Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 56, Rê Kli, 6 Jumadilawal, Ehe 1868, 14 Juli 1937, Taun XII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Bêngkulên - Panitikan sawung abênan - Tri arga jêjêring carita, nawung rahsa, rinipta ikêtan kina - Kawontênan ing Sêpanyol - Mariksani panangkaran ulam loh ing Calamadu Mangkunagaran - Balapan lumampah 4 dintên - Blilu tau - Wawasan badhe bidhal dhatêng paboyongan - Kabar warni-warni - Wêwaosan - Jagading wanita.

Bêngkulên

[Grafik]

Sawangan margi ing rêdi tanah Bêngkulên, Sumatra

--- 866 ---

Panitikan Sawung Abênan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 55

Dene sagêdipun kalampahan makatên, ing pamanah botên liya saking:

1. Pemahanipun dipun rêsiki sarta dipun pagêri ingkang rapêt, supados ayam-ayamipun botên sami saba ing pemahanipun tăngga. Pacêrènipun piyambak, inggih dipun rêsiki, sampun ngantos wontên cuwilan utawi rêmukanipun balung alit-alit pating bêcècèr. Godhong pisang matêng tilas silêp, utawi tilas buntêl mêniran, nagasari, sapanunggilanipun, kêdah botên kabucal ing pawuhan, ing latar utawi jogan, prayogi dipun bêsmi wontên ing pawon kemawon. Amargi sadaya wau bilih katêdha ing ayam, sami angèl dipun jur kalihan pangrêmêdan, lajêng sagêd andadosakên sêsakit. Nanging uwuh pawon saha gogrogan gêgodhongan saking wit-witan ing pemahan ngriku ingkang garing, prêlu kaklêmpakakên ngantos kathah, wontên ing jugangan ingkang lêbêtipun sadhêngkul, wiyaripun samètêr pasagi utawi langkung, kaprênahakên ing sabên pojokaning pemahan, kautamèn bilih jugangan wau wontên ing sangandhapipun dhapuran pisang, ngadat enggal dipun ênggèni ing rayap, tuwin kewan alit-alit sanèsipun, dados kabêtahanipun ayam, dipun cèkèri uwuhipun, rayap saha kewanipun alit-alit sanèsipun, dipun têdhani. Andadosakên kasarasan lan lêmanipun.

2. Kandhang panggenanipun tilêm, kêdah rêsik botên mambêt, kaangkaha sagêd sontan-santun hawanipun, sabên enjing têlèkipun dipun urugi awu, lajêng dipun sapu saha dipun timpali. Plangkringanipun kaangkah inggilipun satêngah mètêr kemawon, sarta kenging dipun rucati, supados kenging dipun isis sabên dintên, utawi kêrêp dipun labur, gêdhègipun inggih kêdah kêrêp dipun saponi saha kalabur, supados bilih wontên kewanipun ama ingkang tumèmplèk sami pêjah. Ing nglêbêt kandhang kadèkèkan pangombèn pangaron utawi cuwo, toyanipun ingkang rêsik, sabên dintên dipun santuni. Kadèkèkan kothak wadhah sabun kalih, ingkang satunggal dipun isèni rêmukan arêng ingkang êmpuk. Ayam sami bêtah punika, paedahipun ngrêsikakên padharan. Kothak wadhah sabun satunggalipun, dipun isèni krikil pêthak alit-alit sakêdhêle, ingkang botên alus saha botên bundêr, kautamèn bilih angsal rêmukan sela kambang, utawi sanèsipun, ingkang ragi ngêwrat gamping. Ayam inggih sami bêtah punika, kangge sarana ngrêmêt têtêdhan ingkang atos-atos.

3. Manawi măngsa bêntèr, supados kirang anggènipun kraos sumuk, kêdah kadamêlakên pakipon ing panggenan ingkang ajêg keyuban wangon, panjang wiyaripun kalih têngah kaki mubêng, kapilihakên ingkang sitinipun garing, dipun paculi satêngah kaki lêbêtipun, lajêng kaadhuk, bilih pating parongkal, dipun gêpuki, lajêng kasiram ing toya supados botên patos balêdug, lajêng kaêlèr mawi karêmêd, supados [supado...]

--- 867 ---

[...s] kenging hawa bêntèr, dados malêm sêpuh. Enjingipun lajêng kaklêmpakakên ing lêgokan panggenanipun suwau, mawi kapriksa manawi kirang mawuripun, kawêwahan pangrêmêdipun, punika lajêng kenging dipun kiponi, saha ayam sampun mathuk. Manawi kêtêlêsên utawi[1] botên mathuk. Salêbêtipun ayam kipu, kêdah kajagi sampun ngantos dipun cêlaki tiyang, saha kewan sanèsipun, sadaya wau sagêd nyandèkakên anggènipun kipu. Măngka kipu punika prêlu, kajawi nyêgêrakên badanipun, kalihan ngêdalakên gurêm, katut ing siti ingkang dipun gupakakên ing badanipun, inggih nyarasakên badanipun, dening dipun ebahakên sadaya, sami kalihan sêporêt. 4. Manawi măngsa jawah, supados kirang anggènipun karaos kêkês, ingkang sagêd ugi anjalari sakit, kêdah dipun têdhani brambang utawi bawang. Manawi bawang ingkang katêdhakên, ayam satunggal kalih siyung, dipun iris-iris tipis, kalolohakên. Manawi brambang ingkang katêdhakakên, bilih agêngipun sadhuwêt-dhuwêt: kalih glindhing, inggih kairis tipis-tipis, lajêng kaulungakên, ngadat ayam ajêng nêdha piyambak. Kajawi punika, ing măngsaa jawah saha katigaa, ayam sami bêtah nêdha sukêt utawi bangsaning bayêm, amila murih botên kêdah nyadhiyani, sukêt ing pemahanipun kemawon, kêdah ragi nipun[2] opèni, supados sagêd sêgêr gêsangipun, kautamèn bilih dipun tanêmakên bayêm ingkang sae, kangge pasaban ayam, murih sami sênêng.

[Iklan]

Panutup

Wiwit taun Walandi 1886 inggih punika wiwit Ki Wasa sumêrêp babonipun sêrat punika sawêg umur nêmbêlasan taun, wantuning tiyang rêmên sawung sangêt, saha rêmên andamêl sawung piyambak, dados sadaya ingkang kasêbut ing nginggil wau, lajêng kaêdhakakên kangge waton milih sawung saha babon. Ngantos dumuginipun taun 1935 Ki Wasa sampun umur pitung dasanan taun langkung, taksih katindakakên kangge waton, pangraosipun, sasat botên nate gèsèh. Pasaksènipun, sabên Ki Wasa gadhah sawung, asli tumbasan utawi damêlanipun piyambak, kajawi sabên tiyang mêsthi rêmênipun, saha mastani sae wănda tuwin gêbag damêlipun, inggih dèrèng wontên ingkang sawêg dipun bên sapisan kemawon kawon, apês inggih kaping kalih utawi kaping tiga. Malah ingkang sagêd kêwêntar linangkung, tuwin ingkang lajêng dados rêgi èkêtan, botên namung satunggal kalih. Ewasamantên, sarèhning pangraosipun manungsa beda-beda, saha wajibing pitados punika, bilih sampun pirsa piyambak, amila sayoginipun, inggih kasidikakên kemawon.

W.

--- 868 ---

Cariyos Kina

Tri arga jêjêring carita, nawung rahsa, rinipta ikêtan kina.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 54

Namaning kitha Salatiga, gêgayutaning cariyos ing ngringgil: wontên ing katrangan sanès makatên: ingkang lampah cidra kumawa[3] angrêbat jênêngan (têkên)nipun Nyai Agêng, kala samantên, nama pandamêling tiyang tiga, ingkang sami saekapraya. Jalaran saking punika, mila lajêng dipun têgêsi: nama salahipun tiyang tiga wau (utawi tiyang tiga salah karya).

