Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 78, Rê, Pa, 23 Rêjêb Ehe 1868, 29 Sèptèmbêr 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Karangbolong - Pakulinan - Candhi Barabudhur - Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Surakarta - Kawontênan ing Tiongkok - Kêthoprak Mardiwandawa - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Karangbolong

[Grafik]

Sawangan ing pasisir Sagantên Kidul, ing Karangbolong.

--- 1218 ---

Raos Jawi

Pakulinan

[Dhandhanggula]

pakulinan iku mahanani / pakarêman lawan kasênêngan / rosa tahan anggotane / kulina iku tuwuh / bêbukane saka sathithik / yèn kêrêp linakonan / lawas-lawas matuh / basa matuh iku tuman / kang amarga kulinane anglakoni / dadine tan karasa //

yèn wis matuh angèl angilangi / kadidene karêm amêmangan / sanadyan namung sapele / karana uwis matuh / pangrasane nikmat kêpati / kaya ta wong kulina / mangan sêga jagung / lawuh jangan lan kuluban / sanadyana pangan iku tan mêjaji / sayêkti krasa nikmat //

wong mangkono coba disuguhi / sêga bêras kang aputih mêmplak / lawuh bêstik sambêl gorèng / tartamtu datan mathuk / nadyan doyan tan andarbèni / marêm pamanganira / apa manèh minum / yèn kulina banyu tawa / banjur ngombe wedang êtèh apa kopi / atine durung lêga //

yèn kulina mangan sêga putih / lêlawuhan kang maneka warna / môngka mangan kang sapele / upama sêga jagung / jangan bobor utawa mênir / wis mêsthi datan doyan / tansah lingak-linguk / yèn kêpêksa iya mangan / pamangane wis tartamtu cimak-cimik / gurunge suthik mêlar //

yèn kulina ngombe anggur pèni / tan kaduga ngombe anggur para / lire anggur kang sapele / kalamun matuh udud / datan udud kalithah klithih / yèn udud nuli bingar / saya kang ingudud / kang wus dadi pakarêman / pangrasane nikmate kêpati-pati / tan ana kang mêmadha //

luwih manèh kulina madadi / yèn tan kambon candu ing sadina / ngalumpruk kêkês awake / cumêpak punang nêpsu / balik lamun uwis madadi / garegah katon gagah / pindha sang aprabu / Baladewa nuju krodha / sarwi ngasta pusaka panglêbur bumi / nanggala anèng ngarsa //

balik janma kang datan madadi / lagi mambu kukuse kewala / trêkadhang wis gêbrès-gêbrès / tan tahan têmah ngêlu / wong kang karêm angombe brèndhi / yèn datan angombea / anggane alêsu / yèn wis ngombe anjrêbabak / kaya-kaya datan uwas antuk tandhing / lir Prabu Dasamuka //

balik janma kang tan doyan brèndhi / lamun ngombe brèndhi sok kasêlak / jêr tan enak pangrasane / ingulu datan kolu / lagi bae êntèk sajinggring / ngêlune wis karasa / pandulune bawur / sawênèhe mutah-mutah / mripat abang sêmune amêmêdèni / jêr saka tan kulina //

wong kang sênêng ngudang bokmas kênci / sapadhane bôngsa ngabotohan / yèn towong sadina bae / marga tan antuk kancuh / lan trêkadhang kasêpèn dhuwit / rumasa gêrah-uyang / kêtagihan nguthut / kadhang jroning pagawean / kang ginagas datan liya mung bab main / kongsi kèpi yèn nendra //

balik wong kang datan dhêmên main / yèn andulu wong kang ngabotohan / têka sêpêt pandulune / ciptane timbang lungguh / ambathêngêt kongsi sawêngi / bok iyaa turua / mujung mancal kêmul / dhuwit kanggo ngabotohan / luwih bêcik kanggo dagang olèh bathi / utawa cinelengan //

yèn kulina lunga ambêbêdhil / golèk manuk kanggo lawuh mangan / têka

--- 1219 ---

gêla pangrasane / lamun tan nyipat manuk / môngka ngomah wis dèn cawisi / lawuhan amirasa / jêbul ngarah manuk / nadyan datan antuk pisan / uwis bungah yèn kalakon nyangking bêdhil / ngubêngi pasawahan //

yèn kulina ngaluyur ing bêngi / ngrasa gêla lungguh anèng wisma / jêr udane angarêcèh / pêtênge dumuk irung / balik lamun padhang nêlahi / sênênge ngudubilah / mubêng turut lurung / yèn kulina gêgojegan / gêgêmbyakan caturan kang anjêmbêri / kang saru kapiyarsa //

yèn tan ngucap cangkêm krasa kêri / ngrasa gêla yèn tan antuk rowang / yèn sinêndhu pratingkahe / kang saru-saru iku / amandêlik lara kang ati / balik yèn antuk rowang / tyase pindha gunung / gambira saya andadra / rumasane win[1] tan ana kang madhani / dene dèn nut ing janma //

cangkêm gatêl dhêmên angrasani / anênacad pratingkahing liyan / kathik nganggo gawe-gawe / alane cikbèn wuwuh / yèn wong bêcik cinacad wani / cinatur ngamandaka / jare ala muput / yèn saari tan nênacad / gêrah-uyang cangkême karasa kêri / kang awit wis kulina //

wong kulina ing pratingkah bêcik / yêkti gêla wruh pratingkah ala / dhêmên wong kang barès-kurès / yèn bangkit atêtulung / suka tyase agung sawukir / ing ratri myang raina / mêmardi rahayu / rahayune abêbrayan / lumèbère marang tôngga kang pêpanti / jêmbare mring pra titah //

Badhe kasambêtan.

Ki Darma Prawira, Kêpanjèn, Malang.

[Iklan]

--- 1220 ---

Kawruh Sawatawis

Candhi Barabudhur

Sambêtipun Kajawèn nomêr 77

[Grafik]

Candhi Mêndut

Sarjana : Ing dhênggunging stupa (ing pucukipun candhi) ingkang agêng piyambak, rumiyin wontên rêcanipun Buda agêng satunggal, ingkang botên karampungakên babarpisan panggarapipun (taksih sarwa kasar wujudipun) sikêping astanipun sami kalihan rêcanipun: aksobya Buda: ingkang asikêp: bumi sêparsya mudra, punika ingkang taksih dados rêmbag rame, tuwin beda-beda pamanggihipun para êmpu-êmpuning kawruh yêyasan kina. Makatên ugi para ngulamining kawruh Buda. Manut ijtihadipun sawênèh golonganing êmpu wau, sampun botên sêmang-sêmang malih, bilih rêca punika kintên-kintên mêsthi pêpêthaning Buda ingkang kaping pitu, tuwin ingkang luhur piyambak, inggih ingkang sinêbut: Adi Buda: utawi: Wajradara Buda: (Wadjradhara), ingkang manut panganggêpipun golongan Mahayana, sajatosipun botên kenging kinayangapa, utawi botên sagêd kapêtha ing pangganthaning angên-angên malih, amargi Adi Buda punika satunggaling kawontênan, ingkang tinêmbungakên jumênêng kalawan pribadine dhewe, anglimputi jagad rat pramudita. Dados tuking sadaya gêsang miwah samukawis kasaenan. [kasae...]

--- 1221 ---

[...nan.] Makatên gotèkipun ingkang mangrêtos, pun kakang piyambak boya jegos.

Sujana : Kula malah lajêng kodhêng ki raka, sarêng Sang Adi Buda sajak dipun sipati kados kawontênaning pangeran makatên punika, akal kula lajêng botên andungkap.

[Iklan]

Sarjana : Pancèn kasinggihan adhi, manawi têmbung Buda wau pun adhi anggalih (ngintên) namaning tiyang punapa titah manungsa utawi dewa, lakar inggih botên amung ngodhêngakên kemawon, malah sagêd ugi adamêl goblêg utawi komêt, tur taksih imbêt cêkot-cêkot.

Sujana : Manawi Buda punika sanès namaning tiyang utawi titah, kadospundi têgêsipun tuwin pikajêngipun têmbung wau.

