat myang thathit | kang minăngka niti priksa | dènnya arsa angadili | kang bênêr anampani | ganjaran kang wis tinamtu | kang ala pinidana | samurwate laku sisip | wus palastha warsitane sri narendra ||

wasita di kasbut ngarsa | kagêm para narapati | nanging nadyan mangkonoa | yèn ginagas lan tyas suci | kalawan pikir wêning | sok janmaa kang mrih ayu | rahayu mêngku wisma | garwa putra sanak batih | sumarambah srawungan sapadha-padha ||

lamun kanthi têtuladan | sanadyan saka sathithik | harak iya wus lumayan | sêmbadane kang kinapti | satêmah anjalari | suka bungah kang winêngku | sukane mêngku trêsna | saka lair kandhas batin | yèn mangkono kêna ingaranan bêgja ||

lamun para mêngku wisma | bangkit mêngku jroning panti | jroning wisma karaharjan | yèn para kang amêngkoni | utawa manggêdhèni | pagawean ambêg tulus | ngenaki tyase bawah | tumindake klawan ngadil | kadyadene palupi kajarwèng ngarsa ||

wis tartamtu karaharjan | tata têntrêm jagad iki | datan ana pasulayan | sirna para laku juti | druhaka sirna gusis | miris wêdi budya tulus | o iya muga-muga | Hyang Suksmana ngijabahi | apuranta kula Ki Darmaprawira ||/

Kêpanjèn - Malang

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4082 dhoplang. Kirang f 0,50 tumrap Dec. '37.

Lêngganan nomêr 1146 ing Munthilan f 3.- sampun katampi, nuwun.

Lêngganan nomêr 2092 ing Palembang. Wisêl f 3,- punika tumrap pambayaran taun 1938.

--- 964 ---

Rêdi Crême

Ing wêkdal punika kawontênanipun Rêdi Crême sawêg dados rêraosanipun tiyang kathah, awit rêdi wau tansah ngêdalakên kukus kumêlun tuwin wontên tăndha-tandhanipun ingkang damêl kasamaran.

[Grafik]

Pucaking Rêdi Crême.

Mirid wontêning tăndha-tăndha ingkang kados makatên wau, Rêdi Crême punika satunggiling rêdi latu, anggèning dangu botên kocap, bokmanawi kêbêkta saking anggèning sampun dangu sirêpipun.

Dunungipun Rêdi Crême punika wontên ing paresidhenan Cirêbon, inggilipun wontên 3078 mètêr. Awak-awakaning rêdi kathah ingkang waradin pasitènipun, mila ing ngriku ingkang sisih lèr wontên kabudidayanipun, kados ta kabudidayan tèh ing Argalingga tuwin ing Padhacukup, kabudidayan kinah ing Sadharehe, tuwin kabudidayan karèt ing Teja. Dene ing gigiring rêdi ingkang kathah kêtuwuhan alang-alang. Ing pasitèn ingkang inggilipun dumugi 1250 mètêr taksih kathah padhusunanipun. Malah ing kinanipun, ing papan sanginggilipun punika taksih wontên dhusunipun, nanging dangu-dangu lajêng pindhah mangandhap, jalaran sami ngraos dipun cakêti ing bêbaya.

Marginipun dhatêng pucak, ingkang sakeca piyambak mêdal Argalingga utawi Apui, ugi wontên saking margi sanès, nanging ragi rêkaos. Dados margi wau manawi saking kidul mêdal Apui, manawi saking wetan mêdal Linggajati, manawi saking lèr mêdal Mandhirancang.

[Grafik]

Rêdi Crême katingal nuju ngêdalakên kukus.

Ing èrèng-èrènging rêdi wau sisih wetan ingkang inggilipun 2863 mètêr, wontên papanipun maluwa wiyaripun kintên-kintên wontên 100 mètêr pasagi, piandêlipun têtiyang, ing ngriku punika ing kinanipun [kinani...]

--- [965] ---

[...pun] tilas pagupakan warak. Ing papan ngriku wau lajêng dipun wastani Pangasinan, bokmanawi kapêndhêtakên saking solahing kewan ingkang sarana patrap nêdha siti, punika dipun wastani: ngasin, utawi masin. Ing sisih kidul wontên pasitèn ingkang karan: Gunungwangi, sawanganipun ing ngriku punika sakalangkung nêngsêmakên. Ing ngriku wontên pasareanipun ingkang bupati Majalêngka ing jaman kina. Ing sawetanipun dhusun Cibodhas, sampun nate dipun êbur kapadosan lisahipun pèt, nanging botên wontên wohipun, ing sapunika namung kantun patilasanipun kemawon.

Ing bab namaning Crême, punika ngawontênakên dêdongengan warni kalih, wontên ingkang kapiridakên saking namaning thuthulan[2] ingkang pinanggih ing parêdèn ngriku ingkang nama cirêmai, bangsaning thuthulan wana.

Satunggalipun kapiridakên saking dêdongenganipun têtiyang sisih wetaning rêdi, inggih punika ing Linggajati tuwin Linggasana, mratelakakên bilih ing jaman kina, inggih punika jaman enggal-enggalanipun agami Islam, para wali ing tanah Jawi sami ngawontênakên musawaratan wontên ing rêdi wau, inggih musawaratan wau dipun wastani carêmipun, (carême) para wali.

Dados ing bab namaning rêdi mêndhêt saking wontênipun wit crême limrah punika, botên wontên èmpêripun, awit ing parêdèn ngriku botên wontên witipun crême.

Pinanggihipun wontên ing kapitadosan, rêdi Crême wau punika ugi kêgolong rêdi ingkang wingit, têtiyang ingkang minggah mriku anganggêp ngambah dhatêng papan ingkang suci. Punika sagêd ugi saking gêgayutan dêdongengan ing ngriku wontên patilasaning para wali, makatên ugi mirid wontênipun Kangjêng Sunan Gunungjati punika satunggiling wali misuwur ing Jawi Kilèn, mèmpêr saupami linuhurna dening têtiyang ing ngriku, ngantos nyarambahi dumugi papan patilasanipun.

[Iklan]

Mirid pèngêtan, rêdi Crême punika sampun nate anjêblug, inggih punika kala ing taun 1772 tuwin taun 1805. Kala panjêblugipun punika ing laladan ngriku tuwuh pagêblug sêsakit.

Miturut dêdongengan ing jaman kina wau, ngatingalakên ing bab wingitipun rêdi Crême. Nanging manawi mirid kawontênanipun ing sapunika, wontên titikipun bilih ing awak-awakaning rêdi wau malah kèbêkan papan asri ingkang dados tandhaning tata tuwin raharja. Mila bab kawontênanipun rêdi Crême, namung kandhêg samantên, tuwin dadosa tăndha kawilujêngan ing salajêngipun.

--- 966 ---

Cariyos Kina

Patilasan: Rêdi Gambar ing Ngawèn

Ing kapanewon Ngawèn, bawah kawadanan Wuryantara, Kabupatèn Wanagiri, siti kagungan dalêm Sampeyan Dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara, ingkang kaslêmpit ing Kabupatèn Gunungkidul, Ngayogyakarta, wontên papan ingkang mingklik-mingklik ing nginggiling parêdèn, karan rêdi Gambar. Ing ngriku kacariyos papan patilasan dalêm Kanjêng Gusti Mangkunagara I, kacariyos ugi patilasan dalêm Kangjêng Sunan Kalijaga.

Mênggah kawontênan saha dêdongenganipun ing ngriku, badhe kula cariyosakên urut kados ing ngandhap punika:

Siti kagungan dalêm ing Ngawèn punika, kacariyos wiwit kangjêng gusti kapisan taksih pangkat mantri bawah Kasunanan, paring dalêm Ingkang Sinuwun P.B. II. Ing sapunikanipun tanah Ngawèn punika sakapanewon, isi kawan kalurahan, ingkang jiwanipun 9320.

Karajaning kapanewon botên wontên ing dhusun Ngawèn, nanging wontên ing dhukuh Kampung, inggih punika manggèn tilas griya Sindêr Tom, jaman jumênêng dalêm ingkang kaping VI, ingkang misuwur ngatos-atos lan gêmi. Jalaran saking makatên, kêrêp kemawon wontên priyantun enggal lan rawuh ing ngriku kêsasar dumugi ing dhusun Ngawèn.

