Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 25, Stu Kli, 24 Sura, Jimawal 1869, 26 Marêt 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt -Têdhak Dalêm Ingkang Wicaksana wontên ing Palembang - Gapura Wêtuning Êluh - Kawontênan ing Tiongkok - Têntrêm Salêbêting Griya - Pajagèn Bêbaya ing Gagana - Praja Pakualaman 125 Taun - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Kajênging jaman edan sapanunggilanipun (Kalatidha)

Ucap-ucapan jaman edan punika sampun limrah sangêt, Dene ungêl-ungêlan jaman edan wau tumrapipun bôngsa Jawi, asli pêndhêtan saking Sêrat Kalatidha, anggitanipun suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, pujôngga ing Surakarta. Wêtahing ungêl-ungêlan makatên:

Amênangi jaman edan / ewuh-aya ing pambudi / milu edan nora tahan / yèn tan milu anglakoni / yêkti tan antuk melik / kalirên wêkasanipun / dilalah karsa Allah / bêgja-bêgjane kang lali / luwih bêgja kang eling lawan waspada //

Kados-kados suraos ing nginggil punika sampun cêtha, namung panyuraos wau beda-beda ingkang dipun pêlêngakên kajêngipun, sawênèh wontên ingkang ngugêmi makatên: layang Kalatidha wis mratelakake, ing saiki: iki, jaman edan, dadi kang ora milu edan bakal cilaka, bakal kalirên. Dene ingkang kangge gambaran, mêndhêt satunggal kemawon, saupami wontên tiyang nyambutdamêl gadhah tindak salingkuh, punika dipun anggêp ngambah jaman edan, pinanggihipun malah bêgja, sagêd kêcêkapan ing gêsangipun. Ing ngriku tumrap tiyang sanèsipun ingkang tunggil padamêlan, badhe tumut botên tahan, manawi botên tumut badhe kojur. Wusana lajêng nuwuhakên pêpunton, aluwung milu edan bae pisan, wong pancèn jamane.

Manawi ngèngêti kajênging jaman ing ngriku wau, tumrap ingkang nglampahi tamtu mantêp sangêt, ngrumaosi sampun anglênggahi jamanipun. Nanging manawi dipun manah yêktos, kados-kados mênggahing jaman, inggih kala jaman punapa kemawon, edanipun tamtu wontên, dados botên nganyar-anyari, tuwin edaning jaman punika botên wontên ing tindak salingkuh kemawon.

Ing sapunika prayogi ngèngêti sêsambêtaning ungêl-ungêlan: bêgja-bêgjane kang lali, luwih bêgja kang eling lawan waspada. Punika mênggah cêthaning ukara bokmanawi: bêgja-bêgjane (wong) kang lali (iku), (isih) luwih bêgja (wong) kang eling lawan waspada. Ingkang dipun kurung punika wêwahanipun.

Kados ing sapunika sampun cêtha, bilih ngambah jaman edan wau botên lêrês, dene sumêrêpipun nyata makatên, prayogi nyinau eling tuwin waspada rumiyin.

Cêkruktruna.

--- [374] ---

[Grafik]

Ing ngriki ngêwrat gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nuju têdhak dhatêng pakaryan lisah pèt B.P.M. ing Plaju punapadene pakaryan lisah pèt N.K.P.M. ing Sungèi Gêrong. Têdhak dalêm ing kalih panggenan wau mawi kawontênakên pahargyan warni-warni.

Ing nginggil punika gambar-gambar sêsawangan dununging pakaryan lisah pèt kêkalih kasêbut nginggil, dipun sawang saking lèpèn Musi. Sisih têngên: Gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kalihan Tuwan Elliot jumênêng wontên salah satunggiling manara pangêburan lisah pèt ing Sungèi Gêrong. Gambar ngandhap: pipa ingkang gathuk kalihan tuking lisah, wusana lisah wau nyêmprot santêr. Gambar sisih têngênipun panggenan awisaning bêbaya lisah.

--- 375 ---

Gapura Wêtuning Êluh

[Pangkur]

Panambak brangtaning driya / wit karoban sambat sêbuting rabi / ribêng rinubung ing butuh / ribêt rasèng wardaya / paranbaya babo ubayaning kalbu / ewuh-aya marganira / pambirat urubing sêdhih //

brêbêl kumêmbêng kang waspa / kang sinêbut mung sabara kang ati / bawaning wus sarwa bingung / rinubung ing kaloban / yèn tinimbang bot sih samubarang laku / kèrêm korub kang gumêbyar / kasêmpyok ombaking urip //

jèjèri ajuning jaman / kajantaka kêcêmplung jroning jaring / kêcêgur jro jurang sirung / kadayan kamajuan / jiwa raga lir rinujit ajur-mumur / tuju tancêping panjôngka / gojag-gajêg balenjani //

sanglir trajuning panjangkah / kanggêg mangu jomplang janjining urip / ruji rajêging tumuwuh / gingsir gonjing katunjang / dening jaman ngajak urip mubra-mubru / butuh tambah sabên dina / kapraban obahing wanci //

bêgja êmbah buyut sira / kang wus bali dadi lêbuning bumi / tan blêrêng gêbyaring wujud / kang biyèn mung ginambar / jroning nendra ngimpi wruh kang adiluhung / kang ing mangkya wus binabar / sumêbar têbaning bumi //

êmbah buyut wêlingira / kang ing biyèn lir tumbal tambak brangti / jêbul wus mlêbu museum / tan bangkit malbèng jaman / amung kêna kanggo nimba banyu sumur / kang bêning mênêb sumilak / ing jaman kang wus kawuri //

yèn ta layar nunggang palwa / nèng rêrawan raras atirta wêning / satang wêlah trima lowung / tan gawe marasing tyas / wit kagawa suwung rubedaning laku / gampang ewuh mung linawan / pawitan narimèng pasthi //

beda mangkya nèng samodra / tanpa timbang têba lubèring warih / warata wiyar ngalangut / lumembak kang udaya / yayah ngayuh ing awiyat kanang alun / gumulung gung mawalikan / lir kinêbur jalanidhi //

[Iklan]

sèwu ewuh nora kaya / yèn rinasa pancèn angèl wong urip / kang kèlu mring jaman maju / wit kudu sarwa rowa / toging prana mung rêkasa rasèng kalbu / tansah sambat kêkurangan / jinèrèng-jèrèng tan dadi //

pituwase sêsrawungan / wuwuh kawruh wêwênganing pambudi / adêging jiwangga bakuh / mung bae katiwasan / adhakane katuwan tangguh atuwuh / uripira dipun laras / lan piwulang kang dèn tampi //

kaduk kumandêl ing driya / kumudyarsa niru kang guru jati / nadyan jatining pamêtu / tinimbang prajanira / tansah bot sih jêr ukuraning pamêtu / pancèn mung urip prasaja / yèku urip cara Jawi //

marma adêging

--- 376 ---

jiwangga / kudu jêjêg tan gonjing wruh ing warni / rêrêngganing rat linarut / ing cipta dèn sarônta / aywa gêtêr gita tumonton ing wujud / kabèh iku mung pangrasa / owah gingsir tan lêstari //

lamis pêpulasing gêlar / kang rinuruh mrih laras lawan wanci / kalingane lir lêlumut / lamun sêpi ing tirta / tanpa daya mung sajake sri kadulu / nyatane garing angarang / rêkasa rasaning ati //1

nora beda blônja Jawa / kang jinèrèng kanggo urisurip. Walandi / tan maido sajakipun / kaya iya-iyaa / amung bae kawruhana batinipun / sambate sundhul ngakasa / tansah kurang sabên ari //

marma kang nora sêmbada / dèn sarônta ywa kaduk rasèng ati / mèri marang caking pandum / rêngên ta kawruhana / kang nèng wisma loji radhione ngungkung / motor sedhan modhèl enggal / linadenan para abdi //

durung pasthi batinira / sapa ngreti iku marganing sêdhih / gapura wêtuning êluh / sabên patining tanggal / kadya nguwot ogal-agil rasèng kalbu / dene akèh wragadira / wong garang gagah ing urip //

mèsêma dhuh mirah ingwang / nyawang jaba galo dulunên yayi / lah dalah blêduge mabul / tobat-tobat wong mlampah / sambatira iki wong kang tan wêruh dur / sajak motor uwis poldhan / gene nunggak têlung sasi //

radhione ura-ura / ngura gita rêrêpèn tambak brangti / dhuh lae dhuh caping gunung / yèn peyok lo bêndara / ngingu kula botên beda kalih wayuh / wêdhak pupur bisanira / tan gêlêm anambutkardi //

[Iklan]

Teja Susastra

--- 377 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Pinanggihipun ing paprangan ing wêkdal punika, Jêpan tansah kêsêsêr, kathah panggenan ingkang sampun dhawah ing Jêpan sagêd kêrêbat dening Tiongkok malih. Miturut wartos, wontên wadya Jêpan cacah 10.000 ing Lunsih dipun kêpung ing wadya Tiongkok, saha lajêng dipun têmpuh sesarêngan dening wadya Tiongkok wau, wadya Jêpan ingkang tiwas tuwin kêtaton ngantos ewon, malah golonganing wadya Jêpan wau sami kecalan têtindhih, wusana kêpêksa sami angunduri dhatêng Suhsin, wadya Tiongkok têrus ngêlut lampahing mêngsah.

