Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 67 Stu, Pn, 14 Jumadilakir, Ehe 1868, 21 Agustus 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm: tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun : Pangungsêt - Bab sêsakit edaning sêgawon - Kawontênan ing Mêsir - Kabangsan ing Papuah - Pandhu ing tanah ngriki sadumuginipun Rottêrdham - Kawontênan ing Lubuk Linggo - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Suka Sarana

Suka Sarana, punika pinanggihipun wontên ing pawayangan awarni danawa bajang, wujudipun sarwa kuciwa, inggih punika sadhèrèkipun Radèn Sumantri. Miturut katrangan ing Sêrat Arjunasasra wêdalan Bale Pustaka, candranipun sarwa botên kêpilih. Pêthikanipun :

[Dhandhanggula]

duk laire binuwang wanadri / ingkang rama sangêt merangira / de putra salah kadadèn / binuwang amrih lampus / jroning jurang parang tur curi / grêng ori pinggir jurang / pêpèrènge parung / yèku wana pangalapan / gèn drubiksa jalma mara jalma mati / tan ana wani ngambah //

nanging Sukasrana nora mati / pirang taun anèng wanapringga / diwasa tan mundhak gênge / kulit anjêruk purut / ulês cêmêng yayah minangsi / waja ngringih ngri pandhan / mringis sarta ampuh / irung têmpak bathuk banyak / netra lêgok gulu cêndhak pundhak kêpis / rambute arang abang //

gigir wusu wungkuk bokong nyanthik / nyakathakan pekoh pupunira / bèkèl tur bodong wudêle / yèn ngucap grawul-grawul / pêgat-pêgat nanging prak-ati / ala ratuning ala / saruning asaru / wil bajang kèh cacadira / suprandene maksih kaduman prak-ati / wantuning trahing tapa //

Ing bab kawontênanipun Radèn Sukasarana ingkang kados makatên punika, manawi dipun encokna dhatêng ngèlmon, tumraping tiyang kêdah angakêni bilih ugi kadunungan danawa bajang kados makatên. Namung tumraping panggrayang danawanipun ingkang pundi, tuwin kasêktènipun kados punapa, punika ingkang nuwuhakên panggagas.

Mênggahing panggrayang, rasêksa punika pindhaning kanêpson, tiyang tanpa kanêpson tamtu badhe sarwa tanpa tekad, nanging kanêpson wau tamtunipun inggih botên kenging namung dipun unggar, inggih kêdah pados kanêpson ingkang mawa kasêktèn, têgêsipun kasêktèn ingkang lèrèg dhatêng karahayon.

Sarèhning miturut nalar, karahayon punika botên purun amor kalihan ingkang botên rahayu (kanêpson), dados kanêpson ingkang awon punika sagêdipun pêpisahan santun dados rahayu, kêdah pêjah kados pêjahipun Radèn Sukasarana, ingkang lantaranipun tuwuh saking wasesanipun Radèn Sumantri. Dados mênggahing panggagap, pêjahing Sukasarana, punika inggih adêging Sumantri ingkang yêktos.

Nanging andharan ingkang kados makatên punika prayogi kaanggêpa kados omong kosong kemawon, murih amêldamêl. marêmipun ingkang dèrèng andungkap.

Cêkruktruna.

--- 1042 ---

Bab Kasarasan

Bab Sêsakit Edaning Sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64

Sanajan kala samantên para dhoktêr sampun sami pitados, bab pamanggih tuwin jampi suntikan ingkang kangge sêsakit miltvuur dhatêng menda utawi lêmbu, nanging pamanggihipun tuwan Pasteur ing bab wontênipun kruma utawi wisa ingkang sagêd nukulakên sêsakit edaning sêgawon, punapa malih bab wontênipun kruma (baksil) ing pundi-pundi panggenan utawi ing barang, lan kangge ngrêsiki utawi ngicali kruma wau dhoktêr lan sasaminipun kêdah ngumbah tanganipun rumiyin, prabot-prabot kêdah dipun godhog, makatên punika dipun anggêp lalawora.

Ing wanci dalu kulawarga Pasteur rampung dhahar têrus lêlênggahan ngêpang meja dhahar, nyonyah Pasteur matur: Punika wau panjênêngan tampi sêrat expresse saking Inggris, punapa kenging kula bikak. Tuwan Pasteur ngandika : Saka Inggris, mêsthine layang saka Lister, mara wacanên.

Katur paduka ingkang minulya dhoktêr Pasteur.

Sêrat sêbaran (brochure) panjênêngan ingkang mratelakakên bab infectie ingkang sagêd kadadosan ing pundi-pundi panggenan punika angeram-eramakên, para dhoktêr ing Inggris, sami sarujuk lan mufakat bilih para dhoktêr lan punggawanipun yèn badhe andêmèk utawi ngupakara tiyang ingkang sakit, kêdah rêrêsik tanganipun lan prabot potong kêdah dipun godhog utawi sanès-sanèsipun rumiyin. Ing Brussel lan ing Praag para dhoktêr sampun sami manut pranatan panjênêngan, griya-griya sakit sampun dipun tata manut pranatan wau, dados tiyang èstri ingkang badhe manak, prayogi kalêbêtakên ing griya sakit ing Brussel utawi Praag ingkang sampun wontên pranatan ingkang sangêt prayogi punika.

Pangandikanipun tuwan Pasteur: Annette bêcik diboyong bae nyang Brussel, dhoktêr ing Parijs kene ... durung mitayani.

Ingkang garwa matur : Panjênêngan punika dados sagêd mitulungi dhatêng tiyang èstri ingkang nglairakên jabang bayi kanthi wilujêng.

Tuwan Pasteur saking bingahipun akaca-kaca kados muwun, pangandikanipun lirih: O, Lister panggalih sampeyan punika barès tuwin suci, kula matur sangêt nuwun dhatêng wiyosing pangandika panjênêngan ing sêrat punika. Salajêngipun ngandika dhatêng ingkang garwa: Marie saiki pagaweanku luwih abot, amarga kudu ngudi lan anggolèki tômba kanggo nanggulangi lêlara edaning asu.

Botên dangu wontên suwara glodhagan kados kewan ing kandhang. Tuwan Pasteur tuwin ingkang garwa sami kagèt, ingkang garwa wicantênipun: suwara apa kae.

Tuwan Pasteur : Ora ana apa-apa, bokmanawa asu edan. Marie kowe anaa ing kene bae, dak mênyang Laboratorium nêmoni dhayoh. Ing ngajêng dalêmipun tuwan Pasteur pinanggih [pinang...]

--- 1043 ---

[...gih] tuwan dhoktêr kewan ambêkta sêgawon edan wontên ing kandhang, badhe kabêkta dhatêng Laboratorium, prêlu kadamêl cobèn tumrap papriksan wisanipun sêsakit sêgawon edan wau.

Sêgawon edan agêng wontên ing nglêbêt kandhang alit, dados glebagan tuwin sribêtan ngupados margi badhe mêdal, cangkêm lan congoripun gupak lan kêbak umpluk pêthak arêgêd.

Sêgawon wau lajêng dipun êdalakên saking kandhangipun dening Martel kalihan Roux kanthi ngatos-atos, dipun tangsuli kêncêng wontên ing meja potong.

Tuwan Pasteur ngandika: Cêkêlana sing kukuh lan kêncêng aku arêp anjupuk umpluke.

Tuwan Pasteur mêndhêt pipa gêlas pucukipun dipun tèmplèkakên ing congoripun sêgawon wau, pucukipun pipa ingkang dipun asta kasêrat dening tuwan Pasteur, umpluk lajêng sagêd lumêbêt ing pipa wau.

Ing wêkdal Tuwan Pasteur nyêrot ing pipa punika garwanipun lumêbêt ing Laboratorium matur: Louis bok inggih sampun dipun lajêng-lajêngakên makatên. Tuwan Pasteur mriksani ingkang garwa sarta ngandika: Aku mêsthi ngudi lan anggolèki tambane lêlara iki nganti kêtêmu, awit iki prêlu bangêt kanggo nulungi wong akèh.

Sasampunipun umpluk kalêbêtakên ing gêbyas alit, tuwan Pasteur ngandika : dêlêngên iki ora apa-apa.

[Iklan]

Ing wêkdal parêpataning para dhoktêr malih, ingkang dados pangarsa Dr. Charbonnet ingkang pancèn botên cocog utawi botên mathuk kalihan pamanggihipun tuwan Pasteur, lan botên pitados bilih kruma utawi kewan ingkang botên kasat mripat sagêd dados sabab anukulakên sêsakit edaning sêgawon utawi sêsakit sanèsipun, manahipun gêla sangêt dene para dhoktêr kathah ingkang sami amapali rêmbagipun, saha mathuk kalihan pamanggihipun tuwan Pasteur, punapa malih ing ngriku wontên dhoktêr Zaranoff saking Ruslan, minôngka utusaning nagarinipun nyuwun palilah ngadêg amêdhar sabda makatên :

Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

--- 1044 ---

Kawontênan ing Mêsir

Sampun sawatawis dangu, sasedanipun nata Mêsir suwargi, putra nata ingkang asma Faroek lajêng kajumênêngakên nata sumilih kaprabon ing Mêsir. Nanging sarèhning kala samantên dèrèng yuswa, jumênêngipun yêktos, ngêntosi manawi sampun diwasa.

