Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 61, Stu Pa, 23 Jumadilawal, Ehe 1868, 31 Juli 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen.v.K.en W.

Sarisakipun karaton Kartasura ingkang jumênêng nata Sinuhun Pakubuwana II lajêng yasa karaton enggal ing dhusun Sala. Nagari kasantunan nama Surakarta Adiningrat. Sang nata dèrèng dangu anggènipun ngadhaton ing Surakarta lajêng pasulayan kalihan ingkang rayi Pangeran Mangkubumi. Wusana anjalari pêrang ngantos pintên-pintên taun, inggih punika pêrangipun wadyabala Surakarta kabiyantu prajurit Kumpêni mêngsah kalihan para prajurit ingkang sami ngrencangi Pangeran Mangkubumi. Pêrangipun gêntos unggul lan gêntos kalindhih, sarta kanthi ngolah-ngalih panggenan. Dangu botên wontên ingkang mênang tuwin ngawon, pungkasanipun ingkang sami mêmêngsahan lajêng bêdhamèn. Miturut bêdhamèn wau nagari kapalih dados kalih bagean. Ingkang sabagean inggih punika nagari Surakarta dados kagunganipun nata ing Surakarta Sinuhun Pakubuwana III, ingkang anggêntosi ingkang rama nalika taksih wontên pêrang, amargi ingkang rama Sinuhun Pakubuwana II seda nalika taksih wontên pêrang wau. Dene ingkang sabagean malih inggih punika nagari Ngayogyakarta dados kagunganipun Pangeran Mangkubumi ingkang lajêng madêg nata jêjuluk Sultan Hamêngkubuwana.

Sanajan botên kapratelakakên, para maos têmtunipun sampun sami priksa, bilih babad Surakarta ingkang katêlah dipun wastani Babad Giyanti punika pantês sarta inggih sampun samêsthinipun dados waosanipun tiyang Jawi. Botên namung tiyang Jawi ing nagari Surakarta lan ing Ngayogyakarta kemawon, nanging para tiyang Jawi ing laladan sanès-sanèsipun inggih prêlu maos babad wau. Awit punika atêgês kangge nyumêrêpi lan ngèngêt-èngêt babading tanahipun piyambak lan atêgês kangge nyumêrêpi lêlampahanipun para lêluhur Jawi ingkang sami tumut andon yuda nglabêti sinuhun ing Surakarta utawi Pangeran Mangkubumi kasêbut ing nginggil wau. Amargi pêpêrangan ingkang kacariyosakên ing babad Giyanti punika jêmbar têbanipun, botên namung ing salêbêtipun laladan nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon, nanging ngloncok dumugi laladan sakiwatêngênipun nagari kalih wau, sarta ingkang sami tumut andon jurit ugi botên ngêmungakên tiyang ing nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon.

Kajawi punika, babad Giyanti punika ugi andongèngi, liripun nyariyosakên pêpêrangan, lêlampahan, lan kawontênan warni-warni, ingkang pantês dipun waos kangge nyênêngakên manah. Jalaran ingkang andhapuk pujăngga agêng ingkang sampun misuwur, inggih punika suwargi Tumênggung Yasadipura, ing Surakarta. Basa tuwin othak-athiking cariyos runtut lan sarwa nêngsêmakên.

Babad Giyanti ingkang kawêdalakên dhatêng Bale Pustaka punika ngantos satamatipun, sarta murih ènthèngipun ingkang sami mundhut, kawêdalakên dados pintên-pintên jilid. Samangke sampun kenging wêling ingkang jilid: 1 -7, a f 0.50.

--- [945] ---

Ăngka 61, Stu Pa, 23 Jumadilawal, Ehe 1868, 31 Juli 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - Administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Triarga Jêjêring Carita - Bab Sêsakit Edaning Sêgawon - Talaga ingkang Elok - Kawontênan ing Tiongkok - Blilu Tau - Bab Lampahipun Kolonis dhatêng Tanah Sabrang - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Tuna dungkapipun tiyang ngudi kabatosan.

Babagan kabatosan punika mênggahing marginipun, botên sanès inggih rêrambatan batos, dados manawi makatên kabatosan punika inggih wontên undha-usukipun, inggih punika wiwit saking kasar, alus, saya alus, alus sangêt, salajêngipun.

Manawi ngèngêti panggraya[1] kados makatên punika, pangudi babagan makatên punika botên gampil, tuwin bokmanawi adhakan dados tindak tuna dungkap. Mênggah pasaksènipun ingkang adhakan, upami wontên têtêmbungan: wong ngudi babagan kabatinan, iku pawitane kudu mênêng.

Têtêmbungan makatên wau lajêng nuwuhakên pamanggih warni-warni. Wontên ingkang nekadakên: mênêng punika mênênging cangkêm, inggih punika cangkêmipun ingkang kapara kèndêl, sukur ingkang kaduk kèndêl. Mênggah sèlèhing tekad ingkang kados makatên wau sampun mapan, tuwin nyata, ngantos wontên bêbasan: mênêng iku ana sajabaning pakewuh. Dados tiyang ahli mênêng ingkang kados makatên punika tumraping ngudi kabatosan nama sampun angsal ancik-ancik sae.

Lajêng wontên ingkang nyuraos, mênêng iku mênênging păncadriya, awit păncadriya iku yèn ora diênêngake, kêkarêpane tansah ngămbra-ămbra, yèn ora dikothokake tuman bae. Tindak makatên punika sajak katingal kêrêng, tuwin inggih lajêng katingal mapanipun.

Wontên malih ingkang kaduk sêmbrana, mastani tiyang badhe mênêng punika malah kêdah manggèn ing papan rame, awit manawi botên ngraosakên ramenipun, badhe botên manggih mênêngipun. Tekad kados makatên punika inggih wontên lêrêsipun, katingal anggèning adhêdhasar watak prasaja, ngajêngi sadayanipun, ingkang prêlunipun badhe pados mênêng.

Mirid andharan tigang warni wau, tamtunipun tumrap ingkang sami nekadakên badhe ngêncêngi tekadipun piyambak-piyambak, ingkang wosipun rêbatan mênêng. Nanging tumraping babagan punika, punapa inggih cêkap wontên ing mênêng. Nyumanggakakên.

Cêkruktruna.

PANGAN IKU KANG DIARANI BÊCIK YAIKU KANG AJÊG WAKTUNING PAMANGANE LAN KANG SOLAN-SALIN.

--- [946] ---

Cariyos Kina

Triarga Jêjêring Carita, Nawung Rahsa, Rinipta Ikêtan Kina.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 57

Suwaraning adan ing Masjid Jabalkat, kapyarsa ing Bintara (Dêmak).

Sarèhning pamawasing cariyos ing nginggil punika nama kanthi ngakal, punika kenging kapiridakên kalihan kawontênaning cariyos nalika jaman kênabean, punika tumrap ingkang dados panutan, manawi paring dhawuh utawi paring pêpèngêt punapa kemawon, ingkang gêgayutan piwulang kaalusan, dhumatêng para golonganipun, inggih punika ingkang andhèrèk sarengating nabi, kacariyos botên sarana sêsêratan, utawi katundha ing rêmbaging tiyang sanès, namung lajêng jumênêng ing sanginggiling sela. Cara makatên punika, para golonganipun, wiwit ingkang cêlak ngantos dumugi ingkang têbih, malah wontên ingkang kapalang sagantên, ewadene para golonganipun wau sagêd waradin botên wontên ingkang kalangkungan, ing pangraos sampun sami nampi dhawuh piyambak-piyambak.

Wondene surudipun Sèh Dumba, kacariyos ugi mawa prabawa tuwin kumara, ingkang angebat-ebati. Dene layonipun, lajêng kasarèkakên wontên ing rêdi Cakaran. Malah pasareanipun wau ngantos sapriki ugi dados patirakatan. Mila limrahipun tiyang sajarah dhatêng ing pasarean Bayat punika, sasampuning nyêkar ing pasareanipun Kyagêng Pandhanarang, manawi kacêkap wêkdalipun, lajêng minggah ing rêdi Jabalkat, prêlu nyêpên utawi kêkadhar, dene patrap makatên wau, kawastanan ngadhang wahyu. Limrahipun wontên ing pasareanipun Sèh Dumba wau, sasampuning nglairakên ingkang dados sêdya niyatipun, minăngka isarat, sami mêndhêt utawi ngrogoh siti ingkang kalêrês daganing pasarean, prêlu kabêkta mantuk, lajêng karimat utawi sinimpên ingkang prayogi. Wondene tumrap ingkang anggadhahi kapitadosan, patrap makatên wau kaanjingakên ngêmpèk sawab utawi ngalab barkah, dhumatêng kalangkunganipun ingkang suwargi. Mila satêngahing kaol nyariyosakên, siti dagan ingkang kaanggêp jimat wau, sabên Anggara Kasih, tuwin Jumungah Kliwon, kêdah kamulyakakên, sarana kinutugan ing sela (mênyan) salajêngipun ingurap ing sêkar ramping. Malah yèn kasêmbadan, salêbêting dalu kêkalih wau, prayogi kaêlekan, nanging kêdah wontên ing latar. Rèhning badhe nyundhukakên, kaoling cariyos, anyarêngi ing wanci bêdhug tiga (subuh) siti dagan wau lajêng kaêlèr wontên ing wadhah, tumuntên kagrayang ing asta èpèk-èpèk kêkalih. Blubukan ingkang lêmbat, inggih ingkang sami tumèmplèk ing èpèk-èpèk kêkalih.wau, tumuntên kaangge wulu, sacaraning mêndhêt toya wulu ing sagantên pasir (toyamum) ingkang kalêbêt pranataning agami Islam, kados makatên mênggah dêdongenganipun. Wondene lêrês tuwin lêpat, namung sumăngga, amargi sadaya wau nama asnapun.

Wirasuharja-Kêbumèn.

