Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 19, Stu Wa, 3 Sura Jimawal 1869, 5 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [277] ---

Ôngka 19, Stu Wa, 3 Sura Jimawal 1869, 5 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Raos Suka ingkang Marêmakên - Têtanèn ing Patênggêran - Ing Bab Kasangsaran Montor Mabur - Bab Gôngsa - Pilêm Kolonisasi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Mindhak sêpuh

Manawi miturut petangan taun, sabên taun tiyang punika umuripun inggih mindhak sataun, silêming taun Ehe, atêgês sampun mindhak sataun, wiwit ngancik taun Jimawal, nama anggrêmêt badhe mindhak sataun malih.

Upamia cara among dagang, ing wêkasaning taun wau wancinipun ngetang bêbathèn, utawi ngetang kapitunan. Nanging tumraping tiyang gêsang limrah, wontênipun namung angèngêti lêlampahan ingkang sampun, manawi dipun titi, ing salêbêtipun taun ingkang sampun kapêngkêr namung isi bingah tuwin susah, saupami dipun inggahna dumugi taun-taun ingkang sampun kapêngkêr dangu, isinipun inggih namung bingah utawi susah, dados caraning among dagang pinanggih pog-pogan kemawon.

Manawi angèngêti tataning gêsang limrah makatên punika, indhaking umur punika pasaksènipun namung pinanggih wontên ing kulit, dangu-dangu saya ngalunthung, nanging tumrap ing kabatosan, pinanggih taksih ajêg kemawon, dèrèng wontên sêpuhipun.

Nanging manawi dipun manah yêktos, lugunipun botên makatên, batos punika inggih saya sêpuh. Tandhaning sêpuh, dene kabêtahanipun saya beda-beda.

Sawêg mirida saking wêwatêkan, wêwatêkaning lare umur sadasa taun kalihan tiyang umur kalih dasa taun sampun beda, makatên salajêngipun. Manawi miturut katrangan ingkang kados makatên wau dados cêtha bilih kawontênanipun tansah mindhak.

Namung tumraping lampah kabatosan, punika asring wontên pitakenan, sasampunipun mindhak samantên taun, anggèning nglampahi kabatosan sampun mindhak sapintên utawi mindhak punapa.

Sayêktosipun pitakenan makatên wau angèl anggènipun mangsuli ingkang ngantos sagêd plêg. Nanging ugi wontên ingkang sagêd suka katrangan kanthi cocoging raosipun, bilih sampun mindhak, punika sagêd nitik saking ewahing lampah, wêwatêkan tuwin sanès-sanèsipun. Wontên malih ingkang suka katrangan, salêbêtipun pintên-pintên taun, punapa namung tumindak sinau, têgêsipun tumindak ing pandamêl lêrês, ingatasing kabatosan.

Sadaya wau dados katrangan ingkang adhêdhasar indhaking umur.

Cêkruktruna.

--- 278 ---

Raos Suka ingkang Marêmakên

Ngantos dumuginipun sapunika, raos pangajêng-ajêng nyumêrêpi gambar dalêm Putri Beatrix tansah wontên kemawon. Bab punika ugi sampun kêlampahan, ing Kajawèn ngêwrat gambar dalêm sang putri, piyambakan nalika sawêg yuswa 48 jam, saha gambar nalika dipun bopong ingkang rama.

[Grafik]

Nanging gambar kados ingkang sampun wau taksih nuwuhakên pangajêng-ajêng nyumêrêpi gambar dalêm sang putri sanèsipun sasampuning mindhak yuswa, amargi warni dalêm wau dèrèng katingal cêthanipun ingkang yêktos.

Makatên ugi pangajêng-ajêngipun ing ngakathah anggèning badhe nyumêrêpi gambar dalêm Sri Paduka Prinsès Juliana sasampunipun ambabar tansah wontên kemawon.

Dumuginipun sapunika, wartos-wartos ingkang gêgayutan kasugêngan dalêm Sri Paduka Prinsès Juliana tuwin Putri Beatrix tansah lumintu, saha pinanggih botên kirang satunggal punapa.

Malah ing dintên punika Kajawèn sampun sagêd ngêwrat gambar-gambar wau.

Ing ngriki para maos sagêd anggambarakên piyambak mênggah raos sukaning rama ibu ing kala nungkuli putra punika. Ing ngriku katingal sêngsêm dalêm sakalihan, ingkang araos adamêl marêming panggalih.

Ing pamuji mugi putri darah oranyê punika lulusa walagang sampun kirang satunggal punapa.

--- 279 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Têtanèn ing Patênggêran.

Têtanèn ing Patênggêran punika kenging kula perang dados kalih, inggih punika: a. têtanèn ingkang mligi kangge bakuning têdha, b. têtanèn ingkang asilipun kangge padagangan.

[Iklan]

Bakuning têdha têtiyang ing Patênggêran punika jagung, pantun botên sagêd gêsang wontên ing Tênggêr, kabêkta saking hawanipun. Landbouwproeftuin sampun nate nyobi nanêm gandum saking nagari Walandi, nanging botên sagêd gêsang. Têtanèn jagung ing Tênggêr punika beda tinimbang ing sanès panggenan. Ing ngriku punika wontên têtanèn ingkang kawastanan "tumpangsari", inggih punika tanêman kalih warni katanêm nunggil ing sapanggenan. Beda kalihan ing tanah ngare, nanêm pantun thok, palawija inggih mligi palawija. Dene tanêman ing Tênggêr ingkang katanêm nunggil wau inggih punika jagung lan kênthang. Tanêman jagung wontên ing Tênggêr umuripun ngantos 7-8 wulan, kênthang 3-4 wulan. Têtanèn ingkang kawastanan tumpangsari wau wontên ing pasitèn ingkang inggilipun 1000 mètêr minggah. Patêgilan jagung kathah sangêt lan wiyar-wiyar, manggèn wontên ing

--- 280 ---

pêpèrèng lan ing jurang-jurang. Ing patêgilan wau têmtu wontên pondhokanipun alit-alit kangge ngaso ing sasampunipun madamêl.

Ingkang katanêm wontên ing têtanèn tumpangsari kasêbut nginggil wau ingkang rumiyin jagung. Patrapipun botên beda kados ing sanès-sanès panggenan. Manawi tanêman jagung wau sampun umur 7 wulan, wiji kênthang wiwit kasêbar. Lan jagung umur 8 wulan lajêng dipun ênèni (caranipun Tênggêr dipun pêcok) ngiras andhangir tanêman kênthang. Wusana lêt sawulan jagung katanêm malih. Manawi sampun umur 2 wulan, lajêng kadhangir ngiras andhudhuk kênthang ingkang sampun wancinipun dipun undhuh. Makatên sapiturutipun, tanêman warni kalih wau tansah sêsarêngan lan urut-urutan kemawon, ngundhuh satunggalipun ngiras andhangir satunggalipun.

[Grafik]

Dhukun punapadene têtiyang ing Tênggêr.

Têtanèn ing Patênggêran punika taksih prasaja sangêt. Pambudidaya amrih mindhak saening asil siti kalayan tatanan gagrag enggal prasat[1] dèrèng wontên. Panindakipun namung salugu naluri kados ingkang tumindak wingi-wingi sarta namung pasrah dhatêng krenahing alam. Ing mangka alam punika asring-asring botên koma-koma dhatêng tanêman kalih warni kasêbut nginggil, mila sok anjalari kapitunan agêng. Ingkang kula kajêngakên ing ngriki inggih punika wontênipun jawah lan angin. Jawah ingkang agêng punika anjalari tanêman kênthang sami bosok, kados ingkang kalampahan ing taun ingkang kêpêngkêr, tanêman kênthang ing sawêwêngkon Tênggêr mèh sadaya risak. Botên namung ing Tênggêr kemawon, nanging malah ing sa-Tanah Jawi, ngantos rêgining kênthang kala samantên anjomplang tikêl. Pinanggihing papriksan, tanêman wau katêrak ing sêsakit Slijmziekte.

Dene ingkang anjalari risaking tanêman jagung punika angin agêng, ingkang mangsanipun ing wulan Pèbruari utawi Marêt. Samôngsa wontên angin agêng, têtiyang ing Tênggêr sami kraos asrêp, têtiyang tani nguwatosakên tanêmanipun jagung, bilih angin agêng saprapat jam kemawon sagêd damêl karisakan tanêman jagung sami ambalasah kasulayah.

Nanging sabibaring môngsa punika, bilih tanêmanipun kalis ing sambekala, bingahipun tiyang tani botên kadosa, awit sagêd ngundhuh tanêmanipun jagung. Tiyang tani wau lajêng ngawontênakên olah-olahan warni-warni saha eca-eca, kangge wilujêngan. Wilujênganipun inggih punika: sêkul tumpêng, sêdhah ayu, ulam ayam, sêkar, toya suci kawadhahan ing bokor, lan jajan pasar. Kajawi punika taksih kathah sangêt lêlawuhan sanèsipun malih ngantos satenggok. Dene wilujêngan wau ingkang ngujubakên dhukun (saminipun ing ngriki kaum, lan ing Bali [Ba...]