Sarjana : Saking atur pamrayoginipun tiyang ingkang mangrêtos, angginêm kawruh babagan raos, punika inggih kêdah katampi sarana raos. Murih sagêd ambontos têlênging batos, inggih kêdah talatos anggèning marsudi alusing raos, mila urat-urat sèniyu prayogi lajêng dipun kêndhokakên, sampun tansah mathênthêng pinanthêng kalayan adrêng, yèn kadêrêng mindhak nuwuhakên cukêng rêngkêng, botên sagêd amudhari ruwêt-rêntêng. Aluwung pinêlêng kalayan sarèh, bokmanawi sagêd sumèlèh, sumêrêp doning rasa kanthi wèntèh, tur panggalihipun adhi inggih lajêng sagêd mustarèh.

Badhe kasambêtan.

Tr. S.

--- 1222 ---

Rawuh Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ing Surakarta

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têdhak ing Surakarta.

Ingkang kacêtha ing gambar, sisih punika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika rawuh ing Surakarta, dipun papag ing Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana, Tuwan Gupêrnur ing Surakarta tuwin para agêng sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika sabidhal dalêm saking sêtatsiun Balapan, nitih kreta karajan.

--- 1223 ---

Kawontênan ing Tiongkok

Pawartos kawontênanipun paprangan ing Tiongkok sami mindhak grêgêtipun, tumrapipun Jêpan saya nyêroni sangêt panêmpuhipun dhatêng papan-papan ingkang wigatos. Nanging mênggahing Jêpan anggènipun tumindak makatên wau inggih kêpêksa ngrêgiyêg ngawontênakên sêsanggèn awrat, amargi ing pundi papan ingkang karêbat, inggih punika ing sisih lèr, lajêng dipun wontênakên pajagèn militèr, awit papan ingkang kêdah kawontênakên pajagèn wau atusan panggenan, môngka dumugining papan ingkang dipun sêdyakakên pinanggih taksih têbih sangêt. Tumrap ing Syanghai, ajênging wadya Jêpan inggih dèrèng sapintêna têbihipun.

[Iklan]

Pangrancangipun Jêpan anggèning nêmpuh saking gêgana sampun kêrêp dipun tindakakên, saha mawi wara-wara ing sadèrèngipun, tindak makatên wau tumraping nagari sanès, kados ta Inggris, kêpêksa nyaruwe dhatêng tindakipun Jêpan, supados panêmpuhipun mawia kintên-kintên, ngêmungna dhatêng laladan panggenaning militèr, supados kasangsaranipun sampun angèngingi dhatêng tiyang ingkang sanès militèr. Kajawi punika parentah Inggris ugi suka pêpèngêt, manawi wontên kapitunanipun têtiyang Inggris ing Nanking, badhe katêmpuhakên dhatêng Jêpan.

Jalaran saking orêg-orêgan ing Nanking punika, toko-toko lajêng sami tutup, têtiyangipun sami ngungsi dhatêng parêdèn sacêlaking kitha, utawi ing papan panggenan ingkang sakintên botên sagêd kadhawahan bom.

Ing Kiyang Gwan, Lotin tuwin Layue kaprênah saêlèr Syanghai, mêntas dipun têmpuh Jêpan sakalangkung sêrêng. Ing pabarisan Jêpan ingkang iring kidul mawi dipun biyantu lêpasan mriyêm saking kapal pêrang tuwin pabarisan mriyêman ing Kiyang Gwan, kathah panggenan ingkang lêbur. Nanging sarêng pandhêsêgipun wadya Jêpan badhe majêng, lajêng dipun tanggulangi sanjata mêsin dening wadya Tiongkok. Sawênèh wontên pêrang rukêt rêbat karosan, ingkang kawêkasanipun sagêd mênggak ajênging wêdya Jêpan. Nanging wadya Jêpan golongan mriyêm majêng ngangkah karisakaning têlêng kasantosanipun Tiongkok, anglêpasi mriyêm kaênêrakên dhatêng margi sêpur saking Syanghai dhatêng

--- 1224 ---

Karisakanipun Laladan Syanghai

Ing sisih punika gambar sawangan ing wanci dalu, inggih punika satunggiling margi agêng ingkang rame lan asri ing kitha Syanghai. Gambar wau ing sadèrèngipun kadadosan pêpêrangan ing Syanghai ingkang dhawahing mimis kumarutug anêmpuh kitha anggêgirisi.

[Grafik]

Gambar-gambar ing sisih punika anyêthakakên mênggah kawontênanipun karisakaning gêdhong punapadene toko-toko ingkang risak jalaran tumêmpuh ing mimis. Kiwa: toko agêng (gambar nginggil ingkang mawi mênara) ingkang risak jalaran dipun bom. Têngên: satunggiling pulisi panjagi margi pêjah ngênggèn jalaran kêdhawahan mriyêm.

[Grafik]

Gambar têngah sisih têngên punika: punggawa pômpa (brandweer) nuju nindakakên damêl mitulungi griya-griya punapadene barang-barang ingkang sakintên sagêd tinulungan.

--- 1225 ---

Nanking, mênggah prêlunipun sagêd nyêgah dhatênging dêdamêl ing papan paprangan. Ewasamantên wadya Tiongkok sagêd nanggulangi lumintu.

Jêpan pancèn niyat migatosakên dhatêng risaking margi-margi sêpur, awit margi wau manawi sagêd pêdhot, ugi sagêd nyuda kêkiyatanipun Tiongkok. Makatên malih rêrigênipun Jêpan katingal anggènipun ambêbingung mêngsah, panêmpuhipun pinanggih ing sèênggèn-ênggèn, kados kala wadya anggêgana Jêpan nêmpuh Kanton, punika nêmpuhipun motor mabur kathah, ngêbyuk adamêl kagèt, nanging sasampunipun andhawahi bom, lajêng katingal pêcah dados tigang golongan, saperangan anggêgana mangilèn, wontên ingkang mangalèr, lap lajêng ical, ngaso wontên ing ngandhap. Botên dangu katingal jumêdhul malih, inggih lajêng andhawahi bom. Suwaraning bom ambalêdhos tuwin suwaraning mriyêm pananggulang sakalangkung sora, amaradini sakitha.

Ing ngriku gêntos kêsusul panggêgananipun wadya gêgana Tiongkok, lajêng oyak-oyakan sakalangkung rame, kêkalangan gêntos anglêpasi mimis, katêmahan damêl karisakan sadayanipun.

Bab campuh ingkang sakalangkung rame punika, botên namung samantên kemawon, pangancamipun ing wingking badhe tansah sambêt-sumabêt. Mila tumraping golongan Tiongkok tansah sadhiya, kanthi ngawontênakên papan pasingidan wontên ing rong-rongan salêbêting wana, ewasamantên pinanggihipun inggih taksih dipun têmpuh ing mêngsah.

Sasampunipun makatên, Jêpan saya waringutên, lajêng andhawahi bom ing saindêngipun Tiongkok, malah ing Kupu, inggih punika papan miyosipun sang wicaksana Konghucu, makatên ugi ing griya-griya sakit, ing panggenan gambar idhup, tuwin sanès-sanèsipun. Rahayu dene tindak wau botên adamêl tiwasing tiyang.

Ing bab tindak makatên punika Inggris tuwin nagari sanès-sanèsipun sami nyêrêg dhatêng pangagêng Jêpan.

Mirid kawontênan ingkang pinanggih ing wêkdal punika, ing pangintên Tiongkok kêdugi nanggulangi panêmpuhipun Jêpan ingkang kêkêtogan. Amargi nitik panêmpuhipun Jêpan ingkang sampun, katingal anggèning Jêpan sampun suda kêkiyatanipun, môngka wontênipun pabarisan Tiongkok taksih ajêg santosa. Ing sêmu Jêpan taksih ngêntosi wadya bêbantu.

Cacahipun wadya Jêpan ing Syanghai wontên nêm dhepisi, isi tiyang 150.000. karisakaning wontên 15.000.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan. Sintên ingkang pambayaring arta lêngganan botên nêtêpi punapa lêrêsipun, sampun cuwa ing panggalih manawi tampinipun Kajawèn ngantos botên urut.

