Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 104, Rê Pn, 26 Sawal Ehe 1868, 29 Dhesèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pucaking Rêdi - Gênging Atur Panuwunipun Tiyang Sadonya Dhatêng Tuwan Dr. Pasteur - Tiyang Wuta - Ngambali Sayêmbara - Kawontênan ing Tiongkok - Pilêm Têrang Bulan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pucaking Rêdi

[Grafik]

Sêsawangan pucaking rêdi Sêmèru, Brama lan Bathok, dipun tingali saking pucak rêdi Pênanjan.

--- 1654 ---

Bab Kasarasan

Gênging atur panuwunipun têtiyang sadonya dhatêng Tuwan Dr. Pasteur.

Manawi dipun yêktosi kalihan saèstu kawontênan utawi lampah-lampahing ngalam donya punika, ing bab sêsakit punapa kemawon ingkang thukulipun suwau sampun dipun tanggulangi dening dhoktêr, tansah kathah, jalaran namung ningali lampah lan wujudipun sêsakit kemawon. Ingkang makatên punika têtiyang utawi dhoktêr kados sampun sami kraos yèn ing têmbe tamtu badhe konangan utawi pinanggih sabab-sababipun thukuling sêsakit wau, kados ta: sêsakit infectie, baksil lumêbêtipun ing badan tiyang jalaran kulitipun tatu, lajêng dados margi lumêbêtipun wisa sêsakit wau. Kados ta: infectie ing pranakan (baarmoeder) ingkang tatu jalaran mêntas nglairakên bayi (kraam vrouwen-koorts), sasaminipun.

Dr. Semmelweis ingkang ngêmungakên angyêktosi èstri ingkang mêntas nglairakên bayi ingkang asring sangêt kataman sêsakit bêntèr ingkang ambêbayani wau, tuwuhipun sêsakit bêntèr punika saking rêgêding tatu, botên utawi dèrèng andungkap bilih sababipun punika jalaran saking kewan lêmbat-lêmbat (baksil) ingkang lumêbêt ing tatu. Mila ing jaman samantên (ing Eropah) èstri ingkang wawrat, yèn badhe nglairakên bayi dipun jagi sarana kapurih manggèn ing sênthong ingkang rêsik.

Dhoktêr utawi Vroedvrouw ingkang badhe mitulungi lairipun bayi, kêdah rêrêsik tangan, pangangge tuwin sanès-sanèsipun. Mênggah wontênipun tiyang èstri ingkang nglairakên bayi mawi dipun jagi makatên wau, pancèn inggih kathah ingkang sami wilujêng, nanging inggih kathah ugi ingkang lajêng sakit bêntèr ngantos lami sangêt, malah asring ngantos dados tiwasipun.

Ing jaman samantên Dr. Lister (Inggris) ugi sampun angyêktosi, samăngsa wontên tiyang ingkang putung balungipun ing suku utawi lêngên, mawi tatu ingkang balungipun sok katingal mêdal anjêpat (gecompliceerde breuk) tiyang ingkang kataman lajêng sakit bêntèr sangêt, sagêd ugi dados tiwasipun. Kosokwangsulipun tiyang ingkang putung balungipun, nanging botên mawi tatu (ongecompliceerde breuk) mèh sadaya sami sagêd saras tanpa sakit bêntèr utawi sanès-sanèsipun.

Ingkang makatên punika saking pamanggihipun Dr. Lister tatu wau têmtu kalêbêtan rêrêgêd saking jawi ingkang anjalari thukulipun sakit bêntèr wau. Mila Dr. Lister ing wêkdal samantên sampun damêl pranatan, sadaya tatu sadèrèngipun dipun blêbêt (verband) kêdah dipun rêsiki ingkang rêsik saèstu, prabot potong (instrument) kêdah dipun rêsiki lan dipun kum ing toya karbol, verband ingkang kangge blêbêt tatu kêdah dipun têlêsi mawi toya karbol.

Mênggah angsal-angsalanipun pranatan ingkang makatên wau, sanajan anggènipun anjampèni tiyang ingkang tatu upami dipun potong (operatie) tiyang [ti...]

--- 1655 ---

[...yang] ingkang sakit bêntèr taksih kathah ingkang sami tiwas.

Sajatosipun dhoktêr anjampèni tiyang ingkang putung balungipun mawi tatu utawi tiyang kêtaton lêbêt ing dhadha utawi ing wêtêng, punika ingkang kathah jalaran saking katabrak sêpur tram, mobil, utawi kêdhawahan barang ingkang awrat lan atos. Tatu ingkang lêbêt jalaran kasuduk, kêtumbak, kêbacok, kêslumbat utawi sanès-sanèsipun, ingkang peranganipun asring risak sangêt, tatunipun kêdah dipun dandosi dipun rêsiki, kulit dagingipun ingkang risak suwèk pating saluwir dipun guntingi utawi dipun irisi supados radin, awit manawi kulit dagingipun ingkang risak wau botên dipun icali, sagêd dados bosok, tumraping tatu ambêbayani.

Balung ingkang putung yèn wontên ingkang rêmuk utawi pating jrêpat dados lancip utawi landhêp kados siladan, punika kêdah dipun icali dipun pêndhêti sarana dipun japiti mawi tang. Manawi tatunipun kirang wiyar, kasuwèk sakêdhik kangge ningali lan ngrêsiki ing lêbêtipun tatu, utawi kangge anjapit pipa êrah ingkang pêdhot utawi kiris tansah mêdal êrahipun. Mila tatunipun kêdah dipun damêl wiyar (operatie). Upami perangan ingkang tatu wau risak sangêt, botên kenging dipun dandosi, dhoktêr kapêksa ngêthok (amputatie) ing perangan suku, lêngên utawi driji ingkang risak wau.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- [1656] ---

Tiyang Wuta

Tiyang tinitah wuta punika gêsangipun sakalangkung sangsara, ngantos kaparibasakakên pangawak bathang ucap-ucap, kajêngipun sampun pêjah nanging taksih sagêd wicantên, damêlipun sampun botên wontên, dene nêdhanipun botên beda kalihan tiyang saras.

Ing kala rumiyin, tiyang ingkang tinitah wuta, gêsangipun namung dados kalangênaning para agêng, tumrap Surakarta sami ngawula dhatêng karaton, wontên ingkang namung dados kalangênan lugu, wontên ingkang dipun wulang nênabuh tuwin ulah swara.

[Grafik]

Lare-lare wuta ingkang nuju dipun sinaoni ulahraga.

Tumrap kala jaman suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV kathah têtiyang wuta (limrahipun dipun wastani mêtêngan) ingkang kaabdèkakên sami dipun wulang têtêmbangan, ingkang diwasanipun têtiyang wau sagêd angsal panggêsangan saking anggènipun têtêmbangan.

Kados sampun kêlimrah tiyang wuta punika gadhah kalantipan, manawi ngapal-apalakên sakêdhap kemawon sampun cumanthèl. Malah wontên sawênèhipun tiyang wuta, ingkang apal Sêrat Rama. Ingkang langkung anggawokakên, punika tumrap tiyang wuta ingkang nyinau gêndhing, sabên sinau, sagrabyagan kemawon sampun sagêd.

Pinanggihipun wontên ing padhusunan, tiyang wuta punika adhakan ingkang gêsang tanganipun lajêng dados dhukun pijêt, nanging limrahipun tiyang wuta punika lajêng pêpariman.

