Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 85, Stu Kli, 27 Ruwah Jimawal 1869, 22 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [2093] ---

Ôngka 85, Stu Kli, 27 Ruwah Jimawal 1869, 22 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Warga Gêmintê Rad ing Sêmarang - Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl - Kasusastran Jawi Enggal - Marsudi Gêndhing Jawi - Ngothak-athik Ênthik - Bab Tanêman Pisang - Kabar Warni-warni - Taman Bocah

Pangungsêt

Dipun bêbingung supados botên bingung.

Tumraping tiyang ngudi babagan ngèlmi kabatosan, punika manawi dipun petani yêktos, pancèn ambingungakên.

Manawi dipun pantogakên, wosipun badhe pados katêntrêman, inggih anggènipun pados margi katêntrêman wau ingkang sarananipun warni-warni.

Wontên ingkang suka wêwarah, wong arêp têntrêm iku saranane mangkene, cêkake yèn ora mangkene, ora bakal tumêka. Kajênging pitutur mangkene wau, wontên raosipun bilih taksih pêtêng sangêt, awit trêkadhang lajêng kandhêg wontên ing kapitadosan. Saking mantêpipun, bêbasan lajêng botên purun nolèh ngalèr ngidul, tur dèrèng sumêrêp ingkang nama têntrêm punika punapa. Namung ing tekad, manawi mantêp, tamtu badhe manggih têntrêm.

Wontên malih ingkang suka wêwarah: wujuding katêntrêman iku, kaya ngene. Jalaran saking sagêd utawi jalaran saking cêthanipun anggèning damêl ancêr-ancêr, tiyang ingkang dipun cariyosi wau manahipun lajêng: plong. Plonging manah lajêng dipun sambêti ing ginêmipun piyambak: E, e, dadi katêntrêman kuwi kaya ngono. Yèn ngono wis gandhul-gandhul. Wusana sarêng sampun sumêrêp ancêr-ancêr wau, lajêng anggêgampil, cêkake yèn dudu kuwi: ora.

Mênggah kajêngipun, tumraping panggrayang, sadaya wau sami lêrêsipun, awit tiyang tanpa panganggêp, punika tamtu botên anggadhahi antêp, tuwin tiyang tanpa ancêr-ancêr inggih badhe botên anggadhahi antêp. Dados manawi dipun ulur malih, ingkang dipun udi punika pun antêp. Lajêng, antêp punika ingkang dipun antêpi sintên, ta, tamtunipun tumrap panggagap, gampil dipun wangsuli bilih ingkang dipun antêpi wau pun têntrêm.

Manawi sampun makatên, mênggahing pangudi lajêng amangsuli kêkajêngan ing ngajêng, inggih punika antêp ingkang anjog dhatêng têntrêm punika ingkang kados punapa. Wangsulanipun gampil kemawon, makatên: Sarèhning ingkang dipun udi têntrêm, inggih kêdah sinau têntrêm.

Manawi bab punika dipun manah panjang, katingalipun namung prasaja, sintêna kemawon tamtu mangrêtos dhatêng ingkang dipun wastani têntrêm, dados anggènipun mubang-mubêng punika thok-thilipun: golèk têntrêm dituku kalawan têntrêm. Nanging sampun kalintu, punika têntrêming batos.

Cêkruktruna.

--- [2094] ---

Warga Gêmintê Rad ing Sêmarang

[Grafik]

Nyonyah Sunarya.

Tumrap Sêmarang, wontênipun warga gêmintê rad tiyang siti ingkang kêpilih: 1 Nyonyah Sunarya, tuwin tuwan-tuwan: 2 Radèn Abu Bakar Wijaya Atmaja, 3 Drs. M. Herman Kartawisastra, 4 Rusman, 5 Drs. Sigit, 6 Suyadi, 7 Radèn Mas Suprapta, 8 Radèn Mas Wirasma Partaningrat.

Nyonyah Sunarya, kalairan ing Ngayogya taun 1907. Satamatipun saking Mulo gupêrmèn, nglajêngakên sinau dhatêng Taman Siswa. Taun 1925-1930 dados guru wontên ing pamulangan wau. Nate dados utusan Jong Islamieten Bond Dames Afdeeling, kapilih dados panitra kônggrès Isteri Indonesia ingkang kapisanan ing Ngayogya taun 1928, ingkang dipun pangajêngi Nyonyah Dhoktêr Sukôntha. Sarêng sampun emah-emah, manggèn ing Batawi. Kala ing taun 1930 kapilih dados pangarsa up bêstir J.I.B.D.A. Ing taun 1934 dados warga um[1] bêstir J.I.D.A. Minôngka utusaning pakêmpalan wau tumut wontên ing kalangan Perikatan Perkoempoelan Isteri Indonesia minôngka pambantu. Sarêng pakêmpalan-pakêmpalan wanita kadadosakên satunggal dados Isteri Indonesia, taun 1932, Nyonyah Sunarya kapilih dados panitra. Wiwit kônggrès ing taun 1934 ngantos dumugi sapunika dipun pilih dados pangarsa up bêstiring pakêmpalan wau.

Radèn Abu Bakar Wijaya Atmaja, kalairakên ing kudus tanggal 5 Nopèmbêr 1907. Ing taun 1934-1938 dados warga gêmintê rad Sêmarang. Salêbêtipun wontên ing Sêmarang 5 taun, dados dhoktêr parti kêlir.

[Grafik]

Radèn Abu Bakar Wijaya Atmaja.

Drs. M. Herman Kartawisastra. Kalairan ing Majakêrta ing taun 1900. Satamatipun saking pamulangan Walandi malêbêt dhatêng H.B.S. 5 taun ing Surabaya. Dados Amtênar B.B. Lulus pandadaran pilihan ing Bêtawi taun 1919, tuwin saking kaparêngipun parentah kakintunakên dhatêng nagari Walandi malêbêt dhatêng Universiteit ing Leiden. Taun 1924 saking kaparênging parentah kakintunakên saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki, katêtêpakên dados mantri pulisi, asistèn wadana, wusana dados wadana pulisi ing Sêmarang. Dados pangarsaning Vereeniging voor Ambtenaren bij den Inlandschen Bestuursdienst. Dados warga rad kawula tuwin College Gedelegeerden. Pangarsa pakêmpalan Inheemsche Reclasseering Indonesia pang Sêmarang. Warga Pangrèh Anti Woeker ing Sêmarang.

[Grafik]

Drs. M. Herman Kartawisastra.

Tuwan Rusman. Kapilih dados wethouder gêmintê rad Sêmarang. Dèrèng angsal gambar tuwin katranganipun.

Drs. Sigit, dèrèng angsal gambar tuwin katranganipun.

Tuwan Suyadi. Opsihtêr S.J.S., pangarsa Radio Sêmarang. Mudha pangarsa kridha Mataya. Tuwan Suyadi punika satunggiling priyantung ingkang kajêng nyambut damêl, punapa ingkang dipun tindakakên botên dipun unduri.

[Grafik]

Tuwan Suyadi.

Radèn Mas Suprapta. Wiwit taun 1921-1930 dados warga gêminte rad Magêlang. Nalika kawontênakên pilihan Burgemeester tuwin Wethouder, kapilih dados Wethouder. Dados Radèn Mas Suprapta punika satunggiling Wethouder tiyang siti ingkang kapisanan ing Magêlang. Nalika wontên Provinciale Raad Jawi Têngah kapilih dados warga tumrap laladan Kêdhu. Katêtêpakên dados rêgènsêkap sèkrêtaris klas 1 ing Cilacap, taksih têtêp dados warga Provinciale Raad. Ing taun 1933

--- 2095 ---

kapilih malih, nanging tumrap laladan Banyumas, taun 1937 katêtêpakên dados up jaksa Sêmarang, ugi kapilih dados warga Provinciale Raad laladan Sêmarang tuwin Kêdhu. Sapunika kapilih dados warga gêmintê Sêmarang.

[Grafik]

Radèn Mas Suprapta.

[Grafik]

Radèn Mas Wirasmatartaningrat.

