Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 100, Rê Wa, 12 Sawal Ehe 1868, 15 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1589] ---

Ôngka 100, Rê Wa, 12 Sawal Ehe 1868, 15 Dhesèmbêr 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sibolga - Pagêblug Sêsakit ingkang Nular - Gambar wontên ing Kaca, tuwin Pratikêlipun - Nusakambangan - Wara-wara - Kawontênan ing Tiongkok - Sênenjong Godhog - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Sibolga

[Grafik]

Sêsawangan ing wanci sontên ing Sibolga, Tapanuli.

--- 1590 ---

Bab Kasarasan

Pagêblug Sêsakit ingkang Nular.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 99.

Jampinipun ingkang cêsplêng inggih punika vaccin kink-hoest utawi Neo dmetys (Fransch), anggènipun ngêtrapakên (nyuntik) kêdah tumuntên ing sadèrèngipun kasèp, têgêsipun samôngsa sêsakitipun katawis thukul, kêdah enggal dipun suntik vaccin. Sanajan lare ingkang saras, manawi ing panggenan ngriku wontên thukul sêsakit punika, prayogi enggal dipun suntik vaccin kinkhoest wau, minôngka panulakipun sêsakit punika, kadosdene nulak thukulipun sêsakit diphtherie.

Sanajan sêsakit kinkhoest punika botên ambêbayani, namung manawi botên tumuntên dipun suntik vaccin wau, sagêd nukulakên bêntèr, paru (kêbuk) lajêng sakit (longontsteking) utawi ginjêl (nier) lajêng dados nierontsteking lan sapanunggilanipun, langkung-langkung yèn lare ingkang kataman wau pancèn ringkih sagêd ambêbayani.

Tiyang mastani dhoktêr punika awis utawi lôngka ingkang katrajang sêsakit nular, amargi saking sagêd anjagi badanipun, makatên punika inggih wontên lêrêsipun, nanging sajatosipun dhoktêr punika wiwit dados murid ing pamulangan dhoktêr ngantos dados dhoktêr sampun asring sêsrawungan kalihan tiyang ingkang sakit nular warni-warni, dados inggih katularan sêsakit-sêsakit wau saking sakêdhik arambah-rambah, kenging katêmbungakên dados kulina, wêkasan badan sagêd kalis dening sêsakit wau, kadosdene tiyang ingkang nêdha racuning candu wiwit saking sakêdhik, dangu-dangu lajêng kathah panyêrètipun, tiyang wau botên kraos punapa-punapa, malah badanipun dados sêgêr lan kiyat.

Upami tiyang limrah ingkang botên nate nêdha racuning candu wau dipun têdhani candu samantên kathahipun, tamtu mêndêm, sakit, sagêd katiwasan.

Pagêblug sêsakit punika sagêd sirêp piyambak.

Ing ngajêng sampun dipun têrangakên, yèn tiyang sampun nate utawi sampun rambah-rambah katularan sakit punika, dangu-dangu badanipun sagêd kiyat lan kalis sêsakit, sanadyan kataman ing sêsakit, inggih namung ènthèng kemawon, tanpa jampi sagêd saras piyambak. Mila ing satunggiling panggenan ing dhusun utawi ing kitha ingkang tiyangipun kathah ingkang sampun nate katularan sêsakit nular, jêr tiyang wau inggih sagêd kataman sêsakit punika, nanging radin-radin sami enggal saras. Inggih ugi satunggal kalih wontên tiyang ingkang rêkaos sêsakitipun lan wontên ingkang ngantos tiwas, nanging botên ngômbra-ômbra lan wêkasan pagêblug wau sagêd sirêp piyambak.

Tuladha ingkang cêtha: tiyang damêl kandhang tikus ingkang dipun isèni tikus kathah ingkang sami dipun sukani têtêdhan lan ombèn-ombèn.

Tikus ing salah satunggiling kandhang ingkang saperangan dipun tulari sêsakit ingkang sagêd nulari dhatêng tikus sanès. Tikus-tikus ing kandhang wau sami sakit, malah [ma...]

--- 1591 ---

[...lah] wontên ingkang pêjah, wontên ingkang gêsang dados bacillendrager.

[Grafik]

Sêsawangan talaga Kurinci laladan Sumatra Kilèn

Sapunika tikus ingkang sakit lan tikus ingkang bacillendrager dipun culakên ing salêbêtipun kandhang sanès ingkang isi tikus saras. Tikus-tikus ingkang saras wau lajêng katularan sami sakit, kajawi ingkang sampun pêjah, ingkang gêsang têmtu sami dados bacillendrager. Salajêngipun pagêblug sêsakit ing tikus wau sagêd sirêp piyambak, tandhanipun ing sawatawis wêkdal botên wontên tikus ingkang sakit utawi pêjah. Yèn ing kandhang tikusipun sampun sami dados bacillendrager, dipun lêbêti tikus malih ingkang saras, têmtu tikus-tikus ingkang saras wau sami sakit, lan nukulakên pagêblug malih, nanging lajêng sirêp, awit tikus ingkang sampun katrajang sêsakit botên pêjah, saras nanging dados bacillendrager kiyat utawi kalis saking sêsakit nular punika.

Ing môngsa pagêblug sêsakit, têtiyang ingkang katrajang sêsakit punika wontên saperangan ingkang sakit ènthèng kemawon, wontên saperangan sami sakit sangêt utawi ngantos sami tiwas. Ingkang makatên punika sampun dipun têrangakên ing ngajêng, têtiyang ingkang kiyat badanipun punika ingkang kathah mêsthi sampun nate kataman sêsakit wau. Yèn kataman sêsakit, sakitipun namung sawatawis, utawi ènthèng kemawon, dene sanèsipun tiyang ingkang ringkih badanipun utawi ingkang pancèn dèrèng nate kataman sêsakit punika, têtiyang wau sami sakit sangêt ngantos wontên ingkang tiwas.

R. Sumadirja, Ind Arts. Sêmarang.

--- 1592 ---

Gambar wontên ing Kaca, tuwin Pratikêlipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 99.

Pola prayogi amundhuta saking sêrat-sêrat pakêm wêdalan Bale Pustaka, awit sadaya pêpêthan ringgit ingkang kawrat ing pakêm-pakêm wau dhapur saha cakrikipun sami sae-sae sadaya.

Kangge ringgit sabêtan cêkak dipun agêngakên kaping tiga, kagêm agêng kasêkal kaping sakawan.

Bab mulasipun anêdhaka saking Babad Pandhawa wêdalan Bale Pustaka.

Kagêm dhasar (plataran) prayogi ngagêma cèt têlor asin (saèmpêr warnining cangkok tigan kambangan). Cèt cêkap sadhiya 6 warni: abrit, pêthak, cêmêng, biru, jêne, tuwin ijêm. Sanèsipun sagêd nyampur piyambak.

Pènsil, sadhiyaa ingkang nyêkapi: agêng, tanggêl tuwin alit, pênsil-pênsil wau sagêd mundhut ing sabên toko Jêpang kanthi mirah.

Manawi cètipun kêkênthêlên, sagêd dipun cuwèrakên mawi lisah tèrpêntin, utawi mawi bènsin, namung manawi ngagêm campuran bènsin sampun kathah-kathah, cêkap 2-3 tètès. Manawi kêkathahên bènsin, cèt sanèsipun ingkang sampun garing, sok lajêng katêdha kajêng luntur, dadosipun botên sae.

Manawi wontên kalintuning pangêcètipun sampun kasêsa dipun icali sarana kaêlap, prayogi kakèndêlna kemawon, ngêntosi garingipun. Bilih sampun garing lajêng kakêrok mawi lading.

Prêlu sadhiyaa bènsin, kagêm ngumbah pènsilipun, murih iritipun, kawadhahana ing gêndul tilas lisah wangi, manawi badhe ngumbah pènsil, pènsil katumpangna ing pipihan, lajêng dipun cruti lisah bènsin, salajêngipun ngantos rêsik.

Kados sampun cêkap andharan kula ing bab anggambar wontên ing kaca.

Pancènipun taksih kathah sangêt bab-bab ingkang dèrèng kula aturakên, jêr ingkang kula aturakên sadaya punika wau namung kula pêndhêt ingkang prêlu-prêlu kemawon, kirang mungguhipun saupami kula aturakên sadaya rêroncènipun, awit sanès buku.

Caking damêl, badhe kauningan piyambak dhatêng para ingkang kêsdu migatosakên.

Kagêm sambèn wêkdal nganggur prayogi, kagêm panggaotan utami. Awit nalika jaman kula taksih dados tiyang angguran, gêsang kula ugi saking anggambar wontên ing kaca, adhapur, baki, gambar ringgit, plat asma, raphal-raphal, wadhah dondoman tuwin sanès-sanèsipun sadaya ingkang kula damêl kaca.