Ungguling wadya Tiongkok, kajawi sagêd ngèngsêrakên mêngsah, ugi angsal jarahan dêdamêl kathah sangêt, ing ngriku wadya Tiongkok saya mapan gêlaripun pêrang. Kajawi wadya dharatan, ugi wontên golongan wadya gagana nêmpuh margi sepur Tinsin dhatêng Puko, kathah oto dêdamêl mriyêm Jêpan tuwin oto lapis waja sami rêmuk, têtiyangipun mawut pating salêbar. Ing ngriku wontên motor mabur Jêpan kêkalih nalabung, lajêng campuh kalihan motor mabur Tiongkok, kawêkasanipun motor mabur Jêpan kumaleyang dhawah ing siti.

Jêpan tansah ngrekadaya sagêdipun malês mêngsah, lajêng nêmpuh ngêbomi Tungkwan (Sansi sisih kilèn), nanging pikantukipun botên sapintêna, amargi ing margi-margi sêpur antawising Tungkwan tuwin Senko tansah dipun barisi sakalangkung santosa. Salajêngipun wadya Tiongkok sagêd ngangsêg saha mapan wontên gapuraning kitha ingkang sampun karêgêm ing Jêpan. Jalaran saking gêlaripun Tiongkok ing sapunika, kathah panggenan ingkang kenging dipun rêbat malih.

Tindakipun Tiongkok ingkang kados makatên wau lajêng saya nuwuhakên kanêpsonipun Jêpan, lajêng ngawontênakên campuhan sakalangkung rame ing Tèngsin, kitha wau tansah dados rêrêbatan gêntos ingkang nguwaosi. Sarêng têtela kêncêng dhawah panguwaos Tiongkok, Jêpan ngêtog karosan ngambali ngrêbat malih, nanging sarèhning barisanipun wadya Tiongkok langkung santosa, wadya Jêpan kêpêksa mundur.

Salajêngipun Jêpan angsal bêbantu wadya kathah sangêt, karosanipun pulih, mila campuhipun lajêng langkung rame. Pêpêjah tumrap golongan Tiongkok kathah, nanging wadya Tiongkok kêncêng, sanadyan ngantosa lêbur pisan, botên badhe ngêculakên kitha Tèngsin.

Gêlaring paprangan ingkang dipun tindakakên dening Jêpan ingkang kados makatên wau, ugi lajêng ngewahi gêlaripun Tiongkok, ngangkah sagêda nalabung saking sanès panggenan. Salajêngipun tansah gêntos nyantuni gêlar, mila pinanggih sakalangkung rame.

Mirid sampun danguning paprangan, pinanggih saya sudaning wadya ingkang sami paprangan, nanging nyatanipun botên makatên, tumrap Jêpan inggih tansah angsal bêbantu, [bê...]

--- 378 ---

[...bantu,] ingkang dhatêngipun anggili tanpa kêndhat. Dene tumrap Tiongkok, sarêng paprangan saya dangu, pangudi ajênging wadya pêndhêtan saking têtiyang tani tuwin sanès-sanèsipun saya majêng. Ingkang dados pangajênging wadya golongan punika Kolonèl Siyangyuwan, pangirupipun dhatêng golongan tani saya agêng, mila kawontêningkawontênaning. wadya Tiongkok pinanggih tansah mindhak-mindhak. Kajawi punika wontên golonganing wanita pangajaran ingkang sêtya praja sami malêbêt dados saradhadhu, malêbêtipun wau sarana pilihan, mila sanadyan wanita tandangipun botên beda kalihan para jalêr.

[Grafik]

Wêwakil Tiongkok tuwin nagari ngamônca, nalika pêpanggihan wontên nagari Walandi.

Tandanging wadya Tiongkok ing sapunika pinanggih beda sangêt kalihan ing sadèrèngipun wontên paprangan Tiongkok kalihan Jêpan. Manawi kala rumiyin, caraning panêmpuhipun wadya Tiongkok punika asring pinanggih slura-sluru. Nanging ing sapunika sarêng campuh kalihan Jêpan punika, gêlaring paprangan saya majêng, saya ingkang pinanggih ing wêkdal punika, gêlaripun Tiongkok tansah mikantuki.

Saya sarêng tuwuh paprangan ing Sansi punika, ing ngriku katingal bilih tandangipun wadya Tiongkok botên kenging dipun gêgampil. Mirid tumindaking gêlar ingkang dipun tindakakên dening Marsêkalêk Syangkaisèk, tumrap paprangan ing Sansi wau lajêng ngawontênakên lampah kawan bragada, prêlu kangge nyêgah supados Jêpan sampun ngantos anglangkungi lèpèn Howangho, tuwin sagêda mêdhotakên margi sêpur Lunghai. Tumrap wadya Sansi supados ngangsêg ajênging wadya Jêpan, kadamêl tigang golongan. Wadya ing sisih wetan dipun tindhihi dening Jendral Cutèh tuwin Jendral Pèngtèhui, kêdah ngangsêg saking kidul wetaning Sansi ngênêr mangalèr dhatêng Siciwang. Wadya pusêr dipun tindhihi dening Jendral Weilihuwan, kêdah ngangsêg mangalèr, urut margi sêpur saking Tatung dhatêng Puko, prêlu nêmpuh dhatêng Taiyuwan, wadya ingkang saking sisih kilèn dipun pangagêngi dening Jendral Pucoyi tuwin Holung, kêdah ngangsêg mangetan, prêlu nêmpuh Sinsin, tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih.

Tindakipun Tiongkok ingkang kados makatên wau adamêl bingungipun Jêpan, rumaos kêdhêsêk saking pundi-pundi. Inggih jalaran saking wontêning tangkêp gêlar ingkang kados makatên wau ingkang sagêd ngawontênakên ewahing paprangan.

--- 379 ---

Kawruh Sawatawis

Têntrêm salêbêting griya.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 22

Saking sangêtipun kasêngsêm ing kabingahan, ewa dhatêng sêpining griyanipun, andadosakên genjahipun, genjahipun punika nuntun dhatêng pangêbrèh, ingkang nyuda dhatêng kawilujênganipun, wasana andadosakên kaduwungipun.

[Iklan]

Wontên malih wêwinih sirnaning kasênêngan salêbêting griya, langkung saking ingkang kasêbut wau, inggih punika ewa dhatêng agami. Manusa salaminipun manahipun taksih kadunungan kèngêtan dhatêng agami, botên sagêd dhumawah ing karisakan. Yêktosipun wontên, tiyang salêbêting griya yèn kirang têntrêmipun, amasthi kirang agaminipun, dados saraking agami kêndhih dening pratingkah nistha, wajibipun dhatêng sasamining tumitah kêndhih dening pangôngsa-ôngsa mikolèhakên badanipun piyambak, yèn nandhang papa, pitadosipun dhatêng Gusti Allah kêndhih dhatêng prihatosipun, sihipun dhatêng Gusti Allah kêndhih dening kasêngsêmipun dhatêng kamuktèn, lan dhumatêng kumalungkungipun, tuwin dhatêng rêmên nyênyampahi. Yèn nêdya nglêstantunakên têntrêm utawi mêmulih jênjêmipun salêbêting griya, ahlinipun kaataga èngêt dhatêng agami, panjênêngan ambukanana nglampahi agami, ingkang kalawan sarèh, sarta dadosa tuladhanipun ahli tuwin abdi-abdinipun sadaya, nyukanana pratandhaning sih, supados sami malês asih, purihên ngambah margining kautamèn, lan icalna ewanipun, dados ing griya kadunungan agami. Yèn manah kaêrèh ing agami, amêsthi têbih saking pabên lan congkrah, lan têbih saking jail, punapa malih pamrih ingkang makolèhakên badanipun piyambak. Namung salêbêting griya botên sagêd kadunungan têntrêm, yèn sêpên saking pangrêngkuh sae, ingkang kawêdal ing pangucap, lan lair saking pratingkah. Wontêning pa-

--- 380 ---

[Grafik]

Sêwawangan gêdhong-gêdhong ing tanah parêdèn ing Vorarlberg, laladan nagari Ostênrik, ingkang sampun kasumêrêpan dening para andon lêlana saking nagari ngamônca.

bên ing salêbêting griya, ngadat mêdal saking kiranging pangrêngkuh sae, punika sababipun, milanipun kathah tiyang salakirabi, ingkang wiwitanipun sami trêsna saèstu, wêkasanipun botên rêmên sarta pabên. Waunipun sangêt anggènipun sami botên raos-rumaos, punika ingkang nyupèkakên subasitanipun, lan saening pangrêngkuhipun. Wusana saruning panganggêp anyirnakakên pangrêngkuh sae, prakawis rèmèh andadosakên jalaraning pêpisahan. Wontên ing pasamuwan, utawi piyambakan, prayogi nandukakên pangrêngkuh sae, awit panganggêp saru, nyirnakakên têntrêm salêbêting griya sarta adamêl tatuning manah, ingkang dangu mantunipun.

R. Moenandar, Gombong.

Pawartos Rêdhaksi

Tuwan Sala. Karangan bab Ambraastha Wuta Sastra, botên kapacak, punika mapanipun kapacak ing ariwarti.

K. 3348 ing Ampênan. Karangan Panjênêngan punika kalêbêt sampun kalimrah, tuwin bab Bayalali, ing Kajawèn sampun nate macak.