Prayogi kagaliha.

Administrasi.

Wangsulan Redhaksi

R.S. ing Widadarèn. Kintunan karangan sampun dumugi, sambêtipun tumuntên kakintuna.

K. 1198 ing Kêtandhan. 16 Rabingulakir, Wawu 1833, dhawah 12 Juni 1903 (botên 1904). Rê, Lê, (lêrêsipun Sla, Lê), 26 Bakda Mulud kados pandangu panjênêngan punika dhawah Dal 1831, Walandi 13 Agustus 1901.

--- 1226 ---

Rêmbagipun: Petruk lan Garèng

Kêthoprak Mardiwandawa

I.

Petruk : Lah bageya têkanira nini, wis lungguha kono,

Garèng : Kula nuwun inggih, ra - mo - a.

Petruk : Wayah, kok ramoa, ambok: rama, mêngkono,... bocah ayu dhasar dlongèh-dlongèh,...

[Grafik]

Garèng : Inggih pancèn ayu mlisdring, ra-mak.

Petruk : O, hla kok ramak, aku iki saiki pêthane dadi nata binathara, kowe dadi putri putrane ratu, dadi wajibe kowe nyêbut nyang aku: kangjêng rama prabu, apa kêpriye. Wis, saiki tak têrusne, anggonku andangu nganggo têmbang mijil mau,... ulat manis dhasar mêrak ati, trapsilamu bêcik, kaya asu buntung.

Garèng : Ayo, unimu kang pungkasan kuwi kudu kok karèt, ngunèkake uwong kathik sawiyah-sawiyah, dupèh wujude dhewe kaya unta disêbul bae.

Petruk : Wayah, nèk gêguyon karo sêdulur kuwi aja guru-guru nêpsu mêngkono. Wong mau anggonku anggolèki sing pungkasane tiba suku kuwi angèl bangêt, iya wis, saiki tak gantine bae: lir bathari baung. Iki nèk cara Jawane sing lumrah karêpe: kaya dewa wadon kang lagi rêngêng-rêngêng. Rak wis lêga, ta Kang Garèng. Wis, saiki padha omong-omongan sênêng-sênêng. Kaya-kaya nalika malêm Sabtu lan malêm Minggu kowe ambêladhêg nonton kêthoprak Mardiwandawa, kang saikine lagi main ana ing Mistêr Kornèlis. Aku dhewe iya têrus-têrusan nonton. Saiki kowe arêp tak jak cocog-cocogan mungguh panêmune ing bab pamainane kêthoprak mau.

Garèng : Nèk rêmbugan bab kiyi, sabisa-bisa kudu diturut saka wiwitan, Truk. Rong bêngi mau anjupuk lakon: Kramane Trunajaya. Malah kala samana durung tutug, isih ana banjure manèh. Saiki padha miwiti ngrêmbug kang ditongtonake wêngi kang kapisanan. Adêgan kang dhisik dhewe, yaiku: Pangeran Adipati Anom ing Mataram, ingadhêpan dening abdi loro, lagi mèwèk-mèwèk sabab pêrlip (karungrungan) karo Lara Hoyi, wanita saka Surabaya, kang dadi sêngkêrane ingkang rama, Sunan Amangkurat ing Mataram. Saiki nyôndra siji-sijine [siji-si...]

--- 1227 ---

[...jine] sing main, Truk. Sing dadi Pangeran Adipati Anom, aggone main, kaya iya-iyaa kae, Truk, le mèwèk-mèwèk, le niba-niba, le têtêmbangan kaya wong mêndêm gadhung, lan anggone mata hoyinên, nganti saka bature dikêkêp-kêkêp, lho, kuwi kaya tênan-tênana kae, Truk.

Petruk : Cocog, Kang Garèng, mung bae kanggone wong saiki ora klêbu nalar. Ingatase wong lanang, kêyungyun marang sawijining wanita, têka nganti moh madhang, moh ngombe, kajaba mung turu nglêkêtêr thok bae.

Garèng : Lho, hla kok dipadhakake dhapurmu bae. Nèk kowe, pikiranamu mêsthine têrus ngrêmpoyok, mikir apa sesuk kêndhile bisa ngadêg, mikir apa ing omah isih ana barange kang payu gadhene, apa malêm Minggu ana sangune kanggo dhomino, mikir ngêndi sajêrone Minggu kiyi sing durung ditangguh mangan, lan sapadhane. Kajaba iku ing jaman saiki kanggo lêlipure ati bunêg, pirang-pirang bangêt, kaya ta mihun, cap jae, martabak, lan êmbuh apa manèh. balik ing kala samono, kathik jumênêng Pangeran Adipati Anom, kajaba ora tau amênggalih nyang dhahare, sabên dina bisa: sênêng-sênêng, plêsir-plêsir, main royal, lan main ropyan-ropyan. Mulane yèn panggalihane ujug-ujug banjur kontak, iya angèl anggone golèk lêlipure. Mulane wong nonton kuwi iya kudu bisa anggambarake kahanane ing kala samono. Nèk ora mêngkono, iya banjur mung arêp nacad thok bae. Kaya ta: panganggone Pangeran Adipati Anom, kowe mêsthine bisa nyeda mangkene: klambine biru laut cara Yoja, kathik krahe cara obrus. Wèh nyang pandêlêngan ngênêg-ênênggi, ambok iya sing prasaja, nanging sing nècis, kaya panganggone para putrine, kae sing jênêng barès tur ngayang batin.

Petruk : Rambut pinara sêlusin aku ora duwe pikiran sing mangkono iku, Kang Garèng, awit panganggo sing kaya ngono kuwi karêpe rak mung kanggo ambedak-bedakake êndi sing pangkat dhuwur, êndi sing asor.

Garèng : Hla iya, mulane iya aja mondhang-mandhing karo jaman saiki, iya mêsthi akèh gèsèhe. Nanging kowe rak iya ngakoni, ta, maine Pangeran Adipati Anom, kêna ditongton têmênan. Mêngkono uga abdine loro, kêna kanggo cagak êlèk têmênan saka dening lucune.

Petruk : Luwih-luwih sing siji, Kang Garèng, jarene jênênge wonge sing tênan: Kartanadi. Wis suwarane bêcik, têmbange wilêt turut ompak, kathik lêlucone andêmênakake, tur ora ana saru-sarune, cêkake kanggo têtingalane para luhur sarta para priyayi, ora bakal ngisin-isini têmênan.

Garèng : Wis, tak banjurne saiki wawasanaku, saka bunêking panggalihe mau, krêsane sang pangeran arêp angumbakarna têrus-têrusan, sarta banjur mlumah angglêgajur karo bukak taocang.

Petruk : Wayah, wong sêmbrana kowe kuwi. Ana kok banjur anggarap, dupèh ing kala samono pangeran pati wis gundhulan. Sabênêre [Sabênêr...]

--- 1228 ---

[...e] mono iki iya rada nyêbal jaman, kaya-kaya luwih bêcik saupama sarene mau dhêsthare têrus diagêm bae. Nanging iki mung kasalahan sathithik, Kang Garèng, ora dadi ngapa.

Garèng : Ha iya, Truk, nanging ing sarèhne ing kono anggambarake kaanan ing jaman Mataraman, saolèh-olèh diati-ati, aja nganti kêcampuran cara ing jaman saiki, mêngko gèk mêtu Drunajaya upamane, nganggo... jam tangan, iki ana ing pandêlêngan, rak iya ora enak, ta. Wis tak banjurne manèh saiki, sajêrone Pangeran Adipati Anom sare tinunggu ing abdi loro mau, banjur karawuhan ingkang eyang: Pangeran Pêkik kalayan garwane: Kangjêng Ratu Pandhan, loro-lorone anggone main, wajib dialêmbana têmênan, anggone nyara priyayi luhur sing wis sêpuh, anggone ngatonake asihe marang ingkang wayah Pangeran Adipati Anom, nganti wani anglakoni ukume pêmburine, wah, kaya tênan-tênana kae, Truk. Dalasan anggone pamitan arêp tindak ing omahe Wirarêja, nêdya amboyongi Lara Hoyi, nyang abdine pangeran, nganggo ethok-ethoke arêp mênthung barang, iki mung prakara cilik-cilikan, nanging ing kono gawe kumliting carita, Truk. Iya ngono kuwi kudune. Iya apa ora, Truk.