Radèn Mas Wirasma Partaningrat. Kala Juni 1916 dados Ind. Arts. ing C.B.Z. Surabaya. Januari 1927 kapindhah dhatêng Dhènpasar, Bali. Taun 1920-1924 kapindhah dhatêng Sragèn, ngampin-ampini pajagèn militèr kala wontên pogokan P.F.B. Januari 1924 dhatêng Surakarta, kabantokakên dhatêng G.G.A. Taun 1924 ugi kapindhah dhatêng Jêpara, ngêdêgakên griya sakit ing Jêpara. Juli 1925 tampi dhawuh saking parentah kadhawuhakên anglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi. Oktobêr 1928 wangsul dhatêng tanah ngriki, katêtêpakên manggèn ing Palembang, dados Gouv. Arts. Marêt 1931 nindakakên padamêlan Gouv. Arts ing Rêmbang, Pathi tuwin Balora. Januari 1932 dados Gewestelijk Gouv. Arts Banyumas, wontên ing ngriku sagêd manggihakên racun bungkil. Ambiyantu damêl rekadaya panyêgah kêkirangan têdha. Tampi pangalêmbana saking Residhèn Banyumas. Lajêng usul ngawontênakên ilèn-ilènan agêng saking lèpèn Kroya. Tampi dhawuh niti ing bab lampahing propagandhah kasarasan ing Ngayogya, Klathèn tuwin Kêndhal. Kaping kalihipun kadhawuhan dhatêng Ceylon nyinau babagan kasarasan ing ngriku, ngêdêgakên pakaryan babagan kasarasan ing Kabupatèn Purwakêrta, kanthi kawujudakên, tuwin sanès-sanèsipun. Juni 1935 dados Gew. Gouv. Arts. Paresidhènan Sêmarang ngrangkêp padamêlan Hoofd Plaatselijke Gezondheidsdient. Kathah padamêlan ingkang mikantuki tumrap kasarasan umum, sarêng ing gêmintê rad wontên lowongan warga, katêtêpakên dados warga.

[Iklan]

Wara-wara.

Jalaran nuju wontên pambêngan, Kajawèn ing dintên punika botên mawi waosan.

Sampun tamtu ingkang makatên punika adamêl cuwaning panggalihipun para maos. Nanging kados inggih botên, awit para maos tamtu kagungan kajêmbaran ing panggalih, aparing pangapuntên.

--- 2096 ---

Bab Kasarasan

Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl (Dysenterie).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81.

Dhoktêr kêkalih kasêbut nginggil wau sami nêtêpakên yèn toya sumur ing ngriku ingkang rêgêd ing pangintên wontên wisanipun dysenterie, mila Opzichter B.O.W. lajêng dipu[2] kèn supados nuntên nguras sumur wau sarana pompa.

Mênggah ingkang kasêbut ing nginggil punika, minôngka tuladha, yèn toya sumur punika sanajan sumur ing dalêmipun priyantun luhur sagêd ugi rêgêd saha ngandhut wisanipun sêsakit.

Toya lèpèn sagêd rêgêd, jalaran adhakanipun lèpèn wau kangge pambucalan rêrêgêd larahan, bathang tikus, kucing, ayam, utawi sanèsipun, kangge umbah-umbah, ambêbucal lan sapanunggilanipun, dados sampun têtela ingkang kathah toya lèpèn punika pancèn rêgêd.

Beda toya saking waterleiding asli saking poking lèpèn ing rêdi utawi ing tuking toya saking têlaga, sêndhang utawi bêlik, ingkang ing ngriku toyanipun dipun bêndung lan sakubêngipun sumbêripun lèpèn utawi tuk wau dipun tembok sêmèn, blau, dipun pagêri tembok utawi ruji tosan, ing nginggilipun bêndungan dipun payoni sèng utawi barang sanèsipun ingkang kiyat lan awèt, supados toyanipun sampun kêlaraban utawi kalêbêtan rêrêgêd saking nginggil. Saking bêndungan utawi bak agêng toya wau dipun sukani bolongan utawi margi wêdalipun toya ingkang sambêt kalihan pipa tosan. Ing bolongan ngriku yèn prêlu dipun damêlakên saringan, bokbilih wontên rêrêgêd ing toya wau sampun ngantos katut ilining toya ing pipa. Pipa punika agêngipun kintên-kintên 20-25 cm utawi langkung gumantung kathah kêdhikipun toya ingkang dipun ilèkakên, salajêngipun pipa-pipa wau saya mandhap saya alit, awit dumugi ing kitha ingkang badhe nampi toya wau agêngipun 10 cm, 5 cm lan perangan pipa-pipa ingkang kalêbêtakên ing jêdhing bak ing griya kangge toya adus utawi sanèsipun agêngipun namung 2 1/2 - 3 cm.

Kajawi toya leiding punika pancèn rêsik saèstu, sabên-sabên toya wau mawi dipun priksa dening dhoktêr ahli (Bacterioloog) kawontênanipun kewan lêmbat-lêmbat, ingkang sok wontên toya ing wau, manawi pinanggih botên ambêbayani inggih botên dados punapa, ananging upami pinanggih wontên kewan lêmbat ingkang mawi wisa (baksil) sêsakit ingkang ambêbayani, nagari utawi Bestuur waterleiding sagêd enggal-enggal damêl undhang-undhang toya ingkang kangge ngombe kêdah dipun godhog rumiyin. Amila lôngka sangêt toya leiding ingkang wêdalipun saking tuk utawi tlaga ingkang dipun jagi saèstu sagêd kalêbêtan kewan lêmbat-lêmbat, saha ingkang ambêbayani wau, kajawi manawi wontên pipanipun ingkang borot kalêrês ing panggenan ingkang wontên kewanipun [ke...]

--- 2097 ---

[...wanipun] wisa sêsakit ingkang sagêd lumêbêt ing toya panggenan pipa ingkang borot punika. Nanging samôngsa wontên pipa ingkang borot makatên, punggawa ingkang jagi ukuran toya (waterleiding) têmtu lajêng sagêd sumêrêp, jalaran sanalika dipun padosi panggenanipun pipa ingkang risak utawi borot wau, yèn sampun pinanggih, sanalika ugi siti ingkang têlês dipun dhudhuk, pipanipun dipun dandosi utawi dipun santuni enggal.

Manawi botên sagêd pikantuk toya saking rêdi, awit botên wontên bêlik utawi tlaganipun, kêdah mêndhêt toya saking sumur bur, sarana damêl sumur bur rumiyin kangge waterleiding wau.

Mila ing kitha ingkang rame kathah tiyangipun ingkang pancèn mangrêtos, yèn ing ngriku dèrèng wontên waterleiding, têtiyang wau lajêng sami nyuwun dhatêng nagari, supados dipun wontênakên waterleiding, sanajan ewon rupiyah waragadipun, rèhning bab punika prêlu kangge anjagi kasarasanipun umum, satêmah dipun turuti. Punapa malih ing panggenan ingkang sampun wontên waterleiding wau têtiyangipun têmtu sami purun majêgi toya sabên wulanipun, upami racak-racak f 2.50 sagriya, tuwin sakêdhik-sakêdikipun wontên griya 3000 ingkang tiyangipun purun majêgi toya wau, pikantukipun arta sawulan sampun f 7.500.-, kangge bayar punggawa lan ragad sanès-sanèsipun sawulan-wulanipun ± f 3.500,-, rêsikipun sagêd bathi f 4000.-, yèn waragadipun damêl waterleiding punika upaminipun f 120.000.-, dados salêbêtipun 30 wulan waragad wau sampun pulih utawi wangsul.

[Iklan]

Kula sampun nate damêl lezing wontên ing kitha K. bab kasarasan ingkang gandhèng kalihan thukulipun sêsakit ingkang jalaran saking tiyang ngombe toya ingkang rêgêd ngandhut wisa sêsakit, supados têtiyang sami mangrêtos yèn toya sumur botên mêsthi rêsik, sanajan katingal bêning, nagari badhe damêl waterleiding, awit ing nagarai ngriku sabên taun kathah tiyang ingkang sami nandhang sêsakit dysenterie.

Sadèrèngipun, nagari damêl lijst idêran, prêlunipun badhe nyumêrêpi pintên cacahipun tiyang ingkang purun badhe mêndhêt toya waterleiding wau. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja Ind. Arts Sêmarang.

Wara-wara

Ing dintên punika Petruk dèrèng angêdali, amargi sawangsulipun saking kêkesahan kêraos kasok ing sayah, lajêng andadosakên sakit.

Mugi botên andadosakên cuwaning panggalih.

--- 2098 ---

Kasusastran Jawi Enggal

Sêsorahipun Tuwan Sastrasuwignya wontên ing Nirom Batawi.

Para miyarsa, kawontênan panjênêngan, kawontênan kula sadaya, punika sabên dintên ewah. Ewah-ewahan sabên dintên wau manawi jangkêp sawulan saya mindhak kathah, jangkêp sataun saya têbih. Sakawit panjênêngan botên patosa kraos, kraosipun sarêng sampun têbih kalihan suwaunipun. Cobi, kula aturi anggalih, kawontênanipun bôngsa Jawi jaman taun 1900 kalihan jaman sapunika bedanipun sampun têbih sangêt. Botên têbih-têbih, kala jaman taun 1920 kemawon kawontênaning jaman sampun sanès kalihan samangke. Ewahing kawontênan, ewahing caranipun gêsang bêbrayan, punika inggih sêsarêngan kalihan ewahing pikiran. Sami-sami lare, nanging lare wêdalan taun 1900 kalihan wêdalan 1938 punika sampun beda sangêt, beda pikiranipun, beda bêtahipun ngagêsang, beda cak-cakanipun, beda pangajêng-ajêngipun utawi panjangkanipun. Inggih makatên punika ingkang dipun wastani lampahing jaman.