[Grafik]

Pasareyan ing Têmbayat

Nglajêngakên tindakipun Nyai Agêng, anggèning katilaran, lampahipun ingkang raka. Sapêngkêring sinikara dening para kiyanat wau, Nyai Agêng sakalangkung brangtaning panggalih, kalayan tindak gêgancangan, sumêdya atur uninga dhumatêng ingkang raka. Enggaling cariyos, lampahipun Nyai Agêng nama sagêd nututi tindakipun ingkang raka, kintên-kintên namung kantun sapambêngok, saking sêrênging panggalih, winor sagunging prihatos, wasana angênguwuh ngaturi ingkang raka, kaparênga angêntosi tindakipun. Aturipun Nyai Agêng: dhuh kyai kêrsaa ngêntosi lampah kula, abdi jêngandika sakalangkung sumêngka. Baya lali têmênan, marang ingkang kawlasarsa, têka tan kulak pawarta. Wonde-[4]

--- 869 ---

panguwuhipun Nyai Agêng dhumatêng ingkang raka, wêkasan cumithak, inggih punika: wontêning kitha Bayalali, makatên punika.

Sarêng Kyagêng mirêng sêsambatipun ingkang garwa, tumuntên ingêntosan, wasana sarêng sagêd pêpanggihan, sanalika Nyai Agêng atawan tangis, kalayan ngaturakên sagunging lêlampahan. Wondene dhawuhipun Kyagêng, botên prêlu kamanah, prakawis icaling rajabrana, jalaran yèn taksih rinaos, têmahan saya ngranuhi, wasana malah sêmu dinukan, jalaran kirang eklasing manah, wêkasan tuwuh ing rubeda.

Salêbêting Kyagêng wawan rêmbag kalayan ingkang garwa, kacariyos pun ambêg dursila, ingkang murang tata wau, salah satunggalipun tuwuh murkaning manah, jalaran nyumêrêpi isining têkên, ingkang sarwa sêsotya nawarêtna, mila tuwuh ciptanipun, melik ing gendhonganipun Nyai Agêng. Wasana lajêng nututi tindakin[5] Nyai Agêng, sumêdya ngroda paksa, ngrabasèng isining gendhongan. Măngka sajatosipun, ingkang kagendhong Nyai Agêng wau, lugu namung awujud rukuh, pirantos salat sêmbahyang.

Enggaling cariyos, pun durga ngăngsa-ăngsa wau, dumarojog tanpa larapan, kalayan wicantên têmbungipun: barang ingkang kagendhong Nyai Agêng sumêdya kasuwun, malah asêsumbar, manawi budi badhe dipun sêmbadani, băngga dipun rampungi, sarêng Kyai Agêng uninga, dhumatêng si kêparat para cidra ingkang murang tata, punapadene myarsa anggèning nyuwara sora, kalayan ambêg dirgama, sanalika Kyai Agêng sakalangkung bramantya, awit têtela botên kenging kadamêl sae. Wasana pangandikanipun Kyagêng dhumatêng pun dêgsura krura apua-pua: o bêcik têmên dhêdhasaring atimu, dene manusa watake kaya wêdhus. Kacariyos dhawuh pangandikanipun Kyagêng wau wasana nêmahi, sanalika tiyang wau awarni menda. Wondene pun menda wau, malah lajêng akêkinthil tut wingking, satindakipun Kyagêng sakalihan, ngantos dumugi ing Têmbayat.

Sarêng kula nyariyosakên dêdongengan ing nginggil punika, raosing padharan kula piyambak lajêng mungêl: punapa inggih manungsa sagêd dados menda. Namung sarèhning makatên, inggih badhe kula oncèki, nanging prayogi karêmbag wingking.

Mangsuli cariyos ing nginggil. Enggaling cariyos, Kyagêng Pandanarang sampun dumugi ing Têmbayat, wasana kalampahan têtruka wontên pucacaking[6] ardi. Kajawi punika ugi lajêng iyasa masjid, wontên pucaking rêdi Jabalkat. Wondene kawontênaning menda, inggih punika manungsa ingkang salah warni, lajêng ingandikan dening Kyagêng, supados wangsul asli, pulih lir nguni-uni.

Badhe kasambêtan.

Wirasuharja, Kêbumèn.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni kalawarti Kadjiwan Djawi no. 3 saking administrasinipun kalawarti wau ing Ranadigdayan, 3a Ngayogya.

Kalawarti wau isi wêwarah ingkang dipun cirèni ,,Bangoen Endjing". Ingkang kajênging wosipun angudhari bundhêlan jawi. Rêginipun lêngganan tigang nomêr f 0.75. Sanomêr f 0.35.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 870 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Sêpanyol

Manawi mawas ubad-ubêdipun paprangan ing Sêpanyol, sajatosipun katingal kalangkung anyamari, inggih punika jalaran saking kathah ingkang gêgayutan, kados ta Inggris, Jêrman, Prancis, Itali tuwin sanèsipun malih. Anggèning sami gêgayutan ngêmori damêl wau, sisip-sêmbiripun sagêd anjalari dados wêwinih pasulayan. Nanging bab punika taksih sarwa samar dening katutup ramening paprangan.

Kala bêdhahipun Bilbao, Jêrman katingal anggènipun suka, Sang Hitlêr ngantos kintun telegram dhatêng Jendral Franco, ingkang suraosipun suka sukur anggènipun ngêbroki Bilbao. Punika kenging kangge wawasan dhatêng sêsulaking kêkajêngan.

Bêdhahing Bilbao punika atêgês pungguling golongan kabangsan. Kacariyos lêbêting wadya kabangsan dhatêng Bilbao punika amanggih lampah ingkang sakeca, botên wontên tiyang ingkang mêdal dhatêng jawi, sadaya namung injên-injên kemawon, wusana sarêng dumugi ing gêdhong parimatan dêdamêl dipun tampi suraking tiyang kathah ingkang dados tandhaning bingah, ing ngriku katingal tandhaning mêngsah ingkang lajêng wangsul rukun dados sadhèrèk.

Golongan kabangsan lajêng malêbêt ing gêdhong nagari, tuwin gêdhonging ministêr babagan salêbêting praja, tanpa wontên tiyang ingkang nglawan, wusana têtêp ing ngriku dados panguwaosing golongan kabangsan, tanpa sangsaya. Motor-motor mabur kabangsan kêkalangan ing gêgana, bang-bang tuwin kantor-kantor sami manjêr bandera kabangsan. Dene golongan ingkang taksih pangawak mêngsah sami dipun tahan, kintên-kintên wontên tiyang 18.000.

Botên dangu katungka dhatênging oto momotan kathah sami ambêkta têtêdhan kangge sadhiyan ing kitha Bilbao, margi-margi toya ombèn ingkang risak lajêng sami dipun dandosi.

Sasampunipun sami mapan, Jendral Franco dhawuh supados para prajurit kabangsan sampun ngantos sami gadhah tindak ingkang raos malês sakiting manah. ing ngriku katingal bilih ungguling golongan kabangsan wontên ing Bilbao, araos mawa daya asrêp.

Ing salajêngipun tuwuh panggrayangan saking golongan parentah ingkang ngèngingi dhatêng Jêrman tuwin Itali, ing bab bêbantu tuwin tindak sanèsipun. Nanging sajatosipun pangintên utawi pandakwa ingkang kados makatên punika sampun botên nganyar-anyari. Pandakwa ingkang tumuju dhatêng Jêrman wau, ing bab kêlêming kapal momotan parentah Cabo Palos ingkang layaran saking Alicante dhatêng Valencia ambêkta têtêdhan. Kèrêming kapal wau sarana dipun torpedho saking kapal silêm, nanging kapal silêm gadhahanipun nagari pundi, botên cêtha.

Dene anggèning golongan parentah kêncêng pandakwanipun wau, amargi mêntas wontên motor mabur parentah sumêrêp wontên kapal-kapal pêrang Jêrman [Jêrma...]

--- 871 ---

[...n]

ingkang katingal wontên sacêlaking papan kèrêmipun kapal Cabo Palos. Ing bab punika sanadyan dèrèng cêtha dhodhok-sèlèhipun, nanging pandakwa wau mêksa katingal mantêp. Malah ing ngriku lajêng wontên raos, bilih anggèning Jêrman mêdal saking golongan pajagèn tata têntrêm ing lautan, atêgês mawa kajêng. Awit sarêng Jêrman tuwin Itali mêdal saking golongan wau, lajêng kathah kapal pêrang Jêrman tuwin Itali ingkang pating sliwêr wontên sagantên têngah.