--- 947 ---

Bab Kasarasan

Bab Edaning Sêgawon (hondsdolheid)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 59

Dr. Charbonnet nêrangakên bilih Dr. Martel pitadosipun dhatêng saening vaccin punika jalaran kêtarik dening piyambakipun rêmên utawi katut dhatêng Annette anakipun Pasteur.

[Iklan]

Annette ingkang tumut mirêngakên namung manthuk-manthuk kemawon.

Dr. Martel wicantên: Pancèn aku dhêmên nyang kowe Annette, nanging aku uga pitaya bangêt marang pigunane vaccin saka kapintêrane bapakmu kang mêsthi bakal ana wohe kang paedahe gêdhe bangêt.

Annette katingal anggèning nglairakên bingahipun dhatêng Dr. Martel.

Nalika Tuwan Pasteur kalihan garwanipun sami lêlênggahan ing nglêbêt dalêmipun, garwanipun matur: Louis, mangke yèn vaccin sampeyan pancèn sagêd mitulungi saèstu, têtiyang ingkang sami gadhah menda utawi lêmbu sadaya ing Eropah têmtu sami nêdha vaccin wau, sampeyan têmtu ibut angladosi têtiyang wau sarta misuwur.

Pasteur ngandika: Samubarang pagawean kang migunani tumrap umum iku dadi bathine wong akèh.

Ing dhusun Le Fort bawah Arbois panggenan ingkang

--- 948 ---

kathah mendanipun, ing ngriku nagari badhe damêl cobèn-cobèn. Sasampuning dintênipun katêtêpakên, para dhoktêr ingkang pintêr-pintêr sami dhatêng kêmpal ing dhusun ngriku. Tamu saking măncanagari kintên-kintên wontên 3000, prêlu badhe sumêrêp kadadosan lan nyatanipun, ngantos dhusun punika andadak dados rame sangêt, têtingalan warni-warni, sami dhatêng ambarang. Dr. Rossignol sampun ngintunakên menda kathah ingkang dèrèng nate dipun suntik vaccin, prêlu kangge cobèn-cobèn wau, rêmbagan lan janjinipun kalihan Pasteur botên kenging pisan-pisan tiyang cakêt utawi andêmèk menda ingkang sampun dipun kandhangakên punika.

Têtiyang ingkang sami ningali wontên ingkang wicantên: Sapa sing bênêr Dr. Rossignol apa Pasteur.

Mêsthine Rossignol sing bênêr, amarga dhèwèke pancèn dhoktêr. Ingkang kathah sami makatên jawabipun, sawênèh inggih wontên suwara ingkang mungêl: Pasteur mênang.

Dr. Rossignol ngandika: Dhoktêr sêmene kèhe padha nyêksèni kabèh.

Dr. Charbonnet apa nyêksèni wêdhus apa kumidhine.

Têtabuhanipun kumidhi kapal dipun ungêlakên, dados rame.

Dr. Rossignol kalihan Dr. Charbonnet sami mriksani karamean lan têtiyang ingkang sami uyêl-uyêlan ningali têtingalan wau.

Botên antawis dangu Dr. Charbonnet kagèt mirsani satunggilipun priyantun lêma saha brewok, inggih punika Dr. Lister. Dr. Charbonnet ngandika sajak pitakèn dhatêng Dr. Rossignol: Panjênêngan pirsa sintên ingkang jumênêng ing ngriku punika, punika punapa Dr. Lister saking Inggris, ingkang misuwur asmanipun bab prakawis motong.

Dr. Lister majêng nyakêti dhoktêr-dhoktêr ingkang sampun sami kêmpal wontên ing ngriku, lajêng têtêpangan.

Dr. Rossignol ngaturi sugêng rawuhipun Dr. Lister, saha nêrangakên rawuhipun ing ngriki badhe karsa punapa.

Dr. Lister mangsuli: Pikajêng kula sami kalihan karsa panjênêngan, badhe ningali menda ingkang dipun suntik vaccin Pasteur, dados kula kêpengin sumêrêp menda-menda ingkang sampun dipun suntik.

Ing têngah margi wontên kreta ingkang dipun tumpaki kulawarga Pasteur, Dr. Jean Martel sampun wontên ing ngriku mapagakên Annette lajêng sami andhèrèkakên tindakipun para dhoktêr wau. Ing regol panggenan kandhang, korinipun lajêng dipun bikak dening ingkang jagi, sasampunipun kulawarga Pasteur. Dr. Roux, Dr. Martel lumêbêt ing papan panggenan kandhang menda wau, têtiyang sanèsipun sawêg kenging sami lumêbêt.

Sakawit ingkang dipun priksa rumiyin kandhang ingkang wontên menda-mendanipun ingkang botên dipun suntik wontên 25 iji, ingkang pêjah 23, ingkang kalih badhe pêjah, matanipun buthêk mêrêm, ing ngriku têtiyang utawi para dhoktêr sami kèndêl botên wontên ingkang wicantên.

Lajêng sadaya sami mirsani kandhang nomêr 2 ingkang isi menda-menda ingkang sampun sami dipun suntik vaccin Pasteur. Menda 25 iji katingal sami anjêrum kèndêl botên ebah.

--- 949 ---

[Iklan]

Têtiyang ingkang ningali sami wicantên: Apa wêdhus-wêdhus iki ya padha mati.

Sarêng têtiyang sami nyakêti kandhang, menda wau sami ebah ningali têtiyang ingkang dhatêng, têtiyang lajêng sami surak rame sarêng-sarêng klayan ungêlipun menda-menda wau, êmbèk, êmbèk.

Sapunika sampun katingal cêtha menda-menda ingkang sampun kasuntik vaccin Pasteur sami bagas kasarasan trêngginas botên wontên ingkang sakit.

Annette nyakêti Dr. Martel sarwi wicantên: Aku bungah bangêt dene wêdhuse bapak padha isih urip lan waras-waras mêngkono. Dr. Martel lajêng ngrangkul Annette.

Pasteur mirsani putranipun rangkul-rangkulan rêna sangêt, nanging langkung bingah dene vaccin-nipun dados jampi ingkang saèstu, sagêd mitulungi dhatêng kewan ingkang katrajang sêsakit miltvuur wau.

Sanalika Pasteur dipun rubung dening para dhoktêr.

Dr. Radisse dhawuh dhatêng Dr. Rossignol : Kula botên mangrêtos kadospundi vaccin punika têka sagêd dados jampi makatên.

Dr. Rossignol mangsuli: Kula sadaya kêdah mangrêtos yèn Pasteur pancèn lêrês, mênang, suntikipun sagêd nanggulangi dhatêng sêsakit miltvuur.

Dr. Rossignol nyuwun ngapuntên dhatêng Tuwan Pasteur ing kalêpatanipun, saha ngaturi kasugêngan dening jampinipun vaccin angeram-eramakên cêsplêngipun. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja. Ind. Arts. Sêmarang.

--- [950] ---

Talaga ingkang Elok

Ing pulo Plorès wontên rêdinipun nama Kêlimutu. Rêdi wau rêdi latu, mila ing pucak wontên talaganipun pintên-pintên.

[Grafik]

Gambar ingkang ngajêng talaga Tiwuapolo, ingkang toyanipun abrit kados rah.

Talaga-talaga ing pucaking rêdi wau wontên ingkang anèh, inggih punika ingkang satunggal toyanipun katingal abrit ngantos kados rah, namanipun Talaga Tiwuatapolo, mênggah kajêngipun talaga tênung.

Botên têbih saking ngriku, malah namung kêlêt-lêtan ing têmbing sela, wontên talaga malih ingkang warnining toyanipun ijêm nèm.

Warnining toya kalih warni wau pancèn adamêl gawok, nanging manawi mirid kawontênan, jalaranipun botên sanès, namung saking manut dhêdhasaring talaga wau.

Tamtunipun kawontênaning talaga kêkalih wau ugi wontên dêdongenganipun ingkang elok.

--- 951 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Upyêk-upyêkan ing Tiongkok ing wêkdal punika, kenging dipun wastani sampun pangawak pêrangan, awit punapa tindak ingyang[2] dhapur rêmbag, pinanggihipun namung sarwa sêrêng, tuwin nyakêti sangêt kalihan tumêmpuhing gêgaman. Sarèhning dhêdhasaripun sêrêng sami sêrêng, sampun nama botên anèh bilih sadaya wau namung dados lantaran kemawon, tandhanipun inggih sampun wontên ingkang campuh sakalangkung rame.

[Iklan]

Tumrapipun Tiongkok, ing babagan kaprajan, kêrêp amanggih sandhungan ingkang tuwuh saking golonganipun piyambak. Kados ingkang pinanggih ing wêkdal punika, Tiongkok sawêg sêrêng-sêrêngipun kalihan Jêpan, sawarnining tindakipun umindêng kangge nyantosakakên kabangsan, murih sagêdipun tunggil agolong. Nanging tumrap Tiongkok sisih êlèr, wontên golongan ingkang dipun senapatèni dening Sung Ce Yuwan, katingal anggèning botên ngêblak, wontên sêmunipun ngumpêt wêwados ingkang gêgayutan kalihan Jêpan, mila nalika parentah Nanking pitakèn ing bab suraosing prajangjianipun Jêpan kalihan parentah [pa...]

--- 952 ---

[...rentah] laladan, kêncêng anggènipun botên purun suka katrangan.

[Grafik]

Tumpakan gagrag kina ing nagari Tiongkok.

