Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 74, Rê, Pn, 10 Rêjêb Ehe 1868, 15 Sèptèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Lèpèn Ciliwung - Ajar pêrang-pêrangan wontên ing sagantên - Candhi Barabudhur - Bab sêsakit edaning sêgawon - Kawontênan ing Tiongkok - Kêthoprak Mardiwandawa - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Jagading wanita.

Lèpèn Ciliwung

[Grafik]

Sawangan Lèpèn Ciliwung ing Manggarai, Mèstèr Kornèlis, dipun tingali ing wanci sontên.

--- 1154 ---

Ajar Pêrang-pêrangan Wontên ing Sagantên

Sabêtipun Kajawèn nomêr 73

Nêmpuh mêngsah ing wanci dalu

Ingkang kawrat ing Kajawèn kêpêngkêr ing bab ajar pêrang-pêrangan ing sagantên, punika sawêg rancanganipun. Dene wiwiting tumindaking damêl, kados wêwarah ing nginggil punika:

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nuju mriksani pêrang-pêrangan saking kapal pêrang "Sumatra''.

Kapal pêrang Sumatra ing kala punika nuju labuh wontên ing sunglon Ratai, satunggiling sunglon alit ing sunglon Lampung. Sampun wiwit jam satêngah tiga siyang, para prajurit sampun tampi dhawuh nyamêktakakên kapal badhe kangge pêrang. Ing ngriku layar aub-aubing kapal sami kabikak, mriyêm-mriyêmipun sampun dipun tata. Dene baita ingkang agêng-agêng ingkang wontên ing kerekan sami dipun andhapakên ing toya, supados botên ngalang-alangi mriyêm. Cêkakipun ing kala punika kawontênanipun ing salêbêting kapal sampun kados salêbêting paprangan yêktos.

Kapal Sumatra punika wontên mriyêmipun agêng sadasa, agênging mimis garisipun manêngah 15 cm. Murih tumindaking damêlipun mriyêm wau botên pakèwêd, mila sawarnining barang ingkang ngalang-alangi sami dipun singkirakên, upaminipun baita-baita ingkang dipun andhapakên, punika manawi nuju paprangan botên samantên kathahipun.

Ing ngriku sampun kasumêrêpan bilih ing sunglon Lampung wontên mêngsah manggèn ing sacêlakipun supitan [supita...]

--- 1155 ---

[...n] Sundha badhe dipun têmpuh. Ingkang dipun upamèkakên mêngsah wau awarni lesan pintên-pintên, ingkang sampun kapasang ing sadèrèngipun dening kapal satêngah pêrang. Nanging ing pundi prênahipun kêdah dipun padosi dening kapal pêrang Sumatra piyambak, mangke ing samăngsa sampun pêtêng, inggih punika jam wolu dalu.

Kintên-kintên wanci jam sakawan, mimis-mimis sampun kainggahakên, katumpuk wontên sacêlaking mriyêm. Dene mimis wau warni kalih, mimis limrah tuwin granat. Para prajurit wau sampun mangrêtos bilih badhe ngungêlakên mriyêm, nanging botên sumêrêp ingkang badhe dipun ungêlakên mriyêm ingkang pundi, sisih kiwa punapa têngên.

Botên dangu dilahing kapal dipun pêjahi sadaya, têtiyang salêbêting kapal namung kenging ngangge dilah sèntêr ingkang akaca biru. Kapal pêrang lampahipun wira-wiri madosi mêngsah, nanging dèrèng sagêd pinanggih. Wusana ujug-ujug wontên slomprèt mungêl tăndha larêm, têgêsipun wontên bêbaya. Para prajurit pating balêbêr mapan dhatêng panggenanipun piyambak-piyambak, kanthi sabar, botên wontên ingkang gugup.

Ing salêbêtipun sami prayitna kanthi dhêg-dhêganing manah, ujug-ujug: byar, dilah sèntêr ing kapal kasorotakên manêngên, ing ngriku lesan-lesan ingkang kapasang sami katingal cêtha, dipun sarêngi ungêling mriyêm urut-urutan, gêbyaring latu kados kilat, katingal cakêt sangêt, ngantos adamêl siloning mripat. Glêgêring mriyêm ngantos ngêdhêrakên badan tuwin adamêl orêging kapal.

Botên dangu dilah sèntêr kapal wau pêt pêjah, nanging lajêng byar malih, malah kalih, dipun ênêrakên dhatêng satunggiling panggenan, sadaya ingkang kêsorot katingal cêtha, lesan ingkang kapasang katingal ngegla, lajêng dipun lêpasi mriyêm malih ambal-ambalan, dhawahing mimis ing sacêlakipun lêsan katingal cêtha, dening muncrating toya.

Ing salêbêtipun samênit sagêd anglêpasakên mimis kawan dasa rambahan, dipun tindakakên dening mriyêm pitu, sanèsipun botên kenging katindakakên, amargi ajêngipun dhatêng sanès purug. Tindak anggèning nglêpasakên mriyêm wau katingal cekat-cèkêt asêsambêtan kalihan kawigatosanipun, awit ing ngajêng katingal anggèning taksih rangu-rangu amadosi mêngsah, wusana ujug-ujug sampun sagêd anglêpasi kumrutug tanpa mawi antan-antan. Tandangipun ingkang sami tumindak ing damêl sarwa cikat titi botên wontên ingkang malèsèt, ngantos kadosdene tiyang tuwin pirantosipun sampun nunggil dados satunggal. Mriyêm-mriyêm sadaya wau anggèning nglêpasakên mawi daya listrik, kantun mêtêlakên pêntholipun kemawon.

Tumindaking damêl para punggawa ing ngriku punika sampun botên tidha-tidha, dening sabên dintên tansah dipun gêgulang. Inggih ing wêkdal punika ingkang minăngka pandadaranipun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1925 ing Parakan. Kangge kwartal 3.

Lêngganan nomêr 1306 ing Ngrambe. Lêrês.

Lêngganan nomêr 2374 ing Subang. Kangge wulan Sèptèmbêr dumugi Nopèmbêr 1937.

--- 1156 ---

Kawruh Sawatawis

Candhi Barabudhur

Warni-warnining wawasan kawontênanipun candhi.

Sujana : Saking sêsêrêpanipun ki raka, sampun pintên atus taun, adêgipun Candhi Barabudhur dumugi taun 1937 punika.

[Grafik]

Candhi Barabudhur

Sarjana : Manawi kula botên kalèntu, kintên-kintên sampun wontên antawisipun 1162 taun, dumugi titimăngsa sapunika.

Sujana : Wah, têka sampun dangu sangêt, mêndhêt wêwaton saking pundi punika, ki raka.

Sarjana : Cariyosipun ingkang mangrêtos, manut katêranganipun Paduka Tuwan Dr. N.J. Krom kawrat ing Korte Gids pêpiridan sêratan ingkang tinatah ing sela, pinanggih wontên sanginggilipun ukir-ukiran ing sukuning candhi, ingkang kurugan (kêpêndhêm), adêging Candhi Barabudhur sagêd dipun kintên-kintên kalayan sah, kirang langkung sampun kawiwitan ing salêbêtipun taun 775 sasampunipun miyos Kangjêng Nabi Ngisa (taun Almasih).

Sujana : Kintên-kintên lêt pintên taun ki raka, adêging candhi wau, bilih kapetang saking sapêngkêripun Sang Buda Gotama.

Sarjana : Manawi botên kalèntu, kintên kula inggih sampun wontên kiwa têngênipun sèwu kalih atus utawi sèwu tigang atusan taun. Cobi dipun petang saking miyosipun Sang Buda Gotama rumiyin. Warni-warni pamanggihipun para ahli babad, wontên ingkang mastani miyosipun Sang Buda Gotama kintên-kintên ing taun 560 utawi 563 sadèrèngipun miyos Kangjêng Nabi Ngisa. Wontên malih ingkang nêtêpakên antawisipun taun 623 sadèrèngipun miyos Kangjêng Nabi Ngisa. Măngka yuswanipun Sang Buda Gotama wontên 80 taun, dados manawi kapetang saking miyosipun ing taun 623 sadèrèngipun miyos Kangjêng Nabi Ngisa dumugi sedanipun kintên-kintên ing taun 623-80=543 sadèrèngipun miyos Kangjêng Nabi Ngisa. Adêging candhi kirang langkung ing taun 775 taun Almasih, sasampunipun Kangjêng Nabi Ngisa miyos, dados lêtipun saking sapêngkêripun Sang Buda Gotama, watawis sampun wontên kiwa têngênipun 543+775=1318 taun, agami Buda sawêg tumangkar wontên ing tanah Jawi.