[Grafik]

Sang Nata Faroek ing Mêsir nalika kajumênêngakên

Sarêng sampun dumugi dintên titimangsanipun, Sang Raja Faroek kajumênêngakên kanthi pahargyan manut tatacaranipun praja Mêsir, sang prabu lajêng nampèni pêdhang pusaka ingkang run-tumurun dhawah ing astaning nata Mêsir. Pahargyanipun ing kala jumênêngan wau ngantos adamêl orêging nagari, tiyang sapraja sami tumut suka, ningali dhatêng papan ingkang kangge tindak sang prabu.

Ing margi-margi ingkang dipun langkungi sang prabu dipun tatani baris bêbanjêngan tanpa pêdhot, para narapraja tuwin para pangagêng sami anggarubyug tindak nata, punapadene anjajari kêkapalan. Tindak-tandukipun sadaya sampun angiribi tatanan ing Eropah, bedanipun namung katitik anggènipun sami ngangge kopyah, ingkang dados tandhaning Islam, ewasamantên malah katingal sarwa mantêsi.

--- 1045 ---

Jumênêngipun Nata Mêsir Raja Faroek punika kenging dipun wastani kawontênanipun sarwa enggal, dumugining ingkang ngasta paprentahan luhur ugi santun tatananipun.

Manawi mirid kawontênanipun nagari Mêsir pancèn sampun dangu anggènipun ngawontênakên tatanan ingkang murih kamajênganipun praja, ingkang tumindakipun agêgayutan tatanan-tatanan lami ingkang sampun tumindak dasanan taun, kanthi ngawontênakên ewah-ewahan sagêdipun anocogi kalihan kawontênan ing sapunika.

[Iklan]

Pinanggihing kamajênganipun praja tansah mindhak-mindhak tuwin saya katingal dumugi môncapraja. Tumraping pangajaran, ing Mêsir misuwur wontên pamulangan luhur dhêdhasar Islam nama Al Azhar, punika sampun kasumêrêpan ing bab saening wulanganipun, mila kathah mahasiswa saking nagari pundi-pundi ingkang sami sinau mriku, malah para neneman ing tanah ngriki ugi kathah ingkang nglajêngakên sinau dhatêng Al Azhar, ugi sampun kathah ingkang lulus saha wangsul dhatêng tanah ngriki.

Malah ing bab ajênging pasinaon wau para pangagêng Al Azhar ing Mêsir angadani ngintunakên para neneman ing Mêsir ingkang lulus saking Al Azhar dhatêng pamulangan-pamulangan luhur ing Eropah, saha pinanggihipun amarêmakên, sami sagêd lulus pasinaonipun, wangsulipun dhatêng Mêsir sami ambêkta kawruh luhur. Mila salajêngipun lumintu tansah ngintunakên para mudha wêdalan Al Azhar dhatêng Eropah. Mênggah kajênging para pangagêng Al Azhar wau, supados mahasiswa ing ngriku punika sumêrêp dhatêng lêbêting agami Islam, nanging ugi nyumêrêpana dhatêng tata gêgayutanipun kalihan babagan umum.

Tumraping babagan kaprajuritan, pinanggihipun sampun botên nguciwani, dumugining wadya anggêgana pisan ugi sampun gadhah tuwin botên nguciwani. Malah nate ngawontênakên ajar-ajaran pêrang ing gêgana, tandangipun ingkang sami ulah pêrang sampun mitadosi, sagêd nindakakên anggêgana andhap tuwin alon, punapadene andhawahakên bom saking gêgana.

Ing bab kamajênganipun nagari Mêsir, saya dangu saya katingal, tuwin darajating praja saya mumbul. Ingkang dipun wastani kamajêngan wau inggih ing bab punapa kemawon. [ke...]

--- 1046 ---

[...mawon.] Saya tumraping gêgayutanipun Mêsir kalihan Inggris, punika pancèn sampun dangu tansah dados rêmbag tuwin ugi sakalangkung wigatos. Rêmbagipun nagari kalih wau wosipun botên sanès, tumrap Mêsir ngudi kamardikaning praja nglangkungana kados ingkang sampun.

[Grafik]

Arak-arakan jumênêngan

Sayêktosipun ing bab babagan punika sampun wiwit kala nata suwargi, malah minggahipun dumugi nata ing sanginggilipun inggih sampun wontên rêmbag. Nanging sarèhning babagan ingkang dipun kajêngakên wau botên cêkap dipun rêmbag dening nagari kalih punika kemawon, mila lulusing sêdya wau inggih ngantos dangu.

Sarêng jumênêngipun nata ing sapunika, bêbasanipun kantun manggih klasa gumêlar, kantun napak tilas punapa ingkang sampun wontên. Nanging sarèhning kawontênan enggal punika inggih kanthi wawasan enggal, tumrap panjênênganipun nata ing sapunika ugi lajêng nyarirani kanthi lêpasing panggalihanipun piyambak.

Namung sêsulakipun, nagari Mêsir ing wêkdal punika cinakêtan ing katêntrêman.

Pawartos saking Redhaksi

Sadhèrèk M. p/a sadhèrèk S. ing Kêbumèn. Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun kalintunan potrèt, tuwin ngaturakên pamuji, mugi sadhèrèk S.H. sagêda kadumugèn ingkang dados karsanipun. Namung sampun andadosakên cuwa ing panggalih, gambar babagan makatên punika pakèwêd kapacak ing Kajawèn, amargi ugi wontên panunggilanipun, botên kapacak.

--- [1047] ---

Pandhu ing Tanah Ngriki Sadumuginipun Rottêrdham

[Grafik]

Para Pandhu samandhapipun ing Rottêrdham lajêng nêningali dhatêng pundi-pundi, ugi dhatêng Kolonial Insêtitut ing Amsêtêrdham (gambar sisih kiwa nginggil piyambak). Sasampunipun saking ngriku lajêng dhatêng papan jambore ing Vogelenzang.

Ing ngriku katingal tandanging para mudha pandhu anggèning nyinau gambar papan anggèning badhe damêl pakuwon, tuwin pandamêlipun. Gambar nginggil tuwin ngandhapipun.

Sarampunging anggènipun tumandang ing damêl, lajêng sami tumindak caraning gêsangipun pandhu wontên ing purug, wontên ingkang sami ambêkta roti ingkang sampun dipun iris-iris, wontên ingkang sawêg sêsarêngan nêdha. Wontên pandhu saking tanah ngriki gitaran ngrumpaka kawontênanipun tanah ngriki wontên ngajêngipun tiyang kathah ing wanci dalu.

--- 1048 ---

Tanah Dalah Tiyangipun

Kabangsan ing Papuah

Nadyan sampun kathah buku-buku, sarta andharan-andharan kawrat ing kalawarti utawi ariwarti, ingkang nêrangakên kawontênanipun kabangsan ing Papuah, nanging orean kula punika mêksa kula suwunakên papan wontên ing udyana Kajawèn ngriki, lowung bokbilih sagêd mêwahi jangkêping katêrangan-katêrangan sawatawis bab kawontênanipun têtiyang siti ing tanah Papuah, Niugineyah. Dene ingkang badhe kula aturakên punika, kalêmpakan saking sêsêrêpan kula piyambak, angsal-angsal saking sawênèhipun priyantun ingkang sampun sawatawis dangu kondur angajawi, saking anggèning nglampahi wajib dados priyantun pangrèh praja ing tanah Papuah, tuwin saking cathêtan-cathêtan sanèsipun.

[Grafik]

Bôngsa Mêmbaramo, Papuah.

Ing salêbêtipun pulo Papuah ingkang jêmbar sangêt punika, botên ngêmungakên dipun dunungi têtiyang siti ingkang taksih wanan kemawon, kados pangintênipun sadhèrèk Jawi ingkang kathah-kathah. Nanging inggih ugi kathah têtiyangipun siti ingkang sampun tata, malamalah. bokmanawi cacah jiwanipun langkung kathah tinimbang ingkang taksih wanan. Sarta sanadyan dêdunung wontên ing papan ingkang hawanipun bêntèr, ugi wontên ingkang pakulitanipun pêthak. Dene dhêdhapukaning tatacaranipun inggih sampun angèmpêri kula sadaya punika, nanging sarèhning botên sêsrawungan kalihan jagad agêng, kamajênganipun kenging winastan botên wontên, utawi rêndhêt sangêt.

Ingkang badhe kula oreakên ing ngriki, dede bôngsa ingkang sampun tata punika, namung têtiyang wanan ingkang taksih wungkul.

Kathah ingkang gadhah pangintên, bilih têtiyang wanan ing Papuah, ingkang limrah winastan tiyang: kayah-kayah (Kaya-Kaya), punika sadaya taksih galak-galak, damêlipun ngupados mangsan sasamining tiyang, pinrajaya dagingipun katêdha. Pangintên makatên wau kirang lêrês. Ingkang kathah-kathah namung manawi prêlu purun mrajaya mêngsahipun, nanging kurbanipun punika lajêng katilar lumajêng. Anamung nyata, sadaya tiyang wanan ing ngriku doyan nêdha ulam mêntah.

Ingkang sampun kasumêrêpan têtêp pakantuking panitipriksa, [paniti...]

