Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 68, Rê Lê, 27 Jumadilakir Jimawal 1869, 24 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1053] ---

Ôngka 68, Rê Lê, 27 Jumadilakir Jimawal 1869, 24 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pulo Hoorn - Makarti Tan Nyuprih - Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit - Marsudi Gêndhing Jawi - Paboyongan ing Borneo - Kawontênan Sajawining Praja, Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pulo Hoorn

[Grafik]

Sêsawangan ing pulo Hoorn, laladan Bêtawi ingkang badhe dipun sambêti lampah baita saking Tanjungpriuk wongsal-wangsul.

--- 1054 ---

Wulang Sae

MarkatiMakarti. Tan Nyuprih

[Gambuh]

Tan bangkit ngikêt kidung / mung jumurung mring dêrêng kadarung / ngura gita tiniti datanpa arti / tatale têmên lan putus / pantês tulise tan maton //

batine tansah buntu / binutula mêksa maksih matu / parandene daleya ayun ngayoni / sumêngka angeka kawruh / tan wruh lamun maksih mogol //

enggale kang rinêmbug / lamun gagas mring sagunging makluk / kang gumêlar binabar ngèbêki bumi / wus winijang wajibipun / anut sakarsèng Hyang Manon //

ênêre kang tinuju / nora nêja ngijèni anjuju / bêgja papa tan tumrap angga pribadi / daya-dinayan ing tanduk / tumindak agotong-royong //

kadi ta kang winuwus / punthuk pundhung lawan gênêng gunung / sumawuring awu saking agni ardi / yèn cundhuk tibaning lêbu / nèng lêmah lêmène momot //

mêmengin tanêm tuwuh / angrêmbaka rêkah pange kukuh / rêrendhetan ri bandhil lan carang ori / kumalawèr kèhing sulur / rêrayudan ngrayut oyod //

wana gung liwang-liwung / tanpa sêla pipit têpi têpung / gora gêrot gumêrot anggêgirisi / mung sato katrêm dêdunung / madyèng wana katon kraton //

angrasa tanggon têguh / nora wêgah katêkan ing mungsuh / yèn tinasak tan rupak papane dhêlik / dhasar jênak manggon lindhuk / yèn rinundhuk malês nyaplok //

marmane têntrêm nutug / anèng wana nadyan têbih purug / mangan warêg awak katon waras wiris / tan uwas rumêksèng dunung / nora wani janma brobos //

yèn wana sêgêr subur / mahanani kèh jawah sumawur / dening mêndhung adhêm kataman ing atis / atising wana lan gunung / sayêktine misah amor //

lamun jawah tumurun / tirta mili mring lêlêdhok mudhun / kumpul kêmpal balabar dumadi kali / sinêmpal gampil tumanduk / mring sawah akêdhok-kêdhok //

kang anjog samodra gung / lirab-lirab alune gumulung / sagung warih kataman soroting rawi / kuwasa mring tawang mumbul / dadyowab nèng wiyat kamot //

sayêkti nora kêmput / yèn ingandhar mung arsa kabacut / yèn winawas kabèh kaanan wus masthi / molah malih ganti wujud / nêtêpi wajib wus manggon //

dawa-dawaning rêmbug / yèn tinanya êndi ta kang sêpuh / miwah êndi ingkang kuwat nguwasani / apa hawa apa banyu / apa lêmah apa sorot //

tuhune yèn ingudur / wola-wali datan bangkit ngulur / wit tan uning purwa madya amêkasi / manawa mung durung gathuk / ingothak-athik lan nyathok //

nging ana ingkang patut / kêni môngka darsana tinurut / pakartine banyu lêmah hawa gêni / amung tansah sung sêsuluh / marang sanggyaning dumados //

anggili lila mulung / murakabi mring kang samya sinung / sakarsane mung sumarah nayogyani / nora ngandhut malik juluk / mung lumaku kodratulloh //

babar jatining idhup / nora ngêdhap makarti sumurup / sakridhane nora sêpên nglêlubèri / rahayu sasamèng idhup / nora nyuprih nora

--- 1055 ---

ngrogoh //

sanadyan yèn tiniru / yêkti mokal langkane kang laku / jênêng urip tamtu maksih darbe pamrih / amung yèn mawa panuju / luwung bisa rada kaot //

marmane yèn dinumuk / pedah apa janma ambêg umuk / sugih umbag ing jagad anglêlanangi / sapa sira sapa ingsun / angkuh sêngguh Ngraja Pirngon //

tan tolih samèng idhup / amung idhêp rumasa gêgêdhug / gêdhêg gêdhig bêdhidhig lan antuk tandhing / dhêng-dhênge si tukang bidhung / ngêndêkkengêndêlke. ngèlmune kêdhot //

tan mèngêt ujar ayu / nora ngrasa têmbe bakal layu / ngaya-aya anggayuh kasukan ngênting / tega têgêl gilut ngèlmu / pangulahe dalan adoh //

ing Wedhatama kasbut / janma ingkang mring ngèlmu kalimput / ngèlmu karang ngèlmu kêdhot bôngsa gaib / sayêktine tan rumasuk / amung anèng jaba manggon //

benjing praptaning prêlu / nora dadi sarananing laku / bokmanawa malah angaling-alingi / yèn kêna bancanèng laku / nora ngêntasi pakewoh //

bok iya darbe rikuh / wirang mulat kaanan tumuwuh / wus kasêbut manungsa titah linuwih / darbe pikir nalar mulur / panglimbanging sae awon //

yèn ambêg sasar-susur / ambêlasar sakêsir mung bêsur / yêkti asor tiwas jêjêring ngaurip / karana ingaran manus / lire unusaning Manon //

Pak Kalang.

Wara-wara

Ing dintên punika Petruk botên mêdal, amargi nuju kapambêng. Mugi botên andadosakên cuwaning panggalihipun para maos.

[Iklan]

--- 1056 ---

Kawruh Sawatawis

Mêncarakên Têtuwuhan Sarana Peranganing Wit.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67.

[Grafik]

Wit pêlêm ingkang dipun sambung.

Manut tiorinipun cangkokan punika botên sagêd malih, awit cangkokan punika kadadosan saking saperanganing têtuwuhan. Nanging wontên ing praktikipun botên makatên. Kathah cangkokan manawi dipun tanêm ing sanès panggenan ingkang kawontênanipun utawi hawanipun beda kalihan asalipun lajêng malih, upaminipun pêlêm arumanis ing Pasuruan dipun tanêm ing Banyumas, raosing wohipun wit cangkokan beda kalihan wohipun êmbokipun (moederboom). Ingkang makatên punika sajatosipun botên margi wataking cangkokan wau malih, nanging margi wontên watak-watak sawatawis ingkang botên sagêd katingal utawi botên sagêd ontwikkelen dipun sababakên bedaning kawontênan wau. Watak-watak ingkang botên sagêd onwikêlên wau dipun wastani latèn (latent), tandhanipun yèn watakipun wau botên malih makatên: yèn cangkokan ing Banyumas punika dipun cangkok malih, cangkokanipun dipun tanêm ing Pasuruan malih, raosing wohipun sami kalihan wohipun ingkang êmbah (grootmoederboom) kawontênan kados makatên punika salah satunggaling awonipun cangkokan. Kajawi punika taksih wontên malih awonipun cangkokan, inggih punika:

1. Yèn badhe nanêm kathah sampun mêsthi ambêtahakên pang kathah saking bibitipun, ingkang makatên punika adamêl risak dhatêng êmbokipun.

2. Manawi dipun kintunakên dhatêng sanès nagari ragadipun kathah, awit awujud pot ingkang isi tanêman.

Supados sagêd nyingkiri prakawis-prakawis ingkang kasêbut ing nginggil wau, lajêng pados akal sanès, inggih punika sarana: nyambung (enten), anggathukakên (plakken), lan nyuthat (oculeeren), ingkang badhe kula têrangakên ing wingking.

5. Mêndhêm (afleggen).

Têtuwuhan ingkang dipun pêndhêm punika limrahipun têtuwuhan ingkang alit-alit sarta adatipun ingkang angèl dipun turus utawi angèl cangkok-cangkokanipun, upaminipun: sêkar

--- 1057 ---

soka, nyonyah manis, utawi sinyo nakal, mawar lan sapanunggilanipun. Nanging sanajana wit ingkang kenging dipun turus trêkadhang inggih dipun pêncar sarana kapêndhêm, janji witipun lêmês kemawon, upaminipun sêdhah, punika langkung gampil gêsangipun tinimbang manawi dipun turus.