Petruk : Mula iya mêngkono, Kang Garèng. Saikine adêgan kang kaping pindho, yaiku ing Wirarêjan. Ing kono Wirarêja jagongan karo bojone diadhêpi Lara Hoyi, banjur karawuhan Pangeran Pêkik lan garwane, iki luwih anêngsêmake manèh, anggone Pangeran Pêkik ambujuk alus karo Wirarêja supaya mènèhake Lara Hoyi kang arêp didhaupake karo Pangeran Adipati Anom, anggone paring kêris, nanging Wirarêja ora keguh jalaran saka wêdine karo sang nata. Suwe-suwe banjur Kangjêng Ratu Pandhan sing ambujuk bojone Wirarêja, sarana amêmaringi suwêng, pêniti, ali-ali lan sapadhane, kang anjalari Bok Wirarêja atine banjur lumèr bae, sarta amêksa sing lanang dikon ngaturake Lara Hoyi nyang sang pangeran, kathik disaranani padu rame, iki kêna ditongton têmênan, Kang Garèng, lho, samono atine wong wadon kuwi, gampang kèlune marang barang èdi pèni, nganti sok lali kuwajibane. Wah, saupama iki rada didawakake sathithik, saya ngês manèh, Kang Garèng, awit ing kono anggone anggambarake kêndhoning atine wong wadon (Bok Wirarêja) rada kêbangêtên, pancène anggone ambujuk Kangjêng Ratu Pandhan nyang Bok Wirarêja, kuwi rada didawakake sathithik. Masa iya lagi bae diwènèhi barang-barang mas intên, banjur mak grègèl bae atine, iki rada kêsusu, ewasamono mêksa wis jênêng apik têmênan.

Garèng : Candhake, Truk, iya iku kêtêmune Pangeran Adipati karo Lara Hoyi, iya wis apik, nanging aku mêksa ora pati cocog, kajaba kasuwèn anggone ngungrum-ngungrum nganti nratap sakojur awakku, anggone ambopong-bopong Lara Hoyi, yak, kiyi nyang pandêlêngan rada nyêpêt-nyêpêti.

--- 1229 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Tanêman anggur. Ing tanah ngriki sampun kalampahan kawontênakên tanêman anggur, saha pinanggihipun marêmakên. Kêbon anggur wau dipun adani dening pakêmpalan Ind. Druivencultuur. Ing salajêngipun ngudi murih tanêman wau saya sagêd majêng.

Anjêmbarakên laladan suka padamêlan. Kantor babagan ngajêngakên padamêlan nênun ingkang dipun adani dening Departement van Economische Zaken, ingkang madêg ing Sêmarang, badhe njêmbarakên têbanipun wontên bawah paresidhenan Sêmarang, Pêkalongan tuwin Rêmbang. Kajawi padamêlan ingkang sampun, ugi badhe ngadani pandamêling grabah.

Badhe ngadani ngadêgakên pabrik sardentjis. Wontên wartos, Departement van Economische Zaken badhe ngadani ngêdêgakên pabrik sardentjis ngambang wontên sagantên laladan Banyuwangi. Pabrik wau pindhah-pindhah ngêtut panggenan wanci ungsumipun ulam.

Ura-uru ing Papuah. Miturut palapuran saking pangagêng ing Boven Digul, mêntas wontên bôngsa Papunah golongan Mapi kalihan golongan Jait, anggèning têmpuk wontên sapinggiring lèpèn Digul. Kathah pêpêjah tuwin ingkang nandhang tatu.

Pilihan warga-warga Regentschapsraad kabupatèn Purwarêja (Kêdhu). I. Kiesdistrict Purworêjo: 1. M. Tjokroharsono, Patih Purworêjo; 2. M. Koesoemodisastro, Ass. Wêdono Bayan; 3. R.I.O. Sastrokoesoemo, Ass. Wêdono Banyuurip. II. Kiesdistrict Purwodadi (Jênar): 1. M. Abdoelah Wêdono-district Purwodadi; 2. M. Slamêt, Ass. Wêdono Bagêlèn; III. Kiesdistrict Loano: 1. R. Prodjosudirjo, Wêdono-district Loano; 2. R. Soedjadi, Ass. Wêdono Gêbang; IV. Kiesdistrict Kutoarjo: 1. M. Moesa 'I Mahfoeld, Journalist (warga Prov. Raad Jawi-Têngah) ing Kutoarjo; 2. R. Soedardjo, Wêdono-district Kutoarjo; 3. R.M. Soemitro Koesoemaoetojo, Ass. Wêd. Grabag. V. Kiesdistrict Kêmiri: 1. M. Soenario, Wêdono-district Kêmiri; 2. M. Soetrasto, Ass. Wêdana Pituruh. Tumrap warga pribumi, ingkang awit saking pamilihan cacahipun wontên 12, wondene ingkang têtêpan (bênuman) wontên 3 (K. 4149).

Manggih lare èstri umur ± 3 taun. Dèrèng dangu ing èmpèr sêkolahan dhusun Kêpèdèk (Kuthawinangun) wontên lare èstri umur ± 3 taun, kulitanipun jêne, kados sanès anakipun tiyang dhusun, botên têrang ingkang ndèkèk utawi botên têrang anakipun sintên, namung nangis lan undang-undang "Ibu-ibu kala êmbok-êmbok'' (dialect wetanan), dene anèhipun ing sandhingipun ngriku wontên sinjangipun wiyar bathik latar pêthak sampun masêm, lan wontên dolananipun lare. Sampun dipun undangakên dhatêng ingkang wajib, dèrèng wontên ingkang ngakên. Sapunika dipun opèni dhatêng tiyang nami Amad Moehtar ingkang manggèn cêlak sêkolahan ngriku, lare sampun kraos, dhasar ingkang ngopèni botên gadhah anak. (K. 2273).

Pantiroga bayi. Ing Ngayogyakarta wontên golonganing wanita bôngsa Tionghwa sami badhe ngadani damêl pantiroga bayi. Panggenanipun badhe wontên ing salah satunggiling griyanipun warga, kanthi badhe angsal pambiyantunipun para dhoktêr bôngsa Tionghwa ing sanagari Ngayogya. Makatên ugi toko-toko jampi ugi badhe ambiyantu sarana nyade jampi kalayan rêrêgèn mirah. Ing pangangkah, ingkang nindakakên pitulungan inggih badhe mêndhêt saking warga ingkang kasinau rumiyin.

Lare kêmbar 4. Ing satunggiling dhusun ing laladan Singkawang, Borneo, wontên tiyang gadhah anak kêmbar 4. Nalika lairing jabang bayi namung dipun pitulungi ing dhukun. Sarêng sampun tigang dintên wartosipun sawêg kamirêngan ing tiyang sanès. Sarêng bab punika kamirêngan ing Dokter Seppenfield, dhoktêr militèr ing Singkawang lajêng dhatêng mriksa. Nanging lare ingkang satunggal sampun ngajal. Salajêngipun para sanak-sadhèrèkipun mrayogèkakên supados lare-lare ingkang kantun sami kabêkta dhatêng griya sakit, amrih wilujêngipun.

Kedirische Kapokbond. Ing Kêdhiri wontên ingkang ngêdêgakên Kapokbond, ingkang dipun adani dening golongan bôngsa Tionghwa. Ing griyanipun Tuwan Kho King Siok mêntas kawontênakên parêpatan, dipun dhatêngi dening para sudagar kapuk. Ing ngriku wontên ingkang malêbêt warga enggal cacah 32. Ancasing pakêmpalan wau badhe ngudi murih prayoginipun babagan padagangan kapuk.

[Grafik]

Tuwan Djapar ing Singosari. Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn nomêr 73 ing bab wartosipun Tuwan Djapar angsal ganjaran saking Nirom awarni pirantos radhio gagrak ingkang enggal piyambak, ing nginggil punika ngêwrat gambaripun Tuwan Djapar punapadene barang-barang ganjaran wau.

