Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 45, Stu, Kli, 4 Bakda Mulud, Jimawal 1869, 4 Juni 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Dr. R. Sutama - Kasusilan - Pêpanggihanipun sang Hitler kalihan sang Mussolini - Marsudi Gêndhing Jawi - Pajagèn Bêbaya ing Gêgana - Lotre - Kêthoprak Darma Mudha - Kabar Warni-Warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Ngapura

Têmbung ngapura punika saking limrahipun, ngantos sampun botên kenging dipun wangun malih, tuwin tiyang inggih sampun mangrêtos dhatêng lèrèging kajêngipun, gambaranipun, manawi saking sanès dhumawah dhatêng badanipun piyambak, nama angsal, manawi saking badanipun piyambak dhatêng sanès, dipun wastani nyukani. Inggih jalaran saking kêlimrahipun wau, têmbung ngapura wau ngantos dados cangkingan sêkaring paginêman. Upaminipun, sawêg gumujêng kêkêl, wêtêngipun ngantos dipun pèjèt kalihan mungêl: nyuwun ngapura, wontên malih tiyang mungêl: kang gêdhe pangapuramu.

Manawi ngèngêti cak-cakaning ungêl ingkang makatên wau, lajêng kêraos mênggahing lêbêting raosipun, awit ingkang kapisan, têmbung nyuwun ngapura wau sanadyan botên cêtha ingkang dipun suwuni, nanging inggih sampun ngrêtosakên bilih ingkang dipun suwuni ngapura: Pangeran, ing ngriku lajêng katingal atêgês ingkang nglampahi gumujêng wau ngrumaosi lêpat, mila nyuwun ngapura. Dene tumrap ing ungêl-ungêlan: kang gêdhe pangapuramu, punika akajêng: tiyang nyukani pangapura dhatêng tiyang sanès. Kêkajêngan punika sajakipun anjêlêkèthèk, awit apawitan kajêngipun piyambak, nanging nyatanipun inggih angèl, awit ngapura dhatêng tiyang punika botên gampil, angèlipun wau, jalaran tindak ngapura punika adhakan kêdunungan kumingsun, awit ing nginggil wau kacariyosakên bilih ngapura punika kagunganing Pangeran.

Namung mênggahing panggagap, cobi pados dhêdhasar saking badanipun piyambak, dados atêgês pawitan badanipun piyambak. Sapunika tiyang nyuwun ngapura dhatêng Pangeran, punika bakunipun saking ngrumaosi ing kalêpatan, inggih kalêpatan wau ingkang dipun rumaosi ngantos kandhas dumugi ing batos. Makatên ugi ngapura dhatêng tiyang sanès, pangapuranipun inggih kêdah dipun kandhasakên adhêdhasar nyumêrêpi dhatêng sabab-sabab ingkang anjalari nuwuhakên pangapura.

Manawi sampun adhêdhasar makatên wau atêgês sampun mangrêtos dhatêng pangapura yêktos. Dados ing ngriki katingal, wêdaling pangapura punika saking wontên sabab, tuwin sarèhning tumraping pangudi punika purun awêwaton badanipun piyambak, utaminipun tiyang punika sampun ngantos gêgayutan kalihan pangapura, inggih punika atêgês botên damêl kalêpatan.

Cêkruktruna.

--- 686 ---

Dr. R. Sutama

Kalinganipun bôngsa Indhonesiyah anjêgrêg, nalika mirêng kabar bilih sêsêpuhipun Parindra, Dr. R. Sutama tilar donya.

Lêlabêtanipun Dr. R. Sutama sampun kathah ingkang sumêrêp. Ewadene ing Kajawèn ngriki prêlu katêrangakên sawatawis, minôngka ngluhurakên nyawanipun ingkang sampun wangsul dhatêng jaman kalanggêngan wau.

[Grafik]

Suwargi Dr. R. Sutama.

Dr. R. Sutama punika lairipun wontên ing tanggal kaping 30 Juli taun 1888, wontên ing dhusun Ngêpèh, bawah apdhèling Nganjuk, paresidhenan Kêdhiri. Tiyang sêpuhipun nama R. Suwaji, guru wêdalan pamulangan kêwiksêkul jaman kina. Nanging anggènipun dados guru botên lêstantun, nuntên malembar dhatêng golongan pangrèh praja. Wontên ing pangrèh praja ngantos sagêd dumugi pangkat wêdana, dados karèrèhanipun ingkang bupati R.M.A.A. Kusuma Utaya, ingkang samangke dados wakil pangarsa rad kawula punika.

R. Sutama punika nalika alitanipun nama R. Subrata, nanging jalaran saking andhugalipun, mila lajêng dipun santuni namanipun: R. Sutama.

Samêdalipun saking pamulangan Lagere School, R. Sutama nglajêngakên pasinaonipun dhatêng ing Stovia.

Ing taun 1907, R. Suwaji tilar donya. Nalika samantên, R. Sutama sawêg wontên ing klas tiga ing pamulangan Stovia. Angkahipun, R. Sutama badhe mêdal saking pamulangan kemawon, lajêng badhe nyambutdamêl, supados sagêd urun-urun dhatêng ibunipun. Sabab ing wêkdal samantên gêsangipun ibunipun inggih botên patosa mubra-mubra, kabêkta saking anak kathah, inggih punika jalêr tiga, kalêbêt R. Sutama wau, kalihan èstrinipun sakawan. Ananging R. Ayu Suwaji mêksa kêncêng botên mrayogèkakên, manawi R. Sutama mêdal saking pasinaonipun. Kajêngipun, sanajan kadospundi, anakipun pambajêng kêdah dados dhoktêr rumiyin, supados anggènipun badhe ngragadi adhi-adhinipun ing têmbe sampun ngantos tanggêl-tanggêl. R. Ayu Suwaji nuntên pindhah griya wontên ing dhusun, nyambi têtanèn, supados gêsangipun sagêd ngirid, sarta tirahanipun sagêd kangge nyêmbadani anakipun pambajêng.

Idham-idhamanipun R. Ayu Suwaji wau kadumugèn. Ing taun 1911 nagari bêtah dhoktêr. R. Sutama sakancanipun dèrèng ngantos iksamên, malah kirang 6 wulan saking iksamênipun,

--- 687 ---

sampun dipun sêngkakakên, dipun wisudha dados Ind. Arts.

Nyambutdamêl ingkang wiwitan wontên ing griya sakit ing Sêmarang, ing taun 1913 lajêng dipun pindhah dhatêng Bêtawi wontên ing griya sakit Stadsverband, ingkang sapunikanipun dipun wastani C.B.Z. Nanging wontên ing Bêtawi botên dangu. Nalika samantên ing tanah Jawi Wetan wontên pagêblug sêsakit pès, R. Sutama dipun pindhah dhatêng Malang, nuntên dhatêng Magêtan. Ing taun 1917 lajêng dipun pindhah dhatêng Baturaja (Palembang).

R. Sutama kapengin sangêt anglajêngakên sinau dhatêng Eropah. Supados sagêd iksamên Arts. Badhe bidhal piyambak, kêkirangan waragad, ewadene R. Sutama tansah angudi supados kadumugèn papenginanipun wau.

Kalampahan ing taun 1920, R. Sutama kapiji dening nagari supados anglajêngakên sinau dhatêng Eropah. Sêsarêngan kalihan dhoktêr Sja'af lan dhoktêr Sarjita. Wontên ing nagari Walandi, sasampunipun angsal iksamênipun Arts, Dr. R. Sutama nuntên kabantokakên dhatêng Prof. Dr. Mendes da Costa, mahaguru ing Amasêtêrdham. Botên antawis dangu nuntên dados pambantunipun Prof. Dr. Plaut ing kitha Hamburg prêlu mligi sinau sêsakit kulit tuwin sêsakit èstri.

Ing taun 1923, Dr. R. Sutama angajawi, dipun bênum dados dhoktêr sêsakit kulit wontên ing C.B.Z. Surabaya, ngrangkêp dados guru wontên ing pamulangan Nias.

Dr. R. Sutama punika wiwit nem namanipun sampun kondhang wontên ing kalanganing pakêmpalan. Nalika taksih dados murid wontên ing Stovia, ngêdêgakên Pakêmpalan Budi Utama (taun 1908). Wontên ing nagari Walandi ngêdêgakên Pakêmpalan Perhimpunan Indonesia. Kajawi punika, nalikanipun wontên ing Eropah dados panuntunipun konggrès para murid pribumi ing pamulangan luhur ingkang dipun wontênakên ing kitha Oegsgeest, Hardenbroek, Lunteren tuwin sanès-sanèsipun.

[Iklan]

Sarêng wangsul angajawi, wontên ing Surabaya lajêng ngawontênakên Studieclub. Botên antawis taun Studieclub wau santun dados Pakêmpalan P.B.I. (Persatuan Bangsa Indonesia). Nalika taun 1936, P.B.I. luluh dados satunggal kalihan Budi Utama, santun nama Parindra. Pakêmpalan-pakêmpalan kabangsan sanèsipun inggih lajêng tumut dados satunggal lumêbêt wontên [wo...]

--- 688 ---

[...ntên] ing Parindra. Dr. R. Sutama tansah nyêpêng pusaranipun.

Dhatêng pangudi kamajênganing rakyat sarta pangudi ekonominipun bôngsa, Dr. R. Sutama pancèn mêmpêng sangêt. Wontênipun Bank Nasional Indonesia, Rukun Tani, Rupelin, sêkolahan tênun, griya pamondhokan lare-lare sêkolah, griya pamondhokan tiyang èstri ingkang kêtlarak gêsangipun, punika saking ada-adanipun Dr. R. Sutama. Kajawi punika wontênipun pakêmpalan kabangsan sapunika sampun gadhah papan piyambak kangge pamanggihan, inggih punika Gedong Nasional Indonesia ing Surabaya, ugi awit saking ada-adanipun Dr. R. Sutama.

[Grafik]

Dr. R. Sutama tuwin ingkang ibu, dalah kulawarga.

