Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-07, #51

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-07, #51. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-07, #51. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 2, 14 Rêjêb, Taun Jimakir 1858, 7 Januari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêphrèdhên.

Lèpèn Musi, Palembang

[Grafik]

Kodrating alam ingkang damêl asrining sawangan, tamtu ngungkuli wêwangunan dêdamêlaning tiyang. Kados kawontênan ing nginggil punika, sok tiyanga inggih lajêng sagêd ngraosakên piyambak.

--- 22 ---

Ekonomi

Pangintunan Pisang saking Banyuwangi dhatêng Ostrali

Candhakipun Kajawèn ăngka 1.

Manawi nitik pangandikanipun Tuwan Leefmans kasbut ing Kajawèn, ăngka 1 bab pamêrangipun ama pisang, punika sajakipun kados namung prasaja kemawon. Tur wragadipun inggih botên patos awis. Pirantosing nyêmprot punika rêginipun namung f 0.50 utawi f 0.60, miturut petangipun Tuwan Leefmans wragading bubukan sêkar ingkang kêdah kasêmprotakên ing pisang punika ing dalêm satundhunipun namung 6 sèn, dados ing dalêm salirangipun kintên-kintên namung 1 sèn. Sarèhning samangke têtela bilih wragading amêrangi ama pisang wau kalêbêt mirah, kados prêlu sangêt, bilih patrapipun amêrangi ingkang makatên wau botên ngêmungakên dipun êcakakên wontên ing pakêbonan pisang ing Banyuwangi kemawon, ananging ugi ing papan sanès-sanèsipun ing saindênging pulo Jawi punika. Punapa malih ing samangke kathah sangêt pisang saking apdhèling Banyuwangi, Kêdhiri lan Madura sami kakintunakên dhatêng Surabaya, punika manawi kawontênanipun pisang tundhunan ingkang kakintunakên wau katingal sae-sae, sampun têmtu rêgining pisang saya mindhak-mindhak. Tumrap têtiyang tani alit-alit, ingkang ugi amrêlokakên sami ananêm pisang ing pakêbonanipun, kados inggih prêlu dipun sêrêp-sêrêpakên caranipun ananggulangi rêngêt pisang kados ingkang sampun kaandharakên ing nginggil. Mênggah ingkang prêlu piyambak katindakakên tumrap ing samangke, inggih punika ing padhusunan-padhusunan bawah apdhèling Banyuwangi, awit jalaran saking kathahing têtiyang ingkang sami nanêm pisang, ingkang wohipun sami kakintunakên dhatêng tanah Ostrali. Ing sarèhning tumrap ing ngriku tanêman pisang wau kalêbêt satunggiling pangupajiwa ingkang agêng sangêt, dados inggih sampun mêsthinipun, manawi amaning pisang kêdah dipun pêrangi kanthi sayêktos.

[Grafik]

Nyècèki pisang tundhunan

Manawi pinuju wontên baita kapal badhe pangkat, mila inggih rame sangêt kawontênan ing palabuhan Banyuwangi. Pangintunipun pisang saking padhusunan ing

--- 23 ---

têpis wiringipun ngriku dhatêng palabuhan, punika sarana dipun momot ing grobag, dene ingkang saking papan ingkang têbih-têbih mawi sêpur. Ing palabuhan dipun wontênakên gudhang agêng kangge simpên pisang ingkang badhe kakintunakên dhatêng Ostrali, sadèrèngipun baita saking Ostrali dhatêng. Wontên ing ngriku wontên pagêripun kêkah mawi plawangan. Grobag isi tundhunan pisang sadaya kêdah lumêbêtipun langkung kori pagêr wau, wontên ing ngriku katêmtokakên rêgining pisang ingkang kabêkta, inggih punika miturut liranganing pisang ing satundhun-tundhunipun. Salajêngipun tundhunanipun wau katumpuk-tumpuk lajêng dipun lirangi, liranganipun kadèkèk-dèkèkakên wontên ing meja ingkang kasadhiyakakên wontên ing ngriku. Sacêlakipun ngriku wontên têtiyang sawatawis, ingkang winajibakên angêpaki lirangan pisang wau wontên ing pêthi. Pêthi ingkang sampun isi pisang wau lajêng kadèkèkakên wontên ing sanginggiling ngêril, dipun pakoni saha dipun êbani tosan. Kangge angêbani pêthi-pêthi wau, maskape gadhah piyambak ingkang saklangkung gampil. Manawi pisang sampun kawadhahan ing pêthi kados ingkang kacariyosakên ing nginggil, pêthi-pêthi wau lajêng katumpuk-tumpuk angêntosi dhatênging baita kapal saking Ostrali, dene manawi baitanipun sampun dhatêng, pêthi-pêthi wau kainggahakên dhatêng kapal sarana jungkung.

Mênggah ingkang kathah piyambak pisang ingkang kakintunakên dhatêng Ostrali punika: pisang ambon jêne. Dene pisang ambon ijêm punika botên patos tahan kasimpên dangu-dangu.

Dèrèng watawis dangu punika ugi wontên pisang sanèsipun ingkang kakintunakên dhatêng Ostrali, inggih punika: pisang garaita, amargi têtiyang ing Ostrali sami doyan sangêt, saha pisang wau kuwawi kakintunakên têbih.

[Grafik]

Panatanipun pisang murih ringkês

Minăngka pungkasaning karangan punika, ing sarèhning pisang punika satunggiling pangupajiwa ingkang agêng sayêktos tumrap tiyang siti, mugi-mugi pamarentah karsaa tansah amanggalih, murih tanêman pisang sagêda linuwaran saking sawarnining ama kasbut nginggil, ingkang têmbe sagêd damêl pitunanipun para pananêm pisang.

--- 24 ---

Raos Jawi

Pasarean ing Drajat.

Alusing raos lan alusing kagunan Jawi.

Ing sêrat babad punapadene cariyosan kina, kathah ingkang nyariyosakên kalangkunganipun para nata, para wali tuwin para linangkung ing bab kaalusaning bêbudèn tuwin yêyasan. Tumraping alusing bêbudèn, têtiyang ing jaman sapunika namung kantun manggih cêcariyosanipun kemawon, nanging sanadyan kantun cariyos, tumrap tiyang ingkang taksih ngugêmi dhatêng raosing kajawèn, tamtu botên kecalan talêr, awit salugunipun raos ingkang kados makatên wau pancèn tansah sambêt-sumambêt tanpa pêdhot. Dene ing bab yêyasan, punika wujudipun taksih pinanggih wontên ing jaman sapunika.

[Grafik]

Padamêlan ngukir ing Japara.

Mirid patilasanipun para linangkung ing jaman kina, punika sampun kenging kangge têtingalan, bilih papan padunungan wau araos kados gambaraning panggalihanipun ingkang kagungan patilasan, inggih punika ing bab rêsiking panggenan. Sanadyan rêsiking panggenan punika nama saking pandamêling tiyang ingkang ajêg, nanging kintên-kintên kala sugêngipun ingkang kagungan patilasan ugi sampun kados makatên kawontênanipun. Papanipun manggèn wontên ing pasitèn galathakan, nanging wontên ing panggenan ingkang angsal polatan jêmbar tuwin nêngsêmakên.