Kècu ing Kuthawinangun. Nalika malên Sênèn kapêngkêr ing griyanipun satunggiling tiyang randha ing dhusun Tanjungmèru (Kuthowinangun) kadhatêngan kècu, kècu wau namung pikantuk arta f 2.50 tiyang-tiyang ingkang tandang sami dipun tatoni wontên tiyang 12, ingkang 2 tatu awrat, ingkang 1 dados tiwasipun. Pulisi sampun pikantuk katrangan, wontên salah satunggiling guru dhusun tumut kêsangkut lajêng miruda.

Cobèn-cobèn nglampahakên sêpur. Gêgayutan kalihan badhe wontêning ewah-ewahan lampahing sêpur saking Surabaya dhatêng Malang, kawontênakên cobèn-cobèn nglampahakên sêpur saking Bangil dhatêng Malang, namung isi gêrbong tiga tuwin locomitief satunggal, rikating lampah kaangge 90 km. ing dalêm saêjam. Salajêngipun ngawontênakên cobèn-cobèn malih mawi gêrbong gangsal tuwin locomitief kalih, kakiyataning lampah ugi kadamêl kados ing nginggil. Sanajan panyobinipun wau sampun pinanggih sae, nanging dèrèng sagêd nêmtokakên tumindakipun wiwit benjing punapa, amargi pêrlu badhe andandosi rilipun rumiyin.

--- 1230 ---

Prangko Asib. Kados ing sapunika têtiyang sampun botên kêkilapan dhatêng kajêngipun Asib, tuwin ugi sampun sumêrêp kathahing tiyang ingkang dipun pitulungi. Ing pundi-pundi kêrêp kawontênakên têtingalan ingkang angsal-angsalanipun ugi kangge Asib. Ing bab punika ugi badhe wontên prangko ingkang kasade kangge pêrluning Asib, wiwit benjing tanggal 1 December1937 dumugi wulan Juli 1938. Mênggah pêrluning prangko ingkang kasade punika botên sanès inggih kangge ambiyantu Asib wau.

Mr. Sartono kacalonakên dados Warga Provincie. Awit saking golonging para juru pamilih ingkang sanès golongan politik, angajêngakên Mr. Sartono supados katêtêpakên dados warganing Provincie ing Bogor. Bab punika Mr. Sartono inggih anyagahi. Dene tindaking pamilih badhe wontên tanggal 5 Octobêr ngajêng punika.

Nahan punggawa 13. Wontên wartos, ing Sêmarang wontên punggawa Provinciale Waterstaat cacah 13 sami katahan, amargi kalêpatan salingkuh arta bayaran kuli. Miturut aturing kuli sadaya, pambayaraning kuli sami kirang.

Gêdhong papan anggêgana ing Kêmayoran. Miturut wartos, gêdhong papan anggêgana ing Kêmayoran, Bêtawi, pandamêlipun badhe kawiwitan wontên wulan December ngajêng punika, kaangkah sagêda rampung salêbêtipun 6 wulan. Samantên punika manawi botên wontên pambênganipun, upaminipun jawah.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, R. Koesoemodarmodjo, juru sêrat klas 1 ing ondêr dhistrik Sragi, kabupatèn tuwin paresidhenan Pêkalongan, dados mantri pulisi paresidhenan Pêkalongan.

Kêbêsmèn wana. Ing kabudidayan Alacta, Jatitujuh, Majalengka, mêntas wontên kêbêsmèn kêbon karèt, salajêngipun latu mrèmèn dhatêng kabudidayan juragan Djaja tuwin dhusun Ujungjaya, Sumêdhang. Salajêngipun latu mrèmèn dhatêng Congean, tumrap ngriku ingkang kêbêsmi namung wana rungkudan kemawon. Wusana latu kenging kasirêp sarana ngawontênakên kalenan, lajêng sirêp saking kajêngipun piyambak.

Rêrigên ngajêngakên panyade randhu. Ing Paree sampun dangu caraning têtiyang sade randhu sami dipun ijokakên, nanging ing sapunika sarêng panyade wau sarana dipun rigênakên dening ingkang wajib, lajêng sagêd tumindak langkung sae. Ing kala rumiyin nalika taksih cara ngijo, petangipun 200 iji namung rêrêgèn 1 sèn, nanging ing sapunika sabên 250 iji sagêd pajêng 14 sèn. Awit saking kaparêngipun Departement van Economische Zaken, ing sapunika ing Paree dipun wontênakên ambtenaar ingkang dipun wajibakên nindakakên babagan randhu, malah ugi badhe dipun wêwahi adjunct Landbouwconsulent.

Gêdhong mlêsêk. Gêdhong N.K.P.M. ingkang dipun êdêgakên wontên ing Koningsplein, Bêtawi, kasumêrêpan bilih adêging gêdhong wau sabên dintên mlêsêk 3 mm. Dados kintên-kintên sawulanipun badhe ngantos dados 9 cm. Bab punika kamanah badhe ambêbayani, mila lajêng kawontênan rekadaya kapêndhêman cagak-cagak bêton ing dhasaripun.

Bab ura-uru ing Amuntai. Ing bab ura-uru ing Amuntai, Borneo, ing sapunika sampun pinanggih têntrêm. Cacahing tiyang ingkang nindakakên ura-uru wontên 70, kêcêpêng ingkang 50. Militèr tuwin veldpolitie têrus nindakakên pajagèn tuwin madosi tiyang sanès-sanèsipun. Miturut papriksan, têtiyang ingkang nindakakên ura-uru wau botên jalaran tuwuh saking babagan pajêg utawi gêgayutan kalihan paprentahan, nyatanipun tuwuh saking gêgayutan babagan agami tuwin nêdya ngawontênakên tindak sabilulah.

Kitha Surabaya badhe kadamêl pêtêng. Pangagêng militèr ing Surabaya mêntas ngawontênakên parêpatan, ngrêmbag ing bab badhe nindakakên mêtêngi kitha Surabaya ing wanci dalu, badhe katindakakên wontên ing tanggal 28 October 1937. Têtiyang ing salêbêtipun kitha Surabaya kapurih sami mêjahi dilah ingkang sorotipun ngantos dumugi jawi. Tindak pêtêngan wau wontên antawising jam 9 dumugi jam 12 dalu, nanging botên katêmtokakên wancinipun ingkang lêrês. Bab punika namung ngangkah supados tiyang sagêd kulina dhatêng sasmita sarana suwara, ing samôngsa ing kitha Surabaya, saupami katêmpuh ing mêngsah badhe andhawahakên bom ing wanci dalu. Bom ingkang badhe dipun dhawahakên minangka cobèn, punika sanès bangsaning barang atos tuwin landhêp, namung barang isi glêpung, manawi ngèngingi tiyang botên sakit.

Babagan padagangan tanah ngriki kalihan Siam. Ing wêkdal punika consul karajan Walandi ing Siam Tuwan I.G. Staderman nuju wontên tanah Jawi, pêrlu rêmbagan kalihan ingkang wajib, murih sêsambêtanipun padagangan Siam tuwin tanah ngriki sagêd imbang kados ingkang sampun. Ingkang wigatos supados parentah ing tanah ngriki ngicalana tatanan matêsi lêbêting uwos saking Siam, dene tumrap Siam inggih badhe ngindhaki pamêndhêtipun gêndhis saking tanah ngriki.

EROPA

Panggung rêbah. Ing nalika wadya Jêrman nuju ngawontênakên ajar pêrang-pêrangan wontên Langerath, kathah sangêt tiyang ingkang ningali wontên ing panggungan. Ing kalanipun wontên baris, langkung, têtiyang ingkang ningali sami hurmat ngadêg, panggung wau lajêng njungkêl mangajêng, têtiyangipun ingkang wontên ing panggung cacah 5000. Ambruking panggung wau alon-alonan, kathah tiyang ingkang kêtaton tuwin putung balungipun. Sakala punika prajurit ingkang langkung kaêndhêgakên lampahipun saha lajêng têtulung. Para agêng ingkang mriksani sami wilujêng, namung consul Belgie nandhang tatu sakêdhik. Kintên-kintên wontên tiyang 1000 ingkang linggihipun wontên ing wingking, têtiyang samantên wau kathah ingkang sami nandhang tatu. Sanalika ngriku wontên pitulungan dhoktêr, saha lajêng kabêkta dhatêng griya sakit ing Euskirchen.