Saking krajan kapanewon wontên margi mangilèn urut pinggiring pêkên nurut dhusun ngantos mêdal saking dhusun Kampung. Sakilèn dhusun lajêng nglangkungi lèpèn, tuwin anglangkungi patêgalan ingkang umumipun ing ngriku mastani pabrik, kacariyos tilas pabrik tom, saking ngriku parêdèn lan papaning Rêdi Gambar sampun katingal cêtha.

Pratigan manêngên dumugi dhusun Candhi Kidul tumuntên Candhi Lèr, ngalèr sakêdhik menggok mangiwa, dhukuh Pagêrjurang. Nama Pagêrjurang punika cocog lan kawontênanipun, pagêring pakaranganipun sami jurang. Wiwit ing ngriku marginipun dhatêng Rêdi Gambar, minggahipun taksih lampahan watawis satêngah jam, tanpa nglangkungi dhusun, namung manawi sampun mèh dumugi kirang langkung kantun gangsal mênutan, nglangkungi trukan rêdi Gambar, papanipun sadhèrèk sami pados têmpilan dêgan kangge jampi ngêlak,- lajêng dumugi.

Sadumuginipun ngriku, ingkang kapanggih rumiyin tribinê (gubug munggul tratagan) papan kangge kêpangan wilujêngan nyadran, ugi sabên-sabên kagêm palênggahan dalêm Kangjêng Gusti manawi karsa pêpara, utawi priyantun sanèsipun malih. Anggubêt mangalèr nuntên mangilèn, saking ngriku minggah sakêdhik wontên guwa majêng ngalèr ngilèn, ngajênganipun papan padupan.

Saking iringing guwa sisih kidul, nrèthèk minggah dumugi pucak waradin sawatawis. Iring sisih lèr wetan wontên bêlikan sela padhas, ingkang kacariyos katiga rêndhêng isi toya (kapitadosan sawênèhing tiyang: toya janjam). Gampènging bêlikan wontên sêratan tatahan lêgok, sastra Arab: Allah. Sakilènipun punika wontên lêgokan jèjèr kalih.

--- 967 ---

Kêpering kilèn malih (dados sampun sisih lèr kilèn) wontên lêdhokan, cêkap tiyang sakawan utawi gangsal, yèn tiyang mapan mriku majêng mangalèr, sagêd sumêrêp tanah ngare ingkang bawera sangêt.

[Iklan]

Gêgandhengan kalihan cariyos punika, ing bawah kalurahan Bèji, wontên wana sakêdhik tutupan hak dhusun, ing ngriku lêrêsing namanipun: alas Adi, namung katêlahing tiyang mastani: alas Wanasadi. Ing ngriku marginipun malêbêt, saking dhusun minggah andêdêr, ngrêsêpakên paningal. Ing pungkasaning margi, dumugi tanah waradin ingkang têmtu kangge papan panyadranan kados ing rêdi Gambar, ing sabên taun.

Dongengan ingkang kula panggih.

Kacariyos kala jaman rumiyin wontên warăndha gêgriya kalihan anakipun wanci jêjaka kêkalih nama: Gadhingmas kalihan Ănggaloco. Padamêlanipun têtanèn sarwi babad-babad wana.

Ing sabên dintên, Gadhingmas saha Ănggaloco babad ing têgil pucaking rêdi cêlak kalihan guwa rêdi Gambar. Sabên-sabên kakintun ing biyungipun, manawi kèndêl nêdha lare kêkalih wontên ing sangajênging guwa, amargi ing ngriku papan ingkang ajêg eyub.

Dangu-dangu jaka kêkalih mêsakakên dhatêng biyungipun, wicantênipun: O, yung, kok rêkasa-rêkasa têmên. Wis ta, kakang karo aku karêbèn padha gênti-gêntèn anjupuk kiriman. Kowe ora susah rêkasa. Badhe kasambêtan.

Tiyang jiyarah, Aneoglap.

--- 968 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Campuhing wadya Tiongkok tuwin wadya Jêpan katingal saya mêmpêng. Panêmpuhipun wadya Jêpan ing antawising Pèiping tuwin Tinsin sakalangkung rame, wadya Tiongkok dipun tindhihi dening Sèng Sè Sung, burgêmistêr ing Tinsin, wadyanipun sagêd ngurung wadya Jêpan, ingkang sami tumindak ing damêl andandosi kawat tilpun. Nanging Jêpan ugi prayitna, sarêng sumêrêp wadyanipun dipun kêpang ing mêngsah, lajêng nusuli bêbantu miyat kêpanganing mêngsah wau, salajêngipun dipun susuli wadya gêgana Jêpan ingkang lajêng andhawahi bom saking gêgana, kawusananipun wadya Tiongkok kêpêksa angunduri. Salajêngipun Jêpan gadhah panêdha supados wadya Tiongkok dipun undurakên saking Langpang dhatêng Kuwan, kaprênah sakilènipun lèpèn Yungting.

Ing ngriku wadya Tiongkok kêpêksa angunduri, saha sêtatsiun ing Langpang dhawah ing panguwaosipun Jêpan. Bab punika Tiongkok rumaos mêsgul ing manah, awit anggènipun wadya Tiongkok purun rêrêmpon nêmpuh mêngsah, jalaran saking dipun wiwiti, dipun lêpasi ing sanjata mêsin dening wadya Jêpan, jalaran wadya Jêpan wau dipun pênggak botên angsal mandhap saking sêpur ing Langpang. Wusana lajêng dados campuh sakalangkung rame, ingkang lajêng dipun santosani yêktos, kanthi ngawontênakên bêbantu Jêpan ingkang sakalangkung santosa.

Malah panêmpuhipun Jêpan ing Langpang wau ngantos adamêl karisakan agêng, sêtatsiun tuwin tangsi ing Langpang dipun dadosakên karang abang. Sarêng bab punika wontên sêrêgan saking pangagêng ing Tinsin, botên dipun tanggapi dening Jêpan. Nanging tindakipun Jêpan ingkang kados makatên wau malah saya damêl muntabing manahipun para upsir Tiongkok ingkang dipun pangagêngi dening Sung Se Yuwan.

Ing salajêngipun wontên dhawuh tatanan saking Sang Kaisèk, ingkang tumuju dhatêng Sung Se Yuwan, ing bab tata tumindaking pananggulang dhatêng panêmpuhipun Jêpan. Malah ugi lajêng ngawontênakên tatanan wadya anggêgana.

Tatanan ingkang kados makatên wau sampun anêtêpi bab caraning tumindak cekat-cèkêt ing samăngsa wontên damêl. Makatên ugi tumrap Jêpan, inggih lajêng ngêdêgakên kasantosaning pabarisanipun ing pundi-pundi. Ing măngsa paprangan punika, dhepartêmèn paprangan Jêpan nêtêpakên nyadhiyani waragad pêrang 100 yuta ponsêtèrling.

Sarêng bab paprangan punika sampun sumêbar wartosipun, ing pundi-pundi ugi lajêng nêtêpakên wontênipun paprangan. Saya malih manawi ngèngêti adrênging panêdhanipun Jêpan dhatêng unduring wadya Tiongkok, punika sampun cêtha sangêt, bilih ubaling latu paprangan badhe saya andados. Pandhêsêgipun rêmbag Jêpan dhatêng Tiongkok sampun botên kenging dipun pabêni malih, kêdah tumuntên kalampahan. Nanging Sung Cèh Yuwan taksih nyêmadosi, [nyêmado...]

--- 969 ---

[...si,] wusana Sung Cèh Yuwan têtêp angêmohi dhatêng panêdhanipun Jêpan.

Ing ngriku lajêng wontên campuhing golongan kalih wau wontên ing saêlèripun Pèiping, campuhipun sakalangkung rame. Wadya Tiongkok mèh tumpês sadaya dening panêmpuhing mêngsah saking gêgana.

[Iklan]

Ing ngriku panguwaosing Jendral Sung Cèh Yuwan saya agêng, dipun sukani panguwaos nindhihi wadya parentah pusêr ingkang wontên ing Hopèi. Supados manawi wontên panêmpuhing mêngsah saking sajawining praja sagêda nanggulangi kanthi kasantosan yêktos.