Wontênipun pamulangan, sêsrawungan kalihan bôngsa sanès, linta-lintuning kabudayan kalihan bôngsa mônca, kasêmpyok ombyaking kamajêngan utawi ewah-ewahan ing saindênging donya, punika sadaya dados pandhêsêk, dados panyurung, nanging inggih dados isinipun, nados[3] bumbunipun, inggih dados rabukipun.

Sawênèhing tiyang mastani, bilih lampahing jaman, kamajênganing bêbrayan Jawi ingkang kula alami punika awon, botên prayogi. Cariyosipun: ngilangake kabudayan lan rasa Jawa. Têmbungipun kêrèh-kêrèh, ngajak wangsul dhatêng kawontênan lami, jalaran kawontênan lami punika miturut pamanggihipun: sakeca, sae, nikmat kados kaswargan.

Ananging kosok wangsulipun, golongan ingkang sawêg babrag-babragi, sawêg nêdhêngipun ngawaki jaman enggal punika, mêsthi botên makatên pamanggihipun. Anggènipun mastani: kamajêngan punika sae-saening sae, inggih punika ingkang nama gêsang ingkang saèstu, gêsang ingkang atêgês majêng, botên mandhêg utawi botên mundur. Sok sintêna ingkang ngajak wangsul dhatêng jama kina, utawi botên ngajêngi ewahing jaman, têgêsipun ngajak mandhêg, kêladuking têmbungipun golongan ingkang ngawaki jaman enggal: tiyang ingkang ngajak mandhêg wau: dosa agêng, patutipun namung kantun dipun sêdhiyani luwangan.

Para miyarsa, kamajênganing jaman punika rosa sangêt. Sok sintêna ingkang nêdya ngalang-alangi, manawi namung tiyang satunggal kalih, agêngipun sagolongan kemawon, mêsthi botên kiyat. Dipun palangana inggih mêksa mrojol, dipun tambak inggih mêksa dhadhal. Dêstun sagêdipun namung dipun sukani margi.

Kala wau sampun kula aturakên, lare nem-neman jaman sapunika beda kalihan jaman taun 1900, beda bêtahipun tuwin cak-cakaning gêsangipun, beda pikiranipun, beda pangajêng-ajêng tuwin panjangkanipun. Makatên ugi nem-neman jaman taun [ta...]

--- 2099 ---

[...un] 1900, beda malih kalihan ingkang wêdalan taun 1850, beda malih kalihan ingkang gêsang jaman 1800, kosok wangsulipun nem-neman ingkang badhe jumêdhul wontên ing taun 2000, inggih mêsthi sanès katimbang ingkang jaman sapunika.

[Iklan]

Bêtah sarta cak-cakaning gêsang, pikiran, pangajêng-ajêng utawi panjangkanipun tiyang satunggal kalih manawi sampun dados radin, lajêng dados wataking bôngsa wontên ing salêbêtipun salah satunggaling jaman. Awit saking punika, dados jaman ingkang sami kula alami punika inggih gadhah watak, watak ingkang beda kalihan jaman ingkang sampun-sampun. Jalaran watakipun bêbrayan Jawi jaman taun 1800 inggih wontên piyambak, wataking jaman 1850, ugi sanès malih, wataking jaman 1900 ugi beda malih.

Nyumêrêpi watakipun satunggal-satunggaling jaman punika prêlu lan maedahi sangêt tumrap kula sadaya. Prêlunipun: supados kula sadaya sagêd nglimbang, sagêd nandhing-nandhing, têmahanipun sagêd utawi purun ngrêtos dhatêng watakipun jaman ingkang sami dipun idaki punika. Sasampunipun ngrêtos, lajêng agêng parimarmanipun, pintên banggi lajêng karsa urun-urun bangun jaman.

Jaman ingkang sami kula alami sadaya punika gadhah watak piyambak. Kados pundi watakipun jaman sapunika punika.

Lah inggih pitakenan punika ingkang badhe kula oncèki. Nanging kawuningana, ingkang badhe kula aturakên namung sabageyan kemawon, bageyan ingkang gêgayutan kalihan padamêlanipun Bale Pustaka sandintên-dintên,[4] inggih punika bab kasusastran Jawi enggal. Badhe kasambêtan.

--- 2100 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81.

Bawa swara Sêkar Têngahan Pranasmara, laras salendro pathêt manyura.

[Notasi]

Kadhawahahên Gêndhing Brôntamadya, laras salendro pathêt manyura.

[Notasi]

Manawi sampun jangkêp 3 gongan, irama kadamêl sarèh, lajêng dipun gerongi utawi dipun sênggaki.

Pola ôngka: 2.

Gêndhing Brôntamadya, laras sêlendro pathê manyura, irama tamban.

[Notasi]

--- 2101 ---

[Notasi]

Gêndhing Pangkur, laras sêlendro pathêt manyura.

[Notasi]

Yèn badhe andhawah (minggah) sasampunipun N III (-) lajêng nuthuk wilahan.

[Notasi]

Mênggah bedanipun kalihan Gêndhing Pangkur laras sêlendro pathêt sanga, minggah satunggal wilah, dene lagu-lagunipun botên beda. Kula aturi mriksani Kajawèn ôngka 35, kaca 512-513 dumugi ôngka 38 kaca 579.

[Iklan]

Gêndhing Sinom Parijatha, laras sêlendro pathêt manyura.

Pola ôngka 1.

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

--- 2102 ---

Wulang Sae

Ngothak-athik Ênthik.

[Pangkur]

Karênan uningèng wulan / kang purnama prênah madyaning langit / lêlungite wèh wulangun / ngalela sabuwana / ômba ombèr têtêba têbih kapanduk / antuk pêpajar kumênyar / kang rasa nganyar-anyari //

[Grafik]

Antuk pajar kumênyar...

sakala nala kèlingan / duk rikala kalane maksih alit / lêlangên madyaning dalu / dolanan lawan rowang / suka-suka ngabiseka sang sitêngsu / sora surak giyak-giyak / guyêng guyub angubyungi //

lanang wadon samya suka / kang wanita rêrêpèn raras ririh / uri-uri êjor ratu / ilir-ilir jamuran / ancak ale bèk kung lur kung ulur kangkung / kakênan kang ngriptèng kata / miyarsa dolanan ênthik //

ingothak-athik yèn mapan / sukur bage wèh rêsêpe kang myarsi / dariji lima winuwus / rame atêtukaran / driji manis mring jênthik asêru muwus / ênthik-ênthik patènana / kakang pênunggul mèn mati //

jênthik jawab dosa apa / kang panunggul têka dikon matèni / apa tan wêruh sadulur / gène cêdhak lan sira / driji manis nabda sêmu nguwus-uwus / bocah cilik ngrêti apa / têka dadak mung madoni //

panunggul iku wong malak / mênêng-mênêng wada ulêrên yakti / ladak lirih adol gêndhung / gumêdhe ngrasa gagah / nora ngrêti gêdhe gombong arêp umuk / ngunggul-ungguli sapadha / ngêpak ngêkul marang ari //

ayo bêcik dibut padha / dimèn mari ngêgung-êgungke dhiri / si jênthik malêngak muwus / êlo kapriye kakang / aja ngono iku rak padha sadulur / kowe kang mêmanas manah / maoni mung anggêr muni //

nora mada nora nacad / lamun kakang wasar[5] bagus prak ati / yèn busana kaduk bêsus / widagda ngadiwarna / dina-dina tan kêndhat awêdhak pupur / wêwida gônda mrik ngambar / driji kêbak ali-ali //

driji manis muwus sugal / cilik mênthik si jênthik manas ati / patrape têtêp tan urus / ngerang-erang mring kadang / eling-eling gawene mung nyogok irung / karo ngurêk-urêk curak / nora cakrak jêjêmbêri //

jênthik nabda sêmu maras / wis ta kakang aja kêbanjur runtik / nêmoni kakang panuduh / kinèn angadilana / bênêr luput lamun mêtu kang panuduh / wong si kakang luwih tuwa / mênang lawas gone urip //

kêkalih wus samya prapta / si panuduh alon-alon mangsuli / o o jêbul mêntas udur / padu rêbutan apa / bokya uwis salah [sa...]