Prancis tuwin Inggris nindakakên damêl. Gêgayutan kalihan wontêning prajanjian ing Nyon, Prancis ngangkatakên kapal torpedo pambujêng 6, saha sampun dumugi ing Oran, dene kapal torpedo pambujêng Inggris 5 labuh wontên Nur-Al-Kabir. Kajawi punika kapal kangge ambêkta motor mabur Prancis ugi bidhal saking Toulon dhatêng Oran. Lampahing dêdamêl wau pêrlu nganglang kangge anjagi kawilujêngan.

Irak migunakakên basanipun piyambak. Parentah Irak (Pèrsi) amara-marakakên, supados sawarnining panggaotan, pabrik tuwin dagang ing Irak, punapadene pang-panging sudagar-sudagar ngamônca supados migunakna basa Irak, inggih punika ing bab sêsêratan sapanunggilanipun. Tindak punika kêdah kawiwitan kasèpipun wontên tanggal 1 Januari taun ngajêng. Sawarnining karcisipun rakyat Irak botên kenging kangge basa warni kalih, kêdah namung ngangge basa Irak thok. Recept-recept dhoktêr inggih kêdah kasêrat ngangge basa Irak. Namung tumraping basa ingkang gêgayutan kalihan kawruh, kenging botên ngangge basa Irak.

ASIA

Pamrayogi rukun. Wontên wartos, awit saking pamrayoginipun Inggris, supados pasulayan ing Tiongkok punika tumuntêna sagêd rukun kemawon, saha miturutana panêdhanipun Jêpan. Wontênipun Inggris gadhah pamrayogi ingkang samantên wau, amargi Tientsien tuwin Peiping ugi sampun dhawah ing tanganing Jêpan, malah panguwaos Inggris ing Tiongkok lèr ugi kêwêngku pamawasipun Jêpan. Manawi Tiongkok pancèn nyata badhe rukun, Inggris kadugi nglantarakên.

--- 1231 ---

Wêwaosan

II. Lêlampahanipun Dhobrinya

16

6. Alyasa

Sadèrèngipun anglajêngakên lêlampahanipun Dhobrinya kasêbut ing ngajêng, kados ing ngriki prêlu nyariyosakên sakêdhik ing bab lêlampahanipun Alyasa. Mênggahing kadibyanipun satriya punika, namung satunggal ingkang dipun pèngêti, inggih punika kalanipun pêrang tandhing kalihan: Tugarin.

Nalika pêrangipun Alyasa mêmêngsahan kalihan Tugarin, punika miturut dêdongenganipun, saèmpêr kalihan pêrang tandhingipun Ilyamura kalihan Idholice. Amila botên anggumunakên bilih wontên golonganing tiyang ingkang botên nganggêp dhatêng pêrangipun tandhing Alyasa kalihan Tugarin wau, saha gadhah pangintên bilih punika namung dongèng gagasan kemawon. Miturut katêranganipun para pujôngga ing Ruslan, pamanggih ingkang makatên wau saèstunipun kalintu. Jalaran pancèn inggih lêrês, bilih kathah lampah-lampahipun ingkang sajak saèmpêr makatên, nanging manawi dipun tingali andharanipun ingkang talêsih, punika têtela kathah sangêt bedanipun, ngantos sagêd nuwuhakên pamanggih, bilih pêrangipun Alyasa kalihan Tugarin, tuwin pêrangipun Ilyamura kalihan Idholice, punika wontên piyambak-piyambak.

Mênggah pamanggihipun para pujôngga ing samangke, wontênipun dêdongengan pêrangipun Ilyamura kalihan Idholice sawadyabalanipun, ingkang wêkasan andadosakên tiwasipun Idholice sapunggawanipun sadaya, punika sajatosipun pasêmon anggènipun agami Kristên sagêd ngêndhih agami nyêmbah brahala. Makatên ugi ungguling juritipun Alyasa kala mêngsah kalihan Tugarin, punika inggih satunggiling pasêmon, mênangipun agami Kristên nalika kasêbarakên wontên praja Ruslan. Pambudidaya nyêbarakên agami Kristên wontên ing tanah ngriku, punika sayêktosipun sampun lami sangêt. Dene mênggahing Alyasa punika, lugunipun anaking pandhita Kristên. Amila inggih layak kemawon, bilih kala Alyasa sagêd ngasorakên yudanipun Tugarin wau, lajêng kaanggêp kadosdene satunggiling pasêmon mênangipun agami Kristên dhatêng agami nyêmbah brahala, amargi Tugarin wau ing kala samantên dipun anggêp dados dewa, ingkang sinêmbah-sêmbah ing têtiyang saindênging praja Ruslan. Pêrangipun ingkang kapisanan kalihan dewaning agami nyêmbah brahala wau, Alyasa nêdya badhe kêkesahan dhatêng Kiyèf. Murih sagêda luwar saking dayanipun dewa wau, Alyasa ngangge-angge ngemba tiyang sukci.

Alyasa sagêd ngawonakên Tugarin, sarta sagêd anglajêngakên lampahipun dhatêng Kiyèf. Nanging ing Kiyèf, agami nyêmbah brahala wau dèrèng ical babarpisan. Ing wusana Tugarin, ingkang mêntas sagêd dipun kawonakên juritipun dening Alyasa wau, wontên ing ngriku lajêng sinêmbah-sêmbah kadosdene dewanipun. Salajêngipun, Alyasa nantang dhatêng Tugarin supados sagêda aprang tandhing malih. Sang nata tuwin para abdinipun pisan, sadaya para kawula ing Kiyèf, makatên ugi para sudagar mônca, ingkang ing kala punika sami dêdunung ing kitha ngriku, sami yakin, saha sami anêmtokakên, bilih dewaning agami nyêmbah brahala têmtu badhe mênang juritipun, ngêmungakên pandhita agami Kristên ing Cèrnigop, ingkang amêsthèkakên dhatêng mênangipun agami Kristên. Wêkasanipun mila inggih yêktos, dewaning agami nyêmbah brahala wau sagêd dipun kawonakên, nanging agaminipun dèrèng sagêd kabibarakên. Dene ingkang sagêd ngentasakên babarpisan dhatêng agami nyêmbah brahala wau, botên sanès kajawi pun Ilyamura, anaking tiyang tani. Samangke ing ngriki kados wontên prêlunipun nyariyosakên sakêdhik ing bab pêrangipun.

7. Alyasa kalihan Tugarin

Enjing umun-umun, nalikanipun sadaya têtiyang ing kitha dagang: Rosto, sawêg sami sakeca-sakecanipun tilêm, wontên satriya kalih mêdal saking kitha prêlu nêdya alêlana dhatêng ing tanah jajahan Ruslan ngupados mêngsah ingkang kintên-kintên sagêd anandhingi kadibyanipun. Satriya kêkalih wau, ingkang satunggal nama: Alyasa, satunggalipun malih nama: Yakim, kalih-kalihipun sampun sami prasêtya salami-laminipun nêdya badhe dados mitra sêjati. Anggènipun lumampah turut margi agêng nuju mangidul, punika sampun sadintên muput, ewasamantên dèrèng sagêd amanggih para satriya, ingkang sakintên kenging kaajak pêrang tandhing, abên kêkiyatan punapadene abên wulêding kulit.

--- 1232 ---

Ing sakiwa têngênipun ngriku katingal sêpên nyênyêt sarta angajrih-ajrihi, ewasamantên samargi-margi botên wontên sato galak ingkang ngrêridhu dhatêng lampahipun wau. sarêng sampun mèh sirêp surya, lampahipun satriya kalih wau dumugi ing margi pratigan, wontên ing pojoking margi ngriku wontên selanipun agêng mawi sêratan. Ing kala punika Alyasa lajêng wicantên dhatêng mitranipun:

Dhuh, sadulurku sinara wèdi Yakim. Kowe kuwi luwih wêruh ing sastra katimbang aku, mulane, mara nyêdhaka ing watu kae, lan wacanên karêping tulisan ing kono.