Dr. R. Sutama dados dhirèkturipun sêrat-sêrat kabar kabangsan: Soeara Oemoem, Tempo kalihan Panjebar Semangat. Nanging botên namung wontên ing kalangan kabangsan kemawon, wontên ing kalangan kadhoktêran, namanipun Dr. R. Sutama ugi misuwur.

Awit saking panuntunipun Dr. R. Sutama, sadhèrèkipun sadaya sami sagêd anglajêngakên pasinaonipun, lan sami dados sadaya. Sadhèrèk jalêr ingkang satunggal, inggih punika Dr. Susila, dados Inspecteur malaria-bestrijding ing Sumatra Kidul. Ingkang satunggalipun Dr. Suratma, dados pangagênging Veterinaire Dienst ing gêmintê Bêtawi. Sadhèrèkipun èstri: satunggal angsal suwargi Dr. Gunawan Mangun Kusuma, satunggal angsal Ir. Suratin, satunggalipun malih rara: Sumiyati, dados dhirèktrise pamulangan Kartini ing Cirêbon, dene ingkang wuragil Mr. Siti Sundari, nyêpêng Bank Nasional ing Malang.

Tiyang ingkang kapengin ngajêngakên bôngsa punika kathah, nanging ingkang sagêd dados panuntun, dipun suyudi, dipun trêsnani tiyang maèwu-èwu, punika awis-awis sangêt. Jalaran dados panuntun makatên botên cêkap apawitan kapintêran, kapurunan, utawi kaprigêlan, ugi kêdah lêlambaran manah suci, minôngka uwat-uwatipun panggayuh luhur.

Dr. R. Sutama kapundhut Ingkang Kuwaos wontên ing dintên Sênèn Kliwon tanggal 30 Mèi utawi tanggal 30 Mulud jam 4 sontên. Ing dintên Rêbo tanggal 1 Juni, layon dipun makamakên wontên ing palataran Gedong Nasional Indonesia, ingkang nguntapakên maèwu-èwu.

Ing pamuji mugi rohipun Dr. R. Sutama, tinampia wontên pangayunaning Pangeran.

--- 689 ---

Wulang Sae

Kasusilan

Dening Radèn Tumênggung Arya Prakosa, ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 44.

Awit saking punika para kakung langkung prayogi saupami botên nyêmbranakakên prakawis wau, kêdah ngatos-atos, para kakung punika nyêpêng plunturing kabêgjan utawi kasangsaranipun sabrayatipun piyambak-piyambak. Kalêmpakaning brayat ingkang nunggil jinis dipun wastani bôngsa, manawi para kakung kathah ingkang kirang nêtêpi kuwajibanipun angayomi, saèstu bôngsa wau badhe nandhang kamlaratan samukawisipun, inggih punika aluming bôngsa, têmbung alum makatên, manawi kadangon botên angsal siram utawi rabuk saèstu badhe kalajêng garing. Bilih para kakung tuwin wanita sami têtêp kuwajibanipun, mêdal ing margining kasusilan, bôngsa wau badhe manggih kabêgjan sarta kaluhuran. Inggih punika ingkang dipun wastani mêkroking bôngsa.

Mênggah alum utawi ngrêmbakaning bôngsa wau gumantung saking pakartinipun satunggal-satunggaling brayat. Manawi dipun raos-raosakên kanthi lêrêming panggalih, prakawis ingkang sampun kula aturakên wau, têka sakalangkung gawat sarta ngêmar-êmari sangêt dhatêng manah, amargi kula nyumêrêpi kathah para kakung kapala brayat ingkang sêmbrana dhatêng kuwajibanipun, têmahan brayat wau lajêng nandhang karisakan.

Prakawis dhumawahipun kasangsaraning brayat punika taksih kathah jalaranipun, sanajan para kakung sampun anêtêpi kuwajibanipun mêdal ing margi karahayon, ananging taksih wontên sambekalaipun, inggih punika prakawis rubedaning kasênêngan. Kathah kemawon para kakung ingkang sae-sae, têtêp anggèning ngayomi dhatêng brayatipun, nanging botên sagêd nyandhêt ardaning manah ingkang tumrap kasênênganipun piyambak, têmahan kajlungup dhatêng rubedaning kasênêngan, wêkasan brayatipun lajêng nandhang kasangsaran. Dados ingkang kalêpatan punika tiyang satunggal kapala brayat, kasangsaranipun dipun sanggi dening sabrayat. Prakawis ingkang gawat sarta ngêmar-êmari sangêt dhatêng manah punika badhe sagêd santun dados gampil sarta sêpên ing sambekala, bilih para kakung tuwin wanita sami mangrêtos sarta lair batosipun sami kadunungan kasusilan, inggih kasusilan ingkang dados tuking kabêgjan, inggih kasusilan ingkang madhangi manahipun manungsa, nyumêrêpakên margi ingkang anjog dhatêng kamulyan, ugi nyumêrêpakên margi simpangan, ingkang anjog dhatêng karisakan.

Kasusilan punika pêpindhanipun kadosdene toya kalihan rabuk, sagêd damêl suburing wit-witan ingkang sampun alum, makatên ugi brayat-brayat, agêngipun dhatêng bôngsa, ingkang nadhang kamlaratan samudayanipun, punika sagêd enggal waluya manggih kabêgjan sarta kaluhuran, bilih para kakung tuwin putri sami nglênggahi kasusilan.

Badhe kasambêtan.

--- [690] ---

[Grafik]

Ing Kajawèn sampun kêrêp ngêwrat pawartos ing kala pêpanggihanipun sang Hitler kalihan sang Mussolini wontên ing Rome. Ingkang kacêtha ing gambar punika sang sakalihan pêpanggihan, ing ngriku pinahargya urmating prajurit. Ing nginggil sisih kiwa, lampahing wadya dharatan nalika urmat, wontên sangajêng pramuka kêkalih. Ing ngandhap wadya oto adêdamêl mriyêm. Kajawi punika ing gagana gumrênggêng kèbêkan suwaraning wadya gagana, punapadene ing lautan, jumêguring mriyêm wadya lautan tanpa kêndhat.

--- 691 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 44.

3. kêmpul pindha gêmak mêlung / dumêling pangliking suling / têtêp tutupane laras / lir kêdhasih ngasih-asih / gêndèr panêrus pinjalan / amemba tirta naritis //

4. saron barang pancêr barung / calêmpung umyung ngêmpyungi / cêthane lamun priyôngga / cinorak-caruk kumrincing / dêmung dumunung irama / mangungkung cengkok ngugêri //

5. gong suwukan sru ambaung / salênthêm munya ngalêbi / bonang gêng dadya manggala / ngracik sarwi nuntun gêndhing / bonang panêrus lir rijal / kumrêcêk swara nikêli //

6. agrung swarane panêmbung / dadya bêbauning gêndhing / kênong golong-gêgolongan / gambang gôngsa cumarêngkling / kêmanak ngenaki nala / lir walang angkup ngalêbi //

7. gong jumêglug mandul-mandul / dangu dènnya ngombak warih / kêthuk mathuk ing thuthukan / kêcèr ngècèr wor ing gêndhing / kêtipung nrunthung wirama / kêmpyung munya swara mêncil //

8. pasindhèn èstri swara rum / cengkok mulêt mêmalat-sih / cèplês larasing pradôngga / sênggak sigrak gênti-gênti / gerong ririh swara rampag / kêplok kinarya ngramèni //

Kasêbut ing nginggil, manawi dipun apilakên, kangge gerong sarta dipun suraos, lajêng dados pêpathokan, caking panabuh saha swaranipun, amargi sadaya gôngsa ingkang dipun tabuh sampun kawrat wontên ing ngriku, langkung-langkung têtêmbunganipun sampun jarwa.

Ing ngriki kula namung badhe nêrangakên sawatawis, kula pêndhêt ingkang prêlu kemawon. Ingkang kasêbut pada wiwitan:

Kang titis panabuhipun, ririh arampak waradin.

Kados bab punika kajêngipun sampun cêtha, dados yèn nabuh sampun ngantos klenta-klèntu, sarta ingkang rampak, sampun ngantos wontên ingkang moncol kêsoran (sêru panabuh tumrap kalênengan). Lajêng sambêtipun: rêbaban nyêndari ngangkang. Kajêngipun ing ngriku, manawi ngasta (nabuh) rêbab, sasagêd-sagêd swaranipun ingkang ngangkang kados sêndarèn.

Ingkang kasêbut pada ôngka 8 (pungkasan) wontên têtêmbunganipun: gerong ririh swara rampak. Dados samôngsa anggerongi gêndhing, swaranipun ingkang rampak, sanadyan sêsarêngan gerong, sampun ngantos wontên swara ingkang moncol kêsoran, sabab asring wontên saking mêmpêng anggènipun anggerong, swaranipun prasasat ambêngok, wusana dhatêng pamirêngan botên sakeca.

Mangsuli bab ladrang pangantèn

Ungêlipun gêndhing ladrang pangantèn punika, wiwit pangantèn dipun gandhèngakên, ngantos dumugi papan palênggahan ingkang sampun katamtokakên, punapa [puna...]

--- 692 ---

[...pa] wontên ing ngajêngan padaringan (sênthong têngah) yèn kangge jaman modhèrên, dipun lênggahakên wontên ing ngajêng lawang agêng griya wingking ingkang ngajêng ing têngah.

Manawi sampun kalênggahakên jèjèr, ngungêlipun gêndhing ladrang pangantèn dipun suwuk.

Ingkang sampun, sasuwukipun gêndhing ladrang pangantèn, kèndêl sawatawis, lajêng dipun sambêti Gêndhing Boyong, nutipun kados ing ngandhap punika:

Gd. Boyong lr. sl. pt. manyura.

[NOTASI]

namung dipun ungêlakên sapisan, lajêng têrus dipun dhawahakên (minggah), dhawahipun:

[NOTASI]

punika Gêndhing Boyong merongipun kadamêl cêkak, sabab ambujêng prêlu enggal dipun dhawahakên, salajêngipun tumuntên dipun gerongi utawi sindhèn Kinanthi.

Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringgahardana.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 5 Juni 1938, wanci jam ½ 8 dumugi jam 8 Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab: Ti noe poek ka noe Tjaang, ingkang mêdharsabda Tuwan M.A. Salmoen.

Tamu ing Karaton Surakarta

Ing Kajawèn sampun kêrêp macak gambaripun tamu agung ing karaton Surakarta. Kala wêdalipun Kajawèn kapêngkêr ngêwrat gambar tamu agung saking nagari Siyam.

Ing dintên punika Kajawèn ngêwrat gambar tamu agung saking nagari Walandi, Paduka Jendral Mayor De Jonge van Halen, ajudan dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhelmina. Tamu agung wau pinanggihan wontên ing karaton kilèn prabasana.

Gambar dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Êmas, tuwin putra dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, punapadene para putra, anandhakakên gênging supêkêt dalêm dhatêng tamu agung wau.

[Grafik]

--- 693 ---

Pajagèn Bêbaya Ing Gagana

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41

Lampahing hawa manawi topèng dipun angge

Manawi topèng dipun angge, hawa lumêbêt ing bumbungan saringan saking bolongan ing ngandhap. Hawa langkung vilt, kukus lan pêdhut racun katahan kèndêl. Hawa lajêng nrajang lapisan arêng. Sabagean agêng saking gas-gas racun kasêrot lan kèndêl ing arêng. Gas ingkang rikat aburipun nrabas arêng dumugi ing lapisan glintiran obat pênyawaran, lajêng pêcah lan manjing atunggil kalihan obat wau.

Hawa ingkang sampun rêsik langkung pèntil lumêbêt ing topèng, têrus kasêrot ing irung.

Koolzuur ingkang dipun napasakên mêdal, mêdalipun saking pèntil topèng.

Topèng wêdalan pabrik Dreager wontên ingkang tanpa pèntil. Hawa ingkang kasêrot lumêbêt ing irung lan hawa ingkang dipun napasakên mêdal, sadaya langkung bumbungan saringan (''pendel atmung''). Topèng punika kêkiyatanipun kirang kathah katimbang kalihan topèng ingkang mawi pèntil, namung limrahipun alit lan ènthèng, kangge sanès bôngsa militèr, lan sanès punggawa ingkang kêdah nyambutdamêl wontên panggenan ingkang sagêd kathah gasipun sampun dipun anggêp nyêkapi. Awit kangge tiyang limrah nganggenipun namung sakêdhap-sakêdhap, prêlu sagêd lumajêng botên kenging gas.

Panyêgahing mosterdgas

Sampun katêrangakên manawi mosterdgas sagêd anêmbusakên karèt lan kulit, lan malih barang wau botên risak. Karèt ingkang kandêl sagêd dipun têmbus ngantos kalih jam dangunipun. Dados manawi tiyang mawi pangangge sarwa karèt ingkang sagêd nutupi rapêt, ngantos kalih jam dangunipun botên katularan mosterdgas.

Sandhangan wau namung dipun angge personeel ontsmettingsdienst lan personeel hulpdienst. Sandhangan karèt wau, sasampunipun kalih jam dipun angge lajêng dipun ontsmet (rêsiki) lan malih manawi tiyang ngantos kalih jam laminipun ngangge sandhangan karèt, wontên ing tanah bêntèr ngriki botên sagêd tahan. Topèng ingkang kenging mosterdgas ugi kêdah dipun ontsmet.

Dene topèng dipun angge manawi wontên mosterdgas, kangge anjagi sampun ngantos mripat, irung, cangkêm kalêbêtan gas wau ingkang sangêt andrawasi. Ihtiyar sanèsipun mriksanana bab mosterdgas.

Panganggenipun topèng

Topèng modhèlipun N.I. Leger bageanipun:

1. Topèngipun.

2. Pipa karèt ingkang sampun dipun tangsuli pati kalihan irung topèng.

3. Bumbungan saringan hawa. Sambungan bumbungan punika kalihan pipa karèt mawi slorogan, dados panyambungipun sagêd rikat.

4. Kanthongan, ingkang kangge wadhah bagage dados 2 kothakan. Kothakan kapisan kangge

--- 694 ---

wadhah topèng, kothak nomêr kalih kangge wadhah bumbungan saringan, ing ngriki ing ngandhap wontên bolonganipun ingkang dipun trancang kawat kangge margi hawa.

5. Ing ngiringan wontên kanthongan alit kangge wadhah gêndul saking sèng, punika wadhah campuran kaporiet lan magnesium poeder.

6. Ing tutupan kanthongan wontên sakipun isi tlêkêm wadhah sabun lan montên kangge ngrêsiki kaca mripat.

7. Kanthongan wau mawi cangklongan ingkang kenging dipun ulur lan dipun ungkrêt, lan mawi mata itik, punika kangge nyanthèlakên bênik kanthongan kuningan, manawi mangke kanthongan topèng badhe dipun angge ing ngajêng dhadha. (7a)

8. Kanthongan wau wontên sabukanipun kulit alit, prêlu manawi kanthongan dipun angge ing dhadha, sabuk dipun ubêdakên ing badan, supados sampun gandhul-gandhul manawi kangge tumungkul.

Badhe kasambêtan.

R. Pringgadiharja,

Leider gas sectie G.G.D. Bat.

LOTERIJ

Loterij agêng ingkang bêbathènipun badhe kangge Centraal Comite golongan angguran lan sanès-sanèsipun, sampun kagêbag nalika dintên Sênèn kêpêngkêr ing Bêtawi, angsal-angsalanipun kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

--- 695 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kêthoprak Darmamudha

II.

Garèng : Ora, Truk, kowe kuwi nèk ngomong ambok aja anggêre mêtu bae. Kayadene kowe ngunèkake sing main dadi: Pangeran Rôngga, pamaine jarene: pintêr, tandang, cikat, cêkak aos: nyênêngake. Ing wusana kok unèkake: ora cocog karo gêgambarane. Nyang Pangeran Rôngga kuwi mau, wong nonton, jalaran èlèking tingkahe, pancène kudu sêngit, malah padha sênêng. Kalane Pangeran Rôngga mati, wong nonton pancène wajib nyukurake, sabab sabanjure ora bisa gawe ala nyang wong, urip manèh, nanging wong nonton malah mrêbêm mêlês. Barêng aku kôndha: pancèn ora bisa maine, kowe pêthênthêngan ora olèh, kok kandhakake: maine mono pancèn pintêr têmênan. Anggone ora bisa cocog karo gêgambarane Pangeran Rôngga, kok kandhakake: dudu salahe sing dadi, nanging salahe Gusti Allah, dene dititahake dhèwèke ... ayu. Lho, kuwi karêpmu sing kêpiye.

Petruk : Wayah, Kang Garèng, anggonmu omong kuwi kathik wis nelad kêthoprak nganggo: sing kêpiye. Rungokna, Kang Garèng, tak wènèhi tuladhan liyane. Saupama wong kaya aku kiyi, pintêr anjogèd, pintêr nyang têmbang, nyang gêndhing, nyang irama, kathik kêpondhokan luwês: gandês, kèwês, sêdhêp, banjur main dadi wayang wong, mêsthine didadèkake apa-apa iya tèyèng, nanging apa iya cocog karo gêgambarane, saupama aku banjur dibênum dadi ... Sêmbadra upamane.

Garèng : Kiraku kok iya pantês bae, nanging iya Sêmbadraning ... unta. Le ora mèmpêr kowe kuwi. Ora, Truk, karêpmu kuwi kowe apa ora cocog, ananing lanang dimainake wong wadon kuwi.

Petruk : Tumraping tongtonan kêthoprak, lanang dimainake dening wong wadon, kuwi kadhang-kadhang malah apik, yakuwi kanggo anjupuk rupa lan suwarane, nanging iya kudu pilih-pilih. Kaya ta lanang sing mathuk dimainake dening wong wadon upamane: Damarwulan, Panji Asmarabangun, cêkake: iya sing alus-alus kae. Nanging yèn bangsane: Patih Lugêndèr, Ariya Panangsang, Pangeran Darpa, lan sapadhane, dimainake dening wong wadon, kuwi padhane aku didakèkake Sêmbadra, utawa kowe didadè- [didadè...]

--- 696 ---

[...-] kake ... Banowati. Mêsthine iya rada kithal, Kang Garèng.

Garèng : Ambok iya ora mathuk ngono bae, kathik wêrna-wêrna mêngkono. Ora, Truk, tak pikir-pikir, omongmu kuwi mula iya akèh bênêre, yèn didêlêng kumpule pamaine dadi siji, pancèn iya nyata, kurang urip, kurang ngês, kurang grêgêt. Nanging yèn didêlêng pamaine siji-sijine, rata-rata pancèn iya pintêr kabèh. Tumêkane saiki anggonku nonton wis kaping têlu, Truk. 1e. Lakon Pangeran Rôngga, 2e. Pangeran Sindurêja, lan 3e. Lakon Sultan Trênggana ing Dêmak.

[Grafik]

Petruk : Aku sêmono uga, Kang Garèng. Jalaran saka iku saiki padha cocog-cocogan, ngrêmbug pamaine pancèn kêna didêlêng.

Garèng : Iya, Truk. Kaya ta: 1e. Yaiku lakon Pangeran Rôngga, main dadi Sultan Mataram, 2e. Main dadi Pangeran Anyakrakusuma, adipati ing Sêmarang, kêng rakane Pangeran Sindurêja, lan 3e. Main dadi Pangeran Panuwun, ponakane Sultan Trênggana ing Dêmak. Sanadyan iki sing dadi wong wadon, molah-malih ambal kaping têlu, tur seje-seje lakon, nanging ora ana sing nyêngkal têlak, Truk, têgêse: têrus-têrusan apik, tur ora ngewak-ewakake turut gêgêr.