--- 25 ---

Ingkang makatên punika kados dados titik manawi ingkang dêdunung ing ngriku punika rêsik ing panggalih, sampun mêngkêrakên ing kadonyan, lan jêmbar ing wawasanipun.

Ing ngriki badhe nyariyosakên bab kawontênanipun pasarean ing Drajat. Mênggah pasarean wau manggèn wontên ing bawah kabupatèn Lamongan pungkas lèr, papanipun sampun cêlak sagantên, ingkang sumare ing ngriku punika Kangjêng Sunan Drajad, dados namaning dhusun manut asmanipun ingkang sumare. Dene Kangjêng Sunan Drajad punika ingkang rayi Kangjêng Sunan Bonang.

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, bilih kawontênaning patilasan punika kados anggambar dhatêng ingkang sumare (ingkang kagungan patilasan). Mênggah papaning pasarean wau manawi mirid saking kawontênanipun, kala ing kina tamtu ngoblag-oblag mangku sagantên. Nêngênakên parêdèn mênggêr ingkang nama rêdi Sukawati. Rêdi wau inggilipun botên sapintêna, nanging manawi dipun inggahi sampun anyêkapi kangge nyawang sakubênging papan ngriku, bablas tanpa wangênan. Kawontênanipun ing ngriku sapunika sampun santun awarni dhusun ingkang rêja sangêt, kathah têtiyangipun ingkang kêcêkapan. Dene kawontênanipun têtiyang ingkang rumêksa ing pasarean ngriku, kapetang taksih sami turunipun ingkang sumare, sami gêgriya manggèn ing salêbêting wêwêngkon dhusun ingkang dipun mardikakakên, inggih punika ing Drajad.

Mirid kawontênaning pasarean tuwin kawontênaning têtiyang ingkang sami katrêm manggèn ing ngriku, punika sêmunipun sami kêtingal manggèn wontên ing katêntrêman, dados nyata bilih brêkah kaalusaning budi punika sanadyan kantun tilas, tumanêmipun dhatêng têtiyang têmbe wingkingipun inggih tansah ambrêkahi. Punapa kawontênan ingkang kados makatên wau botên dados gambaraning kaalusaning raos Jawi, tuwin manawi dipun inggahakên malih ngantos dumugi jaman sugêngipun ingkang sumare, têmtu kêbak isi raosing kajawèn lugu.

Cariyos ing bab alusaning raos, kados cêkap kacêkak samantên kemawon, sapunika gêntos nyariyosakên bab yêyasan kina ingkang pinanggih wontên pasarean ing Drajat.

Sintên ingkang kadunungan raosing yêyasan, manawi nyumêrêpi kawontênaning pasarean ing Drajat, tamtu gawok, awit wiwit saking pagêr ing jawi sampun kêtitik ing adining yêyasanipun, pagêripun kajêng ukir-ukiran, nanging sampun kêtingal risak labêt saking lami utawi jalaran saking katêdha ing rayap, nanging bakuning cangkoronganipun taksih têtêp dèrèng ewah.

Wiwit saking kori kapisan ngantos dumugining kori pungkasan ingkang anjog pasarean, punika tundha gangsal, capurinipun ingkang nglêbêt, tembok sela itêm mubêng, dalah korinipun inggih sela. Ing kori tuwin sela-selanipun mawi rinêngga ing tatahan sêkar-sêkaran, garapanipun sarwa sae, ngêtingalakên cengkoking kina.

Marginipun saking kori kapisan dumugining pungkasan, punika saya minggah-minggah, mila ing prênahing pasarean kêtingal munggul cêtha.

Cungkuping pasarean wau kawangun tajug, ing ngajêng

--- 26 ---

gêbyog dipun ukir-ukir angêrawit sae sangêt, mirid wujudipun ukir-ukiran, nandhakakên bilih ing kina têtiyang Jawi sampun kulina ngukir.

Ing sajawining capuri wontên pêpêthan jolèn, ingkang dipun wastani bale rante. Saking gotèkipun ingkang rumêksa ing ngriku, bale rante wau asli saking Majapait, dados palênggahan nata. Wontênipun nama bale rante, awit cagaking bale wau kajêng kaukir kawangun rante onte-ontean. Mênggah alusing garapan saya angeram-eramakên. Manawi kapiridakên punika, wontênipun kagunan ngukir ing Japara punika, nama taksih naluri dhatêng kagunan Jawi kala jaman samantên.

Ing sasampuning kêtingal ing bab alusing garapan, ing sapunika wangsul ngraosi dhatêng alusing raos malih. Sajatosipun kawontênanipun ing ngriku punika, saking cariyosipun ingkang jagi, sadaya mèh isi căndrasangkala, ingkang adhapur sangkala mêmêt, kados ta: cacahing kori wiwit saking jawi dumugi pungkasan, punika inggih sampun sangkalan. Ing kori sela ugi wontên sangkalanipun, nanging sampun ragi nyamar, awit gambaring pêpêthan sangkalan sampun sami risak.

Dene kawontênaning sangkalan ingkang cêtha pinanggih wontên ing ngriku, wontên kalih, satunggal manggèn ing temboking pasarean sisih kilèn, awarni gambar sagantên (mirid saking pêpêthaning ombak) sanginggiling sagantên wontên gambaripun jêmparing. Anggènipun nêgêsi: sagara mumbul pinanah tunggal = 1504. Satunggalipun wujud sêratan Jawi wangun kina, tatahan wontên ing kajêng kaprênah sanginggiling lawang, ungêlipun: mulya guna panca waktu = 1531.

Mirid kawontênan wau sêpuh tembokipun tinimbang lawangipun, dene sadaya wau manawi kapiridakên kalihan jaman sugêngipun ingkang sumare, pinanggih wontên ing akiripun jaman Dêmak, mila inggih mèmpêr bilih ungêling sangkalan sêratan wau mawi anggêpok kaislaman.

Dados mênggahing kawontênan Jawi, punika botên sah tansah gêgayutan kalihan raos.

Jagading Wanita

Bab Dhukun Kampung

Kêrêp sangêt wontên rêmbag ing bab kawontênanipun dhukun bayi ing pakampungan, ingkang limrahipun lajêng dipun wastani dhukun kampung. Wontênipun tansah dados pamanahan, dening kêrêp pinanggih ing bab dhukun anggènipun mitulungi tiyang manak dados sabab, tuwin ing bab tindaking pangupakara dhatêng tiyang ingkang mêntas manak, punapadene dhatêng pun jabang bayi, kêtingal anggènipun tansah damêl kasamaran, awit katingaling tindak-tandukipun namung sarwa anggêga kajêngipun piyambak. Tumrapipun ing jaman sapunika, patrap ingkang kados makatên wau pantês dados pamanahanipun tiyang kathah, tuwin mangrêtosa [mangrê...]

--- 27 ---

[...tosa] dhatêng sawarnining tindak, ingkang pinanggih badhe botên prayogi, awit sadaya pancèn sampun kêtingal mênggahing patraping pitulungan ingkang nama prayogi tuwin botên prayogi.

