Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 65, Stu Kli, 16 Jumadilakir Jimawal 1869, 13 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Têdhak Wanasaba - Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa - Dhoktêr Sutapa - Wiraosan Sêrat - Surya Wirawan - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Manunggiling Kawula Gusti

Têtêmbungan makatên punika nyata gawat, adhakanipun adamêl ngalanguting gagasan, ingkang manawi muluking gagasan saya bêblês, malah saya ambingungakên, awit kawasaning ngakal budi tuwin muluring pikiran tansah kêdugi ngukur inggiling langit sap pitu. Tur pangukur wau tangèh sagêdipun dumugi. Punika cocog kados kajênging pangungsêt kala dintên Sabtu kapêngkêr.

Manawi tumraping ancêr-ancêr tuwin gambaran, kados sampun botên kêkirangan, upaminipun wontên gambaran kadhapur bundêran sap-sapan ngantos tundha pitu, ingkang nglêbêt piyambak kacirèn nomêr 1 punika kangge gêgambaraning gêsang, kayu, nomêr 2 cahya, nur, 3 sir, rasa, 4 roh, sukma, 5 napsu, hawa, 6 ngakal, budi tuwin 7 jasad, badan.

Tamtunipun ing ngriku tumraping panggrayang, cêtha bilih ingkang nomêr 7 wau sagêdipun dumugi nomêr 1 kêlêtan pintên-pintên sap, dados saupami tiyang lumampah kêdah ambêdhah bètèng pintên-pintên. Ing ngriku ngakal budi tamtu purun tumindak. Inggih tumindaking ngakal budi wau ingkang dados cangkriman, awit tumraping panampi, adhakan beda-beda.

Tumrap ingkaingkang. lêpas ing pangudi wontên ingkang pratela makatên: punapa ingkang kawastanan manunggal. Nitik ing pêpêthan gambar wau, wontên kajêng: sir tumuju dhatêng gêsang, badan wadhag tumuju dhatêng sir, awit badan wadhag anglampahi parentahing sir. Dados kajêng manunggal punika ubang-ubêngan ing badanipun piyambak. Limrahing rêmbag, ingkang dipun wastani manunggal punika manunggaling kawula Gusti. Ananging mênggahing pamanggih botên sagêd, jalaran: gêsang punika wontên ingkang andamêl, dados manawi tiyang badhe kêmpal kalihan ingkang andamêl, mêsthi botên sagêd. Panggagap ingkang makatên wau sampun mapan sangêt, nandhakakên sampun ngawekani sampun ngantos kêplantrang pangudinipun, awit sampun mangrêtos bilih namung ubang-ubêng wontên badanipun, ugi sampun cocog kalihan kajênging: gêsang punika wontên ingkang andamêl.

Mênggahing pangungsêt, kêdah titi yêktos, têgêsipun, manawi nyata wontên panganggêp, gêsang punika wontên ingkang andamêl, sampun ngantos kêtliwêng gadhah panganggêp, sir tumuju dhatêng gêsang, badan wadhag tumuju dhatêng sir, badan wadhag anglampahi parentahing sir, awit pathining panganggêp ingkang kados makatên punika atêgês mêngkoni sadayanipun, kêsupèn manawi wontên ingkang mêngku. Mila lajêng ngiyatakên dhatêng pangiyas: mêsthi botên sagêd. Pantoging panggrayang, pancèn têtêp: kawula botên sagêd nunggil kalihan Gusti. Dene pamarêmipun, prayogi sinau yêktos, kadospundi yêktinipun bilih: kawula punika nyata dados kawulaning Gusti. Dados nama kawula ingkang sampurna. Sampun namung ngakên-akên.

Cêkruktruna.

--- 1006 ---

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Têdhak Wanasaba

Ing sêrat-sêrat kabar sampun martosakên ing bab têdhak dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Wicaksana dhatêng Wanasaba. Ing Kajawèn ngriki ugi badhe mratelakakên têdhak dalêm wau kanthi rêringkêsan, miturut rancangan ingkang sampun dipun têtêpakên.

[Grafik]

Gambaripun Pramèswari dalêm G.K. Ratu Êmas lênggah kalihan para putri dalêm wontên patilasanipun Kangjêng Sinuhun Sultan II ing dhusun Kledhung.

Ing dintên Kêmis tanggal 21 Juli 1938, sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Wicaksana, sakalihan pramèswari dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Êmas, tuwin putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, wanci jam 8 enjing têdhak saking Surakarta nitih oto, ginarubyug ing para pandhèrèk. Sadumugining Têmanggung mampir dhatêng kabupatèn. Ing ngriku ingkang bupati ing Têmanggung Radèn Adipati Arya Cakrasutama, mapag rawuh dalêm. Sasampunipun lêrêm sawatawis, lajêng têdhak Wanasaba, anglangkungi dhusun Kledhung. Wontên ing ngriku têdhak mariksani papan patilasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana II ing Ngayogyakarta. Salajêngipun anglajêngakên têdhak Wanasaba, dumugi Wanasaba jam 6 sontên, lêrês wontên hotèl Diyèng.

Hotèl Diyèng punika salangkung asri, hawanipun asrêp. Ing kala punika lajêng rame dadakan.

Ing dintên Jumuwah tanggal 22 Juli wanci jam 10 enjing têdhak pasiraman ing Mangli.

Ing dintên Sabtu tanggal 23 Juli wanci jam 9 enjing têdhak Diyèng.

Ing dintên Ngahad tanggal 24 Juli, wanci jam 10 enjing têdhak dhatêng kabudidayan tèh ing Tambi.

[Grafik]

Gambar dalêm sampeyan dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana dalah pandhèrèk wontên sangajêngipun candhi gathutkaca.

Ing dintên Sênèn tanggal 25 Juli, wanci jam 9 enjing têdhak Banjarnagara, mriksa kagunan dalêm barang grabah. Ing wêkdal punika barang grabah wêdalan [wêdala...]

--- 1007 ---

[...n] ing Banjarnagara punika pinanggih sae, mênggah saenipun wau kajawi kapardi dening pangrèh praja, ugi jalaran saking saening siti ingkang kangge badhenipun, awit ing bawah ngriku wontên siti ingkang langkung sae kangge barang grabah.

[Grafik]

Gambaripun Pramèswari dalêm G.K. Ratu Êmas saha putra putri dalêm wontên sangajêngipun candhi Pandhawa.

Ing dintên Rêbo tanggal 27 Juli, wanci jam 9 enjing bidhal kondur dhatêng Surakarta, langkung Salatiga, dumugi Salatiga mampir ing hotèl Kalitaman, lênggah dhahar. salajêngipun [...]Naskah rusak.

Ki Ajar Dewantara wontên ing [...]Naskah rusak.

--- 1008 ---

Kagunan Jawi

Tuntunan Nyinau Nabuh Gôngsa.

Ginêmanipun Dèn Apa kalihan Dèn Iya

Sambêtipun Kajawèn nomêr 63.