Asil sawulan-wulanipun botên kirang saking f 25, botên prêlu ngagêm pawitan arta kathah, f 1, 50 sampun sagêd tumindak.

Bokbilih wontên bab-bab ingkang angodhêngakên utawi kirang têrangipun, kanthi sukaning manah, kula badhe anyaosi katêrangan ingkang langkung cêtha tuwin panjang dhatêng para ingkang angarsakakên ngudi.

R. Sutana. Garahan kidul halte Mrawan. O/L.

--- 1593 ---

Nusakambangan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 99.

Kados ingkang sampun kacariyosakên wontên ing Kajawèn kapêngkêr, Nusakambangan punika kêrêp kocap wontên ing cariyos, mila mênggahing nalar, ing jaman kinanipun inggih nate dipun dunungi ing tiyang, malah awujud nagari.

[Iklan]

Ing Nusakambangan punika kathah guwa-guwanipun ingkang dados patilasan ing jaman kina, kados ta ing Lamasbuntu, Guwasêmut, Masigitsela tuwin sanès-sanèsipun malih. Sadaya wau sami wontên cariyosanipun.

Sagantên ing antawising tanah Jawi kalihan Nusakambangan, punika dipun wastani sagantên anakan, ingkang atêgês sagantên alit, ing ngriku wontên panggenan, ingkang dipun wastani Sapurègèl. Baita-baita ingkang lumampah ing ngriku lajêng ngraosakên ebahing alun sagantên, saha ing sisih lèr wontên sunglonipun ingkang langkung jêmbar. Ing salêbêting sunglon ngriku wontên sungapaning lèpèn ingkang agêng. Inggih jalaran saking jêmbaring papan wau ingkang andadosakên molahing toya, mila tumrap tiyang lampah layaran, manawi lampahipun dumugi ngriku sami ngatos-atos, malah kapitadosanipun têtiyang ing ngriku, dipun wastani papan ingkang wingit.

Mirid dêdongenganipun ing kina, laladan sagantên alit ing ngriku punika sakalangkung rêsah,

--- 1594 ---

kêrêp dipun ambah ing bajag laut ingkang ngantos rêraton, môngka ing kala punika, ing lautan ngriku punika gêsang kados margi lampahing lautan, saking tanah Pasundhan iring wetan dhatêng Jawi Têngah. Mila sarêng tuwuh rêrêsah kados makatên punika adamêl pêjahing margi ing lautan ngriku.

[Grafik]

Caraning têtiyang ing Mutihan ngêpe ulam.

[Grafik]

Tiyang èstri nuju ngêpe urang.

Malah para bajag wau botên trimah ambajag ing sagantên kemawon, ugi purun nêmpuh dhatêng dharatan punapa, satêmah damêl kirang têntrêming têtiyang ingkang manggèn ing ngriku. Panêmpuhipun para bajag wau botên trimah ngangkah bôndha kemawon, ugi mawi ngrisak ambêsmi griya, mlajêngakên tiyang kadadosakên rencang tumbasan, patrapipun sampun botên mawi èrèp dhatêng sintên kemawon. Lêlampahan punika pinanggih kala ing jaman Kumpêni.

Ingkang makatên punika tumraping têtiyang ing laladan Banjar sisih kidul, tuwin Banyumas sisih kidul rumaos sami tintrim. Pinanggihipun kala ing taun 1809 ing laladan ngriku punika sakalangkung sêpên, têtiyangipun sami pindhah dhatêng papan ingkang têntrêm. Têtiyang ingkang sami ngungsi wau kirang langkung wontên tiyang 12000[1] èwu. Dene têtiyang ingkang kêjarah dening golongan bajag, kirang langkung wontên 1500.

Kala samantên ing Nusakambangan inggih kathah tiyangipun, nanging ugi lajêng sami ngungsi, ngantos ing pulo ngriku pinanggih suwung. Dene dununging gêgrombolanipun bajag laut wau wontên ing Sunglon Cilacap. Kacariyos bajag wau sami têtiyang saking tanah sabrang, Johor, Riyo tuwin tanah Manilah. Lampahing bajag numpak baita mawi damêl mriyêm, nungsung ing lèpèn-lèpèn ngantos lêbêt,

--- 1595 ---

tansah anjarah rayah. Cêkakipun bajag wau ngantos katingal madêg santosa yêktos, purun nêmpuh saya nêngah.

Pambudi tuwin rekadayanipun tiyang ing ngriku, botên wontên sanès kajawi namung ngungsi. Nanging dangu-dangu inggih lajêng ngawontênakên pajagèn manggèn ing sagantên ingkang cèthèk, inggih punika ing sagara anakan, lajêng damêl griya wontên ing ngriku, acagak kathah, dhasar ing ngriku botên kêkirangan kajêng, saha inggih lajêng wujud griya. Dene dangu-dangu inggih lajêng dados papan pajagèn sayêktos, prêlu kangge ngintip dhatêng lampahing bajag.

Sarêng ing papan ngriku wau wontên griyanipun pajagèn, sagêd adamêl kêndhêking bajag, makatên ugi lajêng sagêd damêl têtêging têtiyang kanan keringipun ngriku, saha lajêng kathah ingkang tumut manggèn ing ngriku.

Sasampunipun têntrêm yêktos, papan pajagèn wau botên kasuwak, malah lajêng sagêd dados dhusun, jiwanipun tansah mindhak-mindhak. Dene baku pangupajiwanipun têtiyang ing ngriku sami misaya ulam, awit ing sagantên laladan ngriku punika kathah sangêt ulamipun. Angsal-angsalaning ulam wau lajêng dipun pe ngantos garing, wontên ingkang dipun gèsèk, urangipun ingkang agêng-agêng dipun krese, wontên ingkang dipun traos. Inggih babagan ulam wau ingkang lajêng dados padagangan agêng, kathah tiyang ingkang kêcêkapan. Panyadening padaganganipun dhatêng Cilacap, malah dangu-dangu dipun lurugi ing bôngsa Tionghwa numbasi pamêdalipun ulam ing ngriku. Danguning dangu, ugi lajêng wontên bôngsa Tionghwa ingkang gêgriya ing ngriku, atêtês ngagêngakên padaganganipun, ngiras sêsadean wontên ing panggenan wau.

Papan ingkang kados makatên wau kêtêlahipun sapriki nama Pajagan, dene sajatosipun sampun gadhah nama piyambak-piyambak, kados ta: Mutihan, Ujung Alang tuwin sanès-sanèsipun.

Kadukipun ing tata gêgujêngan, têtiyang ing Pajagan punika, sanadyan dèrèng katingal tiyangipun, ambêtipun sampun wontên inggih punika jalaran saking pakulinan gêrèh tuwin traos. Taksih wontên sambêtipun.

Wara-wara

Murih anggampilakên tumindaking padamêlan administrasi, ing wêkdal punika pangintunipun wissêl kothongan dhatêng para lêngganan kasarêngakên wontên Kajawèn, botên kakintunakên piyambak.

Ing pangajêng-ajêng, para lêngganan kaparênga ngintunakên arta rêgining Kajawèn tumuntên, amargi punika nama gêgayutan kalihan prêlu panjênêngan piyambak. Awit manawi botên panjênêngan kintunakên tumuntên, panjênêngan tamtu badhe kêcuwan, dening jugaging Kajawèn ingkang botên panjênêngan tampi.

Tumrap para lêngganan ingkang sampun bayar, satampinipun pos wissêl kothongan wau, botên prêlu kagalih.

--- 1596 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Pêrangipun Tiongkok kalihan Jêpan taksih pinanggih rame, namung tumrap Syanghai sampun kenging dipun wastani dhawah panguwaosing Jêpan, ewasamantên dèrèng kenging dipun wastani têtêpipun makatên, amargi taksih wontên panglawanipun Tiongkok dhatêng Jêpan, ingkang nandhakakên dèrèng suda kapurunanipun.

Namung tumrap pamawasipun Tiongkok, panêmpuhipun Jêpan dhatêng Tiongkok punika kathah tindak ingkang nyulayani tatanan, dados kêbrokanipun ing mêngsah ing laladan Tiongkok, punika tansah adamêl botên narimahipun Tiongkok.

Malah tindakipun Jêpan ingkang makatên wau ugi atêgês angèngingi Inggris tuwin nagari ing Eropah sanès-sanèsipun, awit tindakipun Jêpan katingal anggèning sarwa ngrèmèhakên.