Ingar-ingêring ulah paprangan punika pancèn langkung gawat, nyatanipun sarêng Tiongkok botên mituruti panêdhanipun Jêpan, Jêpan lajêng ngewahi gêlaripun, sêrêngipun ingkang ing ngajêng nêdya nêmpuh, lajêng asrêp botên wontên sabawanipun malih. Măngka tumrap pangagêng ing Pèiping sampun ngawontênakên tatanan sarwa samapta, rakyat ing Pèiping sami kapurih têntrêm. Nanging sarêng wontên gêlar kados makatên, pangagêng ing Pèiping tuwin Tinsin malah saya agêng kasamaranipun, awit tamtu badhe wontên lêlampahan ngêgèt. Mila kori-kori ing kitha kapurih nutup sadaya.

Botên lidok, ing Tuwan Ho satunggiling kitha alit sacêlakipun Nan Yuwan, tuwuh paprangan sakalangkung rame. Makatên ugi ing Tèng Co ugi tuwuh paprangan.

Namung pinuji pasulayan punika sagêda rukun.

--- 970 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Lampahipun Kaum Kolonis dhatêng Tanah Sabrang

III

Petruk : Wis, Kang Garèng, aja ngrêmbug sing ora karuwan mêngkono. Saiki aku tak ambanjurake caritaku ing bab lakune kaum kolonis. Sêpur sing kanggo ngusung kaum kolonis nyang Lubuklinggo kuwi sêpur èksêtrah, nèk cara Jawane sêpur mirungga, kang maligi mung ngangkatake wong kolonis.

Garèng : Wèh, hla kok kaya bêndara gêdhe bae, nganggo sêpur èksêtrah.

Petruk : Iki iya rupa panjaga, Kang Garèng. Pancène mono iya wis ana sambungane sêpur karo kapal, malah wêktune kurang luwih ana sêtêngah jam, nanging ing sarèhne cacahe kaum kolonis băngsa patang atusan, tur isih nganggo ditata sing pating clêkuthik kaya sing wis tak kandhakake lagi anu kae, têmtune nèk mung ditemponi sêtêngah jam, bakal repot, Kang Garèng, mulane banjur dianakake sêpur èksêtrah, sing maligi mung kanggo kaum kolonis karo prayagung sing anjujugake, paduka tuwan kontrolir saka ing Batawi, cacahe rong blindhi, Kang Garèng. Dene kala samono sing mêthuk, sing tukang mrênah-mrênahake, sing anduduh-duduhake, cêkak aos, sing dadi tuwan rumah: paduka tuwan kontrolir ing Lubuklinggo. Dene mungguhing aku, dianggêp dhayoh, sarta diulêmi mèlu nunggang sêpur èksêtrah kono. Ing kala samono ing sêpur kono mung dianani rong klas, yaiku klas têlu, sing kanggo wong-wong kolonis, sarta klas liyane manèh, sing kanggo kangjêng tuwan-kangjêng tuwan têlu-têlune pisan, apadene tamune: Sang Arya... aku iki, yaiku ing klas... logê.

Garèng : Kok banjur ngumbul-umbulake awake dhewe mêngkono, rumasamu kuwi apa, hèh. Kajaba saka iku, sawêruhku ing sêpur kuwi klas-klase klas I, II, III lan IV, ana kok dikandhakake lungguh ing klas, logê, apa ana ing wayang wong, utawa klase: Mis Ribut.

Petruk : Aja kliru tămpa, Kang Garèng, anggonku nyêbutake awakku dhewe: Sang Arya, kuwi aku mung arêp ngajèni para kangjêng tuwan-kangjêng tuwan mau. Nèk aku mung nyêbut: si, bae, têmtune rak iya ora kêpenak, ingatase para kangjêng tuwan kathik sêsrawungan karo: si, iki nurunake drajate, Kang Garèng. Balik: Sang Arya, nèk karo bangsane kangjêng tuwan, kêna

--- 971 ---

diarani: tunggal pêthènthènge, mulane tumrape kangjêng tuwan, iya ora nurunake drajate, lan: Sang Arya, iya ora prêlu ngesat-ngesot, nanging bisa sakêpenake. Dene sing takarani klas: logê, kuwi luwih dhuwur katimbang klas II utawa klas I, awit anane klas sing kaya ngono kuwi, mung kalamăngsa bae. Mungguh wujude klas logê iki:... grobag barang, sing didèkèki meja pasagi siji lan kursi papat.

Garèng : Ngrêti aku saikine, dadi para kangjêng tuwan, apadene kowe, kala samono jumênêng dadi:... jaga thèthèk, anjaga barang darbèkte[3] kaum kononis,[4] sing mêsthine disimpên lan ditumpuk ana ing grobag barang kono.

Petruk : Sakarêpmu anggonmu arêp ngarani. Nanging ing kono rak têtela anggone kaum kolonis tansah jinaga, nganti barang-barange sing diwajibake ngulat-ulatake iya para kangjêng tuwan-kangjêng tuwan.

Garèng : Sukur ta sukur, aku kok mèlu bungah, dene samono anggone kana ngitik-itik băngsa inyong. Saiki kapriye kaanane ana ing dalan.

Petruk : Pangkate sêpur saka Tanjungkarang, yaiku dohe kurang luwih nêm pal saka palabuhan - awit kumpule kaum kolonis iya ana ing kutha kono - kira-kira jam satêngah sawêlas. Dina kuwi sing dijujug ing Lahat, Kang Garèng, têgêse: aku kabèh kudu nginêp ana ing Lahat. Dene têkane ing kono, kurang luwih jam sêtêngah sêpuluh bêngi, Kang Garèng.

Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, ana kok banjur mung dijujug ngono bae. Ambok caritakna dhisik, kêpriye kaanane ana ing dalan, lan sêsawangane turut dalan, apa iya: èdi, pèni, asri, sêmangêr lan anêngsêmake.

[Grafik]

Petruk : Sêsawangane turut dalan, rada nyêpêt-nyêpêti, Kang Garèng, sabab têrus-têrusan mung alas thok bae, tur dudu alas gung liwang-liwung, nanging alas trataban, mulane kanggone aku, lagi nyawang sêtêngah jam bae, matane wis lêr-lêran bangêt. Lan ora suwe banjur ngimpi, nanging iya ora... ngilêr, Kang Garèng. Tujune ora antara suwe, minăngka kanggo cagak êlèk, kangjêng tuwan-kangjêng tuwan mau padha ngajak Sang Arya aku: kêplèk, e, nas, main: brij-wah, kêsalahan gêdhe aku, Kang Garèng, wong pêrmainane para kaum têlèk, têka cangkêmku ora kêna tak êrèm, ujug-ujug mak :

--- 972 ---

cêblung, muni: kêplèk.

Garèng : Wis, ora susah didawa-dawa. Nanging ing batin aku rada cêkikikan bangêt, ingatase kowe kathik main brij karo kangjêng tuwan-kangjêng tuwan. Lo, karampungane kêpriye, Truk. Kowe apa iya mênang.

Petruk : Tak kandhani, Kang Garèng, dhisike sing dadi inconku salah siji kangjêng tuwan kontrolir sing saka Batawi, iki mungsuh karo tuwan rumah, kangjêng tuwan kontrolir ing Lubuklinggo, kang incon karo kangjêng tuwan kontrolir sing saka Batawi liyane. Kowe wêruh dhewe, Kang Garèng, aku iki bangsane wong andhap-asor, tur uripku iki mung tansah ambudidaya, bisane gawe sênênging liyan. Kala samono aku rumasa dadi tamu, miturut piwulange para sêpuh, wong dadi tamu kuwi sabisa-bisa kudu tansah ambudidaya gawe sênêng lan marême tuwan rumah. Jalaran saka iku anggonku main brij iya tak kalah-kalahake, cikbèn tuwan rumah, yaiku kangjêng tuwan kontrolir Lubuklinggo, sênêng panggalihe. Ing sarèhne kalahe aku sainconku wis rada tumpuk-tumpuk, suwe-suwe banjur ijol incon, kang sabanjure sing dadi inconku banjur kangjêng tuwan kontrolir Lubuklinggo, iki atêgês: wiwit samono aku banjur dadi tuwan rumah. Miturut adat tatacara Jawa, tuwan rumah kuwi kudu tansah ambudidaya gawe sênênge tamu. Ing sarèhne kala samono aku dadi tuwan rumah, wajibku iya gawe sênêng marang tamuku, mulane mainku iya têrus-têrusan tak kalah-kalahane bae.

