Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 81, Stu Pa: 4 Ruwah, Ehe 1868, 9 Oktobêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Surakarta - Candhi Barabudhur - Lindhu Agêng - Wawasan Cêkak Bab Pamiyaran Menda Etawah ing Tanah Jawi - Pakulinan - Kawontênan ing Tiongkok - Piwulangipun Rêsi Durna dhatêng Para Siswanipun ing Bab Ulah Anjêmparing - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Pangothak-athik

Têmbung pangothak-athik punika tumraping pangudi babagan kabatosan, kenging dipun wastani dados pirantos, nanging malah ugi sagêd ambibrahakên.

I. Pangothak-athik ingkang nama dados pirantos, punika ingkang suraosipun sagêd anggêpok dhatêng kajênging ngèlmi, upaminipun, ungêl-ungêlan: mangana kang enak, turua kang kapenak. Punika tumrap wadhaganing ungêl, nama nyulayani kalihan kajênging ngèlmi, amargi mênggahing ngèlmi, botên wontên caranipun tiyang kapurih muktèn-muktenan, ingkang lèrèg dhatêng kamurkan.

Nanging bab wau manawi dipun othak-athik, lajêng nuwuhakên pamanggih bilih ungêl-ungêlan wau dados pasêmon, kajêngipun, munpangatipun tiyang nêdha punika manawi luwe, punika tamtu eca panêdhanipun. Nikmatipun tiyang tilêm punika manawi arip, punika tamtu sakeca tilêmipun. Dene wos-wosipun, sadaya wau sagêda sèlèh dhatêng katêntrêman, nêdha tuwin tilêm wau sampun ngantos dados godha. Inggih pangothak-athik makatên wau ingkang lèrèg dados pirantos.

II. Pangothak-athik ingkang ambibrahakên, punika ingkang tuwuh saking jarwa suta utawi jarwa dhosok, inggih punika mangan tuwin turu wau dipun têgêsi: mangan, punika akajêng: narima tuwin dhangan. Tiyang punika manawi sampun narima tuwin dhangan wau, badhe punapa malih, sariranipun sampun kêbak kajêmbaran, mila kramanipun: narima punika narimah, awit ing ngriku lajêng minggah, soka tiyang sampun narima tuwin dhangan, punika nama sampun: pana, pun: dhiri (badan) sampun: omah. Inggih omah kasampurnaning batosipun. Mila mangan punika tansah gêgandhengan kalihan: turu, awit ing ngriku gadhah kajêng: wêtuning guru. Dados wêtahing kajêng, tiyang gadhah watak narima lan dhangan, tamtu kemawon: pana dhatêng dhirinipun, awit sampun omah, wêkasan ing ngriku andadosakên wêtuning guru, inggih punika guru sajati.

Manawi dipun raosakên, oncèk-oncèkan kalih bab wau sami brêgasipun, sajak-sajakipun mathuk sadaya.

Namung tumrap raosing pangungsêt ingkang alêlambaran: ngèlmi pangeranan punika nyarambahi ing jagad, ingkang sumrambah punika raosipun, inggih punika bab I, manawi bab II sanadyan kêplasipun muluk, botên sagêd dipun suraon[1] ing sanèsipun băngsa Jawi. Lajêng nama rupak.

Punika namung sumăngga.

Cêkruktruna.

--- 1266 ---

Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Ngayogyakarta

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn kêpêngkêr, ing tanggal 24 Sèptèmbêr Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana bidhal saking Surakarta dhatêng Ngayogyakarta.

Kados ingkang sampun tumindak kado[2] adat, samăngsa wontên rawuhan gupêrnur jendral, ing pundi nagari ingkang dipun rawuhi mawi kawontênakên pahargyan agêng-agêngan, manawi tumrapipun praja karajan Jawi, rawuhan gupêrnur jendral punika mawi tatanan ingkang dipun têtêpakên, limrahipun dipun wastani lampah jendralan. Malah ing dintên rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wau katêtêpakên dados dintên agêng, mila kantor-kantor sapanunggilanipun sami tutup.

Rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wontên ing Ngayogya, lampahing pahargyan sampun sairib kemawon kalihan Surakarta, namung tumrap rêrêngganing pahargyan, ing Ngayogyakarta wontên ada-adanipun pakêmpalan Djokja Vooruit, ingkang ing kala punika ngawontênakên sayêmbaran rêrênggan minăngka pahargyan rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wau.

Sayêmbaran wau dipun wigatosakên dening para băngsa Eropah ing Ngayogya, mila kathah ingkang sami ngawontênakên rêrênggan ing papan-papan ingkang adhakan. Tumrap rêrênggan wau ingkang kapetang sae piyambak, pinanggih wontên ing bètèng Ngayogyakarta, ing ngriku katingal wujuding rêrênggan ingkang botên nilar dhatêng pasêmonipun ingkang ngadani damêl rêrênggan. Mila ing kala têdhak dalêm Kangjêng Tuwan ingkang Wicaksana punika, tumrap Ngayogyakarta kathah pêpaèsipun, ingkang nyêbal saking padatan.

Tanggal 24 wanci sontên, ing gupêrnuran kawontênakên pêpanggihan, wanci jam 5.45 Kangjêng Gusti Pangeran Aipati Arya Prabu Suryadilaga dhatêng gupêrnuran, sarêng jam 6 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ugi rawuh ing gupêrnuran, kinurmatan ungêling mriyêm 13 rambahan saking bètèng. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan sasampunipun tatabikan kalihan Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, lajêng satata lênggah.

Jam 9.30 kawontênakên lêlênggahan resèpsi, para tamu sami têtêpangan. Salajêngipun kawontênakên among suka wontên ing kamar bolah.

Enjingipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana mriksani kawontênan ing salêbêtipun kitha Ngayogyakarta. Sarêng ragi siang amalêsi mara tamu dhatêng kadhaton, salajêngipun dhatêng Pakualaman.

Ing wanci sontên têdhak pêpara malih wontên salêbêtipun kitha Ngayogyakarta, rawuh ing Petronella Hospitaal tuwin Pakêmpalan Muhamaddiyah.

Dalunipun rawuh ing kadhaton malih, mawi kawontênakên lêlangên ringgit tiyang. Salajêngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dipun aturi mriksani barang-barang ing salêbêting kadhaton.

Ing dintên Ngahad ngasokakên sarira. Ing dintênipun Sênèn tanggal 27 Sèptèmbêr, jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana bidhal saking Ngayogyakarta dhatêng Magêlang.

--- 1267 ---

[Grafik]

Kareta kancana titihan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, nalika mapag Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana tumuju dhatêng gupêrnuran.

[Grafik]

Rêrênggan ing bètèng, ingkang kawontênakên dening ada-adanipun pakêmpalan ''Djokja Vooruit''.

[Grafik]

Gambar ing nginggil: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lênggah sajajar kalihan Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan wontên ing gupêrnuran.

Gambar ngandhap: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Tuwin Tuwan Gupêrnur Bijleveld rawuh ing Pakualaman.

--- 1268 ---

Kawruh Sawatawis

Candhi Barabudhur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 79

Sujana : Inggih-inggih, kula samangke sampun ragi trontong-trontong, dhasar gawat kaliwat-liwat ulah raos punika, sawêg anggagas ingkang dipun wastani: manah padhang, manah pêtêng: punika ingkang kados punapa upami wujuda, makatên kemawon inggih sampun ribêd botên sagêd, amargi namung ukara căndra, punapa malih anglairakên saraosing manah, inggih sampun angèl anggèn kula badhe ambabar ing têtêmbungan, trêkadhang taksih klèntu, bêgja-bêgjanipun namung mèmpêr, nanging inggih mêksa namung kangge ancêr-ancêring pangrêtos kemawon, botên sagêd plêk kados samêsthining kawontênanipun raos wau piyambak.

Sarjana : Mila pangandikanipun para sêpuh, saking gawat rungsiting rêmbag babagan kasuksman, asring kawiyos têmbungipun: ya ngono ning ora ngono, punika lêrês, amargi saking cupêt saha kacingkranganing têtêmbungan ing donya, ingkang kenging kangge nglairakên sawêtahing kawontênanipun kalayan jangkêp tuwin sampurna, punapadene saking botên wontênipun pêpindhan ing donya, ingkang kenging dipun angge nyamèni kasunyatan adiluhung. Mila inggih botên prêlu padudon prakawis punika, amargi satunggal-tunggaling tiyang beda-beda pangganthaning angên-angênipun, aluwung dipun raosakên piyambak ingkang lêbêt, kalayan ênêng-êning, bokmanawi sagêd anjalari katarbukaning awas eling, wêkasan sagêd wêruh rosing rasa kang rinuruh.

Sujana : Yèn sagêd makatên pancèn inggih ebat ki raka, namung angèlipun anggèning nglampahi, punika ingkang mêgah-mêgahakên, kanggenipun tiyang kados kula, bêbasanipun pintêr muni, nanging ora bisa anglakoni, mila inggih kojur kula punika, dene namung kandhêg wontên ing pangawruh kemawon.

Sarjana : Ambak-ambing sami kalihan kula dhi bêbasanipun inggih namung kados angganing plat gramapun kemawon, têgêsipun namung nyilih gunêming tăngga, kula piyambak botên pêcus. Ewadene waton botên ngandhar-andhar angêndhukur, kandhane nora kaprah ... inggih sampun kula alêm piyambak sae, jalaran darajatipun tiyang punika piyambak-piyambak, undha-usuk botên sami, nanging sadaya wau inggih wontên pigunanipun sadaya, tuwin gadhah têgês piyambak-piyambak, mila botên prêlu kagalih awrat, bobot timbang wontên sarira pribadi.

Sujana : Kasinggihan kiraka, tuwin kula inggih nyuwun pangapuntên, bokmanawi wontên kabrojol saha kaladuk ing ginêm, ingkang kagalih gutuk êlor kêna kidul, kula botên pisan-pisan gadhah sêdya makatên, kajawi namung barès prasaja ngaturakên kawontênaning badan kula piyambak.

--- 1269 ---

Samangke kaparênga kula nglajêngakên nyuwun pitakèn, kados pundi pikajêngipun, dene wontên nami punapa sêsêbutan sang Budda Gotama punika.