Petruk : Cocog, Kang Garèng. Banjur sing 1e dadi Pangeran Rôngga, 2e dadi: Pandhansari, putri jim, lan 3e dadi Pangeran Bagus putra sultan ing Dêmak, ing ngarêp wis tak kandhakake: pancèn iya kêna dipamèrake têmênan, main dadi wadon, ayu, main dadi lanang iya: ambraling.

Garèng : A-se-se, Truk. Banjur nalika 1e dadi Ratu Kidul, 2e dadi Dèwi Sulasmi, putra putrine Pangeran Anyakrakusuma, lan 3e dadi Dèwi Sraniati, garwane Pangeran Bagus, têrusan, thinik-thinik, ambalindrik dhuwa lolo, Kang Garèng.

Petruk : Salaman, Kang Garèng, salaman, cocog aku. Sing rada nganèh-anèhi ing kêthoprak Darmamudha iki, pamaine wadon kapintêrane kêna diunèkake racak, Kang Garèng, saiki main dadi wadon, sesuk dadi lanang, kok iya: blang gêdhung tak jêglong.

Garèng : Iki karêpe apa, ana kok: blang gêdhung tak jêglong.

Petruk : Iki anggambarake wong kang lagi anjogèd, banjur pacakgulu dawa, kathik prêg dibagong gêdhe, iki têmtu gawe marêm, Kang Garèng. Karêpe pamaine wadon-wadon mau,

--- 697 ---

gonta-ganti dadi lanang, dadi wadon, kok iya langganan gawe marêm bae.

Garèng : Yèn mêngkono mungguhing panêmumu, kasih tangan, Truk, kasih tangan, aku: mu-fa-kat. Saiki ngrêmbug pamaine lanang-lanang sing kêna dipamèrake têmênan, Truk, yaiku kang dadi nalika 1e Pangeran Juru Martani, 2e dadi Kyai Kramat, gurune Pangeran Anyakrakusuma, lan 3e dadi Sunan Kudus, iki pancèn jêmpol têmênan, iki maine urip têmênan, luwih-luwih yèn wis dadi Ariya Panangsang. Iki sing diarani cara Lônda: karakter acteur, yaiku pamain kang bisa anggambarake wêwatêkan warna-warna, saupama pamain gambar idhup, ya kae, lo: Emile Jannings.

Petruk : Akkur, Kang Garèng. Banjur nalikane lakon Sultan Trênggana ing Dêmak dadi Pangeran Sedalèpèn, kêng ramane Ariya Panangsang, yaiku anggambarake pangeran kang brangasan, ambêgsiya, lan thuk-mis, iki anggone main pancèn iya brêgas têmênan, Kang Garèng. Pamaine wong iki aku pancèn wis kêrêp wêruh, anggêre dikon ngemba wong sing brangasan, ambêgsiya, ugal-ugalan, lan sapadhane, pancèn iya jêmpol têmênan.

Garèng : A-min. Banjur sing dadi badhute, Truk, yaiku: Sastra Sandirana Sandirene, lan Slèngêr, loro-lorone kêna diunèkake: cucut, pintêr, irama, lucu, nanging ora anduwèni saru sathithik-thithika.

Petruk : Mulane rak iya bênêr, ta Kang Garèng, nèk tak unèkake: maine siji lan sijine pancèn iya apik, nanging nèk didêlêng kumpule dadi siji, hla iki isih ana kurange, yaiku kurang urip, kurang ngês, kurang grêgêt. Pranatane ing kono, mula iya: bagus, Kang Garèng, yaiku: ora tau gêlêm andêlêng nyang wong nonton, nanging tansah ngêmên-êmênake anggone main. Nanging ana cacade siji, yaiku: sing main nyang para nonton, kêrêp ngadhêpake ... bokonge, iki nèk cara Lônda jarene sêmbrana, Kang Garèng.

[Iklan]

Garèng : Suwe-suwene mêsthi bakal bisa diowah, Truk. Banjur kowe aja lali gamêlane, Truk, cêkake liyêr-liyêr têmênan.

Petruk : Kaya-kaya wis cukup samene dhisik anggone ngrêmbug anane kêthoprak Darmamudha, nèk prêlu ing besuk dirêmbug manèh, Kang Garèng.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2504 ing Tarakan. Botên.

Lêngganan nomêr 4980 ing Losukun. Lêngganan kapetang wiwit ½-38. Botên angsal bêbingah.

Lêngganan nomêr 4226 ing Ambulu. Botên sade.

--- 698 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Balanja mirunggan ing pabrik Majaagung. Wontên wartos bilih punggawa pabrik gêndhis Majaagung, Mojokêrto, badhe angsal blanja mirunggan satêngah wulan.

Jamur mawa racun. Wontên têtiyang ing Pondhokmangka, Banyuwangi, nama Somedjo dhatêng saking kêbon ambêkta jamur agêng-agêng, sarêng dipun olah saha katêdha, ing ngriku botên dangu lajêng nuntak-nuntak rah, ngantos tigang dintên sawêg sagêd saras.

Ajudantdalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ingkang enggal. Sakèndêlipun ajudantdalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, Tuwan W.F. van Vreeswijk, ingkang anggêntosi eerste luitenant ter zee G.N.T. Baron van Till.

Sami kaukum jalaran babagan jampi ingkang dados awisanipun Nagari. Pangadilan Landraad ing Bêtawi mêntas ngrampungi prakawisipun bangsa Tionghwa cacah 8, sami kadakwa kanggenan jampi ingkang dados awisaning Nagari. Têtiyang wau sami kaukum 2 dumugi 5 wulan.

Pabrik agêr-agêr. Ingajêng sampun kawartosakên, ing Kudus wontên ingkang ngêdêgakên pabrik agêr-agêr. Ing sapunika wontên wartos, Ijs-Maatschappij Petodjo ing Bêtawi ugi badhe ngêdêgakên pabrik agêr-agêr.

Sanatorium t.b.c. Miturut wartos, ing taun punika ing tanah Jawi badhe dipun dêgi sanatorium, tumrap Jawi-Wetan ing Kalisat, sacêlakipun Jêmbêr tuwin ing Madiun. Tumrap Jawi-Têngah, ing Ngayogya tuwin sanès panggenan ingkang dèrèng dipun tamtokakên. Tumrap Jawi-Kilèn sagêd ugi ing Cirêbon tuwin Bandhung.

Pakêmpalan ingkang angsal rechtspersoon. Pakêmpalan cooperatie nyèlèngi tuwin bank Marsudi Indhaking Têntrêm Rahayuning Anggota Walikukun ingkang dipun dêgakên kala tanggal 1 Mèi 1937, sampun angsal Inl. Rechtspersoon katitimangsan tanggal kaping 4 Mèi 1938 No. 501.

Mèngêti adêging pabrik sampun 100 taun. Kala tanggal 21 wulan Mèi ing pabrik gêndhis Balongbêndho, Mojokêrto, kawontênakên pèngêtan adêging pabrik sampun 100 taun.

Centraal Comite voor Steun aan Werkloozen. Dumugining tanggal 30 April kêpêngkêr Centraal Comite voor Steun aan Werkloozen tampi darma arta kathahipun f 433.025.52.

Dayaning radhio sagêd suka pitulungan dhatêng tiyang sakit rêkaos. Pangintun radhio saking Bandhung kala ing dintên Ngahad kêpêngkêr ngintunakên wartos bilih satunggiling dhoktêr ing Borromues Ziekenhuis, nêdha pitulungan dhatêng lare-lare ingkang purun kapêndhêt rahipun pêrlu kangge ngêjogi rahipun satunggiling nonah ingkang sampun sakit rêkaos. Botên lêt dangu wontên neneman dhatêng panggenaning dhoktêr ingkang nêdha tulung wau, botên dangu wontên malih neneman gangsal, mênggah sêdyanipun purun dipun pêndhêt rahipun kangge mitulungi nonah ingkang sakit wau. Kêlampahan salah satunggiling neneman wau wontên ingkang kêpilih, lajêng kapêndhêt rahipun kangge ngêjogi rah dhatêng badaning nonah wau, saha salajêngipun sagêd mitulungi.

Sumbangan têtingalan saking Kutei. Benjing dhawahing paargyan mèngêti adêging nagari Surakarta sampun 200 taun, panjênênganipun Sultan ing Kutei badhe nyumbang têtingalan bêksa Dhayak Kênyah.

Quarantine kewan. Ing taun punika ing Tanjung Priok dipun êdêgi quarantine kewan. Pêrlunipun kangge anjagi lêbêting kewan saking sanès panggenan dhatêng Sumatra Pasisir Kidul. Wontênipun katindakakên makatên, amargi tumrap kewan ingkang kadhatêngakên ing Sumatra wau asli pêndhêtan saking kapuloan Sundha alit, ingkang ing nagari ngriku botên wontên sêsakitipun kewan, mangka wontênipun ing Tanjung Priok, kewan-kewan wau dipun êmor kemawon kalihan kewan ingkang asli saking sanès panggenan. Ingkang makatên punika sagêd anjalari tumularing sêsakit dhatêng kewan ingkang kalêbêtakên dhatêng Sumatra.

[Iklan]

Utusan Nata Surakarta dhatêng nagari Walandi. Miturut wartos, benjing pèngêtan jumênêngan Nata nagari Walandi 40 taun, Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana badhe utusan putradalêm kêkalih, ingkang sami wontên nagari Walandi. Satunggal B.K.P.H. Hadinagoro, wontên ing Delft, kalih B.K.P.H. Notokoesoemo, wontên ing Wageningen.

Pamulangan luhur Doktêr. Lulus doctoraalexamen perangan kaping kalih, nonah R. Oetjoe Roebaan tuwin tuwan-tuwan Athos, Kwee Tat Tjhong, W.J.L. Mreijen, Tan Ing Djiang tuwin Tio Sie Bing. Lulus dados arts, tuwan-tuwan R. Oetoro tuwin M. Martono.

