Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 85, Stu, Lê: 18 Ruwah, Ehe 1868, 23 Oktobêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor Palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Pêrang-pêrangan Agêng wontên Laladan Surakarta - Kasangsaran Motor Mabur T. 13 - Pamrayogi Utawi Pitêdah Sawatawis Tumrap Tiyang Wawrat - Wulang Prasaja - Bab Pandamêling Sela Akik - Sêratipun Petruk dhatêng Garèng - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Budi Rahayu

Têtêmbungan: Budi rahayu punika sabên tiyang sampun mangrêtos kajêngipun, saya saupami wontên wulang: tiyang kapurih nglampahi rahayu ing budi, punika bêbasanipun kados: mêri dipun ajar nglangi, ingkang kajêngipun ing ngriki, sanadyan tanpa dipun wulang, inggih sampun mangrêtos, jalaran saking gampiling kajêngipun.

Manawi ngèngêti katrangan ingkang kados makatên punika, sajak-sajakipun inggih sampun maton. Nanging manawi ngèngêti luhuring karahayon, kados-kados gawatipun anglangkungi.

Tumraping panggagas, rahayu punika panggenanipun adhakan, nanging angèl dipun grayang, angèlipun wau jalaran saking pun rahayu tansah sêsandhingan ingkang sairib rahayu. Upaminipun tiyang botên pasah dipun suduk, sagêd nulak sawarnining sambekala, tuwin sanèsipun, punika lajêng katingal bilih punika tiyang linangkung. Inggih kalangkungan ingkang kados makatên punika ingkang dayanipun marêmakên, ngungkuli ngandhut karahayon ingkang saèstu.

Cêthanipun makatên, saupami wontên tiyang dipun taros, pilih pundi dados tiyang linangkung kalihan tiyang rahayu ing budi, punika adhakanipun tamtu milih dados tiyang linangkung, awit punapa kalangkunganipun, nama sampun dados pasêksèn, inggih tăndha yêktinipun, kados ta dipun suduk botên pasah. Tiyang ingkang badhe sêdya awon, sawêg malêbêt dhatêng pakaranganipun kemawon sampun mêcicil. Lah badhe pados punapa.

Nanging manawi nyata mangrêtos dhatêng kajênging rahayu, pinanggihipun tamtu nglangkungi bangsaning kasêktèn wau, têgêsipun, sampun botên wontên tiyang badhe nyuduk, saking kêdayan ing rahayunipun, ing donya sampun botên wontên mêngsah. Badhe botên wontên tiyang sêdya awon, saking sampun botên wontên wiji awon.

Suraos ingkang kados makatên punika, pinanggihing sarinipun nama ngosokwangsul balêjêd. Nanging punapa inggih botên rêkaos tiyang ngêmohi dhatêng kêlangkungan, awit kalangkungan punika ingkang limrah dados idham-idhamaning ngakathah. Măngka ingkang nama golonganing kalangkungan punika ngêbaki jagad, tuwin adhakan tansah kêjumput.

Cêkruktruna.

--- [1330] ---

Pêrang-pêrangan agêng wontên laladan Surakarta

[Grafik]

Sampun sawatawis dintên ing laladan Surakarta wontên pêrang-pêrangan agêng ingkang dipun senapatèni Jendral Mayor G.A. Ilgen (gambar nginggil sisih kiwa). Pêrang-pêrangan wau mindha kêdhatêngan mêngsah minggah saking Pacitan ngangsêg dhatêng Wanagiri. Wadyabala praja ngunduri dhatêng Surakarta tuwin Kartasura.

Ingkang nindhihi pabarisan praja Opêrsêtê De Veer (gambar nginggil têngah, sawêg rêmbagan kalihan andhahanipun), dene wadya mêngsah dipun tindhihi dening Kolonèl van Kasteren (nginggil têngên).

Gambar ing têngah nginggil, wadyabala ambêkta barang kabêtahaning pêpêrangan, lampahipun sêlur tansah lumintu. Ngandhapipun, wadyabala praja nglêpasi mêngsah ingkang katingal. Ing ngriku swaraning sanjata bêbrondongan.

Sisih têngên mriyêm-mriyêm pananggulang mêngsah saking gêgana. Adêging wadya wau katingal anggèning sarwa prayitna, tansah niling-nilingakên dhatêng swawara[1] ing gêgana. Sadaya sampun ngangge topèng panulak bêbaya gas.

--- 1331 ---

Kasangsaran motor mabur T. 13

[Grafik]

Motor mabur T-13 ingkang dhawah wontên sacêlaking Ujung Awar-awar

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn bab kasangsaran motor mabur T.13. Mênggah katranganipun sawatawis makatên:

Motor mabur T.13 wau anggêgana saking Batawi badhe dhatêng Surabaya, panggagananipun ing wanci dalu, ambêkta pangagêng-pangagêng Marine Surabaya. Nalika panggagananipun T.13 ingkang cakêtan T.16, dumugining Ujung Awar-awar sanginggiling sagantên panggènaning kasangsaran kapal Van der Wijck, narajang pêdhut ingkang sakalangkung kandêl, tuwin jawah dêrês, ngantos botên sagêd sumêrêp punapa-punapa babarpisan, mila motor mabur T.13 kêpêksa badhe mandhap.

[Grafik]

Opêrsêtê H.G. de Bruyne ingkang nêmahi tiwas

Ing kala punika motor mabur T.16 sumêrêp kalebating motor mabur kumleyang lajêng dhawah ing sagantên, nanging T.16 botên sagêd têtulung, amargi ugi manggih pakèwêd piyambak, namung lajêng sagêd mandhap wontên ing papan balêthokan. Ing ngriku lajêng têtulung sêsarêngan kalihan têtiyang ing Brondong. Nanging ing dalu wau pakèwêd anggènipun nindakakên pitulungan, sagêdipun tumandang yêktos sarêng sampun enjing, saha lajêng kêtungka dhatêngipun kapal pêrang Rigel tuwin montor mabur sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Pêpêthan gambar panggenan dhawahing motor mabur.

Têtiyang 9 ingkang numpak motor mabur T.13 sami nêmahi tiwas. Salajêngipun sami dipun kubur wontên ing Surabaya.

--- 1332 ---

Bab Kasarasan

Pamrayogi utawi pitêdah sawatawis tumrap tiyang èstri ingkang wawrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 84

Yèn tiyang damêl septietank ingkang enggal, kangge nanggulangi baksil kêras ingkang wontên ing rêrêgêd ingkang dhatêng enggal, supados tumuntên sagêd tumindak enggal, kêdah mêndhêt rêrêgêd ingkang sampun lami saking jumblêng ingkang sampun kangge lami, minăngka bibit, awit ing rêrêgêd ingkang lami wau sampun andados lan tangkar-tumangkaripun rottings baktèri sampun kathah sangêt (kiyat) sagêd mêngsah utawi nanggulangi baksil ingkang kêras saha ambêbayani wau.

Baktèri ingkang migunani dhatêng tiyang, inggih punika melkzuur, baktèri ing puhan, lajêng sagêd dados kêcut lan sagêd dados karnemelk, lan lajêng sagêd dados mêrtega (boter).

Baktèri (gistcellen) dhèg kangge damêl roti, sadèrèngipun roti dipun bêntèri (bakar) kêdah dipun sukani utawi momori badhèg rumiyin, prêlunipun roti sagêda mangkag, utawi mêkar agêng.

Ragi ingkang kangge campuran damêl anggur utawi arak, yèn cara Jawi tiyang damêl tape, dang-dangan kêtan utawi pohung, sasampunipun asrêp, dipun sukani ragi (tukang damêl tape mangrêtos sapintên kathah sakêdhikipun ragi ingkang kangge ngêmori wau) lajêng sagêd dados tape.

Baksil ingkang sagêd nukulakên sêsakiting tiyang ngêdalakên rêrêgêd utawi wisa (toxin) kados ta baksil dysenterie, diphtherie, tetanus lan sapanunggilanipun, inggih punika ingkang ambêbayani tumrap tiyang saras.

Baksil-baksil ingkang sagêd nukulakên wond infectie, inggih punika baksil ingkang sagêd damêl ontsteking ngêdalakên nanah, streptococcen, stophylococcen lan sapanunggilanipun, katingal ing microscoop bundêr-bundêr (coccen) punika sagêd ambêbayani tumrap tiyang ingkang kataman.

Kulit utawi dagingipun tiyang ingkang babak utawi tatu ingkang katularan rêrêgêd (baksil) punika, ing panggenan lumêbêtipun baksil wau lajêng thukul absces (wudun), agêng alitipun wudun gumantung kêras lan kirang kêrasing baksilipun ingkang ngrisak lan ngêdalakên toxin (wisa).

Yèn baksilipun ingkang botên patos kêras, wudun wau botên mrèmèn sarta lajêng sagêd matêng, mêcah sagêd saras piyambak. Nanging manawi baksilipun kêras (streptococcen) wudun wau sagêd mrèmèn, nanahipun sagêd lumêbêt ing êrah, lajêng sagêd thukul bloedvergiftiging inggih infectie, punika ambêbayani, sagêd aniwasi.

Yèn baksil streptococcen lumêbêt ing jêroan sagêd nukulakên absces utawi ontsteking ing jêroan wau, tiyang ingkang sakit namung katingal sakit bêntèr sangêt atêtêrusan.

Pancèn tandhanipun yèn wontên ontsteking punika

--- 1333 ---

ing panggenan ingkang katrajang 1 bêntèr, 2 abuh, 3 abrit, 4 kraos sakit sênut-sênut. Manawi jêroan ingkang kenging ontsteking, inggih botên katingal abuh abrit saking jawi, namung katawis bêntèr sangêt kemawon.

Sanadyan tiyang èstri ingkang botên mêntas anglairakên jabang bayi, namung wawrat inggih sagêd katularan baksil.