A : E la inggih kamas, sarêng kula mirêng pangandika panjênêngan makatên wau lajêng kraos manawi botên gampil pandamêlipun tuntunan tumrap ingkang katindakakên ing tangan kalih, dados inggih layak kemawon wiwit jaman kina dumugi sapunika nama dèrèng wontên tuntunanipun, awit saking maka[...]Naskah rusak. lajêng sagêd nyêbarakên kasagêdanipun. Awit saking makatên, panyuwun kula lajêng panjênêngan wiwiti kadospundi rekanipun nularakên kasagêdan dhatêng ingkang dèrèng sagêd nabuh gôngsa.

I : Anggonku gawe tuntunan iki kang takanggo wiwitan, tuntunaning nabuh kêndhang, katrangane kaya ngisor iki, sawise kêndhange dikêncêngi dening kang bakal ngajar, banjur kang arêp ajar, diwêruhake marang suwaraning kêndhang.

A : Lo mangke ta kamas, tiyang namung ngêncêngi kêndhang kemawon kok dadak kêdah dipun kêncêngi ingkang badhe ngajar, punapa botên sagêd sadhengah tiyang [...]Naskah rusak.

--- 1009 ---

I : Panjalukmu wulangan kanggo nyinau dhewe iiku. durung pati takprêlokake, kang takprêlokake, tuntunan kang kanggo garan ngajarake marang kang durung bisa nabuh, iku patrape mangkene: wong kang diajar kudu dituduhake marang suwaraning kêndhang. Sarèhning suwaraning kêndhang iku manggon ing lulang kiwa lan têngên, unine nganggo sarana panêbaking tangan utawa driji, dadi siji-sijining suwara mau kudu dituduhake marang kang arêp ajar, kaya ta ing lulang kiwa ana pirang suwara, patrape anggone gawe suwara mau tangan utawa drijine kêpriye, lan pênêr ngêndi kang ditêbak, mangkono uga ing lulang têngên, kudu dituduhake patraping panêbak sapiturute kang nganti bisa mijangake siji-sijining suwara. Yèn kang diajar wis bisa nirokake, banjur digawèkake tatananing suwara, kang gampang lung-tinampaning tangan kiwa têngên kang nindakake panêbaking lulang, mangkono sabanjure nganti bisa prigêl panggawening suwara kang diarani cengkoking kêndhangan.

A : La, kados makatên punika kamas ingkang kula kajêngakên, dados upami tiyang ajar nyêrat, nama wontên hanacarakanipun, awit saking makatên, kula lajêng kêpengin mangrêtos, ingkang baku suwaraning kêndhang punika upami aksara wontên pintên.

[Iklan]

I : Suwaraning kêndhang kang cukup kanggo wiwitaning sinau iku tumrap ing lulang sisih kiwa kang ditindakake tangan kiwa mung ana 4 suwara, yaiku: tong, tak, dang, tung. Kang tumrap ing lulang sisih têngên, kang katindakake tangan têngên uga 4 swara, yaiku: bêm, dhung, trêt, bêhêb. Dene kang katindakake tangan kiwa têngên barêng utawa mèh barêng, ana 8 suwara, yaiku: blang, blong, thut, êndat, êndot, klung, plag, blag. Dadi kabèh ana 16 suwara. Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

Pawartos saking Redhaksi.

Lêngganan nomêr 3962. Murih sagêd angsal kindertoelage kêdah nglaporakên sêrat katrangan sêkolah. Blangko wau sagêd mundhut ing sêkolahan. Pandamêlipun rangkêp. Tumrap tanah Jawi Têngah sêrat katrangan wau kêdah dipun tapak asmani wadana. Lare ingkang wiwit Januari 1938 sampun sêkolah, kêdah nglaporakên sêrat katrangan wau kalih, ingkang satunggal nêrangakên bilih wulan Januari 1938 lare wau sampun sêkolah. Kathahing toelage 3%-ning gajih. Kajawi sêrat katrangan sêkolah, ugi kêdah ngladosakên sêrat katrangan sanès (verklaring ter bekoming van kinder toelage), nyuwunipun dhatêng kantor panjênêngan. Katrangan ingkang langkung cêtha, kula aturi maos volksalmanak 1939 wêdalan Bale Pustaka.

Tuwan Suwadi Suwatadirêja, ing Tèmpèl. Prayogi ngintuna karangan rumiyin dhatêng redhaksi Kajawèn, basa Jawi aksara Jawi.

--- [1010] ---

Dhoktêr Sutapa

Ingkang kacêtha punika gambaripun Dhoktêr Sutapa, leeraar babagan sêsakit kulit ing N.I.A.S. Surabaya. Ing ngriki prêlu kaaturakên sakêdhik ing bab anggèning Dhoktêr Sutapa wiwit ngambah pasinaon ngantos dumugining dados leeraar wontên ing N.I.A.S. wau.

Dhoktêr Sutapa punika kalairan ing Bandhongan Magêlang, kala tanggal 24 Juli 1898 putranipun Mas Adiwijaya, kala sugêngipun dados wadana ing Bandhongan.

Ing sakawit, saking kêkêncênganipun ingkang rama tuwin kulawarga, sarèhning Tuwan Sutapa punika putraning priyantun pangrèh praja, sagêda sêkolah wontên ing Osvia.

Saha kalampahan samêdalipun saking Eur. Lag. School. malêbêt dhatêng Osvia ing Magêlang, wiwit taun 1911 dumugi taun 1913. Naging nuntên anglajêngakên dhatêng N.I.A.S. ing Surabaya.

Ing wulan Juni 1924 dados Ind. Arts. Wêdalan kapisanan saking N.I.A.S. ing Surabaya. Ngantos dumugining Juni 1927 dados assistent leeraar ing N. I.A.S.

Taun 1927 dumugi 1930 dados Gvts.Ind.Arts wontên ing Pare, Kêdhiri.

Taun 1930 dumugi 1932 dados Gvts.Ind.Arts wontên ing Prabalingga, ngrangkêp padamêlan mulang babagan kasarasan tuwin mêrban ing Mosvia.

Taun 1932 dumugi 1934 mulang kursus calon juru ngupakara tiyang sakit ing C.B.Z ing Surabaya, ngrangkêp dados asistèn babagan sêsakit kulit.

[Grafik]

Taun 1934 dumugi 1936 dados asistèn babagan sêsakit kulit wontên pamulangan luhur dhoktêr ing Batawi (Geneeskundige Hoogeschool).

Tanggal 1 Marêt 1936 nêmpuh iksamên Arts ing pamulangan luhur dhoktêr, saha têtêp dados wd. leeraar babagan sêsakit kulit ing N.I.A.S. anggêntosi padamêlanipun suwargi Dr. Radèn Sutama nalika pêrlop.

Ing taun 1937 dumugi 1938 makili padamêlanipun Prof. J.A. Verbunt ing pamulangan luhur dhoktêr ing salêbêtipun pêrlop dhatêng Eropah.

Ing wulan Agustus 1938 punika têtêp dados leeraar babagan sêsakit kulit ing N.I.A.S. ing Surabaya, anggêntosi padamêlanipun suwargi Dr. Radèn Sutama.

Katrangan ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, pantês pinèngêtan, anggèning Dhoktêr Sutapa sumilih padamêlanipun suwargi Dr. Radèn Sutama, punika kenging dipun wastani murid ingkang sumilih padamêlaning guru. Kajawi punika pantês pinèngêtan, bilih anggèning Dhoktêr Sutapa ngantos dados leeraar, punika satunggiling kalangkungan, tuwin dèrèng nate wontên leeraar babagan kadhoktêran, ingkang maligi asli wulangan saking tanah ngriki, limrahipun wêdalan nagari Walandi.