--- 1049 ---

[...priksa,] têtiyang wanan satanah Papuah nadyan pêprejengan sarta adat tatacaranipun katingal mèh sami, nanging sayêktosipun botên namung sabôngsa. Ing Papuah jajahan karajan Nèdêrlan kemawon, ingkang sampun kasumêrêpan wontên pitung bôngsa ingkang agêng, inggih punika:

1. Bôngsa : Marin (Marind-anim)

2. Bôngsa : Dhigul (Digul-anim)

3. Bôngsa : Kanum (Kanum-anim)

4. Bôngsa : Jahubi (Jahubi-anim)

5. Bôngsa : Jab (Jab-anim)

6. Bôngsa : Makli (Makleew-anim)

7. Bôngsa : Jae (Jee-anim)

Dene ing jajahan Ostrali, wontên 5 bôngsa ingkang agêng, inggih punika :

1. Bôngsa : Bao (Bau-anim)

2. Bôngsa : Angke (Anke-anim)

3. Bôngsa : Mirmir (Mirmir-anim)

4. Bôngsa : Garimbo (Garimbo-anim)

5. Bôngsa : Marir (Mareer-anim)

Pikantukipun cathêtan kabangsan Papuah kados kasêbut ing nginggil punika, ing sadèrèngipun tanah Papuah asring dipun dhatêngi para andon lêlana, sarta dèrèng dipun pariksa dumugi ing papan-papan têngah badhe kangge papan kolonisasi sarta kabudidayan pêpêlikan, kados kawontênanipun samangke.

Bab kabangsan ingkang pinanggih enggal punika, ing wingking kemawon badhe kula susulakên kaandharakên ing ngriki.

Mênggah satunggal-satunggaling bôngsa ingkang agêng-agêng wau, taksih kaperang-perang malih awarni kabangsan alit-alit, nama-namanipun trêkadhang miturut namaning sêsêpuh ingkang nurunakên, wontên ingkang miturut namaning padhusunan ingkang dipun dunungi, utawi namaning lèpèn sacêlaking papan padununganipun kemawon. Katêranganipun sawatawis kados ing ngandhap punika :

[Iklan]

1. Bôngsa Marin

Pamanggènipun wontên talatah jajahan Nèdêrlan ingkang sisih kidul, saurutipun lèpèn: Muri. Mangetan saurutipun lèpèn: Urambi, dumugi sacêlakipun: Mario, taksih ambalèbèr mangetan malih, dèrèng kasumêrêpan dumugi ing pundi watêsipun. Anamung ing sisih wetan sakiwa têngênipun lèpèn: Kondho, wontên garombolan kabangsan alit-alit pamanggènipun pêncar, wontên papan-papan botên têbih kalihan padununganipun bôngsa Marin, sarta mirid tatacara sarta trajangipun angèmpêri manawi taksih turun Marin. Ewadene têtiyang Marin manawi mastani dhatêng bôngsa alit punika: Poanim (Po-anim) têgêsipun: bôngsa ngamônca.

Badhe kasambêtan

S. Sudirja

--- 1050 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kawontênan ing Lubuk Linggo

IV

Garèng : Wis, Truk, kaya-kaya saiki wis cukup anggonmu gawe propagandhah utawa reklamê mungguhing kolonisasi ing Lubuk Linggo. Nanging nèk saka panêmuku, apa sing kok caritakake kabèh kuwi mau, kêna dak arani: teori, dadi mung gêgambarane bae. Kowe jarene nêksèni dhewe kaanane ing kana. Hla, saiki aku arêp takon, kêpriye mungguh praktike, yaiku mungguh kaanane sing têmênan, apa iya cocog karo sing koobrolake kabèh mau kuwi.

Petruk : Saiki tak carita apa anane ing kono, kaya sing tak sumurupi dhewe. Kang Garèng, aku yakin, yèn sadurung-durunge, malah bokmanawa sadurung-durunge kaum kolonis paja-paja têka, ing kono wis ditandangi kang kanthi ngêpêng bangêt, murih gawe kêpenake, utawa ngènthèngake, sanggane para kolonis mau.

Garèng : Wèh, reklamê manèh. Hla kok ora lèrèn-lèrèn, ta, Truk, anggonmu gawe propagandhah kuwi.

Petruk : Lho, mêngko sik, ta, Kang Garèng, aja guru-guru mêcohi wong omong mêngkono, sing tak omongake iki lugu mêtu saka ati sukci, ora mung adol cao, alias omong kosong bae, anggonku kôndha sadurung-durunge wis ditandangi kanthi ngêpêng têmênan, kuwi ana bukti-buktine, Kang Garèng, kaya ta: nalikane aku têka ing Lubuk Linggo, kuwi anane kolonisasi durung lawas, lagi ana têlung sasinan, ewadene wis ana dalane sing ômba lan nècis - maune - kang kêna diambah motor, otobis, dhokar lan sapêpadhane.

Garèng : Wèh, hla iya lowung bangêt, dadi para kolonis, saka sêtatsiun Lubuk Linggo anjoge nyang tanah kolonisasi ora prêlu ngodhok, alias nunggang kapal, nanging bisa nênunggang, kaya ta: nunggang otobis upamane.

Petruk : Sadurung-durunge para kolonis padha têkan ing kono, aku yakin, yèn alas sing arêp diparingake marang para kolonis, kuwi wis diborongake nyang wong partikulir, kang kanthi waragad sasayahira., supaya dibabadi. Lan saperangan gêdhe iya wis kalakon dibabad rêsik - maune - sarta nalikane aku [a...]

--- 1051 ---

[...ku] ana ing kono, anggone padha babad iya durung dilèrèni.

Garèng : Sukur, sukur, dadi wong-wong kolonis, satêkane ing kono, mung kèri : toncap-tancêp, toncap-tancêp, tandur bake.

Petruk : Iya mula mêngkono - karêpe. Kajaba iku, ndara ajung lanbo, yaiku sawijining priyayi sing diwajibake nata têtanèn ana ing kono, aku yakin, Kang Garèng, sadurung-durunge iya wis tumandang gawe kanthi ngêpêng lan rajin bangêt. Malah ora mung sêmono bae, uga ambudidaya supaya para kolonis, dhog, têka ana ing kono wis bisa duwe pangasilan sawatara. Mulane lêmah sing wis dibabad bakal kanggo omah lan pakarangane wong-wong kolonis mau, saka krêsane ndara Ajung Lanbo mau, sadurung-durunge kaum kolonis paja-paja têka, banjur padha ditanduri rupa-rupa, kaya ta: kacang, pohung, kara lan sapadhane. Dadi wong-wong kolonis têka ing kono, saora-orane wis bisa anjangan utawa ngluban : lêmbayung, godhong tela lan sapadhane - karêpe.

Garèng : Wèh, iya lowung bangêt, Truk, kanggone wong tani, anggêre ana bêras lan uyahe, ana janganane sing kaya ngono kuwi mau, wah, iya wis bisa ropyan-ropyan têmênan.

Petruk : Iya, Kang Garèng. Sadurung-durunge ing tanah kono wis diyasani los-los sing gêdhêm-gêdhêm, minôngka kanggo pondhokane wong-wong kolonis sing mêntas têka lawase patbêlas dina. Hla, sajêrone patbêlas dina i-[...]Naskah sobek. wong kudu yasa omah dhewe-dhewe. Paku diparingi sêkati, payon, blêkêtepe iya diparingi sacukupe, kayu mung kèri anjupuk bae, arêp apa manèh. Môngka diparingi kalonggaran yasa omahe mau lawase patbêlas dina, wong iya mung gawe omah barès-baresan bae, kathik ditemponi patbêlas dina, wis luwih saka cukup, Kang Garèng. Ora kêna ora, wong-wong mêsthi bisa olèh panggonan sing brukut - karêpe.

[Grafik]

Garèng : Haiya, nèk pancèn wis ana pirantine kabèh, yasa omah sing mung prasaja kêna kanggo turu bae, patbêlas dina iya wis cukup bangêt. Ora, Truk, tak rungok-rungokake, omongmu kuwi pungkasane anggêr-anggêr kathik ana gonge, sanadyan le ngunèkake lirih, yaiku sabên-sabên diêgongi, nèk ora nganggo têmbung: maune, iya: karêpe. Mungguh maksudmu bae apa, Truk, mara, têrangna nyang raka para kang nganti prêmati.

--- 1052 ---

Petruk : Lho, kuwi mangkene, Kang Garèng. Aku yakin bangêt, krêsane panggêdhening kolonisasi pancèn utama lan luhur bangêt, yaiku mula nyata nêdya anggampangake lan ngènthèngake sing dadi sanggane para kolonis mau, ewasamono isih ana bae sing nacad, sing mada, ngunèkake kurang iki, kurang iku. Ing kono ora dielingi, yèn panggêdhening kolonisasi mau iya mung titah ora beda aku kowe iki. Dadi iya bisa salah petungane, lan bisa kaliru rêmbuge. Kaya ta : nalikane kaum kolonis têka ana ing Lubuk Linggo, akèh sing padha ngangluh lan padha angrêsula, jarene: dalane kaya dalan kêbo. Lêmah sing kanggo omah lan pakarangane anjêmbrung, sing kanggo sawahe, isih wujud alas grêng, nèk mung patbêlas dina bae, ora cukup kanggo digawe yasa omah, lan sapêpadhane.

Garèng : Lho, nyatane kêpriye, kowe rak mrana dhewe, dadi iya bisa anêksèni kaanane ing kana sing têmênan, pangangluhe mau maton apa ora.