Garèng : Wayah, padune ora bisa main brij bae, kathik kakehan prêtèngsèng. Wis, banjurna bae caritamu.

Petruk : Kira-kira jam satêngah sêpuluh bêngi, sêpure têkan ing Lahad. Wah, ing kala samono wis pêtêng andhêdhêt, Kang Garèng, ewasamono mudhune kaum kolonis iya mêksa bisa dipranata rajin bangêt kae, Kang Garèng. Wong-wong mau padha diirit nyang pondhokane, kurang luwih dohe saka sêtatsiun, rong atus pêcak, Kang Garèng. Ing kono wis ditata kabèh-kabèhe, iya pangane, papane turu, kulahe. Dalasan panggonane: prêlu bêsar, iya wis disadhiyani. Lo, samono panjagane marang wong-wong kaum kolonis mau. Nanging, kocapa, Kang Garèng, saka anggonku anjingglêng nonton panampane kaum kolonis mau, wusanane kanggo pondhokanaku dhewe kapiran-kapirun. Ing măngka ing kala samono wis jam sêpuluh bêngi, ana ing Lahat ora wêruh lor kidul. Mulane aku banjur nekat dadi: sang arya pisan, yaiku: banjur mung mela-mèlu para kangjêng tuwan-kangjêng tuwan mau, pungkasane: bluwêng mlêbu ing hotèl Walănda. Ing batin: ma-tik, aku saikine, kalakon kudu mangan Lănda, têgêse: kudu mangan masakan-masakan cara Lănda.

Wara-wara

Ing dintên punika waosan enggal dèrèng sagêd kawiwitan, minăngka sêsêlan dipun aturi dongèng cêkak: Sêtya Munggêl Kamurkan.

--- 973 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, Radèn Bierce A.I.B. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Paresidenan Kêdiri, dados tij. wd. wêdana Paresidenan Kêdiri. Mas Sudiman, tij. wd. A.I.B. ing Paresidenan Malang, dados tij. wd. A.I.B. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidenan Malang. Radèn Musayid Kusumobroto, tij. wd. A.I.B. Paresidenan Surabaya, dados tij. wd. A.I.B. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidenan Kêdiri. Pujobuntoro, tij. wd. A.I.B. Paresidenan Surabaya, dados tij. wd. A.I.B. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Malang.

Pindhahipun Mr. Subroto kaundurakên. Ingajêng kawartosakên, pindhahipun Mr. Subroto saking Surabaya dhatêng Bêtawi katêmtokakên wontên ing wulan Augustus punika. Ing sapunika wontên wartos kaundurakên sawatawis wulan malih, amargi wontên padamêlan pêrlu sangêt ing provinciale raad ingkang kêdah karampungakên.

Mr. Sumardi. Wontên wartos, Mr. Sumardi ingkang nêmbe wangsul saking nagari Walandi, asli saking Surakarta, wiwit wulan punika dipun parêngakên suwita nagari karajan Jawi ing Surakarta, manggèn ing kantor B. nindakakên padamêlan babagan pajêg.

Ambachtsleergang ing Purworêjo botên saèstu kasuwak. Ingajêng sampun nate wontên wartos, bilih Ambachtsleergang ing Purworêjo badhe kasuwak, gêgayutan kalihan pangiridan. Nanging miturut katrangan saking ingkang wajib, pamulangan wau botên saèstu kasuwak. Saha salajêngipun sampun kawarak-warakakên dhatêng ingkang gêgayutan.

Pindhahan doktêr. Dr. Syamsudin, ingkang nyambut damêl wontên griya sakit lepra ing Sêmarung, Surabaya kapindhah dhatêng Cilacap, nindakakên padamêlan nanggulangi sêsakit lepra ingriku.

Ngawisi gambaring pangagêng kangge reclame. Miturut wartos, atas saking dhawuhipun pangagêng ing Tiongkok, ngawisi sampun ngangge reclame ing pariwara sarana mawi gambaripun jendral Chiang Kai Shek, amargi tindak makatên wau nama ngrèmèhakên kadrajataning pangagêng.

Darma agêng. Kawartosakên, bangsa Tionghwa ing Surabaya adamêl bêbadan pados darma kangge mitulungi bangsa Tionghoa ing Tiongkok sisih lèr ingkang sangsara jalaran pêrang. Ing bab punika toko Mascote suka darma 10.000 dollar. Kajawi punika nalika bêbadan wau pados darma wontên parêpatan, angsal arta f 6.000.-.

Cèt bathik dipun bêskup. Sampun sawatawis dintên Cirêbon wontên cèt bathik dipun bêskup. Barang ingkang dipun bêskup wau ngantos tigang rambahan, dene ingkang kanggenan tiyang ing Cirêbon ngriku, barangipun badhe dipun kintunakên dhatêng sudagar ing Bêtawi. Wontênipun barang wau dipun cêpêng, amargi barang wêdalan Jêpan, ingkang lêrêsipun botên kenging kalêbêtakên dhatêng tanah ngriki.

Pagantosan pêtêng. Pulisi ing Bêtawi mêntas anggropyok griya pagantosan pêtêng ing Tanah Abang, pinanggih barang-barang awarni vulpen 83 tuwin sarung kathah. Tiyang ingkang gadhah pagantosan wau kajawi nêrak pêpacak ngêdêgakên griya pagantosan pêtêng, ugi kêgrajang kanggenan kadurjanan. Salajêngipun dados papriksan.

Anggèning andon layaran Tuwan Speck. Kados ingkang sampun kêrêp kawartosakên, Tuwan Speck ingkang badhe ngubêngi jagad kanthi numpak baita alit, kala tanggal 19 Juli kêpêngkêr, baitanipun kabêkta numpak kapal Australie alit bidhal saking Kalabihi dhatêng Alor. Sakingriku lajêng badhe bidhal wangsul dhatêng Dilly numpak baitanipun piyambak. Sasampunipun dumugi ngriku badhe nglajêngakên lampah mangetan.

P.I.D. Sêmarang suka pêpèngêt. Kawartosakên, guru-guru sêkolahan Tionghoa ing Sêmarang sami tampi pêpèngêt saking P.I.D. supados manawi mulang ingkang ngatos-atos. Pêpèngêt makatên punika gêgayutan kalihan lêlampahan-lêlampahan ing bab pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok.

Benggol durjana kêcêpêng malih. Marsose ing Krawang mêntas nyêpêng benggoling durjana malih nama Maming ing dhusun Têlok Jambe asli saking Cibarusa. Tiyang wau misuwur tansah ngoyok tuwin nênêdha kanthi pêksa ing pintên-pintên panggenan. Kajawi punika taksih wontên durjana sanès-sanèsipun ingkang kêcêpêng. Kêcêpêngipun durjana-durjana wau anjalari gampiling papriksan kadurjanan sanès-sanèsipun.

Ngrêmbag bab ordonnantie salakirabi. Pakêmpalan Nahdatul Ulama ing Surabaya badhe ngawontênakên parêpatan bikakan, pêrlu kangge ngrêmbag bab ordonnantie salakirabi ingkang badhe tumindak ing wulan Januari taun 1938. Salajêngipun ngawontênakên parêpatan wontên ing Sidoarjo, Banyuwangi tuwin Tulungagung. Wontênipun ing Sidoarjo, ing bab babagan Burgelijke Stand tuwin salakirabi tiyang siti, dipun wêdharakên sabda dening Tuwan A. G. Suroto.