Ing sadèrèngipun, ing ngriki sampun anyalangi rêmbag, murih botên dipun pabêni ing tiyang, ingkang taksih kandêl ing piandêlipun dhatêng dhukun kampung, dening rumaos bilih ingkang sampun-sampun tumrap ing pribumi manawi manak inggih namung dipun pitulungi ing dhukun kampung, cêtha inggih wilujêng.

Rêmbag ingkang kados makatên wau manawi namung dipun raos sakêclapan, pancèn inggih lêrês, tuwin kawon tăndha saksi, dening nyatanipun wontên. Nanging manawi dipun manah ing salêrêsipun, wangsulan wau nama dèrèng mantuk yêktos, awit tăndha sêksi ingkang makatên punika mênggahing nyatanipun nama namung mêndhêt saking kawontênan ingkang sampun pinanggih sae, tumrap awonipun botên dipun pratelakakên. Makatên malih, tiyang inggih kêdah angèngêti dhatêng watêk kodrating manungsa, inggih punika, bilih sayêktosipun tiyang wawrat punika inggih badhe nglairakên jabang bayi tanpa kanthi sabab punapa-punapa. Dados manawi makatên lajêng sagêd amastani, wontênipun tiyang manak ingkang tanpa sabab, punika saking sampun nêtêpi dhatêng kodratipun, lan tumrap ingkang têtulung nama namung salugu mitulungi, lan ugi sampun cêtha, bilih ingkang dipun rêmbag punika namung manawi wontên sababipun.

Ing sarèhning ingkang dipun rêmbag punika ing bab tiyang manak ingkang wontên sababipun, dados kêdah nyumêrêpi, punapa ta ingkang dados sabab wau, punika ingkang kêdah dipun sumêrêpi yêktos. Dene têrangipun mênggah sababipun wau wontên kalih prakawis, sapisan, pancèn sabab saking ingkang ngawaki, inggih punika saking ewahing kasarasanipun, kaping kalih, sabab saking pandamêl.

Mênggah sabab ingkang tuwuh saking ingkang ngawaki, punika botên prêlu kapratelakakên ing ngriki, awit punika ingkang wajib nyumêrêpi tuwin ingkang wajib mitulungi namung tiyang ahli, inggih punika dhoktêr, lan patrap-patraping pitulungan manawi kapratelakakên mindhak tinulad ing tiyang ingkang namung saking kêdugi anglampahi, tur tanpa pitêdah, wêkasan malah badhe damêl kapitunan.

Ingkang prêlu kapratelakakên ragi panjang, punika ing bab tuwuhing sabab ingkang saking pandamêl, awit mênggah tuwuhing sabab makatên punika, ingkang têtela dados jalaran botên prayogi, tur adhakan sangêt dipun tindakakên ing dhukun kampung. Dene ingkang kêrêp pinanggih:

Tiyang badhe manak, ing sadèrèngipun anglairakên jabang bayi, dhukun tansah nindakakên rekadaya warni-warni, wontên ingkang sarana mrênah-mrênahakên padharan, murih wêdaling bayi gampil. Wontên ingkang ngombèni jampi kangge sarana murih nyêngkakakên lairing jabang bayi. Dene jampi utawi sarana wau, wontên ingkang kapurih ngombe bêninganing toya pêcêrèn, wontên ingkang cangkêmipun dipun koloh ing rambutipun piyambak, sawênèh kapurih nyêbul gêndul, wosipun sadaya [sada...]

--- 28 ---

[...ya] wau manawi dipun manah, namung dados prayogi murih tiyang ingkang manak sagêd ngêtog karosaning pangêdênipun. Măngka ing sayêktosipun mênggahing pangêdên, gumantung wontên jabang bayi, inggih punika wontên têmbungipun nama nêdha uwat.

Ing bab rekadaya makatên punika kenging dipun wastani dèrèng damêl kasamaran, dene ingkang prêlu sangêt dipun sumêrêpi, punika ing bab sasampunipun bayi lair, awit ing ngriku dununging wigatosipun prakawis têtulung. Adhakanipun dhukun lajêng ngudi murih enggaling ari-ari tumuntên mêdal, lajêng ngurut-urut, malah kenging dipun wastani ngulèni wêtêng, mèh limrah tiyang manak lajêng sumaput.

Ingkang sampun kêlampahan, manawi wontên tiyang manak, măngka ari-ari botên tumuntên mêdal lajêng kenging dipun wastani manggih bêbaya agêng. Tumrap ing bayinipun lajêng kapiran, botên niyat dipun upakara, malah wontên ingkang ngantos garing. Pun biyung badanipun saya lungkrah, dening kasok saking mêntas anglairakên anak, badan tansah dipun oyog-oyog tanpa kèndêl. Saya manawi ari-ari angèl ing wêdalipun pancèn saking wontên sabab, punika kêrêp pinanggihipun wontên lêlampahan mati konduran.

Sanadyan pun biyung sampun lulus wilujêng sagêd anglairakên jabang bayi dalah ari-arinipun, punika sok taksih manggih sabab malih, inggih punika ingkang tuwuh saking tumindaking dhukun. Cariyos badhe nuntasakên êrah, patrapipun, wontên ingkang kapurih mêngkurêb lajêng dipun idak-idak, wontên ingkang kapurih mlampah-mlampah, wontên malih ingkang sarana dipun ulèni wêtêngipun. Sampun tamtu kemawon patrap makatên wau tumrap ingkang mêntas manak inggih lajêng ngêdalakên rah. Nanging rah kadospundi, punika tumrap tiyang ingkang purun manah panjang, tamtu sampun gadhah pangraos, bilih patrap makatên punika botên prayogi sangêt.

Măngka mênggahing dhukun kampung, punika mèh limrah sanès tiyang ingkang angsal pangajaran ing bab makatên, bêgja-bêgjanipun namung saking tiyang ingkang sampun nate nglampahi manak piyambak, punika sampun nama lowung, dene sampun gadhah têpa. Sarêng dhukun ingkang dèrèng nate gadhah anak, punika kawontênanipun sampun botên kenging kangge pêpiridan babar pisan.

Wontên malih bab sawatawis wontên ugi prêlu kapratelakakên ing ngriki, inggih punika bab ungêling dhukun ingkang lalawara, nyariyosakên sabab-sabab ingkang botên mantuk ing nalar, lajêng mencok dhatêng gugontuhon, wosipun lajêng wilujêngan, kados ta: sarêng tiyang ingkang nyakiti kêdangon, lajêng damêl sêkul rogoh. Punika wontênipun namung mêwahi karibêdanipun tiyang ingkang sami têtulung wontên ing ngriku. Tuwin sanès-sanèsipun.

Bokmanawi andharan ing nginggil punika sampun ragi lowung kangge sêsuluh, murih tiyang sagêd suda ing bab piandêlipun dhatêng dhukun kampung, sukur lajêng ical babar pisan. Sanès dintên ngrêmbag sambêtipun bab punika.

--- 29 ---

Sêrat dhumatêng Paman Karyautama ing Dhusun Pitutur (Kêdhu).

Salam Taklim Kula Dhumatêng Paman saha Bibi ing Ngriki.