Tuladha ing taun 1924 dening băngsa Tionghwa hartawan, kula dipun purih mriksa lan anjampèni semahipun ingkang sakit bêntèr têtêrusan, sampun sakawan dintên, dipun aspirin bêntèripun botên sagêd mandhap. Sarêng kula priksa, pinanggih nyonyah wau wawrat kawan wulan, kula pitakèni anggènipun sêne pancèn ragi kirang tinimbang sabênipun. Kula lajêng gadhah pangintên, bilih ginjêlipun ingkang ewah, mila kula nêdha uyuhipun. Sarêng kula priksa sarana microscoop, pinanggih wontên baksilipun streptococcen grombolan kathah, dados têrang utawi nyata sêsakitipun nyonyah wau katularan baksil streptococcen ing ginjêl. Kula pratela dhatêng kulawarganipun, yèn nyonyah wau sakitipun kados makatên punika, dene jampinipun kêdah dipun suntik sèrêm streptococcen. Ing sarèhning kula punika namung dhoktêr tiyang siti kemawon, dados băngsa Tionghwa hartawan wau botên patos pitados, mila nêdha consul dhoktêr speciaal ingkang pintêr bab sêsakitipun tiyang èstri inggih punika tuwan Dr. L. (vrouwen arts) saking Sêmarang. Sasampunipun ingkang sakit kapriksa dening dhoktêr wau, nêtêpakên yèn sêsakitipun nyonyah punika typhus. Kula lajêng nêdha supados êrahipun nyonyah wau kapêndhêt kapriksakakên ing Laboratorium ing Sêmarang. Kulawarganipun ingkang sakit nalika mirêng yèn sêsakitipun typhus, sami lêngêr-lêngêr saha sami ningali kula dene pamanggihipun dhoktêr Sêmarang botên cocog kalihan pamanggih kula. Ananging sarêng sampun tampi kabar saking Laboratorium, yèn papriksan êrah wau negatief, botên pinanggih wisanipun typhus, ingkang jalêr saha bapa biyungipun nyonyah ingkang sakit, lajêng pasrah dhatêng kula. Nyonyah ingkang sakit lajêng kula suntik sèrêm streptococcen kaping gangsal, bêntèripun ical sarta lajêng saras.

[Iklan]

Ing taun 1926 nyonyah wau wawrat malih 5 wulan, ugi sakit bêntèr, dipun garap dhoktêr sanès ngantos saminggu bêntèripun botên sagêd sirêp utawi suda. Sarêng kula dipun purih mriksa uyuhipun, kapriksa mawi microscoop, pinanggih wontên streptococcen malih nanging namung sawatawis grombolan, ingkang sakit kula suntik kaping tiga sagêd saras.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja.

Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1334 ---

Wulang prasaja

[Sinom]

Wong anom dipadha bisa | ngrêti karo nênitèni | carane wong jaman kuna | ênggone padha nuntuni | mênyang panggawe bêcik | tumrap marang anak putu | sing akèh ora wantah | kang wus kêlumrah diwèhi | rasa jawa ing wulang kurang prasaja ||

Sajake yèn sagêbyaran | kanggone jaman saiki | wus ora klêbu ing akal | nalare ora pakolih | saka digawe rêmit | nganti arang wong sing gadug | akèh kang nguda rasa | ngrasa tan dungkap nampani | kuwi priye têgêse karêpe apa ||

Wong mung mênging mênyang bocah | linggih nglawang nyêkêl lading | lan penekan bêdhug dhrandhang | jare dadak diwêdèni | mundhak dipangan maring | Bathara Kala ing besuk | basa Bathara Kala | iku apa gone ngêndi | iku aran minihi gorohing bocah ||

Yèn nganti kêtêlah tuwa | gorohe saya andadi | dadi amisani bocah | ngluwihi racun sing mandi | amarga yèn wong urip | dhêmên goroh nora wurung | kêsurang kasangsara | kênèng wêlak kanan kering | srawungane kang wus padha ginorohan ||

Amarga wus ora ana | sêrik kêlaraning ati | kaya wong kang ginorohan | paribasan wis ngukumi | sabribil digorohi | sêreyal karo ditêmbung | iku lêga sêreyal | ya mulane yèn wong urip | uwis dhêmên goroh angèl dinandanan ||

Saya suwe saya dadra | tundone sing digorohi | awake dhewe kadhokan | yèn uwong uwis gorohi | atine dhewe mêsthi | sabarang karêpe wurung | ora ana kêtêkan | kae-kae ora dadi | saking kabèh ora ana sing têmênan ||

Kang mêngkono mau cara | wong anom jaman saiki | iku padha ingaranan | gugon tuhon apanatik | yaiku angugêmi | panggugu kang ora tuhu | têgêse ora nyata | karêpe wong nom saiki | lan bok iya barès bae kang prasaja ||

Kaya ta cah linggih têngah | nglawang iku makewuhi | yèn ana laku rikatan | sok bisa ambilaèni | karone salah siji | kadhang bisa uga sampyuh | iku jênênge pasang | kala nyang awak lan malih | nyang wong liya ya ngono dipangan Kala ||

Cah bêdhug dhêng pêpenekan | lan bocah anyêkêl lading | sabab yèn ing wayah têngah | awan iku gêtih-gêtih | lakune angluwihi | saka măngsa liyanipun | panasing surya gêtak | ngubak kumrangsanging pikir | barang polah cêpak salah budi rupak ||

Bok barès bae prayoga | satêmêne ngono kuwi | ngiras angajari bocah | ulah panggraita lantip | tur têtêp aminihi | ati prayitna pakewuh | ya bênêr wong nonoman | panêmune mung sawiji | ing têgêse kabèh asarwa prasaja ||

Ananging padha wêruha | iku isih durung titis | anggone gledhahi watak | pêpancène bocah cilik | wis racak padha ugi | tan wruh ngêdur bêsur-bêsur | karêm băngsa ngrêrusak | padha dhêmên mitunani | amitênah niaya sapadha-padha ||

Yèn ana wong susah bungah | yèn ana sing disênêngi | lara pati mung ditêmah | aja sing kêpêrang lading | manawa duwe wêdi | kulit bêdhah ngalung putung | tanpa petung wêruha | yèn golèk susuhing êmprit | mènèk mêncit miyat-miyut sing dipancad ||

Apadene yèn angoyak [ango...]

--- 1335 ---

[...yak] | layangan pêdhot ngliwati | playune anunjang palang | upama kêsangsang uwit | dhuwura sundhul langit | tinarancag wis nora wruh | pira ajining awak | rusak tiba saka nguwit | lan rêganing dhog pêking lawan layangan ||

Iku mungguh dielikna | karo satêmêning uni | nèk tiba gèk bakal bisa | lara sok tumêka pati | apêse gèthèk ciri | ora timbang sing diburu | yèn kêlumrah ing bocah | krungu têmbung ngono kuwi | malah bungah rumasa diunggar-unggar ||

[Iklan]

Ora beda padha uga | prajurit kang anêngahi | arêp diangsahke pêrang | iku upama dipênging | ah apa kang pinikir | karêp krana buru umur | kathik dolanan nyawa | wangsulane mêsthi bêkis | yèn mangkono êndi nyatane prawira ||

Enake para nonoman | mungguh gone padha ngudi | pamardi bêciking bocah | pangangkah kang ngati-ati | titi tètès nastiti | titike ing watak wantu | watone kawruhana | ananing wêweka ngênting | tinintingan supadya bisa sêmbada ||

Sunduk prayoganing duga | kang pikantuk kanggo margi | sanajan laku prasaja | sok uga wis nyumurupi | ing karêp kang sêjati | dadi tan tumpang suh tuju | pangungsêd wèh wasita | satêmêne donya iki | arang arêp marang barang kang prasaja ||

Iku wus nyata têmênan | kinikiban nora kêni | sing sapa angarah singgah | rangkèn rangkêp karêp ati | purbaning budi nêmbir | nakêr ngukur badan bliwur | prabawa golèk ngegla | nalisib anyilab-nyilib | talusuban nganggo ngraras astha wita ||

P

--- 1336 ---

Kawruh Sawatawis

Bab pandamêling sela akik

Sampun dangu sangêt ing Kêbumèn wontên pakaryan damêl sela akik. Nanging emanipun dene ngantos sapriki dèrèng angsal pêkên ingkang surup lan mikantuki. Măngka manawi kamanah, dêdamêlanipun akik wau, nama botên nguciwani, kacêtha wêkdal kapitongtonakên, wontên ing Tentoonstelling Magêlang ingkang dèrèng dangu, têtela ugi nampi pangalêmbana, ewadene sarèhning ajênging dêdagangan punika gumantung wontên ingkang tumbas, măngka nitik kawontênan sapunika, bab têtumbas barang rêrênggan makatên wau, katingal kirang mrêlokakên, inggih jalaran saking măngsa paethe punika.

Mila botên susah kamanah, saha dipun prihatosakên, anggèning kirang migatosakên, tumrap tumbas bangsaning barang ingkang makatên wau. Jêr prêluning gêsang ingkang baku, ing sabên dintênipun, namung sarwa bingung.

Ngaturi priksa, sela utawi krikil, ingkang kenging kadamêl akik punika, titikanipun ingkang limrah, sanadyan taksih wungkul, manawi katawangakên ing soroting srêngenge, sampun ragi katingal padhang. Malah gatraning sêsêkaran, punapadene calon warninipun, ugi sampun sawatawis cêtha. Wondene pandamêlipun, sela utawi krikil ingkang kasêbut ing nginggil, manawi têtela taksih agêng, prayogi kapêcah rumiyin. Miturut calon badhe kanggenipun, kados ta: calon mripat sêsupe, mainan êjam, madhaliun (kalung) tuwin sanès-sanèsipun. Tumuntên katancêbakên ing pucuking kajêng, ingkang agêngipun watawis sadriji tuwin panjangipun sakilan, sarana kajabung utawi kaêlak, prêlunipun sela ingkang tumancêb ing kajêng wau, supados kêkah, saha gampil dipun cêpêngi anggèning badhe kagrenda prêlu kadamêl wangun. Sasampuning kaungkal utawi kaêlus ing grenda, lajêng kagosok ing bêling (kaca ingkang tanpa rasa), manawi sampun padhang tuwin cêtha warninipun, tumuntên kagosok ing dêling wuluh, awit punika nama dipun bilasi, amrih saya bêning akinclong-kinclong.

Namung kados makatên punika, mênggah pandamêlipun sela akik. Mila saupami sagêd angsal margi, tuwin têbaning pangupajiwa ingkang sampurna, inggih nama lumayan, minăngka cagaking panggêsangan, jalaran nitik pandamêlipun cêkap sarwa prasaja, tur kenging kasambi.