Benggol durjana pasrah. Benggoling durjana nama Moerdan, ingkang misuwur, pasrah badan dhatêng pulisi ing Cikarang, saha lajêng angakêni ing kalêpatanipun. Durjana wau nate anglampahi kadurjanan ngoyok ing griyanipun Kaji Djasmin ing Mr. Cornelis kala taun 1937. Ing salajêngipun kanca-kancanipun cacah 5 sampun sami dipun cêpêngi ing pulisi. Kajawi kadurjanan ing ngriku wau, Moerdan ugi ngakên nate nglampahi ngoyok wontên ing Bêkasi.

Pêpanggihan mèngêti anggèning tilar donya Dr. Soetomo. Kala malêm tanggal 1 wulan punika ing gêdhong Pêrmufakatan Indonesia ing Gang Kênari, Bêtawi, kawontênakên pêpanggihaning para pangajêng Parindra tuwin pakêmpalan sanès-sanèsipun, kirang langkung wontên tiyang 500. Kawigatosaning pêpanggihan wau sami ngatingalakên anggènipun sami bela sungkawa anggèning tilar donya Dr. Soetomo.

Dr. Lie Tjien Tjong. Wontên wartos, Dr. Lie Tjien Tjong, asli wêdalan saking Stovit ing Surabaya, satamatipun saking ngriku anglajêngakên pasinaonipun dhatêng Jerman saha sagêd lulus kanthi cumlaude wontên pamulangan ing Bonn. Ing sapunika Dr. Lie Tjien Tjong sampun wangsul dhatêng tanah ngriki manggèn ing Surabaya.

Lulus saking A.M.S. afd. B ing Bêtawi. Pandadaran ing A.M.S. afd B ing Bêtawi ingkang wêkasan, ingkang nêmpuh wontên 12, ingkang lulus: Achman Soelitman, Arthono, Aploes, Mansoer, Oeben Oesman, Mohamad Isakertasentana, Taliboel Arifin tuwin Tan Koei Sing.

Lêbêtan wadyabala. Ing wulan April kêpêngkêr wontên lêbêtan wadyabala tumrap bangsa Eropa, pados tiyang 63, kangge wadya cavalene 2, artillerie 30, genie 16 tuwin griya sakit 15. Cacahipun tiyang ingkang nglêbêti wontên 109, ingkang botên nglajêngakên 1, dados kantun 108 ingkang kêdah kapriksa. Salajêngipun ingkang botên kangge wontên 59, dados ingkang katampèn namung 49, dados wadya artillerie 21, genie 14 tuwin griya sakit 14.

Pamulangan luhur Islam. Ing bab badhe adêging Pamulangan luhur Islam kados ingkang sampun nate kawartosakên, punika pangajaranipun, miturut rancangan ing bab jêmbar saha lêbêting agami Islam, kajawi punika ugi dipun wulang ing bab agami sanès-sanèsipun, ing bab agami Indhu badhe gêgayutan kalihan kabudidayan ing tanah ngriki. Guru-gurunipun mêndhêt ingkang sampun umur-umuran 25 dumugi 70 taun, tumrap ingkang nama docent, dipun têtêpakên dening pamulangan, dene lector ingkang majêng jalaran saking kajêngipun piyambak. Nanging golongan kalih warni sami nêtêpakên ing bab tatananing wulangan.

Examen ing Voortgezet Meisjesonderwijs ing Kêbonsirih Bêtawi. Lulus ing babagan Frobelonderwijs, Th. B.N. Nyheim, E. Jacobs, C.H. Veerkamp, The Laura, M.R. Artiwi Ardjo, Nji M. Djoehariah, R. Nirwani Winangoen, R.R. Srimoeljati, Joh. Datoek Toemênggoeng, Soelasikin, E. Loembantobing, Rêsminah, Hamsah, Mariam. Lulus tumrap kantordiploma. A.M. Chatelin, N.M. Ompi.

Internationale Congres voor Tropische Geneeskunde en Malaria. Miturut sêrat kêkancingan saking Parentah, benjing congres kados ingkang kasêbut inginggil ing Amsterdam, Parentah miji dokter-dokter ing tanah ngriki anjênêngi congres wau, tumrap dokter babagan sêsakit malaria, ingkang kapiji Dr. R. Soesilo, insperteur D.V.D. ing Palembang, ingajêng dados pangagênging nanggulangi sêsakit malaria ing tanah ngriki.

--- 699 ---

Bab êmas ing Soreang. Ingajêng wontên wartos bilih têtiyang ing bawah Soreang sami gadhah atur dhatêng ingkang Bupati ing Bandhung, ing bab anggènipun dipun pakèwêt dening ingkang gadhah panêdha badhe ambikak kabudidayan ingriku. Ing sapunika wontên wartos bilih ingkang majibi papan ingriku wau botên badhe mambêngi anggèning têtiyang ingriku sami badhe pados êmas ing lèpèn, malah sanadyan padosa ing sabin pisan inggih kenging kemawon, nanging mawi prajanjian, sampun ngantos ing têmbe wingking wontên rêraosan kawratan samangsa kabudidayan wau sampun tumindak ing damêl.

Militèr campuh kalihan gajah. Kawartosakên, satunggiling patrouille ing Medan ingkang dipun tindhihi dening sêrsan Blomont, nalika lampahipun dumugi ing sakidulipun Namuungas, bawah Tanjungpura, kapapag grombolan gajah cacah 15, wontên satunggal ingkang pêthak. Nalika gajah-gajah wau sumêrêp wontên tiyang lajêng sami mêncar, nanging botên dangu ingkang 6 wangsul saha lajêng nêmpuh. Militèr wau lajêng nanggulangi mawi sanjata, gajah wontên tiga ingkang pêjah, tuwin natoni gajah pintên-pintên, salajêngipun gajah-gajah sanèsipun, kalêbêt ingkang pêthak, sami lumajêng. Golongan militèr wilujêng. Enjingipun golongan militèr wau nglajêngakên nglacak dhatêng puruging gajah. Kacariyos gajah-gajah wau wontênipun ingriku tansah ngrêrisak.

Pakêmpalan enggal. Kawartosakên, ing Bandhung wontên pakêmpalan enggal nama Indische Algemeen Democratische Partij. Sasampunipun ngadêg pakêmpalan wau, ing pundi-pundi inggih badhe dipun adani makatên.

Bestuur ing Nieuw Guinea enggal. Ing wêkdal punika ing Nieuw Guinea sawêg kawontênakên paniti papan panggenan ingkang badhe dipun dèkèki bestuur enggal, dene ingkang dipun pilih ing Wiiel tuwin papan panggenan ing sakubênging tlaga Panai, ingkang inggilipun wontên 2500 m saking lumahing sagantên. Kala tanggal 15 Mèi kêpêngkêr sampun wontên lampah golongan ingkang dipun tindhihi Tuwan Van Eechoud kanthi tiyang 50. Ing lampah golongan wau wontên juru ngupakara tiyang sakit 2, tiyang babagan têtanèn 1 tuwin satunggal malih tumrap babagan paprentahan tuwin panyathêt cacah jiwa tumrap bangsa Papuwa ing tanah ngriku, tuwin wontên malih marconist, pirantos kangge kintun wartos lumantar radio. Lampah wau kintên-kintên dangunipun 6 wulan.

Lindhu ing Selebes. Sasampunipun wontên lindhu ing Selebes, ing papan ingkang wontên lindhu ing sabên-sabên taksih asring kêraos wontên lindhu. Miturut papriksan, karisakanipun kalangkung agêng, mèh sabên griya sami ambruk. Kapitunanipun pintên, dèrèng sagêd kasumêrêpan. Papan ingkang kêtênggêl sangêt punika pinanggih ing pasisir.

Mr. Hapsara Wresniwira wontên ing Hollywood. Mr. R.M. Hapsoro Wresniwiro, putranipun B.K.P.H. Hadiwidjojo ing Surakarta ingkang nêmbe tamat saking nagari Walandi, satamatipun saking sinau lajêng lêlana anjajah nagari, ing sapunika wontên ing Hollywood. Dene dumuginipun Surakarta dèrèng wontên wartosipun ingkang têtêp, amargi anggènipun lêlana wau sampun têrang saking ingkang rama tuwin Sampeyandalêm Ingkang Wicaksana.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, R. Soegiarto, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing stadspolitie ing Kudus, paresidhenan Japara-Rêmbang, dados asistèn wêdana paresidhenan Kêdhu.

Inggah-inggahan guru. Kawrat kêkancingan saking Bupati ing Nganjuk, Moertidjo al. Daroeworo, guru bantu ing vervolgschool Karangsari, dados kêpala guru ing vervolgschool Warujayeng.

Srutu tuwin sata ingkang dipun sês têtiyang ing tanah ngriki. Srutu ingkang dipun sês têtiyang ing tanah ngriki ing taun 1928 wontên 1267 yuta iji, ing taun 1937 wontên 1499 yuta iji. Sigarèt ing taun 1928 wontên 2791 yuta iji, 1937 wontên 4349 yuta iji. Dene sata ing taun 1932 13 yuta kg, 1934 10.5 yuta kg, saha ing taun 1937 wontên 11 yuta kg.

Mriksa barang kina. Utusanipun ingkang wajib para neneman wêdalan saking A.M.S. ingkang nitipriksa bab barang-barang kina, tumrap ingkang mriksa wontên ing Purwokêrto sampun tumindak malêbêt ing dhusun ngadhusun, ingriku sawêg mrangguli bangsaning goci kina, saha sampun kakintunakên dhatêng Bêtawi. Mirid kawontênan ingriku punika kathah barang-barangipun kina.

Boyongan golongan pangajaran. Miturut wartos sampun wontên golongan pangajaran ingkang bidhal dhatêng papan paboyongan ing Lampung, cacah 20. Cacah samantên wau saking Cilacap 3, saking Kutoarjo 1, Ngayogya 1, Klathèn 3, Surakarta 1, Ngawi 1, Walikukun 1, Pacitan 1, Nganjuk 1, Kêrtosono 1, Trênggalèk 3, Kêdhiri 1, Blitar 1, Surabaya 1. Sadaya wau kanthi têtindhih satunggal, tuwin sabên tiyang boyongan tunggal angsal tiyang tani 5 sakulawarganipun. Têtiyang sadaya wau badhe angsal panduman siti kangge pakarangan tuwin sabin. Dados gunggunging têtiyang ingkang boyongan wau sadaya wontên 378. Mênggah rantamaning waragad wontên f 14.000.-. Para mudha pangajaran wau ingajêng sampun sami angsal wulangan saking Malang laminipun 2 taun.