Panêmpuhipun Jêpan dhatêng ing pundi kemawon katingal anggèning sêrêng tuwin lumintu, mila dangu-dangu sagêd nyakêti Nanking, prajurit-prajurit ing bètèng saurutipun lèpèn Yang Ce, sami botên kuwawi nanggulangi panêmpuhipun Jêpan, sagêdipun nanggulangi namung sawatawis minggu kanthi nêmahi karisakan agêng, inggih tiyang tuwin papan panggenanipun.

Ing sapunika Tiongkok ngrumaosi bilih anggènipun pasulayan kalihan bangsanipun piyambak ngantos pintên-pintên taun. Pinanggihipun adamêl kapitunan agêng yêktos, inggih punika ngantos angweyakakên kasantosanipun piyambak, samôngsa pêrangan kalihan sanès nagari. Nanging ugi wontên pangimuripun, dene sarêng wontên pêrangan punika sawarnining golongan ingkang rumiyin pêpêrangan kalihan tunggil bôngsa, lajêng pinanggih nunggil anglawan dhatêng mêngsahipun ingkang yêktos.

Tumrap ing laladan Nanking, ing sauruting lèpèn Yang Ce, pinanggih kuciwa dene botên dipun tata kados laladan ing golong[2] abrit ingkang dipun senapatèni dening Cu Tèh tuwin Mao Ce Tung. Saupami rumiyin-rumiyinipun parentah Nanking nênuntun golongan tani dhatêng tata kaprajuritan kados golongan abrit wau, tamtu Jêpan botên sagêd angêbroki papan kados ingkang pinanggih ing sapunika. Awit tumrap paprangan punika, botên sagêd namung dipun awaki dening golongan militèr thok, kêdah dipun tindakakên dening rakyat Tiongkok sadaya, tuwin kêdah ngawontênakên tatanan pêpalihan ingkang tumuju dhatêng golongan tani. Môngka tumraping Nanking, mèh dèrèng wontên golongan tani ingkang malêbêt dhatêng babagan paprangan.

Sarêng sapunika Mao Ce Tung wontên ing Nanking, lajêng nindakakên tuntunan tumrap dhatêng golongan tani malêbêt dhatêng golongan prajurit. Ing ngriku kintên-kintên badhe sagêd mêmulih kasantosanipun Tiongkok. Manawi ngèngêti kawontênan ingkang kados [ka...]

--- 1597 ---

[...dos] makatên punika, paprangan ing Tiongkok botên badhe rampung sasampunipun bêdhahing Nanking.

[Iklan]

Miturut wartos ing bab kawontênanipun ing paprangan, asor unggulipun taksih pinanggih gêgêntosan, mila dèrèng sagêd nêtêpakên asor unggulipun ingkang yêktos. Kawontênan ingkang kados makatên punika, kenging kangge tôndha saksi anggèning wadya Tiongkok purun rêrêmpon.

Paprangan Tiongkok ing wêkdal punika, katingal sangêt bedaning tekadipun bôngsa Tionghwa, anggèning mantêp ing manah yêktosan, botên kengguh dening mêmanising rêmbag. Jêpan ugi tansah ngrêmbagi murih sagêd rukun, malah wontên rêmbag ingkang lumantar Jêrman punapa, nanging Tiongkok puguh botên nêdya ngewahi tekadipun, awit sawarnining rêmbag kamanah botên wontên ingkang maligi raos ngajak rukun sayêktos, sadaya taksih mawi kamoran pakolih. Dados gêlênging tekad, anggèning wadya Tiongkok ngêkahi Nanking, punika botên lugu nêdya ngêkahi makatên, ugi mêngku gêlar badhe ngobètakên pabarisanipun ing wingking.

Miturut wartos ing tanggal 10 wulan punika, wadya Jêpan ngêtog panêmpuhipun dhatêng Nanking, suwaraning sanjata mêsin ngumandhang ngèbêki gêgana, mriyêm-mriyêm tuwin bom gêgana tanpa kèndêl. Wadya Tiongkok panggah anggènipun nanggulangi, kuwawi nadhahi panêmpuhipun mêngsah. Namung sawarnining gêdhong saindênging kitha sami kêbêsmi, latunipun kantar-kantar kados sundhul ing langit, kukus pêtêng anungkêp kitha.

Saya dangu kawontênanipun Nanking saya ringkih, kathah tiyang ingkang sami ngungsi dhatêng sanès panggenan, pados papan ingkang langkung santosa, namung para ingkang kajibah têtêp anggèning nanggulangi dhatêng panêmpuhing mêngsah, badhe ngrungkêbi kaprawiraning prajurit.

Kados makatên kawontênanipun Tiongkok ing wêkdal punika.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4518 ing Nyidran. Wissêl f 3.- sampun katampi, tanjanipun tumrap kuwartal II saha III taun '38. Gambar dèrèng rampung.

Pawartos saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2739. Ingkang ngêdalakên buku Javaansch-Nederlandsche Gesprekken toko buku W.J. Thieme & Cie Zutphen nagari Walandi. Rêginipun f 1.75 ingkang samak kandêl f 2.10.

--- [1598] ---

Sênenjong Godhog

Garèng : ayo, Truk, timbangane ngrasakake bab dalêbar, barang lan dhuwite bubar, saiki padha dopok-dopokan, iya ora prêlu ngrêmbug prakara sing dakik-dakik lan sing mlêdhing-mlêdhing, prakara sing salilah tangala bae, anggêre bisa gawe sênênging ati...

Petruk : yak, kang Garèng, prakara sing mlêdhing-mlêdhing kuwi sing kêpriye, lan sing diarani: prakara sing salillahi tangalah kuwi sing kaya ngapa. Nèk têmbung: krana Allah, hla kuwi aku wis tau krungu, kaya ta nyuguhi dhayoh sarana diacarani: môngga, yah, krana Allah kemawon, kuwi karêpe saadhah adhanyah...

Garèng : wong kowe kuwi wis kakehan anggone klêbon mêrtega lan kèju, mulane nyang prasêmon sing lungit-lungit kowe iya ora bisa nyandhak, kaya ta prakara sing mlêdhing-mlêdhing, kuwi karêpe mangkene:

Kowe mêsthine iya wêruh kapracayane bangsane dhewe kiyi, yèn lumaku ing wanci bêngi ngliwati kuburan sing kacêluk akèh mêmêdine, supaya aja nganti diganggu gawe ing mêmêdi, kudu nglakoni mak plêdhing. Hara, ingatase bangsane dhewe iki sugih susila, têka nganti gêlêm anglakoni mak plêdhing, têgêse bukak rusiyah, nèk pancèn ora gawat têmênan, rak iya ora bakal kalakon, ta. Dadi karêpe prakara sing mlêdhing-mlêdhing, kuwi prakara sing gawat, karêpku sapisan kiyi aja rêmbugan prakara sing gawat-gawat, nanging prakara sing salilahi tangala bae. Masa, têmbung: lilahi tangalah kowe durung tau krungu, dudu wong Jawa ane kowe. Apa kowe ora tau krungu, Truk, pitakoning wong sing mangkene kae: mas, anggènipun kagungan damêl dara wêdana punapa agêng-agêngan. Iki diwangsuli mangkene: botên, dhi, namung salilahi tangalah, iki têgêse sakadare, utawa saana-anane. Dadi rêmbugan prakara sing diarani salilahi tangalah, kuwi karêpe iya rêmbugan prakara saanane bae.

Petruk : e, iya, iya, dadi mêngkono. Nanging apa sing arêp dirêmbug kuwi, arêp ngrêmbug kaanane bakda mêntas iki, pikirane ngolod-olod, sabab dhuwit wis dilabasake, barang barang sing ambêjaji wis padha ngawula nyang pak gêdhe kabèh, arêp ngrêmbug ing bab bakal balanjane para priyayi, githoke ujug-ujug pating prinding...

Garèng : wayah, kathik kaya ditêmoni anak putune Nyai Lara Kidul, githoke nganggo pating prinding. Ora, Truk, sanyatane mono aku arêp takon nyang kowe. Kang kapisan, sabab dening ngapa, ing gang Bungur Jawa nomêr 8 kowe kuwi rak wis manggon ana ing omah omahmu dhewe, têka banjur pindhah nyang Plihpelan nomêr 55, omah sewan, lo, kuwi rak mung ambuwang-buwang dhuwit. Kang kapindho, geneya pindhah bae kathik rong dina sadurunge bakda, saya kênclung manèh, wong pindhah kathik ora kabar-kabar, hla, kiyi apa ora gawe ambêdhêdhêging kabar sanak sadulur lan têpunganamu.

Petruk : yak, kang Garèng pitakonan kathik rete-rete mêngkono, ambok iya saka siji. Nèk sêga, jangan, sambêl gorèng,

--- [1599] ---

Opor pitik lan sapanunggalane, didadèkake siji, anggone nandangi iya kêpenak, wong iya dadi sêga ramês, balik nandangi pitakon pirang-pirang didadèkake siji, iki rêkasa, kang Garèng, mulane pitakonamu mau tak wangsulane saka siji. Pitakonmu kang kapisan, ya iku sabab-sababe aku pindhah saka gang Bungur Jawa, iku mangkene:

Pancène mono ana ing kono aku iya wis krasan bangêt, kang Garèng, dhasar omahku pancèn iya gêdhe dhewe, lan pangrasaku cara Banyumas iya kanjat dhewe. Apa manèh adhimu, makne Kamprèt anggone ngatur omah dicara Radèn Rôngga Sastra Wilêm.

Garèng : wayah, iki modhèl apa, ana omah kathik diatur cara Radèn Rôngga Sastra Wilêm.

Petruk : sanadyan jênêng Sastra, nèk ngarêpe nganggo diatêr-atêri Radèn Rôngga, kuwi gênah bangsane priyayi, ing buri dikèki panambang Wilêm jênêngan Walônda, dadi karêpe anggone nata omah mau, iya nembak priyayi, iya nembak Walônda.

Garèng : ngrêti aku saikine, Truk, panatane omah nembak cara Walônda, kuwi lêmarine dikêbaki sawêrnaning inuman, kaya ta limun, aer Blandhah, bir, konyak, jênèwêr, lan sapêpadhane, dadi yèn kêtamuan bisa nari mau minum apah. Dene pranatane nembak cara priyayi, kuwi saênggon-ênggon disadhiyani... meja thothitan.

Petruk : we, hla sêmbrana, kathik sing dijupuk tuladhan sing ngajak ora omah bae. Luwih luwih anggone ngunèkake nembak priyayi, ing ngêndi-êndi panggonan disêdhiyani meja thothitan, apa rumasamu kuwi anggêre priyayi dhêmên ngabotohan apa, lo ora mèmpêr. Nèk ana priyayi sok ngasta krêtu, kuwi ora kêna diarani ngabotohan, kang Garèng, nanging kasukan, têgêse mung kanggo suka-suka, kanggo nyênêngake panggalih.

[Grafik]

Mulane iya arang-arang sing sadhiya meja mainan kuwi, maine ana ing kamar bolah, kang Garèng, utawa ênggon wong duwe gawe, ênggon bayèn, lan sapanunggalane. Lan kasukane mau iya nganggo duga prayoga, nèk kabênêr kalah, kadhangkala iya mung... sagajihan, ora akèh, kang Garèng.

Garèng : ha iya, wong iya priyayi, sing akèh mula iya sagêd pra balônja nèk mung sêsasi rong sasi bae, wong iya sagêd sugêng sarana... bon.

Petruk : wayah, kok banjur rupa-rupa mangkono. Rungokna tak omongi sing diarani omah-omah nembak priyayi, iya nembak Walônda, kuwi mangkene:

Nembak Walônda, kuwi anggone rêsik

--- [1600] ---

mlisdring, kincling-kincling, nècis lan sapadhane. Nanging kanggone wong Jawa, omah-omah nembak Walônda babarpisan, kuwi kurang utama. Awit lumrahe bôngsa Walônda kuwi nèk omah-omah dipas, têgêse anggêre cukup kanggo kaprêluwane dhewe, dadi nèk kadhayohan sing nginêp upamane, kadhang-kadhang tamune iya sok diaturi sare... nyang hotèl, mulane kudu uga nembak priyayi, sukur bage bisa nembak, ndara, têgêse bisa ambênderani (angayomi) sanak sadulure. Karêpe anggone omah-omah sabisa-bisa kudu sing kobèt, prêlune nèk ana sanak sadulur utawa têtêpungan golèk pangayoman (panginêpan) ing kono, bisa ngêwèhi, kanthi sênêng...

Garèng : dadi cêkak aos, kalane kowe manggon ing gang Bungur Jawa, kuwi ngrumasani omahmu kobèt kaya dalême ndara priyayi, lan gêmrining kaya omahe ndara tuwan Lônda. Wah, anggêpe kathik kaya ndara pangeran sing wis modhèrên bae, dhasar bèr budi, sugih dhuwit, wong iya pangeran, kathik kagawa saka pangajarane modhèrên, iya wis Lônda blèjèt.

Petruk : aja nglulu, kang Garèng. Pancène mono iya mula bênêr, ana ing gang Bungur Jawa kono aku rumasa sênêng lan gêdhe atiku, dhasar omahku gêdhe, kathik ditata sajak êmbêlandhain, dadi iya wis mathuk saupama ing kampung kono omahku diarani dalême... mas lurah, apês ambalêbês iya diarani dalême... mas kêbayan.

Garèng : ha iya, malah nèk ana bêgjane, omahmu bisa uga diarani dalême... mas juru kunci.

Petruk : wayah, apa ana ing kuburan, kathik diunèkake omahe juru kunci. Cêkake, kang Garèng, pancène mono aku mula iya wis bêtah bangêt ana ing kono. Sarta ana ing kono aku iya ngrumasani wis tumindak adil, têgêse ing sarèhne aku manggon ana ing kampung, aku kêpengin anduwèni wêwênange wong kampung, wis mêsthine aku iya saguh nindakake sing dadi kuwajibane wong kampung, dadi ana ing kono aku iya mung mela-mèlu bae, kaya ta: urunan dhuwit kanggo waragad panjagan kampung, iya mèlu, malah aku iya mela-mèlu bae, diajak... kêndurèn lan brêkatan.

Garèng : sambêr gêlap ping salusin, aku bae iya gêlêm bangêt, nèk diajak kêndurèn kuwi. Ora, Truk, nèk nitik unimu kabèh kuwi mau, ana ing gang Bungur Jawa kowe wis bêtah, hla, genea têka kowe pindhah.

Petruk : apa-apane iya pancèn wis nyênêngake, kang Garèng, mung bae ana prakara sing ora agawe sênênging atiku utawa atine adhimu, makne Kamprèt, ya kuwi ingatase aku manggon ana ing kono kuwi kurang luwih wis sangang sasi, rumasaku dening tôngga têparoku, aku lan adhimu têka têrus-têrusan anggone dianggêp kayadene... kewan sing anèh. Buktine: anggêr aku lan adhimu mêtu, apa manèh yèn macak, tôngga têparo iya padha mêtu prêlu... nonton.

--- 1601 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI

R.T. Jaksadipura seda. Kala tanggal 10 wulan punika R.T. Jaksadipura, bupati anom Jaksa Pradata Gêdhe ing Surakarta, seda, yuswa 42 taun. Panjênênganipun punika golongan priyagung ingkang sumrambah pasrawunganipun, punapadene sagêd ngêmori dhatêng ebahing jaman. Ing pamuji mugi rohipun tinampèna wontên pangayunaning Pangeran.

Ingkang bupati ing Magêlang badhe lèrèh. Miturut wartos, benjing wiwitaning taun ngajêng punika, panjênênganipun R.A.A. Danusugondo, ingkang bupati ing Magêlang badhe lèrèh saking anggènipun jumênêng bupati, kanthi pènsiun.

Pulisi ing Sêmarang ambêskup buku-buku. Pulisi ing Sêmarang mêntas ambêskup buku-buku ing toko Ho Kim Joe cacah 1729 iji. Buku samantên wau wontên warni tiga, amargi buku-buku wau isi ing bab ingkang botên andadosakên kaparêngipun nagari.

H.B.S. ing Ngayogya kêkathahên murid. Miturut wartos, sarêng H.B.S. ing Ngayogya kabikak, kathah murid ingkang nêdha malêbêt, ing mangka klasipun namung wontên kalih panggenan. Ingkang punika pangagênging pamulangan wau lajêng gadhah atur dhatêng Departement Pangajaran, benjing taun pangajaran 1938, kaparênga dipun wêwahi klas tiga.

Pamulangan dagang têngahan ing Surakarta. Miturut wartos, awit saking kaparênging parentah nagari Surakarta, badhe ngêdêgakên pamulangan dagang têngahan, badhe nampèni murid wêdalan saking Mulo tuwin pamulangan sanès-sanèsipun ingkang kasamèkakên. Adêging pamulangan wau sadaya badhe dados têtanggêlanipun parentah nagari Surakarta.

Pamêdal siti ing Jawi Wetan. Ingkang pinanggih ing Jawi Wetan, ing Bojonêgoro wontêning sabin kathah ingkang botên kêmêdalan, jalaran saking sangêting hawa bêntèr, inggih punika ingkang pinanggih wontên ing kwartaal kapisan ing taun punika. Ing salêbêtipun wulan Augustus sabin ingkang botên kêmêdalan wontên malih ingkang oyodipun bosok 100 ha. Kajawi punika kathah tanêman jagung. Tumrap Surabaya wontên bêna ingkang ngêlêm pasabinan ing Bonoworo 2100 ha. kajawi punika taksih wontên 3600 bau, têgalan warni-warni wontên 1000 bau, ingkang taksih wontên ama sanès-sanèsipun kados ta tikus, ingkang ugi pinanggih ing bawah Mojokêrto tuwin Jombang.

Sêsakit malaria ing Bantên. Ing bab babagan kasarasan ing Bantên sisih lèr, inggih punika bab sêsakit malaria, pinanggih sampun suda 25 pCt. Tumraping rêrigên, ing sabên dhistrik dipun dèkèki mantri ingkang nindakakên propaganda dhatêng ing dhusun-dhusun ing bab caraning nanggulangi sêsakit malaria kanthi nyukani jampi dhatêng têtiyang ingkang kêtrajang sêsakit wau. Sarêng wontên tindak makatên, cacahipun tiyang sakit suda ngantos 50 pCt.

Prijs loterij ingkang dados prakawis. Sampun kawartosakên bilih ingkang angsal loterij ingkang mêntas kabikak ingkang agêng piyambak, punika tiyang ing Padangpanjang. Ing sapunika lajêng dados prakawis, amargi loterij ingkang angsal wau dipun lintoni dening tiyang ingkang sade, cariyos manawi badhe dipun cocogakên rumiyin.

N.I.S. nyukani blanja mirunggan. Benjing wêkasaning wulan punika N.I.S. badhe nyukani blanja mirunggan satêngah wulan dhatêng para punggawanipun.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan R. Marnoto alias Rêksomarnoto, juru sêrat klas 1 wêdana Bumiayu, Kabupatèn Brêbês, Paresidhenan Pêkalongan dados mantri pulisi Paresidhenan Pêkalongan.

Ulam ingkang panjangipun 20 m. Ing sacêlakipun Karangtêngah, Nusakambangan, nalika toyaning sagantên nuju surut, pinanggih wontên ulam agêng glebagan, ulêsipun klawu. Panjanging ulam wau wontên 20 m. Salajêngipun ulam wau dipun sanjata kawan rambahan, lajêng pêjah.

Kawangsulakên saking Digul. Awit saking kaparêngipun parentah, wontên tiyang bucalan ing Digul cacah 23 badhe kawangsulakên mantuk dhatêng nagarinipun.

Pakêmpalaning tiyang wuta. Kala tanggal 2 wulan punika ing Ngayogyakarta madêg pakêmpalaning golongan tiyang wuta. Warganipun pangrèh 5 ugi sami wuta. Ancasing pakêmpalan badhe ngrakêtakên pasadherekan sasamining tiyang wuta, têtulung tuwin sanès-sanèsipun.

Panyadean kajêng ing tanah ngriki. Ing wêkdal punika panyadean kajêng jati ing tanah Jawi ingkang majêng piyambak tumrap ingkang dipun sade dhatêng Jêpan. Malah miturut papriksa, kajêng wau pêrlu dipun jogi kajêng saking tanah Sabrang. Nanging ing sapunika panyadean kajêng dhatêng Jêpan wau suda, mila ingkang wajib anggalih pêrlu sagêdipun nyade kajêng wau dhatêng Eropa, saha wontên wartos bilih ingkang wajib badhe ngawontênakên pabrik dalancang ingkang badhenipun kajêng, wontên ing Jawi Têngah utawi Jawi Wetan. Tumrap pabrik dalancang ingkang sampun, punika badhenipun damèn. Dalancang ingkang badhenipun kajêng punika kangge dalancang ingkang kiyat, kados ta kangge kanthong sapanunggilanipun.

Bab golongan ambalela ing Ceram. Ing bab têtiyang ambalela ing Ceram sampun kapriksa prakawisipun dening Raad ingkang katindakakên dening para kêpala ing Piroe, pangarsanipun Tuwan controleur J. Stevens saking Ambon. Wontên pasakitan tiyang sakawan ingkang kaukum ngênêm taun, satunggal kaukum gangsal satêngah taun, kalih anggangsal taun tuwin tiyang sakawan kukum ngawan taun. Sanès-sanèsipun nigang taun. Sadaya sami kaukum kunjara.

Pabrik dlancang ing tanah Gayo. Awit saking rekadayanipun pangajênging Gouvernements Landbouwbedrijven, nyinau ing bab damêl dlancang ngangge badhe kajêng wêdalan parêdèn pinus merkusi ing Takengon. Nanging ing bab punika taksih dipun rêmbag ing prayoginipun. Dene kajênging damêl dlancang wau gêgayutan kalihan wontênipun pabrik gandarukêm tuwin terpentijn ing tanah ngriku.

Pamulangan luhur doktêr. Lulus arts examen perangan kapisan, Tuwan Sutikno Prawirosastro tuwin R. Subiyakto Wiryokusumo. Katêtêpakên dados arts, Nona Mudinêm. (Mriksanana karangan ing Jagading Wanita).

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana paring darma. Kawartosakên, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana aparing darma dhatêng Centraal Comite voor Steun aan Werkloozen kangge têtiyang angguran, kathahipun f 1000.-.

Pados lisah pèt ing Borneo. Kawartosakên B.P.M. saèstu pados lisah pèt wontên ing afdeeling Kapuas-Barito, Paresidhenan Borneo sisih kidul wetan. Sêdya punika pancèn sampun dangu, sawêg kêlampahan sapunika.

Darma saking bangsa Arab ing Bêtawi. Bangsa Arab ing Bêtawi sampun sagêd ngintunakên arta dhatêng kantor bank ing Mêsir kathahipun 200 pondsterling, kangge darma dhatêng bangsa Arab ingkang kasangsara ing Palestina.

--- 1602 ---

Panenan kapas ing Dêmak suda. Miturut wartos, kawontênanipun panenan kapas ing bawah Dêmak ing taun punika suda tinimbang kala ing taun kêpêngkêr. Dene jalaranipun, kala ing wulan October kêpêngkêr kêkathahên jawah. Angsal-angsalaning panenan wau namung saprasakawanipun kala ing taun 1936.

Propaganda paboyongan ing Lampung. Benjing salêbêtipun taun 1938 Kabupatèn Purbalingga gadhah niyat badhe ngintunakên tiyang dhatêng papan paboyongan ing Lampung kathahipun 3000 jiwa. Ing bab punika ingkang wajib mawi ngawontênakên propaganda dhatêng dhusun-ngadhusun ingkang dipun tindakakên dening wêdana, asistèn wêdana, makatên ugi para schoolpziener tuwin guru-guru.

Badhe ngêdêgakên tandha pangèngêt-èngêt. Pakêmpalaning golongan pènsiunan militèr tiyang siti ing Salatiga, nêtêpakên badhe ngêdêgakên tandha pangèngêt-èngêt benjing samangsa Sri Paduka Prinses Juliana kagungan putra. Waragadipun kintên-kintên f 500.-. Waragad samantên wau badhe dipun sanggi dening para warganing pakêmpalan.

Papan anggêgana ing Sêmarang. Ing bab pandamêling papan anggêgana ing Sêmarang dipun undurakên, jalaran saking nyarêngi mangsa jawah. Papan ingkang dèrèng dipun siram ing pasir wontên 120.000 mètêr kubuk. Ing bab punika parentah anggalih tumrap dhatêng kawilujêngan. Nanging aannemer ingkang anggarap gadhah sêdya badhe nglajêngakên kanthi patrap sanès, dados sagêd nêtêpi kados prajanjianipun. Mangka manawi padamêlan punika kandhêg, badhe tampi dhêndhan f 150.- sadintên, saha papan anggêgana wau botên rampung wontên ing sadèrèngipun wulan October taun 1938.

Boschbouwschool. Kawartosakên, Departement van Economische Zaken badhe ngadani ngêdêgakên pamulangan kawruh ngupakara wana (Boschbouwschool) kalih warni. Satunggal calon architect wana, manggèn ing Bogor satunggalipun calon opzichter, manggèn ing Malang.

Telegram saking Sri Paduka Prinses Juliana. Miturut pawartos praja, Sri Paduka Prinses Juliana kintun telegram dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, ingkang suraosipun: mahyakakên tarimakasih dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anggèning ngaturakên pamuji arja dhatêng kasugêngan dalêm Prins Bernhard anggèning manggih bêbaya.

Botên saèstu kadhêndha. Ing Kajawèn nomêr 90 martosakên ing bab Tuwan W. sudagar bathik ing Singasarèn, Surakarta, katêtêpakên ambayar loonbelasting f 2748.30, jalaran pambayaripun loonbelasting botên salêrêsipun. Ing sapunika wontên wartos bilih tindak wau kêlintu, arta sadaya wau sampun kaparingakên wangsul dening ingkang wajib, saha punggawa ingkang nindakakên padamêlan wau dipun kèndêli saking padamêlanipun.

Arêng bathok. Miturut wartos ing bab cobèn-cobèn migunakakên arêng bathok kangge momoraning pandamêlipun topèng gas racun, pinanggih prayogi. Mila arêng bathok wau ing sapunika dados padagangan ingkang agêng. Tumrap bawah Ngayogya dumuginipun bawah Kroya, sawulan-wulanipun sagêd ngêdalakên arêng bathok ngantos 500 ton mêdal Cilacap.

EROPA.

Kasangsaran sêpur. Miturut wartos saking Londen, ing Castle Cary mêntas wontên kasangsaran sêpur, kintên-kintên adamêl tiwasing tiyang 32, dene ingkang sampun pinanggih mayitipun wontên 24, sanès-sanèsipun taksih dipun padosi. Nanging tindak punika sakalangkung rêkaos, amargi kasangsaran wau kêmoran kêbêsmèn, kêpêksa mawi pitulunganipun pompa kêbêsmèn. Tiyang ingkang kêtaton pinanggih wontên 40. Wiwit taun 1915 kasangsaran sêpur punika kapetang ingkang agêng piyambak.

Sri Nata Inggris badhe mêdhar sabda ing radio. Miturut padatan Nata Inggris suwargi, sabên Kerstmis kaparêng mêdhar sabda wontên ing radio. Ing bab punika ugi badhe katindakakên ing panjênêngan nata ingkang jumênêng sapunika, nanging namung badhe cêkakan, wanci jam 3 saking Sandringhouse, ing panggenan ingkang pinuju kagêm nglêrêmakên sarira.

NAGARI WALANDI.

[Grafik]

Kampiun catur. Wontên wartos bilih Dr. Aljechin anggèning têtandhingan main catur kalihan Dr. Euwe ngrêbat kampiun, sagêd mênang. Dados Dr. Aljechin punika nama kampiun. Ing nginggil punika gambaripun Dr. Aljechin punapadene pirantosipun main catur.

Bab gêrah dalêm Prins Bernhard. Miturut wartos ingkang kantun piyambak, gêrah dalêm Prins Bernhard saya sênggang, sagêd sare sakeca tuwin dhahar eca. Gêrah dalêm mastaka sampun botên adamêl jalaran punapa-punapa.

Pangupakara benjing samangsa Sri Paduka Prinses Juliana ambabar. Miturut wartos saking Den Haag, ing benjing pambabar dalêm Sri Paduka Prinses Juliana badhe andhatêngakên verpleegster saking Bronovo 2.

Kuburan ingkang nyamar. Ing Brêdha pinanggih wontên kuburan ing salêbêting greja agêng ingkang dumugi sapunika sawêg kasumêrêpan. Namung ing pandugi, ingriku punika pasareanipun darah Nassau ingkang kawitan. Ing salajêngipun dados papriksan praja.

AUSTRALIE.

Sêsakit lumpuh. Miturut wartos ing Victoria, Australie, tuwuh sêsakit lumpuh lare alit. Wontênipun lare ingkang kêtrajang 1000 tiwas 57, sêsakit wau lajêng sumrambah. Ing bab sêsakit punika kasamarakên manawi ngantos tumular dhatêng nagari sanès.

--- 1603 ---

Wêwaosan

III Lêlampahanipun Ilya

33

Pêkir lajêng enggal-enggal nguculi panganggenipun, inggih punika: jubah, tudhung, tuwin sêpatu, saha lajêng kasukakakên dhatêng Ilya sadaya. Dene anggènipun nampèkakên têkênipun dipun tojohakên ing siti sora sangêt, ngantos tumancêpipun ing siti lêbêt sangêt, lan ngêmungakên cêpênganipun ingkang taksih thonglang-thonglang katingal. Salajêngipun, Ilya nuntên mangangge cara pêkir wau, sarta lajêng wicantên dhatêng Iwanice makatên:

Saiki kowe manganggoa sandhanganaku, Iwanice, mêngkono uga sêpatuku iki ênggonên. Sauwise jaranku kiyi tunggangana, lan tumuli banjur lungaa mênyang ing watu gêdhe sacêdhake pasarean kuna kae. Ing kono kowe ngêntènana têkaku. Dene aku dhewe sumêdya arêp nyang Kiyèp prêlu arêp ngukum Idholice anggone duwe tindag[3] ambêksiya kuwi mau. Sauwise aku bakal anggolèki kowe ana ing panggonan kang wus tak kandhakake ing ngarêp, ing kono mêngko sandhanganamu bakal tak balèkake manèh.

Sasampunipun cariyos makatên wau, saha sasampunipun Iwanice ngrasuk panganggenipun Ilya, Ilya lajêng angrencangi anggènipun Iwanice numpaki kapalipun, salajêngipun, Ilya nuntên mriksa lapak tuwin sônggawêdhi punapa taksih kêncêng, saha lajêng nyêmêthi kapalipun. Sanalika kapal lajêng ngadêg saha ambandhang sarosanipun. Kanthi kamigilan, Iwanice nyêpêngi lapak, lan saya gilapên malih sarêng nyumêrêpi rikating lampahipun kapal, ingkang anjalari kadosdene sadaya ingkang tiningalan punika sami mubêng. Ing kala punika Iwanice kêpengin sangêt supados sagêda dhawah. Nanging ingkang makatên wau botên sagêd, awit kala Ilya nitipriksa kawontênanipun lapak tuwin sônggawêdhi wau, sajatosipun kalihan ngêrut, Iwanice wontên ing lapak ngriku. Ngêmungakên manawi lapakipun wau ucul, Iwanice sagêd dhawah ing siti.

Ilya nyawang sakêdhap dhatêng kawontênanipun Iwanice anggènipun numpak kapal wau, saha lajêng mèsêm. Sasampunipun lajêng narik têkên ingkang tumancêp ing siti wau, saha lajêng lumampah nuju dhatêng Kiyèp. Sadumuginipun ing Kiyèp, lampahipun têrus dhatêng kadhaton, wontên ing ngandhaping jandhela kadhaton, Ilya lajêng nyuwara sora sangêt makatên:

Dhuh Prabu Wladhimir, mugi paringa wêlas dhatêng tiyang pêkir kados kula punika. Mugi krêsaa paring têdha, tuwin arta sakadaripun, minôngka kangge sangu kula nyêmbah ing Pangeran.

Suwaranipun Ilya wau saking soranipun ngantos adamêl orêging tembok karaton, para pangeran lan para prajurit ingkang kalêrês sami bojana andrawina wontên salêbêting kadhaton ngriku, saking kagètipun, kathah ingkang lajêng sami dhawah saking kursinipun. Dalasan, Idholice kemawon ugi kagèt kalangkung-langkung. Idholice enggal-enggal dhatêng jandhela, nglongok mangandhap, nêdya ningali wujuding tiyang ingkang nyuwara sora makatên wau, sasampunipun lajêng murugi Prabu Wladhimir sarta lajêng cariyos makatên:

He sang prabu, wong pêkir ing nagaramu kene kiyi têka bisa sêru bangêt pambêngoke. Mara, undangên lumêbu mrene.

Sanalika Prabu Wladhimir jumênêng saking palênggahanipun, tindak nuju dhatêng jêndhela, saha lajêng dhawuh dhatêng Ilya ingkang ngemba tiyang pêkir wau, makatên: He, wong pêkir, tumuli lumêbua ing bangsal gêdhe kene.

Kalayan ambikak tudhungipun, Ilya lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sarêng dumugi ing salêbêtipun bangsal agêng, Ilya andhingklukakên badanipun tumuju dhatêng Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari, salajêngipun nuntên suka urmat dhatêng para pangeran, para satriya tuwin para prajurit, namung dhatêng Idholice, Ilya botên suka urmat babarpisan.

Idholice apitakèn: He pêkir, apa kowe sing nyuwara sêru bangêt mau. Tutura sablakane: sapa kowe iku. Yèn andêlêng panganggomu, pantêse kowe kuwi wis tuwa. Nanging yèn andêlêng lakumu, cêtha wela-wela, yèn lugune kowe kuwi isih ênom. Ayo, tumuli kôndhaa nyang aku, sapa jênêngmu, lan saka ngêndi pinangkamu.

Ilya amangsuli: Pinôngka kula punika saking kitha Murom, dene padamêlan kula namung ambêlayang anjajah ing saindênging nagari Ruslan ngriki.

Idholice: Yèn pinangkamu kuwi saka kutha Murom, lan gawemu mung ambêlayang ngidêri praja Ruslan kene, mêsthine kowe iya wis tau wêruh karo sawijining prajurit kang aran Ilya. Caritakna nyang aku: kaya apa wujude prajurit iki, lan dêdêg piadêge apa gêdhe.

--- 1604 ---

Ilya: Sampun têmtu yèn kula sampun nate sumêrêp dhatêng prajurit ingkang nama Ilya wau. Mênggah dêdêg piadêgipun botên agêng. Manawi panjênêngan kêpengin priksa wujudipun Ilya, kula aturi mriksani dhatêng kula kemawon. Sabab polatanipun, punapadene dêdêg piyadêgipun, pakulitanipun pisan, sampun mèmpêr kalihan kula punika, dalasan panganggenipun inggih botên beda kalihan kula.

Idholice apitakèn malih: Apa kowe bisa ngandhakake nyang aku, sapira tadhahe Ilya kuwi, yèn mangan utawa yèn ngombe.

Ilya: Mênggahing Ilya, punika manawi nêdha utawi ngombe botên beda kados tiyang limrah. Manawi piyambakipun sampun nêdha roti sairis, lajêng kêpengin nêdha sairis malih. Dene manawi piyambakipun sampun nêdha roti kalih iris wau, inggih lajêng sampun tuwuk. Manawi piyambakipun sampun ngombe anggur sagêlas agêng, asring kêpengin ngombe sagêlas malih. Namung manawi sampun ngombe anggur kalih gêlas inggih sampun cêkap.

Idholice gumujêng latah saha lajêng wicantên mêmiringi makatên: Wong kang mung samono tadhahe pangane utawa pangombene, têka kok anggêp sawijining prajurit kang pêng-pêngan. Kliru, pêkir, kliru. Eman bangêt, dene Ilya saikine ora ana ing kene, upama ana ing kene mono, kowe mêsthi bakal bisa anêksèni kadadean kang anèh. Yaiku: Ilya bakal tak galethakake ana ing tanganku kiwa iki, lan sarana tanganku têngên iki banjur tak palènèt nganti mêcèdhèl kêntekan gêtihe. Sauwise bangkene banjur tak damu nganti kabur mrana-mrana. Sabab dudu carane satriya kang pêng-pêngan, yèn mangan lan ngombe mung sathithik samono kuwi. Mulane sawangên aku iki, prajurit kang wus kasuwur ing saindênging jagad mungguhing kadibyane. Lan dêlêngên anggonku mangan lan ngombe. Yèn aku kabênêr ngêlih, tadhahku roti iya têlung grobag. Sauwise aku mangan roti samono mau, aku banjur anggodhog iwak, sathithik-sathithike iya bisa ngêntèkake sapi siji. Yèn aku ngêlak, ora narima yèn mung ngombe anggur têlung èmbèr. Rak iya mêngkono kuwi kang diarani mangan utawa ngombe.

Ilya ingkang ngemba pêkir wau amangsuli makatên:

Ing kala rumiyin Sang Prabu Wladhimir kagungan sagawon kinasih, nanging têdhanipun sakalangkung kathah tanpa dugi-dugi, ing wusana wêtêngipun bêdhah. Ing kala rumiyin sang prabu ugi kagungan lêmbu, ingkang manawi ngombe sagêd nêlasakên toya ngantos pintên-pintên sumur. Ing wusana wêtênging lêmbu inggih lajêng bêdhah jalaran saking kêkathahên ngombe wau. Ingkang makatên punika danguning dangu inggih sagêd kalampahan dhatêng tiyang ingkang nêdha tuwin ngombe sakalangkung kathah. Têgêsipun: dangu-dangu wêtêng sampeyan ênggih mêsthi anjêblug.

Mirêng cariyosipun Ilya ingkang tanpa dugi prayogi wau, nêpsunipun Idholice kagila-gila. Sanalika punika piyambakipun nyandhak golok ingkang lajêng kasawatakên dhatêng Ilya. Prabu Wladhimir, punapadene para pangeran tuwin para prajurit, sakala punika sami sumêrêp, bilih pêkir punika botên sanès kajawi pun Ilya piyambak. Amila kagètipun sakalangkung-langkung, sarêng Idholice nyandhak golok saha kasawatakên dhatêng Ilya wau. Sadaya sami angintên, bilih Ilya tamtu kenging kataman ing golok wau, sarta lajêng dumugi ing pêjah. Nanging botên makatên kawusananipun. Awit pun Ilya tansah prayitna, piyambakipun sagêd angendhani dhawahing golok wau, ingkang lajêng katamplèk sarana têkênipun ngantos dhawah ing jawi angèngingi para wadyabalanipun Idholice ingkang sami pacakbaris wontên ing ngriku. Ing kala punika wontên prajurit kalih wêlas ingkang dhawah ing tiwas. Ing ngriku para wadyabala sanèsipun sami nyumêrêpi, bilih golok ingkang anjalari pêjahing kancanipun kalih wêlas wau, kagunganing gustinipun. Sadaya wau sami gadhah pangintên, bilih gustinipun sawêg wuru malih, saha kados padatanipun lajêng nindakakên patrap ambêgsiya dhatêng para wadyabalanipun piyambak. Sadaya sami garundêlan saha amêmisuh dhatêng gustinipun.

Ilya ing kala punika ngadêg ing sacakêtipun jandhela saha nyumêrêpi kawontênanipun wadyabalanipun Idholice ingkang makatên wau, piyambakipun mèsêm saha lajêng wicantên makatên:

Kêrêp bangêt bapakku mituturi nyang aku mangkene: Anakku, yèn kowe duwe utang, panyaurmu aja pijêr kok undurake bae, mundhak uwong padha ora pitaya nyang kowe.

Kalihan wicantên makatên wau, Ilya nyandhak tudhungipun saha lajêng kasawatakên dhatêng rainipun Idholice. Saking agêng saha awrating bobotipun tudhung, langkung-langkung saking soraning panyawatipun Ilya, tudhung wau sarêng angèngingi rainipun Idholice, sanalika punika Idholice dhawah ing siti, supe ing purwa duksinanipun.

Salajêngipun, Ilya wicantên makatên: Kaya-kaya ora utama bangêt, yèn aku, prajurit ing praja Ruslan, nganti gawe rêgêding kadhaton jalaran saka gêtihing titah, kang dianggêp dadi lêlêthêking donya iki. Mulane wong iki bêcik tak patènane ana ing undhak-undhakan kadhaton bae. Badhe kasambêtan.

--- 193 ---

Nomêr 49, Taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Pamulangan lan Lare Èstri

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 98

Nitik saking orean ing nginggil punika têtela: sanajan tiyang èstri inggih prêlu sangêt sagêd nyêrat, langkung-langkung tumrap ingkang alampah dagang, kasagêdan nyêrat punika botên sakêdhik aosipun.

Samangke kasagêdan maos, tumrap têtiyang èstri inggih agêng sangêt gunanipun, amargi kadhangkala inggih sok tampi sêrat saking sanak-sadhèrèk utawi kadang kulawarganipun ingkang têbih-têbih. Saupami têtiyang wau sami sagêd maos piyambak, tamtu lajêng sagêd nyumêrêpi suraosipun sêrat ingkang dipun tampi punika kalayan tumuntên, botên kapêksa ngêntos-êntosi ngantos dangu utawi botên kapêksa ngrepoti tiyang sanèsipun.

Kajawi saking punika ing jaman samangke kathah sangêt buku-buku ingkang ngêwrat kawruh warni-warni ingkang prêlu sangêt kasumêrêpan dening têtiyang èstri, ingkang agêng gunanipun, upami bab pangrimatipun lare alit, panjaganing kasarasanipun badan, patrap pandamêlipun têtêdhan warni-warni, olah-olahan warni-warni sapanunggilanipun. Sintên ingkang sagêd maos, tamtu kanthi gampil sangêt ngindhakakên kawruh tuwin mêwahi kasagêdanipun namung sarana ningali buku punika wau kemawon. Nanging kosokwangsulipun tumrap tiyang ingkang botên sagêd maos botên gampil sagêd makatên, sagêd ugi kawontênanipun badhe ajêg kemawon, botên badhe gadhah kamajêngan punapa-punapa.

Kados botên prêlu kapanjangakên malih, katrangan sakêdhik ing nginggil punika kados sampun cêkap kangge tôndha yêkti, sanajan tiyang èstri inggih prêlu sangêt sagêd maos.

Kathah tiyang èstri, sanajan gadhah kasagêdan nyêrat lan maos, kasagêdanipun wau botên nate dipun angge. Kathah prakawis ingkang pancènipun prêlu dipun pèngêti murih sampun ngantos klintu utawi kasupèn, botên dipun punapak-punapakakên, yèn prêlu akintun sêrat milaur kengkenan. Maos buku-buku ingkang migunani

--- 194 ---

botên purun sêbutipun isin. Utawi kuwatos bokbilih dipun wastani makatên-makatên dening tiyang sanès. Ingkang kados makatên punika botên prayogi sangêt, prêlu dipun singkirakên. Kasagêdan-kasagêdan tuwin kawruh-kawruh ingkang kawulangakên wontên pamulangan botên namung migunani ing para lare salêbêtipun sami sêkolah kemawon, nanging maedahi ing salami-laminipun. Ing salêbêtipun taksih pinaringan gêsang, murih wontên munpangatipun, sadaya wau prayogi dipun tindakakên.

Tumrap bôngsa-bôngsa ingkang sampun majêng, golongan èstrinipun botên namung mrêlokakên malêbêtipun dhatêng pamulangan kemawon, nanging inggih mrêlokakên ugi tumrap panganggenipun kasagêdan tuwin kawruh ingkang sampun dipun tampèni ngantos dumugi ing sêpuhipun. Sanajan sampun botên tinêngga dening guru, mêksa nglêstantunakên maos-maos tuwin nyêrat-nyêrat, inggih punika maos buku-buku utawi sêrat-sêrat kabar ingkang maedahi sarta nyathêti punapa kemawon ingkang rinaos prêlu dipun pèngêti.

Ingkang makatên wau pancèn prayogi sangêt, nocogi dhatêng tujuning wontênipun pamulangan, patut dados têtuladan. Sintên ingkang badhe majêng kêdah nelad:

1e. Kêdah mrêlokakên lumêbêt dhatêng pamulangan ngantos satamatipun.

2e. Sampun isin ngangge (migunakakên) kasagêdan tuwin ngêcakakên kawruh ingkang dipun tampèni salêbêtipun sêkolah, wontên ing pamulangan wau.

Murtini.

Cathêtan Olèh-olèh Prasaja

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 98

Jangan Bobor

Godhong bayêm, waluh jêpan, utawi waluh bokor salah satunggilapun, bumbu, brambang, bawang, kêncur, lan tempe wayu, sacêkapipun, kaulêg lêmbat, lajêng kagodhog mawi santên, manawi sampun umob sapisan, waluh jêpan utawi waluh bokor wau kacêmplungakên, saumoban malih tumuntên godhongipun bayêm nusul kacêmplungakên.

Sambêl Klonyom

Lombok agêng (abrit) sacêkapipun, brambang, traos, kagorèng dalah lombokipun, manawi sampun matêng lajêng kaêntas saha winadhahan ing lèmpèr, sarta winêwahan sarêm kalihan gêndhis jawi sawatawis, nuntên kaulêg dados satunggal.

Jangan Mênir

Bayêm karajang, ceme katêngkêl-têngkêl, jagung mênir (ênèm) wêtahan, brambang karajang, kunci kagêcak, bumbu, godhong salam, gêndhis jawi, sarêm, pangolahipun kados olah jangan loncom. Badhe kasambêtan.

--- 195 ---

Nonah Mudinêm, Arts.

Ing sapunika sampun nama umum ing bab wontêning para wanita ingkang ngambah pamulangan, wiwit pamulangan dhusun ngantos dumugining pamulangan luhur sampun kasrambah. Ingkang makatên wau adamêl pamarêm tumraping para wanita, dening kanyatan kamajênganipun botên beda kalihan para kakung.

Kawontênaning para wanita ingkang sampun lulus saking pamulangan, kenging dipun wastani sampun tanpa wicalan, tumrap ingkang wêdalan saking pamulangan têngahan sampun kathah, dumuginipun ingkang wêdalan pamulangan luhur ugi sampun wontên. Sami sêsêbutan Mr.

Ing sapunika wontên malih ingkang lulus saking pamulangan luhur dhoktêr, inggih punika nonah Mudinêm, Arts. Tumraping wanita tiyang Jawi, sawêg satunggal punika ingkang angsal sêsêbutan Arts.

Ing ngriki prêlu kapratelakakên sakêdhik ing bab sajarahipun nonah Mudinêm.

Nonah Mudinên punika putranipun Radèn Mas Wanèng Praduta, ajudan ondêr upsir prajurit dalêm ing karaton Surakarta. Lairipun kala ing taun 1910, wiwitipun sêkolah wontên ing Kartinischool ing Batawi, lajêng dhatêng Europ. Meisjes Lagere School ing Surakarta, satamatipun saking pamulangan wau lajêng dhatêng Mulo ing Surakarta, A.M.S. ing Ngayogyakarta, salajêngipun dhatêng G.H.S. Ing tanggal 4 wulan Dhesèmbêr 1937 lulus saking G.H.S. angsal sêsêbutan Arts. Dados dumugining sapunika sawêg ngumur 27 taun.

Nonah Mudinêm punika sadhèrèkipun wontên 6, ingkang sêpuh piyambak, dhoktêr Diran, Ind. Arts. Sanès-sanèsipun sami èstri, dados sudagar, ingkang satunggal emah-emah angsal Ir. Karyamênggala. Nonah Mudinêm punika ingkang wuragil.

[Grafik]

Nonah Mudinêm.

Miturut wartos, Nonah Mudinêm badhe bikak kadhoktêran partikêlir.

Ingkang pinanggih ing wêkdal punika, wontênipun dhoktêr èstri bôngsa tiyang siti, wontênipun sawêg ingkang wêdalan saking Stovia tuwin Nias, dados saupami nonah dhoktêr Mudinêm bikak kadhoktêran partikêlir, badhe kathah pangajêng-ajêngipun sagêd majêng.

Ing pamuji mugi Nonah Mudinêm lulusa anggènipun tumindak ing damêl, sampun kirang satunggal punapa, saha sagêda dados têtuladan dhatêng para wanita ingkang kantun.

--- 196 ---

Sinjang Bolurambat

Sinjang bolu-rambat punika golongan sinjangcêplok, latar cêmêng, panyêratipun mawi garisan. Tumraping ahli nyêrat, kêgolong sêratan ingkang enggal rampungipun, amargi kathah sêratanipun ingkang dipun sêrat ngangge canthing carat kalih (cucuking canthing rangkêp), kajawi punika, sinjang ingkang tanpa cêcêg, punika nyudakakên padamêlan kathah.

[Grafik]

Nama bolu (bulu)-rambat, punika mirid saking wontêning wit bulu ingkang mrambat, awit bulu punika wontên warni kalih, inggih punika wit bulu agêng, godhongipun saèmpêr godhong karèt, botên dipun tanêm ing tiyang, limrahipun thukul wontên ing papan bawera, tuwin namung limrah dados ayang-ayanganing dhusun. Ingkang dipun wastani ayang-ayangan dhusun wau makatên: satunggiling dhusun, punika ingkang limrah wontên wit-witanipun ingkang agêng, wit agêng wau sagêd katingal saking panggenan têbih, kenging kangge ancêr-ancêr, bilih uwit ingkang katingal wau, wit anu ing dhusun anu, dados tiyang sampun sagêd mastani dhusun anu, nitik saking wontêning wit ingkang katingal, punika nama ayang-ayanganing dhusun. Dene bulu rambat, thêthukulan marambat sairib kados papasan, wontênipun kapirid wontên ing sêratan, awit wujuding godhong tuwin suluripun sae.

Sinjang bolu-rambat punika prasaja, pantês dipun agêm ing priyantun kakung tuwin putri, wujudipun mramo dening kathah soganipun. Nanging mapanipun dipun agêm ing priyantun putri ingkang kaparêng dhatêng pangagêman kêlêm-kêlêman, ing ngriku katingal prasajaning sinjang ingkang lugunipun wujud mramong. Namung sarèhning tumraping pangagêman punika cocogan, bab pangagêman punika botên kenging dipun êbabi.

Upaminipun wontên putri ingkang rêmên mangagêm sarwa mubyar, punika manawi sumêrêp tiyang mangangge sarwa kêlêm, wontênipun ing paningal katingal botên sakeca.

Kosokwangsulipun ingkang rêmên mangangge sarwa kêlêm, punika manawi kalêrêsan anggènipun matrapakên pangangge, rumaos ing jagad punika namung isi badanipun piyambak.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. 12. (kembali)
2. golongan. (kembali)
3. tindak. (kembali)