Wondene ingkang dèrèng paham, langkung-langkung ingkang dèrèng nate nyumêrêpi pandamêlipun, manawi nuju sumêrêp sela akik, ingkang kathah sêmang ing manah, asring kinintên bêling utawi bangsaning barang jênangan. Ingkang makatên wau pancèn inggih lêrês, utawi botên maibên, awit limrahing sela punika têmtu cêmêng tur pêtêng, măngka lajêng nguningani wujuding sela ingkang bêningipun kadosdene gêlas. Dene titikanipun makatên: yèn ingkang kacariyosakên akik punika, kagosok [kagoso...]

--- 1337 ---

[...k] utawi kalèlèr ing kaca (bêling), botên mêmpan tuwin kalis kemawon, punika tăndha barang jênangan utawi bangsaning bêling. Nanging manawi kagosok ing kaca măngka têdhas, kacêtha nilar tabêt ing leleran, ingkang kantun ing kaca wau awarni pêthak kados corekan kapur, punika tăndha manawi sela.

Kajawi punika prêlu katêrangakên sawatawis, mênggah beda-bedaning sela tuwin warninipun.

Sela akik wêdalan ing lèpèn Sêrayu, utawi ing lèpèn Luk Ula, katimbang sela akik wêdalan ing Kayangan (Dalêpih) kathah bedanipun. Sela wêdalan lèpèn kêkalih wau, kalêbet êmpuk, mila ragi mayar pandamêlipun, sarta manawi sampun dados akik, ingkang kathah-kathah padhangipun têrus ing jawi lêbêt. Nanging sela wêdalan saking Dalêpih, racakipun sami atos tur katingal wulêd. Punapadene ing salêbêting sela, ingkang kathah mawa urat saha wontên gatraning pêpêthan. Kados ta : dhapur lêlamuking mega, unthuking toya, tuwin pêpêthaning gana lan sanès-sanèsipun.

Mênggah warnining sela akik punika, têtela măncawarni, inggih punika abrit, pêthak, biru, ijêm, jêne, wungu, dadu, kapurănta lan sanès-sanèsipun. Wondene warni-warnining akik wau, pancèn sampun asli dhêdhasaring sela, dados botên sarana rineka daya. Mênggah nama-namaning akik punika, ingkang limrah mirid warninipun, nanging ugi wontên ingkang nyêbal.

[Iklan]

Cobi katêrangakên sawatawis, nanging ingkang badhe kula aturakên, namung lugu nama-namaning akik limrah, tuwin ingkang kêrêp kasumêrêpan ing ngakathah.

Badhe kasambêtan

Pak Wira: Kêbumèn

Pawartos saking Redhaksi

K. 2966 ing Kêbumèn, 5-9-1914, dhawah Stu, Pa, 14 Sawal Ehe 1844, 14 Sawal 1332, Kulawu, katiga. 26-10-1916, dhawah Kê, Wa, 28 Bêsar Dal 1847, 28 Dulkangijah 1334, Madhangkungan, Kalima. 8-9-1917, dhawah Stu, Lê, 21 Dulkangidah, Dal 1847, 22 Dulkangidah 1335, Gumbrêg, Katiga. 31-1-1921 dhawah Sn, Pa, 21 Jumadilawal, Alip 1851, 21 Jumadilawal 1339 Wukir, Kawolu.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing-enjing dintên Ngahad sontên tanggal 24 Oktobêr 1937, wanci ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Rusmala Dewi (pertemuan Jawa dan Sumatra). Ingkang mêdhar sabda tuwan M. Noer St. Iskandar.

--- 1338 ---

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Ingkang Pangabêkti

Wiyose, Kang Garèng, aja pisan andadèkake cuwaning panggalihmu, dene aku lunga saka Batawi ora pamit nyang sliramu, ora ngapaa, kang kapisan, sabab pangkatku kêsusu, kang kapindhone, aku kuwatir, yèn aku nganti pamitan, mêngko kowe banjur... anjaluk tinggalan. Yèn tak wènèhana, kuwi aku kêna diarani nuntun nyang kowe marang... laku andrêmis. Nèk ora tak wènèhi, andêlêng plêndas-plêndusing irungmu, kêthap-kêthiping mripatmu, apadene ngrungu pangrintihing suwaramu, saka ora têgêling atiku, bisa uga kalakon, kowe banjur... tak pathak watu. Kanggo nyalangi aja nganti kalakon kang mangkono kuwi mau, mulane lungaku mung ambolos bae.

Kajaba kang saka iku, Kang Garèng, sanadyan lungaku iki lagi sawatara dina bae, nanging sing wis tak alami, rupa-rupa lan warna-warna, kang kêpengin bangêt ing besuk arêp dak rêmbug karo kowe, nanging saikine sing arêp tak caritakake nyang kowe luwih dhisik ing bab kagungan damêle ingkang bupati ing Kêbumèn. Wah, nyata rame, ngêngrêng, cara Banyumase: sêmangêr, lan cara Mlayune: jitu dhan lucu.

Miturut ulêm-ulêmane, rawuhe para tamu diajêng-ajêng jam 7 thèng, hla, aku ethok-ethoke arêp cara Lănda grès, aja nganti ana sing ngarani yèn aku iki migunakake jam Jawa, diulêmi jam 7, têkane jam 8 utawa luwih, nèk diundang ing panggonan kêndhurèn, têka ngasèp mau iya ana gunane, yaiku: têka-têka mung kèri ngêpung lan ambrêkat bae. Nanging balik ulêm-ulêman ana ing kabupatèn, kathik ditêmtokake: rêsèpsi jam 7, kaya-kaya jênêng ora urmat marang sing kagungan dalêm saupama ngadhêpku nyang kabupatèn kuwi ngênggoni jam Jawa, dadi kudu ngênggoni jam Lănda sing têmênan kae, malah sabisa-bisa kudu tak lanjari sêthithik, mulane saka pondhokan pangkatku iya tak gasikake, tak ăngka jam pitu kurang sêprapat wis ngadhêp ana ing kabupatèn, ngiras-ngirus andêlêng ubale tamu sing padha rawuh.

[Grafik]

Kang Garèng, sadurunge pangkat mênyang kabupatèn, [kabupatè...]

--- 1339 ---

[...n,] ana rong prakara kang dadi prihatinku, kang kapisan: gèk kêpriye panampane tamu, pikiranaku: para tamu sing dhuwur-dhuwur sauwit kalapa, têmtune: thak, thak, têrus kêna mêdal ing pêndhapa, dene para tamu krêcil, lan bangsane ceremende kaya aku barang kiyi, têmtune: kajaba kudu nyrêpèpèh-nyrêpèpèh lakune, iya ana sing ngaloki: mêdal tritikan, mas, e, hla dalah, salah wèsêl pikiranaku mau, Kang Garèng, jêbulane ing kono ora dibedak-bedakake: sing luhur, sing andhapan, sing gêdhe, sing cilik, sing lêmu lan gêndhut padharane, lan sing kuru aking, kabèh-kabèh kaparêng: trèthèk, trèthèk, têrus padha mêtu ing pandhapa bae. Kang kaping pindho sing dadi prihatinku, mêngko gèk ana ing kono para tamu kapêksa kudu, lêpas tracak, ing batinku: wèh, kalakon masuk lesus mêngko aku iki: salah wèsêl manèh. Sabab miturut kandhane uwong, sadurung-durunge ingkang bupati wis paring wara-wara marang para priyayine: sing sapa arêp sowan anjênêngi pahargyan ing kabupatèn, ora kaparêng ninggal sêlop utawa sandhale ana ing undhak-undhakan kabupatèn, nanging kudu dianggo têrus. Ngrungu omongan sing mêngkono mau, sanalika kono rumasaku kayadene: mas ngantèn angin, dèn bèi lesus, lan sapadhane, ujug-ujug banjur matur nyang aku: klilan, Mas Petruk, botên sagêd andhèrèkakên.

Kaya sing wis tak kandhakae[2] ing ngarêp, sowanku ana ing kabupatèn kira-kira jam 7 kurang sêprapat, kala samono ing pandhapa isih mamring, dadi aku kêna diarani: tamu pambarêp. Dening juru nămpa tamu (ceremoniemeester) aku kaparêng atur kasugêngan marang pangantèn sakalihan, kang kala samono wis sumadhiya ana ing papan kang wus ditamtokake. Êmbuh kaya apa patrape lakuku kalane aku marani pangantèn sakalihan mau, rikala samono aku pancèn macak gajah têmênan, jas bukak kathik kabardhin, dhasine nglawèr, ikête modang nanging ora têngah ijo, jarite latar irêng, kathik ora lali nganggo sêlop, lakuku èksêtrah bêsus, Kang Garèng, dhadha tak ungalake mangarêp, bokongku tak jalêntrikake mêmburi, sirah nglangar, lakune kathik tak sêngaja tak gawe: cêthat, cêthèt, ngono kae, iki kajaba saka bêsusku, iya saka... lunyune plêstère. Mulane sajêrone aku lumaku mau, aku anduwèni rumasa warna loro, nyut, aku rumasa lakuku kaya: Raja Tamtanus: bêdhidhig, bêdhidhig, banjur: nyut, lakuku rumasa kaya: raja... bubulên: kêcêmut, kêcêmut, kuwatir bok kêplèsèt.

Ing kala samono wis ana priyayi liyane sawatara kang lagi atur sugêng nyang pangantèn sakalihan. Nalikane aku wêruh carane ngaturi sugêng nyang pangantèn sakalihan mau, ing batin gagasanaku mangkene: wèh, isih cara Jawa dêlês, priyayi putri durung dianggêp dadi: guru rabi, nanging isih priyayi kakung sing dianggêp: guru laki, buktine sing diaturi sugêng dhisik: pangantèn kakung, sauwise lagi pangantèn putri. Tur iya wis cara Lănda, nganggo tabikan. Ya uwis, cara santrine, aku tak : amin, bae. Barêng [Ba...]