Murid-murid pamulangan mêmêngsahan. Ing Bandhung mêntas wontên murid-murid pamulangan mêmêngsahan ngantos mèh dados ramèn-ramèn yêktos. Ing sakawit wontên lare Ambon murid pamulangan ambacht ing Bandhung pasulayan kalihan murid Walandi ing pamulangan Cimahi, jalaranipun namung prakawis rèmèh kemawon, sabên kêpêthuk lajêng badhe kêrêngan, nanging tansah kenging dipun pisah ing tiyang ingkang sumêrêp. Wusana murid ing Cimahi wau lajêng ajak-ajak kancanipun ngantos lare 200 sami dipun jak nglurugi dhatêng sêkolahaning murid lare Ambon wau. Nanging lajêng sande, malah salajêngipun lajêng dipun cêgah ing polisi.

Ilèn-ilèn toya dhatêng pasabinan. Provinciale Waterstaat ing Bandhung, panggaraping bêndungan ing Cikêmbu badhe rampung wontên ing taun punika. Manawi sampun rampung, bêndungan wau badhe sagêd ngoncori pasabinan 1260 bau. Ingajêng pasabinan ingriku punika ingkang 930 bau namung tadhahan kemawon.

Directeur Justitie. Miturut wartos, Mr. K.L.J. Enthoven, sawangsulipun saking verlof, katêtêpakên dados directeur Justitie malih.

Papriksan t.b.c. Pamulangan-pamulangan ing Karanganyar mêntas kawontênakên papriksan sêsakit t.b.c. ingkang dipun priksa wontên tiyang 28. Cacah samantên wau ingkang dipun priksa idunipun wontên 7.

NAGARI WALANDI

Babagan lampah anggêgana. Ministêr Waterstaat andhawuhakên dhatêng Tuwan C.H.E. Van Eden der Pals, directeur Pakaryan gêgana, supados ing salêbêtipun wulan Juni punika dhatêng tanah Indiya numpak motor mabur K.L.M. pêrlu ngawontênakên papriksan tuwin sagêd gêgayutan rêmbag kalihan para pangajênging lampah anggêgana ing tanah Indiya.

Radio babagan bal-balan saking nagari Walandi. Benjing tanggal 5 wulan punika wanci jam 5 dumugi jam 7.20 sontên, miturut pêpetangan ing nagari Walandi badhe wontên kintunan radio golflengte 19.71 tuwin 25.57 m, ngandharakên ing bab têtandhingan bal sawung Hongariye kalihan sawung saking tanah Indiya.

EROPA

Kapitunan Italie salêbêtipun paprangan Spanyol. Miturut wartos, saha ingkang sampun dipun umumakên, ing salêbêtipun paprangan Spanyol punika Italie wontên upsir tuwin saradhadhu ingkang tiwas 717, ingkang kêtaton wontên 2512, ingkang dipun tawan tuwin ical wontên 16.

Rêbatan têlênging panggenan lestrik. Miturut wartos saking Spanyol, wadya republiek ngrosani panêmpuhipun dhatêng papan panggenaning lestrik, ngantos sapêkên tanpa damêl, amargi lestrik wau ingkang langkung migunani tumrap kitha Barcelona. Ingriku lajêng campuh sakalangkung rame. Wadya republiek kasoran, ingkang kêplajêng wontên tiyang 25.000.

ASIA

Nêmpuh ing Canton. Miturut wartos, nalika Jêpan nêmpuh saking gêgana ing Caton, adamêl tiwasing tiyang 500 tuwin 900 nandhang tatu, sadaya jalaran saking dipun dhawahi bom.

Lindhu ing Jêpan. Kala tanggal 29 Mèi wanci enjing ing laladan dhistrik Kushiro tuwuh lindhu, adamêl karisakan agêng. Jêndhela-jêndhela kathah ingkang pêcah. Ing Teshikaga kathah margi sêpur ingkang risak.

Sêsakit cholera ing tanah Indhu. Ing wêkdal punika ing tanah Indhu tuwuh sêsakil cholera, miturut palapuran, ing salêbêtipun nêm minggu wontênipun tiyang ingkang tiwas 3500, tuwuhing sêsakit tumular dhatêng pundi-pundi. Ingkang sampun cêtha kêtrajang wontên tiyang 7000.

--- 700 ---

Wêwaosan

II. Pêjahipun Wasili.

80

Ing tlaga Ilmên, wontên baita agêng ginarubyug ing baita alit-alit, pêpindhanipun kadosdene banyak lêlangèn dipun tut ing anak-anakipun. Mênggah baita-baita wau, baitanipun Wasili dalah andhahanipun. Ing salêbêtipun kapal ingkang agêng piyambak ing kala punika katingal Wasili mlampah wongsal-wangsul wontên ing êdhèk. Rainipun anjêngkêrut ing sêmu kadosdene sawêg kathah ingkang kamanah.

Ing wêkdal punika sampun kalampahan pintên-pintên taun laminipun anggèning Wasili soroh amuk anêlukakên têtiyang ing Nopgorod, ingkang anjalari piyambakipun lajêng anguwaosi ing kitha wau. Nanging bawanipun Wasili punika sajatosipun trahing prajurit, inggih lajêng botên sagêd manawi namung kapurih kèndêl mukti wibawa kemawon. Langkung malih sarêng mirêng pawartos saking para sudagar sugih-sugih, ingkang sampun sami anjajah ing pundi-pundi, ingkang sami nyariyosakên kawontênanipun ing tanah-tanah sisih kidul tuwin wetan, punapa malih wontênipun tanah-tanah ing sisih lèr, ingkang kathah sato-kewanipun mawarni-warni, kados ta: kidang, mênjangan, bruwang lan sasaminipun, salajêngipun Wasili inggih nuntên enggal-enggal nêdya nilar praja, prêlu aningali kawontênanipun tanah-tanah mônca wau. Makatên kalampahan, ing satunggiling dintên Wasili dalah andhahanipun sarana numpak baita pintên-pintên bidhal saking praja, prêlu nêdya anjajah ing môncapraja. Pintên-pintên nagari ingkang dipun ambah, pintên-pintên bètènging bôngsa Pin utawi bôngsa Mongul ingkang sami karêbat sarana pêrang, ingkang salajêngipun têtiyang ing ngriku dipun kengingakên paos ingkang awrat. Manawi baita-baitanipun sampun kêbak barang-barang jarahan, lajêng wangsul sakêdhap dhatêng Nopgorod. Wontên ing ngriku botên sanès padamêlanipun, ngêmungakên sênêng-sênêng, nêdha lan minum, tuwin tindak sanèsipun ingkang kirang prayogi. Ingkang makatên wau sampun tamtu adamêl saya sêngitipun têtiyang ing Nopgorod dhatêng Wasili saandhahanipun. Limrahipun manawi sampun katog anggèning nguja hawa nêpsunipun wau, lajêng bidhal malih ngupados sênênging manah. Baita-baitanipun Wasili wau lajêng lêlayaran ing lèpèn-lèpèn ing Ruslan ingkang agêng-agêng. Sarana tindak ingkang makatên wau, Wasili saandhahanipun prasasat anjajah ing saindênging laladan praja Ruslan. Kadhang-kadhang baita-baitanipun wau ugi sok katingal wontên ing samodra Kaspi, dene ing samargi-margi Wasili dalah andhahanipun, padamêlanipun botên sanès kajawi sênêng-sênêng sarta nêluk-nêlukakên nagari-nagari ingkang sami dipun langkungi.

Dene ingkang badhe kacariyosakên ing samangke punika, anggèning Wasili dalah andhahanipun badhe wangsul dhatêng Nopgorod malih. Sasampunipun pintên-pintên taun laminipun anjajah ing môncapraja, anêlukakên bôngsa pintên-pintên. Kajawi punika kathahing kitha utawi bètèng, ingkang dipun damêl karang abang, jalaran botên purun manut miturut punapa ingkang dados pikajênganipun Wasili, punika prasasat tanpa wicalan. Ewasamantên, sanadyan wangsulipun dhatêng Nopgorod punika sarana ambêkta barang-barang jarahan ingkang sakalangkung kathah, nanging ing sêmu Wasili katingal wontên ing salêbêting sungkawa. Para andhahanipun, malah ugi para putri boyongan ingkang sami endah warninipun, sadaya sami nyobi nglêlipur manahipun, nanging tanpa damêl. Wasili katingal bilih taksih tansah nandhang susah kemawon.

Badhe kasambêtan.

Wangsulan Redhaksi

Tuwan S. Mandhiraja. Karangan kados makatên punika mapanipun kapacak wontên ing ariwarti.

Tuwan S.G.H. ing Kroya. Bab makatên punika panjênêngan prayogi pados katrangan dhatêng priyantun ingkang langkung cêlak.

K. 3130 ing Jalinan. Karangan ingkang kados makatên punika sampun kêrêp kapacak ing ariwarti.

Tuwan Dj. W. ing Ngayogyakarta. Babagan makatên punika kamanah sampun kêlimrah. Panjurung ingkang sae badhe kapacak, migatosna bab karangan rumiyin.

K. 4590 ing Kêdhiri. Pujangga baru mêdalipun sabên wulan, rêginipun tigang wulan f 0.75. Waosan Jawi Rama, Mintaraga, Bratayuda tuwin Arjunasasra, sami gancaran, Malayu Pelangi I, II. Kidung Sundayana, sadaya Bale Pustaka sade. Rêgining Panji Pustaka tuwin Kajawèn têtêp.

Tuwan S. ing Batang. Karangan panjênêngan nêngsêmakên, nanging sarèhning babagan makatên wau golongan pangothak-athik tuwin kathah ingkang sampun mangrêtos, botên kapacak. Sampun cuwa ing panggalih, nuwun.

--- 89 ---

No. 23, 4 Juni 1938 Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI: BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM, RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

PUTRANING RATU LAN PANGON BÈBÈK

Pirang-pirang taun kang wus kêpungkur, ing nagara adoh saka kene, ana bocah lanang loro, kang rupane padha kaya dene jambe sinigar. Karo-karone padha gêdhene, mripate padha irênge sarta rambute padha dene ngandhan-andhan. Ananging ... mêksa ana bêdane, mangka akèh bangêt, yaiku sing siji putraning ratu, dene sijine pangon bèbèk. Sabên esuk, yèn rajaputra mau wis busana, agêm-agêmane sarwa endah, lan jumênêng ing ngarêp jandhela, amriksani marang jaba, panjênêngane mêsthi priksa pangon bèbèk mau liwat karo anggawa sulak lan ing ngarêpe bèbèk pirang-pirang pating kruwèk. Ciptane rajaputra mau: ''Takkira, sing urip kêpenak dhewe kuwi dadi pangon bèbèk. Sadina muput ana ing jaba, ing ratan-ratan lan ara-ara. Bisa golèk pring kanggo gawe suling lan bisa sulingan sasêrune. Bisa lunga nyang ngêndi-êndi, bali nyang ngomah sawayah-wayah, pagawean kang gampang dhewe ing saindênging jagad. Ngêtutake bèbèk sarta anjaga aja nganti padha ilang, wèh, gampang bangêt.

Kocapa pangon bèbèk ngira, yèn ora ana wong mulya kaya rajaputra. Manggon nang kraton, akèh undhak-undhakane kêna kanggo plorodan, kamare jêmbar-jêmbar. Ana sing olah-olah kang pintêr, ana abdine kang tukang nêbahi paturone. Kasure iya êmpuk. Lan wis mêsthi bae putraning raja ora duwe pagawean apa-apa, gawene mung dolan karo dolanan kang apik-apik. Dadi putraning raja kuwi ayake anggone mapan turu ya nèk wis ngantuk." Mêngkono pamikire pangon bèbèk. Dadi rajaputra kêpengin dadi pangon bèbèk, lan pangon bèbèk kêpengin dadi putraning raja.

Anuju sawijining esuk barêng pangon bèbèk liwat nêdya angon bèbèke, rajaputra nuli miyos saka palênggahane murugi pangon bèbèk sarta andangu nyang pangon bèbèk, apa dhèwèke gêlêm ijolan. Wangsulane pangon bèbèk karo gumun: ''Wah inggih kêlêrêsan!''

Bocah loro nuli padha ijolan panganggo. Lan nyata, ora kêtara babarpisan, yèn pangon bèbèk saiki, sing dadi putraning raja, lan putraning raja saiki, maune pangon bèbèk, jalaran mau wis dakkandhakake, rupane kaya jambe sinigar.

Ature pangon bèbèk nyang rajaputra mau: ''Punika sulakipun, kêdah ngatos-atos, sampun ngantos wontên ingkang kesah, mangke mindhak dipun paibên kalihan ingkang gadhah.''

Rajaputra andhawuhi marang pangon bèbèk: ''Awas, untumu kudu rêsik, tanganmu uga, lan kowe kudu apal nyang pasinaon.''

Mêngkono bocah loro wis padha kalêksanan kêkarêpane. Ing sakawit rajaputra mau sênêng bangêt angon bèbèk. Ananging ... suwe-suwe kok ora gampang. Ana sawênèhing bèbèk tansah arêp lunga, lan bèbèk liyane uga arêp milu. Sang rajaputra namakake sulake lirih, ananging barêng bèbèke ora manut, tansah arêp mbêdhal-mbêdhal, sang rajaputra ora sabar manèh, bèbèk digêbug sêru, nuli mabur, diêtutake kancane. Sang rajaputra

--- 90 ---

banjur judhêg panggalihe. Bèbèk-bèbèk dikumpulake, nanging sing digitik mau ora mulih. Sadina muput tansah anggolèki bèbèk kang ilang mau, nanging mêksa ora kêtêmu. Barêng sore wis krasa sayah, nuli kondur nyang omahe sing duwe bèbèk. Satêkane ing kono, disrêngêni akèh-akèh, jalaran ngilangake bèbèk siji. Minangka paukuman panjênêngane ora kêna dhahar, kudu têrus mapan sare. Mêngkono uga pangon bèbèk sing nggêntèni dadi rajaputra, dhèwèke pinaringan duka, jalaran kukune irêng, tangane rêgêd lan barêng diwulang maca, babar pisan ora bisa apa-apa, ya wong pancène durung tau sêkolah. Gurune nuli matur nyang Sang Ratu, yèn putrane ora ngapalake pasinaone. Dhawuh pangandikane Sang Ratu: ''Minangka paukuman, dhèwèke ora susah diwènèhi mangan, kudu têrus mapan turu.''

Esuke pangon bèbèk ngadêg ing ngarêp jandhela, mripate abang jalaran saka nangis. Ora antara suwe Sang rajaputra langkung angon bèbèke, sêmune susah bangêt. Pangon bèbèk nuli marani, saka kadohan wis bêngok-bêngok: ''Gusti, sampun ah, botên susah lintonan.''

Wangsulane Sang rajaputra: ''Iya kêbênêran.'' Pangon bèbèk: ''Kadospundi Gusti, punapa sênêng angèn kambangan punika?''

Wangsulane: ''O, babar pisan ora. Aku wingi ngilangake bèbèk, banjur ora diwènèhi mangan.''

Pangon bèbèk calathu karo ngguyu: ''Ananging kula aluwung dados pangèn kambangan katimbang dados putraning Ratu. Kalawingi kula botên sagêd maos lan etang lajêng pun ukum, botên pun paringi têdha. Wah, sampun, botên kêpengin dados rajaputra malih.''

B.M.

PANGADILAN KANG PATITIS

Ing sawijining desa ana wong loro kang omahe jèjèr tunggal pagêr. Kang siji aran si Amir, sijine aran si Abas. Si Amir duwe ingon-ingon kêbo lanang siji, ulêse bule, dene si Abas uga duwe kêbo wadon siji, ulêsing wulune kaya salumrahe kêbo.

Anuju sawijining dina, kêbone si Abas mau manak lanang lan wulune putih (bule) kayadene kêbone si Amir. Amir barêng wêruh, yèn kêbone si Abas manak bule, banjur têka nyang omahe si Abas, pêrlu anjaluk gudèle, awit pangrasane gudèl mau mêsthi duwèke, katandha saka wulune putih kayadene kêbone dhewe. Nanging si Abas ora awèh, nganti padha rêgêjêgan, wêkasane wong loro mau têrus lapur mênyang nagara milungguhake pêrkarane.

Tumêkaning papriksan jaksa bangêt bingunge, mikir anggone bakal ngrampungi prakarane si Amir lan si Abas mau. Nanging ora suwe jaksa nêmu akal lan banjur ngandika mangkene: ''Aja dadi gêlaning pamikirmu sakloron yèn saiki aku durung bisa ngrampungi pêrkaramu, awit dina iki awakku isih lara lan anjarêm bangêt, marga mau bêngi mêntas manak, mulane saiki bêcik padha muliha bae dhisik.

Si Amir saking gumune krungu ngandikane jaksa mau, tanpa dipikir têrus matur mangkene: ''Punapa inggih ndara, kok mokal wontên priyantun kakung kok mbabar, sajêg kula gêsang kok dèrèng sumêrêp.

Wangsulane jaksa: ''Dadi kowe ora ngandêl têmênan yèn aku mêntas manak?''

Wangsulane: ''Inggih saèstu botên pitados, ndara.''

Dhawuh ngandikane jaksa: ''La yèn kowe ora ngandêl, iku pancèn ana bênêre, dadi yèn mêngkono wis têtela bangêt yèn gudèl kang dadi prakara mau, ya wis gênah yèn duwèke si Abas, awit sing manak ya kêbone si Abas.

Si Lantarsih, Tolan.

WIS PINTÊR ADUS DHEWE!

Si Harno, yèn adus karêpe êmoh diêdusi, arêp adus dhewe, sabunan iya sabunan dhewe, yèn nyêmplung nyang èmbèr, dicêkêli bae iya ora gêlêm, calathune: ''Ah, ibu, aku wis gêdhe, kok, wis bisa dhewe. Sesuk aku êmoh adus nang èmbèr, arêp adus nang kulah, kaya ibu.

[Grafik]

B.M.

--- 91 ---

BADMINTON

Sêdulur-sêdulurku lanang lan wadon, coba sawangên, kang kacêtha ing gambar iki, pakumpulan badminton ing Kauman Purworêjo, kang diarani ''S.I.A.M.'', cêkakan saka asmane kang padha ambangun, yaiku: ''Soemarto-Islam-Amir-Moefti" lan uga atêgês: "Saras Iku Agawe Mulya."

[Grafik]

Priyayi putri kang ngasta bèkêr iku Mevr. Amir, kampiun badminton putri ing Purworêjo. Nganti titi mangsane dina iki durung ana sing ngalahake. Bèkêr kang diasta iku entuke nalika diêdu ana ing kêramean.

Ibu lan bapakku iya kampiun, nanging salawase lagi mênang sapisan, nalika dimungsuhake karo sadhèrèke dhewe, bapak Koesnadi sêkalihan kang ana ing Kêbumèn, jalaran ibu bapak kampiun kalahan.

Aku dhewe lan adhi-adhiku papat, uga milu kagambar. Mara bêdhèkên, êndi gambarku? Aku iya sok badminton karo kanca-kancaku, kang digambar padha lungguh.

Apa kowe iya sok padha badminton?

Margiono, Purworêjo.