Yakim mêncolot saking kapalipun, nyêlaki sela, sarta kanthi sora maos punapa ingkang kasêrat wontên ing sela wau, makatên:

Dalan kang siji anjog nyang kutha: Murom. Kang ôngka loro mênyang Cèrnigof, dene kang ôngka têlu anjog nyang Kiyèf, kutha karajane Prabu Wladhimir.

Sasampunipun maos makatên wau, Yakim apitakèn: Dhuh, sadulurku kang dak trêsnani, Alyasa, dalan sing êndi kang nêdya kok êtut.

Alyasa amangsuli: Bêcike padha ngêtuk[2] dalan kang anjog nyang Kiyèf bae, lan bisaa sowan mênyang ngarsane Sang Prabu Wladhimir.

Mitra kêkalih wau lajêng anglajêngakên lampahipun mêdal margi ingkang ôngka tiga. Ing sarèhning ing kala punika sampun wiwit pêtêng, lajêng sami nêdya nyipêng, inggih punika wontên ing ara-ara ingkang têbih ngrika-ngriki. Salajêngipun satriya kalih wau lajêng mandhap saking kapalipun saha adamêl pakuwon.

Sasampunipun: Alyasa nuntên mapan tilêm, lan panjagining kapal cêkap kapasrahakên dhatêng mitranipun.

Sarêng sampun enjing mitra kalih wau sami tangi, Alyasa raup sarta ngumbah tanganipun mawi toya bun, sasampunipun lajêng kasrêbetan mawi andhuk pêthak, jèngkèng ngajêngakên keblat anêmbah dhatêng Pangeranipun. Salêbêtipun punika Yakim mêndhêt kapalipun, kaombèkakên, sarta lajêng katuntun dhatêng pakuwon ngriku. Kapal dipun lapaki, sasampunipun mitra kêkalih wau lajêng anglajêngakên lampahipun, mêdal ing papan ingkang sêpên-sêpên. Wontên ing margi satriya kalih wau pinanggih kalihan satunggiling druwis. Mênggah panganggenipun druwis punika, sanadyan panggêsanganipun namung sarana ngêmis kemawon, sayêktos angedab-edabi. Inggih punika: tlumpahipun sulaman sutra pitung warni, mawi plisir bênang êmas, dene tungkaking tlumpah salaka, mantolipun wacucaling kewan ingkang kathah pangaosipun, topinipun modhèl Yunani, lan têkênipun ingkang ing nglêbêt growong kaisenan timah ingkang anjalari bobotipun awrat sangêt.

Druwis wau suka urmat dhatêng satriya kalih wau, sarta lajêng wicantên makatên:

Kula ngaturi kasugêngan panjênêngan, satriya prawira. Yêktosipun kula ngraos gumun, dene anggèn panjênêngan sakalihan nitih kapal punika, ing sêmu kanthi ayêming panggalih. Punapa panjênêngan botên uninga bilih wontên bêbaya ingkang nêdya ngancam ing salira panjênêngan sakalihan. Ing pinggir lèpèn Sapat ingkang sisih ngrika, kula sumêrêp Tugarin ngaglah ngadhang sintên tiyanga ingkang langkung ing ngriku. Mênggah ingkang nama: Tugarin punika, dêdêg-piadêgipun agêng inggil, lan kêkiyatan punapadene kaprawiranipun, saèstu tanpa tandhing. Kapal tumpakanipun, punika mawi suwiwi sarta kiyat sangêt, saking cangkêmipun asring mêdal latunipun, tuwin kupingipun kumukus.

Mirêng aturipun druwis ingkang makatên wau, Alyasa nuntên amangsuli:

Sadulur, aku kapengin bangêt nêdya mungsuh pêrang tandhing karo si pênyakit iku. Nanging ora bisa yèn sarana panganggoku sing tak ênggo saiki kiyi. Candhakên kêreku waja, towok, lan kudhungku waja iki, lan tampakna nyang aku: tlumpah, mantêl, tudhung, apadene têkênmu kang abot kuwi.

Pun druwis mituruti punapa panêdhanipun Alyasa. Salajêngipun, Alyasa nuntên mangangge cara druwis sarta lajêng amêthukakên Tugarin kasêbut nginggil. Alyasa botên ngantos dangu anggènipun ngupadosi, jalaran sawêg kemawon nyabrang ing lèpèn, saking katêbihan piyambakipun sampun sumêrêp pun panyakit akrêmbyah-krêmbyah dhatêng. Ingkang anggêrêng sora sangêt ngantos adamêl oyaging wit agêng-agêng ing sakubêngipun ngriku, tuwin adamêl aliting manahipun Alyasa. Sarêng Tugarin sumêrêp dhatêng tiyang ingkang angemba druwis wau, piyambakipun cariyos kalihan jêlih-jêlih makatên:

He, druwis, apa kowe ora wêruh utawa kowe ora krungu ana ing ngêndi parane Si Alyasa, niyatku nêdya arêp dak toblos towokku sing dawa iki, sarta nêdya tak obong ing gêni kang mêtu saka cangkême jaranku kiyi.

Alyasa amangsuli:

Kula ngaturi kasugêngan panjênêngan, o, Gusti Tugarin. Satriya ingkang kacêluk mênggahing kaprawiran lan kadibyan panjênêngan, kula punika sampun sêpuh, sampun sangêt suda mênggahing pamirêng kula. Nitik ebahing lathi panjênêngan ingkang katingal saking ngriki, kados panjênêngan paring dhawuh punapa-punapa dhatêng kula, sampun pisan dados panggalih panjênêngan, gusti, manawi panjênêngan saèstu paring dhawuh dhatêng kula, sajatosipun kula botên mirêng babarpisan. Amila panyuwun kula, mugi panjênêngan krêsaa anyakêt mriki.

Badhe kasambêtan.

--- 149 ---

Nomêr 38, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Palakrama

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 76

Lampah-lampahipun badhe ngupados jodho

Ing sakawit têmtu inggih dipun pilihakên ingkang sagêd jodho kalihan tiyang sêpuhipun, lajêng dipun gathuk-gathukakên kalihan lageyan sarta pamanahaning anakipun, sarana nglampahakên: dom sumurup ing banyu, inggih punika miji tiyang ingkang kenging dipun pitados yêktos, kapurih anyumêrêpi kalakuaning lare ingkang badhe dipun angkah wau, punapa sakintên sagêd jodho kalihan anakipun. Mêsthinipun inggih botên sagêd ngêplêki kados raosipun ingkang badhe nglampahi piyambak, ananging mênggahing tiyang sêpuh mawas kalakuan sarta lageyaning anakipun punika mlèncènga inggih botên têbih, dados sampun kenging kangge namtokakên dhatêng lare ingkang badhe dipun angkah wau. Dene pamilihipun lare ingkang rumiyin sagêda cocog kalihan tiyang sêpuh, punika lugunipun prêlu sangêt, lan inggih cocog kalihan dhêdhasaripun tiyang Jawi, kados punapa gêgambaranipun mantu ingkang botên cocog kalihan marasêpuhipun, panjênêngan sadaya sagêd anggalih piyambak.

Manawi angsal-angsalanipun anggènipun ngêdom-êdom wau sampun sagêd cocog kalihan sadayanipun, punika limrahipun anak jalêr lajêng angajak nontoni, supados sagêd sumêrêp warninipun calon semahipun, awit punika prêlu sangêt, manawi lare botên rêmên warninipun, sagêd ugi kirang sae kadadosanipun, dados têrangipun sampun wontên pilah-pilahipun. Bab pamilihing bibit, bèbèt, bobot, wontên tiyang sêpuh, bab pamilihing warni wontên lare.

Sêsemahan ingkang katindakakên mawi lampah makatên punika, inggih kathah ingkang sae kadadosanipun, nanging ugi wontên ingkang kirang sae, kados limrahipun sêsemahan cara sanèsipun, inggih sae, inggih wontên cacadipun. Makatên lampahing sêsemahan cara lami.