Mênggah sajatosipun mêndhêm punika mèh sami kalihan nyangkok, ingkihinggih. mawi dipun kêrêt kiwatêngênipun sarta dipun kêrik punapa. Nanging inggih kenging katindakakên botên sarana patrap makatên. Limrahipun ingkang dipun pêndhêm punika wit utawi pang ingkang taksih ênèm, watawis umur sataun. Manawi wit ingkang badhe dipun pêndhêm botên gadhah pang ingkang ênèm, wit wau kakêthoka sanginggilipun siti, ingriku lajêng mêdal trubusipun pintên-pintên, trubus punika ing taun ngajêngipun kenging lajêng dipun pêndhêm. Mênggah patrapipun makatên.

Pang-pangipun wit ingkang badhe kapêndhêm tumuntên dipun pêndhêm ing siti sakiwatêngênipun ingkang sampun dipun adhuk, ingkang dipun pêndhêm punika namung saperangan kemawon ing bongkot, pucukipun kaêluk utawi katêkuk muncul sanginggiling siti. Ing sandhingipun pang punika dipun cêbloki wilahan, prêlu kangge anjirêt pang wau supados adêging pangipun jêjêg. Sakiwatêngênipun pang ingkang dipun pêndhêm punika dipun cêbloki wilah ugi, prêlu kangge gondhelanipun pang ingkang kapêndhêm punika supados sampun ngantos anjêpat saking siti. Manawi pangipun inggil, pamêndhêmipun wontên ing siti ingkang kawadhahan ing kranjang.

[Iklan]

Manawi sampun mêdal oyodipun panjang, lajêng dipun kêthok saking sakêdhik, tumuntên dipun tanêm ing sanès panggenan sasitinipun pisan sarana dipun putêr. Anggènipun sumêrêp mêdal oyodipun utawi dèrèng, punika sarana dipun tuwèni rumiyin.

6. Nyambung (enten)

Wit-witan ingkang dipun sambung punika upaminipun: pêlêm arumanis kalihan pêlêm blênyik. Pêlêm gêdhong kalihan pêlêm banthèngborok. Pêlêm golèk kalihan pêlêm kodhang. Mênggah patrapipun nyambung wit punika makatên: Badhe kasambêtan.

Rutam (R.T. Adisumarta).

N.Scr. Purbalingga.

--- 1058 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Gd. Wèsminsêtêr lr. sl. pt. sanga.

Dipun bawani lagu dolanan Lindri.

[Notasi]

kèndêl, lajêng ura-ura punapa sindhènipun, dipun iring gêndèr kemawon. Lagunipun kados ing ngandhap punika.

[Notasi]

Pola ôngka 2.

Dipun lajêngakên dhawah Gd. Wèsminsêtêr.

[Notasi]

--- 1059 ---

Ungêlipun gêndhing Wèsminsêtêr punika manawi sampun dumugi G.M IV sadaya ungêlipun pradôngga kèndêl (sirêp), ingkang mungêl namung kantun kêtêking kêndhang, ungêlipun: têk, têk, kaping 12 miturut pin, satêlasipun kêtêk kaping 12 lajêng dipun sambêt ungêlipun wilahan gêndèr barung mawi tabuh satunggal, ingkang kacêpêng tangan têngên, ungêlipun miturut ôngka nut, dumugi N V lajêng kêtêkan kêndhang kaping 4 sambêt wilahan gêndèr barung malih, makatên salajêngipun. Sasampunipun nuthuk wilahan gêndèr, miturut nut ôngka 2675 lajêng nuthuk wilahan gêndèr barung ingkang swara agêng: laras barang, katabuh tangan kiwa, laras gangsal, katabuh tangan têngên, dipun sarêng: amimba swaranipun jam, manawi prasakawananipun sampun mungêl kaping sakawan, lajêng kantun ungêlipun jam. Inggih punika ingkang kasêbut nut ôngka .1.1.1.1 N VII sasampunipun N VII gôngsa sadaya katabuh malih, dumugi G.N IV kèndêl, makatên salajêngipun.

Yèn ungêlipun sampun jangkêp kaping 3 utawi kaping 4 iramanipun lajêng kadamêl sêsêg, nama: gêndhing Wèsminsêtêr lômba, dene nutipun kados ing ngandhap punika:

Pola ôngka 3.

Gd. Wèsminsêtêr lômba.

[Notasi]

Gd. Langên gita: lr. sl. pt. sanga.

Mawi dipun bawani sêkar agêng: Citramêngêng.

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringgaardana.

Pawartos saking Redhaksi

K.5253 ing S. Taun 1837 dhawah Alip, sanès Jimawal. JimawalimunJimawalipun. dhawah 1837. Pundi ingkaingkang. dipun karsakakên.

K.a S ing Tr. Prayogi mundhuta buku sayêmbara ngarang radhio tonil Philips 1938 dhatêng kantor N.V. Borsumy ing Batawi.

--- 1060 ---

Paboyongan ing Kampung Kêrtakanyar Kilo Mètêr 14 Ulinwèh, Borneo Sisih Kidul, ingkang kaping Kalih.

Nuwun. Para maos Kajawèn: kula badhe ngaturakên kawontênan bab ing nginggil, mugi-mugi sagêda dados panariking manahipun para sadhèrèk ingkang badhe pindhah.

Nalika tanggal 11 Juni kula tampi dhawuh saking pangagêng kula, supadosa kula ing tanggal 13 Juni pangkat dhatêng Ulinwèh kalihan Tuwan Opsihtêrlanbo. Nanging prêlunipun kula dèrèng mangrêtos.

Tanggal 13 Juni enjing opsihtêrlanbo dhatêng kantor ngampiri kula, lajêng têrus bidhal dhatêng Ulinwèh kilo mètêr 14 numpak sêpedhah, kangge ningali pasitèn ingkang badhe kaukur. Saking pangandikanipun, opsihtêrlanbo, kula supadosa damêl situasi, pasitèn ing ngriku. Sasampunipun lajêng kapurih ambage kangge tiyang 100 semah. Sabageanipun wiyar sabau, awit pasitèn wau badhe kangge tiyang boyongan saking tanah Jawi Wetan.

Têbihipun pasitèn wau saking Banjarmasin 15 kilo mètêr, mêdal margi Ulinwèh ingkang dhatêng Martapura. Watawis 7 kilo mètêr saking Banjarmasin, ing ngriku wontên pêkênipun ingkang watawis 7 wulan kapêngkêr nêmbe kabikak kangge umum. Saurutipun margi Ulin, sampun kathah griyanipun tiyang kampung. Ngantos dumugi kilo mètêr 14 namanipun kampung wau: Kêrtakanyar. Ing pasabinan, tanêmanipun pantun subur sangêt. Sarêng kula dumugi kilo mètêr 14, lajêng nyimpang margi mangidul. Margi wau nêmbe kagarap dening tiyang dhusun malah sampun mèh rampung. Têbihipun saking Ulinwèh dhatêng panggenan paboyongan 1 1/2 kilo mètêr. Pasitèn ing ngriku wau sadaya sampun dados sabin, satunggil-tunggiling tiyang ing ngriku bageanipun sabin botên sami, awit nalikanipun taksih wana, pundi tiyang ingkang sugih arta, lan purun babad-babad ing ngriku, sampun têmtu bageanipun wiyar. Tatacaranipun ing ngriku wau bageanipun mawi borongan. Ing dalêm saborongan punika 10 dhêpa pêsagi, utawi 289 mètêr pêsagi. Tiyang satunggal-tunggalipun wontên ingkang gadhah ngantos 1200 borongan, sakêdhikipun 20 borongan. Dados manawi dipun samèkakên kalihan tanah Jawi ing dalêm 25 borongan, sami kalihan 1 bau. Manawi tumbas pasitèn ing ngriku ingkang sampun dados sabin rêginipun saborongan f 8.- dados sabau rêgi f 200.- manawi siti taksih wana namung nyuwun palilah dhakêngdhatêng. nagari, lajêng kababad piyambak. Pasitèn ing ngriku punika namung sagêd katanêman pantun sapisan salêbêtipun sataun, awit namung môngsa rêndhêng kemawon. Dene caranipun nanêm pantun, sakawit damèn kababad, manawi siti sampun rêsik lan êmpuk lajêng katanêman bibit, satancêban bibit wontên 3 utawi 4 lêr, dene thukulipun sagêd dados 10 utawi 15 lêr. Wiwit tanêm ngantos umur 3 wulan nêmbe dipun rêsiki sukêtipun, cara Jawinipun matun sapisan. Sasampunipun punika lajêng dipun kèndêlakên kemawon ngantos dumugi ngênèni,

--- 1061 ---

namung dipun tuwèni kemawon. Wondene katingalipun pantun sae, punapa malih manawi bôngsa kula Jawi ingkang anggarap sampun têmtu anglangkungi saenipun. Dene pikantukipun pantun ing dalêm saborongan 20 blèg lisah pèt, utawi wos 10 blèg. Dados ing sabaunipun sagêd dados 25x10 blèg, wos= 250 blèg, wos utawi 25 kati x 250 blèg = 6250 kati = 62 dhacin wos. Kasade rêgi f 4.- sadhacinipun = dados sabaunipun sagêd dados 62xf 4.- = f 248.- langkung kathah katibang ing tanah Jawi pikantukipun ing dalêm sabaunipun.