--- 2103 ---

[...lah] siji ngalah rampung / têka dadak kaya kêlah / ngregoni wong gawe tuding //

bênêr aku kadang tuwa / nanging wruha mung bisa tudang-tuding / dadi tukang wèh pituduh / tan bangkit ngadilana / mring prakara kang padha lagi koudur / tak tuduhi tukang nimbang / kakang jêmpol masthi wasis //

karana wus ingsun wawas / kakang jêmpol mêne têkone malih / ngancik tuwaning tumuwuh / kwasa ngowahi watak / kakon atèn brangasane dadi lumuh / lêmbah manah mring sapadha / têpa salirane dadi //

nora ngadhuh nora ngêsah / antuk sêrik sinêrang cinacêri / rinacuta tan kêpencut / mancèni kang nênacad / mung tinômpa minôngka pancing pamêcut / mrih cancut kêncênging karsa / angoncati laku juti //

samêngko dadi gêndhingan / wus kalumrah maratah sanagari / nadyan ngancik pucuk gunung / kang anom miwah tuwa / lamun nuju kalêgan sabarang laku / kawêtu têmbunge anyar / pancèn jêmpol ngene iki //

barang apik barang brêgas / winastanan jêmpol mêsthi tan lali / nyandhang mompyor rupa ayu / aloke jêmpol tênan / cah sakolah lamun kabisane punjul / kancane wani gêgarap / wadhuh jêmpol anu kuwi //

[Iklan]

nanging mungguh tumrap kakang / nora bungah dadi sêkaring lathi / nora mongkog nora munthuk / manawa wus karasa / rasa mongkog kladuke sok mungkug-mungkug / tan pae wong ingombenan / plêmbung angin nêniwasi //

samangkya papane prênah / nrima mêmpên mumpuni anèng têpi / sêpêning papan pakantuk / mêmatuh tapabrata / nastapane kapati-pati tumanduk / pinindêng madyaning driya / andayani rasa êning //

marma bêcik ayo padha / tinêkanan kinèn laju mutusi / pantêse masthi tan mrucut / wêcane kadang wrêdha / adhakane yèn dhinudhah nora nglindhuk / bangkit ngruwat gawat-gawat / sayêkti amikuwati //

driji têlu gêgancangan / rêbut dhucung lakune lumuh kari / tan dangu tandya tumanduk / unggyaning kadang wrêdha / driji jêmpol gurawalan dènnya mêthuk / ketang onênging wardaya / ri katri rinangkul gênti //

sawuse satata lênggah / wus sajarwa driji têlu talêsih / driji manis mung tumungkul / panuduh tan nyabawa / mung si jênthik lingak-linguk kaya cênguk / driji jêmpol wus tumanggap / marmane miwiti angling // Badhe kasambêtan.

Pak Kalang.

--- 2104 ---

Bab Tanêman

Bab Tanêman Pisang.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 83.

Ing sarèhning pisang punika bêtahipun toya kathah, dados pananêmipun kaangkah angajêngakên jawah utawi ing môngsa jawah, prêlunipun sampun ngantos kêkirangan toya. Manawi nanêm ing môngsa katiga, ngadat asring botên dados, upami dados inggih ênggrik-ênggrikên kêra kemawon.

[Grafik]

Pakêbonan ingkang kathah tanêmanipun wit pisang.

Patraping pananêm, ing sadèrèngipun nanêm, damêla jugangan utawi luwangan rumiying ingkang panjang lan wiyaripun watawis ngalih kaki, lêbêtipun inggih ngalih kaki. luwangan wau dipun kèndêlna kemawon sawatawis dintên, tumuntên dipun dèkèki rabuk talethong utawi larahan, dipun kèndêlakên kemawon ngantos dados siti. Manawi badhe nanêm kathah, inggih kêdah damêl luwangan kathah, êlêtipun sampun kêkêrêpên, kaangkaha satunggal-satunggalipun kadamêla êlêt sacêngkal. Pandamêlipun luwangan wau kêdah wontên ing panggenan ingkang angsal soroting srêngenge kathah, sampun ngantos wontên ing panggenan ingkang ayom.

Yèn kintên-kintên lêmèn ing luwangan sampun malih dados siti, lajêng pados pisang ingkang dipun kajêngakên.

Pamilihipun anak pisang kêdah ingkang sae, liripun gêsangipun katingal subur, inggilipun watawis 1 1/2-2 metêr, ubênging wit ing perangan ngandhap kirang langkung 1 1/2-2 kaki. Sampun pisan mêndhêt anak [a...]

--- 2105 ---

[...nak] pisang ingkang kêra utawi ingkang sampun inggil sarta sêpuh, awit manawi dipun tanêm asring botên dados. Yèn anak pisang sampun dipun pêndhêt, oyodipun kêdah dipun bucali sadaya ngantos rêsik, godhongipun dipun kêthoki sapalihing papah, tumuntên dipun lêrêmakên ing panggenan ingkang ayom ngêntosi garingipun tlutuhing oyod lan ing godhong. Bilih tlutuhipun sampun garing, kenging lajêng katanêm ing luwangan, pananêmipun kêdah jêjêg, sampun ngantos dhoyong. Anggènipun ngurugi luwangan sampun ngantos kêbak-kêbak, kaangkaha satêngah kaki saking lumahing siti, sakiwa têngênipun botên kaurug. Ingkang makatên punika prêlu kangge ngadhangi toya jawah, bilih samôngsa botên wontên jawah taksih wontên toyanipun, dados sitinipun tansah têlês.

Mênggah pangupakaranipun pisang wiwit nanêm ngantos dumugining mêdal tuntutipun punika sasat botên prêlu, namung siti sakubênging wit kêdah kaipuk utawi dipun arug, ngantos sami utawi langkung inggil sawatawis tinimbang siti sakiwatêngênipun, supados witipun sampun ngantos dhoyong. Godhong ingkang sampun jênè utawi garing kêdah kabucal. Yèn pisang wau sampun môndhong utawi mêdal wohipun, bilih wêdaling wohipun sampun alit-alit sarta awon, tuntutipun kêdah kabucal, supados wohipun enggal agêng. Yèn wohipun sampun suluh, têgêsipun sampun sêpuh, pisang wau lajêng katêgor. Panêgoripun ingkang ngatos-atos, sampun ngantos ngurugi anakipun tuwin pisangipun sampun ngantos rêmuk.

Sasampunipun dipun têgor, pisang wau lajêng kaimbu, pangimbunipun ingkang limrah dipun gantung satundhunanipun pisan. Wontên ugi ingkang dipun lirangi kawadhahan ing tumbu katutupan godhong sengon, kêmlandhingan utawi godhong sanès-sanèsipun supados enggal matêng. Sawênèhing tiyang pisang wau dipun kèndêlakên kemawon supados matêng ing witipun, sarana kabuntêl ing goni utawi gombal ingkang rapêt. Nanging patrap makatên punika langkung angèl, kêkathahên padamêlan, manawi pambuntêlipun kirang rapêt, samôngsa pisangipun sampun matêng sok dipun têdha kalong, lawa utawi pêksi, punapa malih raosipun kirang eca, yèn dipun timbang kalihan pisang imbon.

Tumrapipun tiyang ingkang padamêlanipun sade pisang, pangimbunipun botên sarana dipun gantung, dipun lirangi utawi dipun kèndêlakên wontên ing wit, awit patrap makatên punika kadangon. Pramila supados pisangipun enggal matêng lajêng ngangge patrap sanès, inggih punika pisang pintên-pintên lirang kalêbêtakên luwangan katutup siti ingkang rapêt, namung wontên bolonganipun sakêdhik dipun dèkèki bumbung. Bumbung wau dipun isèni mêrang, tumuntên dipun bêsmi. Mêrang wau salêbêtipun murub dipun tepasi, supados kukusipun sagêd mlêbêt ing salêbêting luwangan. Samôngsa mêrangipun têlas, dipun isèni malih, makatên salajêngipun. Sarana patrap makatên punika, pisang ingkang dipun imbu enggal sangêt matêngipun, nanging raosipun sampun mêsthi kirang eca, jalaran matêngipun kêpêksa, malah sanajan pisang ingkang dèrèng sêpuh saèstu inggih sagêd tumut matêng.

Pisang ingkang sampun katêgor wau dêbogipun lajêng

--- [2106] ---

kabucal sadaya, anakipun dipun kèndêlakên kemawon. Manawi anakipun wau sampun cêkapan inggil lan agêngipun lajêng dipun pêncarakên malih, dipun kantunakên satunggal kemawon, supados gêsangipun sagêd subur. Nanging kathah-kathahing tiyang manawi sampun nanêm sapisan inggih dipun kèndêlakên salaminipun, ngantos pisang sadhapur dados pintên-pintên wit. Sampun mêsthi wohipun inggih botên dados, jalaran kêkirangan têdha. Môngka manawi dipun pêncarakên sampun tamtu wohipun agêng-agêng nyênêngakên. Dados manawi pananêmipun punika kanthi tlatos tabêri, sampun mêsthi angsal-angsalanipun inggih tikêl.

Rutam, Purbalingga.