Sujana : Sarèhning lêtipun sampun samantên dangunipun, punapa agami Buda ingkang angajawi, punika inggih taksih murni kados piwulangipun Sang

--- 1157 ---

Buda Gotama nalika sugêngipun.

Sarjana : We lah, cara Arabipun: walahualam: punika, adhi, kula botên sumêrêp, namung manawi manut cariyosipun para ahli kawruh Buda, agami Buda ingkang angajawi wau sampun botên murni, cariyosipun sampun kawoworan punapa kacaruban agami Indhu utawi sanès-sanèsipun kapitadosan. Amargi manut papriksanipun para êmpu-êmpuning kawruh yêyasan kina, ingkang adamêl Candhi Barabudhur punika golonganipun têtiyang agami Buda: Mahayana, ingkang ugi sinêbut agami Buda iring lèr, katitik saking sakathahing pasêmon-pasêmon, ingkang pinanggih wontên ing candhi ngriku, ingkang ngêmu piwulang kawruh gaib, punika mratandhani damêlanipun golongan Mahayana, ingkang lăngka sangêt pinanggihipun ing golongan: Hinayana Buda, inggih ugi ingkang sinêbut agami Buda iring kidul.

[Iklan]

Sujana : Punapa agami Buda punika sampun pêcah dados kalih perangan.

Sarjana : Inggih, manut katranganipun Tuwan Dr. Julius Dutoit ing sêrat karanganipun ingkang cinirèn: Sugêngipun Sang Buda. Ing perangan kalih ing bêbukanipun, anyariyosakên, kintên-kintên antawisipun satus taun saking sedanipun Sang Buda Gotama, agami Buda lajêng pêcah dados kalih perangan agêng, inggih punika: Mahayana: ingkang sampun kathah sulayanipun utawi onyanipun saking aslining piwulangipun Sang Buda sakawit, kalihan Hinayana: ingkang taksih angêkahi piwulangipun Sang Buda Gotama, kados ing jaman sugêngipun.

Sujana : Mahayana tuwin Hinayana punika tumangkaripun dhatêng pundi, tuwin kalih-kalihipun wau kathah pundi cacahing umatipun.

Sarjana : Mahayana, inggih agami Buda iring lèr, punika tumangkaripun dhatêng nagari: Tiongkok, Jêpan, tuwin Tibèt, cacahing umatipun kirang langkung tikêl nêmbêlas, kalihan cacahing umatipun golongan Hinayana. Dene Hinayana Buda, inggih agami Buda iring kidul, punika tumangkaripun dhatêng Siyêm, Burma, Selon, utawi Indhia wingking.

Badhe kasambêtan

Tr. S.

--- 1158 ---

Bab Kasarasan

Bab sêsakit edaning sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 72

Tuwan Pasteur botên sarănta lajêng wungu badhe tindak nulungi ingkang sakit kalihan andangu Dr. Roux: ana wong pira kang isih urip.

Dr. Roux: sangalas, nanging tanpa damêl dipun jampèni, amargi sampun kasèp.

Tuwan Pasteur lajêng dandos sarta ngandika dhatêng Dr. Martel: serum gawanên, ayo mênyang romah sakit.

Sampun kalampahan kawan wêlas dintên Tuwan Pasteur gêdheglogan mawi têkên tindak dhatêng griya sakit Mont Pernasse, andadosakên bingah saha agênging panggalihipun dene têtiyang 19 ingkang sakit wau sampun sami sagêd anjênggèlèk, sarêng sumêrêp Tuwan Pasteur rawuh sami ngambung astanipun saha matur nuwun.

Nyonyah Meister kalihan putranipun Joseph ingkang sampun saras saèstu, sami pamitan badhe wangsul dhatêng nagarinipun, aturipun: Tuwan Dr. Pasteur kula botên sagêd malês gênging pitulungan panjênêngan dhatêng anak kula, nanging Gusti Allah ingkang botên samar punika ingkang badhe angganjar panjênêngan. Kula mêmuji mugi-mugi panjênêngan lulusa manggih kasugêngan salajêngipun, kula botên badhe supe dhatêng pitulungan panjênêngan wau. Nyonyah Meister anggènipun matur makatên punika klayan muwun, ngantos Tuwan Dr. Pasteur tingalipun tumut kaca-kaca.

Wasana wontên tamu malih ingkang Tuwan Pasteur botên ngintên-intên, mila kagèt sangêt dene ingkang rawuh punika Dr. Charbonnet.

Tuwan Pasteur ngandika: Kula dèrèng ngaturakên panuwun dhatêng panjênêngan, ing bab lairing putu kula ingkang nulungi panjênêngan.

Dr. Charbonnet: Wêkdal punika panjênêngan nuju gêrah, kula ngaturakên sêrat katrangan ingkang panjênêngan tăndha asmani punika, bokmanawi sagêd dados usada ingkang murugakên panjênêngan lajêng enggal dhangan babarpisan.

Pasteur: Bab janji inggih têtêp, janji kasagahan. Sêrat dipun aturakên wangsul dhatêng Dr. Charbonnet katampi, lajêng dipun suwèk-suwèk kalihan matur: sowan kula punika botên sanès kajawi prêlu ngaturakên sêrat wau, ngaturi pirsa kula kataman sêsakit edaning sêgawon, mugi kêparênga nyuwun dipun jampèni dening Pasteur... wusana kêsaru Nyonyah Pasteur matur dhatêng ingkang raka: Dr. Roux pratela, punika wau wontên dhoktêr saking ngamănca mangke jam 4 sontên badhe sêsorah ing Sorbonne, wosipun ingkang badhe dipun sêsorahakên wau, ambantah utawi ambibrah pamanggih panjênêngan bab wontênipun kruma ing pundi-pundi punika.

Pasteur: Kêpriye, dhoktêr sapa, sapa jênênge bêcike aku tak têka mênyang Sorbonne arêp wêruh apa karêpe, aku bakal anjawab apa

--- 1159 ---

pitakonane. Kongkonana golèk kreta sewan kana.

Dr. Roux botên mangrêtos yèn Tuwan Pasteur badhe rawuh ing Sorbonne, mila kagèt sarêng piyambakipun pinanggih Tuwan Pasteur wontên ing ngriku.

[Iklan]

Tuwan Pasteur ngandika dhatêng Dr. Roux: Kowe kêbênêran têka, wis disêdhiyani panggonan ing panggung kono.

Nyonyah Pasteur ingkang sarêng rawuhipun kalihan ingkang raka matur: Louis mangke anggèn panjênêngan mabêni utawi anjawab ingkang patitis, kula mirêngakên.

Têtiyang ingkang sami dhatêng mirêngakên sêsorah punika kathah sangêt, sami surak-surak.

Tuwan Pasteur andangu: Sapa kang disuraki kae.

Dr. Roux matur: Dr. Lister saking Inggris.

Pasteur: Lister, Lister kang arêp ambubrahake pagaweanku.

Dr. Roux ngaturi dhatêng Tuwan Pasteur lumêbêt ing papan pakêmpalanipun para pangagêng ing Sorbonne ngriku.

Sarêng Tuwan Pasteur rawuh lumêbêt ing papan pakêmpalan, sadaya para pangagêng utawi priyantun sanèsipun sami ngadêg surak-surak, ngaturi pakurmatan dhatêng Tuwan Pasteur.

Dèrèng nate ing Sorbonne wontên karamean utawi pakurmatan ingkang agêng-agêngan makatên.

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1160 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Pinanggihipun paprangan ing Syanghai taksih ajêg rame, Jêpan tansah ngudi sagêdipun angsal margi ingkang mikantuki kangge angajêngakên wadyabala nêmpuh dhatêng Syanghai, dene sêdyanipun badhe dipun sangkani saking Wosung, têbihipun saking Syanghai wontên gangsal mil. Wontênipun Jêpan pados margi saking ngriku punika, saking ngraos bilih mêdal ing lèpèn Wangpo pinanggih namung sarwa pakèwêd.