Bab anggèning Jêrman ngunduri saking pajagèn tata têntrêm ing lautan, punika ugi mawa kajêng warni-warni, manawi dipun pêndhêt wosipun, Jêrman akajêng badhe ngatingalakên bilih kawontênanipun ing sapunika sampun kiyat, tuwuhing tekad ingkang kados makatên punika, botên sanès jalaran saking anggènipun ngalami lêlampahan ingkang pinanggih ing Sêpanyol. Dene kawigatosanipun, Jêrman badhe ngudi kamardikanipun piyambak, adhêdhasar ngluhurakên kabangsan.

Benjing tanggal 18 wulan punika, paprangan ing Sêpanyol jangkêp sampun sataun, kawontênanipun taksih ajêg, karisakan pinanggih ing pundi-pundi, pêpêjah tanpa wicalan. Sêsulakipun ingkang sami pasulayan dèrèng bandhe rukun.

Miturut pèngêtan, ing salêbêtipun paprangan punika, wadya ingkang dipun tindhihi Jendral Franco sagêd ngrêbat dêdamêl mriyêm 220, sanjata mêsin 671, pistul 553, sanjata limrah 38.000, sanjata karbin 8396, bom warni-warni 167.000, patrum kirang langkung 17 yuta, motor dêdamêl mriyêm asli Ruslan taksih wêtah 25, ingkang sampun risak 100, oto 123 tuwin sêpur lapis waja tuwin tumpakan sanèsipun kathah.

[Iklan]

Sadaya wau kalêbêt dados tandhaning taksih pêrangan rame.

Pawartos saking Redhaksi

K. 178 ing Rambipuji. Kenging kemawon, kakintuna lumantar Document.

K. 1825 ing Gêdarèn I, Re, Pa, kiwa têngênipun taun 1833 tanggal 10 Mulud, Jimakir, dhawah taun 1834, 15 Mèi 1904 Windu Sanjaya. II 25 Juli 1924 dhawah 22 Dulkangidah Je 1854 Windu Sangara. Wuku Watugunung. III 10 Agustus 1925 dhawah 19 Sura Be 1856 Windu Sêngara, Wuku Dhukut. IV 26 Juni 1927 dhawah 24 Sura Ehe 1860, Windu Sanjaya, Wuku Maktal.

K. 318 ing Munthilan, I Sla, Pn, 29 Dulkangidah Wawu ingkang panjênêngan dangokakên, dhawah 21 Nopèmbêr 1911. II Rê, Kli, 21 Bêsar Wawu 1935, dhawah Marêt 27. III-IV botên sade.

--- 872 ---

Mariksani Panangkaran Ulam Loh ing Calamadu Mangkunagaran.

Sampun sawatawis dintên, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang jumênêng kaping VII sakalihan garwa dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur, tamu tuwin pandhèrèk, tindak pêpara dhatêng tlatah pabrik gêndhis ing Calamadu.

[Grafik]

Blumbang panangkaran ulam loh, ing sacêlakipun Pabrik Calamadu Mangkunagaran, ingkang wêkdal punika agêng piyambak satlatah tanah Jawi.

Saking pabrik wau lajêng sami tindak mariksani blumbang panangkaran ulam loh (dumunung sacêlakipun pabrik) ingkang ukuran wiyaripun wontên 3½ ha, wêkdal punika agêng piyambak ing satlatah tanah Jawi.

Nalika pungkasanipun taun ingkang kapêngkêr blumbang-blumbang wau wiwitipun dipun isèni bibit karpêr, tawès, ngilêm, tambakan tuwin gramèh, inggih punika bangsanipun ulam ingkang kêlimrah dados kabêtahanipun ngakathah. Sapriki sawêg antawis 5 wulanan, bibit wau sampun tumangkar bêbranahan, sarta kenging dipun jagèkakên kangge isèn-isèn ing tlaga-tlaga utawi ing wadhuk-wadhuk. Ing blumbang-blumbang panangkaran wau isinipun ulam alit-alit sampun wontên kirang langkung 400.000.

Ing blumbang Calamadu punika mêmpan sangêt kangge ngingah ulam gramèh, botên badhe kaungkulan dening gramèh wêdalan saking blumbang utawi pangupakaran sanèsipun, ingkang pinanggih ing saindênging tlatah Jawi Têngah.

[Grafik]

Wadhuk Cêngklik, bawah ing Kartasura, ingkang toyanipun kangge ngoncori sitinipun Pabrik Gêndhis Calamadu Mangkunagaran. Samangke wiwit dipun isèni wiji ulam warni-warni saking blumbang panangkaran ulam loh ing Calamadu, wiji wau agêngipun sajênthik, cacahipun ngantos kêthèn.

Paprentahan Mangkunagan sampun sarêmbag kalihan paprentahan Kasunanan, sagêdipun ing Wadhuk Cêngklik, bawah Kartasura, dipun angge papan pangingahan ulam loh mêndhêt saking bibit ing Calamadu kasêbut nginggil, kantun angêntosi dadosipun prajangjian kemawon. Rêmbag punika dhasaripun mawi angèngêti, sarèhning toyanipun Wadhuk Cêngklik wau kangge ngoncori pasitènipun Pabrik Calamadu, mila sagêda saraos tangkara nipun

--- 873 ---

lam loh ing Calamadu wau inggih maedahana dhatêng wontênipun wadhuk ing Cêngklik.

Kajawi punika, bab anggènipun Praja Mangkunagaran ambudidaya tumangkaripun ulam loh punika, wosing prêlu anggalih sagêda murakabi ing wêwêngkonipun, inggih punika sagêda sami gampil anggènipun angsal bibit, kenginga kangge mêwahi indhaking panggaotan sawatawis, utawi sabotên-botênipun lajêng sami sagêda angsal mirah tumbasipun ulam (lawuh).

Sasampunipun dumugi anggènipun sami mariksani blumbang kasêbut nginggil, lajêng sami tindak mariksani wadhuk ing Cêngklik, ingkang sagêd isi patandhon toya ngantos 12.000.000 m³, sarta dipun angkah sagêdipun kenging dipun ingahi ulam saking panangkaran ngantos kêthèn yutan.

Sarampungipun mariksani wadhuk wau lajêng wangsul rawuh ing pabrik, lêlênggahan sawatawis lajêng kondur miyos ing Kartasura mawi kampir sakêdhap mariksani pabrik gêndhis batu kabudidayanipun Praja Mangkunagaran, ingkang manggèn wontên tilas pabrik Kartasura.

Pawartos saking Redhaksi

K. 4654 ing Tutuban. Rê, Wa, Agustus 1866 dhawah tanggal 29, Jawi 17 Rabingulakir Alip 1795 Wuku Langkir.

K. 532 ing Nglungge. Sn, Lê, Juni 1911 dhawah tanggal 12. utawi 14 Jumadilakir Jimakir 1842 Windu Sêngara.

K. 500 Rawalo. Sn, Pn, 4 Sawal, Jimakir 1802 dhawah 24 Nopèmbêr 1873 Wuku Sinta, kanêm.

Rawa Pening

[Grafik]

Têtiyang nuju misaya ulam wontên ing Rawa Pêning.

--- [874] ---

[Grafik]

Balapan Lumampah 4 Dintên

Ing Batawi mêntas kawontênakên balapan lumampah 4 dintên.

Ingkang kacêtha ing gambar, nginggil sisih kiwa golongan Roode Kruis, sisih têngên Jeugdstorm, sami gagah. Ngandhapipun militèr batalyun 10 ing Mistêr Kornèlis. Gambar bundêr punggawa Kolff & Co. Sisihipun golongan ingkang miyambak. Ngandhap piyambak sisih kiwa, golongan militèr ingkang dipun tindhihi Kaptin van Doorn, dipun papag musik. Sisihipun barisan pulisi.

Ing kalanipun wontên lampah makatên punika, manawi nuju wanci enjing, dumugining lingsir siyang, ing margi-margi ingkang dipun ambah ing golongan wau, pinanggih langkung rame.

--- 875 ---

Blilu Tau

Anggitane: Wiryawiharja, sambêtipun Kajawèn nomêr 54.

16 Susahe Sing Ditinggal.

... saking bangêting susah | nyang gawean nganti lali...