Awiyosipun, kula sampun tampi sêratipun paman katitimangsan, Pitutur tanggal 10 wulan Dhesèmbêr punika, sarta sampun ugi mangêrtos ing suraosipun, ing ngriku paman nêdha tulung, anyatakakên piyambak bab ing kawontênanipun para tiyang Jawi ambangun padhusunan-padhusunan ing pulo Sumatra Kidul sarana dipun tuntun utawi dipun pêrnata dening nagari, inggih punika ingkang dipun wastani kolonisasi tiyang Jawi ing Lampung, dene paman anggadhahi panjangkah anjêmbarakên utawi angagêngakên panggêsangan ing bab têtanèn ing kolonisasi ngriku, adhêdhasar lêpasing pênggayuh sarta paningalipun paman tumrap kangge ing putra wayah ing têmbe, kula inggih jumurung sangêt sarta ujub bingah, dene paman anggadhahi pamanggih utawi tekad ingkang makatên. Kajawi dene ing kolonisasi wau taksih sangêt jêmbaripun dhumawah ing pangupados panggêsangan, inggih ugi sintêna dhatêng ing ngriku sampun têmtu kasêngsêm ing asri saha lohing papanipun, kawêwahan hawa sae, kadosdene ingkang kula aturakên ing ngandhap ngriki.

[Grafik]

Margi saking Tanjungkarang dhatêng Gêdhong Tatakan.

Nalika dintên Sênèn tanggal ping 26 kapêngkêr punika, kula pangkat saking griya ing Wèltêprèdhên enjing numpak sêpur, siyang dumugi ing Mêrak, têrus minggah baita, sontên jam 5 sampun dumugi ing palabuhan Sêpanjang, kaprênah ing Lampung sisih kidul. Dalu punika kula têrus sipêng ing Tanjungkarang kaprênah mangalèr antawis 7 pal têbihipun. Enjingipun têrus lajêng dhatêng ing Gêdhong Tatakan, ngalèr ngetan ancêripun, têbihipun kintên 15 pal, lampahipun gampil, sarta waragadipun botên awis, sabab ing ngriku kathah taksi sarta oto bis, ingkang mirah bayaripun, kangge taksi namung ngetang kintên-kintên f 0.15 ing sapalipun, oto bis saya malih mirahipun, tur ugi radinanipun sae sarta karimat.

Sacêlakipun Gêdhong Tatakan wau sampun wiwit manggih dhusun Jawi ingkang dipun wastani Bagêlèn, trus mangilên dhatêng ing dhusun Gadhing, kula ambayar taksi saking ing Bagêlèn dhatêng ing Gadhing namung 3 kêthip, inggih punika tigang pal têbihipun, ing ngriku dhusun Gadhing pilênggahanipun mantri kolonisasi, inggih punika punggawa [pung...]

--- 30 ---

[...gawa] ingkang ngurusi bab samukawis prakawis dhusun-dhusun, kolonisasi ngriku kajawi prakawis pulisi utawi paos, sabab punika dipun wajibakên dhatêng asistèn dêmang ing Gêdhong Tatakan.

Manawi ningali dhusun-dhusun ing ngriku botên paja-paja aningali padhusunan wontên ing ngamănca. Măngga ta paman mriksanana gambar pêkên Wanakarta, padhêkahan tumut ing dhusun Gadhing. Manawi kapranakna ugi wontên pulisinipun dhusun mangangge dhinês slempang, sabab sawêg jagi pêkên, kados ing Jawi Têngah, sarta ugi têtiyang ingkang katingal, sadaya wau tiyang Jawi.

Ing kolonisasi wau sampun madêg dhusun 13 kathahipun, inggih punika 1. Bagêlèn, 2. Gadhing, 3. Wanadadi, 4. Tulungagung, 5. Tambakrêja, 6. Watês, 7. Purwarêja, 8. Pujarahayu, 9. Mêtaram, 10. Kêdhiri, 11. Jokjakarta, 12. Bulukêrta, lan 13. Papringan Sèwu. Sabên dhusun wau kaprentah dening lurah saprabotipun, botên beda kados ing Jawi.

Cacah jiwanipun wontên 20.000 (kalih dasa èwu) cacahing kewan (lêmbu) 3.000, wontênipun sabin ingkang sampun dados sae 3.000 bau kapara langkung, pêkawisan sarta têgilan 5.000 bau, sitinipun sabin utawi têgalan botên kenging kasamèkakên kalihan ing tanah Jawi, saking dening langkung-langkung ing saenipun, sabin ing ngriku kathah sangêt ingkang sagêd kapanenan 60, 80 dhacin. Dalasan têgilanipun ingkang katanêman pantun (punapa malih ingkang bikakan enggal) sagêd angsal 50 dhacin pantun gaga.

Sabinipun siti angsal ilèn-ilèn saking wangan-wangan irigasi, ingkang dipun pranata sae, saha wontên kantoripun irigasi piyambak wontên ing Gêdhong Tatakan.

Kangge panuntunipun para lare dhusun ing bab kasagêdan nyêrat utawi etang, ing kolonisasi sampun wontên sêkolahan dhusun 7 sarta 1 sêkolahan pêrpolêh, kangge nglajêngakên pasinaoning lare wêdalan sêkolahan dhusun.

Tumrap ing kêmajêngan dagang sampun wontên pêkên dhusun 3 lan ugi wontên pêkênipun kewan 1 ananging namung dipun angge 1 wulan sapisan.

Kangge ing kasarasaning badan tuwan dhoktêr guprêmèn ing Tanjung Karang, sabên ing dintên Salasa dhatêng ing dhusun Gadhing maringi jampi dhatêng tiyang sakit kanthi lêlahanan, kajawi punika kangge ing sabên dintênipun wontên mantri pêrpligêr ingkang kakuwasakakên nyukani jampi ingkang gampil-gampil, ugi lêlahanan.

Cêkaking cariyos, ing ngriku tiyang Jawi nama amanggih siti utah rahipun ingkang nomêr kalih, ningali kawontênanipun ing ngriku, sajakipun sadaya sami kacêkapan ing gêsangipun sarta kasênêngan ing manahipun.

Kangge ing sapunikanipun wontên tiyang 6 saking kolonisasi ingkang sampun sagêd gadhah mobil, kapara kula sumêrêp tiyang 1 gadhah mobil 3 iji. (Badhe kasambêtan)

--- 31 ---

Kawontênanipun Tanah dalah Têtiyangipun

Cariyos Sawatawis Bab Kawontênanipun Băngsa Kalang

Candhakipun Kajawèn ăngka 1

Mênggah babadipun tiyang Kalang ingkang nyata, punika sayêktosipun botên wontên, inggih wontên cacriyosan-cacriyosan ingkang ngandharakên mênggah ingkang nurunakên têtiyang Kalang, ananging cacriyosanipun wau saklangkung anggènipun elok, ngantos kenging dipun wastani botên lumêbêt nalar babar pisan, kados ta: ingkang anyariyosakên bilih Jaka Bandhung, inggih punika ingkang kacariyosakên anurunakên tiyang Kalang, punika dipun supaosi dening biyungipun kadadosakên sagawon. Ingkang makatên punika rak inggih botên kalêbêt ing nalar babar pisan, bokmanawi inggih jalaran saking punika sabab-sababipun sawênèhing tiyang Jawi gadhah pangintên, bilih tiyang Kalang sami anggadhahi buntut. Ananging kintên-kintên anggènipun nyariyosakên kados ing nginggil wau, namung kangge pasêmon, bilih lare ingkang wani kalihan biyungipun punika, kenging kasamèkakên kalihan sagawon. Sanajan makatêna, kados botên wontên awonipun, upami ing ngriki angandharakên cacriyosan bab ingkang anurunakên băngsa Kalang, ingkang lugunipun botên kalêbêt nalar wau.