Botên langkung, redhaksi Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi panjênênganipun Dhoktêr Sutapa, manggiha suka bagya saha nyarambahana tumular dhatêng para ingkang sami angsal wulanganipun. Amin.

--- 1011 ---

Wiraosan Sêrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

Tanah Jawa rinumpaka. | Alla Baud; Java en poemes I; Paris 1935.

Anggèn kula mêthiki pêpindhan samantên kathahipun punika pamrihipun botên supados punika katêdhak sungginga kapigunakakên ing basa utawi ing sêrat Jawi, naging namung sagêda kita tiyang Jawi kraos: kita botên pêrlu tansah namung migunakakên pêpindhan-pêpindhan ingkang sampun dados (palanyahan) nanging langkung utami adamêl pêpindhan-pêpindhan enggal. Makatên ugi sae punapa ngangge wangsalan ingkang sampun dados palanyahan, langkung utami anganggit wangsalan enggal. Sae punapa nyariyosakên: wontên nagari panjang apunjung loh jinawi, panjang dawa kuncarane... etc,etc, yèn bêgja-bêgjanipun namung badhe dipun langkahi, langkung utami yèn badhe angrumpaka utawi nyariyosakên salah satunggiling nagari kajalèntrèhna punapa wontênipun, kalayan têtêmbungan ingkang dèrèng dipun apili ingkang sami maos.

[Iklan]

Ing rumpakanipun sang pujanggèstri wontên ugi pêpindhan ingkang raosipun botên mathuk, kados ta: tèh punika dipun pindhakakên la Belle au Bois

--- 1012 ---

Dormant (putri ayu ingkang tilêm ing wana satus taun laminipun, ing basa Walandi namanipun Doornroosje) ingkang ing têmbenipun dipun wungu sang satriya bagus (le Prince Charmant), sintên satriya punika. Dhawahipun botên liya kajawi "kyai tani ingkang jrabang ambranang, ingkang sandhanganipun kulawu saking blêduging pabrik" (le pranteur tout rouges dans son vêtement gris de la poussière de l'usine = le Cultivateur).

Wontên malih ingkang botên mathuk tumraping kita tiyang Jawi, inggih punika rumpakaning durèn.

Tumraping tiyang Jawi durèn punika pêpindhaning tiyang agung ingkang kêncêng parentahipun ananging sagêd angayomi reh-rehanipun.

Panyawangipun sang pujanggèstri jêbul durèn punika "amambêt bodhonipun lan gumêndhungipun, tuwin sêsukêripun sato kewan, ingkang sami bilulungan ical ing ara-araning swarga" (Il puait l'ignorance, Il puait l'arrogance et les excrements de toutes les bêtes perdues dans les prairies du paradis).

Wondene ingkang sangêt kacathêt ing panggalihipun sang pujanggèstri punika griya kita tiyang Jawi, griya gêdhèg ingkang sarwa ringkih lan sapele, punika dipun angge gêgambaraning nagari kita, lênggah kita, gêsang kita. Rumpakanipun kasantun ing basa Jawi kirang langkung makatên:

Omah gêdhèg

Omah gêdhèg pindhane jiwa manira: | wilah tipis inganaman, | tanpa sangkan tanpa paran.

Omah gêdhèg pindhaning nala manira: | sumarawang sumaring sunaring surya, | sumarawang kasiliring samirana.

Omah gêdhèg pindhaning jiwa manira: | kaèbêgan ing swasananing Hyang Suksma.

Omah gêdhèg pêpindhaning tôndha trêsna: | rinumata têmahan môngsa awèta.

Omah gêdhèg lir manising pasrangkara: | tinrajua bobote nora sapira.

Omah gêdhèg pindhaning ati manira: | sumarawang jaba jêrone ngalela.

Omah gêdhèg pêpindhaning tanah Jawa: | omah gêdhèg sambangana, | ana gêni dèn dohêna, | ana udan payonana, | rayap sêmut rêsikana.

Omah gêdhèg ginupita | pêpindhaning urip kita: | tangèh yèn iku langgênga.

Ing Batawi, 24 Juli 1938, Kandhiyur.

Sêsorah ing Radio saking Bale Pustaka.

Benjing-enjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 14 Agustus 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab Kepentingan Volksalmanak oentoek Ra'jat. Ingkang mêdhar sabda Tuwan Armijn Pane.

--- [1013] ---

Pahargyan Suryawirawan

Malêm Minggu ingkang kapêngkêr, ing griya pakêmpalan ing: Gang Kênari (Batawi) dipun wontênakên pahargyan minôngka amèngêti adêging pakêmpalan Suryawirawan ing Batawi sampun jangkêp sataun.

Ing dintên Sabtu sontên, wiwit jam 5 dumugi jam 6, dipun wontênakên upacara nêtêpakên adêgipun pakêmpalan Suryawirawan wau.

Malêmipun Minggu wiwit jam 8.30, dipun wontênakên têtingalan mawarni-warni, ing saperangan agêng mitongtonakên kaprigêlanipun para wirawan mênggahing babagan sêporêt, kados ta: baris, gimnastik, pêncak, lan sasaminipun. Dene ingkang dipun pitotongnakênpitongtonakên. dening para wirawan mênggahing babagan sêporêt wau, sayêktos adamêl rêna lan marêmipun para ingkang sami mriksani. Mila nyata ing bab kaprigêlanipun para wirawan dhatêng sêporêt, pantês ingalêmbana.

Kajawi punika ing ngriku ugi mitongtonakên tonil, cêkak aos anyariyosakên, lêlampahanipun tiyang ingkang namung gadhah blônja sakêdhik, kapêksa nyakolahakên anakipun kalih wontên ing sakolah têngahan ingkang awis waragadipun, ingkang anjalari sabên wulan tansah kêkirangan kemawon, ing wusana saking judhêging manahipun, jalaran nunggak bayaran sakolah tigang wulan, tuwin dipun tagih sambutan mrika-mriki, tiyang wau lajêng nyalingkuhakên arta kantor. Sarêng kadêngangan, tiyang wau lajêng nêdya nganyut tuwuh, nanging sande jalaran kapêndhakan ing sadhèrèkipun jalêr, ingkang lajêng mitulungi arta sacêkapipun.

Wontênipun tonil wau mila sampun sae, ingatasipun namung kagladhi laminipun sawulan. Ewasamantên badhe sagêd langkung sae malih, saupami anggènipun anggladhi wau langkung dangu, tuwin suraosing tonil sagêd anocogi dhatêng wontênipun Suryawirawan.