[Iklan]

Sarjana : Makatên adhi, saking katranganipun ngulama Budda, Sang Minulya Subadra Biksu, manawi botên kalèntu anggèn kula nyuraos, anêrangakên bilih sadaya titah gêsang, ingkang sampun sagêd dumugi ing tataraning kawruh adiluhung, tuwin kasampurnaning kasusilanipun batos ingkang luhur piyambak, punika inggih sagêd dumugi saha ngrasuk pêpadhang langgêng wau, mila lajêng sinêbut: Budda: amargi sampun pinadhangan (kapurnaman) jagadipun, dados lajêng sagêd amadhangi pêpêtênging bawana, mila Budda inggih ugi atêgês: kang amadhangi, kang angasta (ngrasuk) pêpadhang. Dene anggènipun sagêd angrasuk punapa asarira pêpadhang wau, amargi aling-aling kabodhoanipun, ingkang nyinggêt panunggalipun sadaya gêsang, sampun sagêd sumilak dening kawicaksananipun, kadosdene sumoroting padhangipun surya, ingkang anyilakakên pêpêtêng ingkang angêmuli bawana. Awit saking punika Budda ugi anggadhahi têgês: ingkang botên sare, punapa ingkang winastan botên sare wau, inggih punika wunguning gêsang sajati ing têlênging batosipun.

Kados bab punika cêkap samantên kemawon, awit mênggahing andharan bab Sang Budda, sampun kawêdalakên ing Bale Pustaka.

Tr. S.

--- 1270 ---

Lindhu Agêng

Kados ingkang sampun kacariyos ing Kajawèn, lindhu ingkang mêntas kalampahan punika ingkang kêtênggêl ing Jawi Têngah, dene waradinipun ngantos satanah Jawi sadaya. Malah miturut wartos saking nagari Walandi, miturut tăndha ingkang kacathêt dening Mateorologisch Observatorium ing De Belt, sagêd ugi lindhu punika maradini saindênging bawana.

[Grafik]

Miturut pawartos ingkang kantun, ing dintênipun Salasa tanggal 28 Sèptèmbêr, sadintên muput ing Ngayogya tuwin Surakarta karaos wontên lindhu lirih. Tumrap kaondêran sajawining kitha wontên griya 326 sami ambruk. Ing Wêdhi kajawi 100 ingkang ambruk, wontên malih ingkang risak 191. Ing Klathèn wontên griya malih 60 ingkang ambruk. Pagêr tembok bètèng ing Klathèn karisakan agêng, têtiyang èstri tahanan ingkang manggèn ing ngriku sami dipun pindhah dhatêng gêdhong landrat. Pasabinan-pasabinan ing sacêlakipun Prambanan, kathah pasitènipun ingkang mlêkah, lajêng nyêmburakên pasir ingkang inggiling muncratipun ngantos samètêr. Ing dhusun Grapak, bawah Klathèn, wontên siti bêngkah nyêmburakên pasir ingkang sairib kados awunipun kawah rêdi Mrapi.

Pabrik gêndhis wontên ing Gondhang Winangun, ingkang nuju giling, pipanipun tugêl, nanging botên adamêl kandhêg anggènipun giling. Mriksanana gambar.

Mirid kawontênan-kawontênan ingkang pinanggih wau, nyata bilih lindhu punika agêng yêktos. Ingkang langkung cêtha bilih lindhu wau agêng, sagêd nitik dhatêng wontêning kaisakan, kathah griya-griya ingkang sarwa santosa sami rêmuk katrajang, saya malih manawi ngèngêti risaking yêyasan ing pabrik ingkang samantên santosanipun.

--- 1271 ---

Bab Rajakaya

Wawasan cêkak bab pamiyaran menda Etawah ing tanah Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 79

Upaminipun bab punika: 1e menda punika umur 9 wulan sampun mangsanipun kapacêk. 2e menda punika danguning wawrat 5 wulan. 3e menda punika yèn cêmpenipun umur 2 a 3 wulan badhe lajêng brai malih, makatên wau yèn kacathêt lajêng sagêd têrang punapa kawontênanipun. Cêkak kêlungsèn macêkakên adhapur kapitunan, awit birainipun malih têngga 22 dintên êngkas. 4e mendanipun mêtêng (mêtêng ênèm) botên kapirsan, upaminipun lajêng kasade dhatêng jagal, wah, eman, sabab upami badhe manak 2, sampun cêtha kecalan (kapitunan) menda 2. Tuwin kathah-kathah malih yèn dipun udhala. Saha sagêd ayêktosi:[3] upaminipun jalêran utawi bibitan pundi, ingkang sae-sae utawi awon-awon turunanipun, kirang wrêdèn lan sapanunggilanipun.

Lajêng samangke prayoginipun menda-menda wau kêdah dipun paringi nomêr, ing sungu, ing kuping mawi bolongan, tuwin sanès-sanèsipun, pundi ingkang dipun sênêngi, lajêng katindakakên.

Lajêng ngêrmbag prakawis pirantos pamiyaran, punika sagêd nyuwun dhatêng parentah lumantar prayantun ingkang tinanggênah nindakakên prakawis rajakaya. Cêkak nyuwun linantarakên dhatêng Ambtenaar Burgerlijke Veeartsenijkundige Dienst.

Dene pamiyaran menda punika, tumrap ing tanah Jawi ngriki sagêd kula aturakên wontên warni 3.

1. Eigen fokkerij têgêsipun madêg piyambak. Inggih punika ngingah menda jalêran tuwin bibitan kamanah piyambak, punika inggih sampun umum ing panggenan-panggenan ingkang sami cara ngingah menda. Ananging mênggah ingkang nama maligi kangge pangupajiwa, ing ngriki dèrèng (botên) wontên. Ambokbilih sêlot-sêlotipun sagêd kêlampahan ambranahakên ingkang yêktosan. Sangêt ing pangajêng-ajêng kula.

2. Vereenigingfokkerij. Blêntèng-blêntèng, plêncat-plêncat, ada-ada punika inggih sampun wontên sawatawis. Liripun dhusun-dhusun ingkang ragi kathah ingkang ngingah menda lajêng damêl pirukunan tumbas mênda pamacêk.

3. Regentschapsfokkerij. Punika inggih 1-2 panggenan sampun wontên. Bab punika wajibipun Regentschap numbas (andhatêngakên) pamacêk. Regentschap nuding dhusun-dhusun ingkang pantês dipun sukani pitulung pamacêk.

Mênggah bab: 2 sarta 3 tumrap pamiyaranipun pamacêk utawi bibitan kaborongakên dhatêng salah satunggaling tiyang ingkang sakintên sagêd sae pangrimatipun. Prakawis bêrahan ingkang sampun tumindak warni-warni, kantun milih saprayoginipun ingkang gampil. Wontên dipun bêrahi mawi pantun, wontên prajangji samantên taun kalulusakên ngrimat, malah ugi wontên cara palihan.

Sumadi (Pangarasan)

--- 1272 ---

Raos Jawi

Pakulinan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 78.

[Dhandhanggula]

yèn wong sênêng anggêgulang ngèlmi | sakabèhe pratingkahing janma | lan isine jagad kabèh | kacathêt anèng kalbu | dadi srana pangulir budi | bênêre pamikirnya | cikbèn tan tumpang suh | dènnya ngarah kawaspadan | amêmijang êndi ala êndi bêcik | kang yogya linakonan ||

yèn wong sênêng sinaua nganggit | lamun nuju sêla ing pakaryan | nganggit-anggit sabisane | tinimbang lênguk-lênguk | nganggit buku kang maedahi | kalamun kabênêran | didol iya payu | kêna kanggo jajan bocah | yèn tan payu boya dadi kêdhah-kêdhih | jêr isih anggêgulang ||

yèn kulina anggane pinardi | cikbèn rosa kuwat angkat-angkat | kapenak yèn tandang gawe | sabarang datan kidung | srigak gagah lamun kaèksi | jêr bagas kuwarasan | beda lan kang lumuh | mardi mring kuwating angga | ing sabarang tandange tan miyatani | dèn wanuh ing lêlara ||

awak ringkih cahyane ngalêntrih | tinon kadya datan darbe daya | kudu-kudu turu bae | yèn lungguh pijêr ngantuk | ewadene kalamun guling | angrasa tan kapenak | tansah angalindur | barêng tangi kulakêpan | ras-arasên ana turon kêthap-kêthip | bawane wis kulina ||

kănca tani lan kănca undhagi | dènnya padha anggarap pakaryan | awit saka kulinane | abota iya saguh | tur kapenak dènnya nandangi | awake bagas waras | buruh angkat junjung | kadya datan darbe sayah | nambutkarya abot ing saari-ari | sababe wis kulina ||

malah mandar yèn tan nambutkardi | nganggur kongsi sawatara dina | tan kapenak anggotane | wong gunung bêtah mluku |[4] ngambah dalan kang rumpil-rumpil | tur kanthi anggêgawa | nyunggi mondhong mikul | ewadene iya kuwat | tan rêkasa praptèng wisma nambutkardi | jêr saka wis kulina ||

wong malarat yèn turu ing wêngi | anèng ngambèn tarkadhang jarambah | linèmèkan blêkêtepe | malah sok tanpa kêmul | ewadene tan masuk angin | mêmangan tanpa wayah | isih wayah esuk | mangan dhawêt lawan rujak | lêbar mangan isih doyan mangan pêncit | karana wis kulina ||

amêmangan sacandhake dadi | tur carobo datan angon wayah | datan dadi lêlarane | karana uwis matuh | wadhuk tahan nampani bukti | balik wong kang kulina | mangan sarwa patut | ngetung wayah yèn mêmangan | wayah esuk mangan dhawêt rujak pêtis | kêdadak dadi lara ||

yèn kulina turune miranti | măngka banjur turu anèng jrambah | sakala masuk angine | wêtênge amalêmbung | sirah ngêlu karasa atis | kalamun tan kêrokan | tartamtu yèn bingung | datan tahan nandhang lara | yèn lêlungan nênunggang kasilir angin | ngêlune banjur prapta ||

bocah cilik sutane priyayi | wiwit abang dènnya ngupakara | rêsik brukut panganggone | ingatur lamun adus | lamun turu ingatur bêcik | lan manèh yèn mêmangan | datan kêna rusuh | mula lamun [lamu...]