Ing jaman kina ing tanah Jawi wontên satunggiling nagari, ingkang kawastanan: nagari Mêdhangkamulan. Ingkang jumênêng nata ing ngriku jêjuluk Prabu Baka, sang nata kagungan putra-putri ingkang endah ing warni, akêkasih Dèwi Rêtna Cêndhila. Kacariyos, anuju satunggaling dintên, sang putri kêtitik anggènipun lampah ngiwa, ingkang makatên wau andadosakên dukaning nata. Nalikanipun kadangu sang putra tansah kumbi kemawon, wusananipun sang putri lajêng kasetrakakên saha kayasakakên griya panggung. Wontên ing ngriku sang putri rintên kalayan dalu tansah anênun.

Kocapa, ing sacêlaking griya papan pasetranipun sang putri, wontên padununganipun satunggiling pandhita èstri ingkang anggadhahi anak jalêr satunggal nama pun: Jaka Bandhung. Sarêng Jaka Bandhung sumêrêp dhatêng sang putri, sanalika punika lajêng kasmaran, sêdyaning manah botên badhe rabi manawi botên kadhaupakên kalihan Sang Dèwi Rêtna Cêndhila. Ingkang punika Jaka Bandhung tumuntên sowan dhatêng sang nata, anyuwun supados kaparênga ngêmong sang putri. Panyuwunipun wau ugi kaparêngakên, manawi Jaka Bandhung sagêd yasa candhi sèwu salêbêtipun sadalu rampung. Jaka Bandhung anyagahi. Dalunipun inggih lajêng amiwiti yasa candhi sèwu wau, ananging dèrèng ngantos rampung pandamêlipun, lajêng mirêng suwaranipun tiyang nutu, inggih punika panutunipun têtiyang èstri ing Prambanan. Ing sarèhning wêktu punika kakintên manawi sampun gagat enjing, sanalika punika Jaka [Ja...]

--- 32 ---

[...ka] Bandhung ugi lajêng ngèndêli anggènipun yasa candhi. Wasananipun sarêng Jaka Bandung sumêrêp, bilih kala punika dèrèng paja-paja wanci enjing, saklangkung anggènipun muring-muring dhatêng têtiyang èstri ing Prambanan, ngantos Jaka wau anyupaosi. Miturut cariyosipun tiyang ngriku, dumugining dintên samangke, kênya-kênya ing Prambanan anggènipun laki sampun sami lungse.

Enjingipun Jaka Bandhung lajêng anyariosakên sadaya lêlampahanipun dhatêng biyungipun, ingkang punika biyungipun lajêng angrêmbagi murih Jaka Bandhung sampun ngantos anglajêngakên punapa ingkang dados sêdyanipun. Mirêng rêmbaging biyungipun wau, Jaka Bandhung saklangkung anggènipun jèngkèl, saha lajêng angungêl-ungêlakên ingkang botên sae dhatêng biyungipun, pungkasanipun Jaka Bandhung lajêng dipun supaosi dening biyungipun dados sagawon. Sanajan Jaka Bandhung samangke santun rupi awarni sagawon, ewasamantên botên purun anyandèkakên sêdyanipun badhe dhaup kalihan Dèwi Rêtna Cêndhila, siyang lan dalu tansah wontên ing sangandhaping griyanipun sang putri. Anuju satunggiling dintên troponging panênunanipun sang putri dhawah ing siti. Sang putri lajêng anglairakên pangandika: sintên ingkang sagêd amangsulakên tropong ingkang dhawah wau, manawi èstri badhe kaakên sadhèrèk, manawi jalêr badhe kadadosakên jatukramanipun. Wusananipun sagawon malihanipun Jaka Bandhung wau ingkang anglaksanani sayêmbaranipun sang putri, saha lajêng dados jodhonipun. Dene turunipun anaking sagawon lan Dèwi Rêtna Cêndhila wau, inggih punika ingkang anurunakên bangsaning tiyang Kalang.

Makatên mênggah cacriyosanipun bab ingkang nurunakên tiyang Kalang wau. Ananging ingkang anggumunakên, dene dêdongengan ingkang makatên punika têka botên ngêmungakên ing tanah Jawi kemawon ingkang wontên, sanajan ing sanès-sanès nagari ugi wontên cacriyosan ingkang saèmpêr punika. Kados ta: ing Makasar lan ing Boni, punika inggih wontên dêdongengan ingkang anyariosakên satunggiling sagawon jêjodhoan kalihan satunggiling putri, makatên ugi băngsa Acih lan băngsa tiyang Mlayu ugi sami gadhah dêdongengan ingkang sarupi cariyosipun Jaka Bandhung ing nginggil wau, malah botên ngêmungakên ing tanah Indhia ngriki kemawon ingkang wontên cacriyosan kados makatên, sanadyan ing tanah Eropah ugi wontên, kados ta tiyang turuning sagawon ajag, bruwang tuwin sanès-sanèsipun. Dene mênggahing wosing pikajêngipun, botên wontên malih kajawi namung nêdya ngrèmèhakên dhatêng sawênèhing turun ingkang dipun anggêp asor. Kintên-kintên tuwuhipun cariyosipun tiyang Kalang punika ing sakawit namung saking sêsêngitan kemawon, ananging danguning dangu saking gêthoktularing satunggal lan satunggalipun, lajêng dados dongèng ingkang nganèh-anèhi makatên. (Badhe kasambêtan)

--- 33 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab wêwatêkanipun tiyang nyambut damêl.

(Candhakipun Kajawèn ăngka 1)

Garèng : Wis, Ma, saiki wis tak lakoni sowan nyang ngrêsamu manèh, panyuwunku supaya rama enggal aparing wêruh, kêpriye mungguh wêwatêkane Nakula lan Sadewa kuwi. Cikbèn aku bisa gamblang.

Petruk : Rèng, Rèng, nèk tak gagas-gagas kalane aku isih ênom, durung kêmpong perot jam papat kaya ngene kiyi, aku têka banjur rumasa nèk biyèn kuwi aku pancèn kêmlungkung, kaya bisa mutêr-mutêra jagad, nèk wêruh wong tuwa kaya si rama kuwi banjur tak guple bae, rumasaku: mêsthi pêng-pêngan aku, mêsthi sugih pangajaran aku, mêsthi kampi aku, cara Batawine mêsthi jêmpol aku, barêng wis gêdhe tuwa ngene, lagi ngrumasani yèn kapintêranaku kiyi durung sapiraa, mangkono uga angrumasani, yèn saprana-saprene kadosan nyang wong tuwa, anggonku tansah ngina marang kapintêrane, mulane saiki kiyi tak pêrlokake sowan si rama. Rama, sêmbah bêkêm kula katur têng sliramu, sing êmpun ênggih êmpun, lêpat sampeyan ênggih êmpun kula ngapura.