--- 1340 ---

[...rêng] dhonge aku atur sugêng mau, aku banjur marani pangantèn kakung, nêlungake badanku: glothak, banjur tabikan: krêthêk, sauwise banjur marani pangantèn putri, iya banjur mangkono manèh, nanging sajêrone aku nindakake mangkono mau, pikiranaku jêbul plêsir mrana-mrana, kèlingan jaman biyèn-biyèn. Pangantèn kakung katone gaga[3] prakosa, ngelingake aku marang: Radèn Gathutkaca modhèrên, sabab cukur rawis, pangantèn putri ngelingake nyang aku nyang Sang Dyah Prêgiwa, nanging Prêgiwa ora godhèg simbar dhadha. Sajêrone aku anggagas mêngkono kuwi mau, dumadakan bêndara radèn ayu adipati jêbul andangu nyang aku mangkene: kapan têkamu, nang. Saka gugupku, aku banjur nyêmbah rambah kaping pindho: sruput, sruput, karo umatur: inggih, brêgas. Sauwise aku banjur enggal-enggal: cithat, cithit, cithat, cithit -iku suwarane sêlopku, Kang Garèng, - bali nyang panggonaku maune.

Kala samono aku ora kobêr anggagas kaliruning aturku mau, awit katungka banjur nyawang ramene rawuhing para tamu, lan ngrungokake ramening suwara monggang, yaiki sing tak arani: rame, lan tak arani: sêmruwêng lan sêmangêr, wong iya ing sajêroning kabupatèn, kumpule para tamu kakung putri, sawarnaning băngsa, iya băngsa Walănda, Tionghwa, lan bangsane dhewe, kathik kumpule mau sajak sakêpenake bae, tanpa dibedak-bedakake pangkate, nyang pandêlêngan malah nganggo dilanjari: asri. Cêkake: yèn andêlêng laire, sêmune ing kala samono para tamu padha kalêgan panggalihe kabèh.

Barêng kira-kira wis jam sêtêngah wolu, saperangan tamu kang gêdhe, wis padha ngumpul ana ing pêndhapa kabupatèn. Iki para tamu sing padha nêtêpi jam Walănda têmênan, dadi nêtêpi urmate karo sing kagungan dalêm. Ewasamono sanadyan wis luwih saka jam sêtêngah wolu, iya isih ana para tamu sing rawuh, sing rawuhe jam 8 malah sing jam 9, iya ana. Dadi iki para tamu sing isih padha ngugêmi nyang jam Jawa, kasèp sajam rong jam, ora dadi ngapa, anèhe sing padha ngugêmi jam Jawa mau, sing akèh jêbul dalah tamu băngsa... Walănda. Nanging iki iya ora kêna dipaido, bokmanawa pancèn ana sabab-sabab sing pancèn wigati, êmbuh sabab jame ulêm-ulêman pancèn jam samono, êmbuh ana ing dalan motore mogok, êmbuh arêpe pangkat kêtlingsut ... cète lambe (lippenstift).

Barêng para tamu wis pêpak mau, banjur ana priyayi putri cacahe sêpuluh, nyampinge parang rusak, rasukane sutra biru, padha nyêkar bawa pranasmara ditibakake nyang Tarupala, wadhuh, Kang Garèng, suwarane le angrangin, anglangut, turut usuk, nganti kala samono aku lali yèn aku lungguh karo para priyayi, jêbul mèlu rêngêng-rêngêng, dhuwa lolo ... ènsopurut, lan sikilku kiwa tak sêlonjorake, tak tarik mêmburi, bolak-balik, balik bolak, rumasane lagi dadi cantrik.

Wis Kang Garèng, liya dina tak banjurne dongenganaku kiyi.

Rayimu, Petruk.

Kêbumèn 20 Oktobêr 1937

--- 1341 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Pamulangan layaran ing Surabaya. Ing sapunika sampun kalampahan ambikak pamulangan layaran (zeevaartschool) manggèn ing Dinoyo 5-7-9, Surabaya. Ingkang sami dados gurunipun ing pamulangan wau sami ingkang pancèn hak ngajar. Ing sapunika muridipun sampun wontên 12 tumrap kangge lampah layaran agêng, 20 kangge lampah layaran alit tumrap tanah ngriki tuwin lampah layaran ingkang namung saênggèn. Papaning pamulangan wau amêngkêrakên lèpèn, pêrlu kenging kangge nyinau padamêlan babagan toya.

Pest ing Cilacap. Tuwan Ong Bie Kiat, sudagar ing Sidarêja ngajal jalaran sakit pest. Ing bab punika lajêng dados kawigatosanipun Pakaryan Kasarasan tuwin Pangrèhpraja. Kathah tikus pêjah ingkang pinanggih ingriku, kakintên asli dhatêngan saking sanès panggenan, saha kakintên sami nggadhahi wiji sêsakit pest.

Bal-balan ing tanah ngriki badhe katamuan saking Ceylon. Wontên wartos, sawung sawêlasan saking Ceylon badhe dhatêng nglurug dhatêng tanah ngriki. Wontênipun ing tanah Jawi badhe tandhing kalihan P.S.S.I. tuwin sanès-sanèsipun. Kajawi têtandhingan wau, ugi gadhah sêdya badhe gêgandhengan kalihan tanah ngriki. Malah sapunikanipun pakêmpalan ing Ceylon wau sampun kêrêp kintun-kintunan sêrat kalihan P.S.S.I. Sawung sawêlasan wau badhe dipun pangajêngi dening tuwan Jumadin tuwin Dr. Doole, ingkang dipun apèn-apèni dening Dr. Drahaman.

Uwit karèt kina ing Kêbon Raja Bogor. Ing Kêbon Raja Bogor wontên wit karèt ingkang kapetang sêpuh kalih wit, wit karèt wau ingkang rumiyin piyambak kadhatêngakên wontên ing tanah ngriki. Wit wau ingkang satunggal ing perangan ngandhap pinanggih dipun têdha ing rayap, lajêng dipun rêsiki saha dipun jampèni. Wit wau pananêmipun kala ing taun 1876, asli saking wiji ingkang dipun ipuk dening Wickham ing Brazillie, lajêng kakintunakên dhatêng Londen, salajêngpun[4] tumular dhatêng tanah ngriki punika.

Landbouwkolonie ing Bêran, pindhah dhatêng Klampok. Miturut wartos Landbouwkolonie ing Bêran, Ngayogya, kapindhah dhatêng Klampok, pamanggèning para murid ingkang sami dipun wulang têtanèn wontên ing tilas pabrik gêndhis ing Klampok, Banyumas. Landbouwkolonie ing Bêran punika pancèn namung kangge pangajaran lantaran, salajêngipun katindakakên wontên ing Klampok, amargi punapa-punapanipun sarwa nyêkapi. Tumrap tiyang sêpuhing lare ing sabên wulan cêkap namung ngintuni waragad saringgit, kangge mbayar pondhokan, têdha, bayaran tuwin arta jajan.

Kasangsaran ing sagantên. Sampun dados padatan, tumrap ing Probolinggo manawi nuju mangsa angin ingkang dipun wastani angin Gêndhing, punika anjalari kathah bêbaya. Sampun sawatawis dintên wontên baita pamisayan ulam dipun têmpuh ing angin anêmahi karisakan. Ing baita ngriku isi tiyang 25. Tiyang ingkang 2 ical, 1 tiwas, sanès-sanèsipun wilujêng angsal pitulungan saking juru misaya ulam sanèsipun.

Pro Juventute Surabaya. Adêging Pro Juventute ing Surabaya sampun jangkêp 20 taun. Pakêmpalan wau adêgipun kala 15 Juni 1917. Kala dhawahing dintên pèngêtan wau mawi ngêdalakên buku minangka tandha pangèngêt-èngêt, nyariyosakên ing bab tumindaking damêl pakêmpalan wau ing salêbêtipun 20 taun.

Bambing ingkang dèrèng kasumêrêpan. Kapal Pijnacker Hordijk gadhahanipun K.P.M. ingkang layaran antawising Makasar tuwin Halmaheira, lampahipun ambêntus bambing ingkang dèrèng kasumêrêpan, ing sacêlakipun Makian, Halmaheira. Rahayu dene kapal wau botên nêmahi karisakan saha lajêng sagêd uwal saking bêbaya. Ing bab punika lajêng dipun padosi dening kapal Gupêrmèn Pollux saking Mênado, saha lajêng andèkèki tandha wontên ing pêrnah kandhasipun kapal Pijnacker Hordijk. Pinanggihing papriksan, bambing wau anglojok dumugi sagantên, papanipun nyamar wontên salêbêting toya, malah kapal Pollux wau ugi mèh nrajang.

Kapal pamisayan ulam lodan. Kala tanggal 3 wulan punika ing Balikpapan kêdhatêngan kapal pamisayan ulam lodan gadhahanipun bangsa Jêpan. Dhatêngipun ingriku pêrlu mêndhêt lisah. Kapal wau wangunipun bedha[5] kalihan kapal-kapal limrah, dhèkipun namung wontên ing wingking. Wujuding papan ingkang waradin ing dhèk wau sairip kados papan badhe kangge anggêgana motor mabur. Panjanging kapal 168 m. wiyaripun 23 m. perangan ingkang klêlêp ing toya 17.3 m. agêngipun 20.000 ton, dhatêngipun ingriku lêlajêngan saking Osaka. Kapal wau nama Tonan Maru No. 22.

Griya sakit tiyang sakit ewah. Ing bab badhe adêging griya sakit tiyang sakit ewah ingkang sampun karancang wontên ing Ambarawa, sampun badhe dipun wiwiti. Nanging pamanggènipun botên kados rancangan ingajêng, wontên antawisipun Bawèn, Tuntang tuwin Ambarawa, saèstunipun manggèn wontên Willêm I tilas gêdhong-gêdhong upsir, namung wontên ewah-ewahanipun tuwin dipun dandosi. Kintên-kintên ing têngah-têngahaning taun ngajêng sampun kenging dipun ênggèni. Griya sakit wau maligi dipun ênggèni tumrap tiyang sakit ewah ingkang botên ambêbayani.