Manawi ngèngêti gêsanging tiyang wuta, punika sakalangkung mêmêlas, kenging dipun upamèkakên anggèning wontên ing dunya botên kinanggèkakên ing damêl. Măngka manawi ngèngêti wontênipun tiyang wuta, pinanggihipun kathah sangêt, wontên ingkang wuta wiwit alit, wontên ingkang wuta sasampunipun agêng, jalaran saking kènging sêsakit.

Mênggahing paniti, wuta punika satunggiling sêsakit, dados saupami têtiyang sami migatosakên [migato...]

--- [1657] ---

[...sakên] dhatêng wontênipun sêsakit mripat, upaminipun manawi sakit mripat lajêng purun ajêjampi, tuwin anggènipun jêjampi wau dhatêng dhoktêr, tamtu badhe adamêl kirangipun tiyang wuta.

Măngka tumraping jêjampi dhatêng dhoktêr, kajawi dhatêng dhoktêr ingkang limrah, taksih wontên malih dhoktêr ingkang ahli babagan mripat. Dhoktêr ingkang ahli wau agêng sangêt pitulunganipun tumrap tiyang sakit mripat.

Tumrap parentah, malah ugi sumrambah ing sajagad, ngudi sangêt dhatêng pitulungan wau, ing pundi-pundi dipun êdêgi griya sakit kangge anjampèni tiyang sakit mripat, ingkang dipun adani dening pakêmpalan. Rekadayanipun botên sanês, namung nyêgah sagêda tiyang ingkang sakit mripat sampun ngantos kalajêng wuta.

Ingkang pinanggih ing tanah ngriki wontên pakêmpalan nama Vereeniging tot verbetering van het lot der Blinden in Ned. Indie. Pakêmpalan wau ngawontênakên panggenan dalah griyanipun sakit wontên ing Bandhung. Adêging griya wau sampun mèh 40 taun.

Griya sakit wau (Blindeninstituut) dipun dêgakên dening tiyang kathah ingkang jumênêng pangayoman Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Ingkang katampèn jêjampi mriku punika botên pilih băngsa, tur botên mawi dipun pêksa, nanging tiyang ingkang mlêbêt mriku punika kêdah ingkang saras badanipun tuwin saras pikiranipun.

Ing salêbêting griya sakit wau wontên papanipun nyambut damêl tuwin pamulanganipun. Dados tumrap têtiyang ingkang malêbet mriku punika badhe sumêrêp caraning nyambut damêl tuwin sinau, botên badhe nandhang susah jalaran saking anggèning ngrumaosi ina.

[Grafik]

--- 1658 ---

Ngambali Sayêmbara

Up bêstir Java-Instituut, martosakên bilih Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta, paring panguwaos dhatêng Java-Instituut ngawontênakên sayêmbara enggal malih, tumrap mêrtal ing Basa Walandi: Serat Wedhatama.

Sintên ingkang badhe nglêbêti sayêmbara sagêd nêdha buku wau dhatêng: sèkrêtaris Java-instituut ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Jurinipun sampun dipun wontênakên malih, inggih punika:

Prof. Dr. G.W.J. Drewes mahaguru pamulangan luhur pangadilan, Batawi Sèntrêm, Kêbon Sirih 40, pangarsa.

Radèn Mas Adipati Arya Kusuma Utaya, warga Rad Kawula, tuwin Radèn Ngabèi Dr. Purbacaraka, Conservator der Handschriften van het Kon. Bataviaasch Genootschap.

Pamrêtalipun wau gancaran utawi mawi lêlagon, kasumanggakakên dhatêng ingkang mrêtal.

Gancaran nomêr 1 f 250.-, nomêr 2 f 100.-.

Juri wau wênang botên nyukakaken ganjaran salah satunggal utawi kalih pisan.

Prêtalan wau ing sadèrèngipun 1 Agustus 1938 sasampuna wontên ing astaning pangarsa juri. Prêtalan wau kasêrata ing dalancang sarai namung sasisih, sêratanipun kêdah ingkang cêtha, langkung prayogi manawi mawi mêsin. Pangintunipun kedah mawi Motto utawi nama sêsinglon, tuwin dipun kanthènana amplop dipun pati, ingkang wontên cirinipun Motto tuwin sêsinglon punapadene asmanipun ingkang ngintuni prêtalan wau. Pambikakipun amplop wau manawi badhe andhawahakên ganjaran.

Sadaya kintunan wau têtêp dados gadhahanipun Java-Instituut.

Java-Instituut gadhah wêwênang macak wontên ing kalawarti Jawa kanthi prajanjian kados ingkang sampun katindakakên.

--- 1659 ---

Kawontênan Ing Tiongkok

Dangu-dangu kawontênanipun paprangan ing Tiongkok saya anggayuk dhatêng pundi-pundi, kados ta Amerikah, Inggris tuwin sanès-sanèsipun. Dene anggènipun kêsampe lajêng tumut ngêmori damêl, wosipun botên sanès, saking nagari-nagari wau inggih gêgayutan kalihan Tiongkok, sanadyan badhea namung kèndêl inggih botên sagêd, tuwin malih ugi tansah wontên sabab saking Jêpan ingkang andadosakên maringi nagari-nagari sanès, inggih punika angrêrisak ingkang sanès lêrêsipun.

[Grafik]

Tumrap Inggris sampun adrêng anggèning badhe ambidhalakên kapal perang dhatêng papan ingkang kasamarakên, nanging pinanggihing rêmbag, namung badhe ngawasakên rumiyin dhatêng kawontênan, namung samăngsa-măngsa wontên kawigatosan ingkang sayêktos, lajêng kabidhalakên. Nanging tumraping para ministêr tansah ngawontênakên kaprayitnan, sawanci-wanci wontên prêlu lajêng sagêd parêpatan sanalika. Ing bab kawontênan punika wontên ingkang gadhah panganggêp, manawi lajêng ngintunakên wadya bêbantu dhatêng Tiongkok, punika pinanggih langkung prayogi, amargi lajêng sagêd nyêgah dhatêng tindak-tindak ingkang botên lêrês. Nanging wontên ingkang gadhah pamanggih, saupami ambidhalakên kapal-kapal pêrang ing sapunika botên patos prêlu, amargi saupapami[1] [saupa...]

--- [1660] ---

[...pami] kapal pêrang Inggris kapindhah saking lautan Eropah dhatêng sanès panggenan punika dados kawigatosan sayêktos.

Makatên ugi Inggris taksih ngajêng-ngajêng wangsulanipunJêpan ingkang gumathok, ingkang sagêd damêl marêm, ing bab anggèning Jêpan gadhah tindak botên lerês dhatêng Inggris. Manawi dipun wangsuli kanthi pangarêm-arêm kemawon, badhe botên dipun anggêp. Dêrênging pangajêng-ajêngipun Inggris ingkang samantên wau, ugi araos kasabaran.

[Grafik]

Sawangan krêtêg lèpèn sudhetan ingkang anggandhèng lampahing lèpèn Yangce kalihan Pèiho.

Kajawi punika Inggris ugi mawas dhatêng tandangipun Amerikah, ingkang katingalipun ing sapunika ugi sêrêng dhatêng Jêpan. Nanging pamawasipun Inggris ingkang makatên wau botên anjagèkakên saiyêgipun Amerikah, manawi wontên damêl-paridamêl inggih lajêng badhe tumandang piyambak.

Makatên ugi tumrapipun Prancis, ugi tansah jagi-jagi, samăngsa-măngsa Inggris ambidhalakên kapal pêrang dhatêng Asiah, badhe ambiyantu ambidhalakên kapalipun pêrang dhatêng Lautan Têngah, mênggah kajêngipun ategês anglintoni pabarisan kapal pêerang Inggris ing Lautan Têngah ingkang kawangsulakên dhatêng Eropah. Tuwuhing pamanggihipun Prancis ingkang makatên wau, botên sanès saking

--- [1661] ---

angèngêti bilih Inggris punika dados kănca pasupêkêtan lami. Kalihan malih manawi angèngêti dhatêng kabêtahanipun Prancis piyambak, ugi kêdah migatosakên dhatêng salampah jantranipun Inggris.