Ingkang makatên punika tumraping Tiongkok sakalangkung nyamarakên, awit mangrêtos bilih kawontênan ing ngriku wau kêdhêsêk saking daya Jêpan. Malah Tiongkok inggih sampun sagêd anggagapi, bilih sêdyanipun Jêpan punika botên sanès namung badhe anjêmbarakên laladanipun, inggih punika badhe ngêdêgakên panguwaos ing Pebaping, tuwin badhe ngêlar Mansukuo murih saya santosa adêgipun. Bab punika Jêpan tansah sêrêng ngudi unduring wadya Tiongkok ingkang wontên ing Wapingsin tuwin ing pulo Ciao. Nanging têtiyangipun ing ngriku têtêp botên purun mingsêt ing sadèrèngipun băngsa Jêpan sumingkir saking Pèngtai. Sarèhning panggrêtak wau dipun wangsuli kados makatên, Jêpan lajêng nyantosani barisipun.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, pinanggihipun wontên ing golongan Tiongkok kêtingal pating brêndhil, wontên ingkang kêncêng, nanging ugi wontên ingkang malah adamêl sarwa pakèwêd.

Sarêng panêdhanipun Jêpan wau botên kasêmbadan, ing sêmu Jêpan botên kêdugi sangêt. Inggih lêrês wontên golonganing wadya Tionghwa ingkang sampun sumingkir, nanging ugi dipun lintoni golonganing prajurit sanès. Makatên ugi unduripun wadya Iongkok punika botên patos têbih, tuwin lajêng umpêtan wontên ing rong-ronging pandhêlikan, măngka kajêngipun supados sumingkir têbih. Nanging kawontênan ingkang kados makatên wau inggih botên nama anèh. Dene anggèning Tiongkok ngiyatakên prajurit, punika namung kangge ngêmbari solah-tingkahipun Jêpan, awit gunggunging wadya Jêpan ingkang wontên sakubênging Pèiping kintên-kintên wontên 20.000.

Ing salajêngipun wontên tindak sêrêng saking Jêpan ingkang tumuju dhatêng Sung Cèh Yuwan, ingkang suraosipun kêdah ngundurakên prajurit Tiongkok tumuntên, manawi pakèn punika botên dipun lêksanani, badhe katindakakên kanthi panguwaos militèr.

Sung Cèh Yuwan, ingkang tansah dipun sujanakakên dening paprentahan pusêr, dangu-dangu sarêng rumaos tansah kêdhêsêk Jêpan, lajêng lapur dhatêng parentah pusêr, bilih wadyanipun badhe dipun angsahakên lumawan Jêpan. Kajawi punika ugi nglapurakên bilih kawontênanipun ing Lukuwociao mrênding sangêt, samăngsa-măngsa gampil tuwuhipun paprangan.

Sawarnining rêmbag wau pêpindhanipun kadosdene ambêndung [ambê...]

--- 953 ---

[...ndung] toya agêng, dangu-dangu jalaran saking kiyating toya, katêmahanipun ambrol yêktos, inggih punika ing antawising Pèiping kalihan Tinsin tuwuh wontên ingkang campuh malih, wadya Tiongkok tuwin wadya Jêpan sami kiyatipun. Wadya gêgana Jêpan lajêng nêmpuh saking gêgana andhawahi bom ing tangsi-tangsi wadya Tiongkok ing Hangpha. Malah miturut wartos ingkang kantun, ing wanci sontên têtiyang ing Pèiping sakalangkung kagèt, dene ujug-ujug wontên wadya Jêpan cacah 500 nêmpuh ngêgèt wontên sangajênging gapura Yuwantan. Ing sakawit nêmpuhipun mawi gêlar mundur, nanging sarêng dalu nêmpuh malih kanthi ngêtog karosan badhe ngêbroki kitha. Tujunipun wadya Tiongkok kuwawi nanggulangi.

Ing mangke saya katingal sêsulaking pasulayan ing Tiongkok.

Pawartos saking Rêdhaksi

K. 106 ing Kaliwungu. Kajênging karangan ingkang sampun kapacak ing Kajawèn, punika botên plêk kados karangan panjênêngan, nanging kathah ingkang sairib. Sampun cuwa ing panggalih.

K. 2040 ing Kêdhunggalar. 27 Mèi 1890, dhawah,Sla, Lê, 7 Sawal, Alip 1819, wuku Wuye, windu Sangara.

K. 1678 ing Slawi. Manawi karangan wau sae inggih badhe kapacak.

Tuwan S. ing Kêbumèn. Kintunan gambar botên cêtha. Cobi damêla karangan malih, tuwin manawi ngintuni gambar ingkang cêtha tuwin ingkang maedahi.

K. 305 ing Ngayogya. Karangan panjênêngan sami botên kapacak, suraosipun kêpanjangên.

Lêngganan nomêr 1958. Bale Pustaka botên ngêdalakên buku pêmimpin kangge sujarah kaji dhatêng Mêkah. Dene ingkang ngêdalakên buku wau toko buku H. Buning Ngayogyakarta, namanipun buku: Manasik Haji. Samangke rêgi pintên, rêdhaksi botên sumêrêp, kula aturi mitêrang piyambak.

Lêngganan nomêr 4723. Buku ênut gêndhing slendro lagon Ngayogya dèrèng wontên. Ingkang sampun dipun wêdalakên dening Bale Pustaka, ênut gêndhing slendro saking Surakarta.

[Iklan]

--- 954 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Bab Lampahipun Kaum Kolonis dhatêng Tanah Sabrang

II

Garèng : Ngrungu caritamu carane anggone ngopèni wong-wong kolonis kuwi mau, saka bungahku ing sajêroning atiku bola-bali muni: alkamdulillah, alkamdulillah, nganti mênirên. Saiki caritakna, jam pira kapale labuh ana ing Sumatra, lan kapriye panampane ana ing kana.

Petruk : Kira-kira jam 7 kapale wis bisa labuh ana ing Oshapên, yaiku jênênge palabuhan ing Sumatra kang sisih kidul, iya ing Lampung, Kang Garèng. Ana ing kono mudhune wong-wong saka kapal diatur sabatih-sabatih lan iya ngumpul tunggal sadesa.

Garèng : Wèh, iya sênêng ane, awit, ora pisah karo sadulure, kathik têrus kumpul tunggal desane dhewe. Mudhune sing dijujug nyang ngêndi, Truk.

Petruk : Lakune mau ngênêr mênyang kantor Dhuanê, iya iku kantore punggawa nagara sing ambaurêsa palabuhan. Nanging ana ing têngahing dalan ana sing nyêgati, malah amêdèni prasaksat Ditya Kumbakarna, yaiku tuwan dhoktêr.

Garèng : Wayah, tiwas atiku rada mêngkêrêt. Apa dhoktêre kuwi gêdhe dhuwur tur branggah, kathik diunèkake amêdèni prasaksat Kumbakarna.

Petruk : Ha iya ora, Kang Garèng, dêdêg piadêge priyayine mono iya cilik, nanging ing sarèhne lagi dikuwasakake ngêndhêgake wong-wong mau tut siji, mulane iya tak sêbut amêdèni. Luwih manèh putusane, apa wong kêna têrus ambanjurake lakune, apa kudu mlêbu rumah sakit, apa kudu dibalèkake nyang desane, mulane tak unèkake prasaksat Kumbakarna. Kowe rak iya wêruh dhewe kasêktène Kumbakarna, wong digêtak, mêsthi kontal, malah didhèhèmi bae iya wis ngoplok.

Garèng : Iya wis, kok banjur nyaritakake sing ora-ora. Cêkake karêpmu, dhoktêr mau anyêgati wong-wong mau, diwajibake mriksa kasarasane, sing saras kêna ambanjur, sing lara kudu dilêbokake romah sakit, lan sing lan sing ayu... ditahan ana ing kono.

Petruk : Hus, hus, wong sêmbrana, kok banjur ora karuwan mêngkono rêmbuge. Sauwise dipriksa mau, wong-wong banjur diirit mênyang ing papane para punggawa kolonisasi, kang wus sumadhiya ana ing kono sadurung-durunge, prêlune kudu dilêbokake ing buku rêgistêr jênêng-jênênge, [jênêng-...]

--- 955 ---

[...jênênge,] kajaba iku wong-wong mau kudu awèh cap jêmpol, dariji lan cap èpèk-èpèk.

Garèng : Wèyèh, kok pêpak têmên, apa iya ora kudu cap sikil pisan.

Petruk : Yah, iya ora. Prêlune dikon ngêcap sing mangkono mau, mung kanggo jaga-jaga ing besuke, yèn ana apa-apa, dadi gampang anggone nitèni. Sauwise wong-wong mau banjur padha diparingi pènêng, kang dipasang ana ing dhadha.

Garèng : Gandrik, cilaka ane, kudu cucul dhuwit manèh. Lumrahe nagara paring pènêng kuwi, iya ora mung: cul, ngono bae, nanging kenene iya kudu ngrogoh kanthong, Truk, kaya ta: pènêng andhong, pènêng gondhang-gandhung, malah uga pènêng... mas anjing.

Petruk : Iki beda bangêt karo pènêng-pènêng sing kok omongake kuwi mau, iki malah kêna saupama kok aranana: pènêng wasiyat, awit, kajaba pènêng iki diparingake kanthi lêlahanan, sing sapa nyêkêl pènêng iki, anggêre dituduhake ana ing papan kang wis ditêmtokake, mêngkono: cung, iya banjur: lung, diwènèhi sawungkus isi sêga salawuhane.

Garèng : O, pancèn iya wong sêmbrana, dadi cêkake: pènêng mau kanggo titènane wong kolonis sing kudu olèh cadhong. Wis, wis, nèk omong kuwi ambok aja blondhat-balandhitan mêngkono, saiki banjurna bae caritamu.

Petruk : Ora, Kang Garèng, kabèh-kabèh mau pranatane mula iya bêcik, nanging aku ora pati gumun. Dene sing tak gumuni nganti rindhil kuwi, patrape pulisi sing ngatur mêdhune kaum kolonis saka kapal, mênyang kantor Dhuanê, nganti tumêkane munggah sêpur, hla, kuwi, wèh jêmpol têmênan, Kang Garèng.

[Grafik]

Garèng : Ora kulak, wis ngrêti aku, Truk. Rumasane lumrahe: wong iya wong desa, mêsthi padha bodho-bodho, kudu disênggara macan, cikbèn manut miturut. Dadi patrape pulisi nyang wong-wong mau, iya nganggo: nyêntak-nyêntak, misuh-misuh, ngobat-ngabitake gêmbêle barang kae.