[Sinom]

Wana têkane nagara | ora dicritakke dhisik | kaanane sing ditinggal | saiki dirêmbug gênti | mulane dibalèni | supaya bisaa urut | saungkure Si Wana | uwong loro gêlik-gêlik | isih mêlèk anutug sawêngi natas ||

barêng wis bangun raina | wong loro padha miranti | arêp anggarap têgalan | gawa gathul kanggo bêsik | sing ênom nyangking pithi | dianggo madhahi cikru | mêngko arêp dikêla | dadi yèn sing lunga mulih | sayah-sayah bisa sêgêr tuke mangan ||

sasuwene ana têgal | kurang mêmpêng gone bêsik | jalaran saka karipan | mulane tumuli mulih | malah bokne wis dhisik | têkan ngomah têrus turu | mantune olah-olah | rampung dicawiske nuli | mrêtuwane digugah diêjak madhang ||

lagi bae rampung madhang | mrêtuwane kăndha lirih | ayo dhuk nyang Glagahămba | takon wakmu Karsatani | piye bojomu wingi | kok ora penak atiku | mantune iya kăndha | yèn uga ngandhut kuwatir | sakarone iya banjur padha mangkat ||

barêng têkan Glagahămba | kuwatire rada mari | sabab Karsatani kăndha | yèn Wana sida nyang Ngunggi | sangune diutangi | sapine ora dituku | mêngko sing mênyang pasar | saka pasar masthi mampir | jupuk sapi ngiras karo nyaur utang ||

rèhne kabare wis gênah | wong loro padha ngêntèni | kambi disambi rêrasan | wêkasane nganti wêngi | sing lunga durung mulih | diêntèni têkan esuk | malah wis rada awan | sing lunga ya durung mulih | uwong loro nuli pamit kanthi susah ||

Nyai Wana turut dalan | ora pêgat tansah mikir | gèk ana pakewuh apa | sing lunga kok ora mulih | banjur ambrêbês mili | clathu karo sênggruk-sênggruk | Gusti nyuwun ngapura | piye ta dhuk lakon iki | wong lêlungan kanthi bablas tanpa kabar ||

lha gèk padha nêmu apa | apa kapriye ta iki | hara dhuk gèk kaya apa | upama nêmahi pati | ya talah pakne Kunthing | dhuh lae Kunthing anakku | gèk padha nêmu apa | dene lunga ora mulih | Nyai Wana sangsaya kêlara-lara ||

banjur ambruk ana dalan | nangis kaya bocah cilik | sangsaya bangêt mêmêlas | mantune milu anangis | calathu ngasih-asih | maratuwane dirangkul | biyung ambok sing sabar | ampun kaya bocah cilik | dika èngêt ampun nangis èntên dalan ||

o biyung botên kadosa | kula niki ênggih sêdhih | nanging tansah kula ampah | ampun nganti kaya bayi | pun êngga êndang mulih | sêlak èntên tiyang langkung | mundhak dadi layadan | wêkasan ngisin-isini | Nyai Wana atine kêna ditata ||

banjur mlaku alon-lonan | isih karo mrêbês mili | sadhela-sadhela ngêsah | mantune tansah anganthi | karo angarih-arih | suwe-suwe rada lipur | satêkane ing ngomah | sênthong-sênthong diungaki | bokmanawa sing lunga wis ana ngomah ||

Ana candhake.

--- 876 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Wawasan badhe bidhal dhatêng paboyongan

IV

Petruk : Nyambungi gunêmku kang wis kêpungkur, ing bab kang tak anggêp têtimbangane cilik-cilikan. Saiki tak ambalèni manèh kaanane kaum tani ing tanah Jawa kene iki. Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, lêmahe dhewe iki saiki wis mungkrêt pangasilane, wong-wonge tambah akèh tikêl-matikêl. Nganti akèh sing ora padha olèh pangan. Wong-wong iki arêp golèh buruhan, ora ana buruhan, arêp nunut mangan nyang sadulure, sadulure dhewe iya wis mênggik-mênthol, gèk arêp kêpriye, hara. Saka ngêlihe wêtênge, saka ditangisi anak bojone, apa ora bisa kalakon banjur ala, kaya ta: ngutil, maling, ngoyok, lan sapadhane. Dumadhakan saka murahing Pangeran, têka banjur ana wong sugih sing tawa pari, anggêre gêlêm ngolah dhewe lan ngèngèhi sawatara bae, kêna mangan sakarêp-karêpe. Kawuwuhan manèh, wong sugih mau kathik sobate rama. Rak iya bodho, ta, yèn wong-wong mau ora tumuli sêmranthal marani wong sugih mau. Nah - wong sugih iki gêgambarane lêmah ing sabrang, kang isih mluwa kathik loh jinawi. Dene rama kuwi pêpêthane: kangjêng rama ndara guprêmèn. Dadi têgêse: iya kangjêng rama ndara guprêmèn iki sing nawani lêmah marang wong-wong mau. Lan kowe wêruh dhewe, kangjêng rama ndara guprêmèn kuwi, kuwajibane: nata tata-têntrême praja sauwong-uwonge pisan. Dadi iya anjaga, supaya uwong-uwong kawulane padha slamêt, têntrêm, lan karaharjan. Wajib paring têkên marang wong kang kalunyon, paring payung marang wong kang kapanasan ...

Garèng : Lan ... nariki pajêg.

Petruk : Rak iya wis mêsthine, ta, Kang Garèng, awit butuhe nagara kuwi pirang-pirang, yèn sabên uwong ora nguruni, têmtune rak iya ora bisa nindakake kuwajibane mau. lho, anggonku ngandhakake mêngkono mau, mung arêp anelakake, yèn kangjêng rama ndara guprêmèn, kuwi mung tansah ngudi marang kaslamêtan lan karaharjaning para kawulane bae. Dadi tindake iya kayadene bapa nyang anak-anake.

Garèng : Bapa nyang anak têmênan apa nyang anak kuwalon, Truk.

Petruk : Wayah, mêsthine iya kaya bapa nyang anak têmênan, Kang Garèng, ana kok rupa-rupa ngono sing ditakokake. Mara, Kang Garèng, andak ana bapa sing duwe niyat arêp [a...]

--- 877 ---

[...rêp] anglorobake anake, utawa arêp agawe cilaka anake, mêsthine rak iya ora, ta. Mêngkono uga kangjêng rama ndara guprêmèn, tumrap kawulane sing diudi, iya mung bêcike, slamête, lan karaharjane. Mara, dêlêngên bae, pambudidayane nagara anggone arêp ngajokake kawulane: pirang èwu, malah pirang yuta rupiyah bae, dhuwit kang dibuwang, amrih majune karaharjaning para kawula. Kaya ta upamane: ing ngêndi-êndi nganakake coban-coban anggarap sawah cara modèrên, supaya wêtune sawah luwih akèh...

Garèng : Iki mula iya bênêr, Truk, wong aku iya mênangi dhewe. Ana sawah duwèke wong desa, sing digawe coban-coban digarap miturut cara modèrên, yaiku: nandure cara larikan, antarane siji lan sijine digawe samene sènti mètêr dohe, panandure mangkene, lêmine kudu nganggo lêmi mangkene, lan sapiturute. Wah, Truk, dadine tanduran pari mau, mula iya lêmu-lêmu, dhuwure nganti ngluwihi bocah umur wolung taun. Saka lêmune tandurane nganti... gabug.

Petruk : Hara, kok banjur ngandhakake sing ora-ora. Yèn ana coban-coban sing wusanane ora dadi, kuwi rak lumrah, ta. Nanging anggone ora eman ambuwang dhuwit pirang-pirang, kuwi rak wis sawijining bukti, anggone kumudu-kudu arêp angajokake kaum tani bangsane dhewe kiyi. Iki rak iya ora beda karo wong tuwa nyang anak-anake. Sabên uwong tuwa kuwi iya ora wêdi rêkasa, ora eman ambuwang dhuwit, murih anake bisa pintêr, bisa olèh pangkat sing mêthangkring, lan gajih sing sathekruk, lan sapadhane. Nanging apa kêna dipêsthèkake yèn anake mau bisa dadi kayadene sing dadi pangajabe, rak iya ora, ta. Mêngkono uga mungguhe wong-wong kang arêp diparingi kangjêng rama ndara guprêmèn, lêmah ana ing tanah sabrang, aku pracaya, Kang Garèng, krêsane kangjêng rama ndara guprêmèn mêsthi iya bêcik bangêt, yaiku: supaya wong-wong mau bisa: urip kacukupan, sênêng, raharja, sukur bisa mlênthu wêtênge. Dene kadadeyane, banjur ana sing rêkasa, ênggik-ênggikên, malah dipondhoki mas rara malariyah barang kuwi, lugune mono rak iya ora kêna dipaido, ta.