Nanggulangi Sêsakit Sarana Pangudi ing Salêbêtipun Sèkêt Taun, ingkang dipun Tindakakên dening Bayer.

Caraning tiyang badhe manjangakên umur, punika mênggah ing nalar pinanggih lôngka, nanging manawi tiyang ngèngêti dhatêng kasagêdanipun para dhoktêr, sagêd anggadhahi piyandêl, bilih pangudi ingkang dhêdhasar kawruh, pancèn andayani, dados inggih nyata sagêd manjangakên umur. Awit sawarnining sêsakit, punika botên wontên ingkang botên kêndhih ing jampi, saya tumraping jampi ingkang tansah dipun udi sampurnanipun. Mila pinanggihing pangudi ingkang sampun tumindak sèkêt taun, wohipun marêmakên sangêt.

Nanging ugi wontên tiyang ingkang botên ngaosi dhatêng pangudining para dhoktêr wau, jalaran manahipun ngalunthung namung adhêdhasar pasrah, ngantos kalimput bilih tiyang punika wajib ihtiyar.

Tumrap pangudining para ahli babagan jampi, sagêd manggihakên billih jampi wau aslinipun botên sanès saking pêlikan, saking têtuwuhan tuwin saking kewan, dados nama asli ingkang salugu. Nanging mêksa kathah ingkang taksih sêmang-sêmang dhatêng dayaning jampi wau. Môngka mênggah pangudi, botên kêkirangan anggèning anggathuk-gathukakên dhatêng satunggal-satunggaling jampi wau ngantos manggihakên dayanipun ingkang sampurna. Mila tumraping pirmah Bayer anggèning tansah tumindak makatên, saha pinanggih damêl kawilujêngan yêktos, punika sampun lêrêsipun.

Caraning pangudi ingkang sakawit, ing taun 1888 amanggihakên jampi Phenacetin, wontên ing papan pangudi ing kleurstoffenfabriek Fridz. Bayer Co, salajêngipun saya dipun jêmbarakên, ngantos misuwur ing sadonya. Dados jampi-jampi Bayer ingkang pinanggih ing sapunika, sami pinanggih sarwa sampurna kanthi pangudinipun para linangkung. Jampi-jampi ingkang sampun umum, inggih punika Aspirin, Gardan, Pyramidon tuwin sanès-sanèsipun.

Mênggah jampi Bayer, punika warni-warni sangêt, ingkang migunani dhatêng sawarnining sêsakit, dalah dumugi sêsakit kewan, punapadene sêsakit tanêman, ugi wontên.

Mila adêging pirmah Bayer ingkang sampun sèkêt taun, nama botên nguciwani tuwin mikantuki dhatêng sadayanipun.

Minôngka tandhaning misuwuripun, katitik wontên ing tôndha ungêl-ungêlan, Bayer mrapat, ingkang sampun amradini jagad.

--- 2107 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Nanggulangi sêsakit T.B.C. Ing Kabupatèn Bandung mêntas wontên parêpatan, ingkang dipun tindakakên ing panjênênganipun ingkang bupati piyambak. Ingriku sarana andhatêngakên guru-guru dhusun kirang langkung 400, kajawi punika ugi guru-guru Vervolgschool tuwin Standaardschool. Sêsorahipun ingriku ing bab pêrluning T.B.C. pinanggih sakalangkung mikantuki, dening sami kawigatosakên. Ingkang sêsorah Dr. R. Purwosuwarjo.

Topèng gas tumrap sanès militèr. Miturut wartos, Departement Paprangan badhe andhawuhakên damêl topèng gas cacah 20.000 iji dhatêng pabrik karèt ing Ngagel, amargi damêlan ingriku punika sarêng dipun priksa pinanggih sae. Namung pirantos sawatawis ingkang kêdah dipun damêl ing pabrik sanès ing Surabaya. Mila pangagênging pabrik ing Surabaya badhe dhatêng Bandung rêrêmbagan bab punika.

[Iklan]

Têtandhingan ulahraga I.S.I. ing Surakarta. Kala ing dintên Sabtu kêpêngkêr Alg. Sportweek "Ikatan Sport Indonesia" ingkang dipun pangarsani ing M. Sutarjo, warga Raad Kawula, wiwit dipun êbên. Wanci jam 4 sontên golongan ulahraga kalih golongan ingkang sadasa mangangge abrit pêthak, dados tandhaning bandera Karaton Surakarta, sarêng tampi obor saking wêwakil dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, ingkang lumantar B.K.P.H. Suryoamijoyo, lajêng malajêng dhatêng stadion. Ingkang sagolongan cacah 7, mangangge jêne ijêm, dados tandhaning bandera Kadipatèn Mangkunagaran, sasampunipun tampi obor saking G.B.R. Ajêng Siti Nurul saking pandhapi Mangkunagaran, ugi lajêng lumajêng dhatêng stadion. Sadumugining stadion, obor wau dipun tampèkakên dhatêng Comite Mr. Widodo, salajêngipun dipun tampèkakên dhatêng sêsêpuh I.S.I. M. Sutarjo. Ingriku kawontênakên sêsorah ing bab kajênging pasêmon, obor wau dadosa tandha urub raosing daya ulahraga ing tanah ngriki. Satamating sêsorah, kamirêngan suwaraning bom, minangka pratandha bikaking Sportweek I.S.I. Sasampuning rampung panataning pambikak, lajêng dipun wiwiti ulahraga, sawêlasan Jawi Wetan tandhing kalihan sawêlasan Jawi Têngah, ingkang miwiti nêndhang B.K.P.H. Suryoamijoyo. Kawêkasanipun pinanggih 5-1 mênang Jawi Têngah. Ing dintênipun Ngahad, sawung Jawi Wetan tandhing kalihan Jawi Kilèn. kawêkasanipun pinanggih 4-2 mênang Jawi Kilèn. Dintênipun Sênèn, Jawi Kilèn tandhing kalihan Jawi Têngah, ingriku kathah sangêt ingkang migatosakên. Kawêkasanipun pinanggih 2-0, mênang Jawi Têngah. Dados Jawi Têngah ingkang dados kampiun. Kajawi punika taksih wontên ulahraga sanès-sanèsipun. Ing dintênipun malêm Ngahad kawontênakên receptie wontên ing Habiproyo. Kathah para agêng ingkang rawuh anjumênêngi. Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana tuwin K.G.P.A.A. Mangkunagara kaparêng amaringi wêwakil. Kathah sêsorah ingkang gêgayutan kalihan adêging pakêmpalan wau.

Tiyang boyongan ing Borneo. Miturut wartos saking Samarinda, wontên tiyang boyongan saking Madiun cacah 26 abrayat 86 sampun dumugi ing papan paboyongan ing Jembayan, laladan Kutei. Sadumugining papan panggenanipun lajêng sami damêl pondhok kangge palêrêban anggarap sabin. Panjênêngan Sultan Kutei kaparêng aparing pitulungan dhatêng têtiyang wau, supados tumindaking cobèn-cobèn punika sampun ngantos botên dados. Manawi kêlampahan makatên tamtu badhe dados tuntunanipun ingkang kantun.

Calon warga Raad Kawula ing Molukken. Tumrap laladan Molukken anyalonakên warga Raad Kawula Tuwan Rehatta, bestuurs-assistent klas 1 tuwin nonah Latuharhary advocaat ing Malang.

Kêbêsmèn wana malih. Sampun sawatawis dintên Pakaryan Wana ing Malang tampi tilpun, ing èrèng-èrèngipun rêdi Malang inggih punika parêdèn Arjuna sisih wetan sacêlakipun Puwosari, kêbêsmèn. Ir. Vos, opperhoutvester lajêng dhatêng ing papan ingkang kêbêsmèn wau. Para tandang-tulung sagêd nyirêp ubaling latu. Dene wana ingkang sampun kêlajêng kêbêsmi wontên 15 hektare.

Mriksa tomat ing tanah ngriki. Sampun dangu kawontênakên tindak nitipriksa kawontênanipun tomat ing tanah ngriki. Pinanggihing pamriksa, tomat ing tanah ngriki punika langkung sae tinimbang tomat wêdalan tanah ngamanca, tur rêginipun badhe langkung mirah. Mila pantês dados padagangan.

Sêsambêtaning sêpur Bêtawi-Sêmarang. Wontên wartos, wiwit benjing tanggal 2 November ngajêng punika sêpur S.C.S. sadumuginipun Cirêbon sagêd sêsambêtan kalihan S.S. sadintên kaping kalih. Sêpur saking Sêmarang ingkang kaping kalih ugi sagêd nyambêti sêpur N.I.S. saking Surabaya.