[Grafik]

Sêmar : È, èk, èk, èk, iki wong kênclung, apa wong ambarang kêntrung, apa wong gêmblung, ana wong omong kathik diwolak-walik gosong. Yèn karêpmu anjaluk ngapura nyang aku têmênan, iya tak ngapura kabèh, iya dosamu sing wis kalakon, sing durung kalakon, lan sing bakal kolakoni manèh. Mungguh pitakonmu Garèng, bab wêwatêkane Nakula lan Sadewa, luwih dhisik dak critakake karêpe: Nakula lan Sadewa, yaiku: ana kawula, lan ana dewa.

Garèng : Wèthèh thithèh, kathik dikiratabasa, dadi karêpe ana kawula lan ana dewa kuwi, apa ana abdi lan ana bêndara ngono apa.

Petruk : Lha kuwi, wong ki nèk kurang ngèlmune, mêsthi ora bisa nyandhak omonge wong tuwa, mungguh: ana kawula lan ana dewa kuwi, ora mung anduwèni têgês, ana gêdibal lan ana daoke, ananging uga atêgês ana sing dibawahake ana sing mrentahake. Rak iya ngono ta, Ma, la wong aku.

Sêmar : Iya mula mangkono, mung bae unèn-unènmu: la wong aku, kuwi aja kopindhoni, mundhak diunèkake angraja Phirngon aliyas riya, sanajan gêdhea panguwasamu, aja pisan-pisan kowe anduwèni watak riya, awit sakabèhing manusa kuwi mung aran titah bae, dadi ana kalamasane unggul utawa asor.

Garèng : Mula riyane Si Petruk kuwi ora

--- 34 ---

mari-mari, lagi anu kae, dumèh bisa nguntal kêcebong 5 urip-uripan bae, iya banjur nyuwara: la wong aku. Ora, Ma, kapriye mungguh wêwatêkane uwong sing dibawahake utawa uwong sing mrentahake.

Sêmar : Tumrape uwong sing diêrèhake, kuwi kudu anganggoni 3 prakara, yaiku I. ambapa, II. nganggêp mitra, lan III. nganggêp musuh.

Garèng : Bab kang ăngka I kuwi sajake kok ora mathuk têmên. Kapriye rerehane anggone bisa ambapa marang pandhuwurane, la wong lagi diêmpingi pursêkot satêngah blanjan sabab ana kaprêluan têmênan bae, anggone ngunèk-unèkake rêsik pêcêrèn, apa manèh anjaluk dhuwit kaya nyang bapake, oraa diuntal malang.

Petruk : Bab sing loro, yaiku kudu ngangfêp mitra utawa kudu nganggêp musuh, iya ora srêg babarpisan, la wong wis dikon nganggêp mitra kathik banjur dikon nganggêp musuh, rama ngono sing wis dadi dhongkolan iya bisa ngêcuprus mangkono. Jajal kalane isih dadi astèn, apa wani ngajak lurahe: măngga dara dana, sami ngiras cap jae wontên gène Bah Gêmuk. Utawa manèh yèn kowe kabênêr dipaido, amarga ondêr dhistrikmu pajêke kèthèr, apa kowe iya wani muni mangkene: dara, êmpun rèwèl-rèwèl, mangke kula ungsêb-ungsêbake têng lêndhutan.

Sêmar : E, pambêdhemu sakloron kuwi kliru kabèh alias ora bênêr, mungguh karêpe ambapa kuwi, ora kayadene bocah cilik marang bapakne, yakuwi: anjaluk dhuwit, anjaluk plik-plok, utawa sapadhane, ananging kayadene kuwajibane anak sing wis diwasa lan sing utama mênyang bapakne, yakuwi: kudu sing trêsna, wêdi, angajèni, angèstokake paprentahe lan sapiturute, mêngkono wajibe rerehan tumrap nyang panggêdhene. Mara pikirên, mungguhing kowe dhewe, upama duwe batur sing trêsna, wêdi, ngajèni nyang kowe lan angèstokake apa prentahmu, apa kowe iya ora dhêmên, nèk kabênêr baturmu mau wadon tur rada mlênis, bokmanawa banjur kok ningkah sanalika.

Garèng : Hara, wong gawe klambi kuwi ukurane iya awake dhewe. La, saiki kapriye mungguh bab sing loro mau.

Sêmar : Mungguh sing diarani kudu nganggêp mitra kuwi wong sing dadi rerehan ora kêna duwèni ewuh-pakewuh marang lurahe, lan ora kêna duwèni ati drêngki. Têgêse, yèn kowe duwe kaluputan sing gêgayutan karo pagaweanmu, enggal matura kanthi prasaja, aja duwèni ewuh-pakewuh, sabab manawa kaluputanamu mau tok umpêtake, kuwi nuwuhake kurang prasajaning atimu. Dene yèn kowe anduwèni ati drêngki, sok gêlêm ngala-ala marang panggêdhemu, kuwi padha bae karo ngolok-olok awakmu dhewe. Dene sing diarani nganggêp mungsuh, kuwi mangkene: kabèh barang gawemu tindakna klayan tabêri lan ngati-ati, aja nganti tinggal kaprayitnan, awit panggêdhe kuwi jatine iya musuhmu, dene bisa gawe pati uripmu klayan gampang. Dene manglawane mung sarana bêciking panggaweanmu lan têmên sarta antêping atimu.

--- 35 ---

Panglipur Manah

[Grafik 1, 2, 3, 4, 5, 6]

1. Awak kok lêsu. Ho ha hêm, pijêr ketokên bangsawan mau bêngi.

2. Thêkluk. E kurang ajar.

3. Wis ta tak slamure rêngêng-rêngêng.

4. Anggènipun rêngêng-rêngêng dados mênyanyi yêktos, tangan têrus ngêtik, solahipun kados raja jim.

5. Ot, ot,

6. Êlo dadining tulisane thik kaya ngene.

--- 36 ---

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

II

Kadrêngkène Kangjêng Ratu.

[Sinom]

kocap ing mêngko sang nata | krama manèh olèh putri | isih anom putra nata | sang aprabu bangêt asih | ora suwe tumuli | banjur jênêng kangjêng ratu | saka sihe sang nata | paribasane mèh lali | nyang putrane iya kuwi Mênurseta ||

mulane sing ngupakara | ing salawase mung abdi | mêngko nganti dadi bocah | malah wis mèh prawan sunthi | warnane ayu luwih | ngêsorke kabèh wong ayu | kêcrita garwa nata | kagungan kamayan mandi | rupa kaca gêdhe bisa cêcaturan ||

dene ta gawene kaca | sabên dina ditakoni | sapa wong ayu sajagad | sing ora ana madhani | sabên-sabên mangsuli | sajagad mung kangjêng ratu | ora ana sing madha | yèn ature ngono kuwi | panggalihe kangjêng ratu bangêt bingah ||

awit satêmêne nyata | kangjêng ratu ayu luwih | nuju sawijining dina | kangjêng ratu dangu lirih | priye kaca saiki | sajagad sapa sing ayu | ngene ature kaca | ingkang ayu namung gusti | nanging kawon lan putra pun Mênurseta ||

kangjêng ratu bangêt duka | gêdrug-gêdrug jêrit-jêrit | e, dene ana sing madha | Si Mênurseta panyakit | iya-iya saiki | rasakêna wêwalêsku | ing sawise ngandika | kangjêng ratu animbali | sawênèhing mantri abdine sang nata ||