--- 281 ---

[...li] pêdhandha) anggènipun ngujubakên wontên ing tritisan. Patrapipun: manawi wilujênganipun sampun kadèkèk wontên ing tritisan ngriku, dhukun lajêng mapan linggih ngajêngakên prênahing rêdi Brama, kalihan ambêsêm sela (mênyan) kasarêngan andonga ingkang katujokakên dhatêng Sunan Thênguk, ingkang lênggah ing kawahing rêdi Brama, dhatêng Kyai Omah Nyai Omah, dhatêng Ibu Pêrtiwi sarta dhatêng dhanyang ingkang ambaurêksa toya. Wosipun donga wau ngaturakên panuwunipun pun anu anggèning angsal sih kamirahan awujud têdha, ingkang mêntas kaalap saking siti ngriku punika. Sasampunipun kaujubakên wilujênganipun lajêng kabêkta mlêbêt malih sarta lajêng ngundangi tôngga têpalih dipun jak nêdha eca. Badhe kasambêtan.

Supa.

[Iklan]

Pawartos saking Redhaksi

K. 4158 ing Surakarta. 13 Bêsar Ehe 1828, dhawah Sn Kli, 24 April 1899. 40 taunipun dhawah Sn Kli, 13 Bêsar Ehe 1868. Manawi petang taun Walandi, 40 taunipun dhawah 24 April 1939.

K. 3727 ing Tanjungkarang. Rê Wa 21 Siyam, 53 taun, ing taun Dal 1815 dhawah 24 Juni 1886, wuku Wayang, môngsa Kasa (I).

K. 2988 ing Ngayogya. Sade, basa Malayu no. 947 (Dubbelboekhouden) rêgi f 1.75.

K. 2632 ing Jatirata. Dèrèng wontên ingkang ngêdalakên.

K. 4924 ing Bayalali. Wontên ingkang nama Pêmimpin Tani ing Balige.

K. 762 ing Majakêrta. Sade, no. 761 (Pêmimin tukang lèstrik) rêgi f 1.60.

K. 5013 ing Sêmarang. 7 Marêt 1919, dhawah Ju Lê, 4 Jumadilakir, Wawu 1849. Pitakenan satunggalipun ngosok-wangsul.

K. 2312 ing Tulungagung. prayogi adamêla katrangan malih ingkang dipun pitakèkakên.

Tuwan W.S. ing Kêbumèn. Kintunan karangan sadaya sampun dumugi. Karangan ing bab pahargyan, sarèhning kathah ingkang sami kintun, namung badhe dipun pilihi ingkang sae. Gambar kakintunakên wangsul kirang cêtha.

--- 282 ---

Ing Bab Kasangsaran Montor Mabur

Kados para maos taksih tansah amanggalih ing bab kasangsaran montor mabur ing Batawi, awit pinanggihing kasangsaran wau anyarêngi môngsa ingkang kawigatosakên, dados dhawahing kasangsaran wau sarêng sampun sumêbar wartosipun, têtiyang kathah ingkang sami angakêni bilih sajatosipun sumêrêp ing kalaning dhawahipun kasangsaran.

[Grafik]

Anggèning sagêd cariyos makatên wau, mirid saking kala wontên montor mabur anggêgana, lajêng sumêrêp gêbyaring pêpadhang ingkang botên beda kados sêsulak urubing griya kabêsmèn, pancèn inggih nyata pêpadhang wau ingkang dados tandhaning kasangsaran.

[Grafik]

Dene ingkang langkung dados panggagas, punika ing bab lêlampahanipun ingkang sami tiwas, manawi sampun dumugining titimôngsa, dhatênging ngajal sampun botên kenging dipun singkiri. Môngka manawi miturut lêlampahanipun tiyang gangsal ingkang sampun sami tiwas, botên kêkirangan lêlampahan ingkang langkung nyamari ingkang sampun dipun lampahi. Tumrap pamarêming panggagas, namung lajêng dipun sèlèhakên bilih sadaya punika sampun pasthi.

--- 283 ---

Tumrap kalimrahan gêgayutanipun kalihan tatakrama tuwin kawiryan, layonipun para ingkang tiwas, sami amanggih kamulyan, pinèngêtan wontên ing buku babading praja, saha badhe dipun èngêti. Minôngka katrangan sawatawis mirid katranganing gambar. Ing sadèrèngipun miwiti anggêgana, para pangagêng anggêgana militèr sami ngalêmpak wontên ing papan anggêgana ing Cililitan, têtindhihipun Kolonèl Van Oyen, ingkang kacêtha ing gambar nginggil piyambak, ing golongan kiwa, ingkang têngah. Miturut katranganipun Kolonèl Van Oyen, hawa gêgana ing dalu wau pinanggih ragi sae. Tumraping militèr kawontênan ingkang kados makatên punika pinanggih botên andadosakên pambêngan. Makatên malih tindak wau namung sawêg kangge cobèn-cobèn, dèrèng manawi wontên damêlipun yêktos.

Dumugining dhawahipun kasangsaran, para tandang tulung ambyuk wontên ing papan kasangsaran, botên mawi milih golongan punapa, nanging têtiyang ingkang dipun pitulungi sampun sami tiwas, namung sagêd mêndhêti mayitipun, saha lajêng winadhahan ing pêthi, ingkang wujudipun adamêl trênyuhing manah. Mriksanana gambar têngah ing ngriku Kolonèl Van Oyen mêdhar sabda ingkang gêgayutan kalihan kasangsaran wau, saha damêl pangimur dhatêng para kulawarganipun ingkang sami tiwas.

Ing papan kasangsaran ngriku pinanggih tabêt-tabêt ingkang ngêrês-êrêsi. Dene salajêngipun, tilas-tilas raganganing montor mabur Glenn Martin 506 dipun pêndhêt wontên ing ngriku. Mriksanana gambar ngandhap punika.

[Grafik]

Ing bab layonipun Tuwan Kokehin, sarêng wontên wartos kabêkta dhatêng Munthilan, wartosipun lajêng sumêbar dhatêng golonganing bôngsa Tionghwa ing Ngayogyakarta, Magêlang tuwin sanès-sanèsipun. Ing ngriku lajêng wontên wara-wara saking golongan wau supados para bôngsa Tionghwa sami ngurmatana dhatêng layonipun Tuwan Kokehin.

Kêlampahan kala dhatêngipun sêpur kilat saking Batawi ingkang ambêkta layonipun Tuwan Kokehin, kathah sangêt ingkang sami mapag. Ngantos dumugining panguburipun pisan ing Munthilan, katingal dipun urmati ing bôngsa Tionghwa tuwin sanès-sanèsipun.

--- [284] ---

Kagunan Jawi

Bab Gôngsa.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 18.

Awit ukara ingkang rumiyin ungêlipun makatên, ing môngka ing suling ngriku cacah 7 swara, dados inggih 7 swara punika sanyata bibiting gôngsa kagunan swara Jawi punika, ingkang sipat slendro pelog. Lo la tiyang cêtha dados bibiting gôngsa kagunan swara jawi ingkang sipat slendro pelog, kok lajêng ngalih dados paugêraning nglaras, la rak inggih lajêng dhapur ngingêr basa ngêlih surasa, manawi namung kangge paugêraning nglaras, sanadyan gêndèr, gambang, lan sanèsipun inggih kenging kemawon.

Pitakèn kula bab monggang lan kodhokngorèk, Tuwan Sumadi botên priksa ênèm sêpuhipun, ananging ingkang dipun wastani monggang wau gêndhingipun. Manawi gamêlanipun, gamêlan limrah. Mênggah sêsêrêpan kula ingkang nama monggang lan kodhokngorèk punika inggih gamêlanipun inggih gêndhingipun. Ananging namaning gêndhing wau namung katut saking namaning gamêlanipun. Awit sadaya ungêling têtabuhan ingkang lagunipun cêlak sangêt punika botên mawi namaning gêndhingipun, kados ta, têtabuhaning reyog, kêtuktilu ing Priyangan, tabuhan kêmanak kêthuk kêndhang kênong gong ingkang kangge bêksaning badhaya Srimpi punika ungêling têtabuhanipun botên nama gêndhing, ingkang nama gêndhing laguning panggerongipun, malah ungêling kodhokngorèk ing kraton Surakarta, mawi dipun sarêngi ungêling gêndèr kalih pangkon, ingkang lagunipun têbih sangêt kalihan laguning kodhokngorèk, laguning gêndèr wau dipun wastani gêndhing Kêmbangtiba. Makatên ugi rakitaning gôngsa monggang lan kodhokngorèk ing kraton Surakarta punika botên kados rakitan gamêlan limrah, môngka Tuwan Sumadi ngandika: Rakitaning gôngsa monggang punika inggih rakitan gôngsa limrah, ingkang makatên wau kula namung nyumanggakakên.

Tuwan Sumadi ngandika, suling ingkang bolong 6 sagêd ngêmot laras slendro pelog, janji lêrês pambolongipun punika kula botên maibên, ananging sadaya gamêlan ing kraton Surakarta lan ing Mangkunagaran, lan ing pundi kemawon janji cara Surakarta, sulingipun botên wontên ingkang bolong 6, ingkang makatên punika sagêd ugi tukang damêl suling ing Surakarta botên sagêd ambolong 6 ingkang lêrês.

Pitakèn kula bab bonang slênthêm saron pelog ingkang sagêd ngêmot laras slendro punika gamêlan pundi. Panjawabipun Tuwan Sumadi ngingêr basa malih, lajêng botên mawi waton wujuding gôngsa, nanging namung waton suling ingkang bolongan 6, môngka pitakèn kula wau namung miturut pangandikanipun Tuwan Sumadi ing Kajawèn ôngka 103 wêdalan dintên Jumungah 4/12-'37. Kaca kiwa adêg-adêg ngandhap, ungêlipun makatên: dene ing slênthêm ngriku katingal rakitaning swara ingkang mahanani [mahana...]