Rêmbag ing congres Muhammadiyah. Congres Muhammadiyah ingkang kaping 27 ing Ngayogya, nêtêpakên, benjing congres ing taun ngajêng manggèn ing Malang. Ing kala punika wontên kawan panggenan ingkang gadhah panêdha manggèning congres ing taun ngajêng wontên ing: Medan, Palembang, Bênkulên tuwin Malang. Têtêpipun badhe manggèn ing Malang.

Para tamu congres malêbêt Karaton. Awit saking kamirahandalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, para tamu congres Muhammadiyah sami kaparêngakên malêbêt Karaton, sadaya wontên tiyang 380. Kêmpalipun para ingkang sami malêbêt ing Karaton wontên ing Pagêlaran. Ingkang nindihi[6] lampah tuwan M. Azhar, kairid dening bupati 4 tuwin kanthi sanès-sanèsipun. Lampahipun kadamêl sagolongan-sagolongan, sabên sagolongan wontên tiyang 40. Sadaya para tamu sami katog anggènipun ningali salêbêting Karaton. Mênggah tataning pangangge: 1 sêtelan botên ngangge pèci. 2 rasukan Jawi bêskap pêthak duwungan. 3 jas bikak mawi dasi ikêt-ikêtan.

Sanatorium T.B.C. ing Batu. Ing Batu, Maalng,[7] sampun ambikak Sanatorium T.B.C. ingkang dipun tindakakên dening Dr. Wempe ing Malang. Dr. Jansen saking Bêtawi ugi anjênêngi saha ingkang badhe murwani mêdharsabda. Kangjêng Nyonyah Gupêrnur Jendral kêparêng jumênêng dados pangayoman, tuwin ugi kêparêng anjumênêngi.

Pakêmpalan-pakêmpalan ingkang botên ngrujuki ondonnantie[8] nikah. Pakêmpalan-pakêmpalan Islam ing Pêkalongan tuwin Têgal mêntas ngawontênakên parêpatan, inggih punika pakêmpalan Muhammadiyah, Yong Islamieten Bond, P.S.I.I., Perserikatan Nahdatul Ulama, Al Irsyad, tuwin Kairiah. Mênggah wosing rêmbag, sadaya sami botên nayogyani dhatêng wontêning ordonnantie nikah, saha lajêng damêl sêrat katur dhatêng Raad Kawula, ingkang suraosipun botên ngrujuki dhatêng rancangan wau.

--- 1342 ---

Ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan R.M. Soekarto alias Soeriodibroto, asistèn wêdana paresidenan Bêsuki, dados asistèn wêdana paresidenan Malang. M. Mohamad Sachrawi ugi nama M. Sachrawi Setioadiwinoto, asistèn wêdana paresidenan Madura, dados asitèn[9] wêdana paresidenan Bêsuki. Abdulgani ugi nama Kiai Ganisingoatmodjo, asistèn wêdana paresidenan Malang, dados asistèn wêdana paresidenan Bêsuki.

Wali alit. Pangadilan Landraad ing Ngayogya mêntas mriksa prakawisipun lare alit 3, ingkang sami dados juru apus. Lare ingkang satunggal ngakên putranipun suwargi R.B. Prawiropoerbo, bangsa luhur ingkang misuwur ngalim. Lare wau damêlipun dhatêng ing dhusun-ngadhusun tuwin kampung-kampung pêrlu nêdha barang-barang tuwin têtêdhan, kanthi ngakên dados wali. Kathah tiyang ingkang sami pitados. Karampunganipun lare ingkang satunggal dèrèng umur 7 taun, dipun luwari. Lare ingkang 2 kirang têtêp ing dosanipun, inggih dipun luwari.

Sêpur mirunggan gêgayutanipun kalihan congres ing Bali. Gêgayutan kalihan wontênipun congres ing Bali, sêpur S.S. ngawontênakên lampah mirunggan, ing tanggal kaping 18 wulan punika wontên sêpur ingkang bidhal saking Ngayogya jam 10.30, namung kèndêl ing Surakarta tuwin Madiun. Dumugi ing Surabaya kintên-kintên jam 4. Tanggalipun 24, wontên sêpur kados makatên saking Surabaya dhatêng Ngayogya, bidhalipun jam 9.30.

Waranda[10] militèr badhe angsal pitulungan. Miturut wartos, B.I.G.M. pang Purworêjo mêntas ngawontênakên parêpatan, pangarsaning parêpatan suka sumêrêp dhatêng sawarnining randhanipun golongan militèr ingkang dèrèng angsal onderstand, supados tumuntên suka sumêrêp dhatêng panitra B.I.G.M. pang Purworêjo, amargi para warandha wau benjing wulan Siam sami badhe tampi arta urunan kathahipun f 5.- sabên tiyang. Tumrap pitulungan punika H.B. nyadhiyani arta f 7000.-.

Kawitan saha riadinipun ngibadah Siam ingkang sampun katêtêpakên dening Panguludalêm ing Surakarta. Miturut karampunganing parêpatanipun para ngulama ing sadaya pakêmpalan ing Surakarta saha ingkang sampun cocog kalihan rukyah ing Tasikmalaya ingkang sampun katêtêpakên dening H. Bestuur Pakêmpalanipun para pangulu ing satanah Jawi, kawitan saha riadinipun ngibadah Siyam taun Ehe 1868 katêtêpakên kados ngandhap punika.

I. Manawi dintên malêm Kêmis Pon kaping 3/4 November 1937 tanggalipun sapisan Ramlan sampun sagêd katingal, wiwitipun siyam ing dintên Kêmis kaping 4 November wau. Ananging manawi malêm Kêmis tanggal dèrèng katingal, wulan Ruwah lajêng kasampurnakakên (takmil) jangkêp 30 dintên kapetang saking dintên Rêbo, dados wiwitipun siyam dhumawah ing dintên Jumungah Wage kaping 5 November 1937.

II. Riadin (lêbaranipun) manawi sagêd siyam ing dintên Kêmis Pon kaping 4 November, jangkêpipun 30 dintên wontên ing dintên Jumungah Paing kaping 3 December, dados riadin dhumawah ing dintên Sabtu Pon kaping 4 December 1937.

III. Manawi wiwitipun siyam dhumawah ing dintên Jumungah Wage kaping 5 November 1937, ing mangka dintên malêm Sabtu Pon kaping 3 December tanggal sapisan Sawal sampun sagêd katingal, inggih dintên Sabtu Pon kaping 4 December wau riadinipun, dados siyam namung 29 dintên, ananging manawi dintên Sabtu Pon wau tanggal dèrèng sagêd katingal, siyamipun kajangkêpakên tigang dasa dintên kapetang saking dintên Jumungah, dados riadinipun lajêng dhumawah ing dintên Ngahad Wage kaping 5 December 1937. Kajawi punika, tumrap rukyah wau, kajawi Tasikmalaya, ing Pêkalongan, Bogor tuwin Bêtawi ugi sami rukyah (nyumêrêpi tanggal sapisan Sakban).

Paboyongan kangge juru misaya ulam. Kados ingkang sampun kawartosakên, Dr. J.D.F. Hardenberg, pangagênging Laboratorium tumrap nitipriksa lautan ing Bêtawi sampun bidhal dhatêng tanah Papuwa. Mênggah pêrlunipun, nitipriksa ing bab kathah-sakêdhiking ulam ing muwaraning lèpèn Digul tuwin Lorents. Miturut wartos, panitinipun wau pinanggih prayogi, saha lajêng wontên sêdya badhe ngawontênakên paboyongan juru misaya ulam dhatêng tanah ngriku. Manawi bab punika nyata mikantuki, ugi lajêng badhe dipun tindakakên.

EROPA

Italie ngawontênakên pajêg enggal. Minangka sarana kangge nutup waragading pêrang ing Ngabêsi, parentah Italie ngrancang badhe ngawontênakên pajêg enggal. Ingkang langkung kawigatosakên badhe narik pajêg 10% tumrap rêsêrve kapitaal ing sawarnining vennootschap, dene tumrap bank ingkang nindakakên sambutan kalêpatakên ing pajêg punika.

[Grafik]

Ngayomi têtanêman. Inginggil punika gambar têtanêman ing nagari Eropa wontên ing pakêbonan ingkang dipun damêlakên pangauban sarana payon kaca, jalaran ingriku nuju mangsa asrêp.

AFRIKA

Nata Ngabêsi ngucik pamêdal. Pangadilan ing Prancis mêntas mriksa prakawis panêdhanipun tilas Nata Ngabêsi ing bab bêbathèning margi sêpur gêgayutanipun Ngabêsi kalihan Prancis. Miturut panêdhanipun tilas Nata Ngabêsi taksih gadhah hak panduman bêbathèn 30 yuta franc, minangka bêbathèning aandeel 8000. Miturut rêmbaging para wajib, panêdhanipun tilas Nata Ngabêsi wau botên dipun anggêp sah. Nanging bab punika taksih dados rêmbag, karampunganipun ngêntosi sawatawis dintên.

ASIA

Bab badhe wontênipun Olympiade ing taun 1940. Awit saking katranganipun pangarsa International Olympisch Comite, Graaf De Baillet Latour, mratelakakên bilih pasadhian kangge Olympiade tahun 1940 kalajêngakên wontên ing Jêpan. Olympiade Comite Jêpan sampun amangsuli pitakenan, sagêdipun namtokakên ing bab punika, samangsa pasulayan Jêpan tuwin Tiongkok sampun sirêp. Kajawi punika, miturut katrangan saking pangarsa comite, dumugi sapunika dèrèng wontên usul saking sanès-sanès nagari ing bab badhe wontênipun Olympiade ing taun 1940 wau. Nanging pangarsa gadhah kapitadosan bilih Olympiade punika badhe kalajêngakên wontên ing Jêpan.

Kasantosan ing Mêsir. Miturut wartos, kabinèt Mêsir nayogyani dhatêng indhaking rantaman nagari 150.000 pondsterling, ingkang pêrlu kangge ngêdêgakên prajurit dharatan 3 batalyon tuwin tumbas motor mabur 8 iji. Indhaking kasantosan punika sagêd ugi pêrlu kangge angiribi kasantosaning tangga nagari.