Gemeente Cirêbon angsal panduman arta f 40.000.-. Jalaran saking mêntas wontên kêbêsmèn ing Cirêbon, Burgemeester Gemeente Cirêbon mêntas parêpatan kalihan pangagêng nagari, ngrêmbag badhe andamêlakên griya-griya kangge têtiyang ingkang mêntas sami kêbêsmèn griyanipun, tuwin murih tumuntên sagêd kêlampahan, badhe mêndhêt sambutan dhatêng Weerstandsfonds, salajêngipun pados arta pitulungan. Ing mangke wontên dhawuh saking Directeur Departement Verkeer en Waterstaat, bilih ingkang ada-ada babagan punika badhe angsal panduman arta f 40.000.-, saking arta 25 yuta kêmirahan saking nagari Walandi.

Pindhahan punggawa post. Nyonyah Siti Subaidah bis Sarbi, bojonipun R. Sucipta, telefooniste klas 1 ing Mojokêrto, kapindhah dhatêng Surabaya. Tuwan Bachtiar Panai, klerk klas 1, kapindhah saking Kisaran dhatêng Medan. R. Yunus Kartosutisna, monteur kapindhah saking Cilacap dhatêng Kêbumèn. Mas Kasmiri Sumadiharja, monteur, kapindhah saking Medan dhatêng Bandung. R. Kain, opzichter klas 1, kapindhah saking Medan dhatêng Bandung. R. Sumadiyar alias Sumodiharja, klerk klas 1, kapindhah saking Mojokêrto dhatêng Singkawang. Mas Prawiradinata klerk, kapindhah saking Subang dhatêng Bat.-Centrum. Mas Sudarsono, commies, kapindhah saking Tuban dhatêng Sêmarang, kosokwangsulipun Tuwan Mandra, saking Sêmarang dhatêng Tuban.

Mitongtonakên franco ing Pasar Gambir. Benjing Pasar Gambir ngajêng punika, para ingkang sami nglêmpakakên franco ingkang sampun kangge, ing Bêtawi, badhe mitongtonakên franco ingkang dipun kalêmpakakên wau. Têtiyang ingkang nglêmpakakên punika anggadhahi kêmpalan saha sampun gadhah warga, tumrap Bêtawi wontên 200, tuwin tansah mindhak-mindhak kemawon. Adêging pakêmpalan wau sampun 15 taun, benjing Pasar Gambir punika badhe dipun pèngêti, ngiras mitongtonakên paklêmpakanipun franco. Ing papan mitongtonakên ngriku badhe dipun wontêni kantor post alit piyambak, nyadèni franco sapanunggilanipun. Franco ingkang dipun pitongtonakên wau franco saking saindênging jagad.

--- 974 ---

Padagangan bathik majêng. Sampun sawatawis wulan, panggaotan bathik ing tanah Jawi saya majêng, rêginipun mindhak, sadhiyaning barang-barang kathah. Ing salêbêtipun 6 wulan kêpêngkêr, indhaking sadean tikêl kaping 2 1/2 tinimbang taun kêpêngkêr, sadhiyanipun barang dipun kathahi. Ingkang majêng punika botên ngêmungakên sinjang ingkang awon kemawon, sanadyan ingkang alusan ugi makatên. Mila sudagar bathik ing Pêkalongan inggih tumut majêng, kathah anggèning tampi wêlingan saking sudagar ing Bêtawi. Dene agêngipun kintunan, dhatêng tanah sabrang, Singapura. Malah sapunika wiwit nyandhak Siam.

Andandosi margi sêpur N.I.S. Mèh sabên mangsa rêndhêng, margi sêpur antawising Ngayogya-Surakarta, tamtu manggih karisakan jalaran bênanipun lèpèn Simping, bênaning lèpèn wau mawi pasir, inggiling pasir ngantos ngungkuli krêtêg, ngantos adamêl kandhêging lampahipun sêpur. Ing sapunika N.I.S. gadhah sêdya badhe nginggilakên krêtêging margi sêpur ing lèpèn Simping supados sagêd kalis ing bênaning lèpèn.

Prof. Dr. C.D. de Langen rawuh tanah ngriki. Prof. Dr. C. D. de Langen sampun dumugi Bêtawi, kanthi nitih motor mabur "Torenvalk" gadhahipun K.L.M. Anggènipun mriki Prof. wau pêrlu badhe anjênêngi Volkenbonds-Conferentie ing bab kasarasan ing padhusunan ingkang badhe kawontênakên ing Bandung. Panjênênganipun dados warga Volkenbonds-commissie ingkang sampun nate damêl palapuran babagan punika.

Bab gêndhis. Kala Kêmis kêpêngkêr para dagang gêndhis tuwin para wakil saking Economische Zaken, nivas tuwin Suiker-syn-dicaat sami parêpatan. Para dagang ingkang dipun dhatèngakên ing parêpatan wontên 15, inggih punika: Wellenstein & Krause, Maclaine Watson & Co., Erdman & Sielcken, Internatio, Jasumy, Tuwan Moet, Kian Gwan, Tio Sing Liong, Kian Ciang, Ban Gwan, Patel, Abidul Rahim Usman, Rachordas, Mustsui Bussan, Motsibusi tuwin Nan & Co. Parêpatan punika ngrêmbag kawontênan.

Nyonyah Walandi pêjah kobong. Sampun sawatawis dintên ing Bandung wontên nyonyah Walandi pêjah jalaran kobong. Sarêng pulisi nindakakên papriksan, nyonyah wau pancèn niyat nglalu, rumiyinipun sampun nguntal sublimaat pastiles, nanging botên sagêd tiwas. Wusana badanipun lajêng kablêbêt ing sinjang, rencangipun kapurih nyiram lisah pèt, salajêngipun kapurih nyumêt. Sakawit rencangipun botên purun, nanging jalaran saking adrêng, ugi lajêng dipun pituruti. Wusana andadosakên ing tiwasipun. Kala punika inggih wontên tangginipun ingkang badhe têtulung, nanging sampun kasèp. Dene sababipun nglalu kados makatên punika, jalaran nyonyah wau sakit lepra.

Saking nagari Walandi dharat dhatêng tanah ngriki. Ing wêkdal punika wontên neneman bangsa Eropa nama W. Hamilton, dados drukker ing salah satunggiling pangêcapan ing Tilburg, nagari Walandi, badhe bidhal saking nagari Walandi dharat dhatêng tanah ngriki. Tuwan wau gadhah sadhèrèk wontên tanah ngriki anggadhahi kantor pangêcapan. Ingkang minăngka sanguning lampah sarana sade gambar warni-warni. Sarèhning margi ingkang gawat badhe pinanggih ing Konstantinopel, mila samangsa sampun dumugi ingriku lajêng badhe numpak kapal dhatêng tanah ngriki. Tuwan wau ugi sampun wongsal-wangsul dhatêng tanah ngriki, nanging sarèhning nyambutdamêlipun kala samantên wontên ing kapal, wangsulipun inggih numpak kapal. Dene ing sapunika sarèhning sampun botên nyambut damêl kados makatên, anggènipun mriki namung dharat, jalaran botên gadhah waragad.

[Grafik]

Kapal kêruk enggal. Inginggil punika (sisih têngên) gambar kapal kêruk timah gadhahanipun Mij. "Billiton" nuju kacobi wontên ing Tanjungpriok. Kapal kêruk wau kadamêl langkung agêng tinimbang kapal kêruk ingkang sampun wontên damêlan rumiyin.

--- 975 ---

Wêwaosan

Sêtya Munggêl Kamurkan

Cariyos cêkak

Padhanging srêngenge ing wanci sontên, katingal mawêlu, kados wandanipun tiyang kalêson. Pêksi-pêksi pating kalêpêr sami mapan dhatêng pencokanipun, kanthi nilari ocèh kados pindhaning pamuji ngluhurakên dhatêng asmaning Pangeran. Kawontênan ingkang kados makatên punika sagêd anuwuhakên karaos-raos ing manahipun tiyang ingkang nuju kasusahan.

Gêgambaran kawontênan ing donya punika asring angèngingi dhatêng lêlampahaning tiyang. Ing wanci ingkang kacariyos punika, wontên prajurit neneman kaplajêng saking paprangan, guwayanipun katingal aclum dening kaduk botên nêdha, namung pancêrênging mripat katingal murub dados tandhaning prajurit linangkung.