Wontên malih têtingalan ingkang pantês dipun pèngêti ing ngriki. Inggih punika gambaraning sungkawanipun para warga Parindra tuwin Suryawirawan, dene kecalan panuntunipun swargi Radèn Dr. Sutama. Dene ingkang kapêtha wontên ing ngriku: satunggiing wirawan angangluh lan angaruara kanthi angajêngakên gambaripun swargi Dhoktêr Sutama wontên ing sacakêtipun gambaring candhi Barabudhur. Pangangluh lan pangaruaranipun wau, botên sanès kajawi anggêtuni sedanipun panuntun ingkang sangêt dipun trêsnani wau. Salajêngipun nuntên wontên tiyang angangge kêthu ijêm, jas abrit, lan calana pêthak, inggih punika pêpêthaning bandera Parindra, ingkang mèngêtakên dhatêng wirawan wau, supados sampun tansah nandhang sungkawa, nanging tumuntêna tumandang damêl, anglajêngakên punapa ingkang dados gêgayuhanipun, inggih punika ngajêngakên bôngsa lan nusa.

Saèstu prasêmon ingkang sae sangêt, langkung malih saupami dipun pitongtonakên ngêmungakên wontên ing sangajêngipun para warga Parendra. Sabab punika anggambarakên sungkawanipun para ingkang sami angsal tuntunan saking swargi Dhoktêr Sutama. Nanging sarèhne ingkang nonton wau botên sadaya para warga Parendra, punapa gunanipun susahipun piyambak kacêngèl-cêngèlakên dhatêng ing sanès. Ingkang marêmakên, dene patrapipun Suryawirawan wau tansah andêmênakakên.

--- 1014 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking Kêkesahan.

VI.

Petruk : Kang Garèng, kowe ngandhakake mantêping atimu, dene pabrik ing Kudus sing sajak nyara Amerikah, jênêngane Jawa dêlês, miturut namane sing duwe pabrik, yaiku Tuwan Nitisêmita. Luwih-luwih yèn kowe wêruh apa sing wis diêdêgake Tuwan Nitisêmita ana ing kutha Kudus kono, bokmanawa saka gumunmu, kowe bisa kalakon banjur malompong dawa, nganti ana lalêr wilis lumêbu ing cangkêmu, kok cêplus, kokarani bangsane... klêpon.

Garèng : Wayah, rumasamu kuwi aku iki apa katon wujud baya, kathik nyaplok lalêr wilis. Dadi uwong kuwi ambok aja sawiyah-sawiyah mêngkono. Ora, Truk, apa sing wis diêdêgake dening Tuwan Nitisêmita ana ing Kudus kono, têka nganti bisa gawe gumuning wong kuwi.

Petruk : Kaya ta gêdhong gambar idhup, kang ing ngarêp sisih dhuwur ana unèn-unène: Theater Nitisêmito wah, gêdhonge mau gêdhene mono mula iya sêdhêngan tumrape ing Kudus, wujude cara Banyumase: kanjat, kathik kumplit, têgêse: perangane klas-klase ing jêrone kono wis miturut pranatan têmênan. Pêtênge yèn gambare idhup wis main, iya sêdhêngan, wis bisa agawe lêganing atine... para mudha, lanang wadon, sing nonton ing twèdhê pursêtèlêng kanthi... bêrdhuah, jun.

Garèng : Anggonmu panas atimu, sabab wis ora bisa palêsir-palêsir: bêrdhuah karo kaum pupuran sing dudu akrabe, kuwi bok tumuli dicanthèlake pagêr, ngisin-isini, Truk. Ambok yèn ana lêlakon sing kaya ngono kuwi, kok pupus bae: cikbèn, sabab wong tuwane ing sêmu ngucap: alhamdulillah, anakku payu, ana sing kasdu ngajak palêsir-palêsir. Dene bocahe wadon dhewe, têmtune iya ngucap: alhamdulillah manèh, awit uripe ora ambosêni, ana sing kanggo lêlipure. Rak iya mêngkono wong urip kuwi, ora prêlu ngopèni kalakuane wong liya. Saiki ambalèni caritamu ing bab anane: Theater Nitisêmito ing Kudus. Iki ambuktèkake yèn Tuwan Nitisêmita dudu wong bodho. Awit wong ing jaman saiki kuwi umume padha dhêmên nyang gambar idhup. Mulane panggonan-panggonane gambar idhup kuwi mêsthi narik wong nonton akèh, dadi mêsthi payune. Mulane yèn ing sajêrone kutha ana wong ngêdêgake gêdhong gambar idhup, kuwi gêdhonge mêsthi ora tau kothong, têrus langganan disewa ajêgan, apa manèh yèn nganakake gambar idhup dhewe, dhuwite mêsthi masuk têrus, kaya wong... sugih duwe gawe kae.

--- 1015 ---

Petruk : Bênêr bangêt, Kang Garèng, wong sugih, apa manèh yèn gêdhe panguwasane, sing pancène wis ora butuh dhuwit, kuwi yèn kabênêr duwe gawe, têrus mili sumbangane, Kang Garèng, kosok-baline wong mlarat, sing kanggo waragade duwe gawe prasasat sarana ngêdol gundhule, dhayohe mamring, apa manèh olèh-olèhane sumbangan... pati gêni, Kang Garèng. Nanging wis jamak lumrah ing donya kuwi, sing wis mêthuthuk, malah diumpuk-umpuk, sing wis sêtêngah wuda, dibalèjèti pisan. Saiki sing anggumunake manèh, sing diêdêgake dening Tuwan Nitisêmita yaiku: gêdhong kumidhi, kang uga jênêng: Nitisêmito, kalane aku ana ing Kudus, gêdhong kumidhi mau kanggo main: kêthoprak sêmprul, kang aran: Kridhamudha, kaya sing wis takkandhakake lagi anu kae.

Garèng : Bukti manèh yèn Tuwan Nitisêmita dudu wong bodho manèh. Awit anduwèni gêdhong kumidhi mau atêgês: narik phulus manèh, yaiku olèh-olèhane saka sewane gêdhong mau.

Petruk : Banjur Tuwan Nitisêmita uga ngêdêgake gêdhong: sêtidhio (studio), mèh saèmpêr kaya gêdhong sêtidhio duwèke N.I.R.O.M. ing Bêtawi. Kalasamono sêtidhio duwèke Tuwan Nitisêmita durung rampung babarpisan, ewasamono jarene wis ngêntèkake waragad kurang luwih f 90.000.-. Ing jêro sêtidhio kono ana papane sing kanggo mainake wayang wong, sêtambul, kêthoprak, lan sapadhane. Ana kamare sing kanggo lèngsêng-lèngsêng, kanggo main kroncong, cêkake wis komplit bangêt, minôngka kanggo ngirimake rêrungon utawa suwara-suwara apa bae, ora beda karo sêtidhio N.I.R.O.M. ing Bêtawi, lan liya panggonan sing sêtidhione pancèn gêdhe têmênan.

[Grafik]

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku taktakon. Nèk nitik omongmu ing ngarêp, wis têtela têmênan, yèn Tuwan Nitisêmita kuwi dudu wong bodho, ngêdêgake iki, iku, ika, kuwi kabèh mau mêsthi nganggo pikiran dhua bêlas, têgêse: mêsthi nganggo dietung kanthi mêmêt kae, kaya ta: aku ambuwang samene, mêsthi olèh balèn samene. La, saiki ngêdêgake sêtidhio kang nganti puluhan ewon rêgane, kuwi gawe apa, lan apa bathine.

Petruk : Pitakonmu: ngêdêgake sêtidhio, [sêtidhi...]