TUKANG SÊPATU KANG PINTÊR

Kacarita ing jaman kuna ana sawijining buta kang manggon ing pagunungan. Ki buta watake ala, gawene ngrêrusak desa-desa kang panggonane ora adoh saka kono. Wus pirang-pirang desa kang suwung ora ana wonge kang dêdunung.

Kocapa ora adoh saka pagunungan mau ana kuthane, kang wonge padha guyup-rukun lan kêndêl. Sabab saka iku buta ora bisa nglawan nganti mênang. Buta kêmropok, lan banjur golèk akal bisane nglêbur kutha mau. Kutha mau dununge ana pinggir kali. Kali iki tuke saka pagunungan panggonane buta mau. Buta banjur nyipta mangkene: ''Kali iki dakbêndunge ing sandhuwure kutha. Banyune bèn mbludag. La kuthane mêsthi bakal kêlêban, wong-wonge padha mati.''

Kanthi bungahing ati buta lunga, karo anggawa karung gêdhe kaisenan lêmah. Lungane mênyang kutha mau, dilalah kêrsaning Allah buta mau kêsasar kelangan lari. Nganti suwe ora katon-katon kuthane. Mangka gawane abot tur panase sumêlèt. Kêbênêran kêpêthukan tukang sêpatu kang têka saka kutha, nggawa kanthong isi sêpatu rusak pirang-pirang. Ora sranta takon: ''E, wong cilik, kuthane apa isih adoh?''

Tukang sêpatu mangsuli: ''Nyang kutha ana gawe apa?'' Buta ngandhakake apa kang dikarêpake.

Tukang sêpatu anggaraita: ''Buta iki dakapusane bae. Yèn aku barès mêsthi aku kêpatèn pangan.'' Kanthonge tukang sêpatu nuli dibukak karo calathu mangkene: E, buta, sanajan kowe gêdhe lan rosa, ora-orane yèn bisa wêruh kutha. Dêlêngên ta iki, sêpatu sêmêne iki padha rusak, awit padha bar dakanggo mlaku saka kutha. Dadi kira-kiranên dhewe dohe kutha saka kene.''

Buta krungu wangsulan mangkono mau susah atine dene ora bisa ngalahake wong ing kutha.

Lêmah kang digendhong banjur dibrukake ing lêmah lan banjur mulih.

Tukang sêpatu sênêng, batine: ''Sanajan gêdhe ya kalah karo aku.''

Wiwit dina iku buta ora wani ngrusak kutha kono lan wong-wonge padha têntrêm uripe.

Hadipoernama, Pacitan.

--- 92 ---

LÊLUCON

Uwong kang tiru-tiru tanpa dipikir dhisik.

Ana sawijine bakul pitik karan bok Amat, golèk kulakan pitik nganti suwe, mung olèh siji tur kuru. Barêng diêdol wis mêsthi bae ora ana sing gêlêm nganyang. Saking judhêge bok Amat mau bali, têkan cêdhak omah wêruh wong nunggang pit, kang lagi mompa bane pit. Bok Amat wêruh bane pit saya suwe saya mundhak gêdhe, bungah bangêt. Satêkane ing omah, njujug kêbonan lan gage-gage apèk papah katès. Ciptane bok Amat: ''Pitikku iki kuru, yèn daksêbul cangkême rak mêsthi bisa dadi lêmu kaya ban pit sing kêmpès mau! Pitike ditalèni kêncêng banjur nindakake apa kang dikarêpake mau ... Nanging ndilalah, pitik budi sarosane ... lan ora suwe pitike njêblos wêtênge.

Amy, Klathèn.

WONG DAHWÈN IKU KÊRÊP KAWÊLÈH

Anuju sawijining bêngi, pêtênge ndumuk irung, ana jajaka wuta kang aran si Lurus, mêtu saka ngomahe, nggawa obor karo nyangking èmbèr, sumêdya ngangsu mênyang bêlik.

Dumadakan ing wêktu iku, kancane kang jênênge Murtat, kapinujon ana kono. Barêng wêruh pratingkahe si Lurus mau, gumuyu sarta ngunandika mangkene: ''E, kok lucu têmên bocah iku. Apa ta pêrlune, wong picak kok nggawa obor? Ah iku rak mung mratandhakake bodhone bae.''

Murtat banjur nyêdhaki karo pitakon sêmu moyoki, têmbunge: ''Rus, geneya, ta, kok nggawa obor barang ... Gèk gunane bae kapriye? Sabab saka rumasaku, pêtêng utawa padhang kuwi, mungguh tumrape ing kowe, rak ya padha bae, ta?''

Kacarita si Lurus, bocah kang alus budine, diaruh-aruhi mêngkono iku ora sêrik, malah banjur mèsêm sarta mangsuli: ''Mur, aku wis ngira yèn kowe ki dahwèn sarta sumangkeyan ... Bênêr kandhamu iku, pêtêng utawa padhang tumrape aku ora ana bedane, nanging mangêrtia, obor iki pêrlu bangêt ing awakku, dakênggo madhangi wong dêksura kang kumingsun, supaya aja kongsi nunjang utawa nubruk aku ...''

Moch. Madijana, Têmanggung.

MANGSULI LAYANG

Soedarsono c/o Batikkerij Sastrodwito. Widuran 29 Solo. Wangsulanmu wis daktampa, kabèh kandhamu aku mangêrti.

S. Sasanti, Surakarta. Iya pancèn Soejati ing Glenmore wis tau kirim layang nyang Bu Mar. Sukur, dadi kowe wis anêpungake. Pancèn bênêr M. Satrijani ngirimi karcis kanggo kowe, nanging p/a Bu Mar. Pêrlune rak nuduhake adrèse kanggo kowe, supaya kowe bisa ngirimi layang dhisik. Biyèn adrèse M. Satrijani banjur daktulis ing Kêjawèn, karêpku kowe bèn wêruh. Yèn pancèn anggonmu maca T.B. ajêg sabên Sêtu sarta wrata pamacamu, ya mêsthi banjur ngêrti bae nyang karêpe Bu Mar. Apa Bu Mar ndadak ngirimake karcise M. Satrijani, wah, mêngko banjur kabèh-kabèh mêngkono, rêkasa Bu Mar, sida dadi tukang pos têmênan.

Sriwahjoe S.J.S. Pitêpunganmu wis daktampa, bangêt panrimaku. Dene cangkrimanmu, isih dakpikir-pikir dhisik, bisa kêpacak apa ora.

Sp. Ydie, Lubuklinggau. Kowe lagi kêsusahan apa, mara ibumu critanana.

R. Joes. L.L.H.I.S. Dêmak. Aku wis tampa pitêpunganmu kanthi bungah. Aja pisan dadi atimu, karanganmu lêlucon ora bisa kapacak, lawong têlu-têlune kok nyaritakake bocah ndlodor kabèh.

Soemartijah, Bangil. Yèn kowe maca wangsulanku iki, mêsthi wis maca bab wangsulanku dhèk Sêtu buri. Ah mêsakake têmên kowe ki, pijêr kêcelik-celik bae. Mula ya saking akèhe layang-layang saka kêponakan-kêponakan, nganti layangmu anggone ngêntèni suwe bangêt, papane kanggo layang-layang sing têkane luwih dhisik katimbang karo layangmu. Aku ora bisa nuruti panjalukmu, nêrusake dongèng dhèk anu bae, jalaran isih dawa bangêt, mangka saiki kadhawuhan dening pandhuwur, supaya macak karangan sing cêndhak-cêndhak.

Niek, Pêkalongan. Iya pancèn durung bisa kapacak, karanganmu kuwi, jalaran saka akèhe karangan. Ana kang wis wolung sasi utawa nêm sasi lagi bisa kapacak.

Djoefainah p/a R.M. Soediardjo, Kauman, Jogja. Karanganmu wis daktampa, kêtrima bangêt.

Soeradi, Bandhung. Karanganmu isih daksimpên, yèn ana papan bokmanawa bisa kapacak.

St. Aminah. Tambak, Kêsambèn. Dhèk biyèn ing Kêjawèn wis taktulis adrèse M. Satrijani, mara ta golèkana dhewe. Dadi saiki kowe wis ora mondhok, nanging pangkat saka Kêsambèn jam sêtêngah nêm têkan Malang jam 7, dene mulihe têkan Kêsambèn nganti sêtêngah têlu. Wah ya mèh sêdina. Nanging iya idhêp-idhêp kanggo rialat, besuk yèn kowe pinaringan cêkêl gawe, dadi wis kulina mulih jam sêtêngah têlu.

Ratin 1.1. Neutrale School, Plosso (Jombang). Pitêpanganmu wis daktampa lan sukur yèn kowe arêp milu lêlumban ing Taman-Bocah. Muga-muga kowe bisaa tinurutan sing dadi panyuwunmu, munggah nyang klas 7.

Katijah, Surakarta. Yèn ora salah, batangane cangkriman ing Volksalmanak taun 1938, yaiku jam.

Tjaroem, Karangturi, Indramayu. Karanganmu wis daktampa kanthi panarima. Dadi kowe wis pasrah nyang Bu Mar, pêrkara kapacak utawa orane. Iya tandha kowe bocah mangêrti. Sing sabar bae anggonmu ngêntèni, wong gêntenan karo kanca-kanca. Upama ora kêpacak, iya tandha kurang apik, kalah karo karangn liyane, dadi ora kapilih.

Moeti, Nganjuk. pitêpunganmu wis kêtampan. Aja pisan dadi atimu ya, karangan ora bisa kêpacak, jalaran wis kaprah. Taman-Bocah biyèn wis tau ngêtokake lêlucon kang no. 1. Nanging ya aja gêla atimu, wis lumrahe, idhêp-idhêp kanggo sinau.

R. Joes, Dêmak. Aku wis tampa pitêpunganmu. Aja dadi gêlaning atimu, karangan lêlucon ora bisa kêpacak, jalaran ana sawênèhing bocah kang uga ngirimi karangan, plêk kaya karanganmu, dadi tandha yèn njupuk layang kabar liya, diturun bae, ora ana sing diowahi.

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp,

Bu Mar.

--- [701] ---