Petruk : Salah, Kang Garèng, bingkanane[3] salaha malah kosokbaline, patrape pulisi tumrap kaum kolonis kuwi alus bangêt, kayadene bapa nyang anak, utawa guru nyang murid, nyêntake, kayadene wis dibêsinêh, pisuhe wis diwahgèl, apa manèh tanduk sing kasar, nyurung-nyurung, luwih-luwih nêndhang, nabok, lan sapadhane, sajake kaya wis dièrlop, onslah,

--- 956 ---

anane mung ngandhani, mituturi, ngelingake, cêkake patrape pulisi nyang wong-wong mau, ing kala samono kêna tak arani: nênuntun.

Garèng : Hla, nèk kaya ngono ya pancèn: jêmpol tangan lan sikil didadèkake siji têmênan. Luwih manèh băngsa Jawa, kuwi mênyang patrap sing alus, wèh, nganggêp têmênan, Truk. Kaya ta supir upamane, utawa kusir andhong yèn salah dalan, utawa nglanggar pranatan, ambok aja guru-guru dhisik, disêntak, digêbug, apa manèh diprosès pêrbal, iki wonge bisa banjur bingung kêdadak, bisa kamithotholên, kang bisa anjalari saya gawe salah wèsêl luwih rete-rete. Ambok iya dituturi bae: mas, niki sampeyan salah, kudune ngotên, mêkotên, napa botên mêlas sampeyan, nèk nganti ontên wong diambung motor sampeyan niku. Tak tanggung, Truk, yèn patrape pulisi alus mêngkono, pêlanggaran mêsthi kurang.

Petruk : Ha iya, Kang Garèng, nanging bangsane dhewe kuwi pancèn rada angèl, êmbuh saka bodhone, êmbuh kêpriye. Lumrahe sok ora wêruh nyang lupute dhewe. Kaya ta yèn ana motor tubrukan upamane, kuwi ora kok banjur salah siji ngalah, gêlêm angakoni lupute, nanging siji lan sijine ora ana sing luput, loro-lorone bênêr kabèh, pungkasane banjur padu, malah yèn ora kabênêran sok nganti padha adu: kupat Bangkaulu, alias: adu kêpêlan. Lo, yèn mrangguli wong sing kaya ngono kuwi, pulisi apa iya mung dikon alus têrus-têrusan bae, mêngko rak sida kujur têmênan, Kang Garèng.

Garèng : Wèh, salah wèsêl panêmumu, Truk, karêpku kuwi mau mangkene: nèk ana gawe parigawe sing têmênan, wis mêsthi bae pulisi kudu bisa tumandang gawe sing mêmpêng kae, nanging yèn ana palanggaran sing lumrah, sing ora piraa, iba bêcike saupama ora banjur tumuli: mrosès pêrbal, nyêntak-nyêntak lan sapadhane, nanging wong sing nglanggar pranatan mau, banjur dikandhani, dituturi, didudung-dunungake,[4] bokmanawa wohe rak luwih bêcik.

Petruk : Bokmanawa, Kang Garèng, dadi durung mêsthi, nanging bab kiyi ora prêlu kene mèlu cawe-cawe, dudu wênange kene mèlu ngrêmbug, Kang Garèng. Luwih bêcik saiki tak ambanjurake caritaku lakune wong-wong kolonis kuwi mau. Wong-wong mau banjur padha diunggahake nyang sêpur, iki iya nganggo pranatan manèh, Kang Garèng, ora mung sajêl-jêle bae. Nanging dipranata: anak bojo digrombolake dadi siji, malah sabisa-bisa wong tunggal desa dikumpulake dadi siji sakreta. Prêlune bèn padha ayêm, aja nganti rumasa kêpêncil.

Garèng : Iki jênêngane waskitha, Truk. Wong tak têpakake nyang awakku dhewe, yèn kabênêr nyêpur: sêndiriyun, kae, wah, rasane mula iya palingak-palinguk têmênan. Mulane aku sok banjur golèk kănca, sukur yèn olèh sing kira-kira bisa... anjajakake, ora-orane iya sing... klimis gêlunge.

--- 957 ---

Blilu Tau

Anggitane: Wiryawiharja

Sambungane Kajawèn nomêr 60

[Mijil]

caritane disêlani sathithik |[5] kocapa wong loro | Nyai Wana dalasan mantune | lêlakone saya mêlasasih | wis atine sêdhih | tur mlarate muput ||

suwe-suwe padha duwe osik | mung arêp nusul thok | angumbara saparan-parane | rêkasane wis ora dipikir | tanggane malangi | wis ora dirêmbug ||

ewadene sêdyane ing batin | anggolèki bojo | ing laire nêdya nyambutgawe | sabisane kanggo cagak urip | ngiras nglali-lali | lakon sing kêpungkur ||

lungane mung sangu bêras sithik | ana pasar didol | pêpayone kanggo nêmpur manèh | banjur didol ngarah bathi sithik | tindak ngono kuwi | karo mlaku têrus ||

sabên pasar masthi ditêkani | nanging ora mandhok | rina wêngi sasat tanpa lèrèn | wis anjajah desa milangkori | ning sing digolèki | ya durung kêtêmu ||

kacarita Wanajaya tilik | têkan ngomah mlênggong | anak bojo uwis lunga suwe | mênyang ngêndi anggone golèki | tăngga ditakoni | padha ora wêruh ||

saya ngêrês barêng dikandhani | apa sing kalakon | ngrumasani ing kaluputane | biyèn mula aku sing marahi | mulane ya iki | ukume wong blilu ||

kêpenake bêcike saiki | aku kudu manggon | ora kêna lunga saka kene | omah kana didol bae uwis | susah dilakoni | idhêp-idhêp laku ||

dak sêsuwun bok ya nêmu bêcik | sokur bisa klakon | besuk bisa padha kumpul kabèh | lara lapa padha dilakoni | anggêre lêstari | têkan anak putu ||

[Iklan]

lêlakonku sing wis dak lakoni | kêna kanggo ngilo | kanggo pèngêt anak putu têmbe | kang supaya slamêt gone urip | kudu ngati-ati | aja kaya aku ||

barang gawe dipikira dhisik | iku kanggo waton | yèn wis maton lagi ditindakke | dadi gampang anggone nandangi | wohe bisa bêcik | ora bakal gêtun ||

Wanajaya tumuli miranti | tata-tata ênggon | ngatur omah ing sakapenake | pacurine uga dirêsiki | sawise miranti | banjur mikir butuh ||

butuhe mung mikir awak siji | dadi ora repot | malah bisa turah pamêtune | omahe wis didandani bêcik | ora nguciwani | pirantine cukup || Ana candhake.

--- 958 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Katêtêpakên dados Dirfecteur Dep. Economische Zaken. Inginggil punika gambaripun Tuwan H.J. van Mook. Hoofdamtenaar ing Dep. Economische Zaken, ingkang katêtêpakên dados directeur Dep. E.Z. anggêntosi kalênggahanipun Tuwan Mr. G.H.C. Hart.

Postpaarbank. Gunggunging arta ingkang dipun cèlèngi ing Postpaarbank wiwit Januari dumugi ing wulan Mèi 1937 wontên f 11.083.745.- ugi kapetang arta celengan sêkolahan f. 34.150.-. Dados wêwahing arta celengan wontên f 2.687.625.-Ing pêpetangan wau buku ingkang kawêdalakên wontên 28.128, ingkang dipun bayar wangsul 15.136, dados cacahipun mindhak f. 12.992.

Angsal-angsalanipun Jaarbeurs ing Bandung. Jaarbeurs ing Bandung ing taun punika kawontênanipun katingal dipun ajêngakên dening rêrigêning para kawogan, amargi kala taun kapêngkêr kathah ingkang nacad. Wusana pinanggihipun inggih majêng yêktos. Angsal-angsalaning arta f. 40.189.80, kapetang mindhak f 7000.- tinimbang taun kapêngkêr.

Angsal-angsalaning tram ing kawan golongan. Pêpetanganing angsal-angsalanipun tram ing kawan golongan ing wulan Juni, tumrap: S.C.S. f 271.000.-. Ing Juni taun kêpêngkêr wontên f 176.000.-. S.J.S f 114.000.-, Juni taun kêpêngkêr f 94.000.-. O.J.S. f 44.000.-, Juni taun kêpêngkêr f 42.000.-. Sêrayudal-Stoomtram Mij. f 29.000.-, Juni taun kapêngkêr f. 21.000.-. Gunggungipun sadaya salêbêting wulan Juni kapêngkêr wontên f 458.000.-, Juni taun kapêngkêr f 333.000.-. Dados indhakipun f 125000.-.

Dr. Sutomo sêsorah wontên Sêmarang. Dr. Sutomo, Voorzitter Centraalbestuur Parindra mêntas ngawontênakên sêsorah ing Sêmarang, manggèn ing gêdhong Sobokarti. Ingkang dipun wêdharakên ing bab kawontênan ing Jêpan tuwin Eropa ingkang pinanggih ing kalanipun Dr. Sutomo tindak lêlana. Sêsorah wau tumuju dhatêng para warga Parindra, minangka angsal-angsal.

Congres Sangkara Mudha. Benjing tanggal 7 dumugi 9 Augustus ngajêng punika, pakêmpalaning para darah karaton Ngayogya ingkang nama Sangkara Mudha, badhe ngawontênakên congres, manggèn ing sociteit Hoa Kiau ing Ngayogya.

H.B.S enggal. Pawartos ing bab badhe wontênipun H.B.S. ing Ngayogya, saèstu badhe kalampahan. Miturut dhawuh saking Departement Pangajaran, bikakipun wiwit tanggal 1 Augustus ngajêng punika, kawiwitan saking klas 1, manggènipun nunggil A.M.S afd. A. Ingkang dados directeur Dr. J. Schouten.

Nanggulangi sêsakit wit jêram. Sampun sawatawis wulan tanêman jêram ing Pujon tuwin Malang katrajang ing sêsakit. Bab punika lajêng katindakakên panulakipun sarana walirang. Dumugi sapunika tanêman jêram ingkang dipun tamani jampi sampun wontên 20.000 wit, katingalipun sagêd mitulungi. Dumugining waradin sadaya bokmanawi ngantos wulan December ngajêng punika.

Jampi ingkang ambêbayani. Pulisi ing Surabaya mêntas gledhah dhatêng toko jampi Tionghoa Seng Tong Ban ing Jagalan, jalaran sadhe jampi mawi ciri Calomel ingkang nyatanipun sublimaat. Jampi wau sampun katamakakên ing tiyang ingkang salajêngipun dados sakit sangêt lajêng kabêkta dhatêng C.B.Z. Ing toko ngriku pinanggih wontên jampi kados makatên wau 9 dhus. Salajêngipun pulisi sagêd manggihakên ingkang gêgayutan kalihan babagan jampi punika. Wusana lajêng dados papriksan panjang.

Munduring pamêdal klapa. Miturut wartos, Gupêrnur Jawi Wetan manggalih bab munduring pamêdal klapa. Sarêng nindakakên paniti, wontên ingkang munduripun wau jalaran saking kaparag ing ama. Nanging wontên ugi ingkang munduripun jalaran wijining klapa (cikal) botên milih ingkang sae. Bab punika badhe dipun titi yêktos sabab-sababipun.

Kantor advocaat ing Surakarta. Ing sapunika Mr. Ali Sastraamijoyo bikak kantor advocaat wontên ing Surakarta, minangka panging kantor ing Madiun. Dados ing Surakarta wontên kantor advocaat tiyang siti tiga, Mr. Singgih, Mr, Suyudi, tuwin Mr. Ali.

Majênging S.S.O/L. Miturut pèngêtan, S.S. ing Jawi Wetan pinanggih saya majêng. Dumugining têngahipun taun punika cacahing têtiyang numpak wêwah 80.000, angsal-angsalaning arta mindhak f 180.000.-, tinimbang kala taun 1936. Tumrap barang-barang momotan mindhak 30.000 ton, angsal-angsalaning arta mindhak kirang langkung sayuta rupiyah. Jalaran saking indhaking momotan wau, S.S. angindhaki gêrbong 25.000, ingkang sabên gêrbong ngêwrat 10 ton. Indhaking momotan punika botên ngêmungakên jalaran saking barang-barang dagangan, ugi jalaran saking ngêmot prabot-prabot kabudidayan. Tumrap pabrik gêndhis wontên 120.000 ton, tumrap kabudidayan parêdèn 2000 ton, tuwin tumrap pabrik pathi pohung 12.000 ton.

Pamêdal kapuk ing tanah ngriki. Tuwan Isida, bangsa Jêpan ahli babagan kapuk, mêntas saking tanah Indoe tuwin Siam saha sampun dumugi ing Surabaya. Dhatêngipun ing Surabaya wau pancèn dipun wêlingakên dening para sudagar kapuk, ing Jawi Wetan, pêrlu ngrêmbag bab punika. Awit saking katranganipun Tuwan Isida, ing tanah wetan punika cocog kangge tanêman kapuk, pamêdalipun badhe sagêd ngêjori pamêdal saking tanah Indu.

--- 959 ---

Bab pananggulang panêmpuh saking gêgana. Awit saking gêlênging rêmbagipun burgemeester ing Bêtawi, Bandung tuwin Surabaya, supados gemeente botên kawajibakên dening parentah ngawontênakên waragad kangge nanggulangi panêmpuh saking gêgana, amargi sami kêkirangan arta.

Bal-balan lurugan saking Tiongkok. Sawung-sawung bal-balan Nan Hua saking Tiongkok sampun campuh wontên ing Bêtawi ingkang kapisanan kalihan combinatie S.V.B.B./Vios. Kawêkasanipun 5-1, unggul Nan Hua. Angsal-angsalanipun arta f 2000.- langkung.

[Grafik]

Ahli jogèd bangsa Hindu. Ing sisih punika ngêwrat gambaripun t. Nataraj Vashi salah satunggiling bangsa Hindu ahli jogèd ingkang ing sapunika nuju lêlana dhatêng tanah Jawi pêrlu anjêmbarakên kasagêdanipun jogèd, saking tanah Jawi badhe dhatêng Bali. Sadumugining tanah Jawi ingkang dipun jujug rumiyin ing Ngayogyakarta, nyinau jogèd Jawi ing Krido Bêkso Wiromo ingkang dipun tuntun dening G.P.H. Tejokusumo.@Wontên ing Museum Sonobudoyo t Nataraj Vashi amitongtonakên jogèdipun Hindu, ingkang namung dipun gamêli sarana kêndhang, kathah para priyantun ingkang sami mriksani. Sasampunipun lajêng katimbalan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kadhawuhan njogèd wontên kêdhaton. Wusana minangka tandha kapararênging panggalih dalêm, pinaringan gangsa.@Ing sapunika t. Nataraj Vashi nuju wontên Surakarta, saha kawartosakên ugi sampun mitongtonakên jogèdipun wontên ing dalêm Kusumayudan, dipun adani dening pakêmpalan Mardi Guno. Jogèd Indu ingkang kapitongtonakên wau sagêd nênarik panggalihipun para ahli bêksa, saha lajêng sagêd nimbang-nimbangakên dhatêng raos kaalusaning jogèd.

Kangge kabêtahaning pamulangan ing tanah ngriki. Miturut wartos, kalêmpaking arta ingkang kangge pisungsung pikramèn dalêm Raja Putri Juliana taksih tirah f 48.000.- Awit saking kaparêng dalêm Raja Putri Juliana, arta wau kaparingakên kangge ambiyantu "Prinses Juliana Stichting", minangka bandhanipun. Saking kaparêng dalêm K.T. Ingkang Wicaksana angangkat ingkang dados warga pangrèhing Stichting, inggih punika: 1 Pangarsa: Prof. Dr. Husein Jayadiningrat, warga Raad Indiya. 2 Artaka: Tuwan M.H. Woutman, President Factorij. 3 Panitra: Tuwan F.A.H. Claessen, leeraar middelbaar onderwijs. 4 Warga-warganipun: Dr. P.J.A. Idenburg, Directeur Pangajaran, Tuwan H.A. van Loghem, residhèn ingkang kabantokakên Gupêrnur Jawi Kilèn.

Jalaraning kèrêmipun kapal Van der Wijck. Raad voor de Scheepvaart ing Bêtawi sampun ndhawahakên karampungan prakawis kèrêming kapal Van der Wijck. Raad anêtêpakên bilih jalaran kasangsaran wau, saking wontên jandhela ngandhap ingkang botên dipun tutup tuwin botên dipun jagi. Lêlampahan makatên wau nêrak tatananing lampah layaran. Kalêpatan punika angèngingi dhatêng stuurman klas 1 Tuwan J.J. Hermse, kapatrapan paukuman kagantung kalênggahanipun tigang wulan. Kaptin Akkerman dipun anggêp botên kalêpatan, kaluwaran.

Tiwas jalaran dipun jêdhil untunipun. Sampun sawatawis dintên wontên tiyang nama Moh. Noor anjêdhilakên untunipun dhatêng tiyang tukang jêdhil wontên ing pêkên Jêmbatan Lima, Bêtawi. Sasampunipun dipun jêdhil, rainipun lajêng abuh, saha kêpêksa lajêng jêjampi dhatêng griya sakit, kawêkasanipun tiyang wau tiwas. Pulisi lajêng madosi tiyang tukang jêdhil untu wau, dèrèng pinanggih.

EROPA

Juru anggêgana Roes. Kawartosakên, juru anggêna Roes Chkeloff, Beidukoff tuwin Belakoff, ingkang nyobi anggêgana saking Moskou dhatêng Amerika langkung Pool lèr, sampun dumugi Amerika wilujêng. Salajêngipun sampun wangsul numpak kapal Normandie dumugi Le Havre. Dumuginipun ingriku dipun pêthuk dening wêwakil Sovyet ing Parijs tuwin sanès-sanèsipun, kathah ingkang sami tumut ngurmati.

ASIA

Kasangsaran ing parêdèn Himalaya. Miturut wartos, tumrap lampah anginggahi rêdi Himalaya ingkang dipun tindakakên dening bangsa Jêrman, saha ingkang sampun kawartosakên kasangsaran, punika miturut pawartos ingkang kantun saking Paul Pouwe ahli minggah rêdi, mayit-mayitipun ingkang sami kasangsaran botên sagêd kapêndhêt, amargi sami kurugan ing salju, ingkang kandêlipun kirang langkung 3 m. Warganing golongan nginggahi rêdi wau wontên kalih ingkang kêtulungan, inggih punika Dr. Luft tuwin Dr. Krauss. Sadumugining papan pakèndêlan sagêd pimanggih[6] kalihan kuli-kuli ingkang sami ambêkta barang-barang. Anggèning ngrekadaya badhe ngangkati mayit taksih kalajêngakên.

Kapal pêrang Siam. Pabrik kapal ing Kawasaki, Jêpan, sampun ngandhapakên kapal pêrang damêlan ngriku piyambak, wêlingan saking Siam. Kapal wau panjangipun 75 m, wiyaripun 13 m, rikating lampahipun 15.5 mil ing dalêm saêjam.

--- 960 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

78

Sanadyan Sêr Blakêne sayah sangêt, punapadene sariranipun sakojur kraos gêrah jalaran dipun pisakit dening para prajuritipun Sopêlin, ewasamantên astanipun ingkang sakalangkung kiyat, taksih sagêd ambopong sang putri kadosdene barang ingkang ènthèng kemawon.

Salajêngipun sarêng Sêr Andre lampahipun ngantuni sawatawis têbih, Sêr Blakêne tuwin sang putri lajêng sami rêrêmbagan upyêk, ingkang tumrap kalih-kalihipun adamêl marêming panggalih. Ing sarèhning anggènipun rêrêmbagan wau namung kalisikan kemawon, saya malih ing kala punika botên wontên angin babarpisan, amila rêmbagipun inggih botên sagêd kamirêngan ing sanès.

Jalaran saking rênaning panggalihipun, Sêr Blakêne ngrumaosi bilih sayah tuwin gêrahing sarira, sampun ical babarpisan. Ing măngka mênggah sajatosipun, marginipun ngambah ing sela karang ingkang lancip-lancip saha landhêp, ewasamantên Sêr Blakêne tanpa mamang tuwin tanpa uwas-uwas, malah tindak têrus kanthi ambêkta boponganipun ingkang sakalangkung dipun aji-aji wau.

Sadumuginipun ing papan ingkang dipun tuju, inggih punika ing susukan ingkang dunungipun abên ajêng kalihan Tanjung Grisnis, srêngenge sampun wiwit malêthèk. Botên têbih saking ngriku sampun wontên baita tembo ingkang angêntosi. Sarêng Sêr Blakêne aparing sasmita, sanalika punika baita wau lajêng anyakêti. Sasampunipun Sêr Blakêne tuwin ingkang garwa punapadene Sêr Andre sami minggah ing baita wau, lajêng kalampahakên nuju dhatêng kapal agêng.

Antawisipun satêngah jam malih, sadaya wau sampun sami sagêd minggah ing kapal. Sadaya têtiyang kapal, ingkang sampun sami nyumêrêpi mênggah ingkang dados wêwadosing bêndaranipun sarta ingkang sami trêsna tuwin sêtya, sami botên kagèt tuwin gumun, dene bandaranipun angagêm busana ingkang nganèh-anèhi punika.

Dene Arman Sinjus, sarta para miruda sanèsipun ingkang ing kala punika sampun sami wontên salêbêting kapal, tansah angajêng-ajêng rawuhipun satriya ingkang sampun angluwari sariranipun saking bêbaya wau. Nanging Sêr Blakêne botên lajêng tumuntên amanggihi para ingkang sami angajêng-ajêng wau, malah lajêng enggal-enggal lumêbêt ing kamar pasareanipun piyambak. Dene ingkang garwa kapasrahakên dhatêng ingkang rakanipun piyambak, inggih punika Sang Arman.

Mênggah kawontênanipun ing salêting baita, punika sadaya sarwa èdi lan sarwa pèni, kadosdene ingkang sampun dados kasênênganipun Sêr Blakêne. Dene mênggahing Sêr Blakêne piyambak, nalika baita dèrèng ngantos dumugi ing palabuhan Dhopêr, sampun miyos malih saking kamaripun, sarana mangagêm agêm-agêman ingkang sarwa sae lan sarwa endah, kadosdene pakulinanipun manawi wontên ing kitha Londhên. Awit sanadyan wontêna ing kapal pisan, Sêr Blakêne ugi sadhiya agêm-agêman sae ingkang anyêkapi.

Ingkang sêmunipun ragi rêkaos sawatawis, punika mênggah agêm-agêmanipun sang putri, amargi tamtunipun, wontên ing salêbêtipun kapal ngriku botên anyadhiyani agêm-agêman putri. Nanging, bawanipun sang putri punika satunggiling wanita ingkang endah ing warni dhasar prasaja, sampun narimah ngagêm mantol ingkang sagêd nutupi sariranipun sakojur. Ingkang makatên punika adamêl bingahing sadaya ingkang sami wontên ing baita wau.

Salajêngipun, kados botên prêlu kacariyosakên langkung panjang malih. Sadaya ingkang sami nandhang susah tuwin rêkaos wau, ing wusananipun sami amanggih kabêgjan tuwin kamulyan ingkang tanpa upami.

Minăngka panutuping cariyos punika, kados ing ngriki prêlu kacariyosakên sawatawis, bilih kala kramanipun Sêr Andre kalihan putri Susanah, ingkang angwontênakên pahargyan agêng-agêngan sarta ingkang ugi dipun jênêngi dening panjênênganipun pangeran pati Inggris, ingkang dados sêsêkaring para putri ingkang sami endah ing warni punika, botên sanès kajawi: Lèdhi Margarèt Blakêne. Dene ingkang kakung, Sêr Blakêne, angagêm busana, ingkang tansah dados rêmbag ing saindênging kitha Londhên, jalaran saking èdi lan endahipun.

Kados pantês ugi dipun pèngêti, bilih ing pahargyan wau, agèning republik Pêrancis, pun Sopêlin, ingkang padatan mêsthi anjênêngi kalamăngsa wontên pahargyan ing Inggris, ing wêkdal punika, botên wontên. Tamat.

--- 117 ---

No.30, taun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM

RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK.

LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN

MANGSULI LAYANG

Sri Wulan p/a R. Joyodiharjo Gep. Ind. Arts. Tuban. Kirimanmu layang isi resept dhaharan wis daktampa kanthi bungah.

Suwarti p/a M. Nartim Sudirawinata, Kasêgêran, Cilongok post Ajibarang. Aku wis tampa layangmu kang isi karangan lêlucon, ora liya bangêt panrimaku.

Kustienah p/a Ass.-Wedono Sawangan, Munthilan. Suwarti kang adrèse katulis ing dhuwur iki kêpengin têpung karo kowe, nanging njaluk yèn dhangan atimu, supaya kowe nglayangana dhisik.

Suharja, Surabaya. Bangêt panrimaku kokirimi layang isi lêlucon, cangkriman lan caritamu bab culik, aku uga wis mangêrti. Mula culik iku ana têmênan, nanging saiki P.P.P.P.A. kang lagi anjaga bangêt.

Amien Sumari lan Muh. Sugih p/a Sunondo, juru tulis Griffier Landraad Pathi. Wiyose, aku wis tampa layangmu lan kirimanmu karangan warna-warna, dolanan, lêlucon, dêdongengan, ora liya bangêt panrima lan bungahku.

Sumbarti, Bumiayu. Bangêt sênêngku barêng aku tampa layangmu têtêpungan. Aku rujuk bangêt, dene kowe arêp milu urun ngisèni T.B.

R. Subroto, Kadipiro, Ngayogyakarta, lan Asminah, Prambanan. Lêluconmu wis daktampa, bangêt panrimaku. Asminah, aja pisan dadi atimu, dene lêluconmu ora bisa kapacak, yèn kobêr gawea liya manèh sing luwih apik.

Seno, Klathèn. Aja pisan dadi cuwaning atimu, ya, karanganmu ora bisa kapacak, sarta kowe aja cilik atimu, nanging coba gawea dêdongengan liyane sing lucu-lucu utawa nêngsêmake kanggo bocah-bocah, samono yèn kowe kobêr.

Sisi[7] Joharin, Pringgokusuman, Ngayogya. Dakpadhakake karo ananing Taman Bocah, bokmanawa saking akèhe karangan-karangan, mula karanganmu kanggo Dj. W. durung kapacak. Mula ya sing sabar bae Siti, mêngko yèn wis mangsane macak duwèkmu, rak ya dipacak. Wondene yèn nganti lawas bangêt ora kapacak-kapacak, ya tandha ora kanggo. Karangan-karangan mau rak kudu dipriksa kabèh, dipilihi êndi sing apik êndi sing ora.

Sumardi Kacangan, Salêm. Di gawea têmbang Dhandhanggula sing têtêmbungane seje, aja mung araning gunung-gunung bae, kurang apik.

Sri Sondari H.I.S. I, Têgal. Layangmu isi lêlucon wis kêtampan, nanging aja pisan dadi atimu ora bisa kapacak, awit kurang apik. Coba gawea manèh ya Sri, sing lucu-lucu.

Warnani p/a Abon. No. 2975. Walikukun. Bangêt panrimaku kokirimi layang isi lêlucon.

Tisna Mudsungkawarti, Magêtan. Wah ya sênêng bangêt aku duwe kêponakan kowe. Aku kokon mbadhe sêkolahmu, la apa bisa, ya mêsthine luput, Tis! Apa kirane kowe sêkolah Huishoudschool, Tis. Sêkolah apa ya! Tis! Jênang candhi Bu Mar durung tau mangan, kaya apa ya rasane? Dadi iku karêmanmu, e, kojur, mêngko yèn Bu Mar mara dhayoh nang nggonmu, la banjur jênange diadhêp dhewe, ora nguman-umani ibune. Besuk kapan kowe nglayangi ibumu manèh?

Sularja, Batavia-Centrum. Sarèhne karêpmu wis mantêp, nêrusake sinau monteur schrijfmachine, ora liya aku mung muji kabula apa kang dadi panuwunmu.

Suroso, Tg. Garbus, Medan. Lêlucon lan cangkriman wis daktampa kabèh kanthi sênêng.

Hadiyah p/a R. Maryana Mantri Boschpolitie Pêngarasan. Bangêt bungahku kowe mêrlokake ngirimi layang têtêpungan lan uga ngirimi karangan têmbang sinom.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu mar.

--- 118 ---

LÊLUCON

Guru: "Min, kapriye kramane dhus wadhah sabun?"

Murid: "Nda wadhah sabun, pak guru."

Guru: "Lo kapriye kok... nda, he?"

Murid: "La... k, wêdhus kramanipun menda, dados dhus nggih nda."

__________

Ibu: "Mar, yèn wêruh kandhaa wêruh, yèn ora ya ora, bukune ana ngêndi? Aja sok mangsuli, êmbuh, yake."

Marti: "Olèku kandha yake ana ngêndi ta bu?"

Ibu: "La dhèk didangu bapak mau awan kae."

Marta: "Ya, yake."

Warnani, Walikukun.

Klèntu tampi.

Bêndara: "Man, layange sing nyang nggone Bu Mar apa wis kok cêmplungake bus?"

Batur: "Sampun ndara, malah sarêng kula cêmplungakên busipun lajêng mlampah."

Ora gêlêm apa mula bodho.

Bapak: "Sarijan, layang iki lêbokna bus, sing rikat ya!"

Sarijan: "Inggih, pak."

Limang mênit manèh.

Bapak: "Lo kok rikat, kok lêbokake bus ngêndi?"

Sarijan: "Kula lêbêtakên bus ngajêng piyambak."

S. Broto.

__________

Ana wong wadon kêpengin nonton kêmidhi. Ing kono dhèwèke takon marang sing adol karcis. Wangsulane: "Klas 1=f 1,50, klas 2=f 1,-, klas 3= f 0,50, lan programma sêkêthip."

Wong desa: "Yèn ngono aku daknyewa programma bae sing murah."

Saharja, Maspati 2/94, Surabaya.

__________

Tati: "Dhik Ni, kowe kok isih ngompol bae."

Nani: "Isih cilik ya ngompol."

Tati: "Isih cilik doyan lombok."

Nani: "Wis gêdhe kok."

Tati: "Wis gêdhe ora sêkolah, besuk bèn ora bisa maca, dongènge Bu Mar, sing nang T.B."

Nani: "Sêkolah kêsêl-kêsêl, nèk nang sêkolahan ora mangan-mangan, ora ngombe-ngombe."

Tati: "Bèn, nèk ora gêlêm sêkolah takaturake Bu Mar, nang Bêtawi kana, bèn dislênthiki."

Nani mangsuli kalihan mèmblèh-mèmblèh, badhe nangis, amargi mirêng têmbung badhe pun slênthiki, lajêng mangsuli: "Êmoh, Bu Mar nakal, aku arêp sêkolah bae." Sadaya lajêng sami nggujêng.

Suwarti, Kasêgêran, Purwokêrto.

Batangane cangkriman ing tanggal 3 Juli.

I. Murya,

II. Payung.

III. Ringgit.

IV. Sukabumi.

Sing bênêr kabèh pambatange: K.S. Penjol Malang, Sutini p/a Dirjapranoto Panêmbahan Ngayogya, Suratman p/a L.K. 87 Bêgalon Surakarta, Dahlan p/a Harjosubroto Tayu, Timan p/a M. Gunanto, Wonorêjo III/44 Surabaya, Amien Sumari Pathi, Moch. Sugih.

Dolanan.

Upami saupama | sêkolahku gêlis bisa | ya bapak ya dara | maca Jawa maca Landa | etung nulis rupa-rupa aksara | Mur mêk mur me rujak pace kurang gula | bapak ba bungahe sibu ba bungahe | wong pintêr akèh gunane | hureeeeee! ||

Amien Sumari, Pathi.

[Grafik]

Gambar kang kacêtha ing dhuwur iki, gambar wayang wong cilik, kang padha dadi murid-murid H.I.S. lan 2e Inl. School ing Rêmbang, dipanggêdhèni dening guru Inl. School M. Sukaryo.

Cantrik cilik dhewe iki umur 6 taun, sêkolah H.I.S., arane Jus-Jês, lucu bangêt lan pintêr njogède. Ing Rêmbang ana kumpulan wayang wong 3, sing loro priyayi sêpuh-sêpuh, sing siji wayang cilik. Durung suwe wayang gêdhe mau mêntas kagêbyagake kanggo dêrma T.B.C., wah sing nontong akèh bangêt. Ing kono obral guyu tênan, ora ana wong ora ngguyu, saking lucune.

--- 119 ---

SINOM PAMITRAN

Hamba angaturi priksa | dhatêng para kanca sami | samya ngaturi têpangan | dhatêng Bu Mar kang ngêmbani | Taman Bocah puniki | supadosa sampun nganggur | samya ngarang dongengan | kangge urun angisèni | wontên Taman Bocah ing Bale Pustaka ||

Anggêr karangan prayoga | kenging kangge angisèni | tumrap wontên Taman Bocah | mêsthi Bu Mar amarêngi | ugêr botên nylênèhi | mumpung taksih sami timur | tan gadhah kabêtahan | sampun sok sami njajani | luwung kangge tumbas postblad tuwin briefkaart ||

Datan wontên alangannya | tumrap kanca kula sami | kenging kangge dêdongengan | yèn pinuju libur sami | kangge ndongèngi adhi | saya wêwah bingahipun | kadhatêngan kadangnya | kang sampun ndhèrèk nglêbêti | Taman Bocah kang kathah dêdongengannya ||

Ibu bapak mêsthi bingah | awit kang putra nglêbêti | Taman Bocah kang utama | kadang kula kang kêkalih | pêmbajêng lan wuragil | ugi badhe tumut-tumut | ngaturi pitêpungan | lan badhe ndhèrèk ngintuni | dêdongengan ingkang lucu cêkak-cêkak ||

Yèn para mitra kawula | sampun nyobi angaturi | pitêpangan dhatêng Bu Mar | sagêd bingah trus ing batin | rak kêpengin ngaturi | karangan kang lucu-lucu | kula sampun angarang | Bu Mar ugi amarêngi | sagêd bingah manah kula dhatêng Bu Mar ||

Amung punika tur kula | botên sagêd malih-malih | awit botên pangajaran | amung kangge anglêlantih | lan kangge ngulir budi | sampun pisan dèn gêguyu | awit ngarang dolanan | botên sagêd têmbung kawi | mawi têmbung cara kawula piyambak ||

Hamba nyuwun pangaksama | dhatêng para mitra sami | sadaya kang sami maca | mugi jêmbar ing panggalih | kula angrumaosi | awit karangan ing dhusun | yèn Bu Mar amarêngna | kangge Taman Bocah ugi | karangan kula pun Hadiyah Limbangan ||

__________

RECEPT DHAHARAN.

Mêrtega 1/2 pond + 2 sendhok dhahar. Gêndhis lambat 1/2 pond + 2 sendhok dhahar. Glêpung 1/2 pond + 2 sendhok dhahar. Tigan ayam 9, kismis 1/4 pond, amandhêlên 1/2 pond, sodha 1 sendhok tèh, lisah citrun 1 sendhok tèh.

Pangolahipun: Mêrtega lan gêndhis dipun ulêg ngantos pêthak, lajêng tigan tiga-tiga sapêthakipun. Manawi sampun, lajêng glêpung, kismis, rajangan amandhêlên kalêbêtakên lajêng dipun êpan.

Opgerolde koek.

Gêndhis pasir 1/2 pond, glêpung 1/2 pond, mêrtega 1/2 pond, tigan ayam 15, vanille 1 potong.

Pangolahipun: Mêrtega lan jênening tigan kaublêg, ngantos pêthak, lajêng gêndhis kalêbêtakên, lajêng pêthakipun tigan (ingkang sampun kaublêg) ing glêpung kalêbêtakên lajêng dipun lètrèk wontên lèngsèr, lajêng dipun êpan. Manawi sampun matêng kaleledan gelei, lajêng dipun iris-iris.

Kaagyes.

Trigu 1/2 pond, mêrtega 1/2 pond, jênening tigan 6, gêndhis pasir sacêkapipun. Dipun waradinakên lajêng dipun glintiri, lajêng kaêpan. Manawi sampun mambêt kaêntas.

Ari Wulan, Tuban.

--- 120 ---

CRITANE ANTÊPING JAKA.

(Candhake)

Sajrone Radèn Sujana ngêndikan karo Kyai Sudagar, nganti nglalèkake ing sakabèhe, apa manèh ananing wayah, ora ngêrti, jêbul wis sore.

Kyai Sudagar tumuli enggal-enggal pamitan, amarga wêdi kawêngèn ana ing dalan, sarta manèh yèn tanpa aral, saguh bakal sowan manèh ing liya dina, mungguh kang dadi prêlune, kêjabane tilik, ya kêpingin diparingi piwulang bêcik, kênaa kanggo muwuhi kawruh lan panglipur.

Barêng Kyai Sudagar wis têkan ing omah, sêpi nyênyêt ora ana swaraning manungsa, amarga batur-batur lagi padha ngasokake sayahe ana ing buri, ing kono bisa ndadèkake witing panlangsa, nanging barêng kèlingan apa pangandikane bêndarane, panlangsa mau ora bisa suwe. Sawise Kyai Sudagar olèh pitutur saka Radèn Sujana, sadina-dinane bisa nyambut gawe kaya adat sabêne. Sanajan owah ya sawatara, ora kêbangêtên, samono uga ananing panguripan.

Kacarita Si Sucipta ana ing pasuwitan tansah diumbar ing sakarêpe, awit bêndarane kakung putri padha uninga mungguh ing kasusahaning abdine. Anggone mangkono jalaran saka ngeman bangêt mênyang abdi kang mituhu. Ananging Si Sucipta dhasar bocah mêngêrti, diêmong dening bêndarane, panyambutgawene ora digawe sêmbarangan, malah saya dipêrdi lan diati-ati bangêt, mulane bêndarane saya wuwuh katrêsnane marang Si Sucipta.

Ninggal kutha panggonane dhewe.

Sajrone Si Sucipta ana ing pasuwitan, kira-kira wis ana 2 taun lawase, sasuwene nindakake pagawean ora ana kang ndadèkake duka utawa rênguning pênggalihe bêndarane, nanging tansah ndadèkake lêganing pênggalih.

Anggone sêkolah Si Sucipta wis klas 7, lan wis kurang 3 sasi anggone mêtu sêkolahe. Saiki dhèwèke tansah mikir, apa sakirane arêp nêrusake sêkolahe, la nèk ora kuwate, gèk kêpriye kang dadi rekadayane. Mungguh ing gagasane Si Sucipta mangkene: Dina Ngahad ngarêp, yèn bêndarane sêkalihan marêngake, arêp tilik bapakne. Mungguh ing prêlune sing têmênan, ora diaturake sabênêre, jalaran wêdi yèn nganti ndadèkake dukane bêndarane, mulane mung dibatin bae.