--- [285] ---

[...ni]

slendro pelog bêm, pelog barang, dados cêkak manawi panjênêngan kagungan slênthêm (saron) bonang ingkang pelog, panjênêngan sagêd damêl gôngsa 3 rakitan, gôngsa siji laras kasêbut nginggit.[2] Pangandika ingkang kados makatên punika punapa botên cêtha ngangge wêwaton slênthêm bonang saron pelog, wasana jawabanipun Tuwan Sumadi botên prêlu ngèmbèt gôngsa, gôngsa botên tumut-tumut. La rak inggih anèh malih, dene karsa nyelaki pangandikanipun piyambak, tiyang ngrêmbag bab sêsêrêpan tumrap ngakathah kathik pijêr ngingar-ingêr basa nyantuni surasa kemawon, punika ngrêkaosakên ingkang ngladosi kalihan ingkang nguningani, mila manawi Tuwan Sumadi taksih kagungan cara ngingêr basa ngêlih surasa, kula sampun botên kaconggah ngladosi, wasana nyumanggakakên ngakathah.

Kodrat, Batawi sèntrêm.

__________

Redhaksi Kajawèn badhe nampèni wangsulanipun Tuwan Sumadi sapisan êngkas, caraning ngunjuk, gêlas-gêlasanipun sampun sami. Cêkap samantên kemawon.

Dene lêrês lêpating wawasan tumrap rêmbag punika, kados para maos ingkang migatosakên saha mangrêtos, sampun sagêd manggalih piyambak.

Red.

LOTERIJ

[Grafik]

--- 286 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Pilêm Kolonisasi.

IV.

Garèng : Wis, Truk, saiki omongmu aja talencengan, aja: mampir mas, mampir jêm, mampir êndhuk, êndhuk, nanging padha ambanjurake rêmbugane ing ngarêp, yaiku ing bab panggawene pilêm kolonisasi. Saiki aku arêp takon dhisik, mungguh sing dadi pilêm sêtèr-pilêm sêtèr, nèk cara Jawane iya pamaine gambar idhup kolonisasi kuwi sapa bae, Truk. Nèk gambar idhup kuwi mau arêp nyatakake kaanan sing satêmên-têmêne, mêsthine iya rada kisruh, luwih manèh yèn gambare diwiwiti mulabukane pisan, iya iku upamane diwiwiti nalika ingkang bupati paring katrangan marang wong-wong magang kolonis mungguh pranatane arêp boyongan nyang tanah sabrang. Wèh, apa ingkang bupati mau kudu diêrèh mangkene upamane: môngga, nang dalêm ab[3] dalêm aturi wiwit main...

Petruk : Wayah, kathik kaya dadi kêthoprak nganggo diabani: ayo, saiki dhonge kowe sing main, mas. Main ana ing pilêm, apamanèh pilêm kolonisasi, kuwi mung saadha-adhanyah bae, Kang Garèng, dadi upama arêp anjupuk gambare nalika ingkang bupati andhawuhi kandhidhat wong-wong sing arêp padha boyong nyang tanah sabrang, lakune iya mung lumrah bae. Yaiku ingkang bupati ngandika banjur dikontrak têrus-têrusan.

Garèng : Aja sêmbrana, Truk, arane rak dipotrèt, nèk dikotrèk kuwi rak yèn ambukak bir kae. Omongmu kuwi aku iya ngandêl, yakuwi anggone kabèh-kabèh dilakoni sarana barès-baresan, banjur dipotrèt. Nanging kowe aja lali, Truk, dipilêm kuwi wujude bakal cêtha ana ing gambar, kathik bakal ditongton wong sajagad abuh. Jalaran saka iku, mulane aku iya ora maido, yèn tukang main bioskup, kuwi lumrahe anggêre kabênêr kudu main, sakabèh-kabèhane dibudidaya sarwa : èksêtrah.

Petruk :Ora ngrêti aku nyang omongmu kuwi, Kang Garèng, tukang main gambar idhup, kathik diunèkake, yèn kabênêr lagi main, kabèh-kabèh sarana èksêtrah, lo, sing dièksêtrani kuwi apane.

Garèng : Awas, Truk, sing tak omongake kiyi tukang main gambar idhup sing lumrah kae, dadi iya pilêm sêtèr sing tulèn, lo kuwi jarene, yèn kudu main, kabèh-kabèh sarana èksêtrah, iki karêpe mangkene: Wis jamak lumrah manusa kuwi duwe watak: kêpengin diarani brêgas, bagus, ayu, manis, lan sapiturute. Luwih mênèh gambare arêp ditongton wong sajagad abuh akèh kae, rak iya lumrah, ta, yèn batine duwe pangarêp-arêp: muga-muga sing pada nonton gambarku iki padha ngarani: wa-dhuh, brêgase, wa-dhuh baguse, [ba...]

--- 287 ---

[...guse,] wa-dhuh manise, lan sapiturute. Jalaran saka iku rak iya lumrah manèh ta, yèn apa-apane banjur digawe èksêtrah, kaya ta: panganggone, odhênge, patrape, bokmanawa alise nganggo dikêrik anjalirit, malah ing sisih irung nganggo diwènèhi andhêng-andhêng barang, bèn katon lêwês.

Petruk : Wayah, sing duwe adan kaya ngono kuwi, rak pilêm sêtèr sing anggone main ana ing gambar idhup kuwi minôngka kanggo pênguripane, mulane yèn lanang dibagus-bagusake, yèn wadon diayok-ayokake, prêlune supaya disênêngi wong nonton, lan bisa lawas anggone dadi pilêm sêtèr kuwi mau. Seje karo pilêm kolonisasi kuwi mau, rak mung kanggo sambèn-sambèn lan sênêng-sênêng bae, dadi kabèh-kabèh têmtune iya mung ditindakake krana Allah bae.

Garèng : Tukang main kêthoprak utawa wayang wong kumpulan priyayi kae, nèk main iya ora nêdya golèk kasil sing kanggo cagak panguripane, ngêmungake kanggo sênêng-sênêng bae, ewasamono nalikane digêbyagake, sabab ditongton wong akèh, wèyèh, tandang-tanduke, le kathuwal-kêthuwêl, le anggèdhèg-gèdhègake sirahe, kok ya dikayang têmênan, nganti wong nonton wayang wong utawa kêthoprak, sanadyan wayang wong utawa kêthoprak kumpulan priyayi pisan, sabênêre iya nonton: wong gêmagus lan wong gêmaib...

Petruk : Iki seje manèh, Kang Garèng, wong dadi wayang wong utawa kêthoprak, kuwi diwajibake kudu gêmagus, saupamane bae dadi Radèn Arjuna, kok anggone anjogèd ambèthêm mrêngut, rak gampang diêloki wong nonton: Janakane dikon malêbu dhisik, lagi kabêlêt ngi... lo.

[Grafik]

Garèng : Wong sêmbrana, ngomong ora gênah mangkono. Ora, Truk, aku prêcaya yèn para maine pilêm kolonisasi kuwi mau, tumindake kanthi barès-baresan, mung bae ing sarèhne gambare sing sanyata-nyatane bakal ditongton wong sangalam dunya, sanadyan rambut pinara sêdhusin ora kêpengin di... wadhuh... dening wong sing nonton, mêsthine rak bisa uga ing batin anduwèni kuwatir: mêngko rupaku kiyi gèk betha-bèthu saru, suwaraku gèk kalomat-kêlamêt kaya Sang Patih Arya Sêngkuni, lo, jalaran [ja...]

--- 288 ---

[...laran] pikiran sing kaya mêngkono kuwi atine rak bisa uga ngêdhap utawa uwas, kang bisa anjalari tandang-tanduke nalika dipotrèt mau banjur kurang kabênêran aliyas ora bêcik. Nèk tindak sing kaya mêngkono kuwi mau wong lumrah, gampang dikandhani: busuk sêkali, ayo dhikêmbalèni lagi, balik yèn sing nindakake durung kabênêran mau ingkang bupati piyambak, apa iya mêntala matur mêngkene upamane: Kangjêng, saru mênika wau, kêdah dipun wangsuli malih.

Petruk : Nèk kaya ngono carane iya ora patut ingatase karo ingkang bupati, sabab iki kasar, mêsthine yèn arêp ngaturi supaya kudu dibalèni manèh, le ngaturi iya kudu mangkene upamane: wah, sampun sae, kangjêng, nanging manawi dipun wangsuli malih, bokmanawi langkung sae malih.

Garèng : Dene nèk sing kaping pindhone mêksa durung kabênêran manèh, le ngaturi ambalèni mangkene: wadhuh, jêmpol, sampun kalêrêsan sangêt mênika wau, langkung-langkung manawi samangke dipun wangsuli malih, kintên-kintên sagêd sampurna saèstu.

Petruk : Wiyah, apa prasaksat mung arêp anggunggung thok bae. Ora, Kang Garèng, mungguh sanyatane aku wajib angalêmbana bangêt marang para bupati ing Wanasari lan ing Bantul, anggone krêsa ambantu nyang ada-ada amboyongi wong-wong tani nyang tanah sabrang iki, nganti ora lingsêm lan wêgah digawe pilêm, ora lingsêm anggone gambare salirane bakal ditongton wong sangalam donya, lan ora wêgah anggone ambolan-balèni pamaine sing kanggo pilêm mau. Ing kono nyata têmênan, yèn para bupati mau padha mangrêtos mungguh gunane kaum tani padha pindhah nyang tanah sabrang, yaiku ora ngêmungake kaum tani mau ana ing kana bisa anduwèni pangarêp-arêp anduwèni panguripan kang kêpenak, nanging uga bisa ngêlongi cacah jiwane tanah Jawa kang wis kêna diarani mèh kêbak iki. Mulane sabên uwong iya kudu ambantu sakuwat-kuwate, supaya ada-ada ing dhuwur bisane kalêksanan kanthi bêcik.