Saèstunipun punapa tindakipun Jêpan ingkang sampun-sampun, tansah botên sagêd cocog kalihan rancanganipun, pundi papan ingkang dipun têmpuh, pinanggih sampun sarwa samapta. Mila wontênipun namung tansah campuh rame. Tumrapipun Tiongkok piyambak ugi ngrumaosi anggèning tansah dipun angsêg ing mêngsah, ngantos botên sagêd mèngèng. Nanging tumraping prajurit, pancèn tindak makatên wau ingkang dipun kajêngakên, dados sampun lêrêsipun tansah rame ing saênggèn-ênggèn.

Tandangipun wadya Tiongkok anggèning nanggulangi panêmpuhing mêngsah wontên ing papan pabarisan ajêg rame, dhawahing mimis ing papanipun ingkang sami pêrang kados jawah. Jêpan pancèn nyata mumpuni dhatêng kridhaning pêrang, sabên wadyanipun kêdhêsêg mundur, ing wingking tamtu pinanggih wontên ngajêngipun, kados ta unduripun wadya Jêpan ing Yuwèhpu, ing ngriku dipun lokakên wadya Jêpan dhadhal, nanging sayêktosipun unduripun wau andadosakên kasantosanipun wadya Jêpan ing Paosan. Salajêngipun wadya Jêpan wangsul nêmpuh mangidul dhatêng Wosung, nglangkungi Nansutang, nanging ing ngriku lajêng kandhêg dening pamambênging wadya Tiongkok ingkang sampun saya wêwah kasantosanipun. Sarèhning campuhipun wau sami kanthi kasantosan enggal sadaya, inggih sakalangkung rame, kawêkasanipun sami manggih karisakan agêng.

Paprangan punika saya dangu saya katingal grêgêtipun, Tiongkok saya mapan, Jêpan saya kathah dhatênging bêbantu, malah miturut wartos, Jêpan ngangkatakên Jendral Terauchi, tilas ministêr babagan paprangan, kanthi lampah sêsidhêman, saha lajêng badhe nyenapatèni sawarnining wadya Jêpan ing Tiongkok. Tamtunipun tandanging senapati enggal wau badhe nindakakên gêlar enggal. Nanging sanadyan tumindaka kadospunapa, tumraping paprangan ing wêkdal punika, pinanggihipun namung sarwa babag.

Pinanggihipun Tiongkok sisih kidul, inggih punika ing Hongkong, ugi lajêng nindakakên kasantosan, pacak baris wontên ing pulo Hainan, awit wontên pangintên bilih wadya Jêpan badhe nêmpuh ing ngriku, punika kêtitik saking wawasanipun motor mabur Tiongkok, mêntas sumêrêp kapal pêrang Jêpan 6 sami kêmpal wontên ing lautan sacêlakipun Kuwangcowan, tuwin tiga malih wontên supitan Hainan. Kawontênan [Kawontêna...]

--- 1161 ---

[...n] ingkang pinanggih kados makatên punika ugi lajêng nêrusi damêl kasantosanipun barisan Tiongkok sisih kidul.

[Grafik]

Gambar ing nginggil: Gêdhong ,,Broadway Mansions'', gadhahanipun salah satunggiling pirma Inggris, ingkang dipun broki wadya Jêpan.

Têngên nginggil: sawangan gêdhong-gêdhong ing pinggir lèpèn, ingkang nama lèpèn Soetsjau utawi lèpèn Soochow.

Têngên ngandhap: tăndha pèngêtan pêpêrangan, ing pinggir lèpèn Wangpo, inggih punika ing Bund.

Kados sampun dados jamak limrahing paprangan, tuwuhing kuwanèn punika asring langkung saking takêr, kados ingkang pinanggih ing Tiongkok, sarêng kêrêp unggul ing pêrang, ing ngriku wontên raosan bilih wadya gêgana Tiongkok gadhah sêdya badhe nêmpuh Tokiyo tuwin laladan-laladan papan panggaotan. Sêdya makatên punika pancèn botên kenging dipun wancèni, sintên tiyangipun ingkang botên nêdya unggul manawi pancèn kêdugi. Malah salajêngipun sarêng wontên wartos kados makatên wau, lajêng wontên juru anggêgana băngsa Tionghwa [Ti...]

--- 1162 ---

[...onghwa] cacah 400 gadhah panêdha supados dipun piji nêmpuh saking gêgana punika, sanadyan pangajêng-ajêng unggulipun lăngka, nanging tuwuhing kuwanèn têtêp botên badhe gingsir. Dene pinanggihing rêmbagipun pangagêng, ugi marêngakên, nanging sabên sakulawarga namung kaparêngakên malêbêt satunggal.

Minăngka tăndha jayanipun wadya gêgana Tiongkok, miturut katrangan saking Nanking, wiwit tanggal 14 dumugi 31 Agustus, ing laladan Sèkilang, Kiyangsu tuwin Anwèi, wontên motor mabur Jêpan cacah 61 ingkang dhawah saking dipun sanjata tuwin dipun mriyêm dening Tiongkok. Motor mabur ingkang risak wau, ingkang agêng 29, pirantos ambucal bom ingkang ènthèng 24, pambujêng 5, tuwin motor mabur toya 3, dene juru nglampahakên Jêpan ingkang tiwas 81.

Tumrap Tiongkok ing sapunika kenging dipun wastani sawêg angsal angin, kathah bêbantu-bêbantu ingkang asli mêngsahipun piyambak ing kala rumiyin, inggih punika golongan komunis ing Sènsi ingkang sapunika dèrèng tumut pêrang, gadhah panêdha supados kabantokna.

Ing ngriki katingal bilih paprangan punika saya rame.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kapal pêrang Canberra, gadhahanipun nagari Ostrali, nêmbe punika labuh ing Tanjung Priuk.

--- 1163 ---

Kagunan Jawi

Kêthoprak Mardiwandawa

Têtingalan kêthoprak punika saya dangu saya katingal kamajênganipun, inggih atêgês kamajênganing kagunan Jawi. Manawi mirid kawontênanipun sakawit, ing pangintên, lăngka sagêdipun pinanggih lajêng kados ing sapunika.

Sarèhning têtingalan kêthoprak punika saya katingal dipun rêmêni ing ngakathah, majêngipun wau ugi jalaran saking pangudinipun para ingkang sami adhêdhasar kawruh, upaminipun ing bab ulah krawitan, ing bab pandhapuking lêlampahan, tuwin sanès-sanèsipun. Sawêg kalih bab punika kemawon sampun dados dhêdhasar bakuning adêging kêthoprak, awit ing bab krawitan, punika dados sêngsêm dhatêng pamirêngan, dhasar kêthoprak punika, tumrap ingkang agêng, gangsanipun ngangge slendro pelog. Bab saening dhapukan lêlampahan, punika sêmbadanipun kêdah gathuk kalihan ingkang dados, têgêsipun punapa ingkang dipun gambarakên wontên ing ngriku sagêd angiribi, malah sagêda angêplêki ngantos nuwuhakên raos kados yêktos-yêktosa.

Bab punika kados botên prêlu kapratelakakên panjang, kados para maos sampun sagêd manggalih piyambak. Ing mangke prêlu badhe ngandharakên wawasan sawatawis tumrap wontêning kêthoprak Mardiwandawa ingkang nuju main wontên ing Batawi.

Mainipun kêthoprak Mardiwandawa punika redhaksi Kajawèn dipun ulêmi, saha kêlampahan sampun nyatakakên dhatêng kawontênanipun, nuju lampahan: Banjaransari.

Lampahan Banjaransari punika kalêbêt cariyos kina kala jaman Karaton ing Pajajaran, cêkakaning cariyos:

Nata ing Pajajaran, Prabu Banjaransari, angsal wisiking dewa, bilih panjênênganipun ingkang badhe nêrahakên nata tanah Jawi run-tumurun, sarananipun kêdah krama kalihan nata kênya ing Galuh nama Ratu Intên. Ing kala punika praja Pajajaran kaparag ing sêsakit, kathah pêpêjah, ngantos adamêl karisakaning praja. Prabu Banjaransari lajêng lolos saking praja, badhe ngèstokakên wangsit.

Salolosipun sang prabu, ing praja wayang-wuyungan. Pêpatih nata (Sêtama) tampi wartos saking rayi nata, Radèn Rêrangin tuwin Radèn Tilarsa. Patih lajêng sumusul madosi gusti, nilar anak semah. Salajêngipun rayi nata kêkalih ugi nusul madosi.