--- [1016] ---

[...o,]

gèk gawe apa, iki pitakonan sing bodho, Kang Garèng. Kaya ta upamane kowe ngêdêgake utawa yasa omah, têmtune anggêr uwong rak iya ngrêti apa prêlune, yaiku: arêp diênggoni dhewe, disewakake, utawa diêdol.

Garèng : Durung karuwan, Truk, rak bisa bae wong yasa omah prêlu kanggo nyimpên... êmbok nom. Aku iya ngrêti yèn sêtidhio kuwi kanggo ngirimake rêrungon utawa unèn-unèn rupa-rupa, kaya ta suwara: pangkur, kroncong, gambus, ès lilin, lan sapadhane. Lan anane sêtidhio sing kaya ngono kuwi wis sasayahiranèki. Nanging kajaba N. I.R.O.M. sing kêna diarani putra dalêm kinasih rama gupêrmèn, kang wis andhawuhake: Sing sapa duwe radhio, diwajibake kudu nguruni mas Nirom, kuwi kabèh sêtidhio duwèking partikulir, rata-ratane padha kêna ing malariyah, dadi kadhang-kadhang iya sok gagah, nanging ajêge andharodhog. Awit waragade pancèn sathekruk têmênan. Kaya ta ngirimake: kroncong, gamêlan, gambang kromong, lan sapadhane, kuwi mung waragad thok bae, Truk. Kayadene: V.O.R.O. ing Bêtawi kuwi bae, sing wargane wis atusan, ewadene mêksa kêna dipadhakake karo: kere nganggo têni, têgêse: laire mono iya mêthènthèng bangêt, nanging batine kropos, Truk, ora liya iya saka gêdhening waragade, ing môngka kuwi waragade disôngga warga pirang-pirang atus. Aku prêcaya yèn Tuwan Natasêmita kuwi ora kurang phulus, dadi mêsthine bisa maragadi, mung bae apa ora dhuwit mung dibuwang bae. Gèk bathine bae apa.

Petruk : Sing kaya ngono kuwi tumrape kowe iya ora kalêbu nalar babarpisan. Nanging kowe ora ngrêti, yèn saakèh-akèhe wong ana ing dunya ana bae sing ngrêgani bangêt nyang arum lan misuwuring namane, kang ora eman kelangan dhuwit, lan ora wêdi rêkasa utawa kangelan, anggêre jênênge misuwur bae. Malah ing Batawi ana wanita, lo, wanita, Kang Garèng, kathik garwane wong pangkat, kuwi tanpa wêdi kangelan utawa rêkasa, tansah arêp nyêngèl-nyêngèlake awake: pênthêlos, ana ing kene, pêthuthuk ana ing kana, plênuk, ana ing liya panggonan manèh, prasaksat tanpa nganggo tèdhèng aling-aling, kuwi karêpe ora liya mung supaya... misuwur jênênge. Lain tidhak. Hla, saikine kowe aja lali, Tuwan Nitisêmita kuwi bangsane wong dagang, nganakake sêtidhio banjur ngirimake unèn-unèn lan suwara apa-apa, kang bisa dirungu ing saindênging bawana, kuwi bênêr waragade mêsthi ora sathithik, nanging jalaran sabên-sabên tansah dibêngoki: ing ngriki sêtidhio Nitisêmita, apa jênêng Nitisêmita ora banjur kasêmurupan ing wong saindênging dunya, suwe-suwe apa ora banjur tuwuh pitakonan: sapa iki, Nitisêmita. Lawas-lawas iya banjur kawêruhan ing sadunya: Nitisêmita iku sudagar rokok krètèk. Saya akèh sing sumurup mênyang rokok krètèk Nitisêmita mau, apa ora saya luwih payu. Mara, ing wusana bathine Tuwan Nitisêmita apa ora sagajah abuh.

--- 1017 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Arta kêrtas dipun têdha ing rayap. Tiyang nama S. ing Marangan, Sumênêp, mêntas nampèni arta rêgining papan pasarêman saking gupêrmèn kathahipun f 34.000.-, awarni arta kêrtas. Arta wau lajêng dipun wadhahi ing blèg beskuwit. Wusana satunggiling dintên, kasumêrêpan arta kêrtas wau dipun têdha ing rayap. Wontên f 2000.- ingkang ajur babarpisan, botên katingal nomêr tuwin aksaranipun. Wontên f 6030.- ingkang taksih katingal nomêripun, sanès-sanèsipun taksih sae. Arta ingkang taksih katingal nomêripun wau lajêng kalintokakên dhatêng Javasche Bank.

Warga-warga Raad Kawula badhe darmawisata. Kawartosakên, warga-warga Raad Kawula badhe darmawisata dhatêng tanah paboyongan ing Lampung. Rancanganipun: Ing tanggal 24 Augustus bidhal saking Tanah Abang (S.S.) jam 7.56 enjing, dumugi Mêrak jam 10.40, têrus numpak kapal dhatêng Oosthaven, dumugi Oosthaven jam 4.30, sipêng wontên ing Tanjungkarang. Tanggal 25 Augustus dhatêng Sukadana, ngaso wontên pasanggrahan ing Metro. Tanggal 26 Augustus dhatêng Gêdhong Tataan, lajêng dhatêng Geesting, sontênipun bidhal saking Oosthaven numpak kapal K.P.M. Sabtu 27 dumugi Tanjungpriok.

Kongres P.P.D.P. Perkumpulan Penghulu dan Pegawainya mêntas ngawontênakên kongres ingkang kaping II wontên ing Surakarta, manggèn ing Habipraya. Kathah para agêng ingkang anjumênêngi. Utusan dalêm nata katindakakên ing K.P. Haryomataram, utusan Mangkunêgaran katindakakên dening R.Ng. Yosowidagda, Dr. Pijper (Adviseur voor inl. Zaken). Wêwakiling pakêmpalan kathah, punapadene pers. Tamu kirang langkung 1000. Wigatosing rêmbag ngangkah kamajênganing para pangulu.

Ngêthok jêmpol pêrlu ngangkah angsal arta assurantie. Raad Justitie ing Surabaya mêntas mriksa prakawisipun dakwa bangsa Walandi ing Bandung lêlawanan kalihan N.V. Fatuur Ongevallanverzekeringsmaatschappij de Nederland ing Bêtawi. Dakwa wau kasêrêg jalaran saking njarag ngêthok jêmpolipun kangge ngangkah supados angsal arta assurantie kathahipun f 20.000,-. Nanging tindakipun wau dipun samarakên dening kantor assurantie, lajêng dados prakawis. Miturut papriksan kathah kêwiyaking wêwados wau. Papriksan dèrèng rampung.

Pohung mawa racun. Ing dhusun Kokap, Ngayogya, wontên tiyang 4 sami tiwas jalaran nêdha pohung. Wontên malih lare satunggal ingkang sakit, inggih jalaran nêdha pohung, salajêngipun dipun upakara wontên ing griya sakit Watês.

Pamulangan Luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan P. Anwar Hakim, Slamêt Pradoto, Gan Sing Tjwan, R.J. Schreual, Liam Kiem An tuwin R.S.I. Jayadiningrat.