Tuwan M. ing Têrnate, sêrat panjênêngan punika sampun kasèp, botên kapacak.

K. 3546 ing Rêmbang. Kajawèn botên ngawontênakên pambantu ingkang têtêp, nanging nampèni sawarnining panjurung ingkang sae.

--- 381 ---

Pajagèn Bêbaya ing Gagana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 22.

Motor Mabur (vliegmachine).

Pirantos pêrang ingkang kangge nlabung mêngsah sawingkinging pabaratan pêrang punika motor mabur. Mênggah warninipun kenging kaperang dados tiga. Kapisan Jagers punika motor mabur alit, kalampahakên tiyang satunggal, mawi dêdamêl sanjata mêsin agêng (mitrailleur) satunggal utawi kalih. Kajawi punika ugi sagêd ambêkta bom sawatawis. Motor mabur punika gampil dipun wolak-walik lampahipun, prasaksat pêksi sikatan. Pigunanipun kangge ambujêng lan pêrang ulêt kalihan motor mabur mêngsah. Pramila motor mabur Jagers kapacak kangge anjagi nagari lan ugi dados colokipun Bommenwerpers ingkang kaajêngakên ing paprangan.

[Grafik]

Satunggal eskadrilêyagêr 16 iji.

Bomenwèrpêr sagantên.

Bomenwèrpêr dharatan.

Bomenwèrpêr Inggris ambêkta: 1 torpedho wawrat 650 kg. 6 bom alit wawrat 340 kg.

Kaping kalih motor mabur Bommenwerpers. Namanipun sampun anêrangakên manawi motor mabur punika pirantos kangge anyêbar bom. Racakipun motor mabur punika agêng, isi tiyang kalih, ngantos nêm iji. Dêdamêlipun mitrailleur mêpaki keblat lan sagêd nyanjata mangandhap lan manginggil. Tumrap ingkang wêdalan enggal wontên ingkang kaisenan mriyêm alit. Kêlimrahanipun sagêd ambêkta bom ngantos 1000 kg awratipun. Mênggah têbaning jajahan ngantos 1000 km. Dados saking Bêtawi kirang langkung sagêd ngêbom kitha Banyuwangi. Rikatipun mabur kangge motor mabur dharatan ngantos 500 km satunggal jam. Kangge motor mabur ing sagantên watervliegtuig 320 km. Rikating aburipun wau saya dangu saya mindhak, ugi mindhak têbaning jajahan lan kathahing momotanipun bom.

Kaping tiganipun motor mabur Verkenners. Verkennen atêgês madik. Dados motor mabur punika kangge ningali jajahan lampahing mêngsah, ingkang kangge Verkenners punika limrahipun Bommenwerpers. Wadhah-wahahipun bom dipun kirangi. Sudaning awratipun bom, kangge mêwahi pambêktaning bènsin, kabêtahaning punggawa lan pirantos radhio.

Kangge pola, sêrat-sêrat kabar martosakên [martosakê...]

--- 382 ---

[...n] manawi kêkiyatanipun barisan motor mabur Inggris ing taun 1938 wontên 123 eskadrilles. Satunggal eskadrille cacahipun ngantos 16 motor mabur. Kabage 68 eskadrille bommenwerpers, 30 eskadrille jagers lan 15 eskadrille verkenners.

Ing nginggil punika tumrapipun ing Eropah, sanès malih tumrap wontên ing jajahan.

Luchtverdediging (panulakipun bêbaya saking awang-awang)

Panulakipun bêbaya saking gagana punika padamêlanipun para militèr. Makatên wau prayogi kula têrangakên sakêdhik ing ngriki.

Ingkang badhe kajagi militèr tamtu nagari-nagari ingkang agêng, ingkang dados papan padununganipun pangagêng-pangagêng praja lan militèr, kitha palabuhan, pabrik-pabrik pirantos pêrang lan kabêtahan sanès-sanèsipun ingkang agêng. Kitha alit lan padhusunan botên badhe sagêd kajagi.

Ing sakubênging panggenan ingkang kajagi, militèr macak punggawanipun ingkang madik dhatêngipun motor mabur mêngsah. Panggenan punika namanipun Waarnemerpost. Pos punika dipun sadhiyani pirantos kangge mirêngakên suwaraning motor mabur, kèkêr lan tilpun utawi radhio kangge suka kabar. Manawi motor mabur ing dalêm 10 mênit sagêd mlampah kirang langkung 50 km, dados têmtu kemawon waarnemerpost wau anggèning pacak baris botên wontên cakêt sajawining kitha kemawon, sagêd ugi wontên ing kitha sanès.

Kaping kalih, ing sajawining kitha kawontênakên vliegvelden (papan anggagana motor mabur) kangge dununging Jagers.

[Iklan]

Kaping tiga, ing panggenan ingkang kapilih dipun sukani mriyêm-mriyêm lan mitrailleurs kangge nyanjata motor mabur mêngsah. Kajawi punika panggenan wau ugi dipun sadhiyani sèntêr kangge nyorot ing wêkdal dalu.

Kaping sakawan, ing nginggil kitha dipun panjêri balon. Balon-balon wau dipun ugêr mawi kawat waja ingkang sagêd dipun sêtrum èlèktris.

Para sarjana ing Inggris ngabarakên, manawi ing sanginggilipun Londhon dipun panjêri balon, kirang langkung 600 motor mabur botên badhe sagêd langkung ing sanginggil kitha kanthi wilujêng. Balon-balon wau inggilipun namung 3000 m, makatêna sampun nyêkapi, awit motor mabur ingkang aburipun langkung saking 3000 m, gampil dipun arah dhawahipun mawi mriyêm. Ing wêkdal dalu lan manawi nuju mêndhung balon-balon mèh botên katingal, rêkaos sagêdipun kasumêrêpan ing mêngsah. Punika sadaya ihtiyar kangge mangsulakên motor mabur mêngsah ingkang sampun katindakakên.

R. Pringgadiharja,

Leider Gasdienst.

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Praja Pakualaman 125 taun.

II.

Petruk : Kang Garèng, nalika aku nômpa parentah saka daokeku kadhawuhan makili Bale Pustaka andhèrèk mahargya adêging Praja Pakualaman ganêp 125 taun, kuwi sanalika atiku: nat, nut, nit, nat, nut, nit, not, not, not.

Garèng : Wayah, anggambar kêtêging ati kathik kaya wong anggêndèr.

Petruk : Kiyi saka ciliking atiku, Kang Garèng, awit aku rumasa, wis wong cilik, kathik rada ngoyod ana ing Batawi, têmtune adat tatacarane Jawa akèh pêrlope, ing môngka ana ing pasamuwan ing Pakualaman kono, mêsthine bakal sêsrawungan karo para luhur sing ngudubilahi, têgêse para luhur sing mêncit-mêncit kae, gèk kêpriye anggonku arêp mapanake awakku, lan gèk kêpriye mlêbuku ing astana Pakualaman, apa iya ora cêthithang-cêthithing.

Garèng : Ambok cara sing akèh-akèh kaya para nonoman jaman saiki bae, yaiku para nonoman sing padha olèh pangajaran kulonan, lan sing ngrumasani wis katam nyang adat tatacara kulonan, lo kuwi sing akèh-akèh - ora kabèh, lo - cêkêlane: aku pintêr, aku wani, aku pêng-pêngan. Mulane atine banjur mantêp, wusanane mlêbua nyang ngêndi bae iya ora clila-clili, nanging gagah, mêtèntèng lan brêgas bae.

Petruk : Bênêr, Kang Garèng, anggêre sêmbada bae. Awit tumrape jaman saiki dunya Jawa kuwi wis akèh ngapurane. Mung bae aku kiyi wong isih rumasa wong Jawa dêlês, lan wawasane wong Jawa kuwi sok anèh-anèh, nèk kêtêmu wong kang lagi kapisanan, kok banjur ngrasani: kae wong kok andêmênakake, wah iki sawijining pangalêmbana kang wis katog têmênan. Awit ing sajêrone: andêmênakake mau isi: wong kang idhêp tata, andhap-asor, pintêr, lan êmbuh apa manèh. Mulane ukurane wong Jawa sing diunèkake: wong utama kuwi, durung karuwan sabab bisa cara Lônda, lan sakolahane mêncit, nanging patrape. Wong aku kêrêp bae mrangguli wong, pangajarane mono saka dhuwure iya mèh samalaekat, ewasamono akèh bae sing ngarani: wong ... kurang ajar. Iki ora liya iya saka kurang patrape mau. Sabab ngrumangsani: aku pintêr cara Lônda, aku wani, aku pêng-pêngan, wusanane kasusilane dionslah wani bae. Hla, sing kaya ngono kuwi mau saolèh-olèh tak jaga bangêt, Kang Garèng. Aku rumasa: pangajaranaku kuwi mogol, adat tatacara Jawaku, sabab wis kêsuwèn, manggon ana ing Bêtawi, têmtune akèh kithale. Supaya patrapku iki aja pati nyêngklak bangêt, mulane sadurunge pangkat mênyang Ngayoja, aku ambuwang layang loro, Kang Garèng, sing siji

--- 384 ---

konjuk marang pêpatih dalêm Pakualaman, prêlu nyuwun katêrangan, bisane aku andhèrèk mahargya ing pasamuan ing Pakualaman, wajibku kudu manganggo sing kêpriye. Layang kang nomêr loro konjuk ing prayagung, sêsêpuhe ing Pakualaman kono. Dene isining layang kang ôngka loro iki, cêkak aos, aku munjuk barès: abdalêm punika sangêt cilaka calili, punapa kaparêng abdalêm tut wingking tindak dalêm ngadhêp ing astana Pakualaman.