Garèng : Katêranganamung[4] sing kaya mêngkono kuwi mau aku a-c-c, Truk, mula iya nyata, tanah Jawa wonge wis kêbak, dadi ya utama bangêt saupama akèh wong kang banjur padha pindhah nyang tanah sabrang, dadi sing kèri bisa ambêkan sawatara. Lan takjunjung sêtinggi puhun kêlapah, dene sing ada-ada mindhahi wong-wong ing tanah Jawa nyang tanah sabrang kuwi kangjêng rama guprêmèn. Nanging kumplite, kangjêng rama guprêmèn iya kudu krêsa ngabani: sê: top nyang: bôngsa Walônda, Tionghwa, Bombèi, bôngsa Yangko-Yangko pisan, sing arêp dêdunung ing tanah Jawa kene.

Petruk : Kene ora ngrêmbug ing bab kuwi, Kang Garèng, naging ing bab panggawene pilêm kolonisasi, mulane saiki padha ambanjurake rêmbuge bab ing ngarêp bae mau.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1791 ing Ngayogya, f 12.- sampun katampi.

Lêngganan nomêr 3620 ing Banyumas, lêrês.

Lêngganan nomêr 3788 ing Bawang, wisêl f 6.- sampun katampi.

--- 289 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Juru misaya ulam bangsa Jêpan saya kathah. Wontên wartos, sampun sawatawis dintên wontên juru misaya ulam bangsa Jêpan saking Singapura dhatêng ing Pasar Ikan, Bêtawi malih, cacah wontên baita 3 sami kêbak isi ulam ingkang tanahipun sae. Saha salajêngipun, miturut wartos taksih kathah ingkang badhe dhatêng malih.

Jawah angin ing Cilacap. Sampun sawatawis dintên ing Cilacap wontên jawah kasarêngan angin agêng, kathah wit-witan ingkang rêbah, kawat telefoon tuwn[5] lestrik pêdhot. Wontên wit kênari ing sacêlakipun palabuhan ambruk, adamêl kasangsaranipun tiyang kalih, sami nandhang tatu, salajêngipun tiyang kalih wau sami dipun bêkta dhatêng griya sakit.

Bab murid ingkang sêkolahipun lêlahanan. Miturut tatanan gemeente ing Bêtawi ingkang sampun tumindak, tumrap murid-murid ing pamulangan Vervolgschool wontên ingkang kalêpatakên ing bayaran, sarana mêndhêt pathokan, manawi têtiyang sêpuhipun botên kuwawi ambayar, tuwin larenipun ingkang nyêkapi kasagêdanipun. Nanging cacahing murid ingkang lêlahanan wau botên kenging langkung saking 5%. Mênggah caraning paniti tumrap lare ingkang dipun wastani nyêkapi kasagêdanipun, inggih punika ingkang pintêr, punika ragi rêkaos, awit ingkang dipun wastani pintêr wau mêndhêt ingkang pintêripun yêktos. Ing bab punika lajêng wontên rêmbag supados caraning suka kamirahan botên ambayar arta sêkolahan, kapêndhêtna wêwaton saking panggêsanganing têtiyang sêpuhipun kemawon.

Angin agêng ing Kupang. Miturut wartos saking Kupang, ing Kupang mêntas wontên angin agêng ingkang adamêl karisakaning pintên-pintên dhusun, saha damêl karisakaning griya-griya agêng ing Larantuka. Wontên lare 2 tiwas, kathah têtiyang nandhang tatu.

Tindak kalèntu ing griya sakit. Ing satunggiling griya sakit ing Jawi Wetan wontên tindak kalèntu anjampèkakên tès mripat ngangge jampi ingkang sagêd damêl kobong. Ingkang nindakakên wau mantri saking pakènipun dhoktêr. Rahayu dene tiyang ingkang dipun jampèni wau nalika dipun tès angêrêmakên mripatipun, anjalari jampi wau dhawah ing sajawining mripat, dados namung adamêl gosonging kulit kemawon. Ing bab punika lajêng dados rêmbaging para ingkang wajib, lajêng badhe ngawontênakên tatanan supados jampi ingkang mawa daya ngobong, dipun wadhahi ing gêbyas ingkang cucukipun nistha nêm, dados gampil lajêng kasumêrêpan.

Pandadaran radiotelegrafist tuwin telefonist. Miturut wartos saking Hoofdbestuur P.T.T., ing bab pandadaran radiotelegrafist tuwin telefonist alit, badhe kawontênakên ing Bandung ing wulan April ngajêng punika, ing sadèrèngipun têngah-têngahaning wulan. Sintên ingkang badhe tumut ing pandadaran wau, amacaka sêrat tanpa sègêl, janji botên awarni sêrat panuwunan. Kanthi ngintuna sêrat-sêrat katrangan ingkang pêrlu. Sadaya sasampuna katampèn wontên ing Voorzitter Examencommissie, Hoofdbestuur P.T.T. ing Bandung ing sadèrèngipun tanggal 11 Maart. Kajawi punika kakanthènana arta f 10,- inggih punika arta pandadaran, kakintunakên dhatêng Voorzitter wau. Ing papan suwekaning postwissel kasêrata pêrluning arta wau. Sawarnining katrangan sagêd mitêrang dhatêng pangagênging kantor post tuwin telegraaf.

[Iklan]

Basa Melayu gêgayutanipun kalihan Aneta. Wêwakiling parentah ing Raad Kawula Mr. Hartevelt anêrangakên bilih wartos-wartos Aneta ingkang dipun sade, miturut tatanan enggal punika, inggih punika telegrammen-dienst cêkakan, kêdah kasêrat botên ngangge basa Walandi, kajêngipun ngangge basa Mêlayu. Ingkang makatên wau tamtu badhe nyuda padamêlan tumrap padamêlan ing ariwarti.

Bidhal dhatêng papan paboyongan. Kapal Patras sampun bidhal saking palabuhan Tanjungpriok ambêkta têtiyang boyongan saking tanah Jawi kathahipun 1494 sami dhatêng Lampung. Wiwit tanggal 14 dumugi tanggal 25 Februari sampun wontên kapal 8 ingkang mbêkta têtiyang boyongan. Ing wulan Maart punika badhe ambidhalakên têtiyang dhatêng Lubuklinggau, ing salêbêtipun wulan Juni badhe ambidhalakên têtiyang dhatêng Bêlitang.[6] Dene tumrap boyongan dhatêng Selebes badhe dipun wiwiti wontên ing wulan Juli tuwin Augustus. Sadaya wau sagêda rampung wontên salêbêting taun punika.

Angsal-angsalanipun pakaryan Post ing wulan Januari 1938. Angsal-angsalaning pakaryan Post ing wulan Januari wau, tumrap post wontên f 977.234,-, telegram f 373.500,-, telefoon f 609.834.-. Kala ing wulan Januari taun 1937, post f 978.079,-, telegram f 441.965,-. Telefoon f 633.002,-.

Kêkirangan arta f 1200,-. Carikfonds ing Batang-batang, Pamêkasan, pinanggih kêkirangan araa[7] f 1200,-. Fonds punika ingajêng dipun cêpêng ing wêdana ingkang sapunika kapindhah saking ngriku.

Congres Nahdatul Ulama. Benjing salêbêtipun wulan April, Nahdatul Ulama badhe ngawontênakên congres manggèn ing Menes, Banten. Papan ingriku punika misuwur panggenanipun para golongan Islam ingkang kêncêng dhatêng agami. Miturut wartos sadhiyaning arta ingkang badhe kangge waragad sampun wontên f 10.000.-

--- 290 ---

Centraal Comite voor Steun ana Werkloozen. Wiwit tanggal 1 Januari dumugi tanggal 31 Januari 1938, babadan ingkang kasêbut punika nampèni darma-darma kathahipun f 214.334,-. Cacah samantên wau ingkang tumrap tanah ngriki wontên f 200.000,-

Ingsêr-ingsêran. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, R. Sukêlan alias Sosrohadisubroto, wêdana ing Ngadiluwih, Kabupatèn tuwin Paresidhenan Kêdiri, dados wêdana ing Pujon, Kabupatèn tuwin Paresidhenan Malang. M. Suparto, tijd. wd. Wêdana ing Sukapura, Kabupatèn Probolinggo, Paresidhenan Malang, dados wêdana ing Ngadiluwih. R.M. Panji Dirosugondo, wêdana ing Pujon, dados wêdana ing Sukapura.

Kadurjanan ingkang ambêbayani. Margi tram laladan Rêmbang pinanggih wontên tosan blebekan tapêling ril dipun colongi ing tiyang, ingkang anjalari sagêd damêl onyaning balok ganjêl ril saha sagêd damêl bêbaya. Ing bab punika pulisi tansah ngudi katrangan, wusana sagêd nyêpêng tiyang ingkang kadakwa nindakakên kadurjanan wau, inggih punika tukang bêsi, lajêng dados tahanan.

Ulam saking blèg. Tumindaking cobèn-cibèn damêl ulam wontên salêbêting blèg ing Banyuwangi tumuntên badhe dipun kèndêli. Cobèn-cobèn wau pinanggih titikipun sae, saha salajêngipun badhe dipun wiwiti malih wontên ing wulan Juli ngajêng punika. Ing pangintên ing sanès taun sagêd tumindak sae, samantên wau manawi tumindaking para juru misaya ulam sagêd anêtêpi wajib kados ingkang tumindak ing sapunika.