Petruk : Aku wis kôndha, Kang Garèng, sanadyan panggêdhe, iya mung jênêng titah bae, dadi iya bisa kliru petungane. Nèk anggone arêp gawe ènthènge sanggane kaum kolonis mau, aku mula yakin têmênan, buktine : kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp kabèh mau, nanging sêmune kaliru pangitunge: môngsa. Bokmanawa petungane kala samono, wulan Mèi isih masa têrang, nganti kira-kira tumêkane wulan Agustus. Mulane tumuli cekat-cèkêt diwiwiti babad alas, gawe dalan saka Lubuk Linggo tumêkane ing kono, ing besuk wulan Juni tumêkane Agustus, yèn kaum kolonis urut-urutan padha têka, isih môngsa têrang. Saka sêtatsiun Lubuk Linggo tumêkane ing papan kolonisasi, kaum kolonisasi basabisa. diusung nganggo oto bis kanthi gêmlèdhèg, sabab dalane wis sêtrikan. Tumêkane ing panggonane, tumuli padha bisa cekat-cèkêt yasa omah, sabab têrang mlinthang, sauwise banjur bisa tumuli tandur, sabab alase wis dibabad rêsik, lan sapadhane. Lho, mangkono petungane. Ananging iya uwong, sok bisa salah wèsêl, dumadakan barêng ngarêpake kaum kolonis padha têka, udane awan bêngi tanpa lèrèn, dalane sing wis digarap bagus, saka dayaning udan banjur malih dadi : dalan kêbo. Babade, jalaran saka udan têrus-têrusan mau, kapêksa kudu dilèrèni, pakarangan sing wis dibabad rêsik, banjur kêthukulan rungkudan rupa-rupa, wong-wong kolonis padha ora bisa anggarap omahe, kang anjalari wêktu rong minggu mau cupêt bangêt, mêngkono sapiturute. Dadi saupama kaanan ing kolonisasi ing Lubuk Linggo ora cocog karo sing dipropagandhakake, kuwi dudu salahe pranatan kolonisasi, nanging salahe alam, kang ora ambantu, nanging malah angguna gawe mau. Nanging, prêcayaa nyang aku, yèn wong-wonge ora wêdi lan ora gigrig marang godha rêncananing alam mau, nanging malah saya tumêmên anggone nindakake kuwajibane, tak tanggung, pungkasane mêsthi bisa: sênêng lan ropyan-ropyan. Wis, bab kolonisasi padha dilèrèni samene bae.

--- 1053 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Punggawa N.I.S. Badhe ngêdêgakên pakêmpalan tunggil damêl. Wontên wartos, para punggawa N.I.S. ing Sêmarang badhe ngawontênakên pêpanggihan, pêrlu ngrêmbag bab badhe ngudi saening para punggawa golonganipun. Ingkang badhe mangajêngi parêpatan punika tuwintuwan. I.S. Sapoetro.

Padagangan auto majêng malih. Miturut wartos, ing sapunika padagangan auto majêng malih, pabrik-pabrik band saya kathah pandamêlipun, pabrik Goodyear ngantos nyambutdamêl rintên dalu, tumrap Generaal Motor, ing sabên wulanipun ngrakit auto ngantos 400.

Secretaris Gezantschap der Nederlanden ing Jedah. Mr. R. Moehamad Moesa Natadjoemena ingkang katêtêpakên dados Secretaris kasêbut nginggil, ing sadèrèngipun pangkat kasampirakên nyambutdamêl wontên ing kantor Inlandsche Zaken, pêrlu nyinau babagan badhe padamêlanipun. Ing sapunika sampun katêtêpakên bidhalipun benjing tanggal 18 Sèptèmbêr numpak kapal Pulo Tello, bidhal saking Tanjung Priok.

Mahamakên babagan têtanèn. Wontên wartos, tuwan van den Beele, directeur-generaal babagan têtanèn tumrap jajahan België, badhe dhatêng tanah ngriki, pêrlu mahamakên babagan têtanèn. Rancanganipun badhe wontên ing tanah Jawi 2 wulan, salajêngipun dhatêng Sumatra, ing wêkasaning wulan December dhatêng Federated Malay States.

Babagan punggawa Praja. Departement Economische Zaken. Kakèndêlan anggèning dados landbouwopzichter ing Landbouwvoorlichtingsdienst ing paresidenan Molukken ing Saparua, tuwan M.M. Matullatuwa. Kakèndêlan kanthi hurmat anggèning dados landbouwleeraar ing Situbondo, R. Safioedin Soerjopoetro. Kakèndêlan kanthi hurmat anggèning dados mantri vruchtenteelt ing Banyuwangi, R.P. Koesno.

Pakaryan Kasarasan. R. Soetomo, Gouvernementsarts, kawajibakên mulang babagan sêsakit kulit tuwin sêsakit wados ing Nias, Surabaya. M. Dajat Hidajat, Gouvernementsarts ing Surabaya, kawajibakên mulang babagan sêsakit lare wontên ing Nias. R. Soerjatin, Hoofd-Ind. Arts partikelir, kawajibakên mulang bab ngupakara tiyang sakit ing Nias.

Pèngêtan adêging Sangkoro Mudo. Pakêmpalaning para darah ing Ngayogya ingkang nama Sangkoro Muda ing Ngayogya, kêlampahan sampun ngawontênakên paargyan mèngêti adêging pakêmpalan sampun kalih windu, manggèn wontên ing sociteit De Vereeniging. Lamining paargyan tigang dalu, dalu ingkang kapisan kangge para warga ing salêbêting kitha, dalu ingkang kaping kalih kangge para warga sajawining kitha, dene dalunipun ingkang kaping tiga, kagêm para luhur. Paargyanipun ingriku botên nguciwani, jalêr èstri sami guyub anggèning sami nyambutdamêl. Têtingalanipun warni-warni sarwa nêngsêmakên. Ingkang dados pangalêmbana tuwin adamêl sêngsêm, punika ungêling gêndhing Sangkoro Mudo, panggêndèr, panggambang tuwin ingkang ngêmpul sami wanita, binarung ing kothekan lêsung, ugi dipun tindakakên ing para wanita.

Pitulungan wulangan tumrap tiyang ingkang botên gadhah. Kawartosakên pangajênging Pêrguruan Usaha Kita ing Pasebanweg, Bêtawi, sagah nampèni lare anakipun tiyang ingkang botên gadhah sinau wontên ing pamulangan ngriku. Bayaraning sêkolah namung miturut kêkiyataning tiyang sêpuhipun. Dene wulanganipun kados H.I.S., tumrap schakelschool ingriku kados tatanan Gupêrmèn.

[Iklan]

Congres P.K.N. ing Ngayogya. Kawartosakên, ing tanggal 21 tuwin 22 wulan punika Pakêmpalan Kawula Ngayogyakarta badhe ngawontênakên congres, ingkang dipun pangarsani dening B.P.H. Soerjodiningrat, wontên dalêmipun B.P.H. wau piyambak. Ingkang badhe karêmbag babagan pêrluning pakêmpalan, kajawi punika mawi kawontênakên têtingalan warni-warni.

Panyadean kabêtahan post ing sanès panggenan. Kala taun 1936 pakaryan Post ngawontênakên cobèn-cobèn sadhesade. prangko sapanunggilanipun wontên ing sanès panggenan, pêrlunipun supados anggampilakên dhatêng têtiyang ingkang sami badhe tumbas. Ing salêbêtipun taun 1936 wau sampun sagêd nyade prangko rêrêgèn f 70.000.-. Dados cobèn-cobèn wau pinanggihipun sae.

Kaderschool. Wiwit benjing tanggal 1 November ngajêng punika badhe kawiwitan mbikak cursus kaderschool tumrap militèr wontên ing Malang. Murid enggal ingkang badhe dipun tampèni wontên 1000, cacah samantên punika ingkang bangsa Eropa wontên 400. Sarèhning cacahipun samantên, sagêd ugi wulanganipun ugi salong katindakakên dening ondêr upsir.

Lindhu ingkang kraos ing Jawi Têngah. Sampun sawatawis dintên ing Jawi Têngah kraos wontên lindhu mradini ing pundi-pundi. Miturut pinanggihing tandha-tandha ing Observatorium ing Bêtawi sagêd ugi pinangkanipun saking Bali ing papan ingkang lêbêt sangêt. Nanging samantên punika dèrèng kenging dipun têtêpakên, taksih ngêntosi katrangan saking sanès-sanès panggenan.

Krudhuk tumraping wanita Islam. Pakêmpalan Nahdatul Ulama ing Bandung mêntas parêpatan mawi nyêdhahi para ahli agami Islam, ngrêmbag pêrlu punapa botên tumraping wanita Islam ngangge krudhuk. Rêmbag bab punika dèrèng wontên karampunganipun.

--- 1054 ---

[Grafik]

Kêbêsmèn. Inginggil punika gambar kêbêsmèn ing Embong-Malang, Surabaya, nanging rahayu sagêd kêtulungan, latu botên têrus mrèmèn ing liya panggenan malih.

Bab badhe lampah anggêgana ing wanci dalu. Sampun dangu wontên rêmbag badhe ngawontênakên lampah anggêgana saking Bêtawi dhatêng Surabaya ing wanci dalu, nanging dumuginipun sapunika dèrèng kalampahan, sadaya kabêtahan taksih katindakakên mawi sêpur kilat. Wontênipun dèrèng kêlampahan wau, amargi pêpadhang tumraping Surabaya, Bêtawi tuwin Bandung dèrèng rampung panggarapipun, makatên ugi ing bab wontêning pirantos radio ingkang kangge nyumêrêpi prênah ugi dèrèng rampung. Tuwin malih ing bab badhe lampah punika inggih taksih wontên salêbêting pêpetangan tuna-bathinipun.

Usul ing bab militie tiyang siti. Usul ing bab dipun wontênakên militie tiyang siti, botên dipun parêngakên ing Parentah, mênggah sabab-sababipun, sapisan waragadipun kathah sangêt, kaping kalihipun tumrap wadya sakêdhik ingkang mawa pangajaran sampurna punika sampun nyêkapi, tinimbang kathah ingkang tanpa pangajaran. Makatên malih manawi ngèngêti wontênipun wadyabala ing tanah ngriki ugi sampun kathah tiyangipun siti. Kajawi punika tumraping prajurit ingkang manggènipun wontên sajawining tangsi, punika kirang prayogi.