Prabu Banjaransari kalampahan sagêd dumugi Galuh, prajaning lêlêmbat, namung dipun dhèrèkakên wulu-cumbu kêkalih, Bancak Dhoyok. Kalampahan Prabu Banjaransari sagêd jumênêng nata wontên ing Galuh, anggarwa Ratu Intên, sarana paprangan nêlukakên para prajurit èstri ing Galuh.

Patih Sêtama kêlunta-lunta anggèning madosi, lajêng angsal wisiking dewa supados lêrêm wontên ing

--- 1164 ---

dhusun Bojonglopang, ing ngriku dados jalaraning pinanggih. Kêlampahan manggèn ing griyaning dêmang, garwa putra dipun boyongi, nanging Patih Sêtama anglajêngakên lampah kalihan putranipun kêkalih nama Sangkan tuwin Paran. Wusana sagêd pinanggih kêpêthuk Prabu Banjaransari nalika badhe nglurug dhatêng Palembang, lajêng andhèrèk pisan. Kêlampahan praja Palembang sagêd bêdhah, saha sang prabu pinanggih kalihan ari kêkalih sami suwita wontên ing Palembang.

Ing saungguling pêrang sang prabu badhe kondur dhatêng Pajajaran, tuwin dhawuh dhatêng Kyai Patih Sêtama kadhawuhan madosakên dêdamêl ingkang papak nanging landhêpipun pitung panyukur. Saking sêkêling manahipun ki patih, lajêng mujung wontên ing pasingidan, kawêkasanipun dados mriyêm. Nyai patih ugi sumusul dados mriyêm. Salajêngipun dados damêl pusakaning kraton.

Tamat.

Lêlampahan wau pinanggihipun wontên ing kêthoprak Mardiwandawa, sagêd anggènipun anglampahakên, ing kalaning nuju sêngsêm, katingal anggèning mranani manah. Ing kalaning grêgêt, inggih punika manawi nuju pêrang, katingal tandangipun. Saenipun pinanggih wontên ing pêrang adêdamêl toyah (têkên panjang). Luconipun ngatosakên wêtêng. Ing kalaning susah, manawi nuju nangis, kêtingal ngantos ngêdalakên luh yêktos, malah raos wau sagêd tumular damêl tangising tiyang ningali.

Mênggah bakuning têtingalan ingkang pantês dipun sirik, punika sampun ngantos narajang raos ingatasing kisusalan[1] jalu wanita, tuwin luconipun sampun ngambah ing saru. Bab punika Mardiwandawa sampun angênggèni ing saenipun.

Tumrap panacad, Mardiwandawa angangkaha sampun ngawontênakên èksêtrah wontên ing wingking, punika sagêd ngicalakên tabêting raosipun lêlampahan, tuwin ngangkaha rêsiking papan panggungan, sampun ngantos kêmêbul. Kalih bab wau sampun kayêktèn dados rêraosan.

[Grafik]

Kampung Mêlayu

Kados sampun dados tata kalimrahan, bilih griyaning têtiyang pakampungan ing tanah Palembang punapadene tanah Borneo punika manggèn wontên ing pinggir lèpèn. Awit lèpèn wau minăngka margi agêng ingatasing lampah dagang punapadene sasaminipun.

Ing sisih punika griya-griya ing Kampung Mêlayu, Sambas, tanah Borneo.

--- 1165 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Lulus dados Ind. Arts. Lulus examen wêkasan dados Ind. Arts wêdalan Nias ing Surabaya, tuwan Soemali, asli saking Sumedang tuwin tuwan Setyoadi asli saking Sidayu.

Advocaat enggal. Mr. R. Oetoyo ing Surakarta, katêtêpakên dados advocaat tuwin procureur ing Raad van Justitie ing Semarang.

Roode kruis gêgayutan kalihan pangajaran. Kawartosakên, Departement Pangajaran aparing palilah dhatêng pakêmpalan Roode kruis nindakakên propaganda sarana sêrat sêbaran utawi buku dhatêng pamulangan-pamulangan.

Angsal sêrat tarimakasih saking Nata Inggris. Tuwan Hoesin bin Abdoellah bin Moehammad Alatas ing Bêtawi, tampi sêrat tandha tarimakasih saking Nata Inggris, minangka piwalês kala jumênêng Nata, tuwan wau sakulawarga sami ngaturakên wilujêng.

Ombak agêng ngrisak tanêman. Sampun sawatawis dintên ing pasisir Kidul bawah Adikarta sacêlakipun dhusun Glagah, wontên ombak agêng wiyaripun kintên-kintên wontên 2 km. Lampahing ombak wau minggah inggih dharatan ngantos damêl karisakaning tanêman 2 bau.

Tanêman kapas ing bawah Dêmak suda sangêt pamêdalipun. Ing wêkdal punika tanêman kapas ing Dêmak suda sangêt pamêdalipun. Manawi dipun timbang kaliyan padatan kintên-kintên namung wontên sapalihipun. Sudanipun wau jalaran saking kirangipun jawah. Jêmbaring tanêman wau wontên 14.000 bau.

P.A.I. anduwa ordonnantie nikah. Pakêmpalaning bangsa Arab nama P.A.I. mêntas ngawontênakên pakêmpalan wontên ing Têgal, wigatosing rêmbag anduwa dhatêng wontêning ordonnantie nikah. Mênggah wêwatonipun, ing bab babagan salakirabi tatanan Islam punika sampun mawa wêwaton anyêkapi.

Pabrik gêndhis tiga katutup. Ing wiwitaning wulan Sèptèmbêr punika wontên pabrik gêndhis tigang panggenan ingkang katutup, inggih punika ing Sêdati, Krêmbung tuwin Tulangan, sami bawah Sidoarjo. Panutupipun wau mawi pasamuan.

Kapal Kota Agung sampun dumugi Bêtawi. Miturut katrangan saking kaptining kapal Kota Agung, cacahing sêrat pos wontên 1200 karung, ingkang kêbêsmi wontên 330 karung. Tindak panyirêping latu rêkaos sangêt, jalaran saking kathahing gêndul amoniak ingkang sami pêcah jalaran kenging kawa bêntèr. Ing kala punika para ingkang sami numpak sami kagèt, nanging lajêng sagêd sami sarèh, ngantos dumugining angsal pitulungan. Sêrat-sêrat ingkang kêbêsmi tumrap dhatêng tanah Jawi, dene tumrap Sumatra Pasisir-Wetan mèh botên wontên ingkang risak. Mênggah jalaraning kêbêsmèn, ngantos sapriki dèrèng kasumêrêpan sababipun. Kapal wau sampun dumugi Bêtawi.

Angsal loterij ngiras dêrma. Loterij ingkang nêmbe kagêbag punika, ingkang angsal nomêr satunggal bangsa Tionghwa ing gang Warung Tinggi, Jêmbatan Busuk, Bêtawi. Arta angsal-angsal wau ingkang 10% kadarmakakên dhatêng Tiongkok. Dene panumbasipun lot namung 2/10.

Ama tikus ing Caruban. Ing wêkdal punika ing bawah Caruban tuwuh ama tikus nêmpuh pasabinan, ngantos adamêl awoning tanêman. Tumrap tanêman pantun gadhu kenging dipun wastani botên kêmêdalan babarpisan, tanêman kêdhêle namung sagêd ngukup 60%, dene tanêman kacang ijêm namung sagêd ngukup 40%. Panêmpuhing ama punika anjalari têtiyang ingriku nyuwun supados dipun dhatêngi ing landbouwconsulent, panyuwun wau ugi sampun kêlampahan, ewadene mêksa pinanggih taksih kados makatên.

Badhe ngawontênakên papriksan ing parêdèn tanah Nieuw-Guinea. Residhèn ing Ambon kêncêng anggèning badhe ambikak tanah Nieuw-Guinea. Pamanggèning pangagêng nagari badhe kadèkèk ing Eilanden Rivier, Nieuw-Guinea Têngah, Kidul tuwin Kilèn. Kajawi punika badhe ngawontênakên papriksan ingkang dipun pangagêngi dening Dr. Cater dhatêng parêdèn ingkang dèrèng nate dipun sumêrêpi ing sisih Têngah Kidul tuwin Kilèn Sneeuwgebergte (parêdèn salju) ingkang kakintên wontên tiyangipun, panggenan punika sagêdipun dipun purugi kanthi ngambah parêdèn ingkang inggilipun 2000 m. Lampah punika badhe dipun lampahi salêbêtipun kalih wulan.