[Grafik]

Garèng : Wèh, hla wong sêmbrana ane, têmtune barêng ana ing kana, anggêre prayagung mau cinaosan sugatan sampahnyê upamane, kowe iya banjur jowal-jawil karo matur mangkene: abdalêm wontên ngriki ...

Petruk : Wayah, kathik dianggêp kayadene wong sing kêlalèn ora melu diundang kêndurèn, banjur dheham-dhèhèm ana ing ngarêp omahe wong sing duwe hajat kêndurèn mau. Karo manèh bab prakara sugatan, Kang Garèng, pranatane ing kono rajin bangêt, kowe ora prêlu jowal-jawil karo tanggamu, mêsthi olèh bagian. Awit ing kono carane kêna diarani: sama rasah, sama ratah têmênan. Ora prêduli prayagung, wong cilik, bôngsa ningrat, utawa Pak Krama bae, anggêr jênêng tamu iya pinaringan sugatan, tur ora dibedak-bedakake. Tuwan gupêrnur ngunjuk sampanyê, aku iya ngunjuk sampanyê. Mung bedane, ngunjuke tuwan gupêrnur mêsthine kanthi kêpenak bae, sabab wis kulina, barêng aku nganggo tak saranani: cêngir-cêngir ...

Garèng : Tur sauwise nganggo rada kliyêng-kliyêng. Ora maido, Truk, awit kulinamu ngombe ... lêgèn. Saiki kêpriye layangmu karo pisan mau, apa iya pinaringan wangsulan.

Petruk : Dhinês, Kang Garèng, layang pêparinge pêpatih dalêm Pakualaman andhawuhake, yèn aku dikaparêngake nganggo langênarjan, mulane ana ing pasamuan kono, kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, kurang sacêplik bae aku mèh kaya bupati. Saka prayagung, sêsêpuh Pakualaman mau, aku uga pinaringan wangsulan panjang lebar, kang isine cêkak aos: panjênêngane rêna bangêt panggalihe, dene aku arêp ambarêngi tindake, lan panjênêngane ngarêp-arêp bangêt têkaku ing Ngayoja, malah aku kadhawuhan nginêp ing dalême. Gêdhening atiku lan bungahku samêrwata êmbah, Kang Garèng.

Garèng : Wiyah, ambok mêrwatasuta mêngkono, [mêngko...]

--- 385 ---

[...no,] kathik mêrwata êmbah, kuwi cara ngêndi ...

Petruk : Nèk gêdhene mung sagumuk durung mantêp kanggo anggambarake gêdhening ati lan bungahku. Wiwit aku wis pinaringan layang loro mau, rasaning atiku sing: nat, nut, nit, mau, wis ilang babarpisan, nanging malah banjur malih: mantêp, têtêp, krêkêp.

Garèng : Apa wong rangkulan kathik nganggo mak krêkêp ...

Petruk : Yak, ambok aja nyanthulani wong omong bae. Iki saka gêdhening atiku, nganti pikiran bisa krêkêp gumolong dadi siji, kang anjalari ora anduwèni kêkuwatiran apa-apa. Bab anggonku tata-tata pangkatku, golèk silihan jas langênarjan, kêris barang kuwi, ora prêlu tak andharake ana ing kene. Cêkak aos, dina Kêmis tanggal 17 Marêt, sarana nunggang sêpur kilat, saka ing Batawi aku pangkat nyang Ngayoja. Tumêkane ing Ngayoja, aku ngaso sadhela ana ing pondhokan, barêng jam 6 sore prêsis, aku wis ngadhêp ana ing dalême prayagung kang arêp tak dhèrèki mau. Wis mêsthi bae panganggoku iya wis miturut artikêl, Kang Garèng, lan jam sêtêgah pitu thèng, kanthi andhèrèk prayagung mau, aku wis ana ing pêndhapa astana Pakualaman.

Garèng : Banjur ana ing kono kowe kalakon calila-calili apa ora, Truk.

Petruk : Saka pangèstumu rada ora, Kang Garèng, saperangan gêdhe iya jalaran saka paringe pitulungan prayagung sing tak dhèrèki mau. Malah aku rada mêthèngkrèng sawatara, Kang Garèng. Mungguh têrange iki mangkene: Nalikane aku têkan ing Pandhapa Pakualaman mau, ing kono wis akèh bangêt tamune, kakung putri, Walônda Jawa lan Tionghwa, sing akèh bôngsa luhur sapupu têkuk kae, utawa bôngsa ... sugih dhuwit, kang padha nuju nyang paringgitan prêlu arêp ngunjukake kasugêngan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga sarta ibu dalêm, ora prêlu tak caritakake yèn ing kala samono brêgasku rumasa dibêsinêh 75%, nganti mèh bae tuwuh manèh clila-cliliku. Ing batinku: aku iki gèk kêpriye, apa iya kudu mèlu-mèlu ngunjukake kasugêngan dalêm, mèlu-mèlu bêbarêngan lumaku karo para luhur-para luhur kae, mêngko ana ing satêngahe dalan gèk ... sêmaput aku. Tujune ana prayagung sing tak dhèrèki mau, kang banjur nêpungake aku nyang pêpatih dalêm, yaiku: Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja. Lan prayagung iki krêsa nglarapake sowanku nyang ngrêsa dalêm sampeyan dalêm kangjêng gusti, nganti aku bisa abên ajêng karo sampeyan dalêm. Wah, mantêp aku, Kang Garèng, sanadyan ana ing kono aku kapêksa banjur mung palingak-palinguk bae. Ewasamono aku wajib matur sèwu sêmbah nuwun marang prayagung loro, ya prayagung sing tak dhèrèki, lan prayagung sing wis kaparêng nglarapake sowanku nyang ngarsa dalêm sampeyan dalêm mau. Ajaa rak kalakon aku cêmima-cêmimi têmênan. Liya dina tak caritakake kaanane ing pasamuwan kono, Kang Garèng.

--- 386 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pamulangan damêl barang grabah. Pamulangan damêl barang grabah ing Bandhung nampèni murid enggal 30, dene para murid ingkang sampun lulus sami katanjakakên dhatêng dhusun-dhusun, supados sami mêncarakên kasagêdanipun.

Para sudagar sêkar sami ngawontênakên paguyuban. Para sudagar sêkar ing Sindanglaya sami sarêmbag ngawontênakên paguyuban nyatunggalakên damêl, amargi sampun kathah kêtatalanipun sami nandhang kapitunan saking botên dipun bayar rêgining sêkar ingkang dipun sade dhatêng sudagar kilak sêkar, artanipun ngantos ewon rupiyah. Ing salajêngipun caraning pangintun badhe lumantar kantor ingkang kawontênakên, tumindaking damêl sanès-sanèsipun sadaya lêlantaran kantor wau.

Kajêng bantalan ril. Ing sabên taun kathah kintunan kajêng kangge bantalan ril dhatêng nagari Walandi, Tiongkok tuwin Jêpan, nanging kajêng wau sanès asli saking tanah ngriki. Ing sapunika tanah ngriki nêdya ngawontênakên cobèn-cobèn ngintunakên kajêng kangge bantalan ril nama kajêng ruwing, kajêng wau wêdalan ing Borneo tuwin Sumatra. Ing sapunika sampun miwiti damêl balok makatên wau 1000 kangge nagari Walandi. Wontên sawatawis ingkang kapriksa badhe kangge dhatêng Tiongkok.

Pamulangan luhur Dokter. Lulus artsexamen perangan kapisan, tuwan Satiawan. Katêtêpakên dados arts, tuwan-tuwan M. M. Dunda tuwin Pouw Houw Tjiang.

Mampir ningali tentoonstelling ing Amerika. Tuwan Schimmel, hoofdamtenaar ing Departement van Economische Zaken ingkang nuju verlof dhatêng nagari Walandi, badhe mampir ningali tentoonstelling donya ing Amerika, amargi ing tentoonstelling ngriku wontên barang-barang saking tanah ngriki.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Têngah, M. Kartomo Soerohadidjojo, Aib. Nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Têmanggung, dados asistèn wêdana paresidhenan Banyumas. M. Harsono Sastrohadikoesoemo, Aib. Nindakakên padamêlan mantri algemeene politie ing Sêmarang, dados asistèn wêdana paresidhenan Japara-Rêmbang. Tuwan Roestam, Aib. Nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Sumpyuh, dados mantri kabupatèn Purwokêrto, paresidhenan Banyumas.

Kasangsaran ingkang ngêrês-êrêsi. Sêpur kilat dalu ingkang lumampah saking Bêtawi dhatêng Surabaya, nalika lampahipun dumugi sawetan station Nganjuk, wanci jam 5.30 enjing mlindhês tiyang 5 sakulawarga. 1 tiyang èstri umur-umuran 35 taun, sanès-sanèsipun lare umur-umuran 16, 12, 6 tuwin 4 taun. Tiyang ingkang 3 sami tiwas sanalika, ingkang 2 gêsang, nanging botên sagêd suka katrangan punapa-punapa. Têtiyang wau dèrèng kasumêrêpan aslinipun saking pundi. Dene sababipun kêplindhês wau kintên-kintên jalaran saking mlampah ing ril mêntas mandhap saking numpak sêpur enjing ingkang saking Kêrtosono dhatêng Madiun.