Pambikakipun Mulo Jawa ing Surakarta. Kala dintên Ngahad kêpêngkêr, Mulo Jawa ing Surakarta kalampahan sampun kabikak. Pamulangan Mulo wau madêg saking ada-adanipun Vereeniging Mardi-Rahayu, manggèn ing Ngadisuryan. Ingkang sami dhatêng anjênêngi kathah kalêbêt wêwakiling pakêmpalan warni-warni punapadene pers. Inspecteur Inlandsch Onderwijs ing tanah karajan Jawi tuwan Mulder ugi anjênêngi, kanthi tamu bangsa Inggris, Inspecteur Inlandsch Onderwijs ing Uganda (Afrika-Wetan), ingkang nuju lêlana wontên tanah ngriki. Pangarsaning Mardi-Rahayu mêdharsabda ing bab adêging Mulo punika, kanthi ngandharakên ing bab tatananing wulangan ing pamulangan warni-warni, ingkang wêkasanipun mratelakakên ing bab kajênging adêgipun pamulangan punika.

Kreta restauratie enggal. Werkplaats S.S. ing Manggarai wiwit anggarap kreta-kreta restauratie enggal, gagrag enggal. Jandhelanipun kadamêl langkung wiyar, kasami kados dene sêpur kilat dalu. Lêbêting angin botên kados ingkang sampun.

Ngudi kawilujênganing tanêman ing Malang. Miturut katrangan saking parêpatan provincie, kala taun kêpêngkêr tanêman randhu ing bawah distrik Pare, Ngara tuwin Ngantang, botên dados, makatên ugi tanêman klapa inggih awon. Tanêman jêram tuwin kênthang ing Malang tuwin Tênggêr sami kêtrajang ing sêsakit. Bab punika Parentah badhe maringi bibit ingkang kalis ing sêsakit.

Residen Burgerhoudt ngaturakên barang kina. Gêgayutan kalihan anggèning badhe verlof residen Burgerhoudt ing Surakarta, kala sowan dhatêng ngarsadalêm Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana, ngaturakên tandha pangèngêt-èngêt awarni sêsupe kina damêlan Indu, sêsupe wau sampun umur 700 taun.

Undur-unduran tuwin ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Wetan, tuwan Abdoelrasid Sastrodiwirjo, wêdana ing Grêsik, kakèndêlan saking padamêlanipun, amargi kalêpatan. Mr.M. Harmani, wêdana ing Blitar, paresidenan Kêdiri, kaingsêr dados wêdana ing Grêsik; paresidenan Surabaya. M. Soehari Hadinoto, wêdana ing Timur Laut, Kabupatèn Sumênêp, paresidenan Madura, kaingsêr dados wêdana ing Kalisat, Kabupatèn Jêmbêr, paresidenan Bêsuki.

ASIA

Lèpèn Gangês bêna. Miturut wartos ing tanggal 16 Augustus, lèpèn Gangês bêna. Wontên dhusun 2000 ingkang sami kêlêban toya, ngantos kêpisah kalihan panggenan sanès. Lubèring lèpèn Gangês wau wontên pitung pang, jalaran saking agênging jawah. Kathah ingkang sami nandhang kasangsaran, makatên ugi karisakan ugi agêng. Salajêngipun tuwuhing kasangsaran saya sangêt amargi lajêng anjalari kêkirangan têdha. Para wajib tuwin pakêmpalan-pakêmpalan lajêng sami rêrigên madosakên pitulungan.

EROPA

Pikramèn Agung. Kala tanggal 15 wulan punika ing gêdhong Nagari ing Lausanne Zwitserland ngêsahakên pikramènipun Prins Augustus Czartorysku kalihan putri kapenakanipun tilas Raja Alfonso XIII ing Sêpanyol, asma Prinses Maria Dolorès ing Bourbon-Orleans. Ingkang dados saksi pangantèn kakung Graaf van Parijs, putranipun pambajêng Hertog de Guise, dene saksi pangantèn putri Prins Alfonso ing Bourbon.

Prahara tuwin jawah agêng ing Inggris. Ing London mêntas wontên prahara tuwin jawah agêng ingkang awis kasumêrêpan ing para sêpuh ingriku. Ing salêbêtipun satêngah jam margi-margi ing kitha sampun kêlêban toya, sawarnining têtumpakan sami kandhêg lampahipun. Sêpur-sêpur botên sagêd lumampah têbih. Para têtiyang ingkang sami wangsul saking padamêlan kêpêksa sami ngrubyuk.

Assurantie Jerman ngewahi tatananipun. Kawartosakên para babadan assurantie ing Jerman sami nêtêpakên, bilih sawarnining panggaotan ingkang kintun barang langkung utawi ngambah Jêpan, Korea, Mansukuo tuwin Tiongkok, kêdah mêwahi têtanggêlan tumrap kawilujênganing barang-barangipun wau.

--- 1055 ---

Wêwaosan

Kramanipun Prabu Wladhimir.

5

Saking bingahing manahipun, ing ngriku Dhune lajêng kalair têmbungipun makatên :

Kula sampun nate dêdunung wontên ing pitung nagari, sampun nate anjajah pintên-pintên praja, nanging salaminipun dèrèng nate kula mêthuki wanodya ingkang endah ing warni, saha ingkang kula melikakên supados dadosa têtimbangan kula. Ing samangke wontên ing madyaning pêrang, sarana dêdamêl kula, kula sagêd angsal wanodya, ingkang kadosdene sampun tinakdir ing Pangeran dados jodho kula. Miturut pawartos, panjênêngan sampun anglampahi pêrang tandhing rambah-rambah, lan pintên-pintên prajurit ingkang sampun panjênêngan kawonakên. Nanging ing têmbe manawi sampun têtêp dados têtimbangan kula, sangêt ing panyuwun kula, supados salajêngipun panjênêngan kèndêl anggèn panjênêngan jumênêng prajurit wanita, tuwin kagungana tindak-tanduk kados wanita limrah. Ingkang punika panuwun kula, wiwit ing wêkdal punika ugi, panjênêngan krêsaa lukar agêm-agêman panjênêngan prajurit, saha tumuntêna ngagêm cara wanita. Sasampunipun tumuntên bidhal anglajêngakên lampah dhatêng Kiyèf, sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Wladhimir. Ing ngriku mangke kula kêkalih sagêda tumuntên kadhaupakên miturut pranataning agami, ingkang dados gêgandhulan kula kêkalih.

Tanpa amangsuli punapa-punapa, sang putri lajêng lumêbêt ing pakuwon papan pasareanipun ingkang rayi Dèwi Aprasiyah, lukar agêm-agêmanipun kaprajuritan saha lajêng angrasuk busana kados caraning wanita limrah. Sasampunipun makatên, kalih-kalihipun lajêng nyengklak kapalipun malih, saha lajêng bidhal bêbandhangan nuju dhatêng nagari Ruslan.

4. Kraman

Dumuginipun ing Kiyèf, Dhune tuwin Dèwi Natasiyah mirêng pawartos, bilih Dhobrinya tuwin sang putri Dèwi Aprasiyah sampun sawatawis dangu dumugi ing kadhaton, malah ing kala punika Sang Prabu Wladhimir tuwin Sang Putri Aprasiyah sampun mèh kadhaupakên. Dhune tuwin Dèwi Natasiyah lajêng enggal-enggal nuju dhatêng kadhaton. Sadumuginipun ing ngajêng kadhaton, kalêrêsan Prabu Wladhimir tuwin badhe garwanipun miyos saking kadhaton, badhe tindak dhatêng ing greja prêlu badhe kadhaupakên.

Rênaning panggalihipun putri kêkalih wau, sarêng sagêd pêpanggihan wontên ing ngriku, botên kenging kapindhakakên. Saking bingah-bingahipun, putri kêkalih wau lajêng rêrangkulan sarwi muwun. Makatên ugi Prabu Wladhimir, sarêng sampun kaaturan priksa babad-babadipun kanthi cêkak aos dening pun Dhune, rênaning panggalihipun sayêktos tanpa upami. Ingkang langkung-langkung adamêl bingahipun sang prabu wau, dene utusanipun kinasih, sampun pinaringan jodho satunggiling wanita ingkang endah ing warni tuwin utami dening ingkang Murbèng Bawana.

Salajêngipun sadaya wau nuntên sami sêsarêngan bidhal dhatêng ing greja, prêlu badhe kadhaupakên. Putri kêkalih wau lajêng santun sam angrasuk agami miturut agami ingkang dipun ênut ing para kawula saindênging nagari Ruslan. Ing ngriku para putri lajêng sami dipun agêm-agêmi kutha êmas ingkang rinonyok ing sêsotya, rikmanipun kaore langkung angrêspatèni. Kadosdene padatanipun, putri kêkalih wau kêdah sami prasêtya. Salami-laminipun nêdya sêtya tuwin mituhu dhatêng ingkang raka, salajêngipun pangagênging agami lajêng paring brêkah dhatêng para ingkang mêntas dhaup wau.

Sasampunipun makatên, pangantèn enggal kalih jodho wau, kagrubyug dening para pangeran, para satriya, prajurit, punapadene para panakawan kraton, kondur dhatêng kraton. Ing ngriku sampun wiwit dipun wontênakên pahargyan, laminipun kalih wêlas dintên. Pahargyan wau botên namung dipun wontênakên ing salêbêtipun kraton kemawon, nanging sang prabu paring darma arta pintên-pintên, amrih ing saindênging praja sagêda tumut angramèkakên kramanipun sang prabu wau.