--- 1273 ---

[...n] kêpanasan | kêgrimisan lan kanginan gampang gêring | sababe wis kulina ||

wiwit cilik pinarsudi mukti | mula lamun kataman sabarang | kang tan mathuk lan adate | si lara banjur nrambul | beda lawan sutaning alit | kang padha wis kulina | wuda wayah esuk | adus wayah bêdhug awan | yèn dolanan sakarêpe bae dadi | bawane wis kulina ||

bisa tahan panas udan angin | lamun turu satibane bisa | ana sawah lèmèk damèn | ngoroke sênggar-sênggur | wong tuwane angêni pari | yèn mangan anggêr ana | gêthuk iya mathuk | dadi cêtha wela-wela | samubarang gumantung kang anglakoni | wêwaton pakulinan ||

yèn mangkono sapa nêdya sugih | waton gêlêm gêmèni kaskaya | anyèlèngi sabisane | mangudi murih wuwuh | yèn kulina nyèlèngi dhuwit | sayêkti kalêksanan | apa kang ginayuh | sapa nêdya mrih utama | lamun têmên pangancase mêsthi dadi | watone pakulinan ||

tumindake saka ing sathithik | lawas-lawas wis tartamtu tuman | manjing dadi ing sênênge | wong ngarah ilmu luhur | yèn linakyan saka sathithik | manawa wis kulina | lawas-lawas matuh | manjing dadi kasênêngan | wêruh-wêruh kabisane wis mumpuni | tan samar kang sinamar ||

ing sarèhne sagunging dumadi | apa manèh kang asipat janma | pangancase padha bae | sumêdya mrih rahayu | lamun têmên dènnya marsudi | ngilangi cacadira | tindak kang tan jujur | ugêr tlatèn ing pratingkah | dènnya padha nyirnakake tindak silib | mawawa[5] wis kulina ||

wis tartamtu saka ing sathithik | kadidene mulabukanira | lawas-lawas pangancase | dènira mrih rahayu | kasêmbadan tanna ngalingi | sri rama angandika | mring sang bayu sunu | kalamun tuhu santosa | gampang angèl wis ngalumpuk dadi siji | ing purwa ora ana ||

Ki: Darmaprawira

Kêpanjèn-Malang

[Iklan]

Pêpèngêt

Ngaturi uninga dhatêng para ingkang ngintunakên arta dhatêng Bale Pustaka. Wiwit sapunika, manawi ngintunakên arta lumantar pos wisêl f 1.- ngantos dumugining f 5.- waragadipun namung 5 sèn, f 6.- ngantos dumugi f 25.- waragadipun 10 sèn. Awit taksih kathah ingkang ngintunakên arta ingkang waragadipun kados kala rumiyin.

Pawartos saking Rêdhaksi

K. 98 ing Surakarta. Ing Batawi botên wontên ingkang nama Batawi Oost. Kampung Ketogong botên wontên, nanging wontên kampung ingkang nama Toagong tuwin Ketapang. Dunungipun ragi cêlak kalihan Factorij enggal.

--- 1274 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Ing sapunika sampun kanyatan, sarêng pêrangipun Tiongkok kalihan Jêpan saya rame, tumrap nagari-nagari sanès kêpêksa tumut migatosakên, dene anggènipun migatosakên wau botên sanès saking anggènipun badhe anjagi kawilujênganipun ing têmbe wingking. Ing sarèhning tumrap wawasaning nagari sanès wau ingkang dipun samarakên Jêpan, mila kasujanan wau inggih tumuju dhatêng Jêpan.

Rêrigên tuwin rêmbag ingkang sampun kêwêdal, rekadaya ingkang damêl rêkaosipun Jêpan, punika botên wontên sanès kajawi nyatru tuwin ngêmohi barang-barang dagangan.

Tumraping nagari sanès, babagan nyatru punika ingkang katingal sêrêng tindakipun, Inggris tuwin Amerikah, ing sêmu kados sampu botên sagêd nyabarakên malih. Nanging sadaya wau sarèhning sawêg dhapur pangancam, tumrapipun Jêpan anganggêp dèrèng andayani punapa-punapa, mila tumindaking paprangan botên angêndhoni. Dados tumraping Jêpan, anggènipun sagêd ngraosakên, inggih manawi sampun wontên tăndha yêktinipun.

Nanging sajatosipun anggèning sami badhe nyatru wau grag-grêg, saking anyarêng kawontênan, awit Inggris piyambak ugi sawêg ngraosakên ruwêt rêntêng anggèning mawas dhatêng ebah osiking Jêrman kalihan Itali, dene ing sapunika gandhèng asta, tamtu wontên kajêngipun ingkang langkung wigatos. Makatên ugi ing wêkdal punika Inggris inggih sawêg ngraosakên ura-ura ing Palèstinah. Măngka ura-ura wau manawi ngantos mrèmèn dhatêng sanès panggenan, tumrapipun Inggris dadosa sanggèn ingkang langkung awrat.

Kajawi punika tumraping para among dagang Inggris, sayêktosipun ngraos awrat saupami ngantos pêdhot gêgayutanipun lampah dagang kalihan tanah Asiyah, inggih punika Tiongkok kalihan Jêpan, awit saupami ngantos pêdhot, badhe sapintên gênging kapitunanipun. Saya manawi ngèngêti măngsa paprangan punika, ajênging padagangan Inggris anglangkungi, kados ta ing bab padagangan lisah, arêng sela sapanunggilanipun, punika saksat maligi kasade dhatêng ingkang sami paprangan.

Manawi ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, lajêng namung katingal sarwa èwêd tuwin pakèwêd, awit sawarnining tindak ingkang sakintên badhe sagêd mêpêrakên paprangan, tansah kaalang-alangan ing sabab. Makatên ugi tumrap sanès-sanèsipun nagari, anggènipun badhe ngêmori damêl, inggih taksih săngga-runggi, dening sêsulaking jagad namung pinanggih sarwa pêtêng.

Ingkang pinanggih ing golongan Tiongkok sisih kidul, sampun botên kirang anggènipun ngrekadaya murih kandhêging mêngsah, botên ngajêngakên wadya ngantos dumugi papan ingkang cakêt kalihan mêngsah, ananging ugi botên badhe mundur, dados kajêngipun badhe ngantêpi manggèn ing papan ingkang santosa pabarisanipun. Awit saupami nyata sagêd tumindak makatên, botên badhe gampil dipun têmpuh ing mêngsah. Gêlar wau dipun upamèkakên gêlar pagê[6] êri. Dene ing sisih lèr ngangge gêlar toya, dipun têmpuh ngêndhêlong, nanging sagêd nungkêp malih.

--- [1275] ---

[Grafik]

Gambar-gambar kawontênan ing Tiongkok ingkang dados tandhaning paprangan.

[Grafik]

Gambar nginggil: satunggiling sêtatsiun ing Syang Hai, rêmêk dening kadhawahan bom.

[Grafik]

Gambar têngah sisih têngên: satunggiling margi ing Sapèi dhatêng Syang Hai sasampunipun dipun dhawahi bom. Gambar sisih kiwa: tiyang atusan ingkang badhe ngili, ngêntosi dhatênging kapal Cisaruwa ing Syang Hai.

[Grafik]

Ngandhap piyambak: saradhadhu Tiongkok wontên ing papan pandhêlikan.

Ing ngriku katingal gambaraning rêkaosipun tiyang wontên paprangan, katingalipun namung kêdah sarwa prayitna tuwin ngatos-atos.

--- 1276 ---

Piwulangipun Rêsi Durna Dhatêng Para Siswanipun Ing Bab Ulah Anjêmparing

Kasêbut ing sêrat Mahabarata, nalika Sang Rêsi Durna mulang anjêmparing dhatêng para siswanipun, inggih punika para Kurawa tuwin kadang Pandhawa, angandika dhumatêng Sang Duryudana makatên: Suwawi anggèr kula aturi miwiti anjêmparing, awit panjênêngan ingkang kaprênah sêpuh wajib angrumiyini, dene jêmparing kaêlèsna dhatêng pêpêthan pêksi garudha ingkang sampun kula panjêr sapucaking mandera punika, kasipata sirahipun, nanging panyuwun kula: Jêmparing sampun kasêsa lajêng dipun lêpasakên sadèrèngipun kula aturi anglêpas, poma dipun pratitis.

Ing ngriku Sang Duryudana lajêng anglêkasi amênthang gandhewa, jêmparing kasipatakên dhatêng pêpêthan kanthi pangatos-atos, ngangkah sagêdipun kenging. Sadèrèngipun jêmparing lumêpas, sang rêsi angandika malih: Mangke anggèr, kula aturi nyarèhakên sawatawis, kula badhe nyêlani pitakèn, ing salêbêtipun paduka nyipat pêpêthan pêksi garudha punika punapanipun ingkang katingal. Ingkang tinannya matur: Ingkang katingal sirahing pêksi, mandera, suwiwi tuwin badanipun sakojur punapadene para kadang-kadang kula sadaya. Sang pandhita gèdhèg-gèdhèg sarwi ngandika: O, inggih sampun anggèr, jêmparing kula aturi nglêpasakên, nanging têmtu lêpatipun, pêpêthan botên badhe sagêd kenging. Suwawi kacobia.

Yêktos, sarêng jêmparing lumarap, botên sagêd mêncok. Makatên punika adamêl anyêling panggalihipun Sang Duryudana, mila ngangkah badhe ngambali malih, awit saking pangintênipun mênggahing panyipat sampun dipun pratitisakên sangêt, lăngka yèn ta lêpata. Ewadene sang rêsi ugi amarêngakên Sang Duryudana supados angambali malih. Sarêng gandhewa pinênthang sarta nêngah-nêngahi anyipat lajêng tinanya malih kados ing nginggil: Sapunika punapa ingkang katingal, anggèr. Wangsulanipun: Sirahing pêksi, mandera, suwiwi tuwin badanipun sakojur.... Makatên ngantos marambah-rambah anggènipun ngambali anjêmparing, nanging tansah tuna botên sagêd mencok, mila sarêng sampun sawatawis rambahan anggènipun tumindak kados makatên sarta sarêng kadangu wangsulanipun sami kemawon, sang rêsi lajêng ngandika: Sampun anggèr, prayogi kula aturi kèndêl kemawon rumiyin, awit sampun mêsthi lêpatipun, tangèh sagêdipun kenging, sapunika gêntos ingkang rayi, sumăngga jêmparing lajêng kaparingna gêntos.