Pamênang loterij ingkang f 10.000.- dhawah ing Bandung. Miturut wartos, punggawa Algemeene Volkscredietbank ing Bandung angsal pamênang loterij ingkang f 10.000.-, panumbasipun ¼ lot.

Tuwan Nitisêmita angsal ganjaran kapal. Tuwan Nitisêmita sudagar sês ing Kudus mêntas tampi ganjaran kapal saking B.K.P.A. Poerbonêgoro ing Surakarta. Dhatênging kapal wau mawi dipun arak têtabuhan musik tuwin rêyog.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, R. Soekardi Mêrtokoesoemo Aib. nindakakên padamêlan adjunct jaksa Landraad ing Jêmbêr, parèsidhenan Bêsuki, dados adjunct-jaksa Landraad ing ngriku ugi M. Soebjakto Mangkoediharjo Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing paresidhenan ing Malang, dados asistèn wêdana paresidhenan Malang.

Cacahipun mobil ing tanah ngriki. Pêpetangipun mobil ing wulan Januari kêpêngkêr ing tanah ngriki, tumrap tumpakan wontên 44921, cacah samantên punika ingkang pinanggih wêwahan wontên 12159, ingkang risak 10820, dados sadaya wontên 46260. Autobus wontên 7114, wêwah 2160, ingkang risak 1501, dados sadaya wontên 7773. Vrachtauto wontên 10298, wêwah 2661, ingkang risak 2122, dados sadaya wontên 10837. Sêpeda motor wontên 1108, wêwah 3119, ingkang risak 2763, dados sadaya wontên 1464.

Kenging racun woh bêngkowang. Ing dhusun Cangkuang, bawah Cileduk, wontên tiyang nêdha woh bêngkowang, (woh ing nginggil) dipun gorèng kangge pacitan ngombe wedang kalihan tangga-tangganipun, raosing woh bêngkowang wau eca, kêlampahan ngantos ngambali anggorèng malih. Dangu-dangu têtiyang ingkang sami wedangan wau lajêng sakit wêtêngipun, cangkêmipun muruh. Sarêng bab punika kasumêrêpan ing tiyang sanès, lajêng dipun lapurakên dhatêng asistèn wêdana salajêngipun kalapurakên dhatêng dokter ing Cirêbon. Tiyang ingkang sakit sadaya wontên 8, ingkang satunggal kalajêng tiwas, sanèsipun lajêng dipun pompa, sagêd wilujêng.

Nanggulangi sêsakit t.b.c. Miturut paniti, tumularing sêsakit t.b.c. punika ingkang kathah jalaran saking pasrawunganing guru ing kalanipun mulang. Tumrap punggawa nagari sanès-sanèsipun botên pinanggih sapintêna, inggih punika ingkang nyambutdamêl ing kantor-kantor. Miturut papriksan malih, sêsakit punika ingkang kathah pinanggih wontên ing golongan partikêlir. Ing bab punika pakaryan kasarasan tansah ngudi badhe pananggulangipun.

--- 1166 ---

Topèng gas ingkang kintên-kintên kakintunakên dhatêng Tiongkok. Fatura, inggih punika cêkakaning Fabriek voor technische rubberwaren ing Bandung pandamêlipun topèng gas sampun angsal 100.000, sampun kasade 30.000 dhatêng N.I. Importhuis. Topèng gas wau kasimpên wontên ing Bêtawi. Kajawi punika pabrik wau inggih badhe damêl topèng gas kangge kapal. Topèng sadaya wau dipun damêl kangge nagari bêntèr, ngangge pirantos ingkang kenging kangge ngêdalakên kringêt tuwin idu, ingkang mêdal saking kajêngipun piyambak. Malah wontên wartos bilih topèng gas wau dipun tumbas dening bangsa Tionghwa, ingkang kakintên badhe dipun kintunakên dhatêng Tiongkok. Dene tumrapipun parentah ing ngriki dèrèng migunakakên pirantos wau.

Paguron Krida Beksa Wiromo mulang bêksa putri-putri saking Surakarta. Paguron Krido Beksa Wiromo ing Ngayogya sampun misuwur wulanganipun dumugi pundi-pundi, kados ta Jêpan, Indu, Prancis, nagari Walandi, Inggris, Amerika tuwin tanah ngamanca sanès-sanèsipun malih. Ing sapunika wontên kaparênging dhawuh timbalandalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, amaringakên putri-putri sawatawis kadhawuhan mulang bêksa srimpi. Ingkang kautus K.R.M.H. Wirjodiningrat tuwin kanthi sanès-sanèsipun. Ingkang dados pangajênging paguron punika B.P.H. Soerjodiningrat tuwin G.P.H. Tedjokoesoemo. Ingkang nyalirani mulang G.P.H. Tedjokoesoemo piyambak, kanthi pambiyantunipun R.L. Atmosoeprapto tuwin R.M. Doetodiprodjo.

Numpak kapal layar ngubêngi bawana. Ing Palembang mêntas kêdhatêngan kapal layar So Fong asli saking Amerika. Ingkang gadhah kapal wau Tuwan Baker, dumuginipun Palembang punika sampun saking Hongkong tuwin kanan keringipun, Bali punapadene tanah Jawi, salajêngipun badhe dhatêng Colombo, wêkasanipun mêdal Suez-kanaal lajêng dhatêng Amerika.

Ewah-ewahan lampahing sêpur ing Jawi-Kilèn. Lampahing sêpur ing Bantamlijn tumrap saking Tanah Abang dhatêng Rangkasbitung-Serang-Mêrak tuwin saking Rangkasbitung dhatêng palabuan, ingkang rumiyin bidhalipun saking Tanah Abang dhatêng Mêrak jam 7, wiwit benjing tanggal 16 November kaewahan bidhal jam 7.56, pêrlunipun supados sagêd sambêt kalihan sêpur kilat dalu lajêng sagêd nglajêngakên lampah dhatêng Bantên. Auto Oteva sadhiya ambêkta saking Koningsplein dhatêng Tanah Abang. Kajawi punika taksih wontên ewah-ewahan sanès-sanèsipun.

Rancanganing lampah têdhakdalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dhatêng Surakarta. Miturut rancangan, benjing têdhakdalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana dhatêng Surakarta punika badhe rawuh ing Tawangmangu, dhahar wontên ing hotèl Zonneheuvel, têdhak ing pabrik sês Marikangên, ingkang cacahing tiyang nyambutdamêl ingriku ewon, tuwin têdhak ing satunggalipun pabrik batik gadhahanipun tiyang siti. Ing kala punika tumrap tiyang-tiyang ingkang padatan panyambutdamêlipun pating prênca, badhe kaklêmpakakên dados satunggal.

Nyuda lampah layaran saking Surabaya dhatêng Kobe. Directie Nanyo Kayun Kaisha, nêtêpakên lampahing kapal saking Surabaya dhatêng Kobe ingkang padatan sabên minggu, kaewahan sabên kalih minggu sapisan, dene saking Singapura dhatêng Jêpan dipun suwak babarpisan.

ASIA

Sêsakit kolera. Miturut wartos wontênipun tiyang ingkang kêtrajang sêsakit kolera ing Syanghai wontên tiyang 29, ingkang kêlajêng tiwas 9, lêt minggu malih wontên wolu, tiwas satunggal. Tumrap Hongkong wontênipun tiyang ingkang kêtrajang langkung kathah, miturut cathêthan sampun wontên tiyang 203, ingkang tiwas 126.

Kapitunan 500.000 dollar. Miturut wartos jalaran saking wontêning kasangsaran sêpur Canton-Kewloon, kapitunanipun wontên 500.000 dollar. Karisakan wau jalaran saking bêna, adamêl laruting ril. Margi sêpur wau lajêng kandêg botên kenging kangge langkung. Pulihipun kenging kangge langkung malih kintên-kintên kawan wêlas dintên.

NAGARI WALANDI

[Grafik]

Sripaduka Rajaputri Juliana ambobot. Kawartosakên, ing sapunika Sripaduka Rajaputri Juliana sampun ambobot, sariradalêm pinanggih sênggang botên kirang satunggal punapa. Ingkang mriksa sariradalêm, Dr. C.L. De Jongh tuwin Dr. J. De Groot.

Ing pamuji, mugi Sripaduka Rajaputri Juliana sampun kirang satunggal punapa.