5. Dhune tuwin Dèwi Natasiyah

Ing satunggiling dintên, inggih punika dèrèng watawis dangu sabibaripun pahargyan kraman wau, para pangeran, satriya tuwin para prajurit sami ngêmpal wontên ing salêbêting kadhatona prêlu ngaturi kasugêngan dhatêng pramèswari nata. Ananging sang prabu botên amarêngakên para ingkang sami sowan wau lajêng sami tumuntên wangsul. Awit sadaya wau badhe kadhawuhan kêmbul andrawina, amila ing kala punika lajêng dipun wontênakên pahargyan malih, ingkang adamêl marêming para tamu sadaya.

Danguning pahargyan sampun sadintên muput. Dhêdhaharan manekawarni tuwin unjuk-unjukan anggur tuwin konyak, prasaksat tanpa wontên kèndêlipun. Ewasamantên dèrèng wontên sulak-sulakipun, bilih pahargyan badhe dipun pungkasi namung dumugi samantên kemawon, [ke...]

--- 1056 ---

[...mawon,] malah katingalipun, sarêng dilah-dilah ing salêbêting kadhaton sampun dipun sumêt sadaya, pahargyan saya rame. Gêntos-gêntos anggènipun sami unjuk-unjukan, ing sakawit minôngka kasugênganipun para pangantèn enggal kalih jodho wau, lajêng kasugênganipun sang nata piyambak, sang pramèswari, makatên sapiturutipun.

Ing sakawit ing sêmu kadosdene inuman kêras wau botên andayani babarpisan dhatêng para tamu, nanging dangu-dangu lajêng kathah para tamu ingkang sami kliyêng-kliyêng, saha ingkang wusananipun adamêl ènthènging ginêm. Wiwit punika para tamu lajêng sami umuk-umukan rêbat unggul. Ingkang santosa nyariyosakên ing bab kakiyatanipun, ingkang bêsus, ngumukakên ing bab panganggenipun ingkang sarwa èdi. Wontên malih ingkang lajêng ngandharakên ing bab kadibyanipun ulah pêdhang, sanèsipun ing bab titisipun anggènipun anjêmparing, sanès malih nyariyosakên anggèning mumpuni ing bab nututakên kapal tuwin anumpaki kapal ingkang sakalangkung bandhol, ingkaingkang (dan di tempat lain). tipis panggraitanipun ngumukakên tiyang sêpuhipun. Ingkang bodho ngalêmbana ing bab kasêtyanipun ingkang èstri ingka taksih anèm tur endaendah. ing warni. Ing kala punika Dhune ingkang ing sêmu sampun mêndêm, dumadakan lajêng ngadêg saking palinggihanipun, saha lajêng kawêdal wicantênipun makatên :

Ing Kiyèp ngriki kados botên wontên satriya utawi prajurit satunggal-satunggala, ingkang nyamèni kadibyan kula. Awit ngêmungakên kula piyambak, ingkang kautus dening sang prabu sowan dhatêng nata ing Litowên, sagêd wangsul malih amboyong putri kalih.

Ing sêmu Dèwi Natasiyah botên rêna mirêng aturipun ingkang raka ingkang makatên punika, ing wusana lajêng kawêdal pangandikanipun makatên :

Rungokna, kakang, aja giri-giri angalêmbana mungguhing kadibyanmu dhewe, awit mungguh sanyatane mono iku durung sapiraa. Iya bênêr aku durung pati suwe ana ing nagara Kiyèf kene, ewasamono sing tak sumurupi wis akèh. Sasumurupku, ing kene ora ana satriya, kang kakuwatane, apadene cikating tandang-tanduke kayadene : Samson. Ora ana kang wasise nunggang jaran, kaya: Mikalo. Ora ana kang ngungkuli alusing tandang-tanduke utawa micarane, kayadene: Dhobrinya. Ora ana satriya utawa prajurit, kang angluwihi bagus lan utamane kaya Sang Prabu Wladhimir. Dene ing bab titising manah kiraku ora ana kang ngungkuli aku, Natasiyah, putri saka nagara Litowên. Yèn kakang arêp nyatakake, mêngko tak aturi. Ali-aliku êmas iki, tak êdêgne ana ing sadhuwuring mastakamu, ing saburining ali-ali tak dèlèhane lading kang landhêp bangêt. Lan saka ing panggonan kang dohe kira-kira limang atus pêcak, mêngko aku tak anglêpasake panahku kaping têlu urut-urutan. Ing kono kakang bakal anguningani dhewe, yèn panahku têlu pisan, bakal nalusup ing ali-ali, sarta angênani landhêping lading mau nganti sigar dadi loro kang padha gêdhene, lan padha bobote. Panah têlu pisan mau ora bakal nyenggol ali-ali kang ana ing sadhuwuring mastakamu.

Mirêng pangandikanipun ingkang garwa ingkang makatên punika, Dhune sakalangkung anggènipun lingsêm, ewasamantên mêksa botên purun ngawon, nanging malah lajêng wicantên makatên :

Dhuh, jiwa ragaku, kaya bênêr apa kang kokandhakake mau. Mulane ayo, saiki padha mêtu ing alun-alun, andadar sapa kang luwih titis anggone manah.

Salajêngipun Sang Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari, kadhèrèkakên para tamu sadaya, lajêng miyos saking kadhaton, têdhak dhatêng alun-alun.

Kacariyos, sarêng sadaya sampun sami nglêmpak wontên ing alun-alun, Dhune lajêng ngadêg wontên ing panggenan ingkang sampun katamtokakên, lajêng nyandhak sêsupenipun ingkang rayi Dèwi Natasiyah, kapasang ing sirahipun, lan salajêngipun, ing wingkingipun sêsupe, ugi wontên ing sanginggiling sirah, kapasangan lading ingkang sakalangkung landhêp. Sang Putri Natasiyah lajêng ngasta gandhewa tuwin jêmparing, saking papanipun ingkang raka wau, lajêng mundur kirang langkung gangsal atus pêcak. Sasampunipun lajêng mênthang gandhewa ingkang dipun sipatakên dhatêng prênahing sêsupe, sarta lajêng anglêpasakên jêmparing. Lampahing jêmparing saèstu langkung ing bolongan sêsupe tanpa nyenggol babarpisan, sarta pucukipun lêrês dhawah ing landhêping lading, ingkang sanalika punika sigar byak dados kalih, ingkang sami agêngipun, tuwin sami bobotipun.

Anggènipun anjêmparing sang putri wau ngantos rambah kaping tiga, lan angsal-angsalanipun botên beda kados ing nginggil, kanthi botên nyenggol sêsupenipun babarpisan.

Sadaya ingkang sami anêksèni sami gumun kalangkung-langkung, dene samantên kasagêdanipun sang putri anjêmparing. Sintên kemawon angakêni, salaminipun gêsang dèrèng nate nyumêrêpi tiyang titis anjêmparing kados Dèwi Natasiyah wau. Lan sadaya para prajuritipun Sang Prabu Wladhimir, ingkang sampun kacêluk titisipun anggèning anjêmparing, sami katingal lingsêm saha nilar ing papan ngriku, awit sadaya wau sami ngraos, bilih botên wontên ingkang badhe sagêd anyamèni mênggahing kawasisanipun sang putri anjêmparing wau.

Makatên ugi Sang Prabu Wladhimir, sakalangkung anggènipun gumun dhatêng titising panjêmparingipun Sang Dèwi Natasiyah wau, salajêngipun sang prabu nuntên amriksani Dhune kalihan mèsêm.

Tindakipun sang prabu ingkang makatên wau, saya adamêl ngigit-igitipun Dhune, ing wusana lajêng ngumbar suwara kirang langkung makatên :

He, Dèwi Natasiyah, saiki gênti aku kang manah. Ing mêngko babalbakal. têtela, yèn ing bab manah, aku ora bakal kalah. Wis, saiki tumuli masanga kaya aku mau.

Badhe kasambêtan

--- 129 ---

No. 33, Taun VIII.

Taman Bocah

Ingkang ngêmbani : Bu-Mar

Kawêtokake saminggu sapisan dening Bale Pustaka Batavia-Centrum rêgane sataun f 1.50 kêna kabayar sabên 6 sasi sapisan, bayar dhisik. Lêngganan Kajawèn lêlahanan.

Mangsuli Layang

Soewarni, Sarang (Lasêm). Kirimanmu layang isi lêlucon wis daktampa, bangêt panrimaku. Wah kaya apa sênênge ya Soe, adhi-adhimu padha mulih, sabab vacantie. Ayake ya ora jamak ramene ing omahmu. Yèn kowe arêp urun ngisèni T.B., iya bêcik.

Waidjah c/o Prawirosoekarto, Sêmplon 2b. Magêlang. Bangêt panrimaku kokirimi karangan "Panggawene lêmarèn dondoman." Lan kapacak dina iki.

Soekirno, Kaliwira Wonosobo. Layangmu wis daktampa kanthi bungah. Pêrkara panjalukmu, aku ora bisa mêsthèkake bisa kapacak utawa ora. Yèn kira-kirane gambar-gambar mau cêtha sarta karangane ora pati kêdawan, iya banjur kapacak, dadi bu Mar kudu wêruh dhisik, mula ya gambar-gambar mau kirimna bae nyang bu Mar, yèn kabèh mau bisa kapacak, ya bangêt andadèkake sênênging atine ibumu.