Cobèn-cobèn mêtêngi kitha Sêmarang. Miturut wartos ing Sêmarang mêntas kawontênakên cobèn-cobèn mêtêngi kitha. Pinanggih botên anguciwani.

Têtiyang ingkang angsal loterij nomêr 1. Miturut wartos ingkang angsal loterij nomêr satunggal, inggih punika ingkang satus èwu ingkang nêmbe kagêbag punika, têtiyang punggawaning P.V.M. (Tram ing kitha bêtawi). Loterij ingkang angsal wau asli anggènipun tumbas wontên ing dhepot ing station B.V.M. ngriku. Ingkang angsal wau kuli-kuli, condenteur, tukang karcis tuwin sanès-sanèsipun. Satunggal-satunggaling tiyang wontên ingkang tampi f 1000,-, wontên ingkang f 500,-, malah wontên condecteur No. 12 ingkang angsal f 10.000,- asli anggènipun tumbas piyambak sapradasan.

Pandhêlikan salêbêting siti. Awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, ing bab pangrêmbagipun gêdhong Kuning, supados dipun wêwahi yasan guwa pandhêlikan ing salêbêting siti, pêrlu kangge samangsa wontên bêbaya gas tuwin jêblosan. Ing yêyasan punika sampun gêgayutan rêmbag kalihan Pakaryan Pangayoman Gêgana. Ukuraning guwa wau 7x6.25 m, lêbêtipun 3 m, jêrambah tuwin langitipun sami bêtonan.

Tiwas jalaran ngisèni rèk jêklekan. Tuwan Velthuyzen, controleur B.B. ingkang nuju numpak kapal Dempo, nalika lampahing kapal dumugi Sabang, tuwan wau ngêjogi bènsin wontên ing rèk jêklekan, ingriku bènsinipun wutah anjalari kêbêsmi badanipun, saha salajêngipun andadosakên tiwas. Layon lajêng dipun kubur wontên Tapanuli, dipun jênêngi ing para pangagêng, B.B., agèn Rot. Lloyd tuwin sanès-sanèsipun. Residhèn ing Tapanuli mêdhar sabda.

Parêpatan ing Hof voor Mohammedaansche Zaken. Wontên wartos, ing tanggal 7 wulan punika Hof voor Mohammedaansche Zaken ngawontênakên parêpatan ingkang kapisan, manggèn wontên ing gêdhongipun piyambak ing Cikini. Sanadyan parêpatan wau botên kangge umum, nanging ing kala punika kawontênakên atur-aturan anjênêngi.

[Iklan]

Cultuur Mij. Vorstenlanden. Miturut wartos saking Sêmarang, adêging Cultuur Mij. Vorstenlanden sampun 50 taun. Pèngêtanipun botên mawi kawontênakên paargyan punapa-punapa.

AMERIKA.

Kasangsaran motor mabur. Kawartosakên, motor mabur ingkang dipun tumpaki Lord tuwin Lady Plunket manggih kasangsaran wontên sacêlakipun San Simeon. Jalaran dhawah wau saking kandêling pêdhut, salajêngipun kêbêsmi. Ingkang nglampahakên Tj. Philips. Ingkang numpak tiwas sadaya.

Wadya lautan Amerika. Miturut katrangan saking pangagênging wadya lautan Amerika, pandamêling dêdamêl lautan kangge pajagèn lautan Atlantic kanthi waragad 3.200.000.000 dollar. Waragd samantên punika kangge yasa kapal pêrang 166 tuwin kapal pambiyantu 53. dene rampungipun sadaya badhe kêlampahan ing salêbêtipun 10 taun.

ASIA.

Nyantosani sirnanipun madat. Awit saking dhawuhipun Jendral Chiang Kai Shek, para gupêrnur ing pintên-pintên provincie, supados ngawontênakên awisan nanêm wit apyun, ing pundi ingkang rumiyin dipun tanêmi apyun supados dipun santuni tanêman sanès, supados mêwahi pamêdal têtêdhan ing Tiongkok. Tindak wau sagêda tumular dhatêng laladan Tiongkok sanès-sanèsipun, ingkang wêkasan ing Tiongkok botên wontên têtanêman apyun malih.

Bajag ing sacêlakipun Shanghai. Sampun sawatawis dintên wontên têtiyang cacah 250 layaran wontên ing susukan Soochow, ingriku dipun têmpuh ing bajag cacah 20 sami sikêp dêdamêl. Para durjana wau lajêng purun nêmpuh kapal Jerman panggèrèt baita jong, salajêngipun lajêng anjarah barang bêbêktan saha lajêng kesah numpak baitanipun piyambak.

--- 291 ---

Wêwaosan

V Lêlampahanipun Ilya Tigang Rambahan.

55

Dèwi Natasiyah enggal-enggal mêncolot saking papan patilêmanipun, lan tanpa ngangge pangangge ingkang kandêl, ujug-ujug lajêng mêdal ing jawi. Ing kala punika Dhobrinya sampun badhe bidhal, sakala punika Natasiyah enggal-enggal nyandhak sônggawêdhining kapal, dene sônggawêdhi ing sisihipun dipun cêpêngi dening ibunipun. Wanita kalih-kalihipun ing kala punika sami atawan-tawan tangis. Kalihan carocosan luhipun, Natasiyah awicantên makatên:

Dhuh, Dhobrinya pêpundhèn kula. Punapa ta panjênêngan tega têmên dhatêng kula, nêdya nilar tindak tanpa pamitan dhatêng kula. Badhe dhatêng pundi tindak panjênêngan punika, lan punapa panjênêngan lajêng kondur punapa botên badhe dangu anggèn panjênêngan nilar kula tuwin ibu ingkang samangke sampun sêpuh punika. Mugi kula aturi ngandika benjing punapa kondur panjênêngan, supados kula tuwin ibu sabên dintên sagêda mêmuji kasugêngan tuwin ngajêng-ajêng rawuh panjênêngan.

Dhobrinya amangsuli: Natasiyah, woding atiku, anggonmu turu mau lagi kêpenak aku ora têgêl anggugah, sêmono uga niyatku mau, arêp ngalang-alangi aja nganti kowe nibakake luh ana ing ngarêpanaku, awit mêsthi bakal ngabot-aboti anggonku arêp nêtêpi kuwajibanku anglakoni ayahaning nagara. Ing sarèhne saiki kowe kalakon bisa nêmoni aku, poma eling-elingên kandhaku iki, ulihku êntènana sajêrone têlung taun, yèn têlung taun iku wis kapungkur aku durung têka, êntènana têlung taun manèh. Dene yèn têlung taun manèh aku mêksa durung mulih, iku atêgês yèn Dhobrinya wis mati ana ing paprangan, lan kowe wis dadi rôndha, yèn wis têtela mêngkono, kuwi sakarêpmu, arêp lêstari dadi rôndha bae, iya kêna, kowe arêp laki manèh, iya masa bodhoa. Kowe kêna laki sasênêngmu, apa karo bangsaning pangeran, karo satriya, prajurit, sudagar sugih apa karo wong tani lumrah. Mung wêlingku aja pisan-pisan kowe nganti laki karo Alyasa, awit Alyasa iki wis dadi sadulurku sinarawèdi.

Sasampunipun cariyos makatên wau, tanpa ngêntosi wangsulanipun ingkang èstri, kapalipun ujug-ujug lajêng dipun cêmêthi, lan sakêdhap kemawon Dhobrinya sampun botên katingal malih. Lampahipun kapal ingkang dipun tumpaki dening Dhobrinya wau tanpa kèndêl, mêdal saha lumêbêt ing wana, mandhap jurang minggah ing rêdi, lan sapiturutipun, ngantos pungkasanipun lajêng dumugi ing tapêl watêsing praja. Inggih punika ing papan ingkang kakintên bilih Nyewe sawadyabalanipun sampun pacak baris nêdya numpês sintên kemawon ingkang badhe ngalang-alangi ingkang dados sêdyanipun.

Kacariyos wanita kêkalih ingkang dipun tilar wontên ing griya, inggih punika ibu punapadene semahipun Dhubrinya. Kalih-kalihipun sami lênggah tanpa ngucap, prasaksat botên purun sawang-sawangan, kajawi namung nangis kemawon.

Kanthi prihatos sangêt wanita kalih wau ngêntosi dhatêngipun Dhubrinya, nanging ingkang tigang taun sampun kapêngkêr, ingkang dipun êntosi mêksa dèrèng dhatêng. Prihatosipun wanita kêkalih saya sangêt, lan kanthi ngirangi têdha ngombe tuwin tilêm kalih-kalihipun sangêt angajêng-ajêng supados Dhubrinya sagêda wangsul ing salêbêtipun tigang taun ingkang badhe dipun lampahi punika, nanging sasampunipun ingkang tigang taun malih wau kêpêngkêr, Dhubrinya inggih dèrèng katingal wangsul, ing môngka tanpa wontên wartosipun babar pisan. Ingkang makatên punika andadosakên aliting manahipun wanita kêkalih wau, ing ngriki botên prêlu kacariyosakên.