K. 1753

--- 150 ---

Kridhaning Para Wanita ing Tanah Ngriki

Sanajana sampun dados tata kalimrahan, manawi para wanita tumut-tumut malêbêt dados warganing pakêmpalan, nanging bokmanawi inggih wontin[3] saenipun, manawi ing ngriki kula damêl ancêr-ancêr sakêdhik, kangge têtimbangan mênggah lêlampahaning pakêmpalaning para wanita.

[Grafik]

Rara Siti Mariyam

Salah satunggiling pakêmpalan wanita ingkang sêpuh piyambak, inggih punika Wanita Utama ing Ngayogyakarta. Adêgipun sampun langkung saking 15 taun. Ing rumiyin namung wontên pang satunggal, inggih punika ing kitha Ngayogyakarta. Dene sapunika sampun anggadhahi golongan ing Surakarta, Ngayogyakarta, Purwakêrta lan Purwarêja. Kabêtahaning sadhengah golongan dipun adani ing pangrèh, dene sanginggiling golongan sakawan dipun adêgi pangrèh agêng.

Anggènipun anglampahakên padamêlan ing kalanganing pakêmpalan miturut kawontênan ingkang dipun bêtahakên, upami satunggiling golongan ambêtahakên wulangan kangge andondomi, ambêdhahi agêm-agêman (knipcursus) inggih lajêng dipun wontêni. Mèh sabên golongan gadhah sewan bala pêcah, sewan meja lan kursi, prêlu kangge nyadhiyani para warga ingkang badhe gadhah damêl, sagêda ngêdalakên arta sewan kanthi mayar. Makatên ugi mèh sabên golongan Wanita Utama gadhah arta simpênan kangge tulung warga ingkang kasripahan (fonds kematian).

Ing sakawit, Wanita Utama golongan ing Ngayogyakarta ngêdalakên kalawarti: Balewarti Wanita Utama. Sapunika kalawarti wau dipun pasrahakên dhatêng pangrèh agêng, punika andadosakên wiyaring têbanipun pakêmpalan. Ing sabên golongan lajêng kêduman kalawarti wau, ingkang lajêng sagêd murakabi ing ngakathah. Enggal-enggal mangke punika pangrèh agêng mêntas ngawontênakên konpêrènsi kalihan para golonganipun, prêlu ngrêmbag kabêtahaning pakêmpalan.

Nitik kawontênan ingkang sampun kêlampahan, pakêmpalan Wanita Utama punika adêgipun saya kêkah, tur inggih majêngipun nama botên pêksan, kanthi alon-alonan, nanging têmên lan têtêp.

Badhe kasambêtan

Siti Mariyam

--- 151 ---

Bab Dhêdhaharan

Ngaturi rêsèp, lumayanan kangge sadhèrèk ingkang blônja sakêdhik, tur namung mêndhêt pamêdalipun tanêman ing pakêbonan.

1. Manisan blimbing wuluh

Mundhuta blimbing wuluh sawijikan pèrès, dipun kumbah rêsik, lajêng dipun cocogi arnal satunggal-satunggal, lajêng dipun kum ing toya sarêm 1 sèn, toyanipun kalih wijikan panci, kangge ngêkum blimbing sadalu. Enjing dipun êtus, mawi irig dêling.

Lajêng anggodhog gêndhis 2 katos, toyanipun 2 wijikan. Manawi godhogan gêndhis sampun asrêp, blimbing kacêgurakên. Sabên enjing toya gêndhis dipun êngêt, blimbing dipun tus ing irig, makatên wau ngantos 3 dintên. Lajêng toya gêndhis kabucal, kasantunan toya gêndhis ingkang kênthêl. Gêndhis 3 katos, toyanipun 1 wijikan, patrapipun kados ing ngajêng, ngantos salêginipun blimbing, botên santun gêndhis malih. Manawi sampun lêgi lajêng kaêntas. Têrus kaêpe kawan dintên, sampun dados.

2. Agêr-agêr katès

Katès ingkang agêng satunggal, (katès matêng) dipun saring ing irig dêling. Agêr-agêr 3 iji, dipun godhog, toyanipun ½ gêlas. Manawi sampun ajur dipun paringi gêndhis 2 katos, têrus kagodhog, lajêng katèsipun dipun êmorakên, bilih sampun matêng, kaêntas. Manawi sampun asrêp, dipun iris-iris, lajêng kaêpe garing.

3. Glêpung pisang mêntah

Pisang raja, kêpok, byar, dipun oncèki, lajêng dipun parud mawi parud blèg (kokrok), lajêng dipun êpe garing. Manawi sampun garing kadamêla glêpung, lajêng dipun ayak ingkang alus, sampun dados glêpung pisang. Kenging kadamêl kuwih warni-warni, adamêl jênang, tuwin canthil, sakrêsanipun ingkang ngolah.

Bok Dirja, Banyumas

Bab Jampi

Sêdhah kagodhog mawi gêndhis batu kenging kangge jampi watuk, kaunjuk.

Bilih kringêt botên sagêd mêdal, prayogi badan dipun gosok (kakumbah) mawi godhong inggu kacampur kalihan cokak tuwin toya.

Jampi ngicalakên tuma

Isinipun srikaya ingkang sêpuh dipun bucal cangkokipun, lajêng dipun dhêplok. Sasampunipun lajêng kagodhog mawi lisah klêntik sakêdhik. Manawi sampun umob molak-malik (ampas sampun jêne) kaêntas, bilih sampun asrêp kasaring. Nganggenipun kados salimrahipun tiyang nglisahi rambut. Botên ngêmungakên tuma kemawon ingkang ical, ugi lingsanipun sagêd ical.

Supiyah. Banjar, Jatiraga

--- 152 ---

Tudhung Tanggêrang

Kados para maos sampun botên kêkilapan ingkang dipun wastani Tudhung Tanggêrang, mênggah kajêngipun, tudhung wau wêdalan ing Tanggêrang.

Tudhung Tanggêrang punika misuwuripun botên namung wontên ing tanah ngriki kemawon, ugi ngantos sumêbar dhatêng môncapraja. Kala ing taun 1887 Tanggêrang ngêdalakên tudhung dhatêng tanah ngamônca ngantos 145 yuta. Ingkang kathah piyambak dhatêng Prancis. Salajêngipun sapriki pangintunipun dhatêng tanah ngamônca ing sabên taun taksih lumintu.

[Grafik]

Tudhung wêdalan Tanggêrang punika kêgolong satunggiling padagangan ingkang sampun dangu tuwin ajêg pajêngipun, punika sababipun botên sanès, jalaran saking sae tuwin dipun bêtahakên ing tiyang kathah.

Ing ngajêng tudhung wau ingkang kadamêl dêling, ing sapunika ugi sampun migunakakên pandhan, warninipun pèni.

Mirid wontêning padagangan ingkang kados makatên punika, para maos tamtu sagêd manggalih pintên cacahing bêbau ingkang sami tumandang ing damêl, awit padamêlan wau sadaya mèh katindakakên ing tangan, sanès mêsin.

Mênggah sajatosipun padamêlan wau ingkang bab golongan nganam, ingkang kathah dipun tindakakên tiyang èstri, kados ingkang kacêtha ing gambar.

Manawi nitik kawontênan wau, tumrap tiyang èstri ing Tanggêrang, kenging dipun wastani botên badhe kasêpênan pangupa boga. Makatên ugi kêtitik bilih padamêlan wau pancèn mapan dados padamêlanipun tiyang èstri. Malah bokmanawi bab padamêlan anam-anam punika limrahipun sami dipun tindakakên ing tiyang èstri, nanging limrahipun namung dados padamêlan sambèn, upaminipun nganam gêlaran tuwin sanès-sanèsipun ingkang bangsaning anam-anam.

Ing pamuji padamêlan ingkang sagêd dados pangupajiwanipun tiyang èstri sumêbara ing pundi-pundi, saha sagêda angsal margi kadosdene ing Tanggêrang.

Catatan kaki:

1. wis. (kembali)
2. ngêtut. (kembali)
3. wontên. (kembali)