Dr. Soesilo manggih kasangsaran auto. Dr. Soesilo, inspecteur Pakaryan Kasarasan ing Sumatra Kidul, nalika numpak auto saking Lubuk Linggau dhatêng Benkulen, sarêng têbihing lampahipun wontên 15 km. saking Lubuk Linggau, autonipun kêcêmplung jurang, bêgja sangêt dene kêcêmplunging auto wau lajêng kasangsang wontên ing barongan dêling. Dr. Soesilo tuwin sopiripun wilujêng.

Noyani pasabinan laladan Kroya. Ing sapunika wontên wartos bilih sampun katêtêpakên badhe pandamêling pabrik mompa toya wontên sapinggiring lèpèn Sêrayu, satunggal manggèn ing Gambarsari, satunggalipun wontên ing Pasanggrahan. Pompan toya saking kalih panggenan punika badhe sagêd ngêlêbi pasabinan 28.000 bau, ingkang padatan pasabinan wau namung angsal toya jawah kemawon. Kintên-kintên badhe kêlampahan wontên salêbêtipun taun 1939.

Sultan ing Bulongan badhe dhatêng Eropa. Wontên wartos, panjênêngan Sultan ing Bulongan, Maulana Sulthan Mochammad Jalaloedin badhe têdhak dhatêng Eropa. Têdhakipun wontên ing wulan Mèi ngajêng punika. Mênggah wigatosipun, anggèning dhatêng Eropa wau kajawi pêrlu badhe njumênêngi paargyan jumênêngdalêm Nata sampun 40 taun, ugi pêrlu badhe mahamakên ing bab babagan têtanèn ing praja sanès. Sri Sultan punika kagungan kêbon karèt jêmbar sangêt.

Manggih êmas. Satunggiling tiyang ing ondêr dhistrik Kenaran, Ngayogya, ing nalika maculi kêbonipun amrangguli êmas prongkalan, kintên-kintên wawrat 1 kati. Êmas wau lajêng kabêkta dhatêng museum Sono Budoyo, rêginipun kataksir wontên f 1300.-.

Gemeentelijke Keurmeesters Bond Indonesia. Kawartosakên, Gemeentelijke Keurmeesters Bond Indonesia sampun kêlampahan ngadêg, panuntunipun Drs. H. Soebroto, panityanipun tuwan Lesiangi.

Darma Stichting. Dumuginipun sapunika, Priyayi Meisjesweeshuis Darma Stichting ing Sêmarang, pinanggih saya majêng, kathah pambiyantu saking golongan warni-warni. Ing salêbêtipun taun 1937 tampi darma f 1150.01. Arta samantên wau lajêng tumandaya kangge kabêtahan warni-warni, namung kantun tirah f 8.79. Lare-lare ingkang dipun upakara wontên ingriku 15, sami putraning priyantun, saha sami sinau wontên ing H.I.S. Ing sapunika sampun wontên ingkang gadhah panêdha nglêbêtakên lare cacah 14 sami putraning warandha priyantun. Darma Stichting punika kalêbêt dhatêng panggalihanipun para luhur Jawi Walandi tuwin sanès-sanèsipun saha sami kêparêng aparing darma. Ingkang dados pangagênging griya ngriku tanpa angsal pamêdal, namung lêlahanan kemawon. Tandhaning majêng, ing sabên taun angsal-angsalaning darma saya mindhak. Ing taun 1934 wontên f 452.52.-. Ing taun 1935 wontên f 899.35. Ing taun 1936 wontên f 860.78,5. Ing taun 1937 wontên f 1150.01. Tumrap ingkang paring darma, ing taun 1935 wontên 251 priyantun. 1936 335 piyantun tuwin 1937 wontên 438 priyantun.

Sêsakit pès ing tanah Jawi. Miturut pèngêtan, wiwit tanggal 1 dumugi tanggal 22 Januari kêpêngkêr, ing tanah Jawi wontên tiyang ingkang kêtrajang sakit pest 242 sami ngajal. Cacah samantên wau ingkang kathah ing Priangan. Ing Bêtawi tuwin Bogor namung wontên 4. Ing Surakarta tuwin Ngayogya botên wontên babarpisan.

Para sudagar wos sami parêpatan. Ing gêdhong Siang Hwee ing Bêtawi mêntas wontên parêpataning para sudagar wos, ingkang dipun jênêngi wêwakiling Departement van Economische Zaken. Ingkang karêmbag ingriku ing bab badhe ngawontênakên tatanan rêgining wos. Ingriku ngawontênakên wêwaton ngrêgèni wos ingkang andhap f 2.92 ing dalêm 100 kilo, tuwin wos sae f 3.24 ing dalêm 100 kilo. Wêwaton punika dipun mukatimupakati. ingakathah. Ing kala punika ingkang dhatêng para sudagar wos tuwin para ingkang sami anggadhahi panggilingan pantun, kirang langkung wontên tiyang 100.

Lyceum Gupermen ing Bandung. Jalaran saking saya kathahipun murid H.B.S. ing Bandung, sapunika katêtêpakên ngawontênakên Lyceum kawiwitan wontên ing tanggal 1 Augustus ngajêng punika.

--- 387 ---

[Iklan]

Babagan cooperatie dados wiraosaning golongan Islam. Wontên wartos Hoofdbestuur Muhammadiyah nyêbarakên sêrat tumuju dhatêng para ngulama Islam ing saindênging tanah ngriki, ingkang wosipun pitakèn ing bab tataning kaislaman gêgayutanipun kalihan bab amongdagang sapanunggilanipun. Tuwuhing pitakèn makatên wau, amargi rêndhêting lampah dagang tumrap têtiyang siti, botên jalaran saking bangsa Tionghwa, Eropa tuwin sanès-sanèsipun, ugi jalaran saking wontên lampah panyêgah ingkang katindakakên dening golongan Islam piyambak. Jalaran saking tindak makatên wau lajêng nuwuhakên pamanggih ingkang raos botên ngengingakên Islam tumindak amongdagang. Mila ing bab punika Muhammadiyah lajêng ngawontênakên ada-ada makatên punika, supados dados rêmbaging golongan Islam. Sampun ngantos wontên tindak adamêl pituna ingkang jalaran saking raos kêkolotan.

Sêsakit pantun ing bawah Bêtawi. Ing dhusun Jati, Pêkoyon, Têgalkunir, tuwin Mauk, sami laladan Bêtawi, kathah pasabinan ingkang kêtrajang ama ulêr ing salêbêting damèn, ingkang limrahipun dipun wastani ama bêluk. Ing bab punika lajêng dados papriksanipun ingkang wajib.

Ama pantun ing bawah Nganjuk. Ing bawah Nganjuk wontên tanêman pantun kirang langkung 3300 ha kêtrajang ama bangsaning tuma godhong.

Pawinihan pantun. Ing bawah Priyangan kawontênakên pawinihan pantun kalih panggenan inggih punika ing Slokan jêro tuwin ing Cijèngjèng, jêmbaripun wontên 3877 ha. Salajêngipun pawinihan kados makatên punika tumrap Jawi-Kilèn badhe dipun wontêni 14 panggenan. Dene waragadipun sadaya wontên f 68.000.- mêndhêt saking arta fonds 5 yuta rupiyah.

Paguyuban golongan bêrah bangsa Tionghwa. Ing Surabaya mêntas wontên parêpataning paguyuban bêrah bangsa Tionghwa, kathah ingkang sami dhatêng, klêmpakipun wontên gangsal-atusan tiyang. Paguyuban wau dipun namakakên Lo Tong Hwee. Ing sakawit wontên rêmbag, bilih ingriki botên pêrlu kawontênakên paguyuban kados makatên, amargi tamtu botên sagêd agêng. Ingriku lajêng wontên ingkang mangsuli, bilih agênging pakêmpalan punika kêdah saking sakêdhik. Salajêngipun ngawontênakên tatanan: 1 ngawontênakên fonds kangge mitulungi dhatêng warganipun ingkang kakèndêlan saking padamêlan, 2 ngawontênakên pitulungan manawi wontên warganipun ingkang sakit, 3 ngawontênakên wulangan sapanunggilanipun, 4 nyambutdamêl sêsarêngan, 5 ngawontênakên wêwakil minangka bêbadaning pakêmpalan, tuwin sanès-sanèsipun.

Ingsêr-ingsêran guru. Tuwan Minhar, Wd. Inl schoolopziener ing Rawakele, dados kêpala guru Vervolgschool ing Cilacap. Tuwan Hardjosepoetro, kêpala guru ing Vervorlgschool ing Jatisobo, dados kêpala guru ing Vervorlgschool ing Karanggayam, Kêbumèn.

Ariwarti enggal. Wontên wartos, wiwit benjing tanggal 1 April ngajêng punika ing Bandung wontên ariwarti enggal basa Mêlayu nama Brita Priangan. Ingkang dados directur tuwan Ali Ratman, hoofdredacteur tuwan Bakri Soeraatmadja.