Ing satunggiling dintên wanita kêkalih wau taksih lênggah wontên ing kamar sacêlaking jandhela kalihan taksih ningali ing jawi, dumadakan lajêng wontên tiyang thothok-thothok kori. Ibunipun Dhubrinya enggal-enggal suka parentah dhatêng rencang supados tumuntên angêngakakên kori wau. Botên watawis dangu wontên tamu lumêbêt ing kamar ngriku. Mênggah tamu ingkang dhatêng punika botên sanès kajawi pun Alyasa. Nitik polatanipun katingal cêtha, bilih dhatêngipun Alyasa ing ngriku punika, têmtu ambêkta pawartos ingkang botên sakeca. Tôndha yêktinipun, kala lumêbêtipun ing ngriku punika, sirahipun tansah tumungkul lan praupanipun katingal pêtêng kadosdene tiyang ingkang sawêg nandhang sungkawa. Sasampunipun mapan lênggah, Alyasa nalika punika lajêng wicantên makatên:

Kula punika mêntas anganglang wontên sauruting tapêl watêsipun praja Ruslan ngriki, wontên ing bêbulak ingkang têbih ngrika-ngriki, saking katêbihan kula nyumêrêpi pintên-pintên dhandhang ngrubung bangke. Kula enggal-enggal lajêng murugi bangke lan ing ngriku kula nyumêrêpi bilih ingkang gumlethak wontên ing siti wau botên sanès kajawi bangkenipun sadhèrèk kula sinarawèdi pun Dhubrinya. Sirahipun katutup ing rêrunggutan, dene badanipun gumlethak ing garumbulan. Ing bathukipun wontên tatunipun ingkang sakalangkung wiyar, lan mripatipun sampun pithong dening kacucuk ing pêksi dhangdhang.

--- 292 ---

Mirêng cariyosipun Alyasa ingkang makatên punika, sanalika ibunipun Dhubrinya lajêng anjêlih saha dhawah ing siti sarta lajêng supe ing purwa duksinanipun, dene semahipun Dhubrinya, saking kagèting manahipun, ngantos kadosdene rêca sela, tanpa ebah, kajawi luhipun ingkang lajêng tarocosan tanpa wontên kèndêlipun dhawah ing pangkon. Nyumêrêpi kawontênan ingkang makatên punika, tanpa cariyos punapa-punapa, Alyasa lajêng namung suka urmat saha lajêng mêdal ing jawi.

Pawartos ing bab pêjahipun Dhubrinya wau, sakêdhap kemawon sampun sumêbar ing kitha Kiyèph. Lan botên watawis dangu kathah para satriya mudha ingkang dhatêng ing griyanipun Dhobrinya, nêdya anglamar randhanipun, nanging sadaya wau sami katampik. Ing satunggiling dintên Prabu Wladhimir tuwin sang pramèswari rawuh ing ngriku, saha dhawuh dhatêng randhanipun Dhobrinya makatên:

Natasiyah, genea têka sira ora gêlêm omah-omah manèh. Apa sira ora ngrasakake yèn nyata ora kapenak bangêt dadi rôndha iku, kajaba kang samono sabênêre iya ora patut yèn sira arêp lêstari dadi rôndha bae, luwih-luwih rupanira iku ayu, kang anjalari gampang bisane olèh têtimbangan kang bêcik. Mungguhing pamawasan ingsun, kaya-kaya mathuk bangêt, yèn sira iku dadi têtimbangane Alyasa, awit Alyasa iki babag karo umurira, lan satriya kang prawira lan utama.

Natasiyah ngaturakên gênging panuwunipun, dene sang prabu tuwin sang pramèswari sampun karsa amanggalih dhatêng piyambakipun nanging botên sagêd anglampahi punapa ingkang dados dhawuhipun wau. Aturipun Natasiyah makatên:

Dhuh gusti pêpundhèn kawula. Dumuginipun ing dintên sapunika kawula namu[8] mituruti punapa ingkang dados pikajêngipun semah kawula, inggih punika angêntosi wangsulipun ngantos nêm taun dangunipun. Wiwit samangke kawula badhe anglampahi punapa ingkang dados prasêtya kawula piyambak, inggih punika badhe ngêntosi malih laminipun nêm taun. Dene manawi sampun nêm taun, semah kawula mêksa botên wangsul, kawula sawêg badhe manah punapa kawula punika semah malih utawi botên.

Agènipun[9] Natasiyah matur ingkang kados makatên wau, awit ing batos piyambakipun taksih gadhah pangajêng-ajêng, bilih Dhobrinya punika taksih gêsang, sanadyan Alyasa sampun cêtha cariyosipun, bilih bangke ingkang pinanggih punika botên sanès kajawi bangkenipun Dhobrinya.

Anggènipun Natasiyah angêntosi sampun langkung nêm taun alih, nanging Dhobrinya botên wangsul lan ugi botên wontên wartosipun babar pisan. Botên watawis dangu Prabu Wladhimir ugi rawuh malih saha angarih-arih Natasiyah supados puruna dados semahipun Alyasa. Ing kala punika Natasiyah lajêng angudaraos makatên:

Nêm taun anggonku ngêntèni kayadene pakone gurulakiku, lan nêm taun manèh anggonku ngêntèni miturut ing prasêtyaku dhewe, nanging salawase iku, tanpa ana wartane bojoku babar pisan, dadi sêmu-sêmune pancèn iya têmênan, yèn dhèwèke iku wis mati ana ing paprangan, lan raine wis rusak dening manuk dhangdhang.

[Iklan]

Jalaran saking punika Natasiyah lajêng andhèrèk punapa dhawuhipun sang prabu, inggih punika kaimah-imahakên kalihan pun Alyasa.

Kacariyos, pahargyan ing kadhaton sampun tigang dintên dangunipun. Sadangunipun punika para tamuning nata tanpa wontên kèndêlipun anggèning sami suka-suka, dhahar eca tuwin ngunjuk anggur maneka warni. Para tamu sadaya wau katingal sami sênêng manahipun. Langkung-langkung Prabu Wladhimir sangêt rêna panggalihipun, jalaran rumaos kalêgan punapa ingkang dados krêsanipun, inggih punika anggènipun Natasiyah lajêng purun anglampahi kadhaupakên kalihan Alyasa. Ing wêkdal punika ing greja kalampahan kangge papan ijabipun randhaning Dhobrinya lalihan[10] Alyasa wau.

Ing kala punika Wara Apimyah, inggih punika ibunipun Dhobrinya, lênggah piyambakan ing sacakêting jandhela kamaripun, kalayan tanpa kêdhèp nyawang dhatêng ing jawi, luhipun tarocosan dhawah ing pangkonipun. Dene ingkang kagagas botên sanès kajawi anakipun jalêr, ingkang pêjah wontên ing madyaning paprangan sarta dados mangsanipun sato galak tuwin pêksi dhangdhang lan sasaminipun. Saya anggrantês raosing manahipun Wara Apimyah manawi ngraosakên, dene randhanipun têka lajêng tega nilar semah kalihan tiyang sanès.

Ing kala punika wontên tiyang mônca numpak kapal têtêgaran nuju dhatêng Kiyèph. Sakêdhap-sakêdhap kapalipun wau dipun gitik supados lampahipun rikat. Sadumuginipun ing Kiyèph, tiyang mônca wau anjujug ing griyanipun rôndha sêpuh kasêbut ing nginggil. Tanpa thothok-thothok ing gapura pakawisan, tiyang mônca kapalipun ujug-ujug lajêng lumêbêt kemawon. Sarêng sampun wontên ing salêbêting pakawisan, piyambakipun ujug-ujug mandhap saking kapalipun, saha lajêng enggal-enggal lumêbêt ing griya tanpa amrêduli dhatêng para rencang ingkang sami nêdya ngalang-alangi. Badhe kasambêtan.

--- 37 ---

No. 10, 5 Maart 1938, Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG.

Sri Palupi, Mangkubumèn Wetan, Surakarta. Rêrêpènmu wis daktampa kanthi panarima. Kapan manèh kowe ngirimi layang Bu Mar lan ngirimi karangan kang apik-apik.

R.W. Sumoprojo, Kalicacing, Salatiga. Sêrat saha gambar-gambar 5 iji sampun kula tampi, botên sanès kula ngaturakên gênging panuwun tuwin ngaturi sugêng pambagya, mugi-mugi "Pakêmpalan Bêksa Anak-anak" sagêda widada salajêngipun.

Plat Goordoon, Paree. Aku wis nampa pitêpunganmu, bangêt panarimaku. Sukur dene kowe arêp milu ngisèni T.B., besuk apa kowe ngirimi layang manèh nyang ibumu.

Blacksweet, Madiun. Aku maca layangmu, nyaritakake kaanan ing station, kok kudu ngguyu. Ya, kuwi ta, wong yèn ora ngêrti sok gampang kliru tampane. Wong dihurmati jare, diarani disêmbranani, dadi mêsakake karo-karone, ya. Priyayine sêpuh mêsakake, dene nganti kêsikut pilingane, wlandane sing nyikut ora kanthi dijarag, wis njaluk ngapura, jêbul malah digrêndhêngi pisan.

Ibumu tansah ngarêp-arêp gambaranmu manèh sing apik sarta lucu-lucu.

Murjana lan Subandi, Ngayogya. Bangêt panrimaku kowe padha mêrlokake anêpungake karo Bu Mar uga arêp milu lêlumban ing Taman Bocah.

Edie Wahyumiyadie, Blitar. Ing ngisor wangsulane pitakonmu bab pamulangan "Middelbare Vakschool". Tumrape bocah no. 1 kang wong tuwane blanjane kurang saka f 150.-, pambayare f 72.- ing dalêm sêtaun (10 sasi).

Anak no. 2 kudu mbayar sêkolah f 30.- ing dalêm sataun.

Anak no. 3 kudu mbayar sêkolah f 24.- ing dalêm sataun.