Kacariyos sarèhning sampun dipun pangandikani dening maha guru sêsêmbahanipun kados makatên, jêmparing nuntên kaparingakên dhatêng para ari satus tumaruntun, sarta sang rêsi ugi lajêng dhawuh miwiti anyipat pêpêthan agêntos-gêntos, ingkang rumiyin kadang ingkang kaprênah sêpuh, lajêng mandhap-mandhap para ari ngantos dumugi ingkang kaprênah ênèm piyambak, kêmputipun saking Korawa satus, sadaya sami nyinau anjêmparing, lan ugi botên atilar ing pangatos-atos.

Badhe kasambêtan

Nirasa.

--- 1277 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Sanès sêsakit cholera. Ing bab wartos wontên sêsakit cholera ingkang tuwuh ing Pangkajênê, Makasar, sarêng dipun priksa, dèrèng sagêd katêtêpakên nyatanipun sêsakit cholera, awit salajêngipun lajêng botên wontên tiyang ingkang sakit malih.

Batikbond Solo angsal montên. Miturut wartos, Batikbond ing Surakarta ingkang pakêmpalanipun sampun dipun absahi dening Departement van Economische Zaken, sagêd tumbas montên tanpa lantaran dhatêng sudagar ingkang andhatêngakên. Dene tumindakipun mawi prajanjian-prajanjian 1 pakêmpalan wau satunggiling pakêmpalan economie ingkang namung maligi nindakakên babagan punika. 2 warganipun ngêmungakên sudagar bathik, apêsipun ngadhahi[7] punggawa kalih. 3 warganipun botên kenging nyambut dhatêng sudagar lantaran. 4 namung kenging lêlintonan barang kalihan golonganipun. 5 kengingipun tumbas montên namung manawi dipun sumêrêpi dening golonganipun. 6 bond wau panumbasipun barang kêdah dhatêng ingkang andhatêngakên kanthi bayar kropyok. 7 bond wau kêdah anggadhahi fonds ingkang kapêndhêtakên saking arta bêbathèn. 8 bond kêdah ngèndêli warganipun ingkang nêrak tatanan. Tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun.

Ingsêr-ingsêran saha inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, R. Sosrohadisoeparto, wêdana ing Ploso, Kabupatèn Jombang, paresidenan Surabaya, dados wêdana ing Mojokasri, kabupatèn Mojokêrto, paresidenan Surabaya, R.M. Sardjoeno asistèn wêdana paresidenan Kêdiri, dados wêdana ing Ploso, kabupatèn Jombang paresidenan Surabaya. R. Abdoelhamid asistèn wêdana paresidenan Surabaya, dados wêdana ing Singgahan, kabupatèn Tuban, paresidenan Bojonêgoro. M. Djohardi ugi nama Brotoatmodjo tijd. wd. asistèn wêdana paresidenan Bêsuki, dados ajunct Regentschapssecretaris ing Tulungagung, paresidenan Kêdiri.

Nyonyah Van Deventer yuswa 80 taun. Kala dintên Jumuwah kêpêngkêr, Nyonyah Van Deventer ingkang asmanipun misuwur wontên ing tanah ngriki, têtêp yuswa 80 taun. Ing dintên wau sawarnining sêkolahan Van Deventer ngawontênakên paargyan mèngêti dintên wiyosanipun wau. Tumrap para murid kitha-kitha agêng sami kapurih ningali gambar idhup ingkang mitongtonakên kasugênganipun Nyonyah Van Deventer wau. Dumugi sapriki Nyonyah Van Deventer tansah manggalih dhatêng kamajênganing sêkolahan-sêkolahan Van Deventer, inggih atêgês ngajêngakên têtiyang ing tanah ngriki.

Firma-firma Eropa ambiyantu. Ing bab wontênipun paprangan ing Tiongkok, para diresteur bank utawi firma Eropa ing Bêtawi sami sarêmbag badhe suka urunan dhatêng fond Roode Kruis Tiongkok, satunggal-satunggalipun nyukani f 500.-.

Bathik tanah ngriki badhe angsal pêkên ing Siam. Ingkang pinanggih ing Siam, tumrap panganggening tiyang sami ngangge barang tênunan saking Jêpan. Ing sarèhning ing sapunika nuju kados makatên, angsalipun badhe wau ragi rêndhêt. Bab punika wontên ingipipun sinjang saking tanah ngriki badhe pajêng dipun sade ing Siam. Malah pakêmpalan bathik ing Pêkalongan ngintunakên bathik warni-warni lumantar saking Departement Economische Zaken.

Pakunjaran ing Nusakambangan badhe dipun agêngakên. Wontên wartos pakunjaran-pakunjaran ing Nusakambangan ingkang rumiyin namung isi tiyang 6000 badhe dipun wêwahi cêkap kangge tiyang 10.000, kanthi kawontênakên pakunjaran enggal kalih.

[Iklan]

Ewah-ewahan tatanan ing Postpaarbank. Kawrat kêkancingan saking gupêrmèn miturut tatanan Postpaarbank, ing sapunika ing kantor-kantor pos tuwin kantor-kantor pos pitulungan kenging ambayar arta ing baku Postpaarbank ngantos f 200.- ingkang rumiyin namung dumugi f 100.-.

Kêbêsmèn wana ing rêdi Wilis. Sampun sawatawis dintên wana ing rêdi Wilis kêbêsmi. Nalika kapriksa, ingkang kêbêsmi antawis kalih km. saking Parang, lampahing latu têrus mangidul tuwin mangalèr. Jalaraning kêbêsmi dèrèng kasumêrêpan cêtha.

Rukun Perlayaran Indonesia. Wiwit tanggal 1 October punika Parindra pang Bêtawi sampun ngêdêgakên Rukun Perlayaran Indonesia, ingkang bakunipun manggèn ing Surabaya. Kajênging pakêmpalan punika ngawontênakên lampah dhatêng tigang panggenan kanthi baita-baita Bugis saking Bêtawi dhatêng tanah Sabrang.

Bapa Têrêh tilar donya. Juru anggantung tiyang ingkang misuwur ing tanah ngriki, inggih punika Bapa Têrêh, sampun sawatawis dintên punika tilar donya. Dene ingkang anggêntosi pambantunipun nama Mardan, dene ingkang dados pambantu bangsa Tionghwa nama Ang Kim Tjeng.

Rajapêjah ing Sukabumi. Sampun sawatawis dintên ing Sukabumi wontên rajapêjah nyalawados ingkang pinanggih wontên ing salêbêting toko kêmasan bangsa Tionghwa. Tiyang ingkang pêjah wau bangsa Tionghwa ingkang dipun pitados jagi toko. Ngantos sapriki pulisi dèrèng angsal katrangan ingkang maton. Ing bab punika, bangsa Tionghwa ingkang gadhah toko, nama Kang Yoe Tak, gadhah kasagahan, sintên ingkang sagêd suka katrangan prakawis punika ngantos sagêd nyêpêng tiyang ingkang mêjahi, kadugi badhe nyukani ganjaran arta f 500.-.

Cooperatie pêlêm. Kala taun kêpêngkêr Departement van Economische Zaken tuwin Departement Pangrèhpraja anindakakên rêrigên supados têtiyang ingkang sami nggadhahi kêbon pêlêm ing Indramayu luwar saking cangkêrêmanipun juru potang. Pinanggihipun ing sapunika sampun katingal sae. Têtiyang ingkang sami tumut dhatêng cooperatie sami sagêd luwar saking bêbaya sambut, kêbon-kêbonipun pinanggih langkung sae tinimbang têtiyang ingkang taksih nindakakên sade sarana nyambut arta rumiyin. Makatên malih ing sapunika bab pangupakaraning wit ugi langkung ngatos-atos, amargi para ingkang sami gadhah kêbon wau gadhah pangajêng-ajêng sae tumrap benjing wancining ngundhuh.

--- 1278 ---

O.L. Mij. Bumiputra damêl gilingan pantun. Miturut wartos, Onderlinge Levensverzekering Mij. Bumiputra badhe ngêdêgakên panggilingan pantun wontên ing Indramayu, kanthi pawitan satêngah yuta rupiyah saha badhe madêg dados N.V. ingkang pisah.

Sarang burung (susuh sêndawa). Sampun sawatawis taun, jalaran saking rêrêgèn sarang burung mandhap sangêt, padagangan wau lajêng kèndêl, saha lajêng botên dipun pêndheti malih. Sarêng sapunika majêng, lajêng nindakakên ngundhuh kados adat. Nanging sarèhning sampun dangu sarang burung wau botên dipun ewah-ewah, anjalari para pêksi botên damêl susuh enggal, lajêng wangsul dhatêng susuhipun lami, mila sarêng kapêndhêt, kêpêksa dipun sandèkakên, amargi susuh wau sakalangkung rêgêd. Ingkang makatên punika lajêng adamêl kapitunanipun ingkang amajêgi.

Têdhakdalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dhatêng laladan Cilacap. Kala Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têdhak dhatêng laladan Cilacap, kaparêng têdhak dhatêng dhusun ing sagantên ing Ujung Alang. Ingriku kawontênakên paklêmpakaning para punggawa dhusun kanan keringipun ngriku. Pambêktanipun dhatêng para ingkang sami rawuh saking baita motor kaêwrat ing gèthèk. Inggih sawêg sapisan punika Gupêrnur Jendral rawuh ing papan ingkang kados makatên. Ingriku kawontênakên sawangan baita-baita pamisayan ulam 60 sami langkung. Lênggahdalêm ingriku ngantos satêngah jam. Rawuhdalêm ing Kalipucang ragi lungse.

Lampahipun Dr. Cator. Kados ingkang sampun nate dipun cariyosakên, Dr. Cator angadani lampah dhatêng parêdèn ing Nieuw-Guinea Têngah tuwin Kidul. Bab punika sampun kêlampahan, tumindaking lampah kanthi tiyang 92 saha sampun dumugi ing Lèpèn Uta. Sarèhning sadumuginipun ingriku nuju bêna, mila lampahipun kêpêksa kandhêg, sagêdipun majêng namung sakêdhik. Lampah punika botên wontên ingkang dados cucuk têdah margi, amargi botên angsal tiyang Papua ing sacêlakipun ngriku. Miturut pangrancang, benjing tanggal 21 wulan punika badhe wiwit minggah rêdi ingkang inggilipun 3000 m. Tumrap ingkang tumindhak ing damêl sami kasarasan.