Kaukum jalaran ngèmèhakên Bupati. Pangadilan Landraad ing Ngayogya mêntas mriksa prakawisipun dakwa nama Sowikromo, pangarsa P.K.N. pang ing Karangmunguk, dakwa wau kasêrêg jalaran ngrèmèhakên ingkang Bupati ing Wonosari, dipun wastani ngêndhêg arta pajêg. Dakwa kaukum kunjara 6 wulan.

NAGARI WALANDI

Panggaotan tênun ing Têgal. Miturut wartos saking Enschede, directeur panggaotan tênun ing Têgal mratelakakên, bilih ing bab ngantih punika wontênipun ing tanah Jawi dèrèng sagêd angsal pêkên. Bab tumindaking tênunan sanès-sanèsipun badhe sagêd tumindak yêktos wontên ing wêkasaning taun 1939. Sarèhning tumindaking cobèn-cobèn pinanggih sae, anggèning njêmbarakên prayogi kalajêngakên.

Hoofdkantoor Bata pindhah dhatêng Eindhoven. Miturut wartos, jalaran saking kawontênan, hoofdkantoor Bata ingkang wontên ing Eropa Tengah badhe kapindhah dhatêng Eindhoven, saha ing sapunika sampun numbas gêdhong pabrik sigarèt ingkang sampun suwung tuwin numbasi gêdhong sanès-sanèsipun.

Kêbêsmèn. Pabrik wacucal De Amstel kêbêsmi ngantos têlas-têlasan, wontên tiyang 160 sami kecalan padamêlan.

EROPA

Pêpèngêt saking Inggris. Parentah Inggris sampun kintun sêrat dhatêng jendral Franco, ing Sêpanyol, supados ngèndêli anggèning nêmpuh kitha-kitha saking gêgana, ingkang kitha-kitha wau botên angsal pangayoman. Malah sampun kêlampahan adamêl kalêpatan angèngingi consul Prancis, ngantos nêmahi tiwas.

Jerman kadakwa ambiyantu Sêpanyol. Wontên wartos, bilih Jerman sapunika ngintuni dêdamêl tuwin saradhadhu cacah 30.000 dhatêng Sêpanyol, punika nandhakakên bilih ing sapunika Jerman ngliyêr kuwajibanipun Italie. Wartos ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên wiraosaning ngakathah.

Kawontênanipun Miklas tuwin Schuschnigg. Miturut wartos, tilas presiden Miklas ing Oostenrijk tuwin Bondskanselier Von Schuschnigg dèrèng têtêp badhe wontên ing pundi. Tumrap Schuschnigg kawartosakên botên niyat kesah saking salêbêting praja tuwin botên badhe ngunduri politiek.

ASIA.

Pasulayan ing Indhu. Ing Allahabad wontên bangsa Indhu golongan Indhu tuwin Islam pasulayan, ngantos campuh, wontên tiyang 2 ingkang tiwas tuwin 21 nandhang tatu. Ingriku lajêng kawontênakên pajagèn saradhadhu.

--- 388 ---

Wêwaosan

VII Lêlampahanipun Mikalya Potok.

61

Botên dangu sawêr dhatêng malih kanthi ambêkta toya panggêsangan, Mikalya ujug-ujug lajêng yandhak anak sawêr saha lajêng kasuwèk dados kalih. Sasampunipun sawêr lajêng katetesan toya bêktanipun êmbok sawêr wau, sanalika anak sawêr gêsang malih, saha lajêng lumajêng nilar papan ngriku. Nyumêrêpi lêlampahan ingkang makatên punika, Mikalya mangrêtos, bilih êmbok sawêr wau botên goroh. Amila inggih lajêng dipun luwari saking anggènipun nêdya kaukum wau. Salajêngipun Mikalya nuntên murugi layonipun ingkang èstri, nètèsi toya panggêsangan ing badanipun layon, sanalika pun layon katingal abrit, nandhakakên yèn rahipun wiwit lumampah malih. Anggènipun nètèsi toya panggêsangan dipun kaping kalihi, layonipun ingkang èstri wiwit ngebahakên tangan saha sukunipun, sarêng dipun tètèsi toya jangkêp kaping tiga, ingkang èstri ujug-ujug lajêng tangi saha wicantên makatên:

O, ambêkan kula têka sêsêg sangêt. Anggèn kula tilêm têmtunipun dangu sangêt.

Mikalya amangsuli: Yèn aku ora ana ing kene, kira-kira kowe ora bakal tangi manèh.

Sasampunipun cariyos makatên wau, Mikalya lajêng anarik dhadhung ingkang kacancang wontên ing pêthi, sambêtipun kalihan jam ing greja. Sanalika punika êjam mungêl rame, ingkang anjalari kagètipun tiyang ingkang jagi greja. Sakala punika panjagi greja dhatêng ing kuburan, ing ngriku nyumêrêpi kadosdene wontên tangan ingkang botên katingal tanpa kèndêl anariki dhadhung sakiyatipun. Salêbêtipun makatên wau Mikalya anyuwara sakiyatipun, ngantos sitinipun horêg. Tiyang ing kitha Kiyèp kathah ingkang sami kagèt dening suwaranipun Mikalya wau, saha lajêng sami nuju dhatêng kuburan sadaya, prêlu badhe anêksèni kadadosan ingkang sakalangkung anggumunakên punika. Sarêng sampun dumugi ing kuburan, salah satunggal wontên ingkang kalair têmbungipun makatên: He, ana lêlakon têka anèh bangêt. Sêmune ing kene ana wong mati kang kapengin bali ana ing donya manèh. Apa iya saiki kiyi wis tiba mangsane arêp kiyamat.

Sarêng Ilya mirêng suwara jam greja ingkang sakalangkung rame punika, lajêng enggal-enggal pangkat sêsarêngan kalihan sadhèrèkipun sinarawèdi pun Dhobrinya, nuju dhatêng ing kuburan. Wontên ing satêngahing margi Ilya wau cariyos dhatêng Dhobrinya makatên:

Kang nyuwara sêru kae kiraku dudu wong liya kajaba sadulur sinarawèdi dhewe si Mikalya. Kira-kirane ngrumasani ora kuwat lungguh anunggoni ing sacêdhake layone bojone, mulane banjur abêngok-bêngok sêru sarta tanpa kêndhat ngunèkake jam, kuwi karêpe rak arêp anjaluk tulung supaya diêntasake.

Kala samantên para tukang kubur sampun sami dumugi ing kuburan ambêkta pacul, salajêngipun sarana dipun padhangi ing obor têtiyang wau sami andhudhuki kuburanipun Mikalya kalihan ingkang èstri wau. Sasampunipun lajêng sami ngandhapakên ôndha wontên ing salêbêtipun kuburan ngriku. Ing kala punika kagèt lan gumunipun para têtungguling prajurit, punapadene tiyang sanès-sanèsipun ingkang sami mrêlokakên dhatêng ing ngriku, tanpa upami, sarêng sami nyumêrêpi bilih ingkang mêdal saking kuburan punika botên namung Mikalya piyambak, naning ugi kalihan ingkang èstri, ingkang purna waluya jati kados ing suwau-waunipun. Para têtungguling prajurit lajêng sami ngrubung Mikalya, tuwin karangkul. Bingahing manahipun tanpa upami, dene sadhèrèkipun sinarawèdi sampun sagêd wilujêng tanpa kara-kara.

Botên watawis dangu para pangagênging agami ugi lajêng dumugi ing ngriku saha sami suka bêrkah dhatêng Mikalya tuwin ingkang èstri. Wusana tiyang sadaya wau sami rame-rame anjujugakên Mikalya dalah semahipun dhatêng ing griyanipun.

Wiwit punika gêsangipun Mikalya tuwin ingkang èstri tansah sih-sinihan ngantos dumugining sêpuh. Ing wusana sarêng Mikalya dumugi ing janji, kadosdene prasêtyanipun ing ngajêng, layonipun ugi kakubur sêsarêngan kalihan ingkang èstri.

Makatên mênggah dêdongenganipun salah satunggiling prajurit ing Ruslan ingkang namanipun sakalangkung arum dening kaprawiranipun, ngantos kasuwur, botên ngêmungakên wontên ing praja Ruslan kemawon, ugi waradin ngantos dumugi ing saindênging tanah Eropah.

Badhe kasambêtan.

--- 49 ---

No. 13, 26 Maart 1938 Taun IX.

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU-MAR.

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG.

Mochamad Dawani, Muntok. Pancène karanganmu iya apik sarta bisa kanggo muwuhi kawruh, nanging sarèhne Kêjawèn wis tau ngêmot bab iku, dadi rama redacteur ora marêngake amacak, uga aja pisan dadi gêlaning atimu. Bu Mar tansah ngarêp-arêp karanganmu liyane.

Hadijah, Pêdagung. Karanganmu wis daktampa, nanging aja pisan dadi atimu, dene ora bisa kapacak, jalaran kurang prayoga.

As, Mênggungan, Surakarta. Aku wis tampa layangmu, bangêt panrimaku. Sukur dene kowe wis dhangan anggonmu ginanjar lara. Bu Mar saiki paringaning Allah slamêt ora kurang sawiji apa.

Soeradi, Blimbingweg 23, Semarang. Aja pisan dadi atimu, ya Di, karanganmu ora bisa kapacak, jalaran kurang cêtha.