Anak no. 4 kudu mbayar sêkolah f 15.- ing dalêm sataun.

Yèn wong tuwane blanjane luwih saka f 150,- nanging kurang saka f 250,

Anak no. 1 kudu mbayar sêkolah f 90.- ing dalêm sataun.

Anak no. 2 kudu mbayar sêkolah f 33.- ing dalêm sataun.

Anak no. 3 kudu mbayar sêkolah f 24.- ing dalêm sataun.

Anak no. 4 kudu mbayar sêkolah f 15.- ing dalêm sataun.

Yèn wong tuwane blanjane luwih saka f 250,- sapêndhuwur nganti têkan f 400,

Anak no. 1 kudu mbayar sêkolah f 108.- ing dalêm sataun.

Anak no. 2 kudu mbayar sêkolah f 42.- ing dalêm sataun.

Anak no. 3 kudu mbayar sêkolah f 33.- ing dalêm sataun.

Anak no. 4 kudu mbayar sêkolah f 24.- ing dalêm sataun.

Pambayare piranti sêkolahan f 6.- ing dalêm sataun. Sing kêna nglêboni pamulangan iku kudu wêton Mulo utawa H.B.S., sarta bijine rata-rata (gemiddeld) kudu 7.

Dukarsi, Rêmbang. Briefkaart-briefkaart isi karangan wis daktampa urut nganti dina iki wis tampa pitu iji, bangêt panarimaku.

Uncle Sum, Singapur. Andadèkake bangêt panarima lan bungahku kokirimi album kanggo pangeling-eling. Album mau speciaal kanggo wadhah potrète sêdulur-sêdulurmu kabèh, sing wis dikirimake nyang Bu Mar. Layangmu candhake karangan uga wis daktampa kanthi bungah.

Waijah, Magêlang. Aja pisan dadi atimu ya, karanganmu ora bisa kapacak, jalaran kurang prayoga. Coba ngirimana manèh sing luwih apik, mbokmanawa bisa kapacak.

Hadipurnomo, L.L.H.I.S., Pacitan. Aku wis tampa karanganmu lêlucon, nanging aja gêla ya, lêluconmu ora bisa kapacak.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

LÊLUCON.

Lha wong bocah...!

Bocah cilik mbagèkake: dhayoh mbêngok: "Bu ibu, ana dhayoh lanang... rupane kaya oom, irêng... nganggo brêngos... rupane irêng..., jarike abang,... nganggo dhasi barang, iki lo bu wonge... kok ngingêtake aku bae... lo bu... iiii... buu... wonge ndadak mênthêlêngi... mripate ambane ora jamak... bu... gage ta êndang tindaka rene...

Dhayoh : "Matêng awakku, mungsuh bocah kaya ngono... ngisin-isinake uwong...

Blacksweet.

--- 38 ---

DONGÈNG KÊTHÈK KANG CUBLUK.

Ana kêthèk loro manggon ing alas kang cêdhak desa, nuju sawijining dina kêthèk mau padha rêrêmbugan arêp ngundhuh tawon madu duwèke wong desa. Rekane ngundhuh mangkene: kêthèk sing siji nyêdhak panggonane tawon madu, supaya njupuki talane, ananging mripate mêrêm, cikbèn ora diêntup, dene kêthèk sijine kang nampani samangsa kêthèk kang mêrêm mau mènèhake talane. Ananging luput ing tangguh, jalaran wong desa kang duwe tawon marani alon-alon, supaya aja nganti kawruhan dening kêthèk-kêthèk mau. Kêthèk sing mêlèk sumurup dirundhuk manungsa, banjur enggal nrancag mènèk mlembang mênyang wit siji nggêblas ora kawruhan parane. Ananing kêthèk sing mêrêm ora sumurup, mulane enak-enak njupuki tala sarta diwènèhake rewange, kang satêmêne sing nampani iku wong desa kang duwe tawon mau. Barêng êntèk kêthèk mêlèk, sapira kagèting atine barêng wêruh kang nampani iku dudu rewange dhewe. Rèhne kêsompok bangêt wis ora niyat ngoncati, ciptane ora wurung mêsthi mati, saking mirise kêthèk nglumpruk tanpa daya, nggêdêkês angasih-asih njaluk pangapura marang kaluputane ênggone tumindak culika mau. Wong esa kang pintêr mau nuli calathu, têmbunge: Bangêt panarimaku dene kowe wis têtulung marang aku ngundhuhake tawon ingonku kêlawan ichlasing atimu kang mêsthine tanpa ngarah opah, tindakmu mangkono iku dadia piwulang tumrap marang kowe, iya iku gêgambarane wong bodho, anane mung sarwa kapitunan, jalaran sakabèhing kangelane mung prêsasat dadi milike si pintêr; mula wêkasku marang kowe anak-anakmu padha wêlêgên ing kawruh supaya dadi kêthèk pintêr, amurih ora mung dadi ganyanganing liyan. Wis saiki enggal lungaa amor bangsamu mênyang alas, aja ngêntèni tumibaning pênthungku iki ing êndhasmu, munyuk!

Suhèstri, Sumpiuh.

PAKUMPULAN PAGUYUBAN BÊKSA ANAK-ANAK (P.B.A.)

[Grafik]

Nalika Sri Paduka Prinses Juliana ambabar, para putra-putraning priyayi ing Salatiga ing Pakumpulan Paguyuban Bêksa Anak-anak mêntas mitongtonake jogèd golèk lan dolanan bocah warna-warna. Ing gambar dhuwur iki dêlêngên ta cah, dolanan bocah-bocah sarta lêlucon kanthi miturut iramaning gamêlan. Sing têngah: Ciep Hien Tan Giok umur 4 taun. Wah wis ta, yèn ngegolake bokonge miturut iramaning kêndhang sarta gamêlan, prigêl sarta lucune ora jamak, nganti gawe kakuning padharane kang padha mirsani.

Cakêt jèjèr Tan Ciep Hien: nonah Ciep Soan Nio umur 2 1/2 taun adhine Ciep Hien. Dadi ora mung bocah Jawa bae sing nyinau bab kagunan Jawa, sanadyan bangsa Tiong Hwa uga milu nggatèkake.

--- 39 ---

BABADE BANYUWANGI.

Dhèk jaman biyèn ing pasisir tanah Jawa ana sawijining ratu kang ambêk adil, sarta asih marang kawulane kabèh. Mêngkono uga kyai patih ora beda karo sang prabu panggalihe, kuciwane rada brangasan sêthithik. Sang prabu durung krama, dene kyai patih wis krama entuk wanita kang endah ing rupa, dudu putri darah luhur, mulane kang ibu rada gêla, dene kagungan mantu bocah desa, karsare sang putri (kang ibu kyai patih) garwane putrane arêp disedani, mangka nalika iku lagi nggarbini sêpuh.

Ing sawijining dina sang putri sowan mênyang kêdhaton, marak ing ngarsane sang prabu, supaya putrane diutus mênyang sêgara kidul, mêthik kêmbang Wiyajakusuma kanggo tumbal kêdhaton. Ature ngasih-asih, nganti sang prabu ndhahar ature. Kyai patih nuli ditimbali didhawuhi enggal mangkat golèk kêmbang Wijayakusuma sing nganti olèh, aja nganti bali ndalan, sarta ora kêlilan mampir mênyang kêpatihan dhisik. Kyai patih uga ngèstokake dhawuhing gustine.

Kacarita sawusene kyai patih tindak, nuju sawijining dina garwane kraos arêp mbabar, awit pancèn wis wayahe. Kêng ibu marasêpuh nuli tata-tata kanggo maeka putrane mantu, samangsa wis mbabar. Dina iku uga garwane kyai patih mbabar, miyos kakung, bagus bangêt, ananging kang ibu durung nganti priksa kasêlak bayi mau digawa saka kamar, dicêgurake ing kali kang mili ing sacêdhake kono, nuli diijoli anake abdi kang ing dina iku mati. Ora antara suwe kang ibu marasêpuh rawuh, sarta reka-reka duka, amarga wayahe disedani ibune. Dilalah karsaning G. Allah kyai patih rawuh karo nggawa kêmbang Wijayakusuma. Sawise sowan ing kêdhaton nuli enggal kondur, marga sêlak kêpengin priksa kaanane ing dalêm. Lagi têkan ing lawang, dipapagake karo ibu karo tawan-tawan tangis, sarta dhawuh yèn garwane ki patih wis mbabar nanging putrane disedani. Ki patih bangêt ing dukane enggal-enggal mlêbêt ing kamare garwane karo ngliga kêris, asêrêng pangandikane: "He wong wadon nistha, têgêl têmên matèni anak, rasakna ukumanmu."

Garwane munjuk klawan tatag: "Dhuh gusti, sampun kasêsa paring ukuman sadèrèngipun priksa kanthi cêtha dhatêng kalêpatan kula. Mugi wontêna kêrsa nuntun kawula dhatêng pinggir lèpèn. Mangke panjênêngan badhe ngawuningani sayêktosipun.

Tujune kyai patih lilih dukane, garwane nuli kapondhong mênyang pinggir kali, kaèrèkake[11] para abdi, kang ibu uga tindak. Satêkane ana pinggir kali, garwane ki patih enggal nyêmplung ing kali, amblês ora mumbul-mumbul manèh. Ora antara suwe ana kêmbang-kêmbang mêncungul saka ing banyu arum gandane. Kang siji gêdhe, mêntêlung mênyang sing cilik sajak ngêlus-êlus, sing cilik nuli nywara: "Dhuh, Kangjêng rama, sajatosipun ibu botên dosa botên punapa, nyatanipun eyang ingkang nyêmplungakên kula ing lèpèn punika."