[Grafik]

Krêtêg lèpèn Kuin, Banjarmasin. Lèpèn wau ingkang lajêng anggandhèngakên lampahing lèpèn Martapura kalihan lèpèn Barito.

Pasitèn ing ngriku punika walêd, lêbêtipun sadhêngkul, sabin-sabinipun sadaya kathah ulamipun sêpat lan kutuk. Sabên dintên dipun pêndhêti, wondene ulamipun botên têlas-têlas. Dados manawi para sadhèrèk boyongan botên susah tumbas ulam. Sarêng kula sampun kumisi sadayanipun, watawis jam 12 siyang, kula lan opsihtêrlanbo wangsul dhatêng Banjarmasin, jam 1 sawêg dumugi kanthi wilujêng.

Enjingipun tanggal 14 Juni jam 6 kula bidhal dhatêng panggenan ingkang kasêbut ing nginggil, prêlu damêl situasi.

Sasampunipun lajêng kabage dados 100 bagean, [bage...]

--- [1062] ---

[...an,] a sabau. Dados gunggung wontên siti 71 ha. Siti samantên wau ingkang gadhah tiyang 24. Dumugi tanggal 26 Juni padamêlan kula rampung. Sabên dintênipun kula wangsul dhatêng Banjarmasin, dados lampahan 30 km wongsal-wangsul numpak sêpedhah.

Pasitèn ingkang kula ukur wau dipun sewa dening gupêrmèn kangge cobèn-cobèn, sadhèrèk Jawi ingkang kapindhah ing ngriku sadaya 100 semah. Dene sewanipun ing dalêm 1 bau f 22.50, sataun. Samôngsa sagêd sae panggarapipun, ing têmbe wingking badhe kapindhah malih ing pasitèn, Allak salèripun Banjarmasin. Saking pangandikanipun Opsihtêrlanbo, ing Allak badhe kaisenan sadhèrèk Jawi 4000 semah. Samantên wau manawi sadhèrèk Jawi sagêd panggarapipun sabin cobèn-cobèn.

Nalika tanggal 16 Juni, ing ngriku karawuhan priyantun saking tanah Jawi, prêlu mriksa pasitèn ing paboyongan, 1 mantri pulisi saking Blitar, sarta para lurah dhusun 5, saking Blitar, Tulungagung, Magêtan, Kêdhiri tuwin Trênggalèk. Dene rawuhipun ing ngriku kalihan insinyur lan opsihtêrlanbo tuwin asistèn kyai Banjarmasin.

Sasampunipun para lurah dhusun ingkang saking tanah Jawi sami ningali wontênanipun pasitèn ing ngriku, sadaya sami kapranan sangêt ningali pasabinan ing ngriku. Saking pangandikanipun opsihtêrlanbo, wontên satunggiling lurah ingkang purun dipun pindhah mriku. Awit ningali tanêman pantun ing ngriku langkung sae katimbang ing tanah Jawi. Môngka panggarapipun botên kados têtiyang Jawi. Punapa malih manawi bôngsa Jawi ingkang anggarap sabin wau, sampun têmtu langkung sae malih, sagêd ugi pamêdaling pantun langkung kathah tinimbang ingkang sampun. Saking pangandikanipun Tuwan Insinyur Lanbo, tiyang-tiyang paboyongan ing ngriku, punika kapurih sinau caranipun nanêm pantun, awit langkung mirah wragadipun katimbang ing tanah Jawi. Samôngsa sagêd panggarapipun tiyang-tiyang wau lajêng kapindhah panggenan, ing ngriku lajêng dipun santuni tiyang boyongan enggal, makatên salajêngipun. Dados papan ing Kêrtakanyar punika namung kangge nyinau kemawon.

Griya ingkang kangge sadhèrèk boyongan kadamêl urut margi, tiyang sasemah kapapanakên sagriya. Dados sadaya wontên griya 100, lêtipun satunggal-tunggaling griya 25 mètêr. Malah langkung sae malih katimbang ing paboyongan ing Pêngaron.

Watawis jam 1 siyang para tamu lajêng kèndêl sarta dhaharan. Sasampunipun talêsih sadayanipun lajêng sami kondur dhatêng Banjarmasin. Saking pangandikanipun opsihtêrlanbo, dhatêngipun sadhèrèk boyongan saking tanah Jawi wontên salêbêtipun wulan Agustus.

Nuwun, dumugi samantên rumiyin, sanès dintên badhe kula sambêti malih, samôngsa sadhèrèk boyongan sampun dhatêng ing Banjarmasin. Panyuwun kula dhatêng panjênênganipun para maos, mugi karsaa paring pangandika dhumatêng para sadhèrèk Jawi, ingkang sami rêkaos pangupajiwanipun. Awit ing tanah Borneo punika taksih kirang sangêt jiwanipun, pasitèn wiyar tur ugi taksih kathah wananipun.

Ki Citrakusuma

Kêrtabaruwèh 60, Banjarmasin.

--- 1063 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Ing Palestinah taksih rame.

Kawontênan ing Palestinah taksih ajêg rame kemawon, namung panêmpuh ingkang mawi bom, sampun pinanggih suda. Ramenipun ing Palestinah wau katindakakên dening bôngsa Arab tuwin Yahudi ingkang sami niyat botên nêdya rukun, malah tumraping golongan wanita Arab inggih tumut angêmori damêl. Ing ngriku wontên panêdhanipun golongan Arab, supados nyuwak pulisi bôngsa Yahudi, awit tiyang wau botên kenging dipun pitados. Nanging raos ingkang makatên wau kados sami kemawon kalihan raosing bôngsa Yahudi anggèning botên rêmên dhatêng bôngsa Arab.

[Grafik]

Saradhadhu Inggris ing Palestinah wontên ingkang mangagemangangge. cara Arab.

Tumraping Inggris tuwin Prancis, sanadyan mitra, nanging ingatasing babagan punika ugi sami sujana-sinujanan. Inggris tansah gumun dhatêng tindakipun Prancis anggèning nglilani lêbêtipun bôngsa Arab saking Libanon tuwin Seriyah dhatêng Palestinah kanthi ambêkta dêdamêl. Tuwin punapaa Moefti ingkang oncat saking Palestinah inggih dipun kèndêlakên kemawon, botên kapasrahakên dhatêng Inggris, môngka Moefti punika nyata ingkang tansah damêl wêwinihing ura-uru.

Panyaruwenipun Inggris ingkang makatên wau malah dipun tampi angosok wangsul, amastani bilih ramening Palestinah punika tuwuh saking pandamêlipun Inggris. Tamtu kemawon Inggris saya botên andugi, awit ing ngajêng Prancis tansah saiyêg sêsarêngan angalang-alangi lêbêting bôngsa Arab kanthi ambêkta dêdamêl, ngantos mawi dipun palangi ing pagêr kawat wontên ing watês Libanon, waragadipun ngantos têlas 100.000 ponsêtèrling.

Pamanggihipun Inggris, bab ura-uru ing Palestinah punika kêdah kawontênakên pajagèn ingkang santosa yêktos, awit wontên sêsulakipun, bilih bôngsa Arab dipun murinani ing golongan Islam ing tanah Indhu. Malah ing ngriku kêtingal wontên wiji gêthing dhatêng Inggris, katitik saking [sa...]

--- 1064 ---

[...king] wontêning rêmbag badhe angêmohi barang dêdamêlan Inggris, saha badhe ngawontênakên utusan dhatêng Londhên, prêlu anduwa tindakipun Inggris.

Makatên ugi ing Mêsir, para ngulama ugi botên nayogyani dhatêng tindakipun Inggris, wosipun supados Palestinah têtêp dados nagarinipun bôngsa Arab (Islam), tindakipun golongan Mêsir wau angsal pambiyantuning ngakathah. Malah tumrap golongan Wafd ugi tumut ambiyantu arekadaya nglêmpakakên arta kangge ambiyantu ura-uru ing Palestinah. Saya malih tumrap tindakipun Bagêdad, araos ngojok-ojoki, adhêdhasar pêrang sabil, ingkang sagêd adamêl muntabing para mudha Islam. Tuwin taksih kathah nagari sanès-sanèsipun malih ingkang nêdya ambiyantu bôngsa Arab ing Palestinah.