wise sowan angandika | kowe iku mêsthi ngrêti | yèn dadi abdining nata | mula kowe tak timbali | ana prêlu sing wadi | lan ora kêna kêprungu | kowe mênyanga alas | gawanên Si Mênurputih | yèn wis têkan kana nuli patènana ||

kawula nuwun sandika | mung kula matur sakêdhik | punapa mênggah kang dosa | dene kok dipun pêjahi | sang pramèswari jêrit | tobil dene dadak usul | dhawuhku lakonana | lan yèn wis kalakon mati | jupukêna atine Si Mênurseta//

arêp tak ganyang mêntahan | nuruti panasing ati | jamak dene wani madha | ayune kêmluwih-luwih | wis ta mangkata nuli | aja nganggo ewah-ewuh | yèn karsaku kalêgan | besuk kowe mêsthi mukti | apês blêbês dadi bupati nayaka ||

nanging yèn nganti wurunga | aja takon dosa mêsthi | nyawamu bakal kêgawa | wis ta mangkata digêlis | karo sing ngati-ati | aja sêmbrana lakumu | ing kono nuli mangkat | angampiri Mênurputih | ing batine mung ngêrês kêrasa-rasa ||

--- 37 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhia

Dèrèng dangu pangadilan yustisi ing Batawi mêntas mariksa prakawisipun W.F. Burlage, tilas sèkrêtaris gêwès ing Bandhung, kadakwa nyalingkuhakên arta f 6000,-. Karampunganipun dakwa luwar saking sêrêgan.

Kawartosakên, bilih pèlpulisi ing Brêbês mêntas nyêpêng sanjata pêtêng cacah 20 iji, ingkang gadhah sanjata wau kasêrêg ing prakawis.

Bab badhe langkung kathahipun lid pribumi ing polêksêrad, sapunika wontên satunggaling komite ingkang dipun awak-awaki dening Tuwan Tamrin dados pangarsa. Sêdyaning kumite wau badhe damêl utusan dhatêng nagari Walandi, minăngka wêwakiling sakathahing pakêmpalan ing Indhia, ingkang mêngku kajêng supados usul ing bab langkung kathahipun lid pribumi ing polêksêrad, dipun condhongi ing 1e tuwin 2e kamêr.

Sawatawis dintên ingkang sampun kapêngkêr, Andhêlês bang ing Surabaya mêntas ngintunakên arta dhatêng pabrik gêndhis Lêslari, Kêrtasana, kathahipun f 20.000.- badhe kangge prêsèn taunan. Arta wau sampun sumimpên ing pêthi salêbêting kantor, wusana ical. Bab punika dipun titipriksa ing yustisi.

Paduka Tuwan Couveur ingkang nuju prêlop wontên ing nagari Walandi, sapunika kawinisudha jumênêng gupêrnur ing Sèlèbês malih.

Tilas toko Eigen Hulp ing Wèltêprèdhên, ingkang kapundhut nagari, sapunika dipun dandosi dening B.O.W. badhe kangge kantor pos sêparbang. Ing têngah-têngahaning wulan punika sampun kenging dipun ênggèni. Tuwin wontên saperangan ingkang badhe kangge kantor pos pitulungan.

Ing Purwakêrta tuwin Purbalingga tumuntên badhe dipun wontênakên dilah èlèktris ingkang ngadani Electriciteit Maatschappij "Banjoemas".

Sawênèhing tiyang dhusun ing Kaligan, Ngayogya, nalika nuju sawêg dhudhuk-dhudhuk manggih wayang ingkang kintên-kintên êmas. Wawratipun wontên 2 K. Barang wau lajêng kaaturakên dhatêng pêpatih dalêm.

Kawontênanipun laladan Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan kawartosakên makatên: wiwit tanggal 1 Januari 1928 laladan Rêmbang badhe dipun icali. Salêbêtipun ngêntosi adêgipun propènsi Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan, wiwit tanggal 1 Januari wau, apdhèling tuwin kabupatèn Rêmbang, lan Blora paresidhenan Rêmbang, sapunika dipun sampirakên dhatêng paresidhenan Sêmarang, dene apdhèling tuwin kabupatèn Bujanagara sarta Tuban, ugi wêwêngkon paresidhenan Rêmbang, kasampirakên dhatêng paresidhenan Surabaya. Kawontênaning bawah ingkang kagamblokakên wau têtêp botên ewah.

Ing bab tumindaking administrasi, ing sadèrèngipun wontên tatanan enggal, taksih tumindak wontên ing paresidhenan Rêmbang.

Para pangrèh praja Eropah tuwin pribumi, makatên ugi punggawa pulisi limrah dalah fonds pulisi ing salêbêting apdhèling tuwin kabupatèn:

a. Rêmbang tuwin Blora

b. Bujanagara tuwin Tuban, wiwit tanggal 1 Januari 1928 kaingsêr. a dhatêng paresidhenan Sêmarang. b. Dhatêng paresidhenan Surabaya.

Ingkang mangagêngi pèl pulisi laladan Rêmbang, pamanggènipun têtêp wontên ing padunungan lami, pulisi wau kabantokakên dhatêng Residhèn Sêmarang tuwin Surabaya, kangge ing galadanipun.[1]

Wiwit tanggal 1 Januari 1928:

a. Residhèn Rêmbang tuwin sèkrêtarisipun, kakèndêlakên saking pakaryan praja.

b. Misudha asistèn residhèn kangge apdhèling Rêmbang.

c. Punggawa kantor karesidhenan Rêmbang dipun pasrahakên ing sawatawis măngsa dhatêng asistèn Residhèn Rêmbang.

Wontên tigang kampung ing Cimalaka, Sumêdhang, sitinipun longsor, ngantos nguwatosakên dhatêng kawontênaning têtiyang ing ngriku, têtiyang ing dhusun Bayabang, Citimun (Cimalaka) sami samar ing manah, lajêng sami kesah saking ngriku. Pasitènipun taksih tansah longsor. Kangjêng bupati ing Sumêdhang tuwin tuwan asistèn residhèn punapadene Opperhoutvester sami papriksa kawontênaning pakampungan wau. Ing sapunika dipun sadhiyani papan ing wana kangge ngêdêgakên griya sadhiyanipun têtiyang ingkang sami kasangsaran wau, namung antun[2] ngêntosi dhawuh palilahing pamarentah anggèning maringakên wana wau.

Pambantu Kajawèn martosakên: Radèn Mas Sumadirja, patih pènsiun ing Têgal, katêtêpakên dados lid landrat ing Pakalongan.

--- 38 ---

Kawartosakên Dhoktêr Cipta Mangunkusuma kala ing dintên Jumuwah kêpêngkêr, wanci gagat bangun sampun kaangkatakên dhatêng papan padununganipun enggal. Bidhalipun saking jungbrung dipun irid ing komisaris pulisi Stein sarta kanthinipun. Wontên ing Bandhung dipun papag ing para mitranipun. Saking Bandhung dhatêng Surabaya numpak sêpur èksprès kêlas I, kêtingalipun Dhoktêr Cipta ayêm kemawon. Dumugi Ngayogya sêpên botên wontên ingkang mapag. Sadumuginipun Surakarta, kathah ingkang ngurmati, inggih punika Mistêr Singgih, Tuwan Kopêrbèrêh tuwin sanès-sanèsipun, punapadene ingkang rama ibu.