EROPA

Inggris nyantosani pajagèn ing Tiongkok. Wontên wartos Inggris manah pêrlu mêwahi kêkiyataning pajagèn ing Tiongkok, saha kêlampahan sampun ngintunakên upsir 197 tuwin saradhadhu 1150. Sadaya wau sampun bidhal numpak kapal Dunera.

Prancis ngiyatakên pajagèn. Miturut babagan lautan Prancis andhawuhakên supados ngangkatakên golongan wadya lautan, awarni kapal pêrang sakawan, pêrlu kangge anjagi ing Lautan Têngah.

Nglêmpakakên tosan sêpuh. Gêgayutan anggènipun nagari Inggris badhe mêwahi dêdamêl, mangka kêkirangan tosan, anjalari majênging sade tosan sêpuh. Kajawi punika parentah ugi andhawuhakên, supados rakyat Inggris sami nyadea tosan ingkang sampun lami, amargi bab punika kangge pêrluning praja. Kangge panjagi murih para dagang alit botên tumindak sapurun-purunipun, wontên sudagar tosan sêpuh cacah 600 sami dipun pranata pangawak pakêmpalan, saha rêgining tosan sêpuh katêtêpakên. Sarêng katindakakên makatên, caraning tumbas tosan sêpuh sagêd tumindak sae.

--- 1167 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun Dhobrinya

12

Sasampunipun Dhobrinya ngaso sakêdhap, panganggenipun limrah wau lajêng dipun rangkêpi anggèn-anggèn kaprajuritan ingkang sarwa waja, sarta ngliga pêdhang. Ing ugêl-ugêlipun dipun gandhuli gada ingkang sakalangkung awrat, towokipun dipun canthèlakên ing lapak, makatên ugi gêbag tuwin cêmêthi pusaka kasêbut ing ngajêng. Sasampunipun Dhobrinya mirantos makatên wau, têrus dhatêng lawanganing guwanipun naga Gurindayêksa, katingalipun saking ing jawi, lawanganing guwa wau pêtêng saha angajrih-ajrihi, botên bêda kadosdene cangkêmipun naga piyambak. Urutipun lawanganing guwa punika wontên lèpènipun alit, saha lèpèn wau anganèh-anèhi, dene toyaning lèpèn wau mêdal latunipun ingkang angukus ngantos inggil sangêt. Sarêng Dhobrinya dumugi ing pinggiring lèpèn, lajêng sumbar-sumbar sora makatên:

He, Gurindayêksa, yèn kowe nyata prawira, mêtua saka guwamu, ayo padha ngadu kasêktèn karo aku.

Anggènipun Dhobrinya sumbar-sumbar ngantos rambah-rambah, nanging tanpa wontên wangsulan punapa-punapa. Ing kala punika Dhobrinya sampun nêdya badhe nglumpati lèpèn alit wau, sarta lumêbêt ing guwa, nanging dumadakan saking nginggil awang-awang piyambakipun mirêng suwara ngakak ingkang sora lan anggêgirisi sangêt, ngantos adamêl orêging rêdi Sorotya wau. Dhobrinya mawas manginggil, saha lajêng sumêrêp naga Gurindayêksa kêkitêr ing awang-awang kanthi anggondhol mayit. Sarêng naga sumêrêp Dhobrinya, mayit enggal kadhawahakên ing siti, murugi Dhobrinya, sarwi wicantên makatên:

He, Dhobrinya, geneya kowe têka ora nêtêpi ing janji, apa dosane anak putuku, dene kopatèni kabèh. Apa pancèn mangkono adat kalakuane satriya, gampang anyelaki janji, lan dhêmên amatèni titah kang tanpa dosa.

Dhobrinya amangsuli: He, naga rêrêgêding jagad, ora prêlu kowe ngumbar suwara kang mangkono iku, awit sapa sanyatane kang andhisiki nyelaki janji, kowe apa aku, he, Gurindayêksa. Miturut prasêtyamu nyang aku, kowe ora nêdya ngambah ing praja Ruslan manèh, mangkono uga ora bakal amêmatèni uwong, nanging kapriye carane anggonmu nêtêpi janjimu mau. Geneya kowe têka wani-wani mênyang Kiyèf, andhustha Dèwi Pujatisna, sadhèrèke nak-dhèrèk Prabu Wladhimir. Dèwi Pujatisna balèkna nyang aku, lan sabanjure nêtêpana janjimu, aja pisan-pisan wani ngambah ing praja Ruslan. Dene yèn kowe ora gêlêm mituruti apa panjalukku iki, ayo, tumuli padha ngadu kasêktèn bae. Apa kowe apa aku, sing bakal tiwas ana ing madyaning pêrang iki.

Naga Gurindayêksa botên nêdya ngulungakên sang dèwi, manawi botên sarana pêrang, sarta lajêng awicantên makatên:

He, Dhobrinya, Dèwi Pujatisna ora bakal tak ulungake, yèn êndhasku durung gumlundhung ing lêmah kene. Dhobrinya, sanyatane anaku lan anamu ing donya iki mung ngluwih-ngluwihi cacah, mulane salah siji kudu mati. Jalaran saka iku, ora ana dalan liyane manèh, kajaba kowe lan aku kudu pêrang tandhing, nganti salah siji tumêka ing pati. Mulane, ayo saiki padha adu kadigdayan. Wis pancèn takdire Ingkang Kuwasa, yèn salah siji kudu musna saka ing jagad iki.

Dhobrinya sanalika punika lajêng angobat-abitakên pêdhangipun saha trêngginas anêmpuh dhatêng naga. Naga enggal nyêmburakên latu dhatêng Dhobrinya, nanging botên tumama, jalaran anggèn-anggènipun Dhobrinya sarwa waja, punapadene rainipun katutupan ing kêre. Naga badhe namakakên pêthitipun sarta badhe anêmpuh majêng, nanging saking sagêdipun Dhobrinya anggènipun ngolahakên pêdhangipun, pun naga botên sagêd nyakêt babarpisan, malah pêthit saha sirahipun nandhang tatu rêkaos. Anggènipun pêrang campuh wau sampun tigang dintên laminipun, nanging botên wontên salah satunggal ingkang mênang, naga sampun kêbat[2] tatu. Dene pun Dhobrinya, sanadyan badanipun wêtah, nanging dêdamêlipun kathah ingkang sampun risak. Towokipun, nalika kangge nyuduk ing badaning naga, sampun putung dados pintên-pintên, gadanipun ingkang agêng lan santosa, kalanipun katamakakên ing badanipun naga, saking wulêting kulitipun, mêndat botên tumama. Namung kantun pêdhangipun ingkang kintên-kintên taksih kenging kangge nglawan mêngsah ingkang sêkti măndraguna wau. Nanging manawi pêdhang wau kasabêtakên ing sirahipun naga, têmtu lêpat, awit tandangipun naga punika cikat sangêt lan trêngginas sayêktos, saha sagêd anggènipun ngendhani dhawahing pêdhang wau. Wêkasanipun naga botên purun malês nêmpuh, ngêmungakên ngendhani panggêbagipun Dhobrinya. Ing sêmu naga Gurindayêksa angêntosi klimpènipun, ingkang tumuntên lajêng badhe katêmpuh purun.

--- 1168 ---

Sarêng anggènipun pêrang tandhing laminipun sampun tigang dintên wau, Dhobrinya angraos, bilih kêkiyatanipun saya suda saya suda. Anggènipun ngobat-abitakên pêdhangipun sampun botên sagêd cikat tuwin rosa kados ingkang sampun-sampun. Ingkang makatên punika naga Gurindayêksa anyumêrêpi, amila manawi Dhobrinya kalimpe sakêdhik, lajêng enggal-enggal badhe kacandhak bangkèkanipun saha kabanting ing siti. Nanging Dhobrinya lajêng ngêmpalakên kêkiyatanipun malih, ngiwutakên pêdhangipun ingkang kaarahakên ing sirahipun naga, awit ngêmungakên sirahipun ingkang sagêd pasah ing dêdamêl, ingkang anjalari naga mundur malih.