[Grafik]

Garèng : Wèh, nganti kaya pokrul pêtung, anggone mubêng-mubêng rêmbuge. Wis, saiki caritakna dhisik mungguh prajangjiyane wong-wong sing arêp diangkatake nyang sabrang iki.

Petruk : Iya, rungokna, nanging samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

--- 878 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

TANAH NGRIKI

Huishoudschool Istri Indonesia. Wiwit tanggal 1 Augustus ngajêng punika ing Bêtawi wontên bikakan Huishoudschool manggèn ing Kramat 31. Lamining sinau tigang taun, bayaran sêkolah f 4.50. Ingkang katampèn mlêbêt mriku lare wêdalan H.I.S. Schakelschool, Openbare Europeesche Lagere School, Perguruan Rakyat, Muhammadiyah, Taman Siswa tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Tamatan Landbouwcursus. Inginggil punika ngêwrat gambaripun tuwan-tuwan ingkang mêntas tamat saking sinau dados guru têtanèn ing Landbouwcursus Pancasan Bogor. Tuwan-tuwan wau tamatan saking sêkolahan Normaal, saha badhe katêtêpakên dados guru têtanèn ing sêkolahan Standaard lan Vervolg, ngajar bab têtanèn ing klas VI.

Sumêbr lisah pèt ing Ambon. Ing pasisir Tulehu, laladan Ambon, pinanggih wontên sumbêripun lisah pèt, lisahipun sampun kapêndhêt kapriksakakên dhatêng Balikpapan. Mirid papriksanipun Dr. Roozendaal, dhoktêr Militair, lisah wau pinanggih sae. Lisah wau sagêdipun katingal manawi toyaning sagantên nuju surut. Têbihing papan wau saking Ambon wontên 25 km. Ingkang manggihakên sumbêr lisah wau kaji sampun sêpuh, cacah kawan panggenan.

Pajagèn pulisi kasantunan militèr. Miturut wartos, pulisi ing Manokwari, Nieuw-Guinea, badhe dipun santuni militèr, dene militèr ing Namlea badhe dipun santuni pulisi.

Lampahipun pandu jamboree dhatêng nagari Walandi. Lampahing pandu jamboree saking tanah ngriki ingkang dhatêng nagari Walandi sampun dumugi Port Said, wontên ngriku dipun papag pandu ing Mêsir, dipun ajak mlampah-mlampah wontên ing papan ngriku. Sadaya pinanggih sami sêgêr kasarasan.

Kenging racun malih. Ing Nanggulan, Ngayogya, pinanggih wontên tiyang ingkang kenging racun malih 3, dados gunggung sadaya ingkang kenging racun sampun tiyang 27. Ngantos sapriki dèrèng kasumêrêpan sabab-sababipun. Papriksanipun taksih katindakakên wontên laboratorium ing Bandung.

Sudan numpak sêpur S.S. Wontên wartos, gêgayutan kalihan badhe wontênipun conferentie Volkenbond ing wulan Augustus, sintên ingkang numpak sêpur kangge pêrluning conferentie Volkenbond langkung ing pundi kemawon, badhe angsal sudan 50%. Sintên ingkang dhatêng ing wulan Juli punika kêdah gadhah sêrat katrangan saking hoofdinspecteur S.S. ingkang kapijèkakên. Sudan wau botên tumrap tuslag sêpur kilat tuwin sêpur dalu.

Rêgining daging ing Bêtawi mindhak. Rêgining daging ing Bêtawi ing wulan punika mindhak 15%. Indhaking rêrêgèn wau, miturut katrangan jalaran saking indhaking waragad-waragad kathah, tuwin rêgining kewan mindhak, kajawi punika ing wêkdal punika ing laladan nagari karèt kathah tiyang nêdha daging, tuwin malih jalaran ing Singapura kathah anggèning ndhatêngakên kewan saking tanah ngriki, awit ing Siam nuju tuwuh sêsakit kewan.

Badhe ngêdêgakên griya tiyang sakit ewah. Wontên wartos pakaryan babagan Kasarasan badhe ngêdêgakên griya tiyang sakit ewah wontên ing Pakêm, Ngayogya. Wontênipun ada-ada punika gêgayutan kalihan wontênipun tiyang sakit ewah ing laladan ngriku saya kathah. Griya sakit wau badhe kadamêl cêkap dipun ênggèni ing tiyang 200, dene tiyang ingkang dipun tampèni ingriku mêndhêt tiyang ingkang kapetang dèrèng sapintêna sakitipun, tuwin ngêmungakên mêndhêt têtiyang ing Ngayogya kemawon. Têtiyang ingkang manggèn ingriku punika badhe dipun êcakakên ing padamêlan têtanèn. Sadhiyaning waragad badhe f 20.000.- dipun andhapi rumiyin saking Kasultanan.

Nyolong candu kanthi patrap wêgig. Ing Kêndal wontên panjualan candu ingkang ngrangkêp panjualan ing Cêpiring. Ing ngriku kasumêrêpan bilih candu ingkang kasade ing Cêpiring isinipun namung sakêdhik. Sarêng bab punika kauningan ing pangagêng, lajêng katitipriksa, nyata bilih candu wau pancèn kirang, dene ingkang gadhah tindak makatên wau saking panjualan ing Kêndal, patraping panyolong kanthi nyoblos umpling ing perangan ngandhap, mawi pirantos ingkang pancèn sampun dipun damêl, pamêndhêtipun sabên saumpling namung 1 milligram.

Mèngêti adêging Proefstation sampun 50 taun. Adêging Proefstation ing Pasuruan sampun jangkêp 50 taun, mêntas dipun pèngêti kanthi ngawontênakên sêsorah ingkang dipun wêdharakên dening Dr. Ir. P. Honig, Mr. J. Luyten tuwin Ir. J. van Dijk.

Panèn karisakan. Ing bawah dhistrik Salatiga tuwin Bringin, wontên sabin 1000 bau sami risak oyodipun. Kapitunanipun kintên-kintên wontên f 25.000.-. Landbouwvoorlichtingsdienst inggih sampun rekadaya sarana ngêsat toyanipun kala ingajêng, nanging mêksa botên wontên damêlipun.

Badhe nanggulangi bêna. Inspectie-bureau Technische Zelfbestuursdiensten ingkang dipun pangagêngi dening Ir. R.M. Notodiningrat, sawêg ngrancang bab tataning nanggulangi bêna ing Surakarta salaladanipun, amargi mèh sabên taun ing Surakarta wontên karisakan jalaran saking wontênipun bêna. Rantamanipun badhe kalêbêt ing Karajan Surakarta.

Nyirnakakên ama klapa. Ama klapa ingkang tuwuh ing bawah Ngayogya badhe dipun tanggulangi. Miturut rêmbagipun para ingkang kawogan, badhe sarana ngangge racun ingkang nama calsiumarsanaat. Racun wau botên ambêbayani tumraping tiyang tuwin rajakaya. Tanêman klapa ingkang badhe dipun siram ing jampi punika wontên 100.000 wit, têbanipun wontên 20 km. wiyar 1½ km. Waradinipun anggèning namakakên jampi bokmanawi ngantos tigang wulan.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, Mas Besoes Sastrodiwirjo, Aib, nindakakên padamêlan mantri pulisi ing paresidhenan Pêkalongan, dados asistèn ing paresidenan Pêkalongan. Marsono juru sêrat klas 1 ing kantor kabupatèn Pêmalang, dados mantri pulisi paresidenan Pêkalongan.