Gêgêntosanipun Dr. Offringa. Benjing ing salowongipun pangagêng Pakaryan Kasarasan, ingkang sapunika dipun tindakakên ing Dr. Offringa, ingkang kacalonakên Dr. Otten, directeur Instituut Pasteur, Dr. de Groot, zendingsarts ing Ngayogya, Dr. de Jong, zendingsarts ing Malang tuwin Dr. de Nooy, inspecteur Pakaryan Kasarasan ing Surabaya. Kajawi punika taksih wontên malih, Dr. Sitanala, pangajêng leprabestrijding. Tumrap Dr. Sitanala gêgayutan kalihan usul pitakenan saking Tuwan Thamrin, bab tiyang siti sagêd cêpêng damêl apangkat inggil.

Golongan Pakaryan Wana. Ir. Sarjono, katêtêpakên ing damêl sawatawis dangunipun nindakakên padamêlan opzichter klas 1 wontên ing algemeene technish dienst ing Pakaryan Wana. Ingajêng ugi nyambut damêl ingriku, nanging dèrèng têtêp.

Jogèd Jêpan. Miturut wartos, benjing pangundhuhing pangantèn saking Pakualaman dhatêng Hadiwijayan Surakarta, mawi paargyan jogèd Jêpan, ingkang dipun tindakakên dening bangsa Jêpan ing Surabaya. Tumraping tanah ngriki, têtingalan punika nama sawêg kêtêmbèn, tumraping para ahli bêksa tamtu sami migatosakên dhatêng jogèd wau.

Vereeniging Wiradad. Ing Surakarta wontên Vereeniging nama Wiradad, ingkang dipun adani dening ingkang bupati kitha Surakarta. Ancasing pakêmpalan wau badhe nindakakên pitulungan tumrap dhatêng têtiyang ingkang nandhang kasangsaran jalaran bêbaya alam. Adêging pakêmpalan punika angsal pawitan saking nagari f 1000.-.

Mêthuk dhatêng Mêsir. Benjing tanggal 16 December, panjênêngan Sultan Dèli kondur saking nagari Walandi. Sarêng wontên wartos punika, pramèswari sultan badhe mêthuk dhatêng Mêsir, dipun dhèrèkakên ing para agêng ing Dèli. Bidhalipun nitih kapal Marnix.

Malêbêt dados wadyabala malih. Jalaran saking kêkirangan kadêr, ing sapunika tumrap tilas onderofficier sanès bangsa Walandi ing golongan infanterie, artillerie tuwin genie ingkang mêdalipun dèrèng langkung 6 taun, janji nêtêpi punapa ingkang dados wêwatonipun kenging malêbêt malih tanpa mawang umur kanthi prajanjian sataun. Sasampunipun sataun, kenging nglajêngakên tanpa prajanjian. Panyuwunipun dhatêng Hoofd der 1e afdeeling van het Departement van Oorlog ing Bandung.

--- 2108 ---

Têtiyang boyongan saking golongan Leger des Heils. Awit saking kajêngipun Leger des Heils ing Selebes, badhe ngliyêr papan paboyongan ing Kalawara, ingkang dipun adani dening Tuwan Emmerik. Têtiyangipun ingkang nyambut damêl ingriku sami têtiyang Jawi. Dumuginipun sapunika têtiyangipun ingriku sampun wontên 300. Namung sarèhning papanipun ingriku sampun botên sagêd dipun êlar malih, kaprayogèkakên supados ngadani wontên ing pasitèn waradin ing Palolo, kaprênah ing têngah-têngahing puli Selebes. Ing bab punika taksih dados rêmbag.

[Grafik]

Misungsung loncèng agêng. Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, nalika paargyan jumênêngan nata 40 taun Gemeente Bêtawi ngintunakên pisungsung loncèng agêng dhatêng nagari Walandi konjuk Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhelmina, kados ingkang kacêtha ing gambar nginggil punika.

Lijst calon warga Raad Kawula sampun katutup. Dumugining tanggal 15 jam 1 siyang, wontêning lijst pratelan namaning sawung ingkang dipun calonakên dados warga Raad Kawula sampun dipun tutup. Tumrap minggu ngajêngipun nutup ingkang saking tanah sabrang. Lajêng pilihan warga enggal.

Rapat P.B.R.I. tansah dipun êndhêg. Persatuan Buruh Rendahan Indonesia nalika parêpatan wontên Sêmarang, dipun cêgah ing P.I.D., amargi ingriku wontên warga-warganipun P.N.I. Warga-warga P.N.I. wau sasampunipun kesah, sarêng Tuwan Rusman mêdhar sabda tansah dipun cêgah salajêngipun malah kapurih kèndêl. Salajêngipun nalika Tuwan Sumadi mêdhar sabda, kapurih ingkang sarèh.

Postspaarbank. Dumuginipun wulan Augustus kêpêngkêr, arta ingkang sumimpên ing Postspaarbank wontên f 3.228.895.-, cacah samantên wau ugi kalêbêt celengan saking lare-lare sêkolah, cacah f 6385.-. Arta samantên wau ingkang dipun wangsulakên wontên f 2.475.585.-, dados indhaking arta ingkang tumitip wontên f 753.310.-. Ingkang dipun ingsêr dhatêng Rijkspostspaarbank ing nagari Walandi wontên 195 buku, artanipun wontên f 134.767.81.-. Kajawi punika nyade celengan 86, tuwin zegel kangge sêkolahan rêrêgèn f 8.962.50.

Têsmak tinrètès ing barliyan. Panjênêngan pramèswari sultan ing Perak, kaparêng mêling dhatêng firma Ezekiel & Sons ing Bêtawi, awarni têsmak êmas tinrètès ing barliyan. Wêlingipun wau ing sapunika sampun dados, barliyan ingkang kangge narètès wau wontên 49 iji.

Nyuwun wêwahing warga tiyang siti. Ing Sukabumi mêntas wontên parêpatanipun têtiyang siti manggèn ing gêdhong Pasundan, angrêmbag badhe gadhah atur dhatêng parentah, supados warganing Gemeenteraad ingkang tiyang siti dipun indhaki, apêsipun sami. Wontênipun makatên, amargi jiwanng[6] tiyang ing Sukabumi punika, miturut pêpetangan ing taun 1930, tumrap tiyang siti wontên 27.183, bangsa Eropa namung 2259. Punapaa warganipun Gemeenteraad tumrap bangsa Eropa 7, sarêng tiyang siti namung wontên 3.

Wêdaling padagangan sinjang. Ingajêng sampun nate wontên wartos, bilih padagangan sinjang saking tanah ngriki badhe angsal pêkên wontên Siam. Nanging lajêng wontên wartos, kêjoran sinjang damêlan saking Jêpan. Ing salajêngipun wontên sêsulak, padagangan sinjang saking tanah ngriki badhe sagêd malêbêt dhatêng tanah Mêlayu jajahan Inggris. Tumraping dagangan lurik botên sagêd malêbêt, amargi sampun wontên tênunan piyambak, têlêngipun wontên ing Trênggano.

Ngèndêli padamêlan Woningsverbetering. Tumindaking damêl Woningsverbetering ing Cicalengka ing wêkdal punika dipun kèndêli, amargi nuju tuwuh sêsakit malaria. Tuwin malih tuwuhing sêsakit malaria ingriku punika tamtu nyarêngi mangsanipun andandosi griya. Sanadyan pinanggihipun nyata makatên, nanging nalar-nalaripun dèrèng pinanggih.

Ngintunakên wowohan dhatêng tanah Indhu. Ing Surabaya mêntas wontên tamu saking tanah Indhu Tuwan E.G. Wutrich, directeur Serui Morris Compagny, satunggiling babadan ingkang tumindak nampèni saha ngêdalakên padagangan saking Bombay. Dhatêngipun directeur ing tanah ngriki punika pêrlu niti ing bab wontênipun wowohan saking tanah ngriki ingkang kenging kangge dagangan wontên ing nagarinipun ngrika. Benjing tanggal 2 November badhe wangsul, bidhal saking Tanjungperak, ambêkta pêlêm golèk tuwin arum manis 60 pêthi. Bidhalipun saking Surabaya dhatêng Rangoon. Botên dangu badhe kakintunan malih pêlêm 100 dhatêng Calcutta. Provincie Landbouw-Voorlichtingsdienst Jawi Wetan ambudidaya sangêt murih wowohan ing tanah ngriki sagêda sumêbar dhatêng sajawining praja.

AMERIKA.

Pogokên bêrah. Golongan bêrah ing New York gadhah panêdha dhatêng ingkang suka padamêlan botên dipun sêmbadani, ingriku lajêng nuwuhakên pogokan. Joseph Ryan, pangarsaning pakêmpalan golongan bêrah palabuhan lajêng akèn dhatêng para bêrah supados ngawontênakên pogokan umum. Wontên kapal panyèrèt 2000 botên sagêd tumindak ing damêl. Para mogok badhe arekadaya kandhêging padamêlan ing palabuhan New York sadaya.

ASIA.