Pados jajahan kangge paboyongan. Departement Pangrèhpraja, Vekeer en Waterstaat tuwin Economische Zaken, ing wêkdal punika anggalih pados papan paboyongan ing tanah Sabrang ing Sumatra Kilèn, inggih punika ing tanah Minangkabau. Ing sapunika sawêg nindakakên paniti dhatêng kawontênanipun ing tanah ngriku.

Congres Muhammadiyah. Awit saking kamirahan dalêm Sampeyan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, badhe wontêning congres Muhammadiyah, kaparingan papan wontên ing alun-alun lèr. Papan wau lajêng dipun sêbut Medan Congres. Jêmbaring papan wau wontên 115 ping 85 m. Papan congres wau awujud griya agêng, papan tentoonstelling barang dagangan, papan pamiyaran bayi, papan pajajanan, toko congres tuwin sanès-sanèsipun. Rantamaning waragad f 800.-. Ing tanggal 7-8 kaangkah sasampuna rampung. Tumrap tentoonstelling saking Departement van Economische Zaken katata wiwit tanggal 2 October.

Gêdhong Postspaarbank ing Medan. Sampun wontên dhawuh saking parentah marêngakên damêl gêdhong Postspaarbank ing Medan, waragadipun f 126.000.-. Gêdhong wau kadamêl gagrag enggal, sarwa bêton, payonipun papak, mawi lotèng tuwin mawi lowahan ingandhap, ingkang kenging kaangge pandêlikan manawi wontên bêbaya saking gêgana.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraalexamen perangan tiga, R. Soeparman.

Pawartos bab indhakan balanja. Ingajêng sampun nate wontên wartos bilih commissie babagan balanja gadhah atur dhatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, supados tumuntên kawontênakên tatanan indhakan balanja, inggih punika tuslag ing sawatawis wêkdal kangge ngêntosi ngantos sadumugining wontênipun tatanan balanja enggal. Ingkang kasêbut ing usul wau, indhakan balanja punika sagêda katampèn wontên ing tanggal 25 wulan punika. Ing bab punika Algemeene Secretarie sampun tampi dhawuh Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana supados tumuntên nêdha panimbang dhatêng Bezoldigingscommissie.

Sêsakit pèst ing laladan Priyangan. Wiwit tanggal 19 dumugi tanggal 25 Sèptèmbêr kêpêngkêr ing laladan Bandung tuwin Sumêdang wontên tiyang 10 kêtrajang sêsakit pèst, ingkang pinanggihing têtimbanganipun tinimbang minggu pêndhakipun suda sangêt. Pêpetangan wau pinanggih sae piyambak tumrap ing taun punika. Pakampungan ingkang padatan wontên tiyangipun sakit pèst satunggal kalih, ing sapunika sampun sêpên.

Arta kêrtas palsu. Sampun sawatawis dintên Javasche Bank ing Bêtawi nampèni arta kêrtas f 10 palsu, ciri H.G. 09225, arta wau asli saking kantor post ing Bêtawi.

EUROPA

Kasangsaran motor mabur. Motor mabur Courtier ingkang nuju anggêgana saking Mêsir dhatêng Paris, nalika wontên ing margi badhe mandhap, amargi hawanipun awon sangêt. Motor wau motor mabur toya, nanging bokmanawi jalaran kêlintu anggènipun nglampahakên, dhawahipun ing toya anjungkêl, saha lajêng kêlêm. Têtiyangipun ingkang numpak wontên 9, ingkang 2 ical, ingkang 6 nandhang tatu. Miturut katrangan ingkang tiwas wau bangsa Amerika nama Roy Henderson tuwin Luitenant Kolonel R.D. Acland saking Irak. Sanès-sanèsipun ingkang sami nandhang tatu lajêng dipun upakara ing griya sakit.

Pêpacangan. Wontên pawartos, Prins Paul ing Griekenland, sadhèrèk Nata George, nata ing Griekenland saha ingkang badhe sumilih kaprabon, apêpacangan kalihan Prinses Frederika Louise ing Hanover, putrinipun Hertog Brunswijk.

AMERIKA

Bangsa Jêpan Tionghwa pasulayan. Miturut wartos saking Los Angeles, bangsa Jêpan tuwin bangsa Tionghwa ingriku sami pasulayan. Wontên tiyang 80 sami gulêt[8] wontên sawingkinging gêdhong pangadilan, wontên bangsa Jêpan 2 tuwin bangsa Tionghwa 2 sami nandhang tatu, lajêng kaupakara dhatêng griya sakit. Cacahipun bangsa Tionghwa ingkang pasulayan namung sapratinganipun[9] bangsa Jêpan.

Ponggawa[10] sêpur angsal indhakan balanja. Miturut wartos saking Chicago, directeur-directeur pakaryan sêpur gangsal golongan ingkang kapetang agêng piyambak ing tanah ngriku, sami anandhatangani prajangjian ingkang suraosipun badhe nyukani indhakan balanja dhatêng para punggawanipun, cacahing punggawa wau wontên saprapat yuta, sabên tiyang satunggal angsal indhakan balanja 40 sèn ing dalêm sadintênipun. Jalaran saking indhakan balanja wau, golongan-golongan pakaryan sêpur wau ngêdalakên arta ing sabên taun 35.000.000 dollar. Pakaryan sêpur wau gadhah margi sêpur 86 panggenan.

ASIA

Parahara[11] agêng malih. Miturut wartos, ing Hongkong wontên tanda-tanda badhe wontên prahara agêng malih. Nanging pakèwêt anggènipun badhe nêtêpakên dhatêngipun, amargi pirantos-pirantos ingkang kangge mriksa sampun dhawah wontên tangan Jêpan. Prahara wau sampun langkung saêlèr wetan Hongkong antawis 50 km. Tumrap Hongkong namung katrajang angin agêng botên sapintêna.

--- 1279 ---

Wêwaosan

III. Lêpampahanipun Ilya

19

8. Ilya

Ing tanah jajahan praja Ruslan ingkang sisih lèr, inggih taksih kalêbêt laladanipun Sang Prabu Wladhimir, nata ingkang dêdunung wontên ing Kiyèf, wontên dhusun agêng, kawastanan: Karasaro. Ingkang papanipun botên têbih saking kitha: Murom. Ing dhusun ngriku wontên tiyang tani nama: Iwan, ingkang anggadhahi anak jalêr tuwin èstri sawatawis. Iwan trêsna lan asih sangêt dhatêng anak-anakipun wau, ananging wontên satunggal ingkang langkung dipun sihi katimbang sanès-sanèsipun, jalaran salaminipun tansah sakitên kemawon, inggih punika anak jalêr ingkang nama: Ilya. Umuripun Ilya punika sampun tigang dasa taun, ewasamantên botên sagêd ngebahakên badanipun babarpisan, jalaran Ilya sakit lumpuh badanipun sakojur. Sabên dintên ngêmungakên tilêman kalihan nêningali ing sajawining griya kemawon. Gêsangipun Ilya wau salaminipun mila tansah amêmêlas sangêt. Manawi enjing tiyang sêpuh saha sadhèrèk-sadhèrèkipun jalêr èstri sami nilar griya prêlu nyambutdamêl wontên ing sabin, wangsul-wangsul manawi sampun sontên. Amila sabên dintên, Ilya kêpêksa kêdah wontên ing griya piyambakan. Nanging lêlampahanipun ingkang makatên punika malah manjing dados tapanipun. Sabab siang dalu Ilya tansah botên supe dhatêng ingkang Murbèng Kuwasa, sarta botên kèndêl anggènipun tansah nênuwun supados sagêda saras saking sakitipun. Sanadyan dumuginipun samantên botên kinabulakên punapa ingkang dados panuwunipun, ewasamantên Ilya botên lajêng bosên, nanging malah saya bantêr sumujudipun dhatêng ingkang Kuwasa. Sabên dintên ingkang kagagas ngêmungakên kawontênanipun ing sajawining griya, ing ara-ara, ing pasabinan, lan sasaminipun. Inggih punika papanipun tiyang sêpuh saha sadhèrèk-sadhèrèkipun nyambutdamêl. Gèk kados punapa sênêngipun saupami sagêda tumut bêbênteran tuwin angsal hawa ing jawi kados caranipun tiyang limrah. Ewasamantên Ilya mêksa botên anggadhahi manah bêntèr utawi sêrik dhatêng sasamining gêsang ingkang pinaringan saras.

Kadhangkala, manawi Ilya wau kalêrês piyambakan wontên ing griya, asring sok wontên para druwis ingkang lumêbêt ing griyanipun nêdya ngaso sawatawis. Ing sarèhning bangsaning druwis punika damêlipun namung alêlana anjajah praja, saha andhatêngi ing papan-papan ingkang sukci tuwin angkêr, dongenganipun inggih sok kathah lan warni-warni. Manawi kalêrês mirêngakên dongèngipun para druwis wau, lêganing manahipu Ilya inggih sakalangkung-langkung, sarta anggènipun mirêngakên inggih kanthi yêktosan, salêbêtipun mirêngakên cariyosipun para druwis wau, rumaosipun Ilya lajêng kadosdene tumut anglampahi piyambak, tumut anglampahi: tindak damêl ingkang ambêbayani, midêr-midêr ing wana agêng, nyêmbahyangi ing pasareyanipun para pandhita ingkang linangkung, lan sasaminipun.