--- 1343 ---

Wêwaosan

Pêpisahan ngantos pitung taun, sagêd pinanggih malih (dongèng)

Dening Slamêt

1

Kacariyos, kala jamanipun Kalipah Ngumar dados Amirul Mukminin, inggih ingkang ngasta paprentahanipun para têtiyang mukmin, wontên satunggiling tiyang nama: Tamim, nilar kesah rabinipun, ngantos pitung taun laminipun. Kesahipun Tamim wau botên pisan kasêdya saking kajêngipun piyambak, nanging sajatosipun karodapêksa dening jim, kabêkta mantuk dhatêng ing nagarinipun. Mênggah jêjêring lêlampahan punika, mulabukanipun makatên:

Nuju satunggiling dintên, Kalipah Ngumar lênggah ing majlis ukum (gêdhong pangadilan) kalihan para warga sawatawis. Ing ngriku lajêng wontên tiyang èstri sowan rapak, matur makatên: sowan kula ing ngarsaning pangadilan, prêlu badhe matur nyuwun sêsêrêpan: kula punika katilar kesah semah kula nama: Tamim, laminipun sapriki sampun pitung taun, botên kantênan dhodhok pamanggènipun, amargi piyambakipun wiwit kesah dumugi sapunika, botên nate kintun kabar punapa-punapa, lan botên nate kintun sandhang têdha dhatêng kula, dados pêjah gêsangipun laki kula punika inggih sampun sêpên kabar. Awit saking punika, saupami kula badhe laki malih, punapa pangadilan amarêngakên.

Wangsulanipun Kalipah: Yèn aturmu iku têmên, kêna kowe laki manèh, pangadilan iya bakal angidèni, nanging kowe kudu ngêntèni ganêping ngidah dhisik, padha lan petunging ngidahe wadon kang tininggal mati karo lakine, iya iku nyarantèkake sajroning măngsa patang sasi punjul sapuluh dina, kapetung wiwit saka ing dina iki.

Bok Tamim tampi dhawuh makatên punika, namung matur sandika saha angèstokakên.

Enggaling cariyos, Bok Tamim sarêng sampun jangkêp ngidahipun, inggih lajêng sowan malih dhatêng pangadilan, saha ngaturakên bilih piyambakipun wiwit ing dintên punika, sampun jangkêp ngidahipun. Ing ngriku saking wêlasing panggalihipun Kalipah Ngumar, nguningani lêlampahanipun Bok Tamim anggèning katilar semahipun ngantos samantên dangunipun sêpên kabar wau, mila sasampuning mancas prakawisipun Bok Tamim saprêlunipun, sanalika Kalipah milang-miling mriksani dhatêng para ingkang ngadhêp, saha kawêdal nawèkakên sarwi ngandika makatên: kowe kabèh bae, sapa salah siji kang gêlêm ngêpèk bojo wong wadon iki. Sapa kang saguh nglakoni, prakara maskawine bakal kaparingan saka baitul mal. Ing ngriku wontên satunggiling sakabat nama: Ngabdullah Ansori matur sagah, sarta sanggêm badhe mêngku calon semahipun kanthi sae.

Awit saking bingah lan lêganing panggalihipun Kalipah Ngumar sanalika lajêng utusan mêndhêt arta dhatêng baitul mal, kathahipun satus dirham, badhe kaparingakên dhatêng Ngabdullah Ansori, prêlu kangge bayar maskawin. Sasampuning arta wau katampèkakên, saking kaparêngipun Kalipah, sarèhning mupung para ingkang ngadhêp taksih sami pêpak, Ngabdullah Ansori ingandikakakên nikahan sapunika. Ingkang tampi dhawuh matur sandika, saha punapa ingkang dados kaparêngipun Kalipah, namung badhe andhèrèk. Ringkêsing cariyos, ing nalika punika Ngabdullah Ansori kalampahan nikah dhaup kalihan bok Tamim, maskawinipun warni arta satus dirham, kakêncèng. Sasampuning arta katampèkakên dhatêng Bok Tamim, pangantèn èstri Bok Tamim dipun lilani mantuk rumiyin, pangantèn jalêr Ngabdullah Ansori taksih kantun angrampungakên padamêlan.

Sadumuginipun ing griya, Bok Tamim lajêng tata-tata punapa ngadat tatacaranipun èstri ingkang winêngku ing jalêr lakinipun, amila sarampunging anggènipun tata-tata, Bok Tamim botên kesah-kesah saking griya, namung têngga dhatêngipun ingkang jalêr lakinipun enggal ingkang nêmbe nikahan. Dumugi watawis jam sanga dalu, Ngabdullah Ansori sawêg dhatêng, Bok Tamim gupuh amapagakên, sarta angacarani ingkang jalêr supados lajêng minggah dhatêng ing griya nginggil, amargi limrahing griya tanah Ngarab punika kathah ingkang sungsun. Sasampunipun bage-binage kawilujênganing lampah sapiturutipun, tiyang kêkalih lajêng sami nêdha kêmbul dhaharan ingkang sampun cumawis sawontênipun.

Sarampunging nêdha lan omong-omongan sawatawis, Bok Tamim lajêng mênyat angancingi lawang-lawang, wasana sarêng badhe nutup lawanganing griya ing ngandhap, ing jawi kasumêrêpan wontên jênggêrêngipun tiyang jalêr acêluk-cêluk dhatêng Bok Tamim sarwi uluk salam, Bok Tamim sumaur saha gêntos amangsuli uluk salam ugi, sarta anjêlèh kalihan nyêbut: Dhuh Gusti Allah, kula mugi karêksaa saking panggodhaning setan. Bok Tamim lajêng pitakèn: Ki Sanak, sampeyan punika sintên, dalu-dalu têka dhatêng ngriki, punika mênggah wigatos sampeyan badhe gadhah prêlu punapa.

Wangsulanipun tiyang jalêr sêmu kagèt lan ngungun, wicantênipun: êlo, kowe apa pangling karo aku, êmbokne, pitakonmu kathik nganggo angudubillah barang, têkaku ing kene iki ora arêp aganggu gawe apa-apa. Kowe elinga, êmbokne, aku iki anake pamanmu, dadi kabênêr nak dulurmu dhewe, lan uga wis dadi bojomu, mula aku bêngi-bêngi têka mrene iki, prêlu sêlak kangên, marga wus lawas bangêt anggonku pisah karo kowe.

Wangsulanipun Bok Tamim: O, inggih sampun dados panggalih kemawon ki sanak, criyos sampeyan punika pancèn nyata lêrês, nanging bojo kula kados ingkang sampeyan cariyosakên wau, sapunika sampun kesah saking ngriki, botên kantênan purugipun, [puru...]

--- 1344 ---

[...gipun,] kesahipun dumugi sapriki sampun dangu sangêt, udakawis sampun pitung taunan laminipun, sêpên wartos barang-barang, mila Pak Tamim dumugi samangke, kilap taksih wilujêng, kilap sampun tilar, kula sampun botên mangrêtos.

Ing salêbêtipun Bok Tamin[11] ginêman rame kalihan tiyang jalêr ingkang nêmbe dhatêng wau, Ngabdullah Amsori[12] mirêng, dipun tiling-tilingakên sajak wontên suwaranipun tiyang jalêr sanès, mila piyambakipun lajêng gita-gita mandhap saking lotèng, anyêlaki dhatêng ingkang èstri kalihan pitakèn: wong lanang kang koajak caturan iku sapa, ta, Êmbok Tamim.

Bok Tamim dèrèng ngantos mangsuli pitakènipun Ngabdullah Ansori, tiyang jalêr ingkang wontên ing jawi sampun amangsuli piyambak: mênawi badhe priksa, kula punika: Tamim.

Ngabdullah Ansori nglajêngakên pitakènipun: Sampeyan niku wong pundi, bêngi-bêngi pêtêng andhêdhêt têka ing ngriki banjur malêbu ing ngomah, niku olèh pakone sintên.

Tamim: Têka anèh têmên pitakon sampeyan niku, lah, têka kula ngriki niki, prêlune ênggih ajêng mulih têng griya kula dhewe, lan ênggih ajêng kêtêmu kalih bojo kula niku.

Ngabdullah Ansori: We, hla, nèk karêp sampeyan kaya ngotên, kula mêsthi botên olèh. Bok Tamim niku, saknikine êmpun dadi bojo kula, lagi dhèk wau awan anggon kula nikahan ontên ing ngarsane Kalipah Ngumar, disaksèni para sing padha ngadhêp kabèh.

Tamim: Sumêrêpa sadhèrèk, têmêne wong wedok niku bojo kula, anggon kula nikah ontên ing ngarsane Nabi, sarta ênggih nganggo saksi ganêp.

Bok Tamin anyêlani rêmbag: Sampun ta, saking pamanggih kula makatên kemawon, sarèhning rêmbag prakawis punika, tamtu botên badhe wontên karampunganipun, amargi kêdah mawi papriksan panjang, jalaran rêmbag panjênêngan sakalihan punika namung sami ngugêmi dhatêng lêrêsipun piyambak-piyambak, jêr rêmbag sakalih-kalihipun sami maton saha gadhah pasêksèn kiyat, manawi kalajêng-lajêngakên, sagêd ugi lajêng sami cukêng rêngkêngipun, sisip sêmbir dados anuwuhakên prakawis ingkang botên prayogi, lajêng dados prakawis agêng. Mila rêmbag punika langkung prayogi kèndêl samantên rumiyin, benjing-enjing kemawon tiyang têtiga punika sami sowan ing ngarsaning pangadilan, mangke kadospundi badhe karampunganipun, sami katampi kanthi narimah.

Rêmbagipun Bok Tamim anggèning misah rêgêjêgan para pabên punika, sami dipun condhongi lan dipun ajêngi, mila ingkang padudon lajêng sami kèndêl, bibaran.

Enjingipun Ngabdullah Ansori, Bok Tamim saha Tamim, sami sowan dhatêng ing pangadilan ukum, dumugi ing ngriku Kalipah Ngumar sampun lênggah. Tiyang têtiga sami katimbalan majêng ing ngarsanipun kalipah, lajêng kadangu: Kowe padha seba ing ngarsaning pangadilan, iku arêp duwe atur apa.

Tamim matur: Sowan kula punika, prêlu nyuwun lêlêrêsan, kula botên narimah, deno[13] bojo kula punika dipun rabèni kalihan Ngabdullah Ansori, măngka kula taksih gêsang mêgêr-mêgêr, sarta bojo kula punika dèrèng kula pêgat.