Nyambêti wartos ing bab badhe rawuhipun narendra ing Siyêm dhatêng tanah Jawi, kala dintên Sêtu kêpêngkêr, kongsul jendral Siyêm ing Singgapura rawuh ing Batawi, prêlu rêrigên badhe rawuhipun narendra Siyêm wau, rawuhipun sampun katêtêpakên wontên ing akiripun wulan Januari. Wontênipun ing tanah Jawi, sri narendra ugi badhe martamu dhatêng Surakarta tuwin Ngayogyakarta.

Sêdyatama martosakên, karampunganing konggrès B.O.: B.O. malêbêt P.P.P.K.I.. Dhoktêr Supama katêtepakên dados mudha pangarsa, Radèn Mas Suprapta dados panitra II. Ngwontênakên panitya nglaras pranatan agêng, ingkang kapilih Radèn Tumênggung Jaksadipura tuwin Radèn Sutapa Wanabaya. Dipun pangarsani pangrèh agêng piyambak.

Wiwiting konggrès wontên ing dintên malêm Ngahad, ngrintênakên taun baru, ingkang sami rawuh kathah, wakil-wakiling pakêmpalan pêpak, punapadene wakiling pèrês. Wosing rêmbag, migatosakên bab ajênging tanah Indiya.

Kaji Salim mêntas dhatêng ing Ngayogya, kajawi nindakakên prêlu warni-warni, ugi prêlu ngrêmbag ing bab gêndra ing kalangan Islam ingkang badhe karêmbag ing P.S.I. langkung malih ing bab babagan Kur'an.

Benjing sabibaring sapêkênan kraman ing Karaton Ngayogya, ing Pakuningratan badhe kaparingan ringgit tiyang saking karaton, minăngka pakurmatan dhatêng ingkang nêmbe krama.

Radèn Mas Sudarta Mangkusubrata, ingkang kapilih dados lid propinsi, anggêntosi suwargi ingkang bupati Cirêbon, nampik pilihan wau, ing sapunika badhe pilihan malih.

Dhawahing dintên pikraman ing Karaton Ngayogya, badhe mawi pasamuwan agêng, ingkang badhe mara tamu: Paduka Tuwan Welter lid rad pan Indhi, Nyonyah Greutzberg kalihan putra, Jendral La Lau, Jendral Scheffer, konsul jendral Inggris, Tuwan Crosby, konsul jendral Prancis, Tuwan Bodard tuwin sanès-sanèsipun.

Kawontênaning kraman ing Karaton Ngayogyakarta: 1 putra dalêm Bandara Radèn Ajêng Siti Sudaruniyah, asma Kangjêng Ratu Pambayun, katarimakakên Bandara Pangeran Arya Pakuningrat, 2 rayi dalêm Bandara Radèn Ajêng Kuruntajiyanap, katarimakakên Radèn Tumênggung Mangunkusuma, 3 rayi dalêm Bandara Radèn Ajêng Murkis Runatmi, katarimakakên Radèn Tumênggung Brăntadiningrat, 4 putra dalêm Bandara Radèn Ajêng Siti Sayadi, katarimakakên Radèn Tumênggung Sindurêja, 5 putra dalêm Bandara Radèn Ajêng Siti Sadari, katarimakakên Radèn Tumênggung Purbawinata.

Ing Jasinga bawah Bogor dipun wontênakên priyantun ondêr dhistrik kanthi pambantu tiga, prêlu nindakakên padamêlan tumindaking wangsulipun siti partikêlir dhatêng gupêrmèn.

Kawartosakên, saradhadhu băngsa Mênadho nama Wuntuh tuwin Wenas, ingkang sami tumut damêl orêg-orêgan kala wulan Juli, ingkang lajêng kasirêp. Karampunganing pangadilan militèr ing Cimahi, tiyang kêkalih wau kaukum drèl. Ing wulan punika apèl dha[3] pangadilan luhur militèr.

Nagari Walandi

Kawartosakên saking Dhèn Hah, bilih ing nagari Walandi jawah salju kanthi angin agêng. Margi sêpur tuwin sêsambêtaning kaprêluan tilpun sami manggih pambêngan.

Eropah

Yapha Bodhê martosakên, jawah salju angin ing dintên Kèrêsmis kapêngkêr punika, ingkang agêng piyambak ing wiwit taun 1886. Kathah panggenan ingkang kêtutup ing salju ngantos pintên-pintên kaki. Ing Yorkshire sêpuripun ngantos kurugan ing salju, kêdah dipun dhongkar. Lampahing têtumpakan ing margi-margi kêdah tansah grag-grêg kèndêl. Kapal api pitulungan ing[4] turut pasisir tansah lumampah lêlayaran ing sagantên Het Kanaal manggih pambêngan. Danguning jawah salju angin wau ngantos 36 jam.

Amerikah

Tuwan Lindbergh juru anggêgana ingkang misuwur, aburipun saking Maxico City sampun dumugi ing Guatemala, bidhalipun ing wanci anggagat bangun, nglangkungi Centraal Amerika, panggêgananipun wau kangge kaprêluaning panggêgana Goodwill. Sabidhaling Tuwan Lindbergh, ibunipun lajêng wangsul dhatêng Detroit ugi numpak kapal mabur.

Asiah

Sarèhning tăndha bela sungkawa sedanipun nata ing Jêpang sampun pundhat. Kala ing dintên Sênèn tanggal kaping 26 Dhesèmbêr 1927 pambikaking parlêmèn ing praja Tokiyo, dipun lêksanani dening sang nata enggal. Ing taunipun 1928 badhe mahargya jumênênganipun nata.

--- 39 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

4. Sêsupe wontên ing nagari Inggris

Kula nuntên pitakèn punapa sang raja putri narimah dhatêng kawontênan ingkang makatên punika.

Sang raja putri mangsuli: tamtu kemawon kula botên narimah, nanging sapintên agênging dayanipun wanita kados kula, badhe ngajêngakên malih băngsa ingkang sampun mundur sadaya kawontênanipun punika. Pramila manawi sampeyan purun, băngsa Fung sampeyan tundhung saking nagarinipun. Manawi sagêd kalampahan, sampeyan badhe kula ganjar agêng sangêt. Sampeyan botên badhe sagêd ngintên-ngintên agênging ganjaran wau. Ing ngrika wontên tilas karaton, dumunung ing salêbêting siti, sarta wontên kuburaning para raja ing jaman kina, ingkang kakubur kalihan rajabarananipun. Panguburipun sampun lami sangêt, sadèrèngipun băngsa Abati dumugi ing Mur. Tumraping băngsa Abati rajabarana wau botên wontên paedahipun, jalaran băngsa Abati botên sagêd dêdagangan kalihan băngsa sanès. Kula mirêng bilih băngsa kilenan punika rêmen sangêt dhatêng êmas.

Kula mangsuli makatên: kula botên kêpengin êmas, ingkang kula pikajêngakên namung sagêda mitulungi anak kula.

Sang raja putri: manawi makