Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-01-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-03-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-04-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-05-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-06-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-07-31, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-14, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-21, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-08-28, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-25, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-09-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-02, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-09, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-16, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-23, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-10-30, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-03, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-06, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-10, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-13, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-17, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-20, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  52. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  53. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-11-27, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  54. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-01, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  55. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-04, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  56. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-08, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  57. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-11, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  58. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-15, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  59. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-18, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  60. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-22, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  61. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-24, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  62. Kajawèn, Balai Pustaka, 1937-12-29, #1666. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 24/25, Stu Lê, 15 Sura Ehe 1868, 27 Marêt 1937, Taun XII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [361] ---

Ôngka 24-25, Stu Lê 15 Sura Ehe 1868, 27 Marêt 1937, Taun XII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining Kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Jumênêngan Gupêrnur ing Surakarta - Têtiyang Dhayak saha Tatacaranipun - Bab Warisanipun Tiyang Jawi - Bab Ambêgan ingkang Prayogi tumrap Tiyang Èstri - Kawontênan ing Tiongkok - Pamardi tumrap dhatêng Pamiyaran Menda - Cariyos Cêkak Bab Ulam Kêdhawah - Blilu Tau - Bab Pêpandhingan Papan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita - Taman Bocah.

--- 362 ---

Tanah dalah Tiyangipun

Tiyang Dhayak saha Tatacaranipun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 23

Siti wau kagêndam dados pintên-pintên dhuwung saha piring. Dhuwung-dhuwung saha piring-piring wau dipun dèkèk sanginggiling rêdi tuwin punthuk-punthuk, sasampunipun makatên, Katjanggaboelan wangsul dhatêng panggenaning garwanipun. Sang garwa tuwin para sêpuh kajibah andamêl pagêr sakubêngipun rêdi tuwin punthuk-punthuk wau. Radja Pait marasêpuhipun Katjanggaboelan, tuwin sang putri garwanipun, sami nindakakên punapa ingkang dados kuwajibanipun. Padamêlan dèrèng rampung, para punggawa ingkang kautus andamêl pagêr sami congkrah, rame sangêt. Dhuwung-dhuwung tuwin piring-piring ingkang wontên ing nginggiling rêdi tuwin punthuk sami kagèt, ajrih, têmahan oncat saking panggenan ngriku saha dhumawah wontên ing tanah Borneo. Ngantos sapunika dhuwung-dhuwung tuwin piring-piring dipun pundhi-pundhi.

[Grafik]

Griyaning tiyang Dhayak ing laladan Borneo.

Sanèsipun dewa-dewa, têtiyang dhayak taksih gadhah pêpundhèn malih, inggih punika têtiyang ingkang sêktinipun mèh kadosdene dewa, Sangiang.

Sangiang punika ing kinanipun manggèn ing ngarcapada, ananging dangu-dangu botên kraos, lajêng minggah ing kayangan. Sangiang ingkang sêpuh piyambak winastan Saboeaija, saha ingkang nurunakên Sangiang sanès-sanèsipun. Ingkang anggathukakên manungsa kalihan dewa punika kyai, ingkang winastan Basir, manawi jalêr, saha Bliang manawi èstri.

Griyanipun tiyang Dhayak.

Griyanipun tiyang Dhayak punika inggil-inggil. Manawi wontên bêbaya dhatêng, rajabrananipun sami dipun pêndhêm, griya dipun tilar, saha têtiyangipun ngili wontên ing wana, manawi sampun têntrêm, wangsul malih. Griya-griya sami mêncar, kampung ingkang kathah griyanipun punika awis-awis sangêt.

Bôngsa luhur saha tiyang alit.

Têtiyang Dhayak punika dipun perang dados nêm golongan, inggih punika:

1. orang bangsawan, inggih punika bôngsa luhur, turunanipun pangagêng kampung. Ingkang kathah sami cêkap.

2. orang patau, mlarat sangêt saha kêdah manut [ma...]

--- 363 ---

[...nut] sadaya paprentahanipun pangagêng kampung.

3. orang boedak, inggih punika, sanadyan namung mambêt-mambêt kemawon, taksih turunan bxngsa luhur. Orang boedak punika langkung dipun aosi tinimbang orang patau. Ing wiwitan, orang boedak sami mardika, ananging sarèhning gadhah sambutan kathah tur botên sagêd nyaur, pramila têtiyang wau kajibah dados rencangipun ingkang dipun sambuti.

4. orang tamoe, inggih punika têtiyang mônca ingkang marata dhumatêng kampung. Ewasamantên têtiyang wau kêdah miturut sadaya paprentahanipun pangagêng kampung. Tamu ingkang nglirwakakên paprentahanipun pangagêng kampung pikantuk dhêndha.

5. orang mardika, inggih punika têtiyang ingkang sampun dangu manggèn ing kampung, tur cêkap. Manawi têtiyang wau gadhah sambutan, saha botên sagêd ambayar, lajêng kalêbêtakên golongan: orang boedak.

6. orang tangkapan, inggih têtiyang wananan, ingkang ênèm dipun sade dhatêng sanès panggenan, saha ingkang sêpuh, cêkakipun ingkan botên dipun sade, sami dipun pêjahi manawi pinuju wontên tiyang luhur seda.

Tatacaranipun pêpêrangan.

Manawi têtiyang Dhayak ngêdali pêrang, botên kados sanès bôngsa lajêng dipun tindhihi senapati ingkang kapilih sadèrèngipun wadyabala bidhal bôndayuda, ananging sami ngamuk tanpa tatanan. Sintên ingkang katingal kêndêl, punika ingkang dipun turut. Para wadyabala sami ambêkta dêdamêl piyambak-piyambak, namung têtiyang ingkang mlarat sangêt pikantuk dêdamêl saking pangagêngipun kampung.

[Iklan]

Tiyang salakirabi.

Umuripun tiyang utawi lare ingkang alakirabi punika botên têmtu, trêkadhang lare ingkang sawêg umur 7-9 taun sampun kapurih alakirabi. Ingkang kathah têtiyang utawi lare-lare botên dipun taros rumiyin. Lajêng namung trimah nglampahi. Ananging trêkadhang wontên lare ingkang ngêtut pikajêngipun piyambak, rabi kalihan lare ingkang dipun rêmêni, sanadyan tiyang sêpuhipun botên nayogyani. Manawi lare-lare sampun dipun panggihakên, saha sadaya karamean sampun rampung, lare jalêr lajêng dipun pisah kalihan bojonipun. Manawi sadaya sampun ngancik diwasa, lare-lare wau sawêg pikantuk manggèn sagriya. Badhe kasambêtan.

Suyana - Adinata

--- 364 ---

Bab Babagan Kukum

Bab Warisaning Tiyang Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 23

Ha. Sintên ingkang kapetang dados waris.

Miturut paugêraning hukum pêkih§ Mriksanana: Dr. Th. W. Juynboll Handleiding tot de kennis van de Mohammedaansche Wet, cithakan ingkang kaping 3 kaca 240-264. ingkang kapetang dados waris punika ingkang pokok para ngasabat, inggih punika sadaya kulawôngsa jalêr, ingkang gêgayutanipun kawôngsa dhatêng ingkang pêjah: pancêr jalêr. Upaminipun: anak jalêr, anak jalêring anak jalêr, anak jalêring anak jalêring bapaning bapa. Dados: ingkang urut-urutanipun tansah sarana tiyang jalêr.

Kajawi punika wontên malih ingkang kapetang waris, inggih punika kulawôngsa ingkang dadosipun waris punika atas dhawuhing Kuran. Punika kawastanan: dawula prail. Pratelanipun makatên:

1. Anak èstri, tuwin anak èstrining anak jalêr.@2. Bapa, biyung, bapaning bapa, biyunging bapa, biyunging biyung.@3. Sadhèrèk èstri tunggil bapa biyung, sadhèrèk èstri tunggil bapa, sadhèrèk jalêr èstri tunggil biyung.@4. Semah.

Nyuwun pangapuntên, anggèn kula mastani para kulawôngsa punika manawi nama ingkang botên kalimrah kangge, punika namung ambujêng cêkak lan cêthanipun.

Kajawi punika mugi kagatosna.

Bapa punika kapetang ngasabat lan kapetang dawula prail, makatên ugi bapaning bapa. Sadhèrèk jalêr tunggil bapa punika kapetang ngasabat, botên kapetang dawula prail.

Bapaning biyung punika botên kapetang waris.

Para waris wau miturut hukum pêkih angsalipun panduman warisan mawi undha-usuk, ingkang botên pêrlu kula andharakên ing ngriki.

Yèn miturut ngadat tatacara Jawi: sintên ingkang kapetang waris.

Miturut raos tuwin tekading tiyang Jawi: tiyang ngaya-aya pados sandhang têdha punika ingkang dipun padosakên anak putunipun, inggih punika turunipun, pramila inggih nyata mirid saking pangalaman kula: yèn wontên tiyang pêjah mawi nilar turun, anak utawi putu, jalêra èstria, inggih punika ingkang nampi warisanipun. Yèn pêjahipun tampatanpa. turun, sawêg kulawangsanipun ingkang sanès-sanèsipun punika sagêd angsal warisan.

Kangge mitêrangakên, botên mathukipun paugêraning hukum pêkih tumraping tiyang Jawi:§ Yèn tumraping tiyang Ngarab kintên kula hukum phêkih punika ngadil sangêt, nanging kagaliha: pasrawungan Ngarab punika adhasar kêmpaling para ngasabat ingkang kawastanan: banu, kadosdene pasrawungan Batak adhêdhasar kêmpaling para ngasabat ingkang kawastanan marga. Rimbaganing pasrawungan (sociale structuur) ingkang makatên punika kawastanan patriarchaal. Kosokwangsulipun rimbaganing pasrawungan Minangkabo punika adhêdhasar kulawôngsa ingkang pancêr èstri, ingkang kawastanan: suku utawi prut. Pasrawungan ingkang rimbaganipun makatên punika kawastanan: matriarchaal. Rimbaganing pasrawungan Jawi botên adhêdhasar kêmpalaning kulawôngsa, botên adhêdhasar bloedgemeenschap.@Rimbaganing kulawôngsa Jawi punika botên ambedakakên pancêr jalêr tuwin èstri, sami dene kapetang. Kawastanan parentaal utawi bilateraal. kula

--- 365 ---

badhe ngaturi conto-conto sawatawis.

I. Upami wontên tiyang pêjah, namung atilar anak èstri, tuwin sadhèrèk jalêr èstri.

Miturut hukum pêkih: sadaya kulawôngsanipun wau dados waris.

Miturut ngadat tatacara Jawi: ingkang nampi warisan namung pun anak èstri wau.

II. Upami wontên tiyang pêjah, namung atilar kulawôngsa: anak èstri.

Anak èstrining anak jalêr (ingkang ngrumiyini pêjah), sadhèrèk jalêr èstri.

Miturut hukum pêkih ingkang dados waris namung anak èstri lan sadhèrèk. Putu wau botên.

Saupami putu wau jalêra, pun sadhèrèk kawon.

Miturut ngadat tatacara Jawi ingkang dados waris namung pun anak èstri lan pun putu èstri.

III. Wontên tiyang pêjah, atilar kulawôngsa namung putu saking anak èstri (anak èstrining anak èstri) lan sadhèrèk misanan, punapa mindhoan, punapa ngaping sadasan, ingkang pancêr jalêr (ngasabah)Naskah rusak.

Miturut hukum pêkih pun putu botên angsal warisan, ingkang angsal pun ngasabah wau. Upami punika botên wontên, ingkang angsal warisan dede pun putu, nanging baitulmal (tumraping tanah Jawi kas masjid punika sok dipun anggêp baitulmal).

Miturut ngadat tatacara Jawi ingkang angsal pun putu èstri punika.

Punapa punika botên nyolok mripat sangêt botên mathukipun hukum pêkih tumraping tiyang Jawi.

[Iklan]

IV. Wontên tiyang pêjah, atilar kulawôngsa namung: anak pupon. (Anak pupon ingkang manjing anak, dede ingkang namung dipun pupu minôngka karimat kemawon) lan ngasabah ingkang sawatawis têbih.

Miturut hukum pêkih pun anak pupon babarpisan botên angsal punapa-punapa, ingkang dados waris pun ngasabah wau. Badhe kasambêtan.

--- [366-367] ---

[Iklan]

--- 368 ---

Bab Kasarasan

Bab Ambêgan ingkang Prayogi tumrap Tiyang Èstri

Sambêtipun Kajawèn nomêr 23.

Cêkakipun lampahipun êrah punika makatên: êrah rêsik ing kamar jantung kiwa dipun sêntor ing aorta, ing plêngkung (aortaboog) êrah ingkang saperangan nyimpang dhatêng halsslagaders ing kiwa têngênipun gurung lajêng mili dhatêng sirah lan bau kiwa têngên. Êrah ing aorta ingkang saperangan dhatêng wêtêng, mili dhatêng pangipun pipi êrah ingkang dhatêng jêroan, nier (ginjêl) blaas (wadhah uyuh) ing pajalêran utawi pawèstrèn baarmoeder lan sapanunggilanipun, salajêngipun mangandhap, aorta wau dados pang kalih kangge suku kiwa lan têngên.

Sapunika ingkang prêlu kula rêmbag, longslagader lan longader.

Mêsthinipun, slagader punika isi lan mêrês utawi nyêntor êrah ingkang rêsik awarni abrit ambranang (slagaderlijkbloed) dene ader isi lan nyêrot êrah ingkang rêgêd ingkang warni abrit sêpuh (aderlijkbloed) dados longslagader lan longader punika angosokwangsul.

Êrah rêgêd (aderlijkbloed) saking holle aders nginggil lan ngandhap kêmpal wontên ing boezem têngên, saking boezem têngên êrah rêgêd wau lumêbêt kêmpal wontên ing kamar jantung têngên.

Samôngsa kamar têngên sampun kêbak êrah rêgêd, aderlijkbloed lajêng kapêrês utawi kasêntor dening kamar dhatêng longslagader ing pipa êrah ingkang gandhèng kalihan kêbuk.

Êrah rêgêd (aderlijkbloed) wau wontên ing kêbuk dipun damêl rêsik sarana zuurstof ingkang kapêndhêt (kasêrot) saking hawa, êrah dados rêsik (slagaderlijkbloed) lajêng kasêrot dening boezem kiwa sarana longader wau. Êrah rêsik (slagaderbloed) wontên ing boezem kiwa kapêrês lumêbêt ing kamar jantung kiwa, ing ngriku êrah kapêrês dening kamar kasêntor ing aorta, kados makatên salajêngipun.

Mila cêtha sangêt bilih kêbuk punika pangrêsikan utawi panggenan ingkang damêl nampi lan ngrêsiki êrah rêgêd, sasampunipun êrah wau rêsik, lajêng dipun sêrot lan dipun wangsulakên dhatêng jantung kangge ing badan sakojur.

Ingkang punika prêlu sangêt kêbuk punika dipun lêlantih sagêda mêkar supados sagêd nampi hawa ingkang kathah, sagêdipun kalampahan makatên punika inggih badan kêdah dipun ebahakên ingkang ajêg kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng.

Kula asring nyipati piyambak lare utawi tiyang ingkang dhatêng saking panggenan têbih sarana numpak pit, kula purih bikak rasukanipun, kula priksa, dhadhanipun katingal mêkar mingkup, ambêganipun lêbêt tur tamban, kula pitakèni, panumpakipun pit punika saking pengganan ingkang têbihipun 3-5 km.

Ambêgan lêbêt punika saking kêbukipun sagêd mêkar, ngantos perangan lêbêt kêbuk ing ngandhap têngah lan nginggil sami kalêbêtan hawa, êrahipun inggih [ing...]

--- 369 ---

[...gih] lajêng sagêd mili brèntèk-brèntèk dhatêng ingkang nyêpit-nyêpit, pipa rambut (haarvaten) waradin kableberan êrah wau, yèn wontên wisa sêsakit sakêdhik-sakêdhik, lajêng sagêd sirna dening dipun tanggulangi, utawi yèn kathukulan sêsakit, sagêd dipun cêgah sawatawis. Manawi rambah-rambah anggènipun ambêgan lêbêt, dhadha ugi sagêd mêkar, mahanani lampah utawi ilinipun êrah sagêd saya santêr, botên ngêmungakên dhatêng perangan ing lêbêt dhadha (jantung kêbuk) kemawon, nanging ing lêbêt wêtêng, ing perangan pawèstrèn ing wadhah anak (baarmoeder) lan sapanunggilanipun, ngantos dumugi jêmpol utawi driji suku kasêntoran êrah sadaya.

[Iklan]

Mila èstri ingkang êrahipun sagêd nyêntor ajêg ing wêtêng lan sangandhapipun wêtêng, têmtu sagêd mahanani sarasipun ing perangan ngriku, sanajan ambêbucal inggih sagêd ajêg, anggarapsari sae utawi sanèsipun. Sadaya wau jalaran saking ambêgan lêbêt, êrah dados rêsik lampahipun sagêd ajêg tur lumintu.

Upami èstri wau botên ngulinakakên ambêgan ingkang lêbêt makatên, ingkang kathah ambêbucalipun botên sagêd ajêg, malah angèl, suku kraos asrêp, badan lêmês, sirah mumêt, rumaosipun tiyang èstri wau, suku utawi perangan ingkang kraos pêgêl utawi linu punika, kenging utawi masuk angin.

Mila prêlu sangêt tiyang èstri kêdah ngebahakên badan sarana ulah raga.

R. Sumadirja, Ind. Arts Sêmarang.

--- 370 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Kawontênan ing Tiongkok pinanggih ajêg dèrèng têntrêm, sabab-sabab ingkang tuwuh ing ngriku tansah wontên kemawon, gêgayutanipun kalihan bôngsa piyambak, utawi gêgayutan kalihan nagari sanès. Dene ingkang langkung wigatos, punika gêgayutanipun kalihan Jêpan, amargi wontêning sabab-sabab tansah lumintu kemawon.

[Grafik]

Têtiyang tani ing Tiongkok nuju nglampahakên kareta mawi layar.

Mênggah pambudidayanipun Tiongkok dhatêng ajênging nagari tansah lumintu tuwin pinanggihipun saya majêng. Pangudinipun ingkang langkung wigatos, punika bab anggènipun ngangkah, murih dayaning nagari sanès ingkang ngèngingi dhatêng Tiongkok kenging dipun pênggak. Malah sêdyanipun wau dipun dombani dening Amerikah. Nanging manawi mirid kawontênan, tindak kados makatên wau botên gampil.

Tumrap gêgayutanipun kalihan Jêpan, tansah pinanggih ewah gingsir, wêwakil Jêpan nate rêrêmbagan kalihan ministêring babagan prakawis sajawining praja Tiongkok, badhe ambudidaya supados Tiongkok kalihan Jêpan sagêd tumindak rukun. Nanging gawatipun, saupami nyata Jêpan gadhah rêmbag makatên, inggih kêdah angewahi panêdha-panêdha kados ingkang sampun dipun ucapakên, punika sèwu mokal saupami kalampahana makatên.

Mirid kawontênanipun Tiongkok, tindak sêrêng ingkang akajêng badhe ngrêbat panguwaos ingkang sampun dhumawah ing Jêpan, upaminipun laladan Mansuriah, punika dèrèng wontên. Nanging ing bab badhe rukun wau ugi wontên èmpêripun, amargi kawontênanipun Tiongkok ing sapunika sampun langkung santosa, kosokwangsulipun, Jêpan sawêg pinanggih ringkih. Makatên ugi ngèngêti suyudipun rakyat dhatêng Nanking, punika sagêd damêl ulapipun Jêpan. Kasêmbadaning sêdyanipun kantun ngêntosi kalamôngsa ingkang prayogi. Dene bab pambudidaya ngangkah manunggiling bôngsa, punika pancèn tansah dipun udi, malah lajêng wontên rêmbag, golongan Kuwomintang badhe nunggil damêl kalihan golongan kumunis. Nanging bab punika lajêng wontên [wo...]

--- [371] ---

[...ntên] ingkang nampèl rêmbag, botên nayogyani sangêt dhatêng tindak ingkang kados makatên wau, awit, punika lajêng nyulayani dhatêng tindak sakawit anggèning parentah badhe nyirnakakên daya abrit kados ingkang sampun, tuwin tumrap kasujananipun kêcakêt sangêt.

Pamawasipun Tiongkok, prêlu sangêt ambudidaya dhatêng saening panggêsangan, supados tumindakipun sagêd sêsarêngan kalihan nagari-nagari sanès. Tuwuhing pamawas ingkang kados makatên wau, angèngêti bilih kawontênanipun ing jaman sapunika beda kalihan jaman rumiyin. Dados inggih namung tumindak ing damêl sêsarêngan ingkang badhe sagêd damêl tata têntrêm tuwin sagêd manunggilipun sasami, botên mawi pilih bôngsa. Pancèn inggih makatên punika ingkang dados dhêdhasaripun Tiongkok, tansah ngudi dhatêng katêntrêmaning donya.

Kados ingkang sampun kacariyos ing nginggil, kawontênanipun Tiongkok kalihan Jêpan punika tansah ewah gingsir, wontên kalanipun rêmbag badhe rukun, nanging jêdhul lajêng pasulayan malih. Lêlampahan ingkang kados makatên punika kados sampun limrah pinanggihipun wontên ing mêmêngsahan, awit tumraping tindak, satunggil-satunggiling tiyang pinanggih beda-beda, mila inggih wontên ingkang nêdya rukun, wontên ingkang botên. Kados ta mêntanmêntas. wontên saradhadhu Tionghwa nyanjata bôngsa Koreah kalih, ingkang nuju ngirid lampahing oto momotan. Ing ngriku pangagêng Jêpan lajêng nindakakên panyêrêg dhatêng parentah Tiongkok, ingkang raosipun damêl kawratanipun Tiongkok, inggih punika 1 ngawisana sudagar asikêp dêdamêl, 2 ngukuma saradhadhu ingkang nyanjata wau, 3 parentah Tiongkok kêdah nêdha pangapuntên, 4 suka kapitunan tumrap pandamêl wau, tuwin 5 nanggêl badhe botên wontên lêlampahan kados makatên malih.

[Iklan]

Sabrebetan suraosing panyêrêg wau sajak botên sapintêna, nanging mênggah raosipun pancèn inggih rêkaos, awit sisip sêmbiripun sagêd dados jalaran pasulayan. Makatên ugi wontêning golongan komunis, inggih taksih têtêp dados mêngsahing golongan parentah. Malah mêntas wontên campuhing golongan komunis kalihan golongan parentah, ing ngriku golongan komunis tiwas 800, kathah dêdamêl ingkang kajarah ing wadya parentah.

Manawi mirid kawontênan-kawontênan ingkang taksih kados makatên punika, tumraping Tiongkok dèrèng kacakêtan tata tuwin têntrêm.

--- 372 ---

Bab Ingah-ingahan

Pamardi tumrap dhatêng Pamiyaran Menda.

Menda makatên baku sampun dados kalimrahan ingah-ingahanipun bôngsa pribumi, ananging manawi dipun titi, kawontênanipun 1e wontênipun namung katingal sak ngingah kemawon, sajak namung kadosdene môngsa bodhoa kono, 2e wontên ingkang manah tangkar-tumangkar, saening turun, saening rimatan tuwin sasaminipun. Inggih punika ingkang sayêktos dados pamanahan, jalaran nuju dhatêng kaindhakan, punika ing ngriki sayêktos dèrèng nama dipun parsudi, pramila kula badhe ngaturakên rêmbag sawatawis, mirid sêsêrêpan, ambokbilih nuju kêmpalan dhusun utawi ing môngsa kala ingkang prayogi, kangge dêdongengan, supados kamirêngan ingakathah.

[Grafik]

Menda jalêr etawah2.

Ha. Bab ingkang dados kasuburan, gampilipun bab têdha, punika warni-warni, nanging ringkêsipun kenging kula turakên namung 4 prakawis, kados ta: 1e têdha pakan, inggih punika sukêt, rambanan tuwin sapanunggilanipun. 2e têdha wujud hawa, 3e wujud toya gêsang sarta 4e wujuding soroting srêngenge. Udhal-udhalanipun makatên:

1e. Dene pakanipun menda punika, sajatosipun kêdah bôngsa rambanan: godhong bulu, êlo, gondhang saha sanès-sanèsipun. Lêrês ugi doyan sukêt, ananging punika adhapur kêpêksa. Dados baku kirang sae, ananging punika wau tumrap menda ingkang dhatêngan enggal saking tanah sabrang, upami menda etawah. Menda asli ngriki saha menda sabrang ingkang sampun wontên ngriki dangu inggih doyan sukêt, ananging prayogi botên kemawon, awit sajatosipun botên gandhèng alaming gêsangipun, dados badhe manggih sabab warni-wani. Kadosdene saêbab kemawon kados ing ngandhap punika:

Wiji sêsakit ingkang wontên ing sukêt-sukêt, saya sukêt ingkang tuwuh ing rawa-rawa, punika bôngsa kewan alit: parasiet, têgêsipun bôngsa gêsang nanging kêdah gêsang ing panggenan sanès, kados ta: leverbot, parasiet punika manggèn ing lever (manah). Punika damêl alangan tumraping ampêru. Ing môngka pangluluhing têtêdhan ingkang sampun wontên ing usus badhe sumrambah ing jasat. ampêru ingkang kirang sae, dumados têtêdhan kirang sampurna sumrambahipun, punika mahanani [mahana...]

--- 373 ---

[...ni] badan kêra, lêmês, kirang tanaga, mèncrèt. Inggih saking ngriku pêncaripun wiji parasiet wau dhatêng kewan sanès, awit tiganipun kanthil ing sukêt, tuwin sukêt katêdha ing kewan sanèsipun, lan salajêngipun tumimbal-timbal.

[Iklan]

2e. Têdha ingkang wujud hawa, punika botên badhe rêkaos pangupadosipun, jalaran hawa punika agêngipun angèbêgi jagad, ananging kêdah wontên kemawon hawa ingkang kirang sae. Cêkak ihtiyar papan lêga, dipun sukani margi hawa, punika kados sampun sami kapanggalih piyambak prayoginipun. Hawa ingkang sae punika hawa rêsik, punika ngêmu zuurstof cêkap. Dene hawa ingkang mêdal saking angga, inggih saking kewana utawi manungsaa, punika ngêmu stikstof, punika manawi wangsul kêsêrot ing ambêgan malih kirang dhatêng kasarasan. Dados panggenan sêl-sêlan makatên kirang kasarasan, jalaran kados atur kula ing ngajêng, pramila bab punika kapanggaliha piyambak.

3e. Têdha ingkang wujud toya, inggih toya blaka, ananging ingkang rêsik, ingkang mili, upami saking êtuk-êtuk, lah punika ingkang kula wastani toya gêsang kasêbut nginggil. Cêkak nyukani ombèn dhatêng kewan, jam 11 enjing lajêng jam 3 sontên, punika mangsanipun ingkang prayogi. Kauningana jasat makatên 80% dumados saking toya, dados manawi ngantos kirang saking têtimbangan wau, inggih murugakên kirang dhatêng kasarasan.

4e. Têdha ingkang saking daya soroting srêngenge, punika inggih ragi anèh, ewadene para sagêd sampun paring dhawuh manawi bôngsa gêsang sadaya ambêtahakên. Tumrap tanêm tuwuh katingal anglayung manawi botên kataman daya sorot wau, kewan utawi manungsa ugi sami dene. Katrangan: tiyang dhusun asring kênthang-kênthang macul ing sabin, badanipun [ba...]

--- [374] ---

[...danipun] kêngkêng, nêdha sarta tilêmipun sakeca. Punika kados makatên wau sababipun, pramila wontên ada-ada zonnebad.

Na: Tangkar-tumangkaripun, punika sayêktosipun kodrat sampun angosikakên piyambak, ananging sampurnanipun langgatan iradat, têgêsipun manungsa ingkang kabêbah nyampurnakakên. Cêkak aosipun ingatasipun kewan kaingah, ingkang mranata prayoginipun manungsa, liripun kêdah milih jalêran ingkang sae sarta kiyat, bibit makatên ugi, pakan tuwin sanès-sanèsipun manungsa ingkang mranata jalaran manungsa ingkang ngalap pedah gunanipun.

Mirid pamanggihipun para sagêd tumrap menda pancèn brancah, têgêsipun taksih cêmpe sampun mampang-mampang akajêng matil, ananging punika kirang sae kadadosanipun. Ingkang diwasa makatên manawi ngancik ngumur 9 wulan, punika bêbasanipun sampun malêbêt dhatêng: fokkerij, têgêsipun jalêra èstria môngsa sae kangge anurunakên. Kauningana tumrap jalêr botên pilih môngsa, ananging tumrap èstri mangsanipun birai ajêg, limrahipun sawulan sapisan, pramila namung punika ingkang prêlu dipun jagi, liripun sampun ngantos kalangkung, awit lajêng ngêntosi 23-24 dintên malih, sarta manawi tuwuh kaping 2 kaping 3-nipun sarta salajêngipun botên kasumêrêpan, menda èstri wau lajêng majêr. Punapa pangajênganipun, sampun tamtu namung dhatêng pragatan. Badhe kasambêtan.

Sumadi, Pangarasan.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara VII sakalihan G.K. Ratu Timur punapadene putri dalêm, nalika wontên nagari Walandi kagarubyug dening para pangagêng amriksani gôngsa Jawi wontên ing gêdhong: Kon. Koloniaal Instituut.

--- [375] ---

[Iklan]

--- 376 ---

Kawruh Sawatawis

Cariyos Cêkak Bab Ulam Gêdhawah ing Nusakambangan

Kula nuwun, sadèrèngipun kula nyariyosakên kawontênanipun ulam gêdhawah, kula badhe ngandharakên sawênèhing pamisaya ulam ing sagantên Cilacap rumiyin, amargi sangêt anggawokakên tumrap tiyang ingkang sawêg nêmbe nyumêrêpi kados kula rikala samantên. Namung wontên tindak saêbab ingkang andadosakên was-wasing manah utawi katingalipun sangêt ngêmar-mari, inggih punika patrapipun satunggaling pamisaya sarana mancing ing sagantên, kados ingkang kasêbut ngandhap punika.

Wêkdal dintên kintên jam 9 enjing, juru misaya ulam tiyang kalih, numpak baita tembo alit, manggèn ing canthik kiwa têngên ajêng-ajêngan, satunggal nyêpêng wêlah, satunggalipun nyêpêngi kênur pancing agêng. Sarêng sampun andèkèki pakan, pancing dipun cêmplungakên sagantên, ingkang dipun angge pakan pancing ugi jinising ulam loh, nanging alit. Sakêdhap baita wau sampun dumugi têngah, nyêlot mênêngah-mênêngah narajang alun agêng-agêng tanpa kêndhat, nanging lampahipun baita malang têrus.

Kocapa, sarêng baita kintên-kintên wontên 2 pal têbihipun saking gisik pinggir, punika katingalipun saking dharatan namung sami kalihan lêsung alit, lampahipun nyongklang santêr, canthik kiwa têngên gêntos kêlêm botên katingal, gêntos wontên nginggil, tiyang ingkang katingal namung sakucing agêngipun, ugi gêntos ingkang kêtutup alun, agênging alun sagriya-griya, gulung-gulungan pating rênggunuk, lampahipun rikat rosa, sami nyuwara kados ungêling mariyêm. Sakêdhap malih baita wau sampun botên katingal. Lah punika anggawokakên sayêktos miwah adamêl mutawatosipun ingkang nyumêrêpi saking dharatan.

Kintên jam 10 baita sampun katingal wangsul ing gisik pinggir, kalihan angêwrat ulam satunggal, cangkêmipun dipun kêlohi pênjatos alit wêtahan, agênging ulam saguling agêng, panjangipun kirang langkêp samètêr, ulêsipun wungu sêmburat biru ijêm, kèpèt nginggil dumugi gigir wontên balungipun cêmêng kados tosan nyanthuk lancip-lancip kathah, pambêktanipun karêmbat tiyang kalih. Manawi ngèngêti patrapipun juru misaya ulam ingkang kados kacariyos nginggil, kenging dipun wastani padamêlan rêkaos utawi bêbasan amêng-amêngan nyawa yêktos, suprandene tumrap juru ingkang sampun padamêlan minôngka panggêsanganipun, katingalipun têka sajak sakeca kemawon, papan dede ambah-ambahan manusa umum tur damêl sangêt mutawatos, mêksa tinarajang purun botên anggadhahi samar sakêdhik-kêdhika.

Lajêng sapunika nyariyosakên ingkang nama ulam: gêdhawah. Awit saking dêdongenganipun para sêpuh ing kitha Cilacap, nanging cacriyosan umum tumrap Cilacap ngrika, ulam gêdhawah punika sakawit kadadosan saking godhong.

--- 377 ---

Botên namung dêdongengan kina kemawon, dumugi sapriki tiyang taksih sagêd bilih badhe nyatakakên, nanging panggenananipun sangêt sungil tur gawat. Godhong wit sêkar Jayakusuma, punika pundi ingkang pêthal saking nguwit, gogrog utawi kaleyang, dhawahipun wontên ngandhap samôngsa kacêmplung ngriku, mak calurut lajêng malih warni dados ulam, agêng alitipun sarta ing wêwujudan, sami kadosdene ulam kipêr utawi kalpêr. Bilih dhawahipun saking uwit wontên pêntasan: taksih maujud godhong, nanging botên dangu mangke inggih lajêng kêcêmplung toya sagantên, amargi sakubênging wit ing ngandhap, sakêdhap-sakêdhap tansah kasêmpyok toya dening bantêring alun agêng.

[Iklan]

Ulam gêdhawah, wontênipun ing sagantên tamtunipun lajêng sagêd tangkar-tumangkar bêbranahan, tôndha yêkti juru-juru misaya ulam sagantên Nusakambangan, Cilacap, kêlimrah angsal ulam gêdhawah, môngka witipun sêkar Jayakusuma namung sauwit, sarta godhong ingkang dhawah awis wontênipun, suprandene wontênipun ulam kathah sangêt, kasade ing pêkên-pêkên dados têtêdhan umum kangge lawuh nêdha.

Namung elokipun sakêdhik, ulam kêdhawah sanadyan tangkar-tumangkar kathah, nanging sagantên sanèsipun ing Nusakambangan (Cilacap) têka botên wontên, kilap kadospundi sababipun kula botên andungkap. Wasana kithaling ukara mugi para maos anglubèrna samodra pangaksama.

P.K. 585.

--- 378 ---

Blilu Tau

Anggitane Wiryawiarja

Sambêtipun Taman Bocah ing Kajawèn nomêr 22

[Asmaradana]

bojone Wana nyambungi: / nèk mung ajêng pados bêtah / sakecane bêrah mawon / botêna ngangge pawitan / janji awake kuwat / kêna mung didoli blilu / tur gih botên bisa tuna //

kula êmpun didongèngi / criyose èntên wong mlarat / nglêrêsi môngsa paethe / kiyambake bara bêrah / sarêng pun angsal bêtah / lajêng age-age mantuk / yatrane ajêng ge bêtah //

dumadakan èntên mrêgi / numbuk tiyang idêr jajan / lajêng dados udur rame / durung tutug gone crita / wong saomah gêr-gêran / kèlingan dongèng Pak Punuk / pancèn ya lucu têmênan //

Pak Wanajaya nyêlani: / wis aja pijêr gêr-gêran / kaya ora sasah bae / cêkake kabèh gawean / manawa linakonan / masthi ngêtokake untung / ora ketang mung sagobang //

sarta pagawean kuwi / kèhe wis tanpa wilangan / uwong kari milih bae / nanging wong ya pagawean / lakune ya rêkasa / mula tumrap uwong lumuh / anane malah kewuhan //

kayadene aku iki / upama dikon bakulan / pangrasaku mung wêgah thok / dikon buruh saya wêgah / awakku sing dak eman / luwung yèn anggaru mluku / gliyak-gliyak ya tumindak //

saupama gêlêm nyambi / sênênganku nyambi kriya / thak-thik ana ngomah bae / ora susah rana-rana / pangan wis padha mara / ning aku wong ora pêcus / dadi iya mung narima //

Bok Wanajaya nyambungi: / mula wong yèn ora bisa / salawase iya bodho / apa-apa mung digagas / nindakke ora bisa / wong taune ngudang pacul / môngsa gèk jegosa nukang //

saiki aluwung mikir / yèn dika sida têng pasar / sarta kêcêpêng bêtahe / sarèhne sawêg pailan / sing langkung prêlu têdha / saturahe saka niku / didamêl waragad nyêbar //

Pak Wanajaya mangsuli: / mulane sing mênyang pasar / iya kudu aku dhewe / wangsulane Nyai Wana: / nanging ampun sêmbrana / ampun ngantos kenging apus / sing lanang mangsuli: ora //

kathik kaya bocah cilik / diapusi bae kêna / wis aja samar cêkake / samono gone rêmbugan / cêkakane carita / kocapa ing wayah esuk / Pak Wanajaya wis mangkat //

Mangkat mênyang pasar Praci / lakune alon-alonan / karo anuntun sapine / Wanasêtika anggêrak / nguntapke têkan dalan / sadalan-dalan kêpêthuk / tangga-tanggane nom tuwa // Bakal disambung.

Wara-wara

Ngaturi uning dhatêng sanggyaning prayantun lêngganan, bilih administrasi sampun ngintunakên bêlangko pos wisêl tumrap pambayaran kuwartal kaping kalih ing ngajêng punika.

Para ingkang nampi kintunan wau, mugi lajêng kêparêng anggalih ing saprêlunipun.

--- 379 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pêpandhingan Papan

IV

Garèng : Ora, Truk, kowe kuwi wis nyaritakake adat tatacarane tilas tôngga-tanggamu bôngsa Walônda pranakan nganti cara Mlayune: panjang lebar, nanging sing prêlu têka durung kok kandhakake, yaiku: kowe manggon ana ing papan sing kaya ngono kuwi, apa iya bêtah, apa iya krasan. Sajake têka kaya minthi kêsasar ana ing pêtarangan pitik bêkisar. Apa iya ora dipêcrohi.

Petruk : Anggonmu gawe pêpandhingan kuwi rada ana èmpêre, Kang Garèng. Sabab kira-kirane ana ing kanane bokmanawa ana pikiran sing mangkene kiyi: si kuthuk panêmune: luwih brêgas, luwih trincing, lan luwih cakrak katimbang si minthi. Nanging si minthi, aja dupèh lakune medang-medong, cucuke ora mancung nanging cêpèr, rumasane iya êmoh kalah karo si kuthuk. Si kuthuk bokmanawa pikirane: bôngsa minthi bae kathik pêthunthang-pêthunthung kumawani manggon ana ing panggonaku, ngewak-ewakake. Sabanjure si kuthuk anggêre katêmu karo si minthi: plengos, ngatonake tukunge. Mêngkono uga si minthi, rumasane: padha dene pitik iwèn, sanadyan aku minthi kana kuthuk bêkisar, mulane rak apês ambalêbês, aku karo kana: sami mawon, kana bêcik tak bêciki, yèn ora: luwèh-luwèh. Yèn ana sing kêpêthuk aku banjur nuduhake tukunge, aku iya mung andhèrak-dhèrèk bae, kana tak tuduhi... brutuku.

Garèng : Wayah, Truk, ana kok banjur ngrêmbug prakara minthi lan kuthuk bêkisar mêngkono, aku ora butuh, Truk. Sing tak takokake kuwi, têtanggan karo bangsane Walônda pranakan kuwi kowe apa ora diladaki, lan apa iya bêtah.

Petruk : Cêkak aos: krasan bangêt, Kang Garèng. Iya bênêr antarane tôngga-tanggaku kuwi ana sing duwe pikiran: aku bangsane: kênthang bêstik, lan botêrham, balik kowe kuwi rak bangsane: sêga wadhang. Kosokbaline nyang wong sing kaya ngono kuwi pikiranaku: kowe rak mung bangsane... buta pêrpat. Nanging kajaba iki, manggon ana ing kono kuwi nyênêngake bangêt, kang kapisan, têtanggan Lônda kuwi ora ana saru sikune, ana ing omah arêpa ambalik jungkir kaping sanga likur, iya mung: diluwèh-luwèhake bae, liwat ngomahe tanggane, yèn tanggane lagi kabênêr ana ing ngarêpan, kene ora prêlu nyuwara: nuwun, he - he - hèh, sarta iya ora prêlu amangsuli: badhe anu, badhe anu, kêparêng - he - he - hèh, nanging yèn têpung karo tanggane mau, cukup nyuwara: tabik tuwan, utawa: tabik nyonyah. Kajaba saka iku, saora-orane wong kampung Lônda, dalane mêsthine iya gêmrining, omah-omahe padha nècis-nècis, mulane tanpa [ta...]

--- 380 ---

[...npa] ana pêdhote: kêna diarani: sabên jam pulisi wira-wiri liwat nyang ngomah, rasane nyang ati: ayêm, lan têntrêm.

Garèng : Kuwi sing prêlu, Truk, wong omah-omah kuwi anggêr atine ayêm têntrêm, mangan iya kêpenak, turu iya enak, mung bae iya aja nganti ninggal kaprayitnan, aja mung arêp: pasrah ngallah bae.

[Grafik]

Pètruk : Mêsthine iya ora, Kang Garèng, pasrah ngallah kuwi, têmtune sauwise kene ihtiyar samêsthine, kaya ta: sauwise: nyimpên primpên barang-barang sing ambêjaji, nutupi lawang lan jandhela, sing prêmati, lan sapiturute. Nanging ora bab iki sing lagi dirêmbug, Kang Garèng. Cêkak aos, ana ing kono pancène kakuaku. iya wis krasan bangêt, ewasamono, jalaran saka bab warna-warna sing ora prêlu tak têrangake ana ing kene, aku kapêksa banjur pindhah. Pindhahku iki ana ing papan sing mung didunungi dening ing bangsaku dhewe. Ing sarèhne sing manggon ana ing kono mèh kabèh wong-wong sing padha nyambut gawe nyang guprêmen lan gumintê, mulane ing kono kêna tak arani: kampung priyayi.

Garèng : Wah, Truk, adat tatacarane ing kono mêsthine iya beda bangêt.

Petruk : Dhinês, Kang Garèng, saora-orane wong iya padha priyayi, kathik bangsane dhewe, mêsthine iya padha ngrêti nyang unèn-unèn: tôngga kuwi ngungkuli sadulur kang adoh. Mulane sêsrawunganku nang tôngga têparoku sing anyar iki, sêdhela bae iya wis rukêt kaya karo sêdulure dhewe bae. Sabên dina tansah ubyang-ubyung, malah kêna diunèkake: sabên minggu padha besan.

Garèng : Wayah, le ora mèmpêr mêngkono, sing dimantokake bae pira, kathik sabên minggu besan. Omong kathik ora klêbu nalar mêngkono.

Petruk : Wong besan kuwi ora mêsthi mantokake uwong. Kang Garèng, sanadyan mêngkene iya kêna diunèkake besan. Kala samono aku têtanggan karo dhoktêr Radèn Ita upamane. Panjênêngane banjur besan karo aku. Kana urun pangantèn lanang, aku urun pangantèn wadon. Pangantène lanang upamane bae awujud... buntil, pangantène wadon, awujud: cangkême makne kamprèt, karo cangkêmku...

Garèng : Hus, kuwi jênêngane, kowe diuwuri buntil. Nèk kowe banjur ngaturi gudhêg upamane, hla kuwi kêna dijênêngi besan, ya kuwi: besan panganan. Nanging nèk cara kowe mau jênêngane: kowe dicadhong buntil.

Petruk : Wèh, slib, omongku mau, Kang Garèng, mulane diapura bae. Saiki

--- 381 ---

aku tak ambanjurake manèh omonganaku mau. Kang Garèng, cêkakane aku ana ing kono sênêng êmbahning sênêng. Kayadene sing wis tak kandhakake ing ngarêp, sêsrawunganaku karo tôngga têparo wis kaya sadulur bae. Jalaran saka iku sabên sore aku tansah bisa ganti programah anggonku... wedangan. sore iki aku wedangan nyang tôngga A, sorene manèh A ngulêmi aku wedangan mrono, liya sore manèh wedangan nyang gone B, sorene kang ôngka papat, wedangan nyang gone C.

Garèng : Nèk kaya ngono kuwi kowe sing bathi, wedangan mrana-mrana, nanging ora tau nyuguh wedang.

Petruk : Iki adat tatacarane wong kang andhap asor, Kang Garèng, ora tau gêlêm ngomongake gagahe awake dhewe, apa manèh driyahe nyang wong liya. Ananging tansah ngèlingi nyang piwulang sing mangkene kae: yèn awèh kabêcikan, tulisên nyang wêdhi, yèn olèh kabêcikan, tulisên nyang watu itêm.

Garèng : Wayah, ambok aja doyan ngomong, padune lôngka le nyuguh bae, kathik nganggo: mampir, mas, mampir, yêm. Wis, banjurna bae caritamu.

Petruk : Saora-orane tôngga têparo kuwi nèk bangsane dhewe, kathik padha ngrumasani ana ing mônca, mulane padha guyub lan rukun bangêt. Yèn ana salah siji sing duwe kaprêluwan, iya: grudug, tanpa ditari, tôngga têparo padha rewang kabèh. Yèn ana sing lara, sing padha tilik gênti gêntos bae, malah ana sing ngirimi: nyamikan, sêgêr-sêgêran, lan sêdhêp-sêdhêpan, mulane ora kêna dipaido, yèn kala sêmono aku lara pitung dina, awakku... malah minthêl-minthêl.

Garèng : Hla, kuwi nèk kowe arêp wêruh, bangsane dhewe, anggone: sêmanak, sêmadulur, sumrèsèh, sêmrèsèt...

Petruk : Wèyèh, kuwi rak rasane wudun ngambung upêt. Ewasamono, Kang Garèng, saka sêmanake, sêmêdulure, lan sumrèsèhe mau, kadhang-kadhang ora ngobêrake uwong têmênan. Esuk, awan, sore, bêngi, masane mangan, masane turu, lagi nyambut gawe, lagi guyon karo sing wadon, kêrêp bae dirigoni dening: kula nuwun, yaiku suwarane wong arêp sônja, lan kene iya kapêksa kudu anjêgruk anêmoni, sanadyan batine muni: sambêr gêlap, naringnanging. laire kudu muni: wah, kalêrêsan panjênêngan rawuh mriki punika, môngga, môngga, lênggah, nèk ora mêngkono, mêngko rak ora diarani: wong Jawa. Kajaba saka iku, ana manèh sing rada ora pati nyênêngake, ya kuwi: korane sok, wèh, mêmpêng, ana salah siji tanggane duwe lêlakon ora kêpenak sathithik bae, ora suwe tôngga têparone iya banjur ngrêti kabèh, nèk ora ngono ora cara Jawa.

--- 382 ---

KABAR WARNI-WARNI

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

TANAH NGRIKI

Angsal sêsêbutan Pangeran. Miturut wartos, anyarêngi mèngêti jumênêngipun ingkang bupati ing Tulungagung R.A.A. Sosrodiningrat sampun 30 taun, angsal sêsêbutan Pangeran, saha kaparêng ngangge songsong jêne.

[Grafik]

K.R.M.T. Widaningrat. Anyarêngi kala pasamuwan tingalan dalêm jumênêngan pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas, kala tanggal 5-6 Maart kêpêngkêr, K.R.M.T. Widaningrat tampi bintang Officier Nican Iftikar ing nagari Tunis. Redactie Kajawèn ngaturakên pamuji sugêng.

Bathik tanah ngriki wontên ing tanah ngamanca. Dèrèng dangu mêntas ngawontênakên cobèn-cobèn nyade bathik wêdalan ngriki dhatêng tanah ngamanca, pinanggihipun sae. Ingkang katingal majêng wontên Siam. Tumrap Singapura lêbêting sinjang saking tanah ngriki dipun watêsi dumugi 75.000 kodhi. Kajawi punika tumrap Amerika ugi nampèni bathik, ananging namung awarni srêbèt. Makatên ugi tumrap Amerika wau ugi mêling bathik saking Ngayogya miturut pola panêdhanipun.

Panenan brambang ing Brêbês. Panenan brambang ing Brêbês ing wêkdal punika kêmêdalan. Ingkang sampun dipun pêndhêti wontên 50 bau. Brambang wau lajêng dipun tampèni dening bakul kumisi ing Cirêbon, sapikul rêgi f 4.- utawi f 5.-.

Barang grabah wêdalan Banjarnêgara. Ing sapunika ing Banjarnêgara sampun wiwit ngadani adêgipun pabrik grabah, ingkang dipun pangajêngi dening Tuwan Haisma, ahli babagan punika. Samangsa pawonipun sampun rampung lajêng badhe sagêd miwiti nyambut damêl. Sawarnining panyobi pinanggih sae, kados ta damêl pêthaking siti abrit. Barang wau badhe langkung sae tinimbang barang sanèsipun.

Paargyan jumênêngan ing Bêtawi. Jumênênganipun Nata Inggris badhe dhawah ing tanggal 12 Mèi ngajêng punika. Papaning sêmbahyang manggèn ing griya Inggris. Para rakyat Inggris sami katamtokakên suka adres dhatêng kongsul jendral Inggris, kongsul jendral badhe ngawontênakên pêpanggihan. Paargyan badhe dipun tata dening commissie. Kawontênakên arak-arakaning murid sêkolah tuwin padvinders sami rakyat Inggris.

Kapal K.P.M. ingkang botên dipun angge malih. Dumugining dintên Sênèn kêpêngkêr, kapal K.P.M. ingkang botên dipun angge inggih punika kapal Baud, lajêng dipun pigunakakên malih. Kapal wau ingajêng kadèkèk ing palabuhan Tanjungpriok, sampun sawatawis minggu dipun gèrèt dhatêng Kalimati. Kapal wau dipun pigunakakên kangge layaran dhatêng Molukken. Kapal ingkang dèrèng dipun angge kantun kalih, sami kapal alit-alit, inggih punika Dione tuwin Berouw, ingkang sampun botên cocog kangge lampah layaran. Malah kapal wau badhe dipun sade kapetang sade tosan, saha sampun dipun tawèkakên dhatêng bangsa Jêpan tuwin Tionghoa.

Ewah-ewahan loterij. Miturut wartos, wontêning prijs loterij ing wulan April ngajêng punika dipun ewahi. Hoofdprijs f 50.000.-. Ingkang f 10.000.- satunggal f 5.000.- satunggal. F 1.000.- gangsal wêlas f 500.- sangang dasa tuwin f 100.- tiga bêlah (kalih atus sèkêt). Gunggung wontên 358 prijs, rêgi f 150.000.-.

Majênging padagangan karèt. Majênging padagangan karèt ing wêkdal punika damêl ajênging bank-bank tuwin padangan sanès-sanèsipun. Nederlandsch-Indische Handelsbank ing sadèrèngipun taun 1937 sampun bikak pang wontên ing Banjarmasin. Makatên ugi firma Lindeteves tuwin Schlieper inggih bikak pang ing Banjarmasin. Factorij sampun ambikak wêwakil wontên ing Pontianak, mangka ingajêng sampun dipun tutup, jalaran kapitunan. Malah sapunika Factorij ugi bikak agèn wontên Pemangkat, pangipun malih ing Jambi. Internatio ugi gadhah sêdya ambikak pang wontên ing Pontianak, tumrap Banjarmasin sampun kabikak. Makatên ugi Javasche Bank kathah wêdaling arta ingkang tumanja ing tanah ngriku. Tumrap Palembang ngêdalakên arta f 2.281.000.-. Pontianak f 1.520.000.-. Banjarmasin f 2.039.000.-.

Pados mas ing Nieuw Guinea. Ada-ada badhe pados mas dhatêng Nieuw GuneaGuinea. ingkang dipun tindakakên dening Erdman & Sielcken badhe bidhal. Lampah punika badhe dhatêng panggenan-panggenan ingkang dèrèng nate dipun ambah ing tiyang. Ingkang mangagêngi lampah wau kaptin Becking kanthi bangsa Eropah sanèsipun 7 tuwin tiyang siti 185. Kajawi punika taksih dipun kanthèni saradhadhu 55 têtindhih litnan, kangge angayomi. Dados lampah punika ugi mawi sangu têdha, jampi-jampi ingkang cêkap 6 wulan.

Cacahipun ingkang gadhah panyuwunan dados leerling jurubasa. Dumuginipun sapunika ingkang nyuwun dados leerling jurubasa ing Surakarta sampun wontên 200. Cacah samantên wau wontên ingkang Mr. Tuwin Ir. Salajêngipun taksih kathah ingkang dipun tampèni.

Rajakaya ing Gunungkidul. Ing Gunungkidul, Ngayogya, misuwur sumêbaring rajakayanipun, ngantos dumugi Bêtawi, pêrlu kangge pragatan. Nanging rajakaya wau dipun wastani taksih kirang sae. Mila ingkang wajib badhe andhatêngakên lêmbu jalêr saking Angola 50, lajêng badhe kaangkah dados pamacêk. Lêmbu wau rêgi f 60.- kapetang taksih mirah. Dene tumraping tiyang ingkang badhe migunakakên namung dipun rêgèni f 25.-, dene kêkiranganipun badhe dipun sanggi mêndhêt saking arta 25 yuta ganjaran saking nagari Walandi.

Congres para ahli kukum. Awit saking dhawuhing Parentah Prof. Dr. W.F. Wertheim kadhawuhan tumut anjênêngi congres ahli kukum sadonya ingkang badhe kawontênakên ing Parijs benjing tanggal 24 Juli 1937.

--- 383 ---

[Grafik]

Inginggil punika gambar kabêsmèn ing Kotaraja, Acèh. Wontên toko 14 lan wande 7 ingkang rêmuk dados awu. Kapitunanipun wontên f 61.000.- dene ingkang katanggêlakên ing assurantie namung f 51.000.-.

Paargyan ing Bali. Benjing tanggal 30 Maart punika ing Tabanan, Bali, badhe kawontênakên paargyan agêng-agêngan, ngurmati pambêsmining layonipun para kulawarga raja ing Tabanan. Benjing dhawahing paargyan punika, kapal-kapal andon lêlana saking ngamanca badhe dhatêng. Ingkang sampun cêtha badhe dhatêng kapal "Empress of Brittain", "Franconia", "Stella Polaris", tuwin "Reliance", ambêkta tiyang atusan.

Bangsa Jawi ing Caledonie. Golonganing kuli bangsa Jawi ingkang badhe bidhal dhatêng Caledonia benjing tanggal 17 April ngajêng punika badhe dipun kanthèni pangulu satunggal. Cacahing kuli wontên 250, bidhalipun saking Tanjungpriok, numpak kapal Maetsuyker. Pangulu wau angsal balanja saking parentah f 60.- sawulan. Ing Caledonie badhe dipun dêgi masjid.

Kalawarti Muhammadiyah. Ing sapunika Muhammadiyah Surakarta gadhah kalawarti: 1. Adil, basa Mêlayu, mêdal sêminggu sapisan, tumrap para sêpuh. 2. Kursus agama, basa Jawi, tumrap anèm sêpuh. 3. Bêrita H.W., basa Mêlayu, maligi namung kangge para padvinder. 4. Tambatan Pêmuda, tumrap para mudha. 5. Murid, tumrap para lare pamulangan. 5. De Fakkel, basa Walandi, tumrap para neneman pangajaran. 7 Suluh Perantauan, basa Mêlayu, maligi tumrap golongan tanah Sabrang.

Kakèndêlan utawi ingsêr-ingsêran tuwin inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, Radèn Panji Sumêjo Notonêgoro, wêdana ing Prajekan, Kabupatèn Bondowoso, Paresidenan Bêsuki, kakèndêlan. Radèn Sukandar, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi, dados tijd wd. asistèn wêdana, ingajêng badhe kadèkèk ing Paresidenan Madiun, nanging botên saèstu. Mas Achmad Sapardi, ugi nama Wijoyokusumo, asistèn wêdana Paresidenan Surabaya, dados asistèn wêdana Paresidenan Madiun. Radèn Haji Nurroso, ambtenaar wachtgeld, rumiyin wêdana ing Jebeng, Kabupatèn Ponorogo, Paresidenan Madiun, dados ajunct Jaksa Landraad ing Tuban, Paresidenan Bojonêgoro. Mas Ranu, asistèn wêdana Paresidenan Kêdiri, dados asistèn wêdana Paresidenan Madura. Radèn Bagioadi, ugi nama Monconêgoro, ajunct jaksa Landraad Jêmbêr, dados ajunct jaksa Landraad ing Bangkalan. Radèn Mohamad Kafrawi, Aib. nindakakên padamêlan ajunct jaksa Landraad ing Bangkalan, Paresidenan Madura, dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidenan Madura. Radèn Suharta, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi Paresidenan Malang, dados tijd. wd. asistèn wêdana Paresidenan Malang.

Jampi cholera ingkang nyamari. Sampun dangu ing Bêtawi wontên jampi cholera asli saking Shanghai nama For Any Cholera Use manufactures Suo Yuan. Mirid papriksaning ahli ingkang wajib, jampi wau mawa morphine ingkang ambêbayani tumraping kasarasan, mila lajêng dados awisan malêbêt dhatêng tanah ngriki. Nanging ing sapunika kasumêrêpan bilih ing Bêtawi wontên jampi kados makatên punika. Sarêng kaudi, kasumêrêpan pabrikipun. Nalika kagledhah pinanggih wêrit sangêt, inggih punika wontên griya panyadean jampi Pou Au Joe, ing Kali Bêsar. Nanging sarêng kagledhah pinanggih sêpên. Ingriku pulisi nyujanakakên dhatêng satunggiling sêkolahan nama The Union School. Sarêng kalêbêtan, sêpên tandhaning pamulangan, wusana sagêd manggihakên jampi ingkang dipun padosi 3000 gêbyas, isi ngalih dasa gr., tuwin wontên malih 4000 gr. Ingkang dèrèng dipun dèkèk ing gêbyas. Sadaya lajêng dipun bêskup, dados prakawis.

EROPA

Prahara ing Prancis. Ing Prancis mêntas wontên prahara, nêmpuh pasisiring lautan Atlantik laladan Prancis tuwin Lautan Têngah. Bêndung-bêndungan sami pêcah, papan pasiraman ing sunglon Biscaye kathah griya ingkang kèli katut ombak. Kapal Italie ingkang nuju labuh ing sacêlakipun Nice, pêdhot tangsulipun, kapal kabêkta ing ombak. Wontên grobag nuju mlampah dipun saut ing angin kabucal dhatêng sagantên. Têtiyang ing pulo-pulo alit sami ngili dhatêng dharatan agêng, kathah kêbon-kêbon ingkang kêbênan. Kapitunan dèrèng kasumêrêpan, kintên-kintên lêksan franc.

--- 384 ---

Wêwaosan

Saribang

Pêpiridan saking buku karanganipun Baronesse Orczy

45

Sêr Andre: Lêrês mênggah pangandika panjênêngan, Lèdhi, manawi Sêr Blakêne uninga wontênipun bêbaya punika, têmtunipun tindakipun lajêng badhe kaatos-atos.

Lèdhi Blakêne: Manawi panjênêngan rujuk dhatêng atur kula wau, kadospundi pamanggih panjênêngan, saupami kula lêstantun wontên ing ngriki angêntosi rawuhipun Sêr Blakêne, dene panjênêngan ngidêri dhusun punika prêlu ngupados katêrangan. Bokmanawi kemawon panjênêngan sagêd pinanggih kalihan Sêr Blakêne wontên ing margi, ingkang anjalari botên kêkathahên wêkdal ingkang ical. Manawi panjênêngan anocogi dhatêng atur kula punika, mugi krêsaa paring dhawuh dhatêng ingkang gadhah lusmèn, supados puruna nyukani papan sanès dhatêng kula kangge angêntosi rawuhipun Sêr Blakêne. Langkung utami malih manawi panjênêngan krêsa paring prêsèn arta dhatêng tiyang wau, prêlunipun supados piyambakipun tumuntên suka sumêrêp dhatêng kula, manawi ingkang dipun wastani tiyang Inggris agêng inggil wau, sampun wangsul ing lusmèn ngriki malih.

Anggènipun dhawuh makatên wau, kanthi sabar, malah kados sêmu bingah. Awit sang putri sajakipun manggih dhadhakan kadospundi anggèning badhe mitulungi ingkang raka wau.

Tanpa amangsuli sakêcap, Sêr Andre mituruti punapa dhawuhipun sang putri. Salajêngipun Sêr Andre nuntên mêdal saking kamar ngriku prêlu badhe amanggihi Brogar, ingkang angggadhahi lusmèn. Sarêng sampun pinanggih Sêr Andre dhawuh makatên: Kisanak, bêndara kula punika kapengin aso sawatawis wontên ing ngriki. Punapa sampeyan botên gadhah kamar sanèse sing pantês kangge bêndara kula punika.

Ngandika makatên wau, Sêr Andre kalayan ngopyok-opyok artanipun ingkang wontên ing kanthong. Mirêng suwaraning arta ingkang kêmrupyuk, Brogar sanalika jênggirat katingal bingar. Salajêngipun nuntên nuding-nuding satunggiling kamar sacêlakipun ngriku kalihan umatur: Bêndara sampeyan sagêd ngaso wontên ing kamar ngriku, kamar sanèse kula botên gadhah.

Sarêng sang putri dipun aturi uninga wontênipun kamar wau, panggalihipun sakalangkung bingah. Awit sanalika punika sang putri sagêd uninga, bilih saking salêbêting kamar ngriku, sagêd niti priksa sadaya ingkang kadadosan wontên ing salêbêting kamar tamu wau. Ing wusana sang putri lajêng angandika makatên:

Sêr Andre, ingkang gadhah lusmèn tumuntên panjênêngan paringi arta. Kula bingah sangêt angsal kamar punika, awit kenging kula têmtokakên, saking kamar ngriku kula mêsthi sagêd ningali sadaya kawontênanipun ing kamar tamu ngriku.

Sarêng Lèdi Blêkêne badhe lumêbêt ing kamar ingkang badhe kagêm ngaso wau, Sêr Andre umatur: Lèdhi Blêkêne, mugi kaparênga kula ngèngêtakên dhatêng panjênêngan, inggih punika: sampun pisan-pisan kasêsa manawi badhe nindakakên punapa-punapa, kula aturi ngèngêti, bilih ing ngriki kathah jurunipun sandi. Sampun kasêsa ngatingalakên dhatêng Sêr Pèrsi manawi panjênêngan wontên ing ngriki, kajawi manawi sampun têtela nyata botên wontên tiyang sanès-sanèsipun.

Lèdhi Blakêne: Inggih, kula atos-atosipun sangêt. Niyat kula ngêmungakên badhe ngaturi pitulungan dhatêng Sêr Blakêne, manawi kinintên ngrika pancèn ambêtahakên dhatêng pitulungan kula.

Sêr Andre: Manawi salêbêtipun satêngah jam kula botên sagêd pinanggih kalihan Sêr Blakêne, kula badhe tumuntên wangsul mriki. Mugi-mugi Sêr Blakêne sampuna wontên ing ngriki.

Sasampunipun makatên Lèdhi Blakêne lajêng lumêbêt ing kamar ingkang kasadhiyakakên kagêm aso wau. Nanging wontên ing salêbêting kamar ngriku, sang putri botên lajêng ngaso, nanging malah nata panggenan ingkang kanthi sakeca saking ngriku sagêd mriksani ing salêbêting kamar tamu. Tanpa sagêd kasumêrêpan dening têtiyang ingkang sawêg wontên ing kamar tamu wau. Sarêng Sêr Andre sampun anguningani, bilih Lèdhi Blakêne sampun mapan ing kamar ing sêmu kanthi têntrêm panggalihipun, panjênênganipun lajêng bidhal.

XXIII Satunggiling pasangan

Sapêngkêripun Sêr Andre wau, saprapat jam botên wontên kadadosan punapa-punapa. Ing kamar tamu kala punika Brogar sawêg nata meja, ing sêmu kangge nyadhiyani tamu enggal ingkang badhe dhatêng.

Mriksani kawontênan ingkang makatên saking kamaripun wau, ing sêmu katingal adamêl sênênging panggalihipun sang putri. Mênggahing batos sang putri kagungan pamanggih, bilih ingkang katatakakên meja punika botên sanès kajawi kang raka Sêr Pèrsi Blakêne. Sêmunipun Brogar punika ragi ajrih kalihan ingkang dipun wastani tiyang Inggris agêng inggil punika. Tandhanipun: anggèning nata papan ngriku supados katingala ragi mèmpêr sakêdhik, katingal dipun êpêng sayêktos. Malah piyambakipun kalampahan mêndhêt satunggiling barang ingkang saèmpêr kalihan taplak meja. Nanging sarêng lajêng kagêlar wontên ing meja ngriku, saha nyumêrêpi kathah bolong-bolongipun, Brogar lajêng gèdhèg-gèdhèg. Anggènipun anggêlar wau lajêng kawolak-walik, ewasamantên bolong-bolongipun tuwin balêntong-balêntongipun taksih katingal kemawon. Badhe kasambêtan.

--- 41 ---

Nomêr 11, taun II

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Sêsêrêpanipun Tiyang Sêpuh ingkang dipun Awaki

Wiwit dipun sêngkêr

Kula angèngêti kala kula wiwit ngumur tigawêlasan taun, lajêng botên nate dipun ajak kêkesahan, kajawi ingkang prêlu sangêt. Manawi cêthaa makatên, wiwit punika nama dipun sêngkêr.

Ingkang nama dipun sêngkêr, lare namung kapurih wontên ing wingking, manawi caraa priyantun agêng, botên kenging mêdal saking kêputrèn. Dene wêwêngkon kaputrèn wau, tumraping priyantun kaprah ing griya dumugi wingking sadaya, wiwit pandhapi sapangajêng, botên kenging ngambah. Saupami papan ingkang dados awisan wau ngantos dipun ambah, dhawahing srêngên ngantos damêl karaos yêktos. Mila kala ing jaman samantên, tiyang gadhah anak èstri punika namung pinanggih wontên ing wartos kemawon, awis ingkang sagêd sumêrêp, kajawi sanak sarèksadhèrèk. piyambak.

Lare ingkang sampun dipun sêngkêr makatên punika namung sarwa cakêtan sarusiku, sampun malih ngambah dhatêng ngajêngan, sawêg inguk-inguk kemawon sampun dipun wastani saru. Mangangge ewah saking padatan, dipun srêngêni. Gumujêng kêsêron, dipun wastani tiyang botên idhêp ing isin. Nêdha kêkathahên, dipun wastani tiyang botên bêtah luwe. Tilêm taksih sontên, inggih punika jam 9-10, dipun wastani tiyang botên gadhah prihatos. Tangi kêsiangên sakêdhik kemawon, dipun wastani prawan kêsèd. Wah, botên kadosa rêkaosipun dados prawan ing jaman kina.

Nanging mênggah nyatanipun, sawarnining tindak ingkang dados awisaning tiyang sêpuh, punapadene dhawahing srêngên, punika sadaya lèrèg dhatêng kasusilan ingkang sampun mèpèt yêktos. Dene pikantukipun, prawan ingkang nêtêpi punapa ingkang dados awisan wau, lajêng nama prawan ingkang susila, wartosipun ngambar arum dumugi pundi-pundi.

Ing mangke sarêng santun jamanipun, tatacara ingkang kados makatên wau dados gumujêngan yêktos, malah lajêng dipun wastani anèh. Saya sarêng kula anak-anak èstri piyambak, rumaos manawi dipun kosokwangsul balêjêd. Ingkang kala rumiyin [rumi...]

--- 42 ---

[...yin] dipun wastani primpên, sapunika botên, malah kêdah sarwa ngegla. Ing sakawit kula inggih asring ngusap dhadha, nanging dangu-dangu ngrumaosi kêdhêsêk ing jaman. Ewadene tumrap dugi prayogi inggih tansah kula tindakakên, saking ngrumaosi sampun nate ngawaki.

Tiyang sêpuh.

Wêdharing Gagasan Amanah Badhe Lêbêtipun Piwulang tuwin Sêsêrêpan

[Grafik]

Rara Sukapti

Manawi nitik saking wêdaling Kyai Kajawèn, salêbêtipun kula botên ngêdali, indhakipun sampun kathah sangêt. Mênggah ingkang kula aturakên mindhak punika, botên gêpok bagean suwaranipun para kakung, sawêg bagean alit jagading wanita, mindhakipun sampun kathah saèstu. Dene anggèn kula nyatitèkakên makatên wau, saupami para maos sami anyobi, saking sêsêrêpan bab rêsèp dhêdhaharan modhèl enggal, manawi kapetang wontên iritipun sawatawis. Punapadene ingkang mêdal saking piwulang panggulawênthahing putra, sakalangkung agêng sangêt pigunanipun, sagêd anyuda kaborosaning lare, tumrap lare lajêng sagêd anyuda panêdha ingkang mokal-mokal, wêkasan lare lajêng dados lare ingkang têminah. Amargi sadaya piwulang tuwin sêsêrêpan punika adhakanipun sungkan anyobi saha ngêcakakên, lajêng namung dados apalan, manawi wontên pajagongan kangge ungkul-ungkulan, anggènipun sampun maos, trêkadhang dipun wêwahi saking pamanggihipun piyambak, murih sagêdipun panjang rêmbagipun, punika manawi botên dipun sêtitèkakên, sagêd mahanani ewah kalihan talêripun, wêkasan sadaya piwulang saha sêsêrêpan namung dados singgahan, ingkang wohipun lajêng kasupèn. Awit anggèn kula manah makatên punika, brêkahipun Kyai Kajawèn sagêda: tumônja, murakabi saha mahanani wilujêng suka ingkang pinanggih. Ingkang makatên wau sawêg pamanggih kula:

Pun Sukapti.

--- 43 ---

Bab Dèwi Srikandhi

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 22

Rahayu dene sang linangkung Dèwi Wara Srikandhi sagêd uwal saking purbaning donya, saha oncat saking tanganing tiyang ingkang badhe nêdya anjatukrami, ingkang gadhah tindak sawênang-wênang, ingkang tundonipun angsal jodho satriya ambêg utami ingkang tansah krêsa mêmayu rahayuning bawana.

[Grafik]

Sang Prabu Drupada

[Grafik]

Sang Arjuna

Dados andharan kula ing nginggil, kula suwun kanthi sangêt dhatêng para maos saha dhatêng panjênênganipun sadhèrèk Dyah Rukmini, sampun ngantos kagalih kalayan pamanggih cêkak, upaminipun: ah, wong wadon lunga saka padunungane banjur mênyang dununging priya iku cêkake wis dudu padon. O, sampun makatên sadhèrèk, kêdah kagalih ingkang panjang: mulur: kasaringa ingkang prêmati ngantos kacêpêng pathinipun, inggih punika pancadan ingkang badhe sagêd damêl rahayuning jagad.

Dene panjênêngan badhe botên krêsa nyudarsana dhatêng dêdongenganipun sang linangkung Dèwi Wara Srikandhi, punika kengang-kenging kemawon, jêr punika salugunipun inggih namung dongèng botên dados punapa, tiyang panjênêngan piyambak sampun ngandika, bilih tiyang jirih sangêt tur panggalih kina tur botên lêlamisan, dados manawi miturut sêratan panjênêngan inggih têmên sayêktos, nanging... punika sêratan, lo sadhèrèk, sêratan punika sok risak, sok suwèk, dados gèk katon, gèk bawur, gèk... mila pamuji kula mugi-mugi panggalihan panjênêngan botên kasandhung

--- 44 ---

ing gèk-gèkan wau, sagêda wantèg wantala botên lamisan saha botên namung kangge abang-abanganing lambe kemawon. Sampun tamtu dongèngipun sang linangkung Dèwi Wara Srikandhi wau botên mathuk kalihan laras panggalih panjênêngan, môngka sang linangkung Dèwi Wara Srikandhi punika pancèn wanodya ambêg prajurit, dados saupami dipun dongèngi wanodya dèwi sintên kemawon manawi panggalih botên mathuk inggih kenging kemawon, nanging kula (pangarang) kapêksa nêksèni bilih panjênêngan mêksa kêcipratan kaprajuritaning sang linangkung Dèwi Wara Srikandhi, botên ketang saprapintên prêsènipun, katitik dene sampun karsa anggêbyur kalangkunganing udyana.

Wasana tutuping andharan kula mugi-mugi sampun andadosakên rêngating panggalih saha dêduka, nanging malah sagêda dados lêlimbangan, ingkang cêkak aosipun botên andamêl mundur lan kêndhoning kamajêngan wanita.

Narayana, ing Ngawôngga.

Bab Dhêdhaharan

Sambêtipun Jagading Wanita ing Kajawèn nomêr 22

Ayam Bêsêngèk Têrnate

Ayam 1, lombok 3 utawi 4 karajang, traos 1 sendhok alit, sarêm 1 sendhok alit, bawang pêthak 4 siyung, mêrtega 2 sendhok dhahar, cokak abênan 1/2 cangkir, kecap 2 sendhok dhahar, bubukan mrica 1 sendhok alit.

Ayam sasampunipun dipun rêsiki, kapêcakana mawi mrica lan sarêm, lajêng dipun panggang. Bumbu-bumbu kadhêplok, tumuntên kagorèng ing lisah mêrtega ngantos jêne, lajêng kecap lan cokak kacampurakên. Panggangan ulam ayam kasigar dados kalih kacêmplungakên ing saos kagorèng ngantos matêng.

Laksa Bali Kadamêl saking Urang

Urang mêntah sapiring, kêtumbar 1 sendhok agêng, jintên 1/2 sendhok agêng, mrica 1 sendhok tèh, sarêm 1 sendhok tèh, bakaran kunir 1/4 driji, brambang 8 karajang lan bawang pêthak 4 siyung ugi karajang, lombok 2 utawi 3, bakaran kêmiri 2, godhong salam 3 lêmbar, sêre 2 iji, mihun ingkang sampun dipun kum 2 cangkir, godhong kêmangi 3 utawi 4 lêmbar, sarêm santên kalapa 1, lisah.

Pangolahipun: urang dipun oncèki, dipun bucali êndhasipun. Bumbu wau, kajawi godhong salam, godhong kêmangi lan sêre, kadhêplok lajêng kagorèng ing lisah. Urang kacampurakên lajêng kaêsokana santên cuwèr 1 cangkir, godhong salam, sêre kacêmplungakên, kagodhog sawatawis dangu. Manawi sampun mèh asat, dipun soki santên ingkang kênthêl, mihun dipun cêmplungakên, dipun godhog sakêdhap, lajêng godhong kêmangi dipun campurakên.

Martinah.

--- 45 ---

No. 21, taun VIII

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI BU-MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM

RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

Handini Pacitan. Andadèkake bungahku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang isi lêlucon nyang Bu Mar. nanging sing sabar ya Han, ora bisa enggal-enggal kapacak, awit kudu gêntenan, mangka saiki wis tampa akèh, dadi bakal daksimpên dhisik.

Rr. Srihayu lan Rr. Istiah Rêmbang. Sabisa-bisa sabên Sêtu arêp dianakake recept dhaharan, ora ketang siji loro. Ing sarèhne ibumu ora bisa ngirimi potrèt, ya saiki dieling-eling bae rupane kaya sing nang impèn, jare kowe wis tau ngimpi. Aja pisan dadi atimu ya!

Sukarno Boyolali. Layangmu lan karanganmu wis daktampa lan bangêt panrimaku. Liya dina bakal kapacak. Sukur yèn kowe lan kanca-kancamu saiki padha sênêng maca T.B. lan kanca-kancamu ajakên langganan T.B. kang kapisah, awit besuk yèn langganane wis akèh, T.B. bakal diwuwuhi, ora mung patang kaca.

R.R. Hartaningrum Mr. Trêsnaningsih. Martati. G. Blentung. Layangmu wis daktampa kêlawan sênênging atiku. Trêsnaningsih, barêng iki aku ngirimi adrèse Mientarsih. p/a R. Mertocusumo Rêjosari 13. Sêmarang.

Sulasmi Pêmalang. Alchamdulillah irobilngalamin, sukur ing Pangeran dene kowe pinaringan waras manèh anggonmu lara, kang kêna diarani bangêt. Cangkrimanmu wis daktampa, yèn ngirimi cangkriman, panjalukku batangane uga kirimana.

Adiani Pathi. Bangêt bungahku, barêng aku tampa layang têtêpungan saka kowe. Dadi saupama cêdhaka kowe arêp rewang ya Adiani, wah mendah sênêngku. Saiki Bu Mar sênêng bangêt manggon ing omah anyar, nanging yèn awan rame wong dodolan, pating brêngok padha tawa dodolane.

Siti Rochamah Bobotsari Purbolinggo. Aku bungah bangêt krungu kowe gawemu ngrewangi ibumu, lan taktrima kowe mêrlokake gawe layang nyang ibumu, sanajan arang-arang kobêr. Receptmu dhaharan Sêtu ngarêp dipacak.

Slamêt Balung. Bangêt panrimaku kokirimi karangan samono kèhe lan aku bungah, dene kowe wiwit saiki milu lêlumban ngarang ing sajrone T.B.

R.r. Sri Hartini Cepper. Surti Sêmarang. Sitti Jariyah Purworêjo, Sutartini Surabaya, Suparjo Têgal, Suharjo Surakarta. Andadèkake lêganing atiku kowe padha amêrlokake gawe layang nyang ibumu lan nandhakake kasênênganmu, dene T.B. saiki disalini aksara Latin, dadi adhi-adhimu saiki padha bisa maca dhewe. Pamujiku, supaya kowe padha tabêria maca T.B. lan kanca-kancamu sing bapakne ora langganan Kajawèn, ajakana langganan T.B. kang kapisah, awit besuk yèn langganane akèh, T.B. arêp diwuwihidiwuwuhi. ora mung 4 kaca bae, tumrap saiki bocah sing njaluk dadi langganan durung patia akèh.

Sri Hartini, sinaumu sing têmên, aku milu muji, muga-muga kowe bisa munggah kl. 5. Yèn arêp ngirimi karangan, nganggo postblad utawa briefkaart, sakarêpmu, sabisa-bisa sing murah dhewe. Surti, batanganmu cangkriman bênêr kabèh, taktrima bangêt, kowe mêrlokake ambatang. Siti Jariyah, wah sênêngku tanpa upama duwe kêponakan anyar, kowe lan adhi-adhimu, ya ora kagèt ora barang sabab wedok kabèh, malah bungah, dadi yèn ibumu tilik, banjur suguhane masakan warna-warna, la wong anak wedok lima ta. Saiki omah sing dakênggoni luwih kêpenak tinimbang biyèn, nanging ya nang gang, dadi ora rame, mung rame wong dodol pating brêngok. Sutartini, satêmêne jênêngku ya mung Bu Mar bae, ibumu saiki durung duwe potrèt. Suharjo, lêluconmu wis daktampa, bangêt panrimaku. Suparjo, batangane cangkriman bênêr kabèh, lan karanganmu wis daktampa, bangêt panrimaku.

Ambarwati Bululawang. Bangêt andadèkake bungahku, dene kowe anggatèkake nyang T.B. lan uga bangêt panrimaku kowe gêlêm nawani mampir nyang omahmu, saupama aku pinuju lunga nyang Jawa Wetan, lan kowe arêp nyuguhi tela pohung, nangka sirsak, gêdhang lan sapanunggalane, wah sênêngku ora karuwan. Ya Ti, mbokmanawa, besuk suwe-suwe yèn pinaringan slamêt aku lan kowe bisa kêtêmu.

M. Utomo Ambarawa. Batanganmu cangkriman bênêr, bangêt panrimaku, dene kowe mêrlokake ambatang. Pitakonmu o, kiraku kowe kliru, ing T.B. ora ana panyaruwe yèn anggone lêlagon kurang pantês.

Maryati Parakan (Têmanggung). Batanganmu cangkriman bênêr.

--- 46 ---

Sudewi lan Sudarmo Pandean Rêmbang. Wiyose wis tampa layangmu sakloron, bangêt andadèkake sênêngku. O, Dewi, ora maido, anggonmu kêpengin nêrusake sêkolah, Bu Mar wis nglakoni dhewe, nanging kapriye manèh, sadulurmu akèh, mangka bapakmu isih kudu mragadi adhimu, lanang pisan, dadi ya pêrlu bangêt. Kowe wis entuk verklaring, ya wis cukup, mungguh bisaa nêrusake sêkolah, ya luwih utama, nanging sarèhne didhawuhi ana ing omah bae, kanggo panêmuku ya apik lan aku bungah dene kowe saiki nrima ana ing omah. Saiki kari ngudi sinau buri, mêsthine ya sênêng, awit mbakyu-mbakyumu akèh, dene sing isih andhèrèk bapak ibu pira. Dewi, mendah sênêngku, yèn kowe sida ngirimi potrètmu lan sêdulur-sêdulurmu nyang aku. Batanganmu cangkriman bênêr, taktrima bangêt.

Sudarmo, aku bungah bangêt, kowe dhêmên maca T.B., apa manèh saiki barêng disalini aksara Latin. Sing tabêri anggonmu sinau, ya Darmo, aku milu mêmuji, supaya kowe bisa munggah klas 6.

Sulastri Brêbês. Aku bungah bangêt lan sênêng bangêt kowe gêlêm milu ngaku ibu nyang aku. Aku wis rêmbugan karo kamas redacteur pêrkara anggitanmu têmbang, kang kêna kanggo cangkriman, nanging panjênêngane kamas redacteur ora rujuk, yèn ditulis aksara Jawa, sabab saiki nyêle, dadi panjalukku nyang kowe, saupama arêp ngirimi anggitan, tulisên Latin bae, yèn cangkriman, batangane uga gawenên sisan.

Pujowati Kêndal. Aku wis tampa layangmu kang bangêt anyênêngake sarta lucu, agawe sênênging atiku. Kapriye kaananmu saiki Pud, mêsthine ya wis krasan bangêt, awit banjur dadi putrane wuragil eyangmu, mangka mêsthike kowe ya kinasih bangêt, diêmong ing priyayi têlu, eyang kakung putri lan oommu. Pud, kowe kok pintêr wangsalan, nalika aku maca layangmu, kudu angguyu dhewe. Saupama wong lagi sêdhih, yèn maca layangmu ya banjur kêpingkêl-pingkêl, ya pantês kowe diwadani "Petruk". Pangabêktiku aturna eyangmu kakung putri, ya Pud. Karanganmu liya dina dipacak.

Isdinah. Karanganmu wis daktampa, bangêt panrimaku, anggonku macak saka siji, kapêksa gêntenan papan karo kanca-kancamu.

Layang liya-liyane bakal takwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

BAB OLAH-OLAH LAN GÊGAWEAN

Kuwih sêmprong.

Glêpung gandum 1 pond, êndhog 2 iji, gula 4 ons, manis jangan 1/2 ons, mêrtega 1 cangkir, banyu angêt 1/2 cangkir, puhan 3/4 gêndul.

Glêpung dicampur karo banyu, mêrtega diêjèr, banjur diêworake. Êndhoge diublak, putih dhewe, kuning dhewe, banjur campurna ing jladrèn, diudhak kang wrata. Yèn wis rata puhan lan manis jangan dicampurake têrus dicithak ing cithakan kuwih sêmprong, tipis-tipis bae. Yèn wis matêng digulung.

Wadhah rokok.

Wadhah rokok iki kang digawe kêrdhus (karton), kandêle 1 1/2 mm. 1 pêsagi: kira-kira ambane lan dawane 9x9 cm. 1 pêsagi: 7x7 cm. 1 pêsagi 5x5 cm.

2 Sisih kang ngadêg; 5x6 cm. 2 sisih kang ngadêg: dhuwure 6 cm, ambane 5,4 cm.

Dadine cacahe ana 7. Pêsagi têlu mau tumpukên dadi siji karo liym.liyane. Dadi anggêr pêsagi siji ana ing têngah-têngahing pêsagi liyane. Yèn uwis banjur sisih kang ngadagngadêg. mau: dilim sakubênging pêsagi 5x5 cm; lingire dilim kang kuwat. Manawa wis rampung, wadhah mau isih ala. Murih bêcike, karton mau tutupana nganggo bludru utawa bakal liyane. Lingire plisirên nganggo bakal, kang wujude ora padha karo kabèh mau.

St. Solo.

BATANGANE CANGKRIMAN NALIKA TANGGAL 6 MAART.

I. Ulane: Naga, perangane kêmbang: sari, dadi Nagasari.

II. Kawine sèwu: sasra, dadi Nagasasra.

III. Wancahane cara Mlayu mangkene: Gini, dadi Nagagini.

Sing bisa ambatang. Sugiyarta, Manahan M.N. Solo, Rukmiati Cêpu, Sutrisno Pêkalongan, Suyati Caruban, Sumirah (Klêthik) (Caruban). Sunarsih (Kêbumèn), R. Sumarjono Bantul (Ngayogya), M. Utomo Ambarawa, Surti Sêmarang.

CANGKRIMAN ANYAR

Sawijing patirahan ing tanah Jawa Wetan, katulis nganggo 6 aksara.

1 5 6 têmbung kawi kang têgês 3.@1 5 4 3 6 bumbune wong olah-olah.@4 5 6 1 gêgamane wong tani.@5 2 1 6 pakarêmane bangsa Walanda.@4 3 5 6 kaanan kang nêngsêmake.@Dadi 1 2 3 4 5 6 jênênge patirahan kasêbut. Patirahan ngêndi?

Sumarjono Bantul.

Namaning kitha ing tanah Jawi kêdadosan saking 10 aksara. Aksara 1 2 3 4 5 atêgês bingah, aksara 6 7 8 9 10 = namaning peranganing jagad. Aksara 5 6 7 8 = namaning lare jalêr. Aksara 7 8 9 10 = namaning lare èstri. Kitha pundi punika?

Kustienah Sawangan.

ANA ING KLAS.

Guru : Hara bêgog, dikon ngapalake ora bisa apal, saiki malah omong-omongan ngêthupruk!

Bêgog : Kula botên omong-omongan Pak Guru, namung anyariyosakên dêdongenganipun R.M. Sampurna.

Sumanti Jagalan Solo.

--- 47 ---

LILIH SANALIKA

[Grafik]

Dara Jêksa Anu kagungan putra isih rada pelo, sok diajari tilpun. Nalika nuju ana kantor, dara Jêksa ndukani upase, amarga didhawuhi anggawa layang mênyang kantor, lali ditinggal, anggone andukani karo anggêbrag meja, mangkene: "Kapriye, kowe iku sêmbrana bangêt, patute upas kaya kowe kuwi mung dilêbokake kranjang kotoran." Dara Jêksa banjur nyandhak tilpun sambung ing dalame,dalême. pangandikane sêrêng: "Sapa kuwi!"

Ing kono ana wangsulan mangkene: "Dag papie, sekelces."

Dara Jêksa nyèlèhake tilpun karo gumujêng, banjur dhawuh nyang upas. "Iki tukokna prêmèn sakêthip, banjur caosna dara Ajêng. Nungganga sêpeda bae."

Upas: "Ingkang kawan kêthip kagêm punapa."

Dara Jêksa: "Ênggonên sangu anjukuk layang kang kèri."

SÊDULUR KANG ORA RUKUN

Candhake Taman Bocah, Kajawèn No. 23

Naya nuli nyaritakake kasiyate gilingan, lan saking bêcike atine, kakange arêp disilihi kanggo sadina sawêngi. Suta bungah bangêt, Naya durung rampung olèhe ngandhani kapriye carane mutêr lan ngêndhêgake gilingan mau, Si Suta wis enggal-enggal anggawa mulih gilingane.

Barêng têkan ing omahe anak bojone lagi padha nyambut gawe ana ing sawah.

Pamikire Si Suta mangkene: "Sanajan aku sugih sapi, nanging aku arang bangêt ngombe powan sapi, sabên sapine pinuju padha kêna dipêrês, powane banjur dakêdol. Sarèhning saiki aku bisa entuk powan sakarêpku akèhe, aku dakjaluk powan, banjur ngombe sawarêge, turahane kanggo sêdhiyan anak bojoku têkane saka sawah, lan turahane manèh dakêdol aku bakal tampa dhuwit akèh.

Gilingan didokok ing meja, nuli diputêr, sanalika mêtu powane, sagêlas, rong gêlas, 3 gêlas, saèmbèr, mangkono sabanjure, nganti kêntekan wadhah, tansah ora mandhêg-mandhêg, nganti gilingane kêmambang ing powan. Yèn têrus, omahe bakal kêbanjiran powan.

Suta bingung awit ora ngêrti, kapriye olèhe ngêndhêgake gilingan mau. Enggal-enggal dhèwèke mlayu nyang omahe adhine lan nyaritakake kaanane. Naya nuli milu kakangne. Satêkane ing omahe Si Suta, banjur bisa lèrèn manèh kaya maune. Naya nuli bali anggawa gilingane.

Kacarita sanadyan Naya duwe gilingan kang ana kasiyate mangkono, nanging uripe ora digawe mukti nêmên kaya ratu, mung pêrsaja bae. Asale wong tani, saiki ya isih adat wong tani. Esuk umun-umun pangkat nyang sawah, baline kaya sabêne. Lan sarèhning dhèwèke ora anduwèni ati gumêdhe lan mêsthi nulungi wong kang kasangsaran, mulane wong-wong ya padha dhêmên lan trêsna karo Si Naya.

Kocapa Si Suta ngigit-igit bangêt karo Si Naya. Atine tansah panas bae, dene adhine saiki bisa urip kêpenak. Sabên sore nglintêri omahe Si Naya pêrlu arêp nyolong gilingane lan arêp milara adhine, nanging tujune mêsthi konangan, awit ing omahe Naya akèh sing jaga, sabab padha ngêrti nyang karêpe Si Suta. Saiki Si Suta banjur sugih reka, sugih kêkarêpan, wusanane bandhane saya lawas saya êntèk, banjur dadi mlarat kaya Si Naya biyèn dhèk durung duwe gilingan. Cuthêl.

LÊLUCON

Guru: "Papat ping lima ana pira?"@Murid: "Wontên kalih dasa."@Guru: "Pitu ping lima ana pira?"@Murid: "Wontên tigang dasa gangsal."@Pikire murid kang bodho: "We, hla pak guru iku apa-apa kok takon."

__________

Guru: "Daging apa sing larang dhewe, Jan?"@Surjan: "Dagingipun banthèng."@Guru: "Salah, ayo sapa wêruh."@Sêmprong: "Dagingipun tiyang gêsang."

_________

Guru: "Sêga iwak patang piring diêdum karo adhimu, kowe tampa pirang piring?"

Murid: "Yèn namung patang piring kula piyambak taksih kirang, pak guru."

Slamêt. Balung.

NGÊMIS

Kere: "Kula ngêmis dara, saparing-paringipun."@Dara: "Ora duwe karag garing."@Kere: "Inggih karag sing têlês."@Dara: "Karag têlês ya ora duwe."@Kere: "Inggih nyuwun yatranipun kemawon."@Dara: "Ora ana dhuwit cilik."@Kere: "Pundi kula lintonane."

--- 48 ---

DONGÈNGE R.M. SAMPURNA

IX.

Kyai Tohir pitakon: "Saiki ngêndi asalmu, lan apa sababe kok taksawang-sawang ulatmu kaya wong kang nandhang susah?"

Wong wadon iku barêng krungu pitakone Kyai Tohir, dumadakan êluhe carocosan nuli calathu: "O, kyai, kula punika tiyang têbih, sabab nuruti manah awon mila kula lajêng kajêgur ing kacilakan punika. Kula punika rumiyin gêsang mulya, nanging saking kula lena nilar momongan kula sakêdhap, inggih punika putraning bangsa luhur, sanlikasanalika. ugi purtaputra. punika dipun colong dening durjana.

Kula botên sagêd nahan malih andhèrèk bêndara kula putri, manawi kula sumêrêp panjênênganipun, susah sangêt. Mila sapunika susah kula ingkang akèn dhatêng rêdi-rêdi punika, manggèn kula wontên papan sêpên, nênuwun siyang dalu dhatêng ingkang Maha Asih, supados pinaringana pangapuntên sadaya kalêpatan kula. Mugi-mugi momongan kula kawangsulakên dhatêng rama ibunipun, supados sadaya susah kula punika dados santun sênêng."

Kyai Tohir nuli anjupuk gambare R. Ayu Pringga saka kanthongan, banjur dituduhake nyang wong wadon. Anane gambar iku digawa, sabab arêp nggolèki kang ibu R.M. Sampurna, kang wus kulina karo wong wadon iki. Kyai Tohir nuli pitakon: "Apa kowe wêruh karo sing ana gambar iki?" Barêng pangon wêdhus wadon wêruh gambare R. Ayu Pringga, nuli anjêrit saka sênênge sarta banjur calathu mangkene: "O, inggih punika gambaripun bêndara kula putri, ibunipun momongan kula ingkang ical dipun colong durjana."

Kacarita barêng R.M. Sampurna krungu panjêrite pangon wêdhus wadon mau, nuli mlayu mlumpat marani. Satêkane ing kono banjur pitakon mangkene: "Genea kowe nangis? Apa sababe? Apa kowe ngêlih? Gilo iki takwènèhi roti lan wowohan, panganên!" Kyai Tohir calathu mangkene: "Dêlêngên, iki bocah sing barêng-barêng dicolong karo gambar iki." Calathu mangkono mau karo nudingi R.M. Sampurna. Wong wadon barêng krungu kandhane Kyai Tohir mangkono sanalika ambruk sabab saka kagèt lan sênênge. Barêng wis eling R.M. Sampurna nuli dirangkul karo crocosan êluhe sarta calathu mangkene: "O, radèn mas, tujunipun kok panjênêngan taksih pinaringan sugêng, bêndaraku sing taktrêsnani. Punapa èstu punapa kula nyupêna? O inggih lêrês anggèn kula ningali, surya panjênêngan sarupi kalihan suryanipun ingkang rama, kados jambe sinigar. Mangga, sapintên sênêngipun ingkang ibu, mangga ndara mas, enggal kondur dhatêng ngarsanipun ingkang rama saha ingkang ibu."

Kyai Tohir nuli calathu mangkene karo wong wadon iku: "Tujune aku enggal kêtêmu karo kowe, dadi kowe kang bakal nulungi anjujugake nyang dalême bêndaramu." Sawise calathu mangkono, têlu-têlune nuli pangkat marani omahe wong kang duwe wêdhus-wêdhus mau, kira-kira lakon satêngah jam adohe saka panggonan mau. Sing duwe wêdhus lanang wadon padha mêtu mêthukake Kyai Tohir. R.M. Sampurna andangu: "Apa iki bapak ibuku?" Kyai Tohir mangsuli: "Dudu". Radèn Mas Sampurna ketok susah, sabab mirêng yèn iku dudu rama ibune.

Kacarita ana ing omahe wong kang duwe wêdhus padha nginêp sawêngi, esuke mbanjurake lakune, sabab arêp têrus nyang kutha saka pangirane Bok Siyah lakune satêkane ing kutha isih rong dina manèh, nêmbe bisa têkan ing dalême R.A. Pringga.

XII. Dumadakan kêtêmu karo R.M. Pringgapurnama.

Wong têlu mau lakune kêlawan slamêt lan sênêng. R.M. Sampurna suka panggalihe lan gumun priksa omah pirang-pirang ing padesan. Barêng bêngine padha têkan ing alas kang rungkud lan manèh dalane bangêt rumpile, nganti mèh ora kêna diambah wong. Mangka wêngi iku pêtêng dhêdhêt sarta udane gêdhe kaya disokake.

Ora antara suwe banjur padha têkan ing omah panginêpan kanggo wong kang arêp nyang kutha, mangka têkan ing kono wayah bêngi.

Kacarita panggonan cêdhak omah panginêpan iku kondhang, yèn akèh bangêt durjanane, ananging sarèhne ing wêktu iku butuh panginêpan, mulane ya padha arêp nginêp ing kono bae.

Sauwise padha mangan lan ngombe, banjur padha turu, sabab padha sayah anggone mlaku sadina mau, mung wong tuwa (Kyai Tohir) lungguh anjaga sarta andonga lan maca kitab nganti têngah wêngi; R.M. Sampurna sare ing sandhinge.

Dumadakan ing jaba ana rêrungon pating brêngok lan pating gêdhobrag, sarta lawang didhodhog-dhodhog sarosane, nganti kabèh wong saomah padha kagèt lan wêdi. Kyai Tohir isih jaga ing jêro kamare, barêng dhèwèke arêp mêtu andêlok apa rame-rame iku, dhèwèke kêtêmu Bok Siyah ing lawang. Bok Siyah bisik-bisik alon-alon, calathune: "Bokmanawi durjana dhatêng mriki badhe andhêlikakên R.M. Sampurna."

Kyai Tohir calathu: "Mênênga bae, kowe aja rame-rame. KyiKyai. Tohir nuli arêp andêlok apa kang pating jlêdhor iku.

Sing duwe omah iku bangêt wêdine ora wani ambukak lawang, nanging wong sing ana jaba sêru anggone bêngok-bêngok lan saya sêru anggone dhodhog-dhodhog lawang, nganti kaya arêp ngrusak lawang. Ana candhake.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]