Nanging ingkang dipun sênêngi sangêt dening Ilya punika, manawi para druwis wau nyariyosakên mênggah kawontênanipun ing kitha Kiyèf, utawi ngandharakên cariyosanipun Prabu Wladhimir tuwin para satriya lan para prajuritipun ingkang sami kêndêl lan prawira. Saya bingah malih manawi Ilya mirêng kawontênanipun ing salêbêting kadhaton ing Kiyèf ingkang sadaya-sadaya sarwa èdi lan sae. Kadhang-kadhang Ilya katingal grêgêt-grêgêt kalanipun mirêng dêdongenganipun Naga Gurindayêksa, ingkang dêdunung wontên ing guwa ing rêdi Sorotya saha gêsangipun sarana măngsa manungsa, makatên ugi cariyosipun: Solowe ingkang damêlipun ambegal tiyang ingkang badhe kesah dhatêng Kiyèf, adamêl bêntèring manahipun Ilya, salajêngipun tanpa kèndêl anggènipun Ilya pitakèn dhatêng druwis ing bab ingkang dados godharêncananipun praja Ruslan ingkang kalih warni punika. Kanthi lêganing manah para druwis wau inggih lajêng nyariyosakên punapa wontênipun, ing batos wêlas dhatêng lare neneman ingkang sawêg nandhang sakit wau, sarta lajêng sok angudaraos makatên: eman têmên, dene bocah nonoman iki duwe lêlara kang ora ana pangarêp-arêpe bakal bisa mari. Ing măngka nitik wirasate, bocah iki bocah pintêr, wêdi marang ingkang Kuwasa, luhur bêbudène lan rupane iya kêndê lan prawira. Salajêngipun para druwis wau, manawi pamit dhatêng Ilya, ing batos kêncêng sêdyanipun, badhe nyuwun brêkah ing papan ingkang sukci utawi ing pasaeyanipun pandhita ingkang katrimah, supados Ilya wau sagêda pinaringan saras saking sêsakitipun dening ingkang Kuwasa. Ingkang kathah-kathah para druwis wau sami supe dhatêng jangjinipun, nanging sawênèh dipun lampahi yêktos, ewasamantên sadaya panuwunipun tanpa damêl, Ilya botên saras saking anggènipun sakit lumpuh wau.

Manawi para druwis wau sampun kesah, limrahipun bapakipun lajêng sok pitakèn makatên: ora, ênggèr, anakku, genea kowe têka tansah ngandhakake naga lan begal kang gawene mêmantèni uwong bae. Kowe ora susah wêdi lan kuwatir, ora-orane [o...]

--- 1280 ---

[...ra-orane] naga bakal anggondhol kowe, lan begal: Solowe ora-orane bakal mrane.[12]

Padatanipun, Ilya namung kèndêl kemawon, nanging tansah anggagas dhatêng begal ingkang tansah aganggu damêl dhatêng sadaya tiyang ingkang badhe dhatêng Kiyèf. Manawi dalu Ilya asring nyupêna pinanggih kalihan begal: Solowe wontên ing têngahing wana, utawi nyupêna nglêbêti guwanipun Naga Gurindayêksa ingkang pêtêng saha ingkang dumunung wontên ing rêdi Sorotya. Jalaran wontênipun naga tuwin begal ingkang tansah aganggu damêl dhatêng para kawula ing praja Ruslan wau, ing batos, Ilya tansah gumun, dene para prajuritipun Sang Prabu Wladhimir ingkang kacêluk mênggahing kêkêndêlanipun, têka namung sênêng-sênêng kemawon, botên ambudidaya dhatêng pêjahipun rêrêgêding donya kêkalih ingkang tansah namung badhe ngrisak praja wau. Langkung-langkung mênggahing begal, Solowe tansah dados manahipun kemawon, ngantos angrêgêdi manahipun anggèning sumujud dhatêng pangeranipun. Pêpuntoning gagasan, Ilya anguda raos makatên: yèn aku dadia prajurit, ora bakal lêga atiku, yèn aku durung bisa matèni begal iki, sarta bisa ngluwari nagaraku saka panggodhane mau.

Ing satunggiling dintên, Ilya ngathang-athang wontên ing papan patilêmanipun anggagas cariyosipun satunggiling druwis ingkang mêntas kesah saking ngriku ing bab wontênipun prajurit pintên-pintên ingkang kêndêl lan prawira, saha ingkang sampun pinêjahan dening begal: Solowe wau. Kala punika enjing umun-umun tiyang sêpuh saha sadhèrèk-sadhèrèkipun sami kesah dhatêng sabin, sabab ing wêkdal punika măngsa panèn, mangsanipun padamêlan kathah sangêt, ngantos asring kêkirangan tiyang, amila panyambutdamêlipun dhatêng sabin inggih lajêng dipun gasikakên. Dene Ilya lajêng kapêksa sadintên muput wontên ing griya piyambakan, ing batos piyambakipun sakalangkung nalăngsa, dene botên sagêd ambantu nyambutdamêl dhatêng tiyang sêpuh saha sadhèrèk-sadhèrèkipun wau.

Dumadakan, Ilya mirêng suwaraning tiyang lumampah wontên ing margi ingkang sêpên punika, sarêng piyambakipun ningali ing jawi, sumêrêp wontên tiyang sêpuh tiga, ingkang katingal mêlarat sangêt. Sarêng tiyang tiga wau sumêrêp dhatêng Ilya, enggal-enggal wicantên makatên:

Sadhèrèk Ilya, mugi sampeyan tangia saking papan patilêman sampeyan, lan sampeyan êngakake lawange, supaya kula sakănca niki bisa mlêbu mriku, sarta mugi sampeyan nyukanana ombèn-ombèn napa mawon, kanggo tambane ngêlak kula sakănca niki.

Nanging Ilya amangsuli makatên:

Kula kêpengin sangêt sagêda mênyat saking papan patilêman kula punika, sarta ngêngakakên kori anglêbêtakên panjênêngan sadaya, lan mendah kados punapa bingah kula, saupami kula sagêd ngaturi unjukan dhatêng panjênêngan sadaya, nanging sadaya wau kula botên sagêd. Sampun tigang dasa taun anggèn kula tansah glumlethak[13] ing papan punika, lan sampun tigang dasa taun dangunipun anggèn kula botên sagêd ngebahakên suku kula punika.

Tiyang sêpuh têtiga wau wicantên malih:

Ewadene kula balèni prentah kula têng sampeyan, cobi sampeyan mênyat saking papan paturon sampeyan niku.

Ilya nyawang dhatêng tiyang sêpuh tiga wau, lan sumêrêp, bilih akènipun wau botên kangge gêgujêngan kemawon, malah kanthi têmên-têmên, lan nitik kêclaping mripatipun, tiyang sêpuh têtiga wau sajak gadhah wêlas lan asih dhatêng pun Ilya. Amila Ilya inggih lajêng nyobi badhe miturutki[14] pikajênganipun tiyang têtiga wau. Sakawit suku ingkang têngên kacobi dipun salonjorakên, lan ing ngriku karaos, yèn piyambakipun sagêd angebahakên. Suku ingkang kiwa lajêng kasenggol, ing ngriku inggih karaos malih manawi sukunipun wau botên lumpuh. Tanganipun ingkang dumuginipun ing kala punika botên kenging kangge ebah babarpisan, dumadakan sagêd gêsang sanalika. Salajêngipun piyambakipun akraos, bilih lampahing êrah ing sabadanipun ujug-ujug bêntèr saha akraos, yèn piyambakipun sagêd migunakakên tangan lan sukunipun. Sakala punika Ilya ujug-ujug nyat, sagêd mênyat saking papan patilêmanipun, lumêjang ngêngakakên korining griya, saha lajêng ngacarani tiyang sêpuh têtiga wau lumêbêt ing griyanipun. Sarêng tiyang sêpuh têtiga wau lumêbêt ing griya, lajêng suka sasmita tăndha mrapat, minăngka tandhanipun tiyang Kristên sajati, saha lajêng sami suka urmat dhatêng pun Ilya, kadosdene padatanipun tiyang ingkang mangrêtos dhatêng tatakrama ing wêkdal samantên. Ilya urmat kanthi andhap asor sangêt saha ngacarani lênggah wontên ing bangku. Sasampunipun para tamu wau sami lênggah, Ilya enggal-enggal lumêbêt ing gudhang prêlu mêndhêt gêndhul isi bir sawatawis ingkang lajêng kaladosakên dhatêng tamunipun punika. Tiga-tiganipun anglairakên gênging panarimahipun. Sarêng sampun sami rampung anggènipun ngombe, tamu ingkang sêpuh piyambak wicantên makatên:

Cobi sampeyan saniki mang ngombe êbir turahan kula niki.

Badhe kasambêtan.

--- 157 ---

No. 40, taun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM, REGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK, LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

MANGSULI LAYANG

Soetjipto p/a R.S.I. Mertodiwirjo, Gep. Patih Pêmalang. Layangmu anêpungake nyang Bu Mar wis daktampa kanthi sênênging atiku. Barêng aku kocritani bab adhimu, aku banjur kêpengin wêruh, ndah kaya apa anggone andêmênakake, ya? Mbok iya Bu Mar, dikèki portrète yèn kowe duwe. Adimu kabèh pira ta, To? Karanganmu uga wis kêtampan.

Rochiani, Munthilan. Andadèkake bangêt sênêngku kowe mêrlokake anêpungake nyang Bu Mar. Nanging aja pisan dadi atimu ya Ni, dene aku ora bisa nuruti apa sing dadi panjalukmu, yaiku macak potrètku, awit dakpikir-pikir kok kurang pêrlu, karo manèh aku ya ora duwe potrètku dewe, awit ya wong ora tau potrèt. Kowe nakokake Bu Siti Marjam, panjênêngane kuwi dadi guru ana ing Bogor, mbok manawa ya isih rada mambu-mambu karo Bu Mar, e, mbok manawa lho, aku ya durung pati cêtha. Ni, kapan kowe sidane plêsir nyang Bêtawi, ibumu tansah ngarêp-arêp.

Soem Poerbatin, Ngayogya. Aku wis tampa layangmu, ora liya bangêt panrimaku. Sukur, yèn kowe arêp milu lêlumban ana ing Taman Bocah. Karanganmu uga wis kêtampan.

Endang Tien Praptining Soerasrie, Blitar. Bangêt bungahku aku wuwuh kêponakanku saka Blitar. Ach, aku ora bisa ambadhe bab sêkolahmu, coba ta bok kokandhani bae. Tien, aku ya duwe kêponakan akeh ana ing Blitar, nanging jênênge kok mêsthi anèh-anèh, angèl anggonku ngeling-eling. Dadi ing Blitar kuwi akèh katès, ya Tien, mula enak yèn dipangan karo kecap, biyèn dèk ibumu isih cilik gawene ya mangan kaya ngono kuwi, saiki kok ya isih sênêng. Tien ibumu isih durung bisa tilik nyang Blitar, awit isih ribêd.