Siti Lantarsih p/a S. Soeroamidjojo, Crani onderneming Tolan. Pangkalan. S.O.K. Mula wis lawas kowe ora ngirimi layang nyang Bu Mar, dadi ana sababe ginanjar lara nganti pirang-pirang dina. Wah tujune saiki kok wis waras babar pisan. La wong êri krambil sawit bae kok anjalari lara warna-warna ya Ti?

S. Saring. Notoprajan, Ngayogyakarta. Layangmu kang têtêmbungane alus sarta andêmênakake wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku. Karangan kanggo jagading wanita uga wis dakaturake nyang rama redacteur. Saring, karanganmu dhèk biyèn ing sakawit arêp dakpacak, nanging dakpikir-pikir kok kurang apik, kurang lucu tumrap bocah-bocah. Mula aja pisan dadi atimu, idhêp-idhêp kanggo nglantihake kapintêranmu. Yèn kowe pinuju kobêr coba-coba gaweya karangan manèh sing luwh apik, aja banjur cilikan atèn utawa mutung, kaya sing uwis kowe sok tlatèn. Kayata Soehestri ing Sumpiyuh karangan sing dhisik-dhisik ya ora kapacak, nanging dhèwèke banjur duwe pangira bae, manawa karangane kurang prayoga, ditlatèni, sêngkud ngarang liya manèh, ora banjur mutung sarta mêlèh-mêlèhake Bu Mar.

R. Achmad Mashadi, Banyuwangi. Lêluconmu ora bisa kapacak, muga aja pisan andadèkake cuwaning atimu.

Timan, Surabaya. Bangêt panrimaku kokirimi karangan manèh.

Sri Woelan, Tuban. Aku bungah bangêt dene kowe wis tampa layang saka Sri Sasanti lan Roesdijati, muga-muga langgêng anggonmu padha sêduluran lan mêmitran. Pancèn adrèse Roesdijati sing dikirimake nyang aku ya kaya sing kokandhakake kuwi. Coba ta ngirimana layang bae, yèn layangmu dibalèkake, ya wis, janji kowe wis mangsuli layange Roesdijati.

Uncle Sum, Singapur. Karanganmu wis daktêrusake nyang Moediasri sarta layang kanggo "Black Sweet" uga wis dakkirimake. Kowe kliru sêthithik, "Black Sweet" kuwi bocah lanang.

Mochamad Madijana k/p Lêgoksari, Têmanggung. Kirimanmu cangkriman lan lêlucon wis daktampa, cangkriman isih arêp daksimpên dhisik, awit sing dhisik durung kapacak-pacak, dene lêlucon ora bisa kapacak. Aku wis matur nyang rama Hoofdredacteur bab bêbungah, pangandikane, para langganan sing wiwit sasi Februari ora nampa bêbungah mau.

Madijana, aja manèh-manèh mangan klèngkèng 2½ kati saêndhêgan ya, mundhak mêndêm manèh. Kêbangêtan kowe kuwi, ayake lagi kêmaruk ya.

Iya, besuk yèn kêparêng aku bisa têka ing Têmanggung dakmampir nyang omahmu, ya, apa cêdhak Assistenan ya?

Black Sweet Madiun. Wah, bangêt cuwaning atiku, dene rama Hoofdredacteur ora marêngake amacak gambaranmu karo-karone. Dene sabab-sababe kowe mêsthine bisa ngira-ira dhewe.

Pêrkara corekan ing putih lan irêng kanggo panêmuku gambaranmu wis bênêr, ora kuciwa. Yèn ana sing ora kapacak, ya aja nêsu lan aja gêla, ya Sweet, idhêp-idhêp kanggo nglantihake.

Isni Marjasri, Blitar. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Wah pancèn lagi usum udan. Ing Bêtawi sadhela-sadhela ya udan. Nèk ora udan, panase wis ta cêmêprèt, nganti akèh wong padha ngêlu. Sing mêmpêng anggonmu sinau nglangi, iku sport kang apik bangêt.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 50 ---

KUTHA SINGAPURA

(Candhake).

Dhèk jamane isih murah biyèn ing Tanah Jawa gajêge ana beurs kanggo murid kang pintêr nanging mlarat. Ing kene iya ana, jênênge "Queen's Scholarship". Sabên taun diwènèhake marang murid 3 sing mêtune saka "High School" apik dhewe. Sing bisa olèh ya mung bocah kang pêng-pêngan bangêt, sêbab mungsuhe (concurrentie) saka tanah jajahan Inggris ("Britis possessions") kabèh.

[Grafik]

Gêdhong Raffles Institute ing Singapur.

Saka High School dalane munggah mênyang "College", ing Singapur ana loro. "Medical College" kanggo apotheker utawa doktêr lan "Raffles College" kanggo "Bachelor of arts", lawase pasinaon ana 2 nganti têkan 5 taun. Yèn murid isih mêksa durung bosên sêkolah, bisa mbacutake manèh, ya kuwi mênyang "University" ing Hongkong utawa Londen, sabab Singapur dhewe ora duwe.

Wiwit saka "Primary School" nganti têkan "High School" bocah lanang lan wadon ora olèh kumpul, dadi sêkolahane ya warna loro; "Boys School" kanggo bocah lanang lan "Girls School", kanggo bocah wadon. Bukune kudu tuku dhewe, ning yèn wis ana ing "College" lan "University" buku-buku lan piranti-piranti (instrumenten) olèh nyewa. Kanggone bocah sing entuk "Scholarship" kêpenak bangêt, ora susah mikir apa-apa, sandhang pangan cukup, waragad kapal lan sêpur dibayari, kabèh sarana lêlahanan, nganti mêtu saka University.

Têmbung dollar iku sawêruhku ana 3 warna, ya kuwi U.S. dollar kanggo Mexico lan Straits lan dollar kanggo jajahan Straits Settlements.

Ana candhake.

SUM.

--- 51 ---

KAELOKAN LAN ADILING ALAM

Kacarita ana sawijining Bupati kang pinitaya bangêt dening Sang Ratu, nanging Bupati mau dumunung ana sawijining provincie kang rada adoh, yaiku bang-wetan (brang-wetan) karêpe yèn mangetan nganggo nyabrang ngliwati sêgara.

Bupati mau kagungan mitra kang sinarawèdi, cêkake saekapraya, sabaya lan sapati, lan mitra mau bangêt ditrêsnani dening Sang Bupati mau, mangkono uga mitra mau sanajan sawijining wong kang sugih bangêt, lan cinakêt ing Sang Bupati, ewasamono bèrbudi lan panggalihane malah saya alus lan wêlasan marang sapadhaning urip: cêkake ambêk darma lan paramarta. Saking bagus lan lurusing atine mitra Bupati mau, nganti katêlah wong-wong kang dumunung adoh saka kutha lan apa manèh kang cêdhak kutha kono, anjêjuluki marang mitra Bupati mau Sang Pandhita.

Nanging ndilalah êmbuh saka apa sababe, Sang Pandhita mau, saking alus lan lurusing panggalihane nganti ora manggalih marang kagungane kadonyan, tansah pêparing tanpa kêndhat marang wong-wong kang nandhang kêmlaratan lan kacingkrangan. Asring bangêt Sang Bupati mau, ngelikake tumindake mitra kang mêngkono mau, malah têrkadhang diolok-olok pamêlèh akèh-akèh. Ewasamono tumindake Sang Pandhita malah saya luwih saka mêsthi. Ya mêsthi bae kagawa saka tindak kang tumrape pandulu ing liyan kang ora pracaya marang tumuju panggawe mau, apa kang dikarêpake. Malah uga sok dikira, yèn Sang Pandhita mau rada owah panggalihe.

Dene Sang Pandhita mau kagungan putra lanang kang watara umur 12 taun. Lan putra mau bangêt ditrêsnani dening Sang Pandhita. Uga bab kalakuane anak mau ora beda karo ramane. Pancèn dhasar putra Pandhita tur mung siji lan lanang pisan. Saka karsane Sang Pandhita, tansah mêmuji rina kalawan bêngi: "Muga-muga anakku iki wêwatêkane aja nganti gèsèh karo aku. Paribasan: "Kacang ora tinggal lanjaran." Dene jênênge bocah mau Sampurna. Mundhak dina Sampurna mau mundhak gêdhe lan wuwuh pangrêtine lan kapetung ora tau lêlungan adoh lan ora tau pisah karo ramane kang bangêt ditrêsnani mau. Nanging rèhning kaanan ing donya mau ora bisa langgêng, mangkono uga kaanan mau, tumiba ing papasthine Sampurna, yaiku kaanan kang tanpa dikira, dumadakan Sang Pandhita mau tinimbalan mênyang ing jaman kêlanggêngan. Kapriye kasusahane lan prihatine Sampurna mau, saya manèh ibune Sampurna wis ngajal taun kang kapungkur, dadi saiki Sampurna lola.

Sapungkure Sang Pandhita Sang Bupati banjur utusan nimbali Sampurna. Ringkês sasowane Sampurna ing ngarsane Sang Bupati, Sampurna didhawuhi nyambutgawe ngiras ngèngèr ana kabupatèn. Sabab Sang Bupati ngèngêti watak lan lêlabuhane Sang Pandhita dhèk nalikane isih sugêng, mulane kêrsane arêp têtulung marang bocah lola mau, nanging anèh bangêt ndadak Sampurna ora gêlêm nuruti apa kang dadii pamundhute Sang Bupati mau.

Ana candhake.