Extra trein Pasar Gambir. Salêbêtipun wontên pasar Gambir, S.S. ngawonatênakên sêpur mirunggan, ing tanggal 3 Sèptèmbêr, bidhal saking Bandung jam 2.57. Tanggal 4 wontên sêpur saking Bêtawi, bidhal saking Bêtawi Koningsplein jam 2 tuwin jam 2.15. Wontêning sêpur mirunggan punika saking ada-adanipun Preanger Administratie en Incasso Kantoor ing Bandung.

Dr. R.M. Suratman Erwin. Wontên wartos, Dr. R.M. Suratman Erwin ing Surakarta badhe pindhah dhatêng Bandung, nyambutdamêl ing gemeente.

Utusan Inl. Politie Bond. Dumuginipun sapunika warganing Inl. Politie Bond sampun anggadhahi warga 13.000. Ing bab punika wontên raosan, benjing dintên dhawahing paargyan jumênêngan nata 40 taun, pakêmpalan wau badhe ngawontênakên utusan dhatêng nagari Walandi, ngunjukakên kasugêngan dhatêng Sri Bagendha Maharaja Putri. Dene ingkang dipun pilih R. Kahar Kusman Sosrodanukusumo, Inspecteur van politie 1e kl. Pangarsa H.B. I.P.B. ing Bêtawi.

Ngindhaki cacahing Ind. Veearts. Miturut dhawuh saking Veeartsenijkundige Dienst ing Bêtawi, ing kitha-kitha kabupatèn Jawi Kilèn ingkang dèrèng wontên dhoktêripun kewan tiyang siti (Ind. Veearts), badhe dipun wontêni.

[Iklan]

Perasaan Kita. Miturut pawartos saking Directie tuwin Administratie ariwarti Perasaan Kita, mratelakakên bilih jalaran saking wontêning ewah-ewahan tatanan, wiwit tanggal 11 Augustus punika wêdaling ariwarti botên kawêdalakên sawatawis dintên; tatanan wau gêgayutan kalihan pindhahing kantor, pangêcapan tuwin sanès-sanèsipun; ing sasagêd-sagêg kaangkah Perasaan Kita tumuntên mêdal malih; mila para lêngganan dipun aturi nyabarakên.

Cacahipun tiyang ingkang gadhah radio. Miturut wartos, dumugining wulan Juni kêpêngkêr, cacahipun tiyang ingkang gadhah radio ing tanah ngriki wontên 64.000. Kala wêkasaning wulan makatên taun 1937 wontên 48.500. Dados indhakipun wontên 15.000.

Boyongan golongan pangajaran. Pakêmpalan M.M.P.P. sarêmbag kalihan Kolonisatieraad nêtêpakên panuntun golongan pangajaran bangsa tiyang siti, ingkang dipun pilih Tuwan Darsosêntono, tilas adjunct Landbouwconsulent, ingkang sapunika dados guru Taman Siswa ing Bêtawi. Golongan ingkang badhe bidhal dhatêng papan paboyongan wontên 20, kanthi pambantu 100 kulawarga, sami asli saking Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan. Papan ingkang badhe dipun ênggèni kaprênah saêlèr lèpèn Way Sekampung, têbihipun saking Gêdhong Tataan wontên 2 km. Ingkang badhe dipun tanêm ingriku tanêman ingkang pamêdalipun dados padagangan. Ugi nanêm pantun, nanging botên kangge baku.

Pênyu agêng. Ing Kêdhung Karseng, ing lèpèn Madiun, bawah Ngawi, pinanggih wontên pênyunipun agêng, panjang 57 cm, wiyar 40 cm. Miturut wujud, pênyu wau sampun kawak sangêt. Pênyu wau botên ajrih kalihan tiyang , asring dhedhe wontên ing pinggir lèpèn, dipun tingali ing tiyang kathah. Dèrèng dangu pênyu wau dipun jala, jalanipun malah katut dipun bêkta ing pênyu, tiyang ingkang anjala botên kuwawi nyêmbadani.

Malaria ing Tanjungpriok. Miturut petangan, wontênipun têtiyang katrajang sêsakit malawira ing Tanjungpriok wiwit Januari dumugi Juli taun punika wontên 614, kala taun kêpêngkêr pêpetangan makatên wontên 516. Cacahipun ingkang tiwas miturut pêpetangan wau, ing taun punika 410, taun kêpêngkêr 216.

--- 1018 ---

Sociteit Habiproyo botên ambayar pajêg radio. Wontên wartos, sociteit Habiproyo botên ambayar pajêg radio. Ing sapunika dados papriksan ingkang kathah ubat-ubêtipun.

Pikramèn agung. Benjing wulan Bêsar ngajêng punika, awit saking kaparêng dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, badhe mikramèkakên putra dalêm kêkalih tuwin putri dalêm gangsal. Putra dalêm kêkalih wau 1. G.P. Angabèi, 2. B.P.H. Puruboyo. Putrinipun calon mantu dalêm 1. B.R.Aj. Hutakirun, putri têtilaran dalêm K.G.P. Hadipati Anom, 2. R.Aj. Mardusari putrinipun G.P.H. Tejokusumo. Dene ingkang badhe angsal tariman putri dalêm gangsal, 1. B.P.H. Cakraningrat, putranipun suwargi K.G.P. Hadipati Anom, 2. K.R.T. Condrodiningrat putranipun G.P.H. Tejokusumo, 3. K.R.T. Purwodiningrat, putranipun suwargi K.R.T. Wiroguno, 4. K.R.T. Kusumodiningrat, putranipun pêpatih dalêm sapunika tuwin 5. K.R.T. Purbosêputro, putranipun B.P.H. Suryodiningrat.

Pasar malêm ing Kudus. Kawartosakên, wiwit benjing tanggal 30 Augustus dumugi tanggal 10 Sèptèmbêr 1938, ing Kudus wontên pasar malêm.

Prabeya têtumpakan ing Mêkah. Miturut wartos ingkang dipun tampi ing Adviseur voor Inl. Zaken saking Konsul Walandi ing Jedah, prabeyaning tumpakan tumrap tiyang minggah kaji ing taun sapunika dipun indhakakên sakêdhik. Tumrap unta, kala taun kêpêngkêr sabên tiyang satunggal 14 paun, autobus 16 paun 4 real 11 ½ qursy tuwin touring-atuo 22 paun 4 real 11 ½ qursy. Dene ing wêkdal sapunika, unta tumrap tiyang satunggal 14 paun 13 ½ real, autobus 17 paun 14 real 11 ½ qursy tuwin touring-auto 24 paun 9 real 11 ½ qursy. Tumrap lare langkungipun umur 4 taun bayar 1/2 . Ing taun kêpêngkêr, tumrap lare ingkang katêtêpakên bayar wiwit umur 5 dumugi 10 taun. Indhaking prabeya wau, jalaran gupêrmèn Arab Saudi ngintên bilih ing taun punika cacahing tiyang minggah kaji suda tinimbang ing taun kêpêngkêr.

Tataning pangangge golongan pulisi. Kasêbut ing sêrat dhawuh, tumrap ing golongan pulisi, wiwit pangkat inggil sapangandhap, ing sajawining nindakakên padamêlan, botên dipun wajibakên mangangge panganggening pulisi, ugi kenging mangangge makatên, nanging kêdah tumindak kados manawi nindakakên padamêlan nagari.