Sri Mastoeti, Surakarta. Wah Sri, kok mêmêlas têmên bocah loro kang kacilakan kuwi, sing kokandhakake ing layangmu kae. Wong arêp cilaka kok gampang têmên, ya Sri, ndilalah nyenggol dhingklik kang ana gêndule isi spiritus bae, dadi jalaran patine. Apa kowe ya ndêlok bocahe kang kobong ya Sri, kiraku ya ora têgêl wêruh. Sri, Endang Tien Praptining Soerasrie kêpengin nêpungake karo kowe.

Kho Ngo Nio Blabak. Bangêt panrimaku kokirimi karangan lêlucon warna-warna.

Kho Ngo Kioe Blabak. Layangmu isi karangan lêlucon warna-warna wis daktampa kanthi bungah.

Moerati C.1. Taman Siswa Slawi. Aku wis tampa layangmu pitêpungan, ora liya bangêt panrimaku. Satampane layang iki, kowe mêstine wis wêruh, entuk orane, anggonmu tuku lotêrij. Nanging yèn hoofdprijs wis gênah ora entuk, aku wis ndêlok, dadi kowe banjur ora sida nyang Batawi, wah gêla aku.

M.K.S. Koestinah p/a M. Djojodihardjo, Kriyongan, Jêmbêr. Kirimanmu postwissêl wis daktampa, bangêt panrimaku, malah wis dakaturake nyang administratie, sawatara dina manèh kowe bakal tampa lampiran Taman Bocah.

Sêkiban p/a S.J. Soeripto Djajahartana, Wirosari. Andadèkake bangêt panrimaku kowe mêrlokake anêpungake nyang Bu Mar sarta ngirimi karangan cangkriman. Saya bungah atiku, upama kowe ngirmi[15] karangan dêdongengan kang anêngsêmake lan lucu-lucu.

Soemiwati, Wirosari. Layangmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Dadi kowe tunggal saomah karo kêponakanmu. Saiba ya, sênênge, dadi bisa maca T.B. barêng-barêng, upama langganan ya bocah loro barêngan. Ti, yèn kowe arêp ngirimi dêdongengan ya kêna katulis ing postblad, coba enggal kirimana, ibumu ngarêp-arêp bangêt.

Soem, Kêbumèn. Bangêt panrimaku kokirimi layang manèh lan uga isi karangan cangkriman lan lêlucon.

Bambang Irawan, Tuban. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Aku bungah, dene kowe anduwèni panêmu kang kaya mangkono, yaiku wong kang ora maca layang kabar iku kêna diupamakake omah kang ora ana korine.

O, Irawan, aku ya milu ndongakake, supaya kowe kasêmbadana angên-angênmu, bisaa entuk anggonmu examen. Pambatangmu luput, aku dudu R.S. Hardjodibroto.

Sanjoto, G. Entjlek IV No. 3. Oud Gondangdia Bat, Centrum. Sêmbah pangabêktimu wis daktampa, bangêt panrimaku lan karanganmu uga wis kêtampan kanthi sênênging atiku.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 158 ---

LÊLUCON

ENDHOG BISA DADI PITIK

[Grafik]

Coba, bocah-bocah, kowe padha nyobaa gawe gambar kaya ing dhuwur iki, sadhela bae koe banjur duwe jago. Sêkawit gawe bundêran, banjur kaya sing kacêtha nomêr 2, banjur nomêr 3, nomore 4 wis wujud pitik.

Gambaran kaya ngono mau bisa dadi panglantih, lan banjur ngêrti carane gawe gambar pêpêthan. Ya aja manèh kang nganti wujud gambar pitik, tumraping bocah cilik lagi bisa nggambar êndhog bae, wis bungah, malah sok digambarake ing êndi-êndi.

UMUK-UMUKAN

A : ''Aku yèn nglakokake motorku nganti kaya sêpur bliksêm.''

B : ''Iku durung patiya bantêr, motorku nganti kaya sêpur bêngi.''

C : ''Mêksa durung kaya motorku; mosok nganti kaya sêpur ''telepoon.''

Soem, Kêbumèn

Pintêr etung

Nano : ''Krambil sêparo disigar dadi pira?''

Tiktok : ''Dadi sêprapat.''

Nano : ''Nèk diprapat dadi pira?''

Tiktok : ''Iya dadi sapranêmbêlas.''

Nano : ''Lah nèk dipranêmbêlas kabèh dadi pira?''

Tiktok : ''Dadi - dadi - srundèng!''

Soetjipto

Si Karman diparingi dhuwit dening priyayi kang wêlas marang dhèwèke, nanging rèhning Karman durung ngêrti apa-apa, dhuwit mau ya ditampani kanthi bungah, nanging mung mênêng bae. Wêruh kaya mêngkono iku, bok Karman calathu: ''Muni priye. Man''

Karman mangsuli: ''Nyuwun malih!''

Sanjoto, Gondangdia Batvia.-C

CANGKRIMAN ANYAR

I. Warêg tanpa mangan

Mlaku tanpa sikil

Bisa calathu tanpa cangkêm

Têtuduh tanpa tangan

Lan apa sagunême wong-wong mung kari ngandêl. Sapa iku?

II. Ana têmbung yèn kawaca kang bênêr, basane kewan mau.

Nanging yèn pamacamu saka buri dadi panganggone kewan mau.

Kewan apa iku?

Soem, Kêbumèn

III. Ana kêdadean, ya ana arane

Dadine tanpa digawe, apa iku?

Soemiwati, Wirosari

SING WÊLAS MARANG SATO KEWAN

Ana bocah jênênge Amat. Dhèwèke sêkolah ana H.I.S. Ing sasi Pasa dhèwèke libur lan lunga mênyang desane.

Ing sawijining dina Amat mlaku-mlaku mênyang kêbon. Dhèwèke wêruh bocah loro, sing siji anggawa bêdhil lan sijine lagi marani manuk kang wis dibêdhil.

Amat wêlas marang manuk mau, nanging rèhne wis kêbacut ya mung mênêng bae. Dhèwèke golèk akal supaya bocah-bocah mau ora padha mbêdhil manèh. Kabênêran entuk. Amat nuli andhêlik ana saburine wit kang gêdhe. Sawise bocah loro mau têkan kono, dhèwèke banjur ngetok lan calathu karo sing nyêkêl bêdhil: ''Kowe titis ya mbêdhil, mbok aku tak njajal mbêdhil.'' Wangsulane bocah mau: ''Kowe olèh mbêdhil nanging gotrine kowe mêsthi tuku.'' Amat takon: ''Gotri siji rêgane pira?'' Wangsulane bocah mau: ''Saêsèn.'' Amat calathu manèh: ''Saiki gotrine kari pira?'' Kandhane bocah mau: ''Kari lima,'' Amat banjur njupuk dhuwit limang sèn lan diwènèhake. Dhèwèke olèh gotri, lan banjur calathu:

''Kanca-kanca, aku saiki durung bisa mbêdhil, yèn kowe gêlêm, sesuk dolana mênyang panggonanku padha dolanan karo aku, nanging aja mbêdhil.''

Bocah-bocah mau banjur ngêrti apa karêpe Amat, lan banjur padha dadi kancane. Wiwit dina iku bocah loro mau ora mbêdhil manèh.

Sanjoto, Gondangdia.

--- 159 ---

KÊTHÈK LAN BULUS

Ana sawijining kêthèk kang bangêt nakal lan ala atine; karo kanca-kancane kêliwat jaile, nganti kanca-kancane kabèh padha ora gêlêm momoran karo dhèwèke. Wis kaping pira bae si kêthèk nyoba nyêdhaki kancane, nanging ora bisa, awit kabèh kêthèk ora ana kang ngetokake ulat sumèh, awit ing ngêndi panggonan wis kêsumurupan alane. Mulane dhèwèke banjur dhewekan bae.

Karo ngunjal napas kêthèk mau calathu dhewe mangkene: ''Apa akale saiki?'' Barêng wis mikir-mikir sadhela banjur calathu manèh: ''Ach, aku ora pêrduli, kabèh kancaku saiki nêsu karo aku, aku takgolèk kanca liya.'' Kêthèk nuli lunga tanpa ana kang dijujug. Barêng kira-kira saêjam suwene anggone lumaku, kabênêran kêtêmu karo sawijining bulus, kang lagi dhedhe. Kêthèk, barêng wêruh si bulus dhewe ana ing dalan, banjur thukul pamikire mangkene: ''Ha, si bulus kuwi bêcik takênggo kanca.'' Kêthèk nuli nyêdhaki si bulus. Sawise salaman, kêthèk banjur lungguh ing sacêdhake si bulus, karo pitakon:

''Kang bulus, kakang lagi apa ana ing kene, têka ora ana kancane.''

Bulus mangsuli: ''Ora apa-apa, ya mung lagi golèk sênêng-sênêng dhewe, la kok ana kêthèk têka mrene, golèk apa?''

Kêthèk mangsuli: ''Aku ya mung lagi dolan bae, nanging uga karo golèk mitra.''

Bulus: ''Lho, apa pêrlune golèk mitra, apa kanca-kancamu kabèh mati?''

Kêthèk calathu: ''Ora mêngkono, kabèh isih urip, nanging aku êmoh mêrduli manèh karo kanca-kanca kabèh, awit kabèh ala atine, saiki yèn dhangan atimu, koe arêp dak ajak mêmitran.''

Barêng bulus krungu unine si kêthèk, banjur mangsuli mangkene: ''Ya bêcik yèn kowe gêlêm, sabab aku iki uga dhewe ana ing donya, lan manèh aku cocog bangêt karo kowe, aku muji, supaya kowe lan aku rukun sarta supêkêt anggone padha mêmitran.''

Barêng wis padha janji, ora antara suwe si kêthèk takon karo si bulus: ''Kang bulus, mbok iya aku wènèhana panganan sêthithik, awit wêtêngku ngêlih bangêt, nganti kêmruwuk unine.''

Bulus calathu: ''Aku ora duwe panganan apa-apa.''

Kêthèk: ''Yèn mêngkono ayo padha golèk pangan!''

Bulus: ''Iya bêcik.''