Prajurit neneman wau nama Tiyasa, praèanipun ambranyak, tandang-tandukipun sarwa cikat. Nanging wantunipun tiyang sawêg dhawah apês, sawarnining kaprawiranipun botên wontên ingkang kangge ing damêl. Panglocitanipun Tiyasa: Hêm, wong iku yèn lagi tumiba ing apês, apa rekadayane mung dadi jalaran nyêngkakake kasangsaran. Dadi nyata samubarang lêlakon iku yèn ditindakake kalawan nyêngka, lăngka bisane tinêmu. Kaya tindakku iki, anane mung nêmu pituna.

Tiyasa dèrèng ngantos dumugi panggagasipun, mirêng suwara krêsêk, saha lajêng wontên tiyang sakawan jumêdhul saking grumbul, sadaya sami sikêp dêdamêl, saha lajêng sami ngêpang Tiya[5] kanthi ngacungakên sanjatanipun, tuwin nyuwara: nutut, apa băngga.

Tiyasa namatakên kanthi têtêging manah, nanging wujuding tiyang sampun botên cêtha, dening sampun sêrap, wusana lajêng mangsuli: Aku ngrêti yèn kowe kabèh iku para prajurit mungsuhku, nanging aku iya ngrêti yèn kowe kabèh iku padha prajurit jirih. Awit anggonmu padha ngêcungake bêdhil kang lumrahe gawe kasamaran, iku tak tămpa kaya pakartine bocah cilik. Mêsthine kowe wis ngrêti yèn aku iki mung wong siji thil, lan mung agêgaman pêdhang, apa iya mèmpêr upama pêdhangku iki kêna tak ênggo nugêli gulu-gulumu.

Prajurit ingkang satunggal wicantên: Kowe iku wong kaduk gêndhung, kuwanènmu koanggo sêsongaran. Butuhku dudu uni akèh, lan yèn nyata unimu iku ngêlantur, mêsthi bakal tak punggêl dening mlatuking bêdhilku.

Tiyasa: Kowe aja kliru surup, uni iku durung mêsthi dadi tăndha kêkêndêlaning batine. Yèn kowe ambêdhil aku, dudu tandhaning kêndêl, beda karo kang bakal dibêdhil, iku kêndêlaning bakal ketok ana ing patine. Nanging, wis ta, tinimbang aku tansah gawe uwasing atimu, ênya aku cêkêlên, bèn padha lêga. Ayo. Rikat.

Prajurit sakawan ngantos sami kamitênggêngan, nanging ugi lajêng tumandang nyêpêng Tiyasa, dipun bănda kêncêng. Salajêngipun Tiyasa dipun êkèn lumampah kanthi têmbung sêrêng: Ayo, mlaku.

Tiyasa miturut kanthi anggagas makatên: Têmbung bêcik tang[6] tumiba marang wong kang kuthung budine, iku pêpindhane kaya nyêbar wiji ana ing papan watu, lăngka bisane thukul bêcike. Kaya prajurit papat iki, sajake mung padha pawitan kuwanèn thok, ora duwe pikiran kang mêmbat. Wis, bêcik nurut.

Ing kala punika măngsa paprangan, ing pundi-pundi kamirêngan suwaraning sanjata mungêl, kasasaran[7] pinanggih saênggèn-ênggèn, sakêdhap-sakêdhap katingal urubing latu griya kabêsmi, binarung panjêriting têtiyang ingkang sami pados pangungsèn. Pêkên-pêkên sami suwung, rajakaya pating salêbar botên kantênan, pasimpênan têdha ing lumbung pinanggih mowat-mawut botên wontên ingkang ngopèni. Sadaya wau dados tandhaning nagari badhe karisakan.

Ing satunggiling dhusun ingkang dipun êbroki ing mêngsah, wontên pangagêng prajurit makuwon ing ngriku, damêl tarub agêng, sakubênging tarub dipun dêgi papan palêrêmaning para prajurit, pinêtha-pêtha kadosdene adêging balegriya ing măngsa têntrêm.

Pangagêng prajurit wau agêng inggil, wujudipun ngajrihi, suwaranipun kados galudhug, dhasar prawira ing prang, mila pantês sangêt dados senapatining prajurit.

Ing kala punika sampun wanci jam sawêlas dalu, ing papan ngriku sampun nyênyêt botên wontên sabawaning tiyang, kajawi namung kêmirêngan kêropyaking dêdamêlipun para prajurit jagi, tuwin bangingèhing kapal nêdha êjog pakan. Pangagêng wau katingal linggih piyambakan kalihan anggagas dhatêng ruwêt rêntênging paprangan, wusana kêsaru wontên prajurit jagi dhatêng kalihan matur: Punika wontên prajurit nganglang ambêkta mêngsah ingkang kapikut. Inggih punika pun Tiyasa.

Pangagêng: Kon maju, gêlis.

Botên dangu katingal wontên prajurit sakawan ngirit tiyang satunggal sampun dados bêbandan. Pangagêng wau ngawe nyasmitani majêng kalihan tanganipun kiwa, tanganipun têngên ngungalakên dilah, wicantênipun: Mrene, mrene. Nyata iki mungsuhku.

Prajurit ingkang ngirit: Nun inggih bandara, punika mêngsah. Kula sumăngga.

--- 976 ---

Pangagêng wicantên sora kados galudhug: Kowe mungsuhku ya, sesuk kowe digantung gandhul-gandhul ya. Galo ana ing wit kang dhuwur kae. Êlo, umak-umik, kowe arêp muni apa.

Satugiling[8] prajurit kang ngirit: Tak tapuk cangkêmmu lo, yèn kowe muni. Iki ana ngêndi, lan kuwi sapa.

Tiyasa: E, eh, athik ana têmbung golèk pêndhok (panjilat) kaya ngene. Yèn aku, ngrungu têtêmbungan kaya ngono kuwi, kupingku kêri.

Pangagêng: Kowe wong kurang ajar bangêt, ana ngarêpku wani duwe uni kaya ngono.

Prajurit: Nah, rasakna.

Tiyasa: Mêngko ta, panggêdhe...

Prajurit: Basa, basa.

Tiyasa nglajêngakên ungêlipun... aku kogêtak-gêtak iku, apa aku bèn wêdi, iya. O, yèn mungguhing aku, wis ngrêti êmpan papane, apa yèn kowe tak sêmbah lan tak basani, bakal murungake panggantungmu. Lan manèh yèn aku girisa mênyang kowe, jênêng nandhang pituna rangkêp-rangkêp, awit aku ngrêti, yèn kowe duwe ambêg têgêlan, bungah misesa mênyang sapadhamu urip. Sarèhning wis tak tekadake, sanadyan aku tumêkaa ing pati, sawisa[9] ninggal kuwanèn. Apa kowe ora isin ngêrêngi wong kang wis tanpa daya mangkene. Ayo katogna.

Pangagêng wau sarêng kataman ing têmbung kados makatên punika, manahipun kêraos, lajêng wicantên sarèh: Lagi sapisan iki aku rumasa diwanèni ing mungsuh kang wis dadi bêbandan, suwarane kang kêmèng iku, dayane ngungkuli suwaraning mriyêm. He, wong anom, jênêngmu sapa, pantês upama kowe iku dadia pangarêping gêgunungane wong ala.

Tiyasa: Panggêdhe, pitakonmu iku kang ora ana têgêse babarpisan, jênêngku ora maedahi apa-apa marang awakmu, jênêngku arêp tak gawa mati kanggo nglabuhi sadulurku. Dene saupama aku nglakoni dadi pangarêping gêgunungane wong ala, mêsthi ora eling nglabuhi sadulur kang kasangsaya ana tanganing musuh. Ayo aku tumuli gantungên, tututna sadulurku kang wus kowasesa. Galo sirat abang ing wayah esuk kae kang bakal nêksèni patiku ana ing pagantungan.

Pangagêng ngungak dhatêng jawi sumêrêp sampun sulak padhang. Lajêng wicantên: He, bocah kang kêndêl, kêkêndêlanmu tansah ngênani atiku, yèn nyata aku wis anggantung sadulurmu, unimu iku bakal nabêt ana têlênging atiku, aku rumasa mugutake trêsnaning sadulur, kang ora beda kaya katrêsnanku mênyang sadulurku dhewe. He, prajurit, bandane uculana. Wong iki arêp tak gawa mênyang papan tahanan.