Sadhiyan pantun ing tanah Jawi. Parentah tansah migatosakên dhatêng babagan pantun ing tanah Jawi, saha wontên raosipun bilih ing tanah Jawi badhe kêkirangan uwos. Ingkang punika nagari kaparêng amanjangakên palilah lêbêting wos saking Sumatra dhatêng tanah Jawi.

NAGARI WALANDI.

Panjênêngan Sultan Deli. Miturut wartos saking Amsterdam, panjênêngan Sultan Deli saèstu dipun bêdhèl tingalipun, pinanggih sae. Para dhoktêr sami bingah. Kintên-kintên salêbêting saminggu sampun sênggang.

Kêbêsmèn ing Seminaria. Seminaria agêng (pamulangan luhur calon guru agami) ing Risjsenburg kêbêsmi ngantos têlas-têlasan. Namung tumrap barang-barang ingkang wigatos, sagêd kêtulungan kanthi rêkaos. Ing wêkdal punika para mahaguru tuwin mahasiswa nuju sami liburan.

[Iklan]

Angsal-angsalanipun kapal Karimata. Pangêrukipun kapal Karimata angsal arta mas. Ingriku dipun kintên sampun lêrês ing papan ingkang dipun padosi. Kajawi punika ugi manggihakên arta ringgitan Sepanyol tuwin mriyêm-mriyêm ingkang panjangipun 2½ m.

Kasangsaran motor. Ing Assen mêntas kawontênakên balapan motor, têtiyang ingkang ningali kirang-langkung wontên 70.000. Ingriku wontên motor ingkang dipun lampahakên dening Konijnenberg kêcêmplung ing kalèn, wilujêng, namung motoripun lajêng nyrudug têtiyang ningali, wontên ingkang nandhang tatu rêkaos 1 tatu mayar 2.

EROPA.

Jerman kêkirangan bêrah. Ingajêng ing Jerman misuwur kathahipun tiyang angguran. Nanging ing sapunika malah kêkirangan bêrah. Ing salêbêtipun wulan Juni kêpêngkêr wontên lowongan padamêlan 310.000 panggenan. Kala wulan makatên taun kêpêngkêr namung wontên lowongan 30.000.

--- 1019 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

7

Sarêng Polwic mangrêtos, bilih lare jalêr ingkang dhatêng ing pondhokanipun punika botên sanès kajawi anakipun Tarsan, piyambakipun lajêng ngêrêmakên mripatipun. Ing ngriku piyambakipun wiwit anggambarakên wontên ing angên-angên, kapisanipun sumêrêp Tarsan. Ing manahipun ingkang sampun kirang lêrês jalaran saking kathahing sangsara ingkang dipun lampahi, saking sakêdhik lajêng tuwuh kanêpson nêdya malês awon dhatêng Tarsan. Mila sampun dados tôndha yêkti tumraping tiyang ingkang ringkih ing sadayanipun, utawi tiyang ingkang awon manahipun, manawi amanggih sangsara utawi kacilakan, punika sok lajêng anglêpatakên dhatêng tiyang sanès, kajêngipun: anggèning manggih sangsara utawi kacilakan wau, botên angrumaosi jalaran saking lêpatipun piyambak, nanging saking pandamêlipun tiyang sanès. Makatên ugi mênggahing Polwic, anggènipun piyambakipun tuwin Rokop, botên sagêd kadumugèn sêdyanipun ingkang sayêktos awon tumraping sasami-sami, nanging lajêng dhawah sangsara, punika miturut pamanggihipun Polwic, botên sanès kajawi saking pandamêlipun Tarsan wau.

Ing sakawit anggènipun Polwic badhe malês awon dhatêng Tarsan, alias Lodgrèstuk, punika sarana amêjahi anakipun, nanging danguning-dangu kamanah kados langkung sae, manawi anakipun wau namung kangge sarana anggènipun nêdya malês ukum dhatêng Tarsan. Ing ngriku Polwic lajêng nyariyosakên mênggah lêlampahanipun Tarsan nalika wontên ing wana gung ing tanah Aprikah, makatên ugi Jak inggih nyariyosakên lêlampahanipun piyambak kanthi botên sêmang-sêmang, anggènipun tiyang sêpuhipun botên amarêngakên Jak ningali mainipun kêthèk bangkokan wontên ing sirkus, malah badhe ningali kêbon binatang kemawon mêksa botên kenging. Jalaran ingkang makatên punika Polwic inggih lajêng mangrêtos, bilih tiyang sêpuhipun Jak tansah nguwatosakên kemawon manawi watakipun Tarsan anggèning rêmên gêsang wontên wana lajêng tumular dhatêng putranipun, inggih pun Jak wau.

Wiwit punika Polwic lajêng ngojok-ojoki, supados Jak asring tuwi ing pondhokanipun. Dene manawi Jak dhatêng ing ngriku, Polwic tansah anggambarakên sae tuwin sênêngipun gêsang wontên ing salêbêtipun wana gung. Mênggah kajêngipun, supados Jak saya dangu saya sangêt kapenginipun gêsang wontên ing wana sêsarêngan kalihan sato kewan kadosdene ramanipun ing kala rumiyin. Salajêngipun manawi Jak dhatêng ing ngriku malih dening Polwic asring dipun tilar piyambakan kalihan kêthèk bangkokan. Botên watawis dangu, ingkang adamêl gumunipun Polwic, dene Jak lajêng enggal mangrêtos dhatêng ginêmipun kêthèk bangkokan. Malah sakêdhik-sakêdhik sagêd migunakakên basanipun ingkang sakalangkung prasaja punika.

Salaminipun punika Lodgrèstuk ugi asring nuwèni Polwic. Ing sêmu Sang Lod kapenging sangêt mundhut kêthèk bangkokan wau. Ing wusana Lodgrèstuk lajêng ngandika blaka dhatêng Polwic, bilih anggènipun daya-daya kapengin mundhut kêthèk bangkokan wau, botên ngêmungakên kagungan krêsa supados Akut sagêda kawangsulakên dhatêng wana gung ing Aprikah malih, nanging sajatosipun kadêrêng saking krêsanipun ingkang garwa, ingkang tansah kuwatos, bilih putranipun ing têmbe lajêng sumêrêp wontên ing pundi pondhokanipun kêthèk bangkokan punika, lan jalaran saking rêmênipun dhatêng kêthèk bangkokan, ing wusana watakipun ingkang rama lajêng sagêd nular dhatêng putranipun, ingkang kadadosanipun ing têmbe tamtu sagêd ambêbayani.

Mirêng dhawuhipun Lodgrèstuk ingkang makatên punika, Polwic mèh kemawon botên sagêd ngampêt èsêmipun, awit, botên ngêmungakên putranipun asring dhatêng ing pondhokanipun, malah dèrèng watawis satêngah jam, putranipun wau mêntas rêrêmbagan rame kalihan Akut, kanthi migunakakên basa kêthèk bangkokan.