Kalipah Ngumar: Apa kowe wis tau wêruh, kapriye mungguhing ukum, saupama ana wong lanang lunga ninggal bojone, lawase nganti pitung taun, tanpa kirim sandhang pangan, lan liya-liyane kuwajiban tumrape wong lanang kang mêngkoni bojo. Apa wadon mau ora wis manthine[14] kêna laki manèh, mara, pikirên.

Tamim: Saèstunipun kula inggih dèrèng nate mrangguli. Namung saupami wontên tiyang jalêr nilar rabinipun kados ingkang dipun ngandikakakên panjênênganipun kalipah wau, punika sampun salêrêsipun, upami èstri katilar kesah wau laki malih, ugêr anggènipun nilar wau pancèn kajarag, nêdya ngèwèr adamêl kapiranipun ingkang èstri. Utawi kesahipun punika wau namung salimrah wontên ing dharatan, utawi lêlayaran nyabrang sagantên.

Kalipah: Apa lunganmu iku ora kaya salumrah wong, têgêse ora ngambah ing dharatan, lan ora ngambah sagara. Apa iya mangkono, Tamim. Mara, matura manèh kang têrang, kapriye gênahe anggonmu lêlungan iku, mlaku mênyang ngêndi, lan mêtu ing dalan apa.

Tamim: Kauningana, kesah kula punika, mêdal ing awang-awang, lajêng nylorot mangandhap, têrus amblês ing dhasaring siti, ngantos dumugi ing nagarinipun jim. Atur kula punika têmên. Manawi pangadilan botên pitados, kula kadugi kapatrapan sumpah.

Kalipah Ngumar sawêg nêngah-nêngahi mriksa prakawis dumugi samantên wau, katungka dhatêngipun sakabat Ngali,[15] Kalipah Ngumar kapêksa kèndêl anggènipun mriksa prakawis, lajêng mênyat amapagakên. Sasampunipun sêsalaman saha bage-binage kawilujêngan, sakabat Ngali dipun acarani lênggah cakêt ing sariranipun Kalipah Ngumar.

Badhe kasambêtan.

Sarèhning wontên pambêngan, wêwaosan ing Kajawèn padatan, dipun sêlani waosan enggal punika.

--- 165 ---

No. 42, Tahun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Soendoro, Purbolinggo. Wiyose aku wis tampa layang pitêpunganmu, ora liya bangêt panrimaku. Kajaba saka iku karangan uga wis kêtampan. Nanging aja pisan dadi atimu ya, karangan mau ora bisa kapacak, jalaran dhèk anu kae rak ya wis ana karangane Sanjoto Gondangdia, nyaritakake bab wong picêk kang dibeda dening bocah loro. Wêkasane bocah nakal mau rak cilaka, ta, gêtihe mancur-mancur, rak ya mèh padha karo karanganmu. Saiki yèn dhangan atimu gaweya karangan liya kang luwih apik, ibumu tansah ngarêp-arêp.

Soemarwoto, Têmanggung. Layangmu isi karangan lêlucon wis daktampa, nanging aja pisan dadi atimu, ora bisa kapacak awit kurang apik. Coba To, gaweya manèh sing luwih anyênêngake.

Moerdjani, Surabaya. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Sukur dene kowe arêp milu ngisèni Taman-Bocah, kapan kowe kirim layang nyang ibumu manèh?

Moerasijah, Surabaya. Bangêt panrimaku kowe mêrlokake ngirimi layang nyang bu Mar lan uga milu ngramèkake Taman Bocah.

Soenirman, Mungkid, Blabak, Munthilan. Layangmu pitêpungan wis daktampa kanthi sênênging atiku. Dadi kowe entuk silihan Kêjawèn saka T. Wijkmeester, ya sukur, ta. Kapan kowe langganan T.B. dhewe, murah mung f 1,50 ing dalêm sataun.

Zalekah, Probolinggo. Aku wis tampa layangmu karo-karone, sing siji briefkaart, dene sijine tutupan isi karangan lêlucon lan têmbang, ora liya bangêt panrimaku. Ananging sing tutupan anggonku tampa rada kasèp. Dadi satêmêne kowe wis ngirimake layang mau, nanging banjur dibalèkake sabab prangkone kêsêthithikên, ach mêsakake têmên. Nanging saiki kowe rak wis ngêrti ta, kapriye mungguh pangirime document iku, dhèk Sêtu buri wis daktêrangake nang layang kanggo S. Har. Surakarta.

Uncle Sum, Box 405 Singapore. Sawatara dina manèh kêponakanku, Soeharta ing Bêtawi bakal ngirimi layang nyang kowe.

Soedjoko, Warujayèng post Baron. Bangêt panrimaku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang nyang ibumu manèh lan nyaritakake bab kaananmu ing omah sarta bab sêkolahmu. Pêrkara kowe durung nyambutgawe, bokmanawa ya durung, saiki ya sing sabar dhisik, aja lèrèn anggonmu ichtiyar, sabên ana lowongan, bêcik rêkèsa.

Soewardhi, Kandangsapi, Surabaya. Mula ya wis rada lawas kowe ora dolan ing pêrtamanan. Sukur ta yèn kowe mêntas nyrêmpêng anggonmu sinau, sêbab êntas dianakake proefwerk. Ibumu milu muji, kowe bisaa entuk biji apik. Kirimanmu cangkriman wis daktampa kanthi sênênging atiku. Besuk Sêtu ngarêp bakal kapacak.

Soendjaja, Salatiga. Kirimanmu lêlucon wis daktampa kanthi bungah. Kowe nakokake bab karanganmu sing dhisik ing sarèhne tansah kêbak bae mula durung bisa kapacak. Lêlucon sing anyar iki, sabab luwih apik tinimbang sing dhisik, mula ya banjur enggal kapacak.

Soekirno, Kaliwiro, Wonosobo. Potrèt-potrèt lan karangan wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Nanging potrète ora bisa kapacak kabèh, awit sing loro kurang cêtha. Yèn redactie amarêngake, bokmanawa gambare adhimu lan asu ya bisa kapacak.

Sri Marjati, Purwokêrto. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi sênênging atiku. Kapan kowe ngirimi layang nyang Bu Mar manèh?

Soepardjo, Magêlang. Aku durung bisa pêrlop nyang Magêlang, aja tansah kokarêp-arêp.

Soemijati, Kêbumèn. Bangêt panrimaku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang pitêpungan lan nandhakake kasênênganmu maca Taman-Bocah.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

bu Mar

--- 166 ---

LÊLUCON

Advocaat + wong adol iwak.

Wong adol iwak: "Nuwun, bêndara tuwan, badhe pitakèn, bilih sêgawon nêdha ulam, punapa ingkang gadhah sêgawon kêdah nglintoni?"

Advocaat: "Mêsthi ngijoli pira sarêgane iwak."

Wong adol iwak: "Ulam kula dipun têdha sêgawon panjênêngan, têlas pêngaos f 1.-."

Advacaat:[16] "O, iya mêsthi takbayar, gilo f 1.-."

Wong adol iwak: "Matur nuwun, bêndara tuwan."

Advocaat: "Kajaba saka iku kowe tampa rêkêningku kudu mbayar pitakonmu f 2,50."

Soendjaja, Salatiga

Guru: "Min, ngaranana kewan kang nggayêmi ana 5 bae."

Simin: "Lêmbu, êmbahipun lêmbu, bapakipun lêmbu, anakipun lêmbu lan putunipun lêmbu."

Soegriwa S.f. Gêsikan, Ngayogya

BADMINTON

[Grafik]

1. Si Kuncung nganti bingung, panamplèke mung tansah langkung.

[Grafik]

2. Kuncunge anjênthir, tandha mêmikir.

[Grafik]

3. Anggêkêng, wadunge tiba gumamplêng.

[Grafik]

4. Ngena-ngene sarwa kêpenak tibane.

--- 167 ---

WANGSULAN PATITIS

Aku duwe wong tuwa jênênge pak Pawira, dhèwèke sabên dina nyambutgawe abot, nanging yèn bêngi kêrêp lunga nglurug main, utawa jêjagongan nganti bêngi bangêt. Dadi yèn ana ing pagawean awak lêmês malah kala-kala sok ngantuk.

Nuju wayah sore sabubare mangan, Pak Pawira lêlungguhan karo sing wadon padha gunêman ngrêmbug bab pagawean lan kabutuhan, aku ngrungokake bae. Pak Pawira calathu: "Êmbokne! Ora tau-tau dhèk mau awan ênggonku nyambutgawe têka rumasa abot lan awak krasa lêmês, iku kênèng apa?" Bok Pawira mangsuli: "O mèmpêr bae, pakne, jalaran sampeyan kuwi kakèhên wungu, mulane yèn sampeyan nggugu omongku, bêcik marènana anggonmu sok wungon nganti bêngi-bêngi, mundhak ora kêpenak ana ing pagawean, lan ana ing awak dadi lêmês, raine pucêt, gagasane ora karu-karuan.

Pak Pawira dituturi mangkono iku mung mèsêm bae karo mênyat ênggone lêlungguhan têrus mêtu. Bok Pawira cêlathu sêru: "Aja kêwêngèn lho, pakne!" pak Pawira wis ora ngrèwès marang têmbunge bok Pawira sing kari iku. Nalika samono Pak Pawira ênggone lunga jagong, olèh mungsuh kang tanggon, mulane mulihe nganti byar, malah wis padhang, wong saomah wis padha tangi kabèh. Bok Pawira barêng wêruh sing lanang têka banjur cêlathu karo nêpsu: "Kêpriye ta pakne! Wong dikandhani aja nganti kêwêngèn, malah ngêbyar!" Pak Pawira mangsul[17] kanthi sabar lan mèsêm: "Ya aja nêpsu bokne, jare aku ora olèh bali bêngi-bêngi, mulane ya taklakoni mulih esuk ngene."

Soekirno, Kaliwira

KÊTHÈK LAN BULUS

(Candhake)

Kêthèk calathu: "Kang bulus, wite gêdhang wis mêtu tuntute, ora lawas mêsthi bakal mangan gêdhang, kowe lan aku iki ya!"