Ing ngriku ugi lajêng nuwuhakên pamanahanipun Itali, ugi kêpêksa kêdah tumut jagi-jagi. Pamawasipun Itali, samôngsa wontên paprangan donya, ing Palestinah tamtu sakalangkung rame. Mila Itali gadhah raos, mrayogèkakên Palestinah punika dipun parentah dening paguyuban nagari kemawon, inggih punika Inggris, Prancis, Itali, Amerikah, tuwin sanès-sanèsipun. Kala kados ing ngajêng.

Ingkang makatên wau, Inggris kêpêksa botên sagêd selak malih, kêdah nyantosani barisipun, awit lajêng nêtêpakên bilih ing Palestinah dados nagari paprangan.

Ing ngajêng Inggris janji panggenan dhatêng golongan Yahudi, nanging botên akajêng nyukakakên wangsul siti wutah rah, namung lugu kadosdene papan pangungsèn, bakunipun tumrap Itali, botên rêna bilih Palestinah lajêng dipun bage-bage.

Pinanggihing rêmbagipun nagari-nagari ing bab babagan Palestinah dèrèng wontên karampunganipun.

Tindakipun Jêrman nyamari.

Tindakipun Jêrman anggèning ngawontênakên ajar-ajaran pêrang adamêl kasamaraning nagari pundi-pundi, awit nyamarakên manawi Jêrman lajêng anjangkah dhatêng Tsjecho Slowakije. Ing bab punika, parentah Inggris tuwin Prancis inggih sampun anjawil dhatêng parentah Tsjecho supados prayitna, nanging ingkang rêmit.

Miturut wartos, benjing tanggal 5 dumugi tanggal 12 wulan ngajêng, golongan Nasi badhe ngawontênakên konggrès wontên ing Neurenberg Sang Hitler badhe mêdhar sabda ingkang raos ngiyêgakên golonganipun badhe tumindak ingkang langkung wigatos.

Nanging wontên wartos malih, Hitler badhe ngêntosi dumugining Runciman kawon daya utawi samôngsa Runciman tampi karampungan ingkang damêl kapitunanipun Jêrman. TumranTumrap. tindak kasabaranipun Jêrman, punika salugunipun malah saya mikantuki dening satata tuwin mapan kasantosanipun.

Kajawi punika tumraping Jêrman inggih taksih mêngku kawigatosan ing bab kawontênaning golongan Sudeten. Mila sawarnining rêmbag ingkang tumindak ing wêkdal punika tansah mêngku wados ingkang damêl kasamaraning ngakathah.

--- 1065 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Ama tikus ing Ciparay. Ing Ciparay, bawah Bandung, wontên tanêman pantun ingkang dipun têmpuh ing ama tikus ngantos têlas 600 ha. Têtiyang ingriku lajêng angsal pambiyantu saking ingkang wajib nanggulangi ama wau. Nanging karisakan punika kakintên botên adamêl kasangsaran, awit taksih kathah tanêman pantun sanèsipun.

Barang wêdalan tanah Jawi. Miturut tumindaking pambudidaya tuwin paniti, padagangan wêdalan tanah Jawi ingkang sagêd kasade wontên ing Borneo, awarni barang tas wacucal wêdalan Madura tuwin prabot balegriya wêdalan Pasuruan. Ing sapunika sawêg wontên rekadaya badhe ngajêngakên payung wêdalan Juwiring Klathèn tuwin Tasikmalaya, murih sagêd angsal papan panyadean.

Sêsambêtanipun lampah layaran saking Bêtawi dhatêng Bêlawan Dèli. Sampun satêngah wulan punika wontên baita Bugis bidhal saking Bêtawi dhatêng Bêlawan Dèli ambêkta momotan wawrat 800 pikul. Baita wau nama Manasa Medina, punggawanipun wontên tiyang 14. Ing tanggal 14 Augustus baita wau sampun dumugi ing Bêlawan Dèli. Sawatawis dintên malih badhe bidhal wangsul dhatêng Bêtawi ugi ambêkta momotan malih. Lampahing baita ingkang kados makatên punika dèrèng nate wontên. Dene ingkang nangkodani baita wau satunggiling sudagar tiyang siti ing Bêtawi. Babagan punika wontên gêgayutan kalihan Rupelin, nanging ugi wontên sêdya badhe manunggil.

Tingalan dalêm taunan G.K.R. Pambayun. Ing salêbêting karaton Surakarta mêntas wontên paargyan kalêrês dintên wiyosan dalêm G.K.R. Pambayun têtêp yuswa 19 taun. Ing dintên malêm Sabtu tanggal 20 wulan punika, dhawahing paargyan, tamu ingkang malêbêt kadhaton, Tuwan Gupêrnur Bijleveld ing Ngayogya, K.G.P.A.A. Prabu Suryodilogo tuwin ibu dalêm. Ingkang saking Surakarta, K.G.P.A.A. Mangkunêgara sakalihan G.K.R. Timur tuwin para agêng sanès-sanèsipun. Ing dalu wau mawi têtingalan Srimpi Mêrak-kêsimpir tuwin pêthilan Supolo-Arjuna, sumbangan saking Mangkunagaran.

Balapan mlajêng. Anyarêngi dintên tingalan dalêm G.K.R. Pambayun, mawi kawontênakên balapan malajêng kanthi ganjaran wissel beker paring dalêm G.K.R. Pambayun tuwin barang ganjaran sanès-sanèsipun. Ingkang tumut balapan wontên tiyang 273, kalampahanipun ingkang tumut kantun tiyang 250. Lampahipun wiwit saking alun-alun lèr, Slompretan, Coyudan, Gêmblêgan, Gadhing, Baturana, Bathangan wangsul malih dhatêng alun-alun. Sadaya wau têbihipun wontên 15 km. Ingkang nomêr satunggal Sudadi No. 61, angsal ganjaran wissel beker saking G.K.R. Pambayun tuwin barang sanès-sanèsipun. Nomêr kalih dhawah Sugiarto, nomêr tiga Dulkanon, sami angsal ganjaran vaste beker tuwin barang-barang. Wontên tiyang sanès-sanèsipun ingkang sami angsal ganjaran panglipur.

Buku-buku ingkang kaawisan malêbêt ngriki. Miturut pratelan ingkang katêtêpakên dening parentah, buku-buku ingkang botên kenging kalêbêtakên dhatêng tanah ngriki: buku karanganipun Edwar Alexander (Europa Verdrag-Zurich), buku karanganipun Ward Herman, 300 lagu pêrang damêlanipun Huang Jin Sheng, lagu-lagu pêrang damêlanipun Tan Chiang, kalawarti Emanciptie, Communitische Internationale, lagu-lagu wadya abrit karanganipun Yang Hsich.

Prof. Weidenreich. Wontên wartos benjing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr ngajêng punika, Prof. Dr. R. Weidenreich, satunggiling professor ahli anatomie ing Rookefeller ing Peking badhe dhatêng ing tanah ngriki pêrlu nocogakên kawruhipun ingkang ing wêkdal punika sawêg dipun udi. Dhatêngipun ing tanah ngriki punika ugi gêgayutan kalihan panitipriksa babagan sirah tiyang ingkang pinanggih ing Ngandong, Surakarta tuwin bangsaning kewan agêng ing jaman kina ingkang raganganipun gêgayutan kalihan kawontênaning tiyang Peking.

Paboyongan ing Pulo Laut. Miturut wartos, paboyongan ing Pulo Laut badhe kaêlar pados papan paboyongan ingkang kaping kalih. Tindak punika gêgayutan kalihan prayogining pikantukipun papan paboyongan lami.

[Iklan]

Ngajêngakên tanêman kajêng sengon. Ingajêng sampun wontên pambudidayanipun parentah angajêngakên nanêm kajêng sengon, wontên ing bawah Gunungkidul, nanging katingal botên kawigatosakên. Ing sapunika rekadaya wau katingal wiwit dipun wigatosakên. Dene pikantukipun, ingriku badhe wontên kêkirangan kajêng obong.

Punggawa pagantosan nagari. R. Wiryotaruno, onder beheerder pagantosan nagari ing Glodhog (Bêtawi), dados beheerder klas 2 ing Ciparay (Priyangan). R. Wiryotaruno, onder beheerder ing Mayong (Japara-Rêmbang), dados beheerder klas 2 ingriku. R. Safie alias Wiromênggolo, onder beheerder ing Banjaran, dados beheerder klas 2 ingriku. R. Muhamad Husen alias Harjowijoyo, onder beheerder ing Limpung (Pêkalongan), dados beheerder klas 2 ingriku.