[Grafik]

Tumrap Amerikah gêgayutanipun kalihan paprangan ing Tiongkok inggih tansah wontên-wontên kemawon, malah wontên pangintên bilih panêmpuhipun Jêpan dhatêng kapal Panay, punika botên sanês namung kangge nyobi, punapa Amerikah purun pêrang yêktos. Saupami kalampahan, Amerikah tuwin Inggris botên ngintunakên wadya lautan dhatêng lautan Asiah, Jêpan badhe rumaos agêng ing manah, tamtu badhe tumindak sêrêng nêmpuhakên wadya lautan.

Ing bab panêmpuhipun Jêpan dhatêng kapal Panay, punika tumrap Amerikah salugunipun inggih gadhah panganggêp dados satunggiling bêbaya paprangan, mila kêdah jagi-jagi tumuntên. Ingkang makatên punika sampun botên kenging dipun paibên, awit dangu-dangu Amerikah inggih saya kraos, saha lajêng wontên titikipun badhe tumindak nyantosani wadya lautan.

Nanging Jêpan katingalipun botên mêndha anggèning gadhah tindak kumapurun dhatêng Amerikah, tandhanipun mêntas wontên lêlampahan malih ingkang pinanggih ing Wuhu. Ing ngriku wontên saradhadhu-saradhadhu Jêpan ngandhapakên bandera Amerikah ingkang dipun pasang wontên baita motor gadhahanipun satunggiling griya sakit Amerikah ing Wuhu, salajêngipun bandera wau dipun bucal dhatêng lèpèn Yangce.

--- 1662 ---

Kawontênan Sarta Kamajênganing Nagari Sarta Karaton Dalêm Nyayogyakarta Adiningrat

Wiwit sajumênêng Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng kaping VIII, kawontênaning nagari dalah karaton dalêm Ngayogyakarta kathah sangêt indhaking kamajêngan sarta ewah-ewahanipun. Pitêpangan dalêm kenging dipun wastani rakêt lan sumrambah sangêt dhatêng sintêna kemawon. Ingkang makatên wau sagêd kapiritakên, ing kraton kêrêp wontên tamu sarta kêrêp nampi pisowanipun gêgrombolaning priyantun Jawi saking sajawining nagari dalêm Ngayogyakarta. Sampeyan dalêm tansah manggalih lan midhangêtakên kabêtahaning nagari dalêm saisinipun sadaya. Ing ngriki kula botên niyat badhe damêl gancaran kawontênaning nagari sarta karaton dalêm ing Ngayogyakarta ingkang langkung tlêsih, nanging namung mêndhêt saking pamanggih kula ingkang wontên prêlunipun ingkang sagêd gandhèng kalihan sintêna kemawon ingkang ambêtahakên kawontênaning karaton dalêm Ngayogyakarta Adiningrat.

Wondene bab-bab ingkang badhe kula aturakên wau botên sanès inggih tatacara, caranipun para putra santana, abdidalêm sarta kawula dalêm ing Ngayogyakarta, yèn nuju sami wontên salêbêting karaton, inggih punika bab anggèn-anggèn, têtêngêr, urut-urutaning palênggahan, sêsêbutan lan sapanunggilanipun.

Sarèhning kula sampun dangu gêgriya wontên sajawining nagari dalêm Ngayogyakarta, dados tumraping andharan ingkang badhe kula andharakên wau têmtunipun kirang tlêsih, mila sadèrèngipun kula nyuwun para maos mugi sampun gêla lan mugi karsaa paring pangaksama dhatêng kula. Jêr sêdya kula wau sadaya namung badhe angluhurakên karaton dalêm Ngayogyakarta Adiningrat.

Bab anggèn-anggènipun para putra santananing panjênêngan dalêm nata sarta para abdi dalêm ing Ngayogyakarta.

Bab I, perangan 1. Namaning anggèn-anggèn kados ta: 1 kuluk, 2 dodot sarta bêbêd kaprajuritan, 3. bêbêd, 4. Clana sarta plisiripun, 5. Payung.

Bab II, perangan 2 bab wujuding pangangge.

Wujudipun kuluk kados ing ngandhap punika:

1. Kuluk biru.

2. Kuluk kanigara.

3. Kuluk bêrci cêmêng.

4. Kuluk bêrci pêthak.

5. Kuluk Sup.

6. Kuluk kêsting cêmêng sarta pênjatos.

Badhe kasambêtan.

Radèn Mas Dirjasubrata. Kêtandhan - Klathèn.

Pawartos saking Redhaksi

K. 4377 ing Gurah. Tumrap lotre prayogi dipun purugi piyambak, samantên wau manawi angsal-angsalanipun agêng. Tumrap sanès-sanèsipun badhe dipun kintunakên.

Tuwan M. Mh. ing Lawiyan. Pakabaran radhio, punika tumraping kalawarti kêdangon wêdalipun.

K. 4528 ing Surakarta. Kintunan gambar botên kapacak, sampun kasèp.

--- 1663 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pilêm Têrang Bulan

III.

Petruk : Rungokna, Kang Garèng, tak banjurne dongenganaku. Sajêrone têmoning pangantèn, yaiku dhaupe Musa karo Rohaya, kuwi nganggo dianani tanggapan Kang Garèng, tanggapane mau, nèk aku anggone ngarani: tlèdhèk.

Garèng : Wèh iya rada kumplit kuwi arane, sanadyan papane sing kanggo duwe gawe kuwi, kayadene omongmu, êmbuh ana ing alas, êmbuh ana ing ara-ara, kang pinadhangan ing obor pirang-pirang atus. Mungguh panganggone tlèdhèk mau, apa iya nganggo tapih bathik, sing saka sadhuwure dhadha tumêkane ing sadhuwure dhêngkul. Kajaba iku, Truk, jogède tlèdhèk kuwi kêpriye, apa cara tlèdhèk Sala, apa tlèdhèk Bandhung, apa cara ... Cakalele.

[Grafik]

Petruk : Hla, iki rada nyêngkal bangêt, kang Garèng. Sabab, nèk nitik kaanane ing kono, panganggone wong-wong lanang, iya pangantène, iya pangiringe sing puluhan cacahe, kuwi kabèh mung nganggo cawêt thok, sanadyan cawête mau bangsaning bathikan. Dadi nèk andêlêng kaanane ing kono, sing katon iya kumpulane wong alasan balêjêt. Dadi tlèdhèke pantês-pantêse iya mung nganggo cawêt, lan jogède pantês-pantêse iya mumbul-mumbul, mêncolot-mêncolot, mubêng-mubêng, kaya jathilan sing kasurupan kae. Nanging ora mangkono mungguh kaanane tlèdhèk sing dipitongtonake panggonan manton ing pilêm Têrang Bulan mau. Panganggone sarwa putih, èmpêre kayadene... rok dawa sing kangsrah lêmah kae, dene jogède: pating pleyot, nganggo ngulat-ngulèt barang kae. Nèk ora kaliru jogèd sing kaya ngono kuwi, jarene dhangsih cara Sêpanyol.

Garèng : Wèh, hla saya mrinding githokku, Truk. Karameane dianakake ana ing sajabaning omah, sarana dipadhangi obor pirang-pirang [pirang-...]

--- 1664 ---

[...pirang] atus. Sing padha anjênêngi pahargyan mau, tumêkane pangantène pisan, kêna diunèkake wuda, mung nganggo cawêt thok, nanging cawête mau bathikan. Tanggapane pancène mono ora kêna diarani tlèdhèk, nanging sing dijênêngi: dhansêrès, tukang dhangsih-dhangsih, tur dhangsêrès saka Sêpanyol. Banjur, Truk, tabuhane kango dhangsêrès mau, apa jèsbèn, apa piano karo piyul.

Petruk : Wayah, ambok aja dibanjur-banjurake mangkono, luwih bêcik saiki takterusne dongenganaku. Sajêrone ditêmokake linggih jajar mau, ujug-ujug pangantèn wadon iya Rohaya, plêncing, ngithar lumayu, ninggal ing papan kono. Anèhe, kang Garèng, wong pirang-pirang puluh, sapangantène lanang pisan, têka ora ana sing ngalang-alangi, malah padha pating pêndongong, pating plompong....

Garèng : Lho, kowe aja kaliru, Truk, wong-wog mau padha nyêmbah brahala. Bokmanawa kala samono wong-wong padha pracaya, yèn pangantèn wadon ujug-ujug katitisan ing dewane, mulane wong-wong ora padha wani angaru-biru.

Petruk : Bisa uga mangkono, Kang Garèng. Banjure dongèng Têrang Bulan saikine takcêkak bae. Yaiku mangkene:

Sarana prau jungkung, Kasim karo Rohaya banjur padha minggat saka pulo Sawobah kono, nganti tumêkane ing Malakah. Ana ing kene padha ganti panganggo, kang Garèng, Kasim nganggo pantalon, malah sêpaton barang, Rohaya manganggo cara wong wadon băngsa Padhang, iya nganggo sêlop. Gumunku, lakune utawa tandang-tanduke kok iya banjur wis kêpenak bae, ingatase kulinane mung nganggo cawêt, utawa sarung saka sadhuwure dhadha têkan ing sadhuwure dhêngkul.

Garèng : Wèh, sêmune wong-wong ing Sawobah kuwi luwih maju tinimbang wong lumrah ing Batawi kene: sabab wong Batawi kene yèn kabênêr bakda Riadi, akèh sing sikile mlicèt, jalaran padha nganggo... sêpatu lan sêlop, balik Si Kasim karo Si Rohaya, sing sabên dinane kiraku gapyak bae ora tau têpungan, jêbul didadak nganggo sêpatu lan sêlop kathik kêpenak bae.

Petruk : Wayah, kang Garèng, anggone metani kuwi ambok aja kêjlimêtên. Saiki tak banjurne manèh dongènge. Nganti pirang-pirang dina, Kasim ora bisa olèh pagawean. Suwe-suwe banjur kêtêmu karo mitrane sing ninggal pulo Sawobah luwih dhisik, yaiku Dullah, saka bungahe kêtêmu karo mitrane lawas, Dullah iki sorene karo bojone ngajak Kasim karo Rohaya sênêng-sênêng ana ing Parêk. Ing kono kawêruhan dening mungsuhe lawas, yaiku: Musa, kang ana ing kono kacêluk jêneng: Sèh Bak Abul, sawijining wong Arab kang sugih, sarta jalaran panggawene kang ala dadi golekane pulisi.

Garèng : Wèh, saya ruwêt manèh nyang pikiran, Truk, ing ngarêp jarene pulo Sawobah kuwi puloan dhewe, ora tau candhuk lawung karo nagara liya, jêbul ana wonge sing ana ing tanah sabrang bisa mendha-mendha dadi wong Arab. Iki padhane [pa...]

--- 1665 ---

[...dhane] kowe carita mangkene: desa Klêgèn kuwi dununge mèh ana sangisore gunung Sumbing, adoh bangêt saka ing kutha, cêkake desa kluthuk bangêt. Ing kono ana wonge tani aran: Sutamênggala, iki pancèn wong asli kono têmênan. Kocapa barêng kowe ana ing Batawi, plêsir-plêsir nyang kêbon binatang (dierentuin) jêbul kêtêmu karo si Sutamênggala mau, kang ana ing kono kacêluk jênêng: Mênir Jakob pan Dhê Sêpud Lănda, Truk. Apa iya mathuk dongengan sing kaya ngono kuwi, wong ngemba Walănda kuwi, sanadyan sa ik, rong ik, rak iya kudu bisa cara Lănda. Gèk si Suta mau ana ing desa Klêgèn sinaune cara Lănda nyang sapa. Mêngkono uga si Musa, wong iya omahe ana ing pulo, kang ora tau diambah wong mănca, kathik nyêmbah brahala, hla kok bisa ngemba wong Arab tulèn. Wis, Truk, ora prêlu kok banjurake anggonmu andongèng pilêm Têrang Bulan kuwi mau. Wong saya suwe têka saya anggêdabrul.

Petruk : Mêngko sik, kang Garèng, dikumplitake dhisik, ing kono dipitongtonake omah-omahe wong ing pulo Sawobah mau kobong nganti ludhis. Wong-wonge sarana dikêpalani dening Musa, padha prêcaya yèn anane kobongan mau ora liya mêsthi jalaran saka dewa sêsêmbahane duka, mulane amrih lêrême dukane dewa mau, kudu ditêbus sarana jiwaning manungsa. Têgêse: salah siji uwong kudu dikurbanake, dicêmplungake ing sagara urip-uripan.

Garèng : Bagus, cêkak aos, maskape sing gawe pilêm Têrang Bulan mau, anggambarake kaanane ing salah sawijining pulo ing tanahe dhewe kene kiyi mangkene:

Wong-wonge isih alasan, nanging ana mambu-mambune nyang kamajuan sathithik, diunèkake alasan, sabab panganggone mèh wuda blêjêd, ngêmungake nganggo cawêt, rada mambu nyang kamajuan, sabab cawête mau bathik. Agamane nyêmbah brahala, mulane sok ngurbanake manusa barang. Tatacarane iya wis wong alasan tulèn, ewadene wis bisa ngrêgani nyang kagunan sing Ngeropis, buktine anane: dhansêrès Sêpanyol, utawa têtabuhan: kitar. Sanadyan wong ing pulo kono katon isih kalêbu băngsa sing asor bangêt, nanging nèk pêrlu bisa malih dadi wong Arab tulèn, (Musa) bisa duwe lagak lagu cara wong Mlayu, (Kasim lan Dullah sabojone nalikane ana ing Malakah). Lho, têka samono maskape mau anggone siya-siya anggambarake bangsane dhewe iki. Jarene sing dadi idham-idamane maskape pilêm mau (Anif) arêp dadi juru pênyuluh kaanane ing tanahe kene kiyi sarana gambar, hla nèk anggone anggambarake bangsane dhewe kaya sing ditongtonake ing pilêm Têrang Bulan kuwi mau, apa ora mung ngisin-ngisinake bangsane dhewe bae, sabab putusane băngsa liya kang durung tau anjajah mrene mêsthine: iya kaya ngono kuwi bangsane dhewe kiyi. Alhamdulilah, dene aku ora nonton pilêm sing mung gawe isin bangsane dhewe kuwi.

--- 1666 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthkan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Pakaryan damêl gêndhèng. Sampun dangu wontên rancangan badhe ngêdêgakên pakaryan damêl gêndhèng. Ing sapunika bab punika sampun wontên wartos badhe kêlampahan wontên salêbêtipun wulan Maart ngajêng punika, ngadêg wontên ing Cicalêngka. Ing dalêm sataunipun badhe sagêd ngêdalakên gêndhèng 2 yuta. Tumrap ing sanès panggenan sawêg karêmbag. Adêging pakaryan punika ugi angsal pambiyantu saking Fonds Kleine Nijverheid.

[Grafik]

Mèngêti jumênêng Bupati 25 taun. Ing kabupatèn Bandung mêntas wontên paargyan mèngêti anggèning jumênêng Bupati R.A.A. Wiranatakoesoema. Ingkang kacêtha ing gambar, nalika R.A.A. Wiranatakoesoema nuju mêdharsabda.

O.L. Mij Bumi-Putera badhe bikak bank alit-alit. Wontên wartos O.L. Mij. Bumi-Putera ing Ngayogya gadhah sêdya badhe ambikak bank alit-alit wontên ing salêbêtipun tanah Jawi tuwin Sumatra, namung maligi kangge mitulungi para dagang alit-alit.

Residèn ing Sêmarang badhe kèndêl. Miturut wartos Praja, tuwan Dersjant, residhèn ing Sêmarang, wiwit benjing tanggal 23 Januari ngajêng punika badhe pènsiun, ing sadhèrèngipun bidhal badhe anjajah tanah Jawi rumiyin. Salajêngipun ing salêbêtipun wulan Maart bidhal dhatêng nagari Wanlandi.[2]

Lulus saking pamulangan Nias. Lulus examen Indisch Arts perangan kapisan ing Nias, Surabaya, tuwan Latuperisa, Ratumbusang tuwin Soetopo. Lulus examen Indisch Arts, tuwan Oetarjo.

Pamulangan luhur Ingenieur ing Bandung. Lulus pandadaran civiel ingenieur pamulangan ingenieur ing Bandung R.Ng. Pandji Koesoemodinanto Hadinoto, putranipun ingkang Bupati ing Kudus.

Ing Purworejo tuwuh sêsakit diphterie tuwin dysenterie. Miturut wartos golongan militèr ing Purworejo kêtrajang sêsakit diphterie tuwin dysentrie. Wontênipun têtiyang ingkang kêtrajang ngantos atusan. Sêsakit wau lajêng dipun tanggulangi dening Dr. J.R. Bakker, dhoktêr militèr, sarana tindak kasuntik. Sarèhning sêsakit punika ingkang kathah nrajang golongan militèr, mila lajêng ngawontênakên papriksan supados golongan militèr botên nêdha têtêdhan ingkang kasade ing margi-margi tuwin ing wande.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupernur Jawi-Wetan R. Soepeno, Aib, nindakakên padamêlan mantri kabupatèn Surabaya, paresidhenan Surabaya, dados asistèn wêdana paresidhenan Surabaya. Darsono, tijd. wd. Aib, nindakakên padamêlan mantri pulisi paresidhenan Rêmbang, nindakakên padamêlan tijd. wd. mantri kabupatèn Surabaya, paresidhenan Surabaya.

Andhapan ngamuk. Ing Lêgoksari, Tlilir tuwin Kêmloko, ass. Têmbarak, kabupatèn Têmanggung, mêntas wontên andhapan 7 ngamuk tiyang 10. Tiyangipun jalêr 7 lan èstrinipun 3. Têtiyang wau sawêg sami ndhangir brambang ing têgil. Sadaya tiyang wau sami kêtaton. Malah wontên satunggal ingkang sangêt, nama pak Roeoed, drijinipun ical 9. Sanalika têtiyang wau kabêkta dhatêng griya sakit. Lajêng andhapanipun kapêjahan, namung kenging 4. Andhapan-andhapan wau dhatêngipun saking lèr, saking wana Bansari ass. Bulu kab. Têmanggung. Jalaranipun dipun jêblugi mêrcon dening tiyang, lajêng giras têrus ngamuk mangidul. (K. 3261)

Congres Inlandsche Politie Bond. Inlandsche Politie Bond sampun kêlampahan ngawontênakên congres, manggèn ing Stadstuin, Surabaya. Kathah ingkang rawuh anjênêngi. Pangarsaning comite panampi tamu ngaturakên pambagya dhatêng ingkang sami rawuh anjênêngi. Wêwakiling pakêmpalan ingkang dhatêng H.B.P.P.B.B., H.B.P.P.I., F.I.O., H.B.O.K.S.W., H.B. Schrijvers Bond, P.P.B.B. afdeeling Surabaya tuwin sanès-sanèsipun. Wêwakiling sêrat kabar wontên pitu. Salajêngipun pangarsaning Hoofdcomite ing Bêtawi mêdharsabda mratelakakên ing bab tumindaking pakêmpalan wau wiwit taun 1931 dumugi taun 1935 ngantos dumuginipun sapunika. Salajêngipun kathah rêmbag-rêmbag ingkang kawêdharakên ingriku.

Toya leiding ing Cirêbon. Kawontênanipun toya leiding ingkang pinanggih ing Cirêbon ing sapunika kamanah kirang nyêkapi tuwin awon. Ing salajêngipun Gemeente gadhah sêdya badhe mêndhêt toya saking sumbêr enggal ing Cipaniis, prênah ing èrèng-èrènging rêdi Cirêbon. Toya ingriku punika kakintên nyêkapi. Namung pamêndhêtipun kêdah ngawontênakên trowongan, ingkang sapunika sawêg nêngah-nêngahi kagarap. Malah ing sapunika sampun kapriksa dening Ir. W. Holleman kanthi Ir. L.J.C. van Es. Kintên-kintên pakaryan punika tumuntên dados.

Taman Pustaka Karaton. Awit saking rêrigênipun B.A.A. Poerbojo, ing salêbêting Kraton Ngayogya kaêdêgan Taman Pustaka, saha pinanggihipun saya majêng. Ing sapunika miji satunggiling tilas student kadhawuhan anjawèkakên buku-buku basa ngamanca, ingkang angsal-angsalanipun kangge buku Taman Pustaka ngriku.

Ing Wonosegoro kêkirangan têdha. Ing dhusun-dhusun bawah onder distrik Wonosegoro, Boyolali, kathah tanêman botên kêmêdalan. Ing bab punika parentah arekadaya paring têdha sarana ngawontênakên kuli bêbêrah anggarap margi saking Wonosêgoro dhatêng Salatiga, kanthi sadhiyan arta f 4.000.-.

Papan lêlangên ing Kaliurang. Awit saking kaparêngipun parentah Kasultanan ing Ngayogya, badhe yasa papan kasênêngan wontên ing Kaliurang, awarni papan tennis, taman pasiraman, blumbang kangge baitan tuwin sanès-sanèsipun. Rantamaning waragad f 17.000.-

--- 1667 ---

Kapal Emden. Kala tanggal 21 wulan punika kapal Jerman Emden labuh ing Surabaya wontên ing palabuhan Hollandpier. Malêbêtipun dhatêng palabuhan jam 11, jamipun 12 dumugi jam 1.30 tuwin sontênipun jam 4 dumugi jam 6 sontên kawontênakên pêpanggihan kados adat. Dalunipun jam 8.30 kawontênakên pêpanggihan wontên ing gêdhong Deutcsher Verein tumrap para upsir tuwin bangsa Jerman. Ing tanggal 22 kawontênakên darmawisata dhatêng Nangkajajar, minangka pamaargyanipun upsir Walandi ing ngriki, dalunipun kawontênakên receptie wontên ing dalêmipun consul Jerman, mawi ulêm-ulêm. Wontênipun ing Surabaya ugi mawi kawontênakên tetandhingan bal-balan wontên ing Marakrêmbangan têtandhinganipun sawêlasan Jerman kalihan sawêlasan Marakrêmbangan. Ing dalunipun malih kawontênakên pêpanggihan ing kapal ambêbingah lare bangsa Jerman, dipun ulêmi satiyang sêpuhipun. Ing tanggalipun 23 wanci jam 3 dumugi jam 4 kapal wau kenging dipun tingali ing têtiyang umum.

Centraal Comite voor Steun aan Werkloozen. Ing salêbêtipun tanggal 1 dumugi 30 November kêpêngkêr, Centraal Comite voor Steun aan Werkloozen tampi arta f.164.612.67, arta samantên wau ingkang f 150.000 saking gupêrmèn.

Nyobi pigunaning kajêng jati nèm. Pakaryan wana mêntas nindakakên cobèn-cobèn migunakakên kajêng jati nèm kangge bantalan ril. Manawi cobèn-cobèn punika migunani tumrap S.S. tamtu badhe sagêd nyuda waragad kathah. Kajêng jati ingkang taksih nèm punika pancèn dèrèng atos, nanging manawi dipun jantoni mawi ascu sagêd langkung kiyat.

Barang kina ing Gunung Jati. Ing pasarean ing Gunung Jati, Cirêbon, pinanggih kathah barang-barangipun kina, ingkang sampun umur atusan taun. Ing bab punika parentah amigatosakên, supados dipun jagi sampun ngantos ical, tuwin supados dipun rimat sae. Mila pakaryan babagan barang kina badhe ngadani damêl griya wontên ngriku. Yêyasan griya wau kajawi dipun waragadi dening pakaryan babagan barang kina piyambak, ugi dipun biyantu dening Gemeente tuwin Regentschapsraad. Makatên ugi angsal urunan saking Cheribonsch Instituut.

Pasiraman ing Simbarjaya. Ing bawah Purworejo ingkang tapêlwatês kalihan Magêlang wonten pasiraman nama Simbarjaya. Pasiraman wau sawêg kabikak kala ing tanggal 19 wulan punika mawi paargyan tuwin dipun jênêngi ing para agêng ing Purworêjo tuwin têtamu saking Magêlang.

Bab arta kêrtas palsu ingkang dados prakawis. Ing taun punika pangadilan landraad ing Bêtawi andhawahakên karampungan ing bab prakawis arta kêrtas palsu rêgi f 50.-. wontên têtiyang siti sawatawis ingkang kaukum. Arta palsu wau dipun sêbarakên dhatêng Bandung, Cirêbon, Pakalongan tuwin taksih wontên kitha-kitha sanèsipun ing Jawi-Têngah saha Jawi-Kilèn. Arta ingkang sampun sumêbar kirang langkung wontên rêrêgèn f 20.000.-. Tumrap pangadilan landraad ing Bandung tuwin Cirêbon ugi andhawahakên karampungan babagan punika. Malah sapunika wontên wartos bilih taksih wontên papriksan malih babagan punika kapetang tiyang ingkang dados pangajêngipun. Miturut wartos aslining arta wau saking Tiongkok.

Panggilingan wos gadhahanipun O.L. Mij. Bumiputera. Ingajêng sampun nate kawartosakên bilih O.L. Mij Bumiputera badhe ngêdêgakên panggilingan wos wontên ing Kroya. Pabrik wau badhe sagêd ngêdalakên wos ing dalêm saêjam 20 pikul. O.L. Mij Bumiputera badhe ngawontênakên pawitan f 50.000.-, sanèsipun badhe kasade sarana aandeel. Miturut wartos, aandeel wau ingkang kathah dhawah ing Tuwan Saleh Idris ing Banyuwangi, ingkang misuwur satunggiling bangsa Jawi kêcêkapan ingkang sagêd nglampahakên arta.

[Grafik]

NAGARI WALANDI

Kawontênanipun Sripaduka Prins Bernhard. Miturut kêtrangan saking doktêr ingkang anggarap gêrahdalêm Sripaduka Prins Bernhard, gêrahdalêm pinanggih: a. tumrap tatu ing mastaka, sampun sênggang. b. tumrap ebahing prabot ing salêbêting mastaka sampun pulih, botên wontên tandha-tandhaning bênthèting balung mastaka. c jalaran saking kêtatap, ing sacêlaking tingal kiwa wontên uratipun ingkang botên sagêd ebah, nanging ugi sampun pinanggih sênggang. d èngêtandalêm pinanggih sae.

EROPA

Inggris ngawontênakên ajar-ajaran pêrang wontên ing susukan Suez. Dèrèng dangu Inggris mêntas ngawontênakên ajar-ajaran pêrang ingkang dipun tindakakên ing wadya dharatan, wadya lautan tuwin wadya gêgana wonten ing susukan Suez. Ing kala punika pinanggih wontên kapal pêrang Prancis 3 dumugi ing Port Said ugi lajêng ngawontênakên ajar-ajaran pêrang kadosdene tindakipun Inggris. Wontên wartos bilih tindakipun Prancis punika botên gêgayutan kalihan Inggris, nanging wontên pangintên bilih kawontênan wau gêgayutan kalihan babagan panjagi tata têntrêm ing Suez.

AMERIKA

Pogokan ing post. Ing Amerika wontên punggawa-punggawa post sami mogok ing pintên-pintên panggenan, danguning mogok namung tigang jam. Mênggah kawigatosanipun anggèning mogok wau namung minangka cobèn-cobèn, saupami wontên pogokan yêktos kadospundi kawontênanipun. Ingkang wontên pogokan makatên wau, ing New York, Washington, Philadelphia, Pittsburgh, Buffalo tuwin Detroit.

AFRIKA

Pasulayan babagan kabinèt. Pasulayan babagan ingkang pinanggih ing panjênêngan nata ing Mesir kalihan kabinèt Nahas Pasha pinanggih saya ruwêt. Sagêd ugi Srinata Mêsir ngèndêli Nahas Pasha. Awit saking kaparêng nata badhe nimbali Dr. Ahmed Mahir pangarsa Kamer Mêsir supados ngêdêgakên kabinèt enggal. Makatên ugi golonganing Wafd inggih kêncêng botên purun angewahi adêgipun.

--- 1668 ---

Wêwaosan

III. Lêlampahanipun Ilya.

37

Prajurit tiga, ingkang sami gagah prakosa, sarta sampun sami kasuwur mênggahing kadibyanipun, sanalika lajêng sêsarêngan ngadêg, amurugi prajurit ingkang ngakên nama Nikita, baunipun kacandhak ing tiyang têtiga nêdya kalarak mêdal. Nanging Nikita botên obah sakêdhik-kêdhika malah lajêng gumujêng sarta awicantên sajak angerang-erang makatên:

Sang prabu, sêmunipun para prajurit panjênêngan punika kêkiyatanipun botên beda kalihan kêkiyataning prawan ingkang taksih kêmêncur. Amila manawi namung tiyang tiga ingkang kadhawuhan ngungsir kawula saking ngriki, kados botên nyêkapi. Kawula aturi andhawuhi tiyang tiga malih, mugi-mugi ingkang tiga punika sayêktos anggadhahana karosaning priya, sanès karosaning prawan.

Sang prabu lajêng paring sasmita dhatêng prajurit tiga malih, ingkang sakala punika lajêng sami ngadêg saking palênggahanipun sarta nuntên anêmpuh dhatêng tamu ingkang ngakên nama Nikita wau. Prajurit têtiga punika lajêng nyandhak baunipun, anarik lan anjorogakên, nanging Nikita prasasat kados sela karang ingkang katêmpuh ing alun, tanpa ebah babarpisan, kajawi namung mèsam-mèsêm sajak ngerang-erang sarwi awicantên makatên:

Dhuh, sang prabu, manawi panjênêngan kapengin langkung rêna ing panggalih, kawula aturi dhawuh dhatêng gagak-gagak tiga malih supados sami anêmpuh dhatêng kawula.

Salajêngipun nuntên wontên prajurit tiga malih ingkang ngadêg saking palênggahanipun angrubut dhatêng prajurit mănca wau. Sadaya prajurit nata wau sami angêtogakên karosanipun, nanging tanpa damêl, Ilya aliyas Nikita botên sagêd mingsêr saking palênggahanipun. Kalihan gumujêng Ilya matur dhatêng sang prabu makatên:

Sang prabu, punapa panjênêngan badhe ngenggar-enggar panggalih. Dumugining samangke, sanadyan para prajurit panjênêngan punika sami anêmpuh dhatêng kawula, kawula babarpisan botên anglawan. Kalanipun têtiyang punika kumapurun nyobi ngungsir dhatêng kawula saking bangsal punika, kawula botên ngukum dhatêng lêlampahanipun ingkang kirang dugi-prayogi wau. Nanging sapunika kawula aturi mriksani, dhuh sang prabu, manawi kawula sampun purun ngatingalakên mênggahing kêkiyatan kawula. Nanging kintên-kintên salajêngipun sanadyan panjênênganipun sang prabu piyambak, inggih botên badhe kalajêng-lajêng anggènipun ngina tuwin angrèmèhakên dhatêng kawula punika.

Sasampunipun umatur makatên wau, Ilya lajêng ngirigakên badanipun, lan salajêngipun prajurit sanga cacahipun ingkang sami gagah prakosa saha ingkang sami nyêpêngi Ilya wau, sami kontal mrika-mriki, sarta dhawahipun wau, sirahipun sami nanggor ing tembok. Para tamu sadaya sami anjêlih kanthi ngungun sangêt. Awit salaminipun gêsang sadaya wau dèrèng nate ngalami karosan ingkang samantên. Ing măngka sampun dados padatanipun para satriya tuwin para prajurit ing jaman punika, sanadyana mêngsah bêbuyutan pisan, wajib angaosi dhatêng kalangkunganipun. Nanging Nikita botên migatosakên dhatêng para tamu sadaya wau, ing kala samantên piyambakipun ujug-ujug ngadêg saking palênggahanipun, nyandhak para prajurit saking satunggal sarta lajêng kangge uncal-uncalan kadosdene bal kemawon, ngantos sadaya wau sami pating galethak wontên ing siti, botên sagêd anjanggèlèk malih.

Kalayan pucêt pasuryanipun sang prabu amirsani wontênipun lêlampahan ingkang makatên wau, lan ing panggalih tansah kagungan kuwatos, bilih prajurit mănca punika botên sande têmtu inggih lajêng anêmpuh dhatêng sariranipun.

Nanging Ilya botên pisan-pisan gadhah sêdya badhe misakit dhatêng sang prabu, amila sarêng para prajurit sadaya wau sampun sami pating cêkangkang dhawah ing siti, inggih lajêng kèndêl pangamukipun, sarta lajêng enggal-enggal mêdal saking bangsal ngriku. Nanging kala mêdalipun wau, anggèning nutup kori sakalangkung sora ngantos kori wau lajêng bêjat. Dene para satriya ingkang sami pating glèthak ing siti, ngantos sawatawis dangu anggènipun sami ajrih tumênga. Ngêmungakên satunggal kalih ingkang purun cariyos kalêsak-kalêsik kalihan kănca-kancanipun makatên:

Kèndêl-kèndêlan rumiyin, sampun ebah-ebah lan sampun nyuwara, awit manawi Nikita ngantos sumêrêp utawi mirêng, sagêd ugi piyambakipun lajêng wangsul mriki malih, saha amêjahi kula sadaya. Kintên kula manawi piyambakipun ngantos wangsul malih, nèm sêpuh botên wontên ingkang dipun gêsangi. Manahipun ingkang têmtu botên badhe lêga, yèn para têtungguling prajuritipun sang prabu dèrèng pêjah sadaya.

Sasampunipun, Ilya mêdal saking kadhaton, lajêng kèndêl sakêdhap anyawang dhatêng kawontênanipun kadhaton. Ing wusana piyambakipun lajêng nyandhak jêmparingipun waja, saha lajêng dipun sipatakên dhatêng mustakaning kadhaton kanthi cariyos makatên:

Badhe kasambêtan.

--- 201 ---

Nomêr 51, taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Kridhaning Wanita Jawi.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 102.

Wontên sanès bab malih, inggih punika, anggènipun wanita sampun purun anglairakên raos lan pamanggahipun wontên ing kalawarti kanthi corèk-corekan (kanthi ngarang).

Tiyang punika sok gadhah kabêtahan kêpengin badhe nglairakên gagasanipun. Punika botên sanès kajawi kêpengin gêthok tular kalihan tiyang sanès, utawi ngrumaosi manawi gadhah gagasan ingkang sagêd ugi mikantuki tiyang sanès.

Paedahipun anglairakên gagasan sarana sêratan punika mila inggih prayogi sangêt, manawi ing bab punika dipun pêrsudi.

Pocapan punika enggal icalipun, enggal supe. Wangsul sêratan punika kenging dipun manah-manah sarana têntrêm lan wêninging pikiran. Sêratan punika kenging dipun upamèkakên obor, sagêd damêl pêpadhang.

[Grafik]

Rara Siti Mariyam.

Mênggah wataking tiyang èstri punika rêmên damêl padhanging manah, kêpengin angènthèngakên sêsanggèn, ngrencangi gotong-royong. Dados inggih sampun nama lêrêsipun, manawi para putri kagungan karsa ngarang utawi rêrêmbagan wontên ing kalawarti ingkang murakabi. Nanging inggih kathah tiyang èstri ingkang rêmên ngarang ngawon-awon utawi ngungasakên badanipun piyambak. Ingkang kados makatên punika sampun botên kaprah, prayogi dipun kèndêlakên. Tujunipun ingkang makatên wau sampun awis-awis sangêt pinanggihipun.

--- 202 ---

Bab tiyang èstri anggènipun rêmên ngarang punika sampun dados lêrêsipun, janji sami marsudi nglêmpakakên dêdongengan kangge waosan lare, awit tiyang èstri punika ingkang kacatêt[3] sangêt tumraping lare.

Samantên mênggah wawasan kula ing bab kridhaning wanita Jawi.

Siti Mariyam.

Cathêtan Olah-olah Prasaja.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 102.

Sambêl tumpang.

Lombok abrit, brambang, bawang, tempe wayu satunggal utawi kalih iji, sadaya wau sami kakukusakên sarêng ing dang utawi liwêt dados satunggal, manawi sampun tanak, kaêntas, nuntên dipun wêwahi tempe waras kalih utawi tiga, lajêng kaulêg dados satunggal, manawi sampun lêmbat, dipun santêni sacêkapipun, sarta dipun cêmplungi cècèk, pête, gêndhis jawi, salam laos, lan sarêm, tumuntên kagodhog saasatipun (kintên-kintên kantun nyèmèk-nyèmèk). Abênipun kalihan janganan: thokolan, kara pêthak, lêmbayung ingkang sampun sami ginodhog lawaran tanpa bumbu, sarta panggodhogipun botên kacarub.

Sambêl pêcêl.