Wangsulane si bulus: "Ha sukur bangêt, dhi!"

Barêng gêdhange wis matêng, ing sawijining sore kêthèk lan bulus mau padha rêmbugan, yèn esuke arêp ngundhuh gêdhang mau. Ing sarèhne sore iku wis pêtêng bangêt, si kêthèk ora mulih nyang panggonane turu, malah turune ana ing luwangan panggonane turu si bulus.

Barêng têngah wêngi si bulus kagèt krungu suwaraning wong gunêman. Dhèwèke nuli nilingake kupinge, banjur krungu si kêthèk lagi clathu dhewe: "Mêngko si bulus kang bodho iku bakal takakali. Yèn karung sing wis daksêdhiyakake iku wis kêbak gêdhang, banjur takgawa mlayu, gêdhange dakpangan dhewe, si bulus masa bisa nututi aku, awit lakune anggarêmêt mêngkono."

Barêng si bulus krungu calathune si kêthèk mangkono mu,[18] nuli ambatin mangkene:

E dadi mêngkono akalmu, kêthèk, he mêngko bakal dakwalês! Sadhela manèh si bulus calathu lirih karo mèsêm: "Saiki aku wis nêmu akal, rasakna mêngko, kêthèk kang èlèk atimu!"

Sawise mangkono nuli mlêbu ing karung, kang bakal diisèni gêdhang, banjur karung dicokot, nganti bolong ngisor sêparo. Barêng wis rampung, si bulus mêtu saka karung, lan mapan turu, ethok-ethok bodho ora ngêrti apa-apa.

Barêng esuke si kêthèk wis tangi nuli undang-undang si bulus: "Kakang bulus, enggal tangia, ayo padha ngundhuh gêdhang."

Calathune si bulus karo angob, lan etok-etok kêsèd: "Ya ayo dhi, aku miturut apa kang dadi karêpmu!"

Si kêthèk banjur anjupuk karunge, lan banjur lumaku barêngan karo si bulus têkan ing panggonan wit gêdhang, si bulus calathu: "Dhi, dhi, meneka kowe, aku tak nunggoni ing ngisor bae."

Wangsulane si kêthèk sakêpenake, ing sajroning ati ngira si bulus iku bangêt ing bodhone, unine: "Iya bêcik, kakang."

Kêthèk banjur mènèk ing wit gêdhang, mothèli gêdhang, nuli dilêbokake siji-siji ing jêro karung nanging gêdhange têrus mrojol saka bolongan, têrus tiba lan dijupuk dening si bulus, nuli dipangan. Nanging prakara iku si kêthèk ora wêruh, awit lagi ribut mothèli gêdhang.

Dumadakan kêthèk krungu suwarane si bulus saka ngisor, calathune: Dhi, dhi, ambok iya aku diuncali siji, sêlak kêpengin."

Wangsulane si kêthèk: "Ngêntènana saudhunku anggawa gêdhange kabèh sakarunge pisan."

Barêng gêdhang sêtundhun wis êntèk dipothèli, si kêthèk nuli mudhun karo anggawa karung kang dikira isi gêdhang, banjur digawa mlayu.

Si bulus calathu: "Dhi kêthèk, ambok ya aku diwènèhi, aja kaya ngono kuwi!"

Barêng kêthèk krungu calathune si bulus, dhèwèke nuli lèrèn karo ngguyu: "Coba anjupuka ing kene yèn kowe bisa!"

Kêthèk nuli mlayu manèh. Barêng kira-kira wis adoh saka panggonane si bulus, kêthèk banjur lèrèn, arêp ngêtokake isining karung mau.

Si bulus calathu manèh saka kadohan: "Aku njaluk siji bae, kêpengin wêruh rasane, dhi kêthèk!"

Ana candhake

--- [168] ---

SI JÊMBLUK

(Candhake)

Wêkasane, sawise Sang Ratu mênggalih suwe, dhawuh angandika mangkene: "Rungokna ya nggèr, saiki wis takdiring Pangeran, kowe kudu dadi bojone si Jêmbluk. Gêlêm ora gêlêm kudu koklakoni, awit kowe wis nglakoni luput."

Sang Putri matur: "Manawi makatên ingkang dados kêrsanipun kangjêng rama saha ibu, kawula inggih ndhèrèk."

Sang Ratu banjur dhawuh marang salah sawijining abdi dalêm kêdhaton, supaya nimbali si Jêmbluk, kang isih lungguh ana cêdhaking gapura.

Ora antara suwe abdi dalêm têka kanthi anggawa si Jêmbluk.

Sang Ratu andangu: "Kowe asli saka ngêndi lan sapa wong tuwamu?"

Si Jêmbluk banjur matur, manawa dhèwèke iku anake gamêle Sang Patih lan kala-kala uga adol sukêt mênyang pasar sarta uga matur manawa bapakne iku bangêt mlarate.

Sang Ratu nuli dhawuh nimbali patihe, banjur didangu, nyata utawa orane apa kang dikandhakake dening Si Jêmbluk.

Kyai patih uga ambênêrake ature Si Jêmbluk.

Sang Ratu ngandika: "Patih, dadia kawruhanamu, ya, putraku Nyai Mayang Sari kudu dhaup karo bocah kuwi. Nanging rak ya ora mèmpêr, ta, awit dudu sapadhane. La wong putraning ratu rak ya ora mêsthine dhaup karo anaking pangarit, kok asor têmên. Lan manèh aku ora duwe anak lanang, kang bakal anggêntèni aku jumênêng ratu, ing mangka aku iki wis tuwa, dadi mêsthine ya mantuku kang wajib anggêntèni. Nanging upama si Jêmbluk rak ya ora bisa anggêntèni."

Patih matur: "Lho kados pundi sababipun Gusti, kêrsa dalêm, dene sang putri badhe kadhaupakên kalihan tiyang punika, ing mangka panjênênganipun sang putri rak sampun kalamar dening putraning Ratu pintên-pintên."

Sang Ratu nuli ngandikakake kabèh kang wus kêlakon, lan saiki patih uga mrayogakake kêrsane Sang Ratu.

Sang Ratu banjur ngandika manèh mangkene: "Rungokna patih, saiki sing dadi panêmuku mangkene: "Si Jêmbluk pèkên anak, lan jênênge kudu kok lih, yaiku paringana jênêng Ganda Rasa, sarta sabanjure aku pasrah marang kowe, mangsa bodoa kowe, bocahe sinaunên sing apik, supaya besuk bisa ngêrèh praja. Aku mung manut apa sing dadi karêpmu."

Patih matur sandika, nuli nyuwun pamit mulih, dene si Jêmbluk kadhawuhan ndhèrèk nyang kêpatihan. Satêkane ing omah, patih ngandikakake kabèh dhawuhe Sang Ratu marang garwane. Garwane bangêt bungahe, awit ora kagungan putra. Si Jêmbluk karumat bêcik, diparingi pangan cukup, sabên dina didusi, dikosoki nganti rêsik. Ora suwe awak lan rupane malih, beda bangêt karo biyèn, saiki prasasat wis dadi wong seje, salin jênêng, sarta wonge wis ora mèmpêr si Jêmbluk. Rupane mêncorong kaya srêngenge, wêtênge wis kêmpès, awake dadi cancing, dene pakulitane dadi kuning nêmu giring.

Sawise rong taun Ganda wis mangêrti akèh, bab pangrèhing praja.

Sang Ratu banjur dhawuh marang para kawulane kabèh supaya tata-tata karamean kanggo ngurmati dhaupe Nyai Mayang Sari karo putrane angkat patih, yaiku Radèn Ganda Rasa.

Karamean mau nganti pitung dina lawase, kaya adate, dhauping putri karo putraning Ratu.

Barêng Sang Ratu priksa Ganda Rasa, bangêt andadèkake gumuning panggalihe, têka seje têmên rupane, ora kaya nalikane sowan sapisanan. Sang putri Mayang Sari uga bingah, kagungan garwa canthas. Sajroning rong taun panjênêngane tansah sungkawa, amarga manggalih bakal dhaup karo wong desa, karo manèh èlèk bangêt rupane.

Barêng karamean wis bubar, Sang Ratu banjur sèlèh anggone jumênêng Nata, dene Ganda Rasa kadhawuhan anggêntèni. Lêt sawatara dina ing kêdhaton dianakake rame-rame manèh ngurmati Ganda Rasa jumênêng ratu, kabèh kawulane katimbalan. Pangarit karo bojone uga katimbalan kadhawuhan manggon ing kêdhaton lan sabanjure padha urip muktiwibawa ora kurang siji apa.

Sanajan kabèh padha ngêrti manawa Sang Ratu Ganda Rasa mau mung anaking tukang arit bae, nanging mêksa para kawulane kabèh padha wêdi, ering lan trêsna, awit saka adhile anggone ngêrèh praja.

Cuthêl

PANGELING-ELING

[Notasi]

I. Anakku rungokna ya nggèr,

Sarèhning êndang diwasa,

Sêdyamu arêp ngawula,

Pisahan karo wong tuwa.

II. Rungokna kandhaku iki,

Dhèk cilik dakkudang-kudang,

Pêngarêp-arêpku iki,

Têmbe kênaa dak sawang.

III. Ja lali Ibumu ya nggèr,

Dadia wong kang utama,

Santosa suci nastiti,

Lan trêsna sapadha-padha.

IV. Kêrsane ramamu ya nggèr,

Sira kang watak satriya,

Bisaa tumindak nyata,

Dadia têpa tuladha.

Zalekah, Probolinggo.

--- [1345] ---

 


swara. (kembali)
kandhakake. (kembali)
gagah. (kembali)
salajêngipun. (kembali)
beda. (kembali)
nindhihi. (kembali)
Malang. (kembali)
ordonnantie. (kembali)
asistèn. (kembali)
10 Warandha. (kembali)
11 Tamim (dan di tempat lain). (kembali)
12 Ansori. (kembali)
13 dene. (kembali)
14 masthine. (kembali)
15 § Sakabat, têmbung Arab, têgêsipun: tiyang ingkang mêningi sarta sampun nate srawungan kalihan Rasulullah. (kembali)
16 Advocaat. (kembali)
17 mangsuli. (kembali)
18 mau. (kembali)