Wanci jam wolu enjing Tiyasa dipun kanthi dening pangagêng wau dhatêng papan tahanan, ing ngriku pinanggih wontên tiyang kathah pating kalèsèt, sawênèh wontên ingkang sampun badhe dipun gantung.

Tiyasa wontên sangajênging tiyang tahanan wau mandêng dhatêng têtiyang ingkang kala punika namung tumungkul, dening ngênês badhe dipun gantung. Tiyasa sarêng sampun cêtha pamawasipun, lajêng anjaranthal lumajêng ngrangkul tiyang wau tuwin sêsambat makatên: Adhuh kakang, aku êmoh kèri, aku ambelani kowe, bèn digantung tunggal sapagantungan. Ora tinêmua dadi jodho ana ing donya, iya kalakona ana ing ngakerat.

Pangagêng: Êlo, dadi iki mau bocah wadon.

Pangagêng lajêng murugi tiyang ingkang rêrangkulan wau dipun bêkta kesah saking ngriku, lajêng dipun bikta[10] dhatêng palêrêman, sasampunipun mapan lênggah lajêng dipun dangu: Aku arêp wêruh, kapriye andharane lêlakonmu iku.

Tiyang tahanan mangsuli: Pangagêng, nama kula pun Tiyasa, lare punika pacangan kula, nama Sayati. Sarêng măngsa paprangan punika kula kenging aradan dados prajurit, kula kapêksa pêpisahan kalihan pêpacangas[11] kula punika. Papisah kula kalihan piyambakipun, amung acipta pêjah, awit kula sampun prasêtya, manawi kula botên sagêd dhaup kalihan piyambakipun, aluwung pêjaha. Dados anggèn kula badhe dipun gantung punika, nama sampun nêtêpi patêmbayan.

Pangagêng namung manthuk-manthuk: Mara Sayati, kowe nyaritakna lêlakonmu.

Sayati: Pangagêng, aturipun pacangan kula pun Tiyasa punika lêrês, dados kula botên prêlu ngaturi katrangan malih. Namung têrangipun: sarêng kula mirêng pacangan kula katawan ing mêngsah, kula lajêng mindha tiyang jalêr, ngangge namaning pacangan kula, lajêng malêbêt prajurit, sêdya kula namung badhe pados margi pêjah. Wusana kalampahan kula sagêd kapanggih pêpacangan kula wontên ing ngarsa panjênêngan. Dados ing panyuwun kula, manawi kula kêkalih badhe kadhawahan ukum kisas, nyuwun dipun sarêngakên.

Pangagêng anggènipun mirêngakên antos[12] kêmbêng-kêmbêng, wusana lajêng nimbali pangulu kados adat manawi badhe andhawahakên karampungan ngisas.

Pangulu sasampuning dhatêng, pangagêng lajêng dhawuh: Pangulu, bocah lanang wadon iki nikahna, atas saka kaparêngku.

Kalampahan Tiyasa kanikahakên angsal Sayati, sarampunging nikah, pangagêng dhawuh.

He Tiyasa lan Sayati, saiki kowe wong loro, padha tak luwari, lulus rukuna anggonmu jêjodhoan. Tujune ana lêlakon kang dadi jalaran gawe padhanging atiku, aku duwe têpa, yèn aku uga bisa nêmoni lêlakon kang kaya kowe. Lan saupama aku ambacutake ngukum mênyang kowe sakaloron, ayake aku bakal mati ngênês kanthi kawirangan ing batin. Ora liwat, pangantèn, muga kowe elinga mênyang mungsuhmu iki, kang rumasa kasoran dening kautamaning tekatmu. Wis, cuthêl, lungaa.

--- 117 ---

Nomêr 30, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Kawruh Warni-warni

Paedahipun tigan ayam

Tigan ayam punika kathah paedahipun, inggih punika: 1. Pêthaking tigan kacarub kalihan mostêr, lajêng kangge tapêl utawi kasibarakên ing dhadha, sagêd anyêgah sêsakit ampêk. 2. Tatu kêbêsêm utawi kaslomot, prayogi dipun wêdhaki kalihan pêthaking tigan. 3. Pêthaking tigan kacarub kalihan gêndhis batu lan toya, kenging kangge jampi watuk. 4. Tigan kacampur kalihan wedang kopi, lajêng kaombe, murugakên kiyat dhatêng badan. 5. Tigan kacarub kalihan anggur, lajêng kaombe, murugakên lêma tumrap tiyang ingkang kêra, tuwin anglêrêsakên lampahing êrah.

Manisan wowohan supados botên anjamur

Gêndul wadhah manisan wowohan kasukanana gêndhis pasir kintên-kintên kandêlipun saprapat dim, sarta cangkêming gêndul katlakupana mawi wacucal tipis utawi impês (kêndhangan) supados botên kalêbêtan hawa.

Jênang blimbing wuluh

Blimbing wuluh punika bangsaning wowohan ingkang raosipun kêcut sangêt, manawi pinuju awoh andêmênakakên, ngantos onte-ontean, botên ngêmungakên êpang-êpang ing nginggil kemawon ingkang wontên wohipun ambiyêt, dalasan ing witipun saking ngandhap sapanginggil ugi wontên wohipun urut-urutan, mila manawi mangsaning awoh ngantos ambucal-bucal utawi êmoh-êmohên, amargi blimbing wuluh wau ingkang limrah namung kangge campuraning asêm-asêm, saoto, sambêl, tuwin kaangge anggêbêgi barang-barang bangsaning kuningan, mamas sasaminipun, punika taksih tirah-tirah. Awit saking punika, katimbang namung dipun bucal, blimbing wuluh wau prayogi kaolah jênang. Mênggah rekanipun anjênang kados ing ngandhap punika.

Ngupadosa blimbing wuluh 3 utawi 4 tenggok, lajêng dipun godhog, sasampunipun kagodhog, [kago...]

--- 118 ---

[...dhog,] nuntên dipun pêrêsi sarta kalimbang-limbang ngantos ical raosipun kêcut, galêpung kêtos (kêtan) 2 bêruk, gêndhis Jawi samurwatipun sakintên lêgi, lajêng dipun jênang dados satunggil kalihan balimbing wuluh wau samatêngipun. Jênang blimbing wuluh punika kadhahar lawaran eca, kadhahar kalihan roti inggih nyamlêng.

Nyai Anim.

Ngundhuh-undhuh saking Pakêbonan

Kajawi ing kitha agêng, mèh sabên griyaning têtiyang siti têmtu wontên pakawisanipun ingkang ragi ombèr, ingkang lajêng dipun tanêmi tanêman warni-warni. Satunggal kalih tanêman wau têmtu wontên ingkang kenging kangge lawuh têtêdhan utawi ingkang kenging dipun olah sanèsipun.

[Grafik]

Rara Siti Mariam

Mênggah angkah kula ing ngriki badhe nyuwun pitulung dhatêng kănca guru ingkang sok mulang olah-olah ing sêkolahan, karsaa paring rêsèp-rêsèp saking undhuh-undhuhan ing pakêbonan. Sanajan botêna dados guru ugêr karsa manjurung kados ing pangajêng-ajêng kula punika, inggih badhe kula tampi kanthi bingahing manah.

Manawi rêsèp-rèsèp saking undhuh-undhuhan wau sampun mêdal ing Jagading Wanita ing Kajawèn ngriki, ambokmanawi lajêng sagêd katiru ing salah satunggiling pamulangan lare èstri (Vervolgschool) ingkang sêdyanipun mulang lare kanthi prasaja, ingkang ing wusana pandamêlipun têtêdhan wau lajêng mirah.

Kaparênga kula nyuwun priksa, kadospundi mênggah pangolahing undhuh-undhuhan kados ing ngandhap punika.

1. Bangsaning godhong. Inggih punika godhong pohung (godhong budin, kaspe) ingkang taksih nèm. Godhong katès ingkang taksih nèm. Godhong tela rambat (ubi) ingkang sok dipun damêl lotis (dipun bumboni sambêl lotis), godhong kelor, godhong katuk (katu).