Pindhahan. Agus Salèh, beheerder klas 2 ing Kutowinangun kapindhah dhatêng Jatibarang (Cirêbon). R. Joyoatmojo, onder beheerder ing Purwokêrto, kapindhah dhatêng Kutowinangun. M. Hatmodiprojo, beheerder klas 2 ing Bumiayu kapindhah dhatêng Masaran (Surabaya), Sastrosantono, onder beheerder Dinoyotangsi (Surabaya), kapindhah dhatêng Bumiayu. M.Ng. Sutomo, alias Cokrokusumo, beheerder klas 2 ing Ciparay, kapindhah dhatêng Sêpanjang. Sutejo alias Ronodirjo, beheerder klas 2 Masaran, kapindhah dhatêng Salaman (Kêdu).

Padagangan enggal. Ingajêng sampun nate kawartosakên bilih ing Banyuwangi kangge anindakakên damêl ulam sardhèn wontên ing blèg. Sapunika wontên wartos bilih ing Bawen ugi damêl. Tumrap Banyuwangi ingkang dipun damêl ulam lêmuru, dene Bawean ulam layang. Ing sakawit tindak wau namung minangka cobèn-cobèn, nanging ing sapunika sampun sagêd damêl 150.000 blèg. Ulam wau mawi dipun bumboni kecap utawi saos tomat. Panumbasing ulam kapetang mirah sangêt, ing dalêm sakilogram namung satêngah dumugi saêsèn, ing dalêm saêblègipun kintên-kintên namung rêrêgèn 1/4 dumugi 1/2 sèn.

Panjênêngan Sultan Asahan wontên tanah Jawi. Sampun sawatawis dintên panjênêngan sultan ing Asahan rawuh ing Batawi, laminipun badhe ngantos satêngah wulan. Tindak wau sanadyan sakaparêngipun piyambak, ugi pêrlu badhe sowan dhatêng Bogor.

--- 1066 ---

Lindhu ragi agêng. Kala tanggal 18 Augustus wanci jam 4.30 sontên, ing Bêngkulên karaos wontên lindhu ragi agêng, kaca-kaca sami pêcah. Dèrèng wontên katrangan pintên kapitunanipun.

Instituut Banyuurip. Paguyuban Akrap "Pusara Warga Banyuurip" grombolan Jombang sampun kalêksanan mbikak bêbadan paguron mawi têngêr "Instituut Banyuurip". "Instituut Banyuurip" kaperang dados bagean Frobel, Schakel lan H.I.S. Wondene wulanganipun sababag kalihan Lager onderwijs Gouvernement. Yèn sontên ngawontênakên wulangan basa: Jawi, Mêlayu, Jêpang, Walandi, Jerman, Prancis, Inggris, Boekhouding, Stenografie lan Machineschrijven, dhatêng sintên kemawon ingkang nêdya sinau, kanthi bayaran ingkang ènthèng (Soew.)

Taman Putri Mojopahit. Para putrinipun Paguyuban Akrap "Pusara Warga Banyuurip" ing Jombang sami ndhapuk pakêmpalan mawi têngêr "Taman Putri Mojopahit", kaperang dados kalih golongan. A. Golongan putri kasêpuhan; gadhah gêgayuhan upaminipun ngupakara bayi, mrênata balegriya (ekonomie). B. Golongan putri kaneman; gadhah gêgayuhan upaminipun nyinau kaprigêlan tangan, olah-olah saha sami angudi supêkêtipun sêsrawungan. (Soew)

Dr. Sukiman badhe dhatêng nagari Walandi. Miturut wartos, Dr. Sukiman badhe dados utusan P.P.B.B. dhatêng nagari Walandi, mênggah wigatosipun badhe sowan Sri Bagendha Maharaja Putri, ngunjukakên ing bab kawrataning punggawa pagantosan nagari. Lampahipun numpak motor mabur. Sadhiyanipun waragad f 2000.-.

Tamu saking ngamanca. Benjing tanggal 6 Sèptèmbêr ngajêng punika badhe wontên tamu saking Eropa, ingkang mêntas anjênêngi congres ngèlmu bumi wontên ing nagari Walandi. Dhatêngipun ing tanah ngriki pêrlu andon lêlana. Ingkang dipun dhatêngi para tamu wau ing tanah Jawi, Bali tuwin Sumatra.

Manggih barang kina. Wontên wartos, Dr. G.H.R. Koenigwald manggihakên barang kina awarni gêlang bangsaning simping wontên kiwa têngênipun Gundi. Gêlang wau wujudipun beda kalihan gêlang limrah. Barang wau kintên-kintên sampun umur 2000 dumugi 3000 taun. Gêlang ingkang sairib kados makatên punika ugi dipun angge ing têtiyang ing pakumpulan Samodra Kidul.

Sata ing Bojonêgoro. Ing wêkdal punika ing laladan Bojonêgoro kawontênakên cobèn-cobèn ngindhakakên pamêdaling sata ingkang kangge sigarèt Walandi kanthi rêrêgèn mirah. Tindak wau sarana milih wiji sata ingkang sae lajêng dipun sêbar wontên ing pasitèn cobèn-cobèn. Wiji wau pêndhêtan saking taun ingkang kêpêngkêr, kintên-kintên wontên 26 warni, asli sata tanah Jawi, tuwin 52 warni asli sata Amerika.

Ingsêr-ingsêran ing Jawi Têngah. R. Sêcowibowo, adjunct-jaksa Landraad ing Rêmbang, paresidhenan Japara Rêmbang, dados asistèn wêdana paresidhenan Japara Rêmbang. R. Hadikusumo, asistèn wêdana ing Kêdhungtuban, dhistrik Panolan, Kabupatèn Blora, paresidhenan Japara Rêmbang, dados adjunct-jaksa Landraad ing Rêmbang.

Pindhahan dhoktêr. R. Maamun al. Rasyid Kusumadilaga, Ind. Arts ing Palembang, kapindhah dhatêng Eykman Instituut ing Bêtawi.

Ingsêr-ingsêran ing Jawi Wetan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, M. Sukandar aliyas M. Surodiharjo, wêdana ing Ngumpak, kabupatèn tuwin Paresidhenan Bojonêgoro, dados wêdana ing Dero, Kabupatèn Ngawi, Paresidhenan Madiun. M. Prawirodigdo, wêdana ing Dero, dados wêdana ing Ngumpak.

Arta kêrtas palsu. Ing Javasche Bank Bêtawi mêntas nampèni arta kêrtas nyadasa palsu saking satunggiling tiyang ingkang ambayar arta ingriku. Arta kêrtas wau ciri J.S. 05624. Salajêngipun arta wau lajêng dipun pasrahakên pulisi.

Kasangsaran ing Uteran, Madiun. Sampun sawatawis dintên ing Uteran, Madiun, wontên pangantèn jalêr wangsul saking mêsjid dipun arak numpak dhakar,dhokar. lampahing dhokar nglangkungi krêtêg ingkang sawêg dipun dandosi. Sarêng lampahing tumpakan wontên têngah krêtêg, kapalipun anggiwar, dhokar kêcêmplung lèpèn dalah ingkang numpak. Lèpèn wau lêbêtipun saking nginggil 14 m, nuju asat. Têtiyang ingkang kêcêmplung wontên 9 kalêbêt pangantèn. Ingkang tatu rêkaos 6, pangantèn namung tatu botên sapintêna.

Mèngêti adêging Pamulangan luhur Dhoktêr. Kala tanggal 16 Augustus, Pamulangan luhur Dhoktêr ing Bêtawi mèngêti adêgipun sampun 11 taun. Ingkang anjênêngi Directeur Departement Pangajaran, onderhoofd Pakaryan Kasarasan, pangagêng militèr tuwin sanès militèr, warga Raad India, commandant wadya lautan tuwin sanès-sanèsipun. Prof. van Wulffent Palthe (president faculteit) tuwin Prof. Verbemt. Salajêngipun kawontênakên paargyan.

Pakêmpalan Indo-Indu. Ing Bêtawi mêntas wontên parêpataning golongan Indo ingkang asli saking Indu. Golongan bangsa wau nêdya badhe ngêdêgakên pakêmpalan tulung-tinulung. Ingkang dados pangajêng Tuwan M.K. Abd. Gafur, satunggaling sudagar Indu. Pakêmpalan wau dèrèng kanamakakên.

Pogokan ing Sêmarang. Ing Sêmarang mêntas wontên pogokan para bêbau ingkang sami nyambutdamêl ing papan anggêgana ing Kalibanthèng cacah 100. Ingkang sami mogok wau sarana ngrisak pirantos kangge usung-usung gadhahanipun têtiyang ingkang taksih sami purun nyambutdamêl. Salajêngipun dados pajagèn pulisi.