Soepartinah, Danurêjan No. 295. Ngayogya. Bangêt andadèkake sênêngku kowe mêrlokake kirim layang pitêpungan nyang aku sarta aku bungah dene kowe saiki anggatèkake maca T.B. Karanganmu uga wis kêtampan.

Tien, karangan-karangan kabèh kudu nganggo basa Jawa, ora kêna basa liyane.

Sri Roekmi, Surabaya. Kirimanmu lêlucon wis kêtampan, nanging aja pisan dadi atimu, iku kabèh ora bisa kapacak, sing no. 1 kurang prayoga, dene sing no. 2, akèh kanca-kancamu sing ngirimi lêlucon mêngkono.

S. Soenarni p/a R. Moeljawihardja Mangkoejoedan Solo. Layangmu isi karangan wis daktampa kanthi sênênging atiku. Yèn kowe arêp têpungan karo bu Siti Marjam, ya coba ta ngaturna layang dhewe, panjênêngane dadi guru ing pamulangan H.I.S. Buitenzorg.

Soenarni, dene yèn kowe kêpengin têpung karo Sri Mastuti, Handini, Niek, adrèse ya golèka dhewe ta, ing Kêjawèn kang lawas-lawas, aja kongkon bu Mar. Pêrkara adrès-adrès bu Mar rak ya ora apal kabèh ta, awit saking akèhe. Dene yèn jênênge bocah-bocah mono, sing wis tau utawa kêrêp nglayangi ya mêsthi kèlingan.

Soelastri p/a Djajawirana, Mangkubumèn Solo. R. Soebroto p/a M.P. Djojomanarso, Kadipiro Ngayogya. Soetijah p/a R. Soedardjo Schrijver A.W. Gunungwungkal. Soembarti Bumiayu. Djapar p/a Djajasekarta Soeromendoeran Ngayogya.

Kirimanmu lêlucon aku wis tampa, ora liya bangêt panrimaku.

Oemi Kajatoen p/a M. Hardjoprawiro. Residentslaan 85 Madiun. Aku bungah bangêt, dene kowe bisa munggah nyang klas 7 lan adhimu nyang klas 5. Muga-muga lêstaria anggonmu padha sinau, lan tahun ngarêp kowe bisaa mbacutake sêkolahmu nyang Deventerschool utawa Huishoudschool utawa liya-liyane. Oemi, aja pisan-pisan ngarêp-arêp portrète bu Mar, yèn kêpengin wêruh ya têkaa ing Bungur Jawa No. 8.

S. Soendjaja. S. Karsimin lan M. Doeri. Sukur, dene kowe arêp padha milu urun ngisèni T.B. Kaping pira anggonmu padha nonton Pasar-Malêm lan saiki apa wis bubar?

M. Soebroto lan Soenarjo, bocah têlu ing dhuwur iki kêpengin têpungan karo kowe, dene adrèse mangkene: p/a M. Sastrodihardjo Banyubiruweg No. 6 Salatiga.

R.M. Soerarkono p/a R.M. Ng. Atmosoetardjo, Madyataman Solo. Aku wis tampa layangmu kang isi karangan lêlucon.

Timan Surabaya. Sukur yèn kowe wis têpungan lan mundhak sêdulurmu Soedjiman lan Soebroto Ngayogyakarta.

S. Har Surakarta. Bangêt bungahku kokirimi layang manèh sarta isi karangan. Kowe pitakon apa bu Mar sok nyêtèl Solo. Wah ya kêrêp bangêt. Har, cêtha S.R.V. tinimbang S.R.I. Lan kowe takon apa sing daksênêngi, Har. Yèn gêndhing Jawa, kaya ta: Gambirsawit Sêmbunggilang, Srikaton, Kututmanggung, Prawanpupur, Sinomparijatha, Puspawarna, Kinanthi pawukir, Kroncong lan èprèt-èprèt kala-kala ya sênêng uga, nanging sêdhela-sêdhela bae ora kêsuwèn.

Soepijah, Jatirogo. Pêmbatangmu sandi pêpêthan bênêr lan kirimanmu lêlucon wis daktampa kanthi bungah.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 130 ---

Pintêr Nabuh Viool

[Grafik]

Gambar kang kacêtha ing sisih iki, gambare bocah bangsa Eropah, kang umure lagi 10 taun wis dadi jêmpolan nabuh viool.

Dhèwèke wis sok main ana gêdhong-gêdhong kumidhi gêdhe lan ingarêpe bangsa ahli musik. Kabèh wong sing ngrungokake padha kamitênggêngên sarta gumun wêruh lan krungu kapintêrane anggone miool. Kang iku jênênge bocah mau banjur kêsuwur ing ngêndi-êndi. Bocah-bocah mêsthine rak ana uga sing pintêr nabuh musik, ta? Pancèn kapintêran musik iku pêrlu uga disinau, sabab musik iku sawijining ngilmu kawêkêlan kang bisa nggumbirakake ati. Ing pamulangan diwulang mênyanyi lan saiki ana uga kang diwulangi nabuh têtabuhan.

Donga Kang Bisa Ambadharake Wêwadi

(candhake)

Wong-wong ing kono kang padha krungu banjur padha gumuyu lan banjur padha ngarani yèn dhèwèke wong owah. Kaya apa rasane Ali Chambyah, barêng dhèwèke diarani wong owah mau. Dhèwèke banjur nangis sênggruk-sênggruk karo nyambat wong tuwane. Kêbênêran ing wêktu iku ratune ing nagara kono pinuju kondur saka anggone pêpriksa ing bawahe. Barêng têkan ing alun-alun Sang Ratu mirsa akèh wong padha ngrubung-ngrubung bocah cilik kambi digêguyu lan diunèn-unèni. Sang Ratu banjur dhawuh supaya titihane kreta diêndhêgake. Sawise kretane mandhêg, Sang Ratu banjur utusan salah sawijining senapati marani bocah kang dirubung-rubung ing wong akèh mau. Ora lêt suwe senapati kang diutus wis bali karo anggawa bocah. Ali Chambyah banjur ditunggangake ing titihane kreta Sang Ratu lan têrus digawa nyang kêdhaton. Satêkane ing kêdhaton Ali Chambyah didangu Sang Ratu : "Le jênêngmu sapa?

Ali Chambyah mangsuli : "Nama kula Ali Chambyah, Gusti."

Sang Ratu : "Genea kowe mau nangis lan dirubung ing wong akèh?

Ali Chambyah : "Inggih Gusti, kula wau badhe sade donga, pêrlu kangge tumbas sêkul, nanging botên wontên ingkang purun tumbas, malah kula dipun gêgujêng lan kula dipun wastani tiyang ewah."

Sang Ratu : "Lho, donga apa kang arêp kodol iku?"

Ali Chambyah : "Anu Gusti, nalika bapak kula badhe ngajal mitungkas dhatêng kula, manawi benjing sangajalipun bapak, kula kapurih ngatos-atos. Saha bapak criyos manawi botên sagêd nilari punapa-punapa, kêjawi donga. Ing sarèhning wêkdal punika kula luwe sangêt lan badhe tumbas sêkul botên gadhah arta, donga wau badhe kula sade."

Sang Ratu : "Rupane dongane kaya apa, mara tuduhna aku, mêngko daktukune."

Ali Chambyah : "O botên kok wujud barang ngatên Gusti, punika donga namung êmèl. Mêkatên Gusti êmèlipun : "Hèm, hèm, saya sudhah tau." Dene anggènipun ngêmèlakên makatên punika, manawi badhe nindakakên padamêlan punapa-punapa."

Sang Ratu barêng midhangêt têmbunge Ali Chambyah mau, arêp gumujêng, nanging diêmpêt, awit rumaos wêlas.

Ali Chambyah banjur didhawuhi nyang buri, njaluk mangan marang juru mêdharan, lan sabanjure Ali Chambyah diparingi pagawean dadi tukang ngêrok jaran.

Kacarita patihe Sang Ratu yaiku Abdulgani, arêp duwe niyat ala marang Sang Ratu, yaiku ampile Sang Ratu arêp diêpèk. Kêkarêpane kang kaya mangkono mau ora bisa kêlakon awit arang-arang wong kang entuk malêbu ing kêdhaton kono. Ing sarèhne watake Abdulgani mau pancèn ala bangêt, mulane dhèwèke golèk rekadaya supaya bisa kêlakon kaniyatane mau, lan sêdyane dhèwèke arêp ngarah sedane Sang Ratu. Yèn ing têmbe Sang Ratu bisa kalêksanan seda kang ora bisa kasumurupan ing wong, dhèwèke bisa kalakon nggêntèni kalênggahane. Dhèwèke uga wis sok kongkonan uwong, dikon nyedani Sang Ratu, nanging tansah ora bisa kêlakon, awit ora ana wong kang bisa lumêbu ing kêdhaton kêjaba mung senapatine Sang Ratu.

Ana candhake

Amien Soemari.

--- 131 ---

Panggawene Lêmarèn Dondoman

Anjupuka klonthongan rèk kang gêdhe 8 iji. Klonthongan mau ancurên dhisik nuli tumpuk-tumpukên dadi 2, dadi mapat-mapat. Klonthongan rèk mau ing sabên satumpuk ing sisihe ancuran. Yèn wis rampung, nuli gathukne karo sing satumpuk. Nuli ngguntinga gombalan kira-kira ambane 2 cm, dene dawane kira-kira cukup karo kanggo pita. Gombalan mau nuli ênggonên nalèni pinggire klonthongan mau, turahane yèn isih dawa tibakna ing têngah-têngahe klonthongan mau. Supaya ênggone mbukak slorokaning klonthongan gampang, ing sabên slorokan pasangana bênik, supaya kukuh, anggonmu masang bênik dondomana kaya dene yèn masang bênik ana ing kotang. Supaya katone pèni, sadurunge dipasangi pita (sadurunge ditalèni) buntêlên dluwang dhisik kang padha karo klonthongane kang ora ana tulisane. Yèn wis lagi ditalèni nganggo pita. Iki kanggo wadhah bêkakas dondoman kang cilik-cilik.