Kêthèk lan bulus nuli padha lumaku. Ora antara suwe bulus calathu manèh: ''Dhi kêthèk, aja kêrikatên anggonmu lumaku, awit aku tansah kari.''

Kêthèk: ''Iya bêcik, mêgko aku tak mlaku rada rindhik.''

Kandhane si kêthèk karo pringas-pringis, nanging ora kawêruhan solahe dening si bulus.

Barêng anggone padha lumaku wis sawatara suwe, karo-karone têkan ing têgalan ing satêngahing alas. Têgalan mau ditanduri jagung lan ing têngah kêbon jagung ana omahe, ing sakubênge ditanduri gêdhang. Salah sawijine wit gêdhang, wohe wis matêng. Barêng kêthèk wêruh tundhunan gêdhang matêng, banjur kêmocor idune. Sawise didêlok ora ana wong ing jêro omah iku, kang anjaga kêbone, si kêthèk nuli mènèk wit gêdhang iku, nyolong têlung lirang, nuli dipangan barêng-barêng karo si bulus.

Ana candhake MANUK ÊMPRIT LAN BÈTHÈT

Ing sawijining dina ana manuk êmprit arêp mênyang tanah sabrang golèk pari. Dhèwèke mampir mênyang panggonane bèthèt. Barêng wis têkan, dhèwèke banjur calathu: ''Thèt-thèt, ayo padha golèk pari mênyang tanah sabrang, mêsthi olèh akèh.''

Bèthèt mangsuli: ''Aku êmoh kok prit, sabab kene ya wis akèh pari.'' Si êmprit banjur pamitan lan lunga dhewe.

Barêng êmprit wis entuk pari akèh, dhèwèke banjur bali, lan mampir manèh mênyang panggonane bèthèt. Bèthèt njaluk parine êmprit, nanging ora diwènèhi. Bèthèt nêsu bangêt. Êmprit banjur diuntir gulune, nganti mingêr, têlihe ana ndhuwur. Êmprit banjur nyêkêl pikulane lan dipênthungake, kêna cucuke bèthèt nganti mlêngkung.

Mulane êmprit iku nganti saiki, têlihe ana ndhuwur lan bèthèt cucuke mlêngkung mêngisar.[16]

Sanjoto, Gondangdia Batavia-C. JAKSA KANG PINTÊR NGRAMPUNGI PÊRKARA

Ana sawijining wong desa kang pinuju ndandani êmpyaking omahe. Ora antara suwe dhèwèke tiba. Tibane mau mung kêpênêr nibani wong tuwa kang lagi liwat.

Wong tuwa nuli tiba lan banjur mati. Bangêt anggumunake, dene wong kang tiba saka ngêmpyak mung bênjut bae. Anake wong tuwa mau yaiku kang lagi ngêtutake bapakne, lapur mênyang kapolisèn. Wong loro wis padha ana ngarêpaning pradata, lan nyaritakake apa prêlune. Jaksane kandha yèn wong desa mau ora luput. Ananging wong kang duwe bapa mati ora trima, nuli kandha karo jaksane: ''Tiyang punika rak mêjahi bapa kula.'' Jaksa: ''Bênêr, aku mrayogakake yèn wong iku kok walês. Wong iku kokdokok ngisor panggonan patine bapakmu lan kowe enggal mènèka ing empyak uga banjur nibaa, karêbèn nibani wong iku.

Wong kang kêlah mau mikir sadhela karo mênêng. Saiki dhèwèke yèn kudu niba saka ngêmpyak, narima ngalah wae, wusana banjur lunga.

Soewarjo, Ngayogya.

--- 160 ---

SI JÊMBLUK

Ing jaman kuna ana sawijining pangarit, kang bangêt mlarate. Esuk umun-umun dhèwèke wis pangkat ngarit mênyang sawah utawa alas. Yèn wis entuk, sukête banjur diwadhahi ing kranjang, nuli diaturake mênyang kêpatihan kanggo pakan kagungandalêm titihan. Kala-kala manawa pangarite entuk luwih akèh tinimbang sabêne, banjur diêdol mênyang pasar. Pangarit iku duwe anak lanang siji, ananging bocah mau cacad, yaiku sabab saka mêmangan pangan kang ora bêcik, andadèkake wêtênge banjur gêdhe. Sirah lan sikile cilik, nanging wêtênge njêmbluk, babar pisan ora timbang karo sirah lan sikile, mulane banjur dijênêngake si Jêmbluk.

Si Jêmbluk iku sênêng bangêt masang wuwu, ananging ora ana ing kali gêdhe, awit wêdi kêlêlêp. Wanine mung ana ing pacêrèn ing pêkarangane bapakne, manawa êntas udan, utawa ing pacêrèn cêdhak sumur. Wis mêsthi bae ora tau entuk apa-apa.

Ananging sawijining dina, nuju udan dêrês bangêt, kaya diêsokake, ing pêkarangane pêngarit mau, banyune jêrone nganti mèh sadhêngkul. Barêng wis asat, si Jêmbluk enggal-enggal niliki wuwune. Bangêt andadèkake gumune, barêng wêruh, manawa ing sajroning wuwu ana iwake sidhat cilik.

Si Jêmbluk bungah bangêt lan sabên dina dolane karo sidhat cilik mau. Bapakne ora sênêng ngrasakake anake lanang saiki ora tau gêlêm nyambutgawe, kajaba mung dolanan karo sidhat bae. Pêngarit nuli calathu marang anake lanang: ''Jêmbluk, bêcike kowe milua ngarit aku, tinimbang kaya ngono kuwi dolanan karo sidhat.''

Si Jêmbluk dhasar bocah manutan, esuke milu ngarit karo bapakne. Sadurunge pangkat, sidhate didokok ing bathok, diisèni banyu, nuli dititipake mênyang êmbahne wedok. Sasuwene si Jêmbluk ngarit, dumadakan sidhate dithothol pitik.

Sorene, barêng Jêmbluk têka ngomah enggal nakokake sidhate. Êmbahne wedok iya walèh, yèn dithothol pitik, si Jêmbluk barêng krungu bangêt nêsune. Sawêngi ora gêlêm turu, tansah muring-muring bae. Êmbahne arêp mènèhi iwak liya, nanging Jêmbluk ora gêlêm. Calathune: ''Saiki pitik, kang nothol sidhatku, dakjaluk saiki uga.''

Wêkasane êmbahne kudu nuruti panjaluke putune, pitik dadi duwèke si Jêmbluk minangka lirune sidhat. Yèn Jêmbluk pinuju ora milu ngarit karo bapakne, ya banjur dolanan karo pitike.

Anuju sawijining dina dhèwèke kudu milu bapakne manèh. Pitik katitipake mênyang wong wadon, kang pinuju lagi nutu. Rèhne pitik mau arêp nothol bêras ing lêsung, nanging duamadakan[17] êdhase kênèng alu, sanalika iku uga pitik tumêka ing pati. Barêng Jêmbluk bali mulih, durung mangan lan durung ngaso, sing ditakokake ora liya mung pitike bae.

Wong wadon juru natu calathu: ''Bangêt cuwaning atiku, dene pitikmu mau kêtotog alu banjur mati. Kowi[18] mêsthine ya gêla bangêt, nanging kapriye manèh, awit ora dakjarag.''

Si Jêmbluk nuli nangis karo calathu: ''Saiki, pitikku kudu koklironi, ayo, ora pêrduli!''

Wong wadon mangsuli: ''Iya wis, bêcike, pira rêgane pitik mau mêngko dakwènèhi dhuwite.'' Nanging si Jêmbluk ora gêlêm dilironi dhuwit. Dhèwèke ora gêlêm apa-apa, kêjabane alu, awit iku kang anjalari patine pitike. Dhisike wong wadon juru nutu ora gêlêm mènèhake alune, nanging sabab tanpa lèrèn anggone ngarih-arih, wêkasane banjur calathu mangkene: ''Ya wis nya iki alune pèkên.'' Saiki Jêmbluk anggone dolanan karo alu.

Anuju sawijining dina Jêmbluk milu bapakne manèh nêdya ngarit. Alu dititipake mênyang bocah angon kêbo. Alu disèlèhake ing pêkarangan dening bocah angon mau, dumadakan kêpidak kêbo nuli putung. Barêng Jêmbluk sorene bali ngomah bocah calathu:

''Jêmbluk, aja pisan dadi atimu ya, alumu putung kêpidak kêbo, nanging mêngko daklironane alu anyar, kang luwih apik tinimbang karo alumu kang wus putung.''

Si Jêmbluk ora gêlêm, calathune: ''Aku njaluk kêmbomu, kang midak aluku.''

Bocah angon mangsuli: ''Yèn kêbo iki dakwènèkake marang kowe, bapakku mêsthi nêsu bangêt. Ach, aku ora bisa nuruti panjalukmu.''

Jêmbluk nuli marani kang duwe kêbo sarta nuli nêmbung njaluk kêbone minangka lirune alune kang putung mau. Sing duwe kêbo mung anggêguyu si Jêmbluk bae, naning[19] Jêmbluk banjur sowan mênyang pangadilan: ing kono katêtêpake, manawa si Jêmbluk wajib anduwèni kêbo mau.

Ana candhake

DOLANAN

3 5 3 4 2 1 1 1 1 4 1 4 6 5

Gèk asuku isih cilik. Abêcik sinawang

3 4 4 4 4 3 5 3 1 2 4 3 2 1

Saiki tansah jugug. Agalak anyokot

1 2 2 2 2 3 3 3

Hung, hung, hung, hung hung, hung, hung, hung

1 4 1 4 6 5

Agalak anyokot

3 4 4 4 4 3 5 3

Saiki tansah jugug

1 2 4 3 2 1

Agalak anyokot

Moeh. Soegih, Pati.

--- [1281] ---

 


suraos. (kembali)
kados. (kembali)
angyêktosi. (kembali)
mlaku. (kembali)
manawa. (kembali)
pagêr. (kembali)
nggadhahi. (kembali)
gêlut. (kembali)
sapratiganipun. (kembali)
10 Punggawa. (kembali)
11 Prahara. (kembali)
12 mrene. (kembali)
13 gumlethak. (kembali)
14 mituruti. (kembali)
15 ngirimi. (kembali)
16 mêngisor. (kembali)
17 dumadakan. (kembali)
18 kowe. (kembali)
19 nanging. (kembali)