Ing wusana Dhobrinya lajêng angraos, bilih botên dangu malih piyambakipun têmtu lajêng botên kuwawa anglawan mêngsahipun, jalaran rumaos, bilih mèh sampun botên anggadhahi daya malih. Ing kala punika ing batos Dhobrinya sampun masrahakên jiwa raganipun dhatêng Ingkang Maha Kuwasa, dumadakan piyambakipun lajêng èngêt dhatêng cêmêthi pusaka paringanipun ingkang ibu. Sanalika punika cêmêthi kacandhak saha kagêbagakên dhatêng pun naga, tanpa nyuwara, kadosdene sinambêr ing gêlap, sakala punika naga Gurindayêksa dhawah ing siti. Ing ngriku tanpa kèndêl Dhobrinya anggènipun anggêbagi naga sarana cêmêthinipun wau, ngantos naga pêjah babarpisan. Salajêngipun sirahing naga lajêng kakêthok ing pêdhang, dene badanipun lajêng kacacah-cacah ngantos dados pintên-pintên èwu cuwil. Ilining êrah prasaksat kados wontên jawah agêng, ngantos sakêdhap kemawon Dhobrinya kêlêban rah dumugi ing dhadhanipun. Tigang dintên Dhobrinya kapêksa ngêntosi amblêsing rah wontên ing siti, nanging tanpa damêl. Ing wusana lajêng nyandhak cêmêthipun malih, cêmêthi lajêng kasabêtakên ing siti sakiyatipun sarwi wicantên makatên:

Dhuh, ibu prêtiwi, kula aturi paring margi, supados rahing naga Gurindayêksa punika sagêda enggal tuntas.

Sanalika punika buminipun bêngkah, kalêrês wontên sangajêngipun Dhobrinya. Bêngkahanipun wau saklangkung wiyar tuwin lêbêt sangêt, ngantos kenging kaupamèkakên, agêng-agênging rêdi wontên ing lêbêting bêngkahan wau prasaksat botên katingal. Lan sanalika punika rahing naga inggih lajêng mili rikat sangêt lumêt[3] ing bêngkahaning bumi, sarta sakêdhap kemawon rahing naga ical tanpa lari.

4. Ing salêbêting guwanipun naga

Sasampunipun makatên, Dhobrinya lajêng enggal anglumpati lèpèn alit ingkang wontên ing sangajêngipun lawanganing guwa, saha lajêng tumuntên lumêbêt ing guwa wau. Sawêg kemawon lumampah sadasa pêcak, ing ngriku Dhobrinya sampun amanggih alangan ingkang awujud kori punika wontên tiyangipun tosan pintên-pintên. Têtiyang tosan wau lajêng dipun bêdholi satunggal-satunggal saha kabucal wontên ing pinggir. Kancinganing kori têmbaga ingkang saklangkung kêkah wau, lajêng kaslorogakên ingkang anjalari kori wau lajêng kenging kabikak. Sasampunipun, Dhobrinya lajêng rikat-rikatan lumêbêt ing guwa ambêkta obor, lampahipun mandhap ing undhak-undhakan. Ing salêbêtipun guwa ngriku Dhobrinya nyumêrêpi tiyang tawanan pintên-pintên èwu. Inggih punika para nata, pangeran, para prajurit, punapadene têtiyang tani saanak bojonipun. Ing ngriku Dhobrinya lajêng awicantên sora makatên:

Para nata, para pangeran, para prajurit, lan sadaya ingkang sami kagondhol ing naga Gurindayêksa katawan ing salêbêting guwa ngriki punika, kula angaturi sugêng. Panjênêngan sadaya samangke sampun sagêd mardika malih, sarta sagêd nilar guwa punika, tanpa wontên ingkang badhe angarubiru, awit mêngsah panjênêngan, pun naga Gurindayêksa, samangke sampun kula pêjahi.

Bingahipun para tawanan tanpa upami. Mênggah sajatosipun ingkang kathah-kathah sampun botên sami anggadhahi pangajêng-ajêng malih, bilih badhe sagêd luwar saking guwa punika, amila saking bingahipun, dene ujug-ujug angsal kanugrahan ingkang samantên agêngipun wau, ingkang kathah tandang-tandukipun lajêng kadosdene tiyang ingkang kirang èngêtanipun, botên tumuntên kesah saking ngriku, namung plonga-plongo utawi dêngongang-dêngongong, kados tiyang bingung. Ningali kawontênan ingkang makatên wau, Dhobrinya sakalangkung wêlas saha lajêng awicantên makatên:

Punapaa têka panjênêngan taksih wontên ing ngriki kemawon, mêngsah panjênêngan sadaya sampun pêjah, badanipun sampun pating prêthil sumêbar wontên ing sangajênging guwa. Dados manawi panjênêngan sadaya samangke nilar guwa punika, botên wontên ingkang badhe ngalang-alangi. Măngga, mumpung taksih padhang, kula aturi enggal-enggal jêngkar saking ngriki, samia kondur dhatêng dalêm panjênêngan piyambak-piyambak, awit, kula aturi èngêt, kathah para akrab panjênêngan ingkang taksih ngraosakên susah ing bab ical panjênêngan sadaya, lan dumuginipun samangke tansah taksih angêntosi rawuh panjênêngan sadaya.

Ing sêmu para tawanan samangke sampun mangrêtos sayêktos, bilih sampun sami luwar sadaya saking panguwasanipun naga Gurindayêksa. Amila ing sakala punika lajêng sami surak-surak saha kanthi pêplajêngan sami mêdal ing jawi. Ramening surakipun wau ngantos dumugi sajawining guwa, taksih kamirêngan dening pun Dhobriya. Dene Dobrinya piyambak, ambêkta obor, anglajêngakên lampahipun lumêbêt ing guwa, prêlu ngupadosi Dèwi Pujatisna. Samargi-margi tanpa kèndêl anggènipun tansah ambêngoki sang putri makatên: Dèwi Pujatisna, wontên pundi panjênêngan.

Badhe kasambêtan.

--- 141 ---

Nomêr 36, taun II.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Anyuda kathahing lalêr, sukur sagêd nyirnakakên babarpisan.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 72.

Upaminipun: lêmbu wau lajêng botên jênjêm tilêmipun punapa panjêrumipun, tansah gêdabigan punapa sik-sikan, ing wasana sagêd anjalari sudaning wêdalipun susu. Utawi lalêr wau sagêd nularakên sêsakit dhatêng lêmbu-lêmbu sanès. Dados inggih prêlu supados lalêr botên suka nemplok ing badaning lêmbu punika, isaratipun warni-warni. Dene ingkang mirah piyambak inggih punika andamêla campuran makatên:

Toya godhogan sata (dados toya sata) 40 bagian, lisah pèt sabagian. Campuran punika lajêng kablonyohna ing badanipun lêmbu, utawi kewan ingahan sanèsipun.

D. Rekadaya anyirnakakên tigan-tigan lalêr utawi sasèt-sètipun.

Ing wasana patrap ingkang prêmati saèstu kangge nyirnakakên lalêr punika manawi sagêd inggih punika anyirnakakên tigan utawi sètipun, dados paribasanipun anumpês sacindhil abangipun, emanipun dene rekadaya punika botên têmtu sagêd kalêksanan. Jalaran punapa, inggih botên sanès, amargi panggenan paniganipun lalêr, tangkar-tumangkaripun sèt lalêr punika ing pundi-pundi sagêd kadadosan, tur andhêlik-dhêlik.

Isarat ingkang botên ngaping kalih damêl inggih punika: latu. Manawi sagêd panggenan-panggenan tigan punapadene sèt wau kabêsmia, utawi kaêsokana toya jarang ingkang bêntèr mumpal-mumpal.

Manawi pratikêl ing nginggil punika botên sagêd kaêcakakên, rekadaya sanès makatên:

Anyampurana kaporit (caporit) sasendhok dhahar kalihan toya tawa watawis saêblèg lisah pèt, kaudhêga ingkang ngantos amor saèstu. Campuran punika lajêng kangge nyirami panggenan-panggenaning [pangge...]

--- [142] ---

[...nan-panggenaning] lalêr, upami: ing pawuhan, pacêrèn, pakiwan. Kaporit wau sagêd mundhut ing griya panyadean jampi.

[Grafik]

Pambucalan uwuh, ingkang adhakan dados panggèning lalêr-lalêr.

Langkung prayogi malih manawi pandamêlipun campuran makatên:

Caporit = sasendhok dhahar. Toya tawa = 10 litêr (watawis satêngah blèg lisah pèt). Apu = satigan ayam.

Abênan tigang warni punika kaudhêga ingkang ngantos campur saèstu lajêng kangge nyirami kakus utawi pakiwan sasaminipun, ingkang sampun dipun rêsiki rumiyin (kagontor) mawi toya limrah. Ugi prayogi sangêt kangge nyirami gêdhogan, kandhang lêmbu, kandhang ayam, ingkang sampun dipun rêsiki rumiyin.