Tiron Bangsal Kancana. Ingajêng sampun nate kawartosakên, karaton Ngayogyakarta damêl tiron bangsal kancana badhe kakintunakên dhatêng tentoonstelling ing Francisco. Ing sapunika wontên wartos, sêdya wau kasandèkakên, amargi miturut ngrawitipun, botên badhe sagêd rampung tumuntên, apêsipun kêdah tigang taun.

Lulus saking Mêsir. Tuwan Rasyid Rasidi, asli saking Kuthagêdhe, Ngayogya, lulus saking pamulangan Darul'ulum ing Mêsir, saha sampun wangsul dhatêng Ngayogya. Tuwan wau sakawit wêdalan sêkolahan standaard Muhammadiyah, lajêng dhatêng Kweekschool Muhammadiyah Ngayogya, wiwit taun 1926 dumugi 1929, lajêng dhatêng pamulangan Alirsyad, ing salajêngipun dhatêng Mêsir, laminipun 7 taun.

Warganing Java Instituut. Warganing Java Instituut ing sapunika, kangjêng tuwan ingkang wicaksana, pangayoman, Prof. Dr. R. Ario Husein Jayadiningrat, pangarsa. Tuwan Sam Koperberg, panitra ngiras artaka. Warga limrah, Prof. G.W.J. Drewes, P.A. Achmad Jayadiningrat, Prof. Mr. B. ter Haar, B.K.P.H. Hadiwijoyo, Ir. Ph. Karsten, J. Kats, R.M.A. Kusumo Utoyo, Ir. P.H.W. Sitsen, Cokorde Gde rake Sukawati, B.P.H. Suryodiningrat, R.M. Sutopo Wonoboyo, K.G.P.H.H. Prabu Suryodilogo, R.A.A. Wiranatakusuma tuwin Ir. J.L. Moens.

Dhoktêr utusanipun SutlanSultan. Langkat. Dhoktêr Amir, utusanipun Sultan Langkat ingkang kautus anjênênganjênêngi. congres kasarasan ing Surabaya, tampi dhawuh supados lajêng dhatêng Purwokêrto nyinau babagan propaganda kasarasan. Awit Purwokêrto ing wêkdal punika dados pusêring propaganda babagan makatên, ttumraptumrap. ing tanah Jawi. Ing pangrancang, Langkat badhe kadamêl papan pusêring propaganda kasarasan tumrap tanah sabrang.

NAGARI WALANDI.

Rêrêngga kitha. Miturut wartos saking Den Haag, bab badhe wontêning paargyan mèngêti jumênêng nata 40 taun katingal titikipun agêng-agêngan. Ing salêbêting kitha sampun dipun êdêgi gapura 4 panggenan, gapura wau badhe rinêngga-rêngga ing sêkar. Makatên ugi ing sanès-sanès panggenan. Waragadipun dipun sadhiyani f 12.000.-.

Utusan dalêm nata Surakarta. Utusan dalêm sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana sampun dumugi nagari Walandi.

Sultan Dèli. Panjênêngan Sultan Dèli tuwin putra kêkalih, sami rawuh dhatêng pabrik panggosokan intên ing Asscher.

EROPA.

Motor mabur dhawah. Kala tanggal 18 wulan punika wanci dalu, motor mabur toya Italie damêlan pabrik motor mabur Macci, nalika sawêg anggêgana kangge cobèn-cobèn wontên ing Varese, lajêng dhawah saha kêbêsmi. Tiyang ingkang numpak wontên 13 sami tiwas.

RamtamanRantaman. nagari Ruslan. Parentah Sovyet ingkang inggil piyambak nêtêpakên rantaman praja taun 1938. Gunggungipun sadaya wontên 27.000 yuta rubêl, sampun kapetang waragad babagan militèr.

--- 1067 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

10.

Sarêng sampun dalu, kintên-kintên tiyang sampun sami tilêm sadaya, kanthi alon-alon sarta ngatos-atos sangêt, Kondhon lajêng anyakêti korining kamaripun lare neneman. Wontên ing ngriku kèndêl amirêngakên ngantos kêmirêngan suwara ambêganipun tiyang tilêm ingkang ajêg, ingkang mracihnani, bilih têtiyang ingkang wontên ing amar ngriku punika, sampun sami tilêm kapatos. Sarana kunci palsu Kondhon lajêng ambikak korining kamar kanthi alon-alon. Salajêngipun nuntên lumêbêt ing kamar, sarta ngancing kori wau saking nglêbêt. Ing kala punika rêmbulanipun katutupan ing mega. Ing sarèhning tanpa dilah, amila ing salêbêtipun kamar ngriku inggih pêtêng andhêdhêt. Kanthi mek-mekan Kondhon ngupadosi papan patilêman, ing padon sanès ing salêbêtipun kamar ngriku, wontên barang ingkang ebah, namung ebahipun wau sakalangkung alon sangêt, botên beda kadosdene caranipun sima ngindhik-indhiki masanipun.mangsanipun. Kondhon botên mirêng punapa-punapa, awit pikiranipun ngêmungakên tumuju dhatêng papan patilêmanipun lare neneman kasêbut ing nginggil.

Ingkang dipun padosi Kondhon ngantos lumêbêt ing kamaripun lare neneman tuwin êmbahipun èstri ingkang sakit wau, botên sanès kajawi namung gêbungan arta kêrtas gadhahanipun lare neneman. Manawi punika sampun kacêpêng, piyambakipun inggih sampun narimah, dene manawi lare neneman wau botên purun ngulungakên, nêdya badhe karodapêksa. Ing batosipun Kondhon: sapintên bangganipun lare, tuwin êmbahipun èstri ingkang ringkih sarta nandhang sakit punika. Sandhanganipun lare neneman wau gumlethak wontên ing kursi cakêt papan patilêmanipun. Tanganipun Kondhon lajêng gogoh-gogoh ing kanthonging rasukanipun lare neneman wau, nanging gêbungan arta kêrtas ingkang dipun padosi, botên pinanggih. Kondhon lajêng gadhah gagasan, bilih artanipun kasimpên wontên ing ngandhap bantal. Piyambakipun lajêng saya nyakêt ing papan patilêman. Tanganipun sampun mèh dumugi ing bantal, dumadakan ing kala punika mega ingkang nutupi rêmbulan ical, ingkang anjalari rêmbulanipun amadhangi ing salêbêtipun kamar ngriku. Ing kala punika lare neneman anglilir sarta lajêng nyawang dhatêng Kondhon. Sanalika Kondhon mangrêtos bilih lare wau tilêm piyambakan. Piyambakipun lajêng enggal-enggal nyandhak kalamênjingipun lare neneman. Nalikanipun lare neneman tangi, Kondhon mirêng swara anggêrêng saking wingking, lan sakala punika tanganipun ujug-ujug dipun cêpêngi dening lare neneman wau. Saking kêncênging panyêpêng rumaosipun Kondhon, tanganipun kados dipun pantèk. Ing ngriku Kondhon mangrêtos sapintên karosanipun lare neneman punika.

Kajawi punika piyambakipun ugi karaos, bilih saking wingking wontên tangan sanès, ingkang nyêpêngi gulunipun. Tangan wau kasar sarta dhiwut-dhiwut. Piyambakipun lajêng nolèh dhatêng wingking, lan kamigilanipun tanpa upami, sarêng nyumêrêpi bilih ingkang nyêpêngi gulunipun saking wingking awujud kêthèk bangkokan agêng anggêgilani sangêt. Siyungipun sampun kapringisakên nêdya anyakot kalamênjingipun Kondhon, dene anggènipun lare neneman nyêpêngi tanganipun sakalangkung saking kêncêng. Salêbêtipun makatên wau, Kondhon angudaraos: gèk nyang ngêndi bae êmbahne wadon. Salajêngipun nuntên nolah-nolèh ningali ing salêbêtipun kamar. Sarêng cêtha bilih êmbahipun èstri lare neneman wau botên wontên, saha ingkang wontên namung kêthèk bangkokan ingkang anggêgilani wujudipun, Kondhon saya sangêt anggènipun kamigilan. Kanthi budi sarosanipun Kondhon lajêng nêdya ngipatakên panyêpêngipun lare neneman, murih sagêd ananggulangi kêthèk bangkokan wau. Sarêng tanganipun ingkang satunggal sagêd uwal, Kondhon lajêng ngantêm rainipun lare neneman ingkang lajêng dhawah klumah. Nanging nêpsunipun kêthèk bangkokan ing samangke saèstu kagila-gila. Dening kêthèk bangkokan Kondhon ujug-ujug kajunjung saha kadhawahakên ing siti, salajêngipun nuntên katubruk saha kacokot kalamênjingipun ngantos pêdhot. Tanpa sambat malih Kondhon inggih lajêng pêjah.

Kanthi kagèt lare neneman wau lajêng mêncolot saking papan patilêmanipun, saha lajêng murugi dhatêng tiyang ingkang gêmlethak ing siti punika. Piyambakipun mangrêtos, bilih Akut mêjahi tiyang wau, badhe ambelani piyambakipun, botên beda kados nalikanipun [nalikanipu...]

--- 1068 ---

[...n] amêjahi Misèl kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng. Nanging gèk kadospundi kadadosanipun ing têmbe. Jak mangrêtos, bilih amêjahi sasamining tiyang punika, ukumanipun inggih pêjah. Malah botên sande piyambakipun têmtu badhe kèmbèt, ingkang atêgês ugi piyambakipun badhe kadhawahan ukum pêjah. Ing ngriki, ing tanah Aprikah, ingkang têbih sadhèrèk tuwin mitra, gèk sintên kemawon ingkang nêdya ambelani. Sadaya-sadaya têmtu badhe anglêpatakên piyambakipun. Langkung malih ing tanah Aprikah ngriku, ingkang têtiyangipun dèrèng kasrambahan ing kasusilan kados ing Eropah, botên sande piyambakipun tuwin kêthèk bangkokan wau têmtu lajêng sami kaukum gantung, bokmanawi tanpa kapriksa rumiyin prakawisipun. Piyambakipun mirêng, bilih kawontênan ingkang makatên punika asring kemawon kadadosan wontên ing Amerikah, langkung malih ing tanah Aprikah, ingkang têtiyangipun taksih kirang sangêt mênggahing kasusilanipun. Mênggah gagasanipun Jak, manawi enjingipun piyambakipun tuwin kêthèk bangkokan sagêd kacêpêng, botên sande têmtu lajêng dipun gantung.

Kadospundi mênggah bingunging manahipun Jak ing kala punika, ing ngriki botên sagêd kacariyosakên, awit, gèk kadospundi ingkang dados rekadayanipun. Enjingipun, botên kenging botên tamtu badhe konangan saha kalih-kalihipun tamtu sami dipun gantung. Sanadyan Jak punika kêkiyatanipun botên beda kalihan ingkang rama, nglangkungi saking mêsthi, nanging piyambakipun punika namung lare limrah, amila manahipun inggih botên têbih kalihan tiyang ingkang dèrèng anjajah, ingkang kagagas namung saprakawis, inggih punika: piyambakipun tuwin kêthèk bangkokan mêntas amêjahi tiyang, ing môngka ing samangke sawêg mara tamu wontên ing nagari mônca, ingkang kacariyos, têtiyangipun taksih kirang sangêt mênggahing kasusilanipun, sarta rêmên sangêt dhatêng ngukum pêjah sasamining tiyang, ingkang kakintên nandhang dosa. Cariyos ingkang makatên punika, Jak asring maos ing sêrat-sêrat cariyos tata gêsangipun têtiyang ing Aprikah.

Murih sagêdipun luwar saking ukuman pêjah wau, mênggah gagasanipun Jak, ngêmungakên manawi piyambakipun gadhah arta kathah.

Salajêngipun Jak nuntên murugi mayitipun Kondhon malih. Klayan mêthongkrong kêthèk bangkokan namung tansah nyawang dhatêng Jak kemawon. Ing ngriku Jak lajêng nguculi sandhanganipun Kondhon saking satunggal, saha dipun galedhahi kanthongipun kanthi sêtiti sangêt. Dalasan sêpatunipun kemawon mêksa inggih dipun titipriksa. Sarêng panggledhahipun sampun waradin, artanipun botên sagêd pinanggih, Jak lajêng ambruk ing papan patilêmanipun, ing sêmu katingal saklangkung sungkawa, awit mênggah ingkang dados gagasanipun, ing salajêngipun tamtu botên sagêd pinanggih kalihan rama ibunipun, kajawi kêdah kapêksa gêsang sêsarêngan kalihan kêthèk bangkokan turut wit-witan wontên ing salêbêting wana agêng.

Sapintên dangunipun anggèning anggagas mênggah ingkang dados lêlampahanipun wau, Jak botên sumêrêp, nanging ing wusana piyambakipun lajêng kagèt dening suwara saking ing kamar perangan ngandhap. Jak enggal-enggal mênyat, saha lajêng amurugi kêthèk bangkokan kanthi têtêp ing manah.

Nalika sontên èstunipun Jak sampun ngênthêlakên pamanggih nêdya wangsul dhatêng tanah Inggris sarana baita ingkang pangkat rumiyin piyambak. Sadumuginipun ing Inggris, nêdya nyuwun pangapuntên dhatêng rama ibunipun, dene sampun kesah tanpa nyuwun pamit wau. Nanging samangke piyambakipun mangrêtos, bilih botên sagêd wangsul dhatêng padalêmaning rama ibunipun. Awit ngrumaosi bilih gadhah dosa agêng sangêt. Saking sangêting anggènipun anggagas lêlampahanipun wau, Jak ngantos gadhah raos, bilih ingkang mêjahi Kondhon punika piyambakipun, sanès kêthèk bangkokan. Saupami taksih gadhah arta, kintên-kintên dosanipun wau sagêd dipun têbus. Sarêng botên gadhah arta babar pisan, tumraping tiyang mônca, gèk punapa ingkang dados pangajêng-ajêngipun wontên ing tanah ngriku.

Salajêngipun Jak nuntên anggagas ing bab icaling artanipun. Mênggahing rumaosipun, anggèning nyimpên kados sampun primpên sangêt. Jak ngantos dangu anggènipun ngèngêt-èngêt, wontên pundi kintên-kintên icalipun arta wau, nanging mêksa botên sagêd kèngêtan. Ing ngriku Jak botên pisan-pisan anggadhahi pangintên: bilih nalika Jak mitulungi kêthèk bangkokan saking kapal dhatêng jungkung, gêbunganipun arta kêrtas wau dumadakan kêcêmplung ing sagantên.

Ing wusana Jak lajêng cariyos dhatêng Akut mawi basaning kêthèk makatên: Ayo, milua aku mrene. Kalayan botên manah dhatêng panganggenipun ingkang tipis, Jak lajêng dhatêng ing jandhela ingkang ing kala punika sampun mênga. Piyambakipun lajêng ningali dhatêng ing jawi, sarta amirêng-mirêngakên kanthi prêmati. Kintên-kintên tigang kaki saking griya ngriku wontên witipun satunggal ingkang sampun pêjah. Kanthi prigêl saking jandhela Jak mêncolot dhatêng ing wit wau. Botên beda kados kucing ingkang mêncolot ing wit, ing sakawit gondhelan kêncêng, salajêngipun Jak mandhap alon-alonan. Botên watawis dangu kêthèk bangkokan ugi tumut makatên. Saking katêbihan sampun katingal wana parêdèn ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng. Inggih ing ngriku wau ingkang nêdya dipun purugi Jak. Ing kala punika botên wontên tiyang ingkang sumêrêp kesahipun Jak tuwin kêthèk bangkokan, lan botên watawis dangu, Jak Kleton, calon gêgêntosipun ingkang rama dados: Lod ing Grèstuk lajêng ical larinipun. Badhe kasambêtan.

--- 133 ---

Nomêr 34, 24 Agustus 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Swarga Nunut, Naraka Katut.

Sambunganipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 66.

Ingkang makatên punika wau punapa saking kêsupèn, punapa saking botên mangrêtosipun, manawi para wanita punika inggih manungsa, sami-sami titahing Hyang Maha Mulya, ingkang anglairakên kita, têtimbangan kita juru panggulawênthahing putra. Dhuh, mêmêlas têmên priya ingkang kados makatên punika, mugi-mugi èngêta.

[Grafik]

Nyi Darmaprawira

Manawi taksih kathah para priya ingkang dèrèng purun ngakêni manawi para wanita punika atas sami-sami, sêsarêngan kita priya abêbrayan, sêsarênganipun anggayuh kamulyan saha kaluhuran lair batos, ambok inggih dipun budidayaa kadospundi kemawon, nglêngkara sangêt manawi bawana punika sagêd tata têntrêm.

Manawi panganggêp bilih jiwaning para wanita ing dêlahan benjing, wontên ing swarga utawi naraka namung tansah akêkinthil, nunut saha katut dhatêng jiwaning priyanipun, botên sagêd mandhiri piyambak, punika harak cilaka mêncit namanipun, jalaran:

1. para wanita lajêng botên prêlu ngudi pangawikaning batos, angagêngakên tindak kautamèn, jalaran puluh lêbda pangawikaning batos saha mungkul dhatêng tindak ingkang utami, manawi priyanipun atindak nasar tur sêpên ing pangawikaning batos, ing têmbe jiwanipun botên sagêd manjing swarga, dados pangawikan saha kautamènipun ical muspra, jêr nunut saha katut puruging jiwanipun priya, ingkang awit saking sêpên ing pangawikan saha kautamèn satêmah manjing naraka.

2. manawi para wanita botên purun ngudi pangawikaning batos saha lumuh dhatêng tindak kautamèn, ingatasing dados ibu kuciwa sangêt, adamêl karisakaning putra. Ingatasipun gêsang abêbrayan, risak panataning bale griyanipun. Ingatasing gêsang sêsrawungan, angrisakakên sarawunganipun. [sara...]

--- [134] ---

[...wunganipun.] Cêkakipun sadaya-sadaya inggih namung dhumawah dhatêng karisakan.

3. manawi wanita tumindak awon, môngka sagêd manjing swarga ingkang jalaran nunut saha katut dhatêng priyanipun ingkang lêbda bab pangawikaning batos dhasar luhur bêbudènipun, punika nama nyulayani kalihan kodrat. Lah, dunungipun adil punika wontên ing pundi.

4. manawi wanita tumindak sae, môngka jiwanipun ing têmbe manjing naraka ingkang jalaran katut saha nunut dhatêng jiwaning priyanipun ingkang kala gêsangipun sêpên babagan pangawikaning batos, dhasar awon lêlabêtanipun, inggih nama nyulayani kalihan anggêr ugêring bawana, pun adil sirna. Punapa sagêd.

Dumugi samantên ngaso rumiyin, sanès dintên manawi prêlu kula sambêti bab prêlu utawi botênipun para wanita anggêgulang pangawikaning batos.

Nyi Darmaprawira.

Sinjang Slobog.

Sinjang Slobog punika kêgolong sêratan kina, wontên ingkang nama slobog cukèn, slobog jôntra tuwin salobog asmaradana. Ingkang kacêtha ing gambar punika kêgolong slobog cukèn. Cuki punika mêndhêt saking dolanan, nama cuki, bangsaning dham-dhaman. Ingkang dipun pêndhêt kangge pola wau papanipun dolanan.

Slobog ing gambar punika mawi cêcêg, wontên ingkang cêcêgipun wau dipun santuni cacah gori, inggih punika sawud malang-megung, kados patrapipun tiyang nacah gori badhe dipun kêla.

Sinjang slobog punika kêgolong sinjangipun tiyang sêpuh, upami tiyanga sampun botên gadhah kaberagan.

[Grafik]

Miturut dêdongengan, nalika Gusti Kangjêng Ratu Kancana (Kangjêng Ratu Bêruk) ing Surakarta taksih dados manggung, sare wontên ing dalêm Prabasuyasa, wanci dalu kadhawahan wahyu, ngagêm sinjang Slobog. Mila dhawuh dhatêng putra wayah, supados sampun nyêpênakên sinjang Slobog. Makatên ugi miturut dêdongenganipun êmbah-êmbah, tabe-tabe sèwu, jaman sampeyan dalêm ingkang sinuhun kaping sanga, asring kaparêng ngagêm nyamping slobog, paningsêt mori pêthak, èpèk cêmêng. Ing ngriku dipun côndra: baris pêndhêm.

--- 135 ---

Warga Gêmintê Wanita.

Sampun dangu tansah wontên wiraosan, benjing punapa kalampahanipun wontên wanita tiyang siti dados warga gêmintê tuwin sanès-sanèsipun. Pangajab wau dangu-dangu kalampahan, inggih punika ingkang pinanggih wontên ing pilihan warga gêmintê ing Surabaya ing taun punika, ingkang kapilih Nyonyah Siti Sundari Sudirman, kados ingkang kacêtha ing gambar.

[Grafik]

Sayêktosipun panjênênganipun Nyonyah Sudirman, punika wontênipun ing kalangan wanita sampun katingal, saya tumrapipun wontên ing Surabaya.

Mênggah lêlabêtanipun Nyonyah Sudirman wontên ing kalangan kabangsan sampun sumrambah, ingkang mawi adhêdhasar: niyat ingsun nyambut gawe marang kabêcikan, êmbuh uwohe.

Mila sampun pantês sangêt anggèning Nyonyah Sudirman kêpilih dados warga gêmintê, pinanggihipun tamtu botên nguciwani, awit sampun kawong ngambah dhatêng siluk sungiling padamêlan ingkang migunani ing ngakathah.

Wusana redhaksi andhèrèk mêmuji, mugi kasambadana punapa ingkang dados pangajab ing sadayanipun.

Lare Kêmbar Sakawan.

Ing bab wontêning lare kêmbar sakawan ing bawah Blitar kados wartosipun sampun sumêbar ing pundi-pundi. Nanging cêcariyosanipun ingkang cêtha sawatawis, kados dèrèng wontên, mila ing jagading wanita badhe kaandharakên sawatawis.

Ing dhusun Tanggung, ondêr dhistrik Nglêgok, kabupatèn Blitar, wontên tiyang tani nama Karma, jalêr èstri, sampun anak-anak tiga, pambajêngipun èstri, panggulu tuwin pandhadhanipun sami jalêr.

Tiyang sakulawarga wau manggèn wontên ing griya gêndhèng alit, wontên ing pakarangan ingkang ayom, wit-witanipun kêgolong karang kitri ingkang anipkahi, mila pamêdalipun lumintu kenging kangge gajuling gêsangipun.

[Grafik]

Pak Karma punapadene anak-anakipun têtiga.

Griya ingkang dipun ênggèni wau, sanadyan alit, [a...]

--- 136 ---

[...lit,] sampun nyêkapi kangge pangasoning sabrayat kanthi têntrêming manah. Sumrowonging gêdhèg ingkang kangge langkung angin, malah adamêl sêgêring badanipun têtiyang ingkang sami manggèn ing ngriku.

Ing satunggiling dintên Karma jalêr èstri sami linggih pating crêlog, ingkang èstri lajêng rêraosan bilih anggèning wawrat sampun lèkipun. Sabotên-botênipun tiyang manak makatên, inggih kataman ing karibêdan, kêdah ngawontênakên kabêtahan sawatawis, tuwin inggih badhe nglampahi rêkaos.

Pak Karma rumaos kêsabêt ing pêpêtêng sawatawis, nanging wantunipun botên sawêg sapisan punika, pêpêtêng wau inggih lajêng sumisih, saha lajêng lipur nyawang dhatêng anak-anakipun ingkang sampun sami tilêm, têntrêm, kados manggèn wontên ing papan kamuktèn, saya ayêm malih manawi Pak Karma nuju nyawang anak-anakipun sami aring.

Bab Olah-olah

Mangut Bandêng

Bandêng wêtah (dèrèng dipun damêl asinan) kaêdanga ingkang tanak, bumbuning mangut: sarêm, traos, brambang, bawang, tumbar jintên, kacolok gêndhis jawi, salam laos, kluwak ingkang mêntês (warninipun cêmêng sêmu abrit mêngês-mêngês) lombok rawit wêtahan, takêraning kluwak, anggêr bandêng satunggal ingkang sêdhêng, kluwakipun 5 dumugi 10 iji, klapanipun satugêl miliha ingkang sêpuh. Punika yèn klapa alit, yèn agêng inggih 1/3 punapa 1/4 gluntung. Bumbu sadaya wau kajawi salam laos, lombok rawit, sami kaulêga ingkang alus sangêt, tumuntên kagorènga lisahipun sakêdhik kemawon, salam laos, lombok rawit, kaworna, tumuntên dipun santênana kênthêl ingkang kapara kathah. Bilih sampun sat, kaêntasa. Bandêng ingkang sampun dipun dang, lajêng kapopokana bumbu mangut: wolak-walik, ingkang kapara kandêl, lajêng kaêpèsana godhong pisang kluthuk, ing nglêbêt karangkêpa kalih, tumuntên kagaranga ing sangan, ngandhap nginggil kalambarana godhong, nuntên tinindhihan banon, panggarangipun kaaraha sampun ngantos pêrêng têrus ing nglêbêt.

Ulam lèpèn sanèsipun bandêng, kados ta: badhèr, jambal, wagal, sapanunggilanipun, jangji sanès kutuk lan lele, inggih sagêd mathuk ugi kamangut, nanging yèn ulam ingkang agêng, kêdah katugêl-tugêl kadadosna kalih utawi tigang pès.

Mênggahing rekanipun pangarah pamiraosipun ing sadaya olah-olahan punika, kajawi ingkang sampun katêrangakên: cak tangan, inggih ugi wontên ing ugêripun kados ing ngandhap punika:

1e. punapa abên-abênaning bumbu kêdah têtêp jangkêp. Badhe kasambêtan.

Nyai Pranata. [Pranat...]

--- [0] ---

[...a.]

Babad Giyanti

[Sudah diketik pada Kajawèn no. 20, 10 Maart 1939]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1069] ---