Salêbêtipun Polwic rêrêmbagan kalihan Lodgrèstuk, ing batos piyambakipun sampun manggih akal minôngka kangge malês ukum dhatêng Tarsan. Ingkang punika Polwic lajêng sagah nyade kêthèk bangkokan, nanging kanthi rêrêgèn ingkang awis sangêt. Kajawi punika, ing têmbe sasampunipun nampi artanipun wau, piyambakipun inggih sagah ambêkta kêthèk bangkokan dhatêng ing baita, ingkang kalih dintên malih badhe bidhal saking palabuhan Dhopêr dhatêng Aprikah. Dene anggènipun Polwic lajêng angêculakên kêthèk bangkokan wau, sayêktosipun gadhah pikajêng kalih warni, ingkang kapisan, inggih punika anggènipun badhe tampi arta kathah punika. Awit sasampunipun kêthèk bangkokan pinanggih kalihan Tarsan, salajêngipun nuntên botên purun [pu...]

--- 1020 ---

[...run] malih ngatingalakên kasagêdanipun kados ingkang sampun-sampun, ingkang anjalari Polwic lajêng botên angsal kauntungan malih kados ing suwaunipun. Ing ngriku kadosdene kêthèk bangkokan anggènipun purun mitongtonakên kasagêdanipun wau, supados sagêda dipun tongton dening tiyang maèwu-èwu, ingkang lajêng anggampilakên anggènipun pinanggih dhatêng tiyang ingkang dipun padosi, nanging sarêng tiyang ingkang dipun padosi sampun pinanggih, inggih botên wontên gunanipun malih kangelan mitongtonakên kasagêdanipun wau. Awit pikajêngipun ing sakawit sampun kalêksanan. Rekadayanipun juru mainakên kêthèk, murih Akut wau puruna main malih kados ingkang sampun-sampun, inggih botên kainan, ewasamantên kêthèk bangkokan mêksa ambêgêgêg botên purun. Sapisan juru mainakên nêdya angrodapêksa dhatêng Akut, nanging kadadosanipun, mèh kemawon juru mainakên kêthèk wau manggih bilai. Tujunipun ing kala punika kalêrêsan Lodgrèstuk lumêbêt ing ngriku, ingkang anjalari kêthèk bangkokan kaslimur manahipun, sarta sande anggènipun badhe ngêrêg dhatêng juru mainakên wau.

Mênggah nyatanipun, anggèning Polwic nêdya nyade kêthèk bangkokan, punika botên namung jalaran ambêtahakên arta kemawon, ugi jalaran saking kêpenginipun malês ukum dhatêng Tarsan. Awit saya dangu anggènipun anggagas mênggahing sangsaraning gêsangipun, tumrap Polwic saya cêtha, bilih sadaya wau botên sanès kajawi jalaran saking pandamêlipun Tarsan. Langkung-langkung sarêng Ayak botên purun main malih, punika mênggah rumaosipun Polwic, inggih Tarsan ingkang wajib dipun lêpatakên. Amila piyambakipun tanpa kèndêl anggènipun tansah ngupados rekadaya kadospundi anggènipun nêdya malês ukum dhatêng Tarsan, ingkang samangke pêparab: Jonkleton Lodgrèstuk.

Dhêdhasaring watakipun Polwic ingkang pancèn awon, jalaran saking sudaning pikiranipun, punapadene jalaran saking dangunipun anggèning nglampahi sangsara, punika sampun têmtu lajêng saya wêwah awonipun. Ing salajêngipun Polwic lajêng manggih rancangan kadospundi cara-caranipun anggènipun badhe malês ukum dhatêng Tarsan. Rancanganipun wau pancèn julig sangêt, lan botên pisan-pisan nelakakên, bilih pikiranipun sampun kirang. Awit sarana nyade tuwin mangsulakên kêthèk bangkokan dhatêng tanah Aprikah wau, ingkang kapisan, piyambakipun têmtu badhe dados tiyang cêkap jalaran saking angsal-angsalanipun arta saking Lodgrèstuk. Ingkang kaping kalih, nêdya mrêjaya putranipun jalêr, inggih punika: Jak, ingkang sakalangkung dipun sihi dening tiyang sêpuhipun punika, nanging caranipun amêjahi wau sarana lampah sandi, ingkang sagêd anjalari tiyang supados gadhaha pangintên, bilih pêjahipun lare punika saking pandamêlipun kêthèk bangkokan.

Kadosdene binantu ing setan, ingkang dipun sêdyakakên ing Polwic wau têka jinurungan. Dene mênggah larah-larahipun makatên:

Kalêrêsan ing satunggiling dintên Jak mirêng dhawuhipun ingkang rama dhatêng ingkang ibu, ing bab anggènipun badhe mangsulakên Akut dhatêng wana ing Aprikah malih. Jak lajêng ngarih-arih dhatêng ingkang rama, supados Akut kaingah ing dalêm ngriku minôngka kangge dolananipun. Ingkang rama pancènipun makatên botên kawratan, nanging ingkang ibu ingkang botên anyondhongi babar pisan. Jak ugi lajêng ngrintih dhatêng ingkang ibu supados anglilanana kêthèk bangkokan dados dolananipun, nanging ingkang ibu mêksa botên amarêngakên. Ing ngriku katingalipun Jak lajêng narimah dhatêng krêsanipun ingkang ibu, inggih punika Akut kawangsulakên dhatêng Aprikah, dene Jak piyambak dipun sêkolahakên ing sanès panggenan, sarta kapondhokakên ing ngriku.

Ing dintên punika Jak ing sêmu botên gadhah sêdya nuwèni ing pondhokanipun Polwic, nanging ing kala punika sanès ingkang dipun tindakakên, inggih punika: ing sarèhning sabên dintênipun Jak punika dening tiyang sêpuhipun dipun paringi arta kathah, ing môngka Jak mila botên rêmên ambucal arta ingkang tanpa tônja, mila arta paringan wau dipun kalêmpakakên. Salajêngipun dumugining dintên wau klêmpaking arta sampun atusan rupiyah kathahipun.

Enjingipun sarêng ingkang rama sampun kondur saking anggènipun tindakan dhatêng ing pondhokanipun Polwic prêlu ngrêmbag ing bab anggèning badhe mangsulakên Akut dhatêng Aprikah, Jak lajêng enggal-enggal dhatêng pondhokanipun Polwic. Ing sarèhning piyambakipun botên mangrêtos mênggah wêwatêkanipun tiyang Rus wau ing salêrês-lêrêsipun, piyambakipun inggih lajêng ajrih badhe nyariyosakên punapa ingkang dados sêdyanipun, kuwatos bilih tiyang wau botên amung botên purun ambiyantu kemawon, nanging sagêd ugi lajêng madulakên sadaya dhatêng ingkang rama. Amila piyambakipun ngêmungakên lajêng nyuwun dhatêng Polwic supados dipun lilani ngêtêrakên Ayak dhatêng ing palabuhan Dhopêr. Miturut cariyosipun, tumrapipun tiyang sêpuh kadosdene Polwic, ngêtêrakên kêthèk bangkokan dhatêng Dhopêr wau, kados badhe sayah sangêt, kajawi punika manawi Polwic suka palilah piyambakipun ngêtêrakên Ayak wau, badhe dipun sukani arta ingkang botên sakêdhik. Badhe kasambêtan.

--- [1021] ---