Prahara ing Jêpan. Miturut wartos saking Tokio, ing Kagoshima mêntas katêmpuh ing prahara, ingkang basanipun ngamanca dipun wastani taifoon. Panêmpuhing prahara wau adamêl tiwasing tiyang 46, ingkang ical 116, griya ingkang risak 157. Haifoon[7] wau lampahipun nuju dhatêng Boschu.

--- 165 ---

No. 42, 22 October 1938, Taun IX

Taman Bocah

INGKANG NGÊMBANI : BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

DONGÈNGE BU MAR NALIKA LÊLUNGAN.

Bocah-bocah, dina Slasa tanggal kaping 18 October ibumu wis têkan Bêtawi manèh, kanthi slamêt ora kurang sawiji apa. Kowe mêsthine wis padha krungu dongènge rama Petruk. Kaya kang wus dicaritakake rama Petruk. Budhalku saka Bêtawi jam 7 kurang saprapat, nganggo sêpur kilat, têkan ing sêtatsiun Gubêng kira-kira jam sêtêngah pitu. Kêponakan-kêponakan ing Surabaya akèh sing padha kêcêlik mêthuk ing Surabaya-kotta. Aku wus ora bisa ngabari manèh, sabab wêktune wis kêslêpêk. Ing Gubêng aku wong têlu dipêthuk nak sanakku kang manggon ing Pacarkeling. Sore iku aku wong têlu isih kêsêl, mula ora padha nonton Jaarmarkt, mung ngaso ana ngomah bae kambi nêpungake karo hawa ing Surabaya. Wah wis ta, cah, panase ngudubilah, lan angine gêdhene ora karuwan. Bokmanawa pancèn lagi umum angin kaya ngono kuwi. Rama Petruk kontanan kêtabrak influenza, ibu Petruk slamêt ora apa-apa, dene ibumu mung rada masukangin bae. Esuke aku wong têlu padha diêtêrake sing kagungan dalêm mênyang kêbonraja. Pancèn saka Bêtawi wis dakimpi-impi, yèn aku kalakon bisa mênyang Surabaya, kang dakprêlokake dhisik dhewe mêsthi nonton kêbonraja, amarga kêponakan-kêponakan ing Surabaya, iku sabên kirim layang Bu Mar, sing dipamèrake ora liya kajaba gêdhening kêbonraja ing Surabaya. Pancèn iya gêdhe têmênan, tikêl ora karuwan yèn katandhing karo kêbonraja ing Bêtawi. Manuke luwih akèh sarta luwih pêpak, kewan liyane mangkono uga. Panggonane rangutan (orang utan) gêdhong gêdhe kaya omah uwong, yèn ora salah malah nganggo lutung barang. Asu sêgara (zeehonden), gajah, mênjangan uga ana.

Saka kêbonraja banjur nunggang amko -mungguhe ing Bêtawi, bangsane demmo-[8] mubêng-mubêng ndêlok kaananing kutha. Wah saya suwe omah gêdhong ing Surabaya iku saya mundhak, kang anyar pirang-pirang, mangka sewane iya ora larang kaya ing Bêtawi. Tumrap wong omah-omah, ing Surabaya pancèn iya sênêng, marga sewan omah ora larang, priyayine rukun-rukun, lan kabutuhan buri sarwa murah; dodolan panganan sarwa enak. Beda karo ing Bêtawi. Yèn kowe anyaran ana ing Bêtawi, banjur jajan, wah mêsthi mèncêpe ta. Ananging yèn ngèlingi panasing hawa ing Surabaya, iya kurang sênêng. Ing Bêtawi wis panas, Surabaya luwih panas manèh. Mbokmanawa: sabab Bu Mar mênyang Surabaya sapisanan, banjur ana ing Pacarkeling, dadi iya rada kagèt, marga Pacarkeling kabare panase pancèn ngungkul-ungkuli.

Sorene aku padha ndêlok Jaarmarkt. Kaanan ing Jaarmarkt mèh kabèh padha karo ing Pasar Gambir ing Bêtawi, mung bedane ana tontonane kêthoprake lan wayang wong, ana padhasaran gawe rêca, pabrik blèg, lan ing jêro Jaarmarkt dianani tram, nyêdhiyani wong nonton supaya bisa mubêng rata ora susah lumaku. Restaurant-restaurant luwih akèh sarta luwih bêcik, olah-olahane iya sarwa enak.

Rèhning rama Petruk lagi ora kêpenak, jam 11 aku wis padha mulih. Esuke, kajaba rama Petruk, aku kabèh padha mênyang pasar lan toko-toko. Ing pasar barang-barang kalêbu murah, nanging ing toko-toko larang, luwih larang katimbang ing Bêtawi.

--- 166 ---

Baline saka mubêng-mubêng mau aku banjur lara, kapêksa ana ngomah bae. Mangka niyate arêp mênyang Madura lan mênyang Malang, jêbul kapêksa ana ngomah bae. Ing Surabaya aku nginêp limang bêngi, kanthi gêlaning ati, marga padha ambruk kabèh. Dinane Sênèn tanggal kaping 11 aku padha budhal mênyang Blora, njujug ing dalême bêndara patih. Lah ing kono aku lagi krasa sênêng, saras kabèh, tur nyandhing dhoktêr, dadi bisa nambani laraku. Niyate ana ing Blora mung arêp sawêngi, nanging sarèhne lagi digarap dhoktêr, kapêksa têlung bêngi, ngêntèni sarase babarpisan. Ana ing Blora sênêng, akèh bocah. Ing kêpatihan wae ana lima, mangka lucu-lucu lan andêmênakake. Yèn esuk padha ngajak badminton. Sasuwene aku padha ana ing kêpatihan, yèn sore akèh tamu, nêdya nêmoni rama Petruk. Mêsthi bae anggone lênggahan iya sok disambi bridge barang.

Bu Mar.

WONG JIRIH KANG KUMALUNGKUNG.

Dhèk jaman biyèn ana wong nonoman aran Si Achmad, bangêt jirihe, nanging ambêge kumalungkung.

Anuju sawiji dina wayah sore, dhèwèke mulih saka kutha, lakune gêgancangan kang marga jirihe, daya-daya têkan ing omah. Kêbênêran ana wong nunggang jaran, uga bangêt jirihe, liwat ing kono, banjur bêbarêngan lumaku. Ing sadalan-dalan padha ngumukake kêkêndêlane sarta arêrasan bab anane wong kang diukum gantung mau awan.

Barêng lakune cêdhak lan pagantungan, sakarone wêruh wong kang digantung isih geyong-geyong. Si Achmad calathu:

He, bodho têmên kowe kuwi, kok gêlêm têmên digantung ing wong, bok gêlis mudhuna, ayo bêbarêngan karo aku. Ing sanalika iku ana angin gumrubug, wong kang digantung katon mayug-mayug, kayadene arêp mudhun, sarta krungu swarane wong mangkene: "He, kisanak, mêngko dhisik, êntènana sadhela." Sakarone bangêt wêdine, githoke mêngkorog, awake anyêp njêjêt kaya ès, jaran kang ditunggangi kagèt, lumayu ambandhang. Saka gugupe, olèhe nggujêngi kêndhali kurang kukuh, dhèwèke tiba, sirahe kabêntus ing wit asêm, kang ana ing sapinggire dalan, ndadèkake tiwase.

Si Achmad uga mlayu sarosane. Gumrubuge angin muwuhi saya wêdine, sarta pangrasane tansah krungu wong undang-undang mangkene: "He, kisanak, êntènana." Giris mirise atine Si Achmad ora kira-kira, mlayu sipat kuping, suwe-suwe pêdhot napase, ambruk, banjur mati.

Dongèng iki awèh wêwulang, yèn wong jirih iku wêdi wêwayangane dhewe, lan ambêg kumalungkung marakake kabilaèn.

Suharya, Kêpanjèn.

[Grafik]

Dolanan bocah iku warna-warna, nanging luwih bêcik bocah iku dolanan sing bakal maedahi ing buri kèri, kaya ta gambare bocah-bocah ing dhuwur iki, iku anake bangsa Eropah kang lagi dolanan gêgawean omah. Wis mêsthi bae ing besuke bocah-bocah mau bakal pintêr gêgawean.

ING KÊTHOPRAKAN.

Buta : "Aku Kala Drubêksa."

Buta : "Aku Kala Blêdaksa."

Dhagêlan : "Aku ya kala, aku."

Buta : "Kala apa?"

Dhagêlan : "Kala mangga."

Morrod Moddod.

--- 167 ---

DIGDAYA DHEWE.

Ana asu ajag kêtêmu karo kêthèk mitrane.

Asu ajag takon : "Thèk, thèk, sangalam donya iki sing digdaya dhewe sapa?"

Kêthèk mangsuli : "Manungsa."

Asu ajag calathu karo mancêrêng : "Ah, ora, sing digdaya dhewe aku."

Kêthèk mangsuli : "Nèk kowe ora ngandêl, ayo padha nggolèki manungsa. Ayonana."

Mitra loro mau banjur padha mênyang padesan, lèrèn ing pinggir dalan. Ora suwe ana bocah sakolah liwat. Asu ajag takon : "Apa kae manungsa ?"

Kêthèk mangsuli : "Dudu, kae bakal manungsa."

Lêt saprapat jam ana kaki-kaki têkênan, liwat ing kono. Lakune rindhik bangêt. Asu ajag takon : "Apa kae manungsa?"

Kêthèk mangsuli : "Iku manungsa sing wis luwas."

Ora antara suwe, ana saradhadhu liwat, nggawa bêdhil. Asu takon : "Iki ayake sing aran manungsa?"

Kêthèk mangsuli : "Iya wis gage cakotên."

Asu ajag trangginas nyandêr. Saradhadhu kagèt, endha, karo ngincêrake bêdhile. Asu ajag dibêdhil sikile têngên, putung. Banjur mlayu pêpincangan, kandha marang kêthèk : "Pancèn bênêr kowe thèk, sing digdaya dhewe iku manungsa. Iki lo, sikilku tugêl. Adhuh, larane."

Sudarsini c/o Ki Darma Prawira, Kêpanjèn, Malang.

DARMAWISATA.

[Grafik]

Tumrape bocah padha darmawisata iku bêcik wohe bakal muwuhi kawarasan lan sêsurupan. Ing dhuwur iki gambare bocah-bocah kang diajak darmawisata mênyang pasarane[9] R.A. Kartini ing Rêmbang, yaiku sawijining wanita kang miwiti nênuntun padha sêkolah, bisaa duwe kawêruh kayadene bocah-bocah lanang.

DONGÈNG PULISI PINTÊR.

Nuju sawiji dina ana wong mlaku-mlaku. Barêng arêp mulih, wis kurang 3 km saka ing omahe, wong mau krasa kêsêl, nuli nganyang dhokar, calathune :Têng nggèn sing ketok nika pintên nggih?"

Wangsulane kusir dhokar : "Nggih diparingi sing akèh mawon."

Sing nganyang enggal-enggal nunggang. Barêng têkan ing omahe, enggal mudhun, karo ngulungi dhuwit f 0.10. Nanging kusir êmoh nampani.

Sing nunggang : "Wong mung ngrika-ngriki dibayar sêkêthip kok botên purun."

Kusir dhokar : "Wong kula wau rak matur, nêdha diparingi sing kathah."

Sing nunggang : "Nggih, pun kula imbuhi limang sèn, dadi f 0.15."

Kusir dhokar : "Botên, kula nyuwun bayaran sing akèh kok."

Sing nunggang dhokar sarèhne wong lumuhan, olèhe mbayar pijêr diwuwuhi bae, nganti dadi satêngah rupiyah, nanging kusir mêksa êmoh nampani. Ora suwe ana pulisi têka nyêdhak, takon. Wong mau ngandhakake apa anane. Si kusir uga kandha njaluk bayaran sing akèh. Barêng pulisi ngêrti nyang karêpe kusir arêp nakal. Banjur ngêtokake dhuwit, dhisike nyêkêl benggol karo calathu : "Iki pira?"

Wangsulane kusir : "Sêbenggol."

Pulisi nyêkêl kêlip karo takon manèh : "Iki pira?"

Kusir mangsuli : "Gangsal sèn."

Sawise mangkono pulisi banjur takon : "Êndi sing akèh, sêbenggol apa sêkêlip?"

Kusir kapêksa mangsuli : "Sêkêlip."

Pulisi : "La, saiki aku sing ngrampungi, kusir njaluk sing akèh, mangka wus ngarani dhewe yèn sing akèh sêkêlip. -Pun, dèn, panjênêngan bayar gangsal sèn."

Sing nunggang bungah, enggal-enggal nyèlèhake kêlipan siji, disèlèh ngarêpe kusir. Kusir kapêksa nampani kambi gêla atine.

S. Siti Sutarti, Muda Utama.

--- 168 ---

RANGU-RANGU PELOG BARANG.

Nganggoa saron.

Jaman Radio.

[Notasi]

a) Ngu-rangu ibu, mirêngna suwaraku, / ngu-rangu ibu, mirêngna suwaraku, / widodo datan kadulu, / klêpêran nèng langit biru, / klêpêran nèng langit biru, / nging widodo wêruh ibu, / lah kae ngèncêpi aku. //

b) E a e lonthong, lonthonge lonthong kêtan / e a e lonthong, lonthonge lonthong kêtan, / bocah-bocah hyoo dolanan, / lanang wadon kanthèn tangan, / lanang wadon kanthèn tangan, / dodongengan têtêmbangan / ing radio Katimuran. //

LÊLUCON

1.

Dar : "Kowe apa tau mangan gorengan tempe?"

Ni : "Tau bae. Apa kowe ora tau?"

Dar : "Ora, yèn gorengan tempe. Yèn tempe gorengan tau."

Ni : "Oo."

2.

Wontên ing sêpur ingkang èstri takèn : "Iki wis têkan êndi?"

Ingkang jalêr sawêg maos sêrat; mangsuli : "Lagi têkan kaca 154."

3.

Sumarna : "Bu, aku nyuwun ngampil dhuwite saringgit bae?"

Ibu : "Kanggo apa?"

Sumarna : "Biyèn simbah ngandika, yèn aku bisa nyèlèngi saringgit, arêp diwuwuhi saringgit manèh."

Sudarsini c/o Ki Darma Prawira, Kêpanjèn, Malang.

NDHÈRÈKAKE IBU.

Kêrêp bae padha ndhèrèkake ibu, êmbuh mênyang pasar malêm, êmbuh mênyang êndi. Manawa ndhèrèkake, dadi dudu kowe sing diêtêrake lo, yèn lumaku ing ratan sisih kiwa upamane, kowe dumununga ing têngêne rada mburi sathithik, pêrlune manawa ana apa-apa nêkani saka mburi kowe sing sumurup dhisik, dene ing sisih têngêne, awit ing sisih kono panggonan kang muwatiri, jalaran kowe rak manggon luwih nêngahi dalan ta, tinimbang sing kok dhèrèkake. Dadi manawa nuju lumaku bêbarêngan mitra akèh, apa manèh yèn mitra putri, miliha ênggon sing muwatiri ing dhuwur dhewe, kowe luwih prakosa, luwih trêngginas ta.

Ana sing kandha, manawa têkan ing panggonan kang uwonge uyêl-uyêlan, kudu manggon ing saburine sing didhèrèkake, dadi bisa ngawat-awati. Nanging saka pamikirku yèn kaya ngono sêsake uwong-uwong mau tumiba mênyang sing didhèrèkake. Balik yèn kowe manggon ana ngarêp, tanganmu kiwa nggocèki sing kok dhèrèkake amrih aja kasingsal, tangan têngên kanggo jaga-jaga yèn ana pakewuh, rak luwih prayoga ta.

Sing kabubuhan mbukak lawang uga sing ndhèrèkake. Upama wis antara cêdhak lawang, banjur age ndhisikana laku, pêrlu mbukakake, lawange têrus cêkêlana nganti sing kok dhèrèkake liwat. Sawise lawange kok tutup manèh, banjur lumakua kaya maune.

Yèn arêp nunggang taxi, sing kabagean mbukakake lawange ya kowe, ibumu bèn lungguh dhisik, banjur kowe, karo nginêb lawang.

Mêngko yèn mudhun, kowe mudhuna dhisik karo mêngakake lawange kanggo ibu, lan tanganmu ulungna kanggo gocekan ibumu mudhun saka taxi mau.

Samangsa nunggang dhokar, aja pisan-pisan kowe sing munggah dhisik. Sajrone ibu munggah ing dhokar, dhokare cêkêlana murih aja maju utawa mundur.

Mêngko yèn mudhun uga kowe sing mudhun dhisik têrus nyêkêli dhokare. La yèn nyabrang ratan, aja ninggal bae, dumèh rikat playumu. Aja lali ngawasake tali sêpatune sing kok dhèrèkake, manawa mrucut iku ya bagehanmu nalèkake. Iki yèn lumaku barêng karo mitra lanang ora pêrlu kowe sing nalèkake, karêbèn ditalèni dhewe, sawise kok elingake.

Cêkake sing rumêksa lan ngati-ati, amrih slamêt lan kêpenake sing didhèrèkake.

G. Gambini.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. up. (kembali)
2. dipun. (kembali)
3. dados. (kembali)
4. sadintên-dintên. (kembali)
5. dhasar. (kembali)
6. jiwaning. (kembali)
7. Taifoon. (kembali)
8. bemmo. (kembali)
9. pasareane. (kembali)