Sawuse têkan ing titimangsane, saulihe saka pamulangan, mêrlokake matur apa kang dadi prêlune marang bêndarane, uga diparêngake. Wusana sawise ngrampungake pagawean, lan gêgawane wis cumawis, nuli mangkat.

Lakune Si Sucipta ora kacritakake; satêkane ing omahe, bapakne mbênêri lungguh ing ngarêpan, disambi nata dagangane. Kyai Sudagar barêng wêruh anake têka, bungah bangêt, nanging ya uga kagèt, jalaran anduwèni panggagas, yèn anake mau jalaran saka kèlingan nyang êmboke, banjur ninggal gawean sakarêp-karêpe, nganti ndadèkake dukane bêndarane.

Sawuse bage-binage Si Sucipta nuli kandha apa kang dadi panggagase, mangkene:

Bapak, anggonku mêtu sêkolah wis kurang têlung sasi, saiki kapriye mungguh karêpe bapak? Apa kirane bapak kuwat mragadi, upama aku mbacutake sêkolahku mênyang Bêtawi? niyatku arêp mbacutake sêkolah Mulo.

Wangsulane bapakne: "Sucipta, pancèn biyèn mula sing dak gadhang-gadhang ya mung kowe bisaa mbacutake sêkolahmu lan bisaa cêkêl gawe. Sukur bangêt yèn kowe duwe niyat mêngkono, sabisa-bisa bakal dakwragadi. Anggonku nglakoni kangelan dagang, ora liya ya mung kanggo mragadi kowe, supaya bisaa bêcik tinêmune. Mung sing dadi anak bae, kudu sing nrima, prihatin lan bêcik lakune."

Si Sucipta bungah bangêt, dene bapakne ngrujuki kêkarêpane lan uga nglilani arêp lunga saka kuthane, mênyang Bêtawi. Esuke Sucipta mulih mênyang pasuwitan manèh. Satêkane ing kono, bab niyate Si Sucipta, sanajan wis olèh palilahe bapakne, ya mêksa ora gêlêm tumuli ngaturake dhisik, isih dibatin bae, jalaran saupamane tumuli diaturake, bisa uga andadèkake cuwaning panggalihe bêndarane, rumasa arêp ditinggal karo abdine.

Têlung sasi manèh têkan ing titimangsane Si Sucipta mêtu saka pamulangan lan uga olèh katrangan kang mêrtandhani wis tamat pasinaone, rupa diploma. Sadurunge abdine mêtu saka pamulangan, Radèn Sujana wis tansah mênggalih abdine, yèn pancèn bocah mau isih kêpengin têrus pangudine kawruh, arêp dilantarake supaya bisa nêrusake sêkolah mênyang kutha kang gêdhe.

Anuju sawijining dina, wayah sore kira-kira jam 7, Radèn Sujana kakung putri nuju lênggahan ana ing pêndhapa, disambi ngunjuk wedang, nuli nimbali abdine sarta dingêndikani mangkene: "Sucipta, rèhning sêkolahmu wis tamat, karêpmu saiki kapriye, apa arêp dibacutake?"

Wangsulane Sucipta: "O, ndara, kula namung ndhèrèk kêrsa panjênêngan. Saupami tiyang sêpuh kula sagêd mragadi, kula inggih badhe nglajêngakên. Sapunika kula namung ngêntosi kadospundi dhawuh panjênêngan." (Ana candhake).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Buku babaran enggal

Babad Pathi

Nyariyosakên babadipun tanah Pathi wiwit jaman karaton Pajajaran ngantos dumugi jamanipun Panêmbahan Senapati ing Mataram. Ingkang dados lajêring cariyos mêmêngsahanipun adipati ing Paranggarudha lan Carangsoka, lajêng kasambêtan mêmêngsahanipun Adipati Jayakusuma ing Pathi lan Panêmbahan Senapati.

Adipati Paranggarudha lan Adipati Carangsoka sami badhe bêbesanan. Adipati Paranggarudha gadhah anak jalêr nama Radèn Menak Jasari kalamarakên putri Carangsoka nama Dèwi Rayungwulan. Panglamaripun katampèn. Nanging dumugining damêl, Radèn Jasari botên èstu dhaup, jalaran Dèwi Rayungwulan kasmaran dhatêng dhalang Sapanyana ngantos kêlampahan mbibarakên damêl. Dhalang Sapanyana kalihan sadhèrèkipun èstri kêkalih dados bujêngan, nanging sagêd oncad, ngungsi dhatêng Radèn Kêmbangjaya ing dhusun Banthèngan.

Adipati Paranggarudha botên trimah, lajêng nglurug pêrang dhatêng Carangsoka. Dadosing pêrang Adipati Paranggarudha kawon, sirna dening Radèn Kêmbangjaya, dene Radèn Menak Jasari ugi pêjah ing pêpêrangan kapupu dening Sapanyana. Bibar pêrang Radèn Kêmbangjaya kadhaupakên kalihan Dèwi Rayungwulan. Sapêjahing marasêpuhipun, Radèn Kêmbangjaya gumantos dados adipati, sêsilih nama Jayakusuma. Kitha kapindhah dhatêng dhusun Kêmiri, kanamakakên Pasantênan. Nalika Adipati Jayakusuma kagantosan dening putra kakung, nagari kaêlih malih, lajêng nama Pathi.

Sarêng jaman Pajang ingkang dados pangagêng ing Pathi nama Ki Panjawi. Dèrèng ngantos pêjah Ki Panjawi sampun dipun gêntosi anakipun ingkang nama Jayakusuma lan ingkang kadhaupakên kalihan rayinipun Panêmbahan Senapati.

Jaman Panêmbahan Senapati punika, tanah Jawi kadhatêngan Baron Sêkèbêr saking nagari Walandi, njujug ing Mataram badhe nêlukakên Panêmbahan Senapati, nanging kasoran anggènipun ngabên kadigdayan kalihan Panêmbahan Senapati. Baron Sêkèbêr lajêng badhe martapa ing rêdi Muria. Sadèrèngipun martapa alambangsari kalihan tiyang èstri ing dhusun Kêmiri. Tiyang èstri wau lajêng nurunakên anak kêmbar, kanamakakên Janurwenda lan Sirwenda. Lare kalih punika dados punakawanipun Adipati Jayakusuma. Sakawit sangêt kinasihan, nanging sarêng kasumêrêpan yèn sami gadhah kadigdayan lan kasumêrêpan yèn anakipun tiyang ingkang gadhah kajêng ingkang mbêbayani, lajêng dipun pêjahi dening sang adipati.

Saking pamrayoginipun pandhita ing Kandhuruan, Adipati Jayakusuma ndhatêngi pratapan ing rêdi Muria ngabên kasantikan kalihan Baron Sêkèbêr. Baron Sêkèbêr kasoran, lajêng têluk, malah saking isinipun lajêng malih dados kapal ngawula dados tumpakanipun sang adipati, kanamakakên Juru Taman. Nanging sarêng kauningan dening Panêmbahan Senapati, Juru Taman lajêng kapundhut dhatêng Mataram. Ing batos Adipati Jayakusuma botên rila, mila botên sowan dhatêng Mataram.

Wontên ing Mataram Juru Taman badhe malês ukum dhatêng Panêmbahan Senapati, badhe nyidra garwanipun, nanging dèrèng ngantos kalampahan lajêng kenangan, wusana kapêjahan.

Nalika rêdi Pandhan wontên kraman, Panêmbahan Senapati ngrawuhi, prêlu nyirêp kraman wau. Adipati Jayakusuma kadhawuhan ndhèrèk. Kraman sagêd sirêp. Panêmbahan Senapati pikantuk boyongan putri kêkalih, kapundhut sadaya dhatêng Mataram. Wusana Adipati Jayakusuma saya sêrik, lajêng saya botên purun sowan, ngantos kinintên badhe balela. Dangu-dangu Panêmbahan Senapati rawuh ing Pathi kalihan nganthi wadyabala. Adipati Jayakusuma mêthukakên, lajêng băndayuda ijèn-ijènan kalihan Panêmbahan Senapati. Wusana Adipati Jayakusuma pêjah katumbak. Sapêjahipun Adipati Jayakusuma ingkang kaangkat nggêntosi dados adipati ipenipun ingkang sêsilih Pangeran Ariya Panjaringan.

Babad Pathi babaran enggal punika ngronce lan muyêg, jalaran nyariyosakên lêlampahan warni-warni. Lajêng cariyos: mêmêngsahanipun Adipati Paranggarudha lan Adipati Carangsoka sarta cêngkahipun Adipati Jayakusuma lan Panêmbahan Senapati, kasêlanan lêlampahan warni-warni ingkang ugi nyariyosakên tiyang sami têtandhingan utawi bêngkrikan. Nanging sanadyan makatêna, cariyosipun botên bosêni, malah mindhak-mindhaking lêlampahan wau ngindhakakên saening cariyos. Jalaran sadaya wau runtut gandhèng-gandhèngipun, sarta satungal-satunggalipun mawa isi: mawi grêgêt gêgambaranipun gêsang, saèstu nêngsêmakên. Sarta malih sanadyan sadaya wau kadhapuk ing sêkar, basanipun cêtha lan prasaja, jumbuh lan dêdongenganipun. Kasêrat mawi aksara Latin, supados dados waosanipun para sêpuh lan para anèm.

KANDÊL 116 KACA, RÊGI MIRAH SANGÊT, NAMUNG f 0.50

Wêdalan: BALE PUSTAKA, Batavia-Cèntrum.

 


panggrayang. (kembali)
ingkang. (kembali)
ing kanane. (kembali)
didunung-dunungake. (kembali)
Lebih satu suku kata: Caritane disêlani thithik. (kembali)
pinanggih. (kembali)
Siti. (kembali)