--- 879 ---

Tindak salingkuh ing pakaryan pêkên. Pakaryan pêkên ing Kasunanan Surakarta mêntas andêngangi tindak salingkuh ingkang sami dipun tindakakên ing punggawa-punggawa pêkên. Mula bukanipun, tumrap ingkang wajib nyumêrêpi bilih angsal-angsalaning asil pêkên ing Kasultanan, Pakualaman tuwin Mangkunagaran saya mindhak, nanging tumrap Kasunanan botên. Sarêng katiti pinanggih karcis pêkên palsu ingkang asli anggèning ngêcapakên punggawa pêkên piyambak. Kapitunanipun nagari Kasunanan sampun ewon-ewon. Salajêngipun dados papriksan panjang.

Têtanèn pitulungan. Tindak têtanèn pitulungan ingkang kawontênakên ing Magêlang badhe dipun wiwiti wontên ing wulan Augustus. Ingkang katampèn ing ngriku namung para neneman tiyang siti ingkang apêsipun umur 18 taun, jangkêp nampèni lare 100. Caraning nyambutdamêl, ing sadèrèngipun panèn sami angsal têdha saking Parentah.

Werkcentrale ing Ngayogya. Pakaryan damêl gêlaran tuwin babut ing Werkcentrale ing Ngayogya saya majêng. Ing sapunika ingkang nyambutdamêl wontên 200, badhe dipun wêwahi dados 600. Kajawi punika taksih ambêtahakên tiyang 200 wontên ing golongan sêpêt. Tiyang ingkang angsal pitulungan saking steuncomite wontên 300, nanging ingkang mlêbêt dhatêng Werkcentrale namung sapalih.

Tanêman badhe dlancang. Ing Nieuw Guinea tlatah Lèr, wontên kabudidayan anggadhahi pasitèn 100 ha. dipun tanêmi bangsaning sukêt. Wontên malih ing sanès panggenan dipun tanêmi bangsaning alang-alang. Sadaya wau sami dados badhe dlancang.

Tatanan paargyan jumênêngan bupati. Miturut sêrat katrangan saking K.T. Ingkang Wicaksana, tatananing paargyan jumênêngan bupati punika, ingkang anjênêngi namung Residhèn tuwin para priyantun ing wêwêngkoning kabupatènipun ingkang sêsangkutan. Kajêngipun namung ingkang angsal waragad saking nagari. Ing sapunika badhe dipun jêmbarakên, rêsidhèn kenging ngulêmi asistèn residhèn-residhèn tuwin bupati-bupati kiwa têngênipun, sadaya wau badhe angsal waragad saking nagari. Dados saupami bupati-bupati ingkang jumênêng ngulêmi bupati ingkang têbih-têbih botên dados têtanggêlan nagari. Tumrap tampi bintang, songsong jêne tuwin sanès-sanèsipun, namung tumrap para priyantun ingkang gêgayutan. Namung tumrap jumênêngan pangeran, kadosdene jumênêngan bupati.

Pambikakipun cooperatie karèt ing Leuwiliang. Pabrik karèt gadhahanipun cooperatie ing Sadèng sampun kalampahan kabikak, ingkang mêdhar sabda Mr. Sartono, dipun sambêt pangarsa pakêmpalan ,,Roekoen Santausa''. Ingkang anjênêngi utusan saking Economische Zakên, kanthi angsal panuwun saking anggènipun paring bêbantu. Asmanipun ingkang rawuh wau, Tuwan-tuwan van Mook, Sitsen, tuwin Mentel, sami saking Economische Zakên. Tuwan Margono, ingkang bupati ing Bogor, Dr. Pijper saking Inlandsche Zaken tuwin wakil-wakil sanèsipun. Pabrik punika taksih alit, nanging katingal bilih punika satunggilling kamajêngan tumrap rakyat.

Rêdi Cêrêmai nyêmburakên kukus. Miturut wartos saking Cirêbon, Rêdi Cêrêmai mêntas nyêmburakên kukus ngantos tigang rambahan, sapisan ing pucak, sanèsipun ing iringan.

Pakêmpalan wados matahari ing Bêtawi. Ing Bêtawi wontên pakêmpalan wados nama Matahari, ingkang tindakipun dados awisaning nagari. Pakêmpalan wau sampun kasumêrêpan ing pulisi saha wontên warga-warganipun ingkang sami kêcêpêng, sami bangsa Tionghwa. Wontên sêrat-sêrat ingkang kacêpêng dados praboting prakawis. Pakêmpalan punika kintên-kintên botên namung tuwuh ing Bêtawi kemawon. Têtiyang ingkang kacêpêng wau wontên ingkang dados warga pangrèhing Pakêmpalan Hong Gie Soen. Malah lajêng wontên pandakwa bilih Pakêmpalan Hong Gie Soen punika sêsambêtan kalihan Matahari.

Sedan. Miturut wartos, ing dintên Kêmis kêpêngkêr, Kangjêng Ratu Bêndara, sadhèrèk dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya, garwanipun K.R.T. Puspodiningrat seda wontên ing Kaliurang, layon kasarèkakên ing Imagairi. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan tuwin tuwan gupêrnur miyos nglayat.

Badhe ngintunakên sarêm dhatêng Jêpan. Kawartosakên, Opium-en Zoutregie ing Bêtawi sampun damêl prajangjian kalihan Jêpan sade sarêm wêdalan Madura dhatêng Jêpan kathahipun 20 dumugi 25.000 ton. Cacah samantên punika nate dipun kintunakên kala ing taun 1934. Ngantos sapriki sawêg kalampahan malih. Pangintunipun badhe dipun wiwiti wontên wêkasaning wulan punika.

Panyadean lisah obong. Kawartosakên, Koloniale Petroleum Verkoop Maattscappij adamêl prajanjian kalihan directie palabuhan Tanjungpriuk, tumrap nyewa siti sakidul palabuhan nomêr 3, jêmbaripun 9.500 m². pêrlu badhe kangge andèkèk lisah obong. Dados botên dangu K.P.V.M. badhe sade lisah wau. Lisah kados makatên wau tumrapipun ing ngriki panyadenipun sakêdhik sangêt, ingkang sapunika badhe dipun kathahi, awit badhe nyadeni tumrap motor-motor kapal.

Congrès T.B.C. Benjing tanggal 29, 30 tuwin 31 Juli punika, studiecomite babagan T.B.C. ing Sêmarang badhe ngawontênakên congrès ingkang kaping kalih. Kintên-kintên badhe kathah ingkang anjênêngi.

Panganggening candu saya kathah. Miturut rêmbag ing Raad Kawula, kathah warga ingkang usul supados wontên tindak ingkang kêncêng tuwin sêrêng tumrap gêgayutanipun kalihan candu tuwin morfine. Miturut pêpetangan, panganggening candu ing salêbêting tigang wulan kawitaning taun 1937 manawi dipun tandhing kalihan taun 1935, tumrap tanah Jawi mindhak 41%, tumrap tanah Sabrang 13,4%.

ASIA

Bêbaya bêna ing Tiongkok. Toyaning lèpèn Huoi ing Anhui, Shanghai pinanggih agêng, saha andadosakên bêna nêmpuh laladan pintên-pintên dhistrik. Ing Fengyang kawontênanipun langkung nyamari, têtiyangipun rintên dalu tansah nyambutdamêl nambal tanggul. Pang-panging lèpèn Kang ing Kiangsi ugi lubèr, papan ingkang kêbênan wiyar sangêt, pangagêng nagari suka pitulungan.

Pamulangn saking darmanipun Aw Boon Haw. Aw Boon Haw ngêdêgakên pamulangan andhap 10 panggenan ing Sènsi. Sabên pamulangan dipun sadhiyani wragad 3500 dollar. Tuwan Aw Boon Haw misuwur anggèning darma babagan pangajaran.

AMERIKA

Kasangsaranipun Nyonyah Amelia Earhart. Sambêt kalihan wartos bab kasangsaranipun Nyonyah Amelia Earhart, kapal pêrang Colorado sampun dumugi sacêlaking pulo-pulo Phoenix, nyukani têtêdhan tuwin lisah dhatêng kapal panjagi pasisir Itasca. Panjagi pasisir ing San Francisco tampi tandha-tandha samar ingkang botên kenging dipun waos kintunan saking Earhart. Motor mabur saking kapal pêrang Colorado tumindak madosi, botên angsal damêl. Admiral Murfie saking New York nindhihi lampah madosi, punapa pikantuking papriksan badhe kapratelakên.[7]

EROPAH

Badhe nginggahi Rêdi Himalaya. Wontên ahli minggah Rêdi Alpen têtiga bangsa Jermani ingkang misuwur nama Ir. Grob. Ludwig Schmaderer tuwin Herbert Paidar sami bidhal dhatêng tanah Indo badhe minggah pucak-pucaking rêdi Himalaya ingkang dèrèng nate dipun inggahi ing tiyang.

--- 880 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun, Baronesse Orczy

75

Lan aku ngrêti, yèn ana ing rèsturan: Kucing klawu, aku bisa luwar saka tangane Sopêlin, Sopêlin mêsthi bakal ngêntèni aku ana ing kene. Jalaran saka iku aku banjur kudu tansah ngawasake polahe Sopêlin, apadene para punggawane. Lan mungguh panêmuku, kira-kirane pikirane wong Inggris ora prêlu kalah bangêt karo pikirane wong Prancis. Panêmuku kang mangkono iku tumêkane saiki akèh bênêre.

Pangandikanipun Sêr Blakêne ingkang makatên wau, sang putri kêdah angakêni, mila inggih nyata, bilih tumandang damêl ingkang kanthi sabar nanging angrampungi, kadosdene ingkang katindakakên dening ingkang raka punika, dene kalêbêt wêwatakanipun băngsa Inggris. Salajêngipun Sêr Blakêne ngandikakakên lêlampahanipun sawatawis anggèning ngluwari para darah ingkang nampi ukuman pêjah. Sadaya wau adamêl rêna saha agêng panggalihipun sang putri.

Kalayan gumujêng Sêr Blakêne anglajêngakên pangandikanipun makatên: sarana ngemba-emba wong Yahudi tuwa sarta kêmproh iki, aku mêsthèkake yèn sabên uwong mêsthi pangling nyang aku. Sorene ana ing Kale aku kêtêmu Si Rubên, wong Yahudi tuwa, kanthi tak bayar dhuwit dinar sawatara, Si Yahudi iki ngêwèhake panganggone nyang aku, lan uga nyilihi grobag lan jarane. Kajaba saka iku dhèwèke jangji arêp umpêtan, nganti ora ana uwong kang bakal nêmu.

Sêmu kuwatos sang putri apitakèn: Kapriye kadadeyane saupama Sopêlin nganti ngrêti, iya bênêr, carane panjênêngan ngemba-emba Yahudi mau pancèn manglingi têmênan, nanging Sopêlin iku awas bangêt.

Kalayan sabar Sêr Blakêne amangsuli: Yèn dhèwèke nganti ngrêti, iya wis mêsthi bae manawa niyatku mau bakal gagal. Nanging aku iya ngrêti bangêt nyang watake wong Prancis. Umume padha jêlèh bangêt karo băngsa Yahudi kuwi, nganti ora sudi babarpisan cêcêdhakan. Lan pangiraku, anggonku ngemba-emba mèmpêr wong Yahudi têmênan.

Lèdhi Blakêne: Mula iya mangkono. Kêpriye mungguh banjure.

Sêr Blakêne: Sabanjure nuli tak tindakake kaya sing wis tak pikir matêng, yaiku mangkene: dhisike aku mung arêp nindakake kapriye kaanane mêngko. Nanging barêng aku krungu parentahe Sopêlin mara para prajurite, aku banjur anjagakake manut miturute prajurit marang panggêdhene. Parentahe Sopêlin sarana ancaman bakal diukum mati sing sapa ora manut miturut, supaya para prajurit kabèh ora kêna tumindak apa-apa sadurunge wong Inggris kang dêdêg piadêge dhuwur, têka ing kono. Dhèsgas nganggêp aku kayadene barang rêgêd bae, kang banjur dibuwang ana ing sacêdhaking gubug. Para prajurite ora mikir babarpisan nyang wong Yahudi, kang anggawa Si Sopêlin nyang papan kene iki. Nyang ngêndi bae aku salawase anggawa krêtas lan potlot. Kanthi rêrikatan aku banjur nulis ana ing layang sacuwil isi tatanan, sarta banjur nolah-nolèh. Aku nuli gluyar-gluyur mara nyang gubug. Para prajurit iya padha sumurup, nanging sarèhne prentahe pandhuwure ora kêna tumindak apa-apa, iya mung padha mênêng-mênêng bae. Satêkaku ing gubug, layangku mau banjur tak salorogake ing sêla-sêlaning tembok, lan aku banjur ngêntèni. Mungguh isining layang mau, aku awèh parentah, supaya alon-alon padha ninggala gubug kono. Dene lakune padha nuruta watu karang, nanging têrus mangiwa, nganti têkan ing sungapan kang kapisan. Ana ing kono nuli aweha sasmita. Ora suwe mêsthi banjur ana prau cilik kang mêthuk, kang anggawa mênyang kapal gêdhe. Tujune para miruda mau padha mituruti apa pakonku, kang bêcik bangêt kanggone awake lan uga kanggone aku. Para prajurit mêsthine iya padha sumurup, nanging saka manut miturute marang parentahe panggêdhene, iya mung mênang-mênêng ora wani tumindak apa-apa. Aku ngêntèni satêngah jam, barêng aku ngrêti yèn wong-wong mau wis padha slamêt, aku banjur awèh sasmita sarana têtêmbangan kang isi pêpuji nyang Sang Nata Inggris, kang wusanane agawe rame mau.

Makatên mênggah jalèntrèhing lêlampahan ingkang mêntas kalampahan wau. Sêmunipun mila sajak gampil-gampilan kemawon. Mênggahing sang putri ngêmungakên gumun ing panggalih, dene têka samantên landhêping panggalihipun, punapadene kêkêndêlanipun ingkang raka anggènipun nindakakên pambudidayanipun angluwari para darah saking Prancis wau.

Ing kala punika dumadakan sang putri èngêt dhatêng kawontênanipun ingkang raka, ingkang jalaran dipun pisakit dening para prajurit, katingal lêmês sariranipun. Kalayan sêmu ajrih lan kuwatos sang putri umatur makatên: Nanging kêpriye saiki raose sariramu, anggone mêntas dipilara ing para prajurit mau.

Badhe kasambêtan.

--- 105 ---

Nomêr 27 taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangipta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Ulam alot sagêdipun êmpuk

Ulam ingkang alot punika manawi badhe ngêmpukakên, sadèrènging kaolah, limrahipun kagodhog ngantos satanakipun, murih dados êmpuk. Patrap angêmpukakên ulam ingkang kados makatên punika, inggih sagêd kalêksanan dados êmpuk, kapara sagêd ngantos moprol, nanging raosing anyiripun ulam ragi suda, jalaran kados ical sarinipun. Mila wontên reka sanèsipun malih, ngudi êmpuking ulam alot, botên sarana kagodhog ngantos têlas sarinipun wau, namung kalayan mayar saha tumindakipun gampil, inggih punika ulam alot ingkang badhe kaolah, punika sasampuning kakumbah rêsik sarta sampun kabumbonan saprêlunipun, dipun tètèsana tlutuh katès (katela gantung) sawatawis. Lajêng kawênyêt utawi kaulêta ingkang ngantos waradin, sasampunipun lajêng kaolah, kagorèng ing wajan, punapa kagodhog ing kuwali samatêngipun, punika sampun sagêd êmpuk lan momol.

Ulam utak murih kuwawi kaolah botên ajur.

Manawi badhe ngulah ulam utak, ing sadèrènging utak wau kabumbonan punapa mêsthinipun, dipun kumbaha mawi toya ingkang winoran apu (ênjêt) sawatawis, sasampuning kakumbah kalihan toya apu, lajêng dipun bilasi kinumbaha kalihan toya tawa sarêsikipun, nuntên dipun bumboni punapa sakaparêngipun, lajêng kaolah samatêngipun, utak wau sagêd kuwawi botên ajur.

Madosi tigan ayam ingkang botên kasumêrêpan panggenanipun.

Ingah-ingahan ayam êndhogan (namung kaalap tiganipun) botên dipun kurungi (kasêngkêr) namung umbaran, punika manawi sêmunipun mêntas nigan, ananging botên kasumêrêpan ing pundi panggenanipun, ayam wau ing wanci enjing, brutu utawi brotolipun, kagosoka mawi sarêm, sakêdhap kemawon ayam wau lajêng anjranthal amurugi papaning tiganipun.

Nyai Anim.

--- 106 ---

Rêsèp Dhaharan

1. Kare lêksa

Mundhuta ayam ingkang lêma satunggal, lajêng dipun rêsiki, bilih sampun kakumbah nuntên kairisi ingkang wradin agêng alitipun, lajêng kagodhog mawi toya ing kwali.

Dene bumbunipun kados ing ngandhap punika.

[Grafik]

R. Ngt. Pujirah

Rajangan brambang 1 sendhok dhahar, bawang 1 sendhok alit, kêmiri 1 ½ sendhok dhahar, jae 1 iris, kulit jêram purut 1 iris, sêre sakêdhik, traos bakaran 1 sendhok alit, lombok abrit kabucal isinipun 4 iji, kunir 3 iris, sarêm sacêkapipun.

Bilih bumbu wau sampun karacik lajêng dipun ulêg ingkang alus, nuntên kagorèng mawi lisah klêntik, bilih bumbu wau sampun satêngah garing (sumringah), godhogan ulam kasêbut nginggil wau kadèkèkakên kalihan toyanipun, kawêwahana santên 1 wijikan, têrus dipun latoni. Manawi sampun matêng dipun wadhahi ing basi lonjong, ing nginggil kauwur-wuwuri kêmangi, kalihan kawêwahan rajangan godhogan tigan, pangrajangipun tigan, 1 kasigar dados 4.

Pandhaharipun kagêm lawuh dhahar.

2. Pêcak daging

Daging lêmbu ¼ katos kakumbah ingkang rêsik, yèn sampun dipun irisi ingkang wradin, lajêng dipun sujèni têrus kabakar ingkang sae kadosdene sate, yèn sampun matêng dipun êntasi.

Damêlipun bumbu kados ing ngandhap punika.

Lombok abrit 4 iji, bawang 2 iji, kêncur 1 iris agêng, traos matêng 1 sendhok alit, jae sakêdhik, gêndhis jawi sapucuking sendhok tèh, toya jêram sambêl 2 sendhok dhahar, sarêm sacêkapipun, lajêng dipun ulêg ingkang lêmbat, yèn sampun ulam kasêbut nginggil wau kacêmplungakên, sujènipun kabucal lajêng kawradinakên kalihan bumbu, toyanipun jêram dipun siramakên ing ulam, kawêwahan santên kênthêl 1 gêlas, pandhaharipun ingkang mangêt-mangêt kagêm lawuh dhahar.

3. Pindhang kecap

Ulam kakap 2 iji kairis-iris ingkang sami agêng alitipun, kabumbonana kados ing ngandhap punika.

Lombok abrit 5 iji dipun sigari dados kalih, sêre panjangipun sadriji, godhong jêram purut 2 lêmbar, godhong salam 2 lêmbar, laos 4 iris, brambang bawang 1 sendhok dhahar, sarêm sacêkapipun, lajêng ngêngkrêngakên toya ½ kuwali, ulam kalihan bumbu kasêbut nginggil wau kadèkèkakên ing kuwali, manawi sampun umob kawêwahan kecap, 2 sendhok dhahar. Bilih sampun matêng dipun wadhahi ing basi.

Badhe kasambêtan.

Pujirah.

--- 107 ---

Bab Nyêrat (Ambathik)

Kok kados anganèh-anèhi, ngrêmbag padamêlaning tiyang èstri ingkang sampun kaprah, nanging manawi ing bab punika dipun petani, bokmanawi manggih kawontênan warni-warni, ingkang dèrèng kasumêrêpan ing ngakathah. Kuciwanipun manawi badhe nêrangakên bab nyêrat punika, lajêng ragi cotho botên sagêd ngêdalakên pola-pola, awit pandamêling gambar kêlise botên mirah.

Sêratan (bathikan) punika tumindakipun namung sambèn, kangge ala nganggur, nanging dangu-dangu ngantos dados panggaotan minăngka ngupados pangupajiwa.

Kasagêdan (kagunan) nyêrat punika aslinipun sampun wiwit kina-makina, turun-tumurun dumugi sapriki. Dene ingkang dipun pêndhêt kangge pola punika samubarang ingkang sumandhing utawi dipun kulinani ing sabên dintênipun, kados ta: kêris (curiga), dados parang rusak. Kolang-kaling (Sundha: kaung) dados kawung. Băngsa sêsêkaran lan tanêman. Isèn-isèn wana lan têtanêman dados sêmèn utawi lunglungan.

Mênggah kawruh bab pola-pola punika dèrèng wontên têlasipun, dèrèng pêdhot, tansah dipun padosi, awot dumugi sapriki para juru gambar lan para sagêd tansah madosi pola-pola ing kinanipun ical tanpa lari, sagêda pinanggih malih kangge tuladha.

Pola punika wontên têgêsipun piyambak-piyambak, botên sadhengah tiyang kenging ngangge sakathahing pola. Miturut pranatan tanah karajan Jawi, wontên pathokanipun piyambak-piyambak, inggih punika kangge tiyang ingkang kenging ngangge satunggiling pola.

[Grafik]

Rara: Siti Mariyam.

Miturut papriksan lan panitikan, sinjang ing jaman kina punika namung dipun cêlêp, dipun kêlêng. Bangsanipun sogan punika kalêbêt gagrag enggal, bilih dipun samèkakên kalihan kêlêngan. Majêngipun jaman sapunika, caranipun nyoga (punapadene ngêcèt) sinjang punika lajêng dipun padosakên margi ingkang adamêl mayaring pakaryan, miringing wragad (prabeya) punapa malih ringkêsing pandamêl.

Badhe kasambêtan.

Siti Mariyam.

--- 108 ---

Bal Tamplèk

Sami-sami kasênêngan golonganing ulah raga, ingkang kenging dipun êmori ing golonganing putri tuwin kakung, punika ingkang dipun wastani main bal tamplèk, inggih tènisên. Malah pinanggihipun ing sapunika kenging dipun wastani sumrambah ing pundi-pundi ing papan ingkang rame.

[Grafik]

Ing rumiyinipun, lêlagên kados makatên punika limrahipun namung pinanggih ing golongan băngsa ngamănca, nanging dangu-dangu lajêng tumular dhatêng golongan putri tuwin kakung tiyang siti.

Pinanggihipun ulah raga kados makatên punika sarwa mikantuki, sarira lajêng sagêd kiyat, tandang cikat, tuwin kawong dhatêng pasrawungan. Kawontênan tigang bab wau, saèstunipun manawi dipun manah nama sampun dados piguna gêng sangêt, nama nyêkapi bêtahing golongan wanita. Mirid saking ujaring para ingkang mangrêtos, tandang-tanduking para wanita ingkang ahli ulah raga wau sagêd kêtitik, awit sampun gadhah wănda piyambak, ingkang limrahipun dipun wastani nyrikandhi.

Ingkang pinanggih ing kitha-kitha agêng, manawi sampun antawising jam sakawan sontên, kathah para wanita ingkang rawuh ing papaning ulah raga wau, katingal sarwa mantêsi.

Lêlangên ingkang kados makatên punika pinanggih ing saindênging bawana, mila ugi asring wontên lurugan tuwin tandhingan sawung saking sanès nagari. Ing sapunika tumrapipun tanah Jawi sawungipun băngsa Jawi Tuwan Samboja.

Ingkang kacêtha ing gambar punika nalika ing Cianjur kawontênakên têtandhingan ngrêbat ganjaran, van Starkenborgh bèkêr. Gambar ing nginggil nalika nuju main. Ing ngandhap, nalika Kangjêng Nyonyah Gupêrnur Jendral nampèkakên ganjaran wau dhatêng Tuwan Matsuda, ingkang pinanggih unggul.

Cara ulah raga ingkang kados makatên punika, tumrap sawanganipun tiyang ingkang nêmbe sumêrêp, tamtu amastani anèh, awit ingatasing wanita têka gadhah tandang kados tiyang jalêr. Nanging manawi dipun sawang dangu-dangu lajêng karaos bilih punika satunggiling ulah raga utami.

--- [881] ---

 


Kata "utawi" tidak perlu dibaca. (kembali)
dipun. (kembali)
kumawani. (kembali)
Wondene. (kembali)
tindakipun. (kembali)
pucaking. (kembali)
kapratelakakên. (kembali)