2. Bangsaning wowohan. a gandhul (katès, tela gantung) ingkang taksih mêntah, kangge kêlan, dipun sambêl gorèng, cara Bêtawi malah sok wontên ingkang lajêng dipun damêl manisan. b. blimbing wuluh, kangge kêlan, sambêl gorèng, bumbu. c. kêmlandhingan (mêtir, pête cina). d. woh klenthang (woh kelor).

3. Bangsaning sêkar-sêkaran. a. sêkar turi. b. tuntut (sêkar pisang).

4. Sêkar manggar saha woh kalapa.

Dumugi samantên atur kula. Mugi wontêna sadhèrèk ingkang dhangan ing panggalih karsaa paring rêsèp-rêsèp, ingkang mikantuki kangge lare-lare ing pamulangan èstri.

Siti Mariyam.

--- 119 ---

Kadospundi Wajibing Putri Gêsang wontên ing Jaman Morak-marik punika.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 60.

Ing măngka yèn ngèngêti kawontênaning jaman samangke kados panjênêngan sadaya sampun botên badhe kêkilapan, sadaya pangupajiwa sarwa rêkaos, awit ingkang dados baku jêjêring pangupajiwa sami morak-marik, sabab sami katrajang ing lesus malèsèd, cacahing panji klanthung tanpa wicalan, ngantos gupêrmèn kapêksa paring kadarman ingkang botên sakêdhik dhatêng kawulanipun ingkang sami nganggur. Cacahing para mudha ingkang sami anggadhahi dhiplomah kimpling-kimpling sahohah, sami pating bilulung ngêcocong dhiplomanipun prêlu kangke[13] garan pados padamêlan, mêksa wangsul angalênthung tanpa damêl, gèk sapintên ta panalăngsa lan sêmpêlahing manahipun, wêkasan ingkang botên pinaringan èngêtan sabar lajêng ngalunthung manahipun, makatên ugi tumrap tiyang ingkang botên gadhah kasagêdan, yèn kalajêng pandalelahing manahipun namung sarwa sak pasrah, botên sande inggih lajêng kadosdene bêbasan ingkang ungêl-ungêlanipun: wong pintêr dadi kêsèd, wong bodho dadi kadhèt. Awit sadaya ingkang dados ancasing manahipun wau sampun sami lêpat, jalaran sami botên purun mangrêtos dhatêng bêtahipun tiyang gêsang wontên ing jaman ingkang kados makatên punika. Măngka yèn sami purun mangrêtos gampil kemawon, têgêsipun: Butuhe urip sajrone măngsa rêkasa iki nomêr siji mangan. Hla, kadospundi sagêdipun angsal têdha, sarananipun inggih nyambut damêl, botên parduli padamêlan punapa kemawon, punapa nguli, punapa mandhor, punapa tukang cukur, punapa tukang... waton mardamêl, punika lajêng nama gêsang mêntas piyambak, botên gumandhul ing sanak sadhèrèk utawi tiyang sêpuh, langkung-langkung saya rêkaos malih panggalihipun manawi lajêng gumandhul dhatêng dhiplomanipun wontên ing salêbêting jaman rêkaos punika. Wosipun ugêr botên gêsang gumandhul, punika lajêng nama têtêp kasatriyanipun.

Ing ngajêng kula sampun matur bilih kula golongan ibu punika agêng sangêt têtanggêlanipun tumrap putra, sabab saking punika dados sampun mêsthinipun bilih kula sadaya wajib kêdah kagungan panggayuh ingkang langkung jêmbar, sampun ngantos namung dados rêrêngganing dalêm kemawon, bêbasanipun, langkung-langkung para kadang kula wanita mudha, wajibing putri badhe mêngku saha mardi putra ingkang ing têmbe sagêda nêtêpi (nêtêsi) kêkudanganing rama ibu:

Sarèhning kula sadaya ing wêkdal punika sawêg wontên ing salêbêting jaman ingkang kados makatên, punapa botên prayogi sami cancut taliwănda mingkis lêngên prêlu ngudi lan manggalih.

1. Bab panggulawênthahing putra ingkang prayogi piyambak.

2. Tumindaking kabêtahan dêdalêm (bêbrayan) tumrap ingkang sampun krama. Awit kalih prakawis wau yèn botên tumuntên enggal dipun ewahi dhasar-dhasaripun ingkang cundhuk lan salaras kalihan kawontênaning [ka...]

--- 120 ---

[...wontênaning] jaman, kados tangèh manawi kula sadaya badhe sagêd luwar saking salêbêting jurang kasangsaran ingatasipun dalajating wanita.

Wasana namung samantên rumiyin atur wawasan kula, măngsa borong para kadang wanita ingkang kawogan anggènipun manggalih murih prayoginipun, sagêda murakabi ing sadayanipun. Sanès wêkdal sumăngga sami ngrêmbag malih kabêtahan wau, supados sagêda sami ngundhuh wohipun.

Bok S. Wir, Rêmbang.

Bab Dhaharan

Speculaas

Glêpung 17 sendhok, mêrtega 10 sendhok dhahar, gêndhis jawi 13½ sendhok, cêngkèh 1 sendhok tèh, manis jangan ½ sendhok tèh, pala 1 sendhok tèh, sitrun, oli ½ sendhok tèh, sodha ½ sendhok tèh, kênari 7 sendhok dhahar. Mêrtega lan gêndhis dipun ublêk, lajêng sitrun, oli, sodha, cêngkèh, manis jangan. Pala kacampurakên. Manawi sampun campur saèstu lajêng kacêmplungan galêpung lan kênari. Sasampunipun, jladrèn kacithak têrus kaêpan.

Boterbies

Mêrtega 6 sendhok, gêndhis alus 7 sendhok, glêpung 16 sendhok, manis jangan ½ sendhok. Pangolahipun: mêrtega lan gêndhis dipun ublêk rumiyin, manis jangan kacampurakên, lajêng glêpung. Manawi sampun, jladrèn kacithak, têrus dipun pan.

Spekkoek cara Tionghwa

Jênening tigan 50 lan gêndhis kaublêk, panili, mêrtega 1 pon, glêpung. Jênening tigan ingkang 45 lan gêndhis dipun ublêk rumiyin, kasukanan panili. Mêrtega lan jênening tigan ingkang 5 kaublêk piyambak, caranipun manawi badhe ngêpan: amundhuta ublêkan tigan 2 cangkir, sendhok ublêkan mêrtega lan 1 sendhok galêpung, têrus kaudhêk lajêng kasalap ing cithakan, wusana kaêpan. Latunipun sampun agêng-agêng.

Boterhagel

Gêndhis 2 on, mêrtega ½ pon, panili 1, glêpung 1 pon, bakpudhêr 1 sendhok tèh, kênari, tigan 1. Pangolahipun: gêndhis, mêrtega, bakpudhêr, panili lajêng kaublêk. Bilih sampun, lajêng dipun sukani tigan lan galêpung. Jladrèn kaêlèr ing lèngsèr, nginggilipun kausar-urasan ublêkan tigan, lajêng kawuwuran gêndhis lan kênari, lajêng kaêpan. Manawi sampun matêng lajêng kairis-iris pasagi.

Boter Cake

Mêrtega ½ pon 2 sendhok. Gêndhis ½ pon 2 sendhok. Glêpung ½ pon 2 sendhok. Lan tigan 9, krèntên ½ pon, amandhêl ½ pon, sodhah ½ sendhok tèh, sitrun, oli 1 sendhok tèh. Pangolahipun: mêrtega lan gêndhis dipun ublêk ngantos pêthak, tigan 3, lajêng 3 malih. Manawi sampun, lajêng glêpung, krèntên lan rajangan amandhêl kalêbêtakên, lajêng dipun pan.

Surtinah, Majakêrta

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


mikolèhi. (kembali)
thukulan (dan di tempat lain). (kembali)
darbèke. (kembali)
kolonis. (kembali)
Tiyasa. (kembali)
kang. (kembali)
kasangsaran. (kembali)
Satunggiling. (kembali)
sawise. (kembali)
10 bêkta. (kembali)
11 pêpacangan. (kembali)
12 ngantos. (kembali)
13 kangge. (kembali)