TONTONAN KANG ANGGUMUNAKE (JARANAN DHOR)

Sêdulur-sêdulurku ing Taman Bocah kene, kiraku durung mêsthi kabèh padha sumurup tontonan kang diarani jaranandhor, dene ujude, kang dadi wong lanang lan wadon padha nunggang jaranan kepang, nganggo kanthi wong-wongan kang diarani gêndruwon (rupane memba gêndruwo), tabuhane unine thok, thèk, thok, dhor, thok, thèk, thok, dhor, mangkono sabanjure, mulane katêlah jaranandhor lan disuwurake jaranandhor bisa mangan pari lan bêling.

Watara durung pati suwe, tanggaku nanggap tontonan jaranandhor, aku nyipati nonton dhewe, tanggapane sabubare mung f 0,30, ing kono akèh bangêt wong-wong lan bocah-bocah kang padha nonton. Wiwit main, wong loro lanang wadon padha anjogèd, nunggang jaranan kepang. Sawise njogèd banjur mamah gabah pari, kang diwadhahi tampah, sinangga ing wong liyane, gabahe kira-kira ana sacangkir. Barêng cangkême wis kêbak gabah muncu-muncu, nuli diombèni banyu diwadhahi èmbèr, pangombene karo ngadêg, dadi sing padha nonton saka kadohan ora bisa wêruh kapriye pangombene banyu iku, dene pangombene cangkêm ngokop banyu sajroning èmbèr.

Ing kono pênontonku daktamatake nganti cêtha. Gabah pari kang dimamah mau sanyatane banjur dilêpèhake ana ing jêrone banyu èmbèr. Sawise cangkême kothong, banjur ngombe banyu têmênan diulu. Mangkono iku aloking wong nonton, jaranandhor mangan gabah pari.

Banjur gênti main manèh. Wong kang dadi gêndruwon wiwit jogedan karo mamah bêling, nganti cangkême kêbak bêling. Sawise uga banjur ngokop banyu èmbèr, pratikêle iya kaya kang wis kacêtha ing dhuwur mau. Dene kang padha main iku, polatane rewa-rewa kaya wong kêsurupan setan (dhêmit) mulane yèn arêp lèrèn uga rewa-rewa kudu disêbul êmbun-êmbunane setane bèn lunga, kang main banjur lèrèn, mèh nunggal misah karo sulapan.

Mulane wêlingku marang sadulur-dulurku ing Taman Bocah kene, aja padha duwe gumunan lan piandêl, yèn durung nyatakake dhewe.

Sêdulurmu, Ngaisah Djojosoedira, Ponorogo.

--- 52 ---

TUKANG KUWIH ING DAMASKUS

(Candhake)

Sasuwene momotane unta liyane diudhunake, ibune Barudin lan Saira katimbalan sarta kadhawuhan mangkene: "O, anakku nggèr, Saira, saiki kowe ngucapa sukur ing Pangeran, dene bojomu wis kêtêmu. Kowe rak isih eling ta kaanane ing kamarmu, nalika dhaupmu karo Barudin? Saiki enggal tatanên kaya dhèk biyèn manèh. Aku bakal tata-tata liyane."

Kanthi bungah ingati, Saira ngèstokake dhawuhe bapakne. Dene Kyai Patih banjur ndhawuhi para kawulane, supaya majang kamar pêjagongan kaya nalikane Barudin lan si Bucu ana ing kono. Barêng kabèh wis rampung, Kyai Patih nuli mlêbu ing kamare Saira, sarta nyèlèhake sandhangane Barudin lan uga kanthong isi dhuwit duwèke Barudin ana ing panggonane dhèk biyèn. Sawise nuli dhawuh marang Saira: "Saiki kowe mênyanga kamar pêngantèn lan mêngko yèn Barudin mlêbu, kowe kudu sêsambat manawa suwe bangêt anggone Barudin lunga sarta kandhaa yèn kowe gumun lan kagèt bangêt, nalikane kowe tangi, Barudin wis ora ana." Sawise calathu mangkono, Kyai Patih banjur mêtu saka kamar pêngantèn.

Kyai Patih nuli dhawuh marang para abdi supaya padha mêtu saka kamar, ngêmungna loro têlu bae kang anjaga ing kono. Barudin banjur kadhawuhan ngwêtokake saka pêthi, kagawaa mênyang kamar pêjagongan, lan kori nuli kakuncia sarta ditinggala dhewe.

Sanajan Barudin lagi nandhang susah, nanging saka kêsêle, anggone turu kêpati, nganti ora krasa manawa wis diwêtokake saka pêthi sarta wis diêlih mênyang kamar pêjagongan. Barêng tangi, banjur ndêlok mangiwa manêngên lan banjur kèlingan nalika kadhaupake. Bangêt gumune, dene saiki ana ing panggonan kêtêmune karo si Bucu. Dhèwèke nuli marani kori kang wis mênga, sarta anjog ing kamar. Ing kono dhèwèke wêruh panganggone dhewe dhèk biyèn, uga ana ing panggonan anggone nyèlèhake. Karo ucêk-ucêk mripate calathgu mangkene: "Aku iki turu apa mêlèk. Kapriye ta iki?"

Saira kang bungah bangêt wêruh Barudin gumun lan bingung mangkono, banjur dumadakan mêncungkul karo calathu kanthi bungah lan gumun mangkene: "Panjênêngan punika mêntas tindak pundi, ta kangmas, têka dangu sangêt. Mangga ta lênggah, sampun jumênêng cêlak kori kemawon!"

Tukang kuwih nuli mlêbu ing kamar pêngantèn, tansah nyawang Saira lan kabèh barang ing jêro kamar. Barêng kabèh wis didêlok cêtha, nuli calathu: "O, têmênan aku iki ngimpi!"

Saira mangsuli karo mèsêm: "Lo, kangmas, kadospundi?" "Kula botên ngêrtos pangandika panjênêngan. Mangga ta lênggah ingkang sakeca lan kula dipun ngêndikanana, punapaa panjênêngan têka lajêng bingung makatên!"

Sanajan isih mamang, Barudin nuli lungguh njèjèri Saira sarta banjur nyaritakake kabèh lêlakone saka kawitan tumêkane pungkasan.

Barêng Barudin rampung anggone carita, gênti Saira nyaritakake apa kang diwêruhi. Wong loro isih padha rêrêmbugan dumadakan Kyai Patih rawuh, yaiku tumrape rumasane Barudin, wong mau kang arêp matêni Barudin jalaran gawe rumtar ora dibumboni mrica.

Saira wis nyaritakake apa sababe Kyai Patih reka-reka mangkono mau. Ananging isih ana rong bab kang disidhêm, yaiku ora nyaritakake manawa Agib anake lanang lan uga ora ngandhakake manawa anggone bisa kêtêmu karo Barudin, lantaran saka ibune, sarta ibune uga ana ing dalêm kêpatihan kono.

Kanthi sênênging atine Barudin mêthukake pamane, kang saiki wis dadi bapakne, ngambung astane. Sawise banjur matur: "Rama punapa panjênêngan sagêd ngêndikakakên sabab-sababipun anggèn kula dhaup kaliyan putra panjênêngan lajêng ical ing dalu punika ugi, ngantos mèh wolung taun laminipun kados wontên ing impèn?"

Kyai Patih banjur ngandikakake kandhane si Bucu. Ing kono banjur cêtha bangêt, manawa kaanehan kang wus kêlakon mau kang agawe ora liya mung para jim. Ananging Kyai Patih banjur ngêndika mangkene: "Ach ya wis aja dipikir dawa-dawa bab wêwadi, iki, ayo padha sênêng-sênêng bae, nuruti kêrsane kang Kuwasa. Kowe durung wêruh kasugihanmu Barudin? Dêlêngên ta lan matura nuwun nyang Kang Maha Kuwasa.

Kyai Patih nuli kêplok-kêplok, ora suwe Agib lan ibune Barudin barêng jumêdhul padha têka, Kyai Patih banjur ngêndika mangkene: "Anakku Barudin, dêlêngên ta donya kayamu, anak lanang endah ing rupa lan ibu kang trêsna!"

Barêng Barudin wêruh, wong loro mau saya luwih bungah. Salawase durung tau krasa bêgja kaya ing wêktu iki. Wong têlu banjur rangkul-rangkulan tanpa kêndhat, sarta êluhe carocosan saking bungahe.

Wêkasane ibune calathu: "O, Barudin, bêgja kêmayangan, dene aku isih bisa kêtêmu karo kowe. Takkira kowe wis mati, anggonku nangisi rina wêngi!"

Agib wis ora nginggati manèh kaya dhèk ana ing Damaskus, malah ora gêlêm pisah karo bapakne.

Esuke Kyai Patih sowan ing ngarsane Sang Ratu pêrlu ngaturake lêlakone marang Sang Ratu. Barêng wis kondur ing dalêm kêpatihan, kabèh wis têmata, kaya sing didhawuhake kanggo pasamuan gêdhe. Kacarita ing dina iku ing dalêm kêpatihan kabèh padha sênêng-sênêng tanpa upama, dene Sang Ratu sakawulane uga rawuh pêrlu anêksèni. Sang Ratu bingah lan gumun têka ana lêlakon kang anèh mangkono, mula banjur andhawuhi katulisa kagawe buku pêrlu kanggo pêngeling-eling ing kêrajan kono.

Cuthêl.

--- [0] ---