Wasana sumăngga.

R.A. Harsana.

Bab Dhêdhaharan

Pandamêlipun tape pisang kluthuk

Pisang kluthuk ingkang matêng, dipun êdang, yèn sampun matêng kaêntas, dipun asrêpakên, lajêng kairisana kandêlipun watawis sadriji. Yèn sampun rampung lajêng katata mlumah, nyalêmbar jèjèr-jèjèr, wontên ing wadhah ingkang rêsik, lajêng dipun wur-wuri ragi, dipun tumpangi malih nyalêmbar, ing nginggil ugi dipun wur-wuri ragi, makatên salajêngipun. Yèn sampun rampung dipun paringi toya sakacakanipun, lajêng dipun tutup godhong pisang ingkang rapêt, lêt kalih utawi tigang dintên dipun tingali, tandhanipun matêng yèn duduhipun sampun kraos lêgi.

Tape pohung kaspe

Pohung dipun oncèki, kakumbah ingkang rêsik, têrus kaêdang, manawi sampun matêng kaêntas, yèn sampun asrêp, dipun tata ing wadhah jèjèr-jèjèr, lajêng dipun wur-wuri ragi ingkang sampun kaayak, lajêng dipun tumpangi malih, ugi dipun wur-wuri ragi, makatên salajêngipun. Yèn sampun rampung dipun tutup ingkang rapêt, sasampunipun kalih utawi tigang dintên dipun tuwèni, tandhanipun matêng yèn duduhipun sampun lêgi.

Tape kêtos

Kêtos cêmêng dipun pususi ingkang rêsik, lajêng dipun êdang, manawi sampun kêkêl dipun siram, bilih sampun matêng kaêntas. Yèn sampun asrêp dipun wur-wuri ragi, têrus kacarub ingkang ngantos waradin, lajêng dipun wadhahi, katutup ingkang rapêt, yèn sampun kalih utawi tigang dintên dipun tuwèni, tandhanipun matêng yèn duduhipun sampun lêgi.

Pun Subi 1909. K. Magêlang.

--- 143 ---

Palakrama

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 72

Wontênipun prêlu ngupadosi ingkang kufu (jodho), jalaran sêsemahan punika kenging dipun gambarakên kadosdene ratu kalihan patih ingkang ngasta pusaraning praja, manawi ratu kalihan patih punika tansah sarujuk anunggil budi, masthi prajanipun sagêd sae, tata lan têntrêm. Nanging manawi ratu lan patih tansah sulaya, punika prajanipun masthi risak. Makatên ugi tumrapipun tiyang sêsemahan, manawi jalêr lan èstri tansah golong saiyêg, têmtu anggènipun gêgriya sagêd wilujêng.

Dados sampun têrang prêlu lan sarat rukunipun palakama, namung gawatipun, anggènipun badhe nêtêpi sakawan bab kasêbut ing nginggil.

Paugêran sakawan bab wau, 1 dumugi 3 (warni, naluri, kapintêran) punika gampil dipun tingali, namung bab ingkang nomêr 4 (kalakuan) punika angèl sangêt anggènipun nindakakên.

Langkung-langkung manawi ngèngêti jaman sapunika, wontên ingkang mastani jaman kala antara, têgêsipun tumimbaling jaman lami dhatêng jaman enggal, inggih ing măngsa punika gawat-gawatipun samukawis, amargi sadaya kawontênan dados warni kalih, inggih punika kawontênan lami kalihan kawontênan enggal, mila pangupadosipun semah inggih warni kalih, cobi sawatawis badhe kula andharakên kados ing ngandhap punika.

Cara lami

Ingkang kalimrah katindakakên para sêpuh, inggih punika bab sêsemahan ingkang manah tiyang sêpuh, lare prasasat kantun anglampahi kemawon. Dados ingkang milih ngantos dumugi rampungipun, sadaya inggih tiyang sêpuh. Lare jalêr kenging badhe nyumêrêpi calon semahipun, nanging inggih kêdah kalihan titang[4] sêpuh, makatên punika ingkang dipun wastani: nontoni.

Anggènipun para sêpuh nindakakên makatên punika, botên namung mêndhêt sasakecanipun kemawon, nanging mawi ngèngêti paugêraning palakrama kados ingkang kula aturakên ing ngajêng, namung paprincènipun ingkang ragi beda sakêdhik, manawi cara lami paugêranipun anjodhokakên lare, kêdah ngèngêti:

1. bibit. | 2. bèbèt. | 3. bobot.

Bab bibit

Ingkang dipun wastani bibit, inggih punika wiji. Tiyang anjodhokakên anak punika, sami ugi kalihan tiyang nanêm têtuwuhan, èsthining manah supados pawingkingipun sagêda sae uwohipun, mila kaprasudi sangêt pamilihipun dhatêng bibit.

Badhe kasambêtan

K. 1753

--- 144 ---

Wanita Modhèrên

Nuwun, sadèrèngipun sadhèrèk Arun, Sêmarang, tampi katrangan saking sadhèrèk S. Wir ing Rêmbang piyambak, kaparênga kula ngaturakên pamanggih kula, punapa ingkang kadangokakên sadhèrèk Arun, ingkang kawrat Kajawèn, inggih punika:

I. Punapa têgêsipun gêsang modhèrên

Saking pamanggih kula gêsang modhèrên punika, gêsang ingkang pasaja, inggih gêsang ingkang ringkês, adêgipun gêgriya sarwa pasaja, sarwa ringkês, tur nyêkapi kabêtahan. Dipun tingali, ing sawangan botên saru, tur botên ngewak-ewakakên.

II. Kadospundi gêsangipun wanita mudha ingkang winastan modhèrên punika.

Gêsangipun wanita mudha ingkang winastan modhèrên punika saking pamanggih kula: manawi mangangge sarwa pasaja, yèn taksih winêngku ing tiyang sêpuh, ingkang sagêd ngukur, drajat pangkatipun tiyang sêpuhipun, botên kawonên, botên kêsaenên, pantês kalihan drajat pangkat lan pamêdalipun tiyang sêpuhipun, (botên kêkathahên pundhutan).

Tandang-tanduk sarwa sarèh, sarwa luwês, andhap-asor, botên nèl-nèlan, bêkti dhatêng tiyang sêpuh, yèn lênggah lesehan wontên sadhengah panggenan têmtu sila, botên jegang, yèn andhodhok suku têmtu nglêmpak botên mêgar, yèn lênggah kursi suku botên tumpang-tumpangan, têmtu jèjèr gathuk botên mênga, tangan tumumpang pangkon botên ewah. Yèn wicantên pasaja saprêlu, botên kêkathahên gujêng, tur yèn gumujêng botên nyêkakak mangap, botên rêmên wicantênan mawi parikan tur botên mrengas-mrèngès, yèn sagêd têmbung Walandi, yèn rêmbagan kalihan tiyang ingkang botên mangrêtos botên dipun sêlani têmbung Walandi, (ngewak-ewakake).

Yèn sampun bawa piyambak, lan manggèn ing kitha ingkang sawatawis têbih kalihan tiyang sêpuh, kêdah sarwa ngatos-atos. Liripun, botên rêmên wicantênan kalihan gêgujêngan, langkung-langkung gêgujêngan turut margi, yèn lumampah botên kêkêrêpên nolah-nolèh, mripat botên nate klirak-klirik, tangkêpipun dhatêng têpangan sangandhapipun botên anggêp, dhatêng sajajaripun botên gumêdhe kumintêr, kumini, dhatêng sanginggilipun andhap-asor. Yèn kêmpalan kalihan têpanganipun Walandi, utawi nyonyah inggih nganggea (dipun tindakna) adat tatacaranipun Walandi priyantun. Dipun katingalna bilih sampun nate pikantuk piwulang, pasinaon, jalaran wontênipun lare èstri sok pikantuk panyeda utawi botên dipun ajèni lare jalêr, punika yakin saking lêpatipun lare èstri piyambak, kula yakin manawi lare jalêr botên dipun wiwiti, têmtu botên badhe wani nyêpèlèkakên dhatêng lare èstri.

Wusana yèn wontên galap-gangsuling têtêmbungan kula mugi sampun kirang pamêngku.

Landêp.

--- [1169] ---

 


kasusilan. (kembali)
kêbak. (kembali)
lumêbêt. (kembali)
tiyang. (kembali)