[Grafik]

Waidjah, Magêlang.

Lêlucon

Tambane dhêmên tiru-tiru

Pak Suka duwe kêthèk njilma bangêt. Sasolahe pak Suka ditirokake : mangan ya mangan, udud ya udud, wis mèmpêr bocah sing ngglidhig kae.

Sawijining dina Pak Suka lunga nyang nggone tukang cukur, kêthèke ora kêna kari. Satêngahe Pak Suka dicukur, kêthèke ngawasake bae. Barêng tukang cukur wis rampung anggone ngêrik brêngos, ladinge sing mingis-mingis disèlèhake. Ing nalika ngêwèhi bayaran Pak Suka krungu kêthèke jêrit-jêrit sambat lara, barêng ditiliki, jêbul ingon-ingone kêplenthas irunge karo lading panyukuran. Karêpe arêp tiru-tiru ngêrik brêngos.

S. Har, Surakarta

Ing pamulangan

Guru : "Din, golèka têmbung sing cocog karo kaanane."

Mardin : "Kodhok - têka-têka ndhodhok."

Guru : "Ya bênêr, kowe Sa."

Tarsa : "Kepang - mangke kula tepang."

R.M. Soerarkono, Surakarta

Bocah kang lurus

Bapak : "Nggèr, yèn ana mindring nagih, kandhaa yèn aku ora ana ngomah."

Anak : "Bapak arêp nyang ngêdingêndi. ta?"

Bapak : "Arêp nyang kandhang pitik."

Ora antara suwe mindring têka banjur takon : "Nyang êndi bapakmu?"

Anak : "Ora ana ingomah."

Mindring : "Ah goroh, sabên-sabên ora ana, bokmanawa ndhêlik ing jêro omah."

Anak : "Bapak lunga têmênan, nyang kandhang pitik, ing burine omah, ora ana ing jêro.

Soepijah, Jatirogo

Dolanane murid

5 6 5 4 3 5 6 5 4 3

1 2 2 2 2 2 5 6 7 1

1 3 2 1.

I.

Kanca-kancaku (X 2),

Yèn ora ana guru.

Aja padha rame ngguyu.

II.

Kanca-kancaku (X 2)

Ayo padha sinau,

Aja omong sêru-sêru.

III. Iki wajibe, iki wajibe,

Larangane guru,

Ora bakal daktindakake.

Wara Darinah, Bantool.

--- [132] ---

CRITANE ANTÊPING JAKA

(candhake)

Nêmu marganing kamulyan.

Sajrone Si Sucipta nglakoni mangkono, niyate sangsaya mantêp, wusana banjur olèh pitulunganing Pangeran, yaiku pinaringan marga kang gampang bisa olèh pagawean dadi jurutulis ana ing salah sawijining kantor gêdhe ing Bêtawi, dene blanjane f 25.- sasasi. Saka rumasa angèl anggone golèk, mulane anggone nglakoni kanthi diêmên-êmênake, supaya kanggêp panyambutgawene. Barêng wong saomah lan tangga têparone wis padha ngêrti yèn Si Sucipta wis olèh pagawean, atine padha bungah, lan padha muji sukur, dene Si Sucipta wis mêntas saka guwa kasangsaran, banjur diparingi dalan kang bêcik lan kapenak.

Mungguhing anane karo wong tuwane, prakara kabar-kinabaran ora dilalèkake, malah sangsaya anggone ngati-ati. Dene pêrkara dhèwèke wis nyambutgawe, wong tuwane durung dikabari, sabab niyate anggone mènèhi kabar mau ngiras karo tilik babar pisan.

Kira-kira wis 6 sasi Si Sucipta anggone nyambut gawe, awake wis rumasa têntrêm, panganggone wis nyukupi, samono uga cèlèngane wis ana f 50.-, tumuli duwe niyat nyuwun pamit 14 dina karo panggêdhene, pêrlu arêp tilik wong tuwane.

Panyuwune uga kalêksanan lan esuke budhal mênyang Cakra, panggonan kalahirane Si Sucipta.

Kaanane ing sêpur ora kacritakake, mung Si Sucipta tansah krasa sênêng awit bakal kêtêmu bapakne.

Kacarita kaananing bapakne dina iku tansah krasa ora kêpenak, turu ora bisa, mangan samono uga, apa manèh nindakake pagaweane, sangsaya andadèkake ora karu-karuan, mulane tansah lungguh ana ing ngarêpan ngêntèni apa kang bakal tumiba ing awake. Saya cêdhak lakune Si Sucipta, Kyai Sudagar atine sangsaya anggone trataban, ngunggakngungak. ngiwa nêngan,nêngên. gèk bakal ana apa dene samubarange tansah beda.

Barêng ngungak nyang ratan, ketok saka kadohan, ana sadho têka. Sajrone ngêmatake mau, ketok ana jêjaka siji kang nunggang, sarta nggêgawa kaya-kaya lagi têka saka ing ngamanca. Mangka sakiwa-têngêne desane lan uga ing desane dhewe ora ana wong kang ana ing manca kêjabane Si Sucipta. Saya suwe sadhone saya cêdhak, lan sing nunggang saya cêtha. Durung nganti kyai Sudagar alok-alok anake têka, Si Sucipta wêruh saka kadohan yèn bapakne ngadêg ing ngarêp omah sacêdhake dalan, banjur ngawe-awe, sarta undang-undang bapakne, jalaran saka sênênge.

Sawise sadho têkan ingarêp omah, Sucipta tumuli mudhun, mlayoni bapakne, lan bêbarêngan mlêbu ingomah. Saka bungahe nganti ora bisa takon-tinakon, mung padha mrêbês mili bae jalaran saka wis lawas anggone ora tau kêtêmu, lan bapakne banjur kagèt, dene têkane mau ora nganggo kabar-kabar dhisik, mulane banjur tansah gawe tab-tabaning ati, lan uga ora bisa mêthuk.

Ora antara suwe, sawise kêtêmu padha slamête, si Sucipta banjur dikon mlêbu nyang ngomah, salin panganggo lan ngaso sawatara. Kyai Sudagar lan bature nata-nata kang dadi gêgawane, diudhunake saka sadho, lan digawa mênyang sajroning omah, sawise rampung, kusir banjur dibayar sapantêse.

Nitik saka ananing gêgawane si Sucipta ora mèmpêr bangêt, anake bisa nggêgawa sing samono akèhe lan pantês, karo manèh sandhangane ora paja-paja bangêt karo nalikane mangkat, pêrsasat wis salin anyar kabèh. Nanging kang mêngkono mau, kyai Sudagar durung wani takon, lan saka panêmune esuke bae, yèn si Sucipta wis mari kêsêl. Kacarita sanak sêdulure lan tangga têparone barêng brungukrungu. yèn anake kyai Sudagar têka, padha enggal-enggal anggone tilik kêpengin wêruh mungguhing rupa lan kaanane. Kabèh padha gumun, dene ora ngira ora nyana si Sucipta bisa kaya mangkono anane. Awake sangsaya waras, mundhak dhuwur, cahyane sumringah, saya manèh anggone mênganggo ora mèmpêr bangêt yèn bocah desa; sing durung wêruh padha ngira yèn putraning priyayi, samubarange kang diênggo sarwa barès lan mantêsi, karo manèh sanadyan ing wêktu iku momoran karo wong padesan, unggah-ungguh lan tatacarane ora ditinggal, lan babar pisan ora duwe ati gumêdhe.

Barêng esuke Si Sucipta lan bapakne pinuju lêlungguhan disambi ngombe wedang kopi, Sucipta banjur nyaritakake kaanane ing Bêtawi, saka wiwit bêndarane ngalih nganti sabanjure, ora ana kang kliwatan.

Bangêt andadèkake bungahing bapakne, barêng krungu yèn anake lanang wis olèh pagawean, sarta pamêtune 25 rupiyah sasasine. Ananging ing batine uga nêlangsa, dene anake mêntas nandhang susah bangêt, bapakne ora krungu sathithik-thithika sarta gumun bangêt, kok nganti samono kaantêpane anake lanang. Kyai Sudagar uga rumasa, yèn anake ngeman bangêt karo wong tuwa. Anggone ora ngabari bab kasusahane, awit wêdi yèn bapakne milu ngrasakake susah.

Kyai Sudagar banjur calathu : "Wah Cipta, sapira bungahku lan aku rumasa bêgja bangêt dene kowe pinaringan bisa cêkêl gawe, kang wis lawas anggonku ngadhang-ngadhang, saiki wis kêturutan. Rèhne kowe wis oncat saka kasêngsaran, lan wis nêmu panguripan, ora liwat saka panjalukku, sing ajêg anggonmu têmên lan ngati-ati kaya sing uwis-uwis. Sing gêmi nanging aja cêthil, bèr nanging aja ngêbrèh, lan sing dhêmên têtulung ya Cip. Yèn kowe bisa ngelingi kang mangkono, sanadyana ora mulya uripmu, nanging bisa ngrasakake sênêng.

Ana candhake.

--- [1057] ---