Sawise iku kêmbang-kêmbang mau ilang, nanging ganda kang arum isih ngêbaki panggonan kono. Ki patih bangêt ing dukane, kang ibu nuli kapatrapan ukum kisas. Para abdi kang ndhèrèkake padha raup ing kali mau, banyune angganda wangi. Wiwit iku panggonan mau dijênêngake Banyuwangi. Nanging saiki banyune wis ora wangi, wong iku mung dongèng, dadi durung mêsthi yèn bênêr, apamanèh sêdulur kang ana Banyuwangi mêsthine luwih cêtha bab iki. Elingku salore Banyuwangi ana panggonan cêdhak sêgara kang ana watune gêdhe bangêt, growong, sok dicêmplungi dhuwit ing wong-wong sing padha nyadran. Sêdulur, ing kene muga anaa kang gêlêm urun dongèng bab iki.

Mience, Blitar.

KUTHA SINGAPUR.

(Candhake).

Apike wong Singgapur ki anggone ulahraga ora mung kanggo pameran, kanggo adol bagus lan mung kanggo apa manèh, nyatane jalaran saka ngêrti yèn ulahraga pancèn pêrlu, athik bangêt kae, apamanèh kanggo wong sing nyambutgawene ana ing kantor, mangka kantor-kantor ing Singapura ki prasasat guwa, awan bêngi kudu nganggo diyan lestrik, sabab soroting srêngenge ora bisa mlêbu, marakake sêdhih ing ati. Dadi anggone badminton utawa apa bae ya ora ungsum-ungsuman kaya ana ing T. Jawa. Wah yèn wis nuju kêsêngsêm, lali wayah, awan, esuk, sore malah bêngi barang têrus main, gêdhe cilik, lanang wadon, nom tuwa ora gêlêm kèri. Nèk isih anyar-anyaran sing akèh anggone main nganti kladuk, pakolèhe dudu kêwarasan, malah padha dadi lêbone rumah sakit, utawa "rêjêkine kyai dhukun..." pijêt.

Nanging kocapa, yèn wis bosên, têrus bubar, panggonane main padha kêthukulan sukêt, pakumpulane badminton palastra tanpa njaluk banyu manèh. Wah aku yèn wêruh kaanan mangkene ki têrus... mêgatruh.

Pakumpulan-pakumpulan ulahraga ing Singapura akèh bangêt lan warna-warna. Sing gêdhe-dhewe jênênge Y.M.C.A., cêkakane "Young Men Christian Association" kanggo golongan priya lan Y.W.C.A. utawa "Young Women Christian Association" kanggo golongan putri. Urunane contributie diperang dadi loro, kanggo bocah sêkolah, Junior, lan kanggo wong sing wis cêkêl gawe, Sênior, luwih larang tinimbang kanggo Yunior. Pakumpulan loro iki mêpêki sawarnaning sport nganti bilyart barang iya ana. Ana Candhake.

--- 40 ---

TUKANG KUWIH ING DAMASKUS.

(Candhake).

Agib gumun bangêt kringu têmbunge Malik, banjur mangsuli: "Yèn kowe gêlêm janji, ora manèh-manèh ngêtutake lakuku, aku gêlêm têka ing panggonanmu lan mangan kuwihmu. Sesuk, yèn kyai patih, êmbahku lagi mundhuti barang-barang kang bakal dicaosake sang ratu, aku bakal têka mrene manèh."

Wangsulane Malik: "O, bocah bagus, kabèh pakonmu bakal daklakoni. Sawise Malik janji, Agib lan bature padha mlêbu ing omahe. Malik, yaiku kang satêmêne aran Barudin, nuli ngladèkake rumtar, kang padha enake karo sing dhisik.

Sawise Agib ngadhêpi rumtar gaweyane Barudin, nuli calathu mangkene marang Barudin: "Ambokiya lungguha kene sandhingku lan mangan barêng karo aku!"

Barudin nuli lungguh jèjère Agib lan banjur arêp ngrangkul, nanging dipênggak dening Agib: "E aja mêngkono, ora kêna kowe ngrangkul aku. Mêmitran ya mêmitran, nanging aja ngrangkul. Nrimaa nyawang bae lan omong-omongan karo aku."

Barudin nurut lan banjur nêmbang agawe sênênging atine Agib. Dhèwèke ora mangan apa-apa mung ngladèni dhayohe bae.

Barêng Agib lan bature wis rampung anggone mangan, Barudin nuli anjupukake banyu kanggo wisuh tangan lan sêrbèt. Sawise nuli njupuk gêlas loro diisèni sêtrup, sing siji diulungake marang Agib, kandhane: "Gilo iki sêtrup mawar, enak bangêt, ing kutha Damaskus kene ora ana sêtrup kang enake kaya sêtrupku iki. Kowe mêsthine durung tau ngombe kaya ngene iki, ya? Agib nuli ngombe sajak enak bangêt, sawise, Barudin nuli ngulungake gêlas sijine marang bature irêng, kang banjur ngombe sêtrup nganti êntèk.

Barêng Agib lan bature wis padha warêg anggone mangan lan ngombe, banjur pamitan mulih, lan awèh panarima, dene tukang kuwih nganti samono ênggone ngormati.

Wong loro padha rêrikatan anggone lumaku. Satêkane ing panggonane, anjujug mênyang layar panggonane ibune lan eyange putri.

Êmbahne putri bungah bangêt, barêng Agib têka, lan sarèhne tansah ngeling-eling anake lanang bae, nganto cocosan lan ngrangkul Si Agib. Calathunr: "O, putuku nggèr, ndah kaya apa ta bêgja lan sênêngku, upama aku bisa ngrangkul bapakmu kaya yèn aku ngrangkul kowe."

Agib nuli dikon lungguh ing sandhinge lan dikon nyaritakake apa kang êntas diwêruhi. Pangirane eyange putri, Agib wis krasa luwe bangêt mula enggal diwènèhi rumtar gaweane dhewe. Baturi[12] irêng uga diwènèhi. Ananging wong loro mau wis mangan akèh bangêt ana ing omahe Malik, mula saiki ora kuwat mangan manèh. Agib mung ngicipi sathithik, sajak ora krasa enak, banjur diênêngake bae, ora dipangan. Saban, bature, mêngkono uga.

Ibune Barudin nyawang kanthi sêdhih dene putune nyêpèlèkake bangêt marang kuwihe êmbahne, banjur ngandika: "Agib, kapriye, apa kowe ora sudi mangan olah-olahanku. Wêruha, Agib sajagad ora ana sing bisa gawe roomtar kaya iki, mung bapakmu, Barudin, kang wis dakwulang."

Wangsulane Agib: "Ah, êmbah aja dadi panggalihmu, takaturi priksa, tukang kuwih ing kutha Damaskus ngluwihi kapintêrane. Aku lan Saban padha mêntas mangan roomtar kang luwih enak tinimbang iki."

Krungu têmbung mangkono ibune Barudin banjur nglirik Si Saban lan pitakon kanthi nêpsu: "He Saban, kowe rak dipitaya anjaga Agib, genea kok ajak mangan ana ing omahing tukang kuwih, cara kere, kowe kok entuk bae?"

Wangsulane Saban: "O, ndara, wayah panjênêngan punapadene kula namung omong-omongan kalihan tukang kuwih, ananging botên nêdha ing griyanipun."

Agib nyêlani: "He Saban, aja goroh kowe. Wong nyatane mêntas mangan roomtar ana ing omahe Malik, tukang kuwih, kok mungkir."

Ibune Barudin saya mangkêl, mênyat saka palungguhane, banjur marani kyai patih lan madulake kanisthane Si Saban.

Kyai patih barêng krungu wêwadule ingkang ipe, nêpsu bangêt, enggal-enggal marani mênyang pamondhokane ibune Barudin. Ing kono calathu marang Saban: "He, Saban, kêbangêtên têmên kowe iki, wong dipitaya jare nganggo sakarêp-karêp mêngkono." Sanajan Agib wis walèh apa anane, nanging kowe mêksa isih mungkir bae.

Calathune Agib: "Êmbah, aku lan Saban têmênan êntas mangan ana ing omahe tukang kuwih, akèh bangêt, nganti warêg bangêt lan manèh tukang kuwih uga mènèhi sêtrup mawar."

Kyai patih calathu marang Saban: "He batur kang kurang tata, kowe isih durung gêlêm walèh?"

Saban supata manawa ora nyata, nanging kyai patih calathu manèh: "Kowe pancèn goroh, aku nggugu kandhane Agib tinimbang kandhamu. Dene yèn kowe bisa ngêntèkake rumtar iki, aku lagi pitaya, marang kandhamu."

Sanajan Saban wis krasa warêg bangêt, mêksa nurut dhawuhe bêndarane, anjupuk roomtar, ananging sanajan dipêksa kaya apa, mêksa ora êntèk saprawolan. Dhèwèke mêksa isih mungkir lan matur, manawa dhèk bêngine anggone mangan wis kakehan, mula saiki ora doyan mangan. Ana candhake.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. prasasat. (kembali)
2. nginggil. (kembali)
3. abdi. (kembali)
4. Kêtêranganamu. (kembali)
5. tuwin. (kembali)
6. Bêlitung. (kembali)
7. arta. (kembali)
8. namung. (kembali)
9. Anggènipun. (kembali)
10. kalihan. (kembali)
11. kadhèrèkake. (kembali)
12. Bature. (kembali)