Kacang cina ginorèng sangan, manawi sampun matêng, dipun oncèki rêsik, lajêng kadhêplok ing lumpang, manawi sampun lêmbat, kaêntas rumiyin, lajêng sinêlanan andhêplok lombok abrit salêmbatipun, nuntên kawêwahan sarêm, traos, asêm, lan gêndhis jawi watawis kathah, kadhêplok malih, manawi sampun lêmbat, kacang cina ingkang sampun dhinêplok wau, kaêsokakên ing lumpang ngriku, lajêng kadhêplok malih ngantos carub dados satunggal kalihan bumbunipun. Sambêl punika wujudipun garing kêmpêl, mila pandhaharipun kêdah dipun juri kalihan toya. Sarta abênipun mawi janganan: thokolan, kacang gleyor, godhong êso, bayêm, sêmanggi, janganan punika kagodhog piyambak-piyambak, tanpa bumbu. Manawi badhe kadhahar, janganan wau karacik piyambak sakaparêngipun, lajêng dipun sukani sambêl, sarta kawuwuran lalaban, godhong kêmangi utawi oncekan woh kêmlandhingan (lamtara).

Mêgana.

Jangananipun inggih punika: thokolan, kobis, kangkung lan êso, dipun godhog. Bumbunipun: rajangan pête, brambang, bawang, lombok abrit, kêtumbar, jintên, têri utawi blênyik, traos sakêdhik, lan sarêm, dipun ulêg salêmbatipun, nuntên cinarub akalihan parudan kalapa ênèm, sarta kawêwahan ulêgan godhong salam tuwin laos, dipun găngsa ing wajan. Manawi sampun matêng, jêjanganan wau lajêng kacampurakên. Pandhaharipun kalihan tigan godhogan.

M.

Sêsêrêpan Pamonging Putra Sawatawis.

Kula sadaya ingkang dados pamonging putra têmtu sampun anguningani kanthi paham, ing bab pangupakaraning bayi ngantos agêng, langkung-langkung tumraping para wanita ingkang sampun kagungan putra piyambak. Ananging kula ugi badhe nyariyosakên sawatawis, awit kawontênaning para pamong ingkang sampun angsal pangajaran kalihan para pamong padhusunan ingkang dèrèng mambêt piwulang punika beda sangêt. Pramila prayogi sangêt manawi ingkang kajibah dados pamonging putra ingkang sampun angsal pangajaran wau karsa nênuntun dhatêng para pamong ing padhusunan, nyêrêpakên saking sakêdhik, minăngka dados panuntuning băngsa kula kanthi katrêsnan, amrih kamajêngan wau sagêd tumular.

Kula atur pamrayogi dhatêng para ingkang dados ibuning putra, kaangkaha ingkang sagêd sae, ngatos-atos sarta prayitna. Liripun makatên, putra wau kagulawênthaha ingkang prêmati, supados ing têmbe wingkingipun sampun ngantos sami kumapurun dhatêng tiyang sêpuhipun. Utawi lare nakal sêmbrana, lampah culika, goroh, mêmisuh, sapanunggilanipun. Ingkang makatên wau sajatosipun namung kiranging panjagi dhatêng putra.

Ingkang saupami manawi lare sampun kalajêng, angèl anggènipun andandosi. Pramila sadèrèngipun kêdah kajagi ingkang saèstu, wiwit bayi ngantos lare sampun sagêd angêcakakên pikir piyambak. Kula ugi kêrêp mirêng têtêmbunganipun tiyang padhusunan makatên: dhasar lan ajar iku mênang dhasar. Liripun makatên, sanadyan ana bocah diwulanga kang akèh bangêt, bêbasane lambe satumang kari samêrang, yèn dhasare wis culika iya mêsthi isih gêlêm anyênyolong. Sanajan dikon ngêntèkake piwulanging guru sajagad pisan mêsthi ora owah saka dhasare. Kosokbaline yèn dhasare wis bêcik lan lurus sanajan tanpa piwulang, iya dadi bocah kang bêcik. Prakawis punika bilih karêmbag kanthi cukênging manah asring dados rêgêjêgan. Nanging para sadhèrèk, prakawis wau botên angèl, kêdah anggagas wontênipun dhasar, saking pundi. Lan tamtu wontên ingkang andhasari, punapa dhasar wau saking ingkang Kuwaos, nanging ngèngêtana bilih ingkang Kuwaos ugi rêmên tindak sae, mila paringipun dhasar ugi sae. Dhasar wau têmtu saking biyunging putra, inggih panggulawênthahing putra ingkang taksih bayi ngantos ahêng anggènipun nyukani dhasar. Pramila sumăngga sami nyatitèkakên kawontêning lare ing padhusunan, ingkang dèrèng mambêt piwulanging biyungipun.

Ing padhusunan kathah tiyang ingkang gadhah lare nalika bayi lair saking guwa garbaning biyung, sami dipun sarantosakên ngantos wêdaling ari-ari, trêkadhang ngantos jam-jaman, lare sampun kamirêngan tangisipun mêksa kakèndêlakên kemawon, ngantos bayi wau sagêd kalêbêtan ing rêrêgêd. Punapa ingkang makatên wau botên adamêl risaking badanipun bayi, têmtu sagêd. Sasampunipun luwar sadaya, sawênèh pangêthoking pusêr botên dipun tangsuli rumiyin. Ingkang makatên wau anjalari wêdalipun rah saking pusêr kathah, punika nyuda kêkiyataning bayi.

--- 204 ---

Bayi lajêng dipun dusi ing toya gege, supados enggal agêng, ingkang kadamêl toya gege wau toya limrah kawadhahan ing pangaron utawi basi, sarana dipun sukani sêkar-sêkaran. Lajêng dipun dadah, inggih punika dipun pijêti badanipun sakojur, malah kula sumêrêp sirahing bayi wau kaênêt-ênêt bilih kasêmbadan badhe kawangun bundêr sampun ngantos penjol. Kuping kajèwèr-jèwèr supados sampun kalitên, irung kadudut supados ambangir. Ingkang makatên wau tumraping para sagêd sami botên anocogi, amargi nyuda kasarasaning bayi. Lajêng dipun ambêni, panggenan pusêr dipun sukani siti (apu), upami siti ingkang kadamêl tutup pusêr wau kadunungan wisa utawi baksil punapa botên andrawasi tumraping lare. Wusana lare dipun gêdhong, kabănda mawi slendhang, saking sasumêrêp kula kados singsêt, wah punika bayi têmtu botên sagêd angebahakên badanipun, anjalari kirang sêgêring badanipun bayi. Sasampunipun makatên manawi bayi wau sampun wiwit nangis lajêng dipun sêsêpi. Bilih tangisipun wau kakintên ragi langkah saking kawontênaning kalimrahan, bayi lajêng dipun dulang, upami dêgan kêmrambut.

Badhe kasambêtan.

Pun Bok Tani, K. 899.

Sinjang Kêmbang Kapas.

[Grafik]

Sinjang Kêmbang Kapas punika satunggiling sinjang ingkang sêratanipun ngrêmit kaduk kathah sogan tuwin tembokanipun, mila sanadyan dhêdhasaripun latar cêmêng, wujudipun katingal mramong.

Manawi miturut wujud katingal bangsaning cêplok, nanging manawi mirit alit-alitipun, limrahipun botên dipun wastani cêplok.

Sinjang Kêmbang Kapas, punika pantêsipun dados agêm-agêman putri, ingkang pawakan alit. Pamantês makatên wau namung kapiridakên saking alusing sêratan, tuwin alit-aliting sêkaranipun. Rasukanipun dhêdhasar kêlêm ingkang sêkaranipun alit-alit, nanging cêtha.

Tumrap para wanita ingkang rêmên ngadibusana Jawi, tamtu sagêd mêmantês piyambak dhatêng traping pangagêmipun.

 


saupami. (kembali)
Walandi. (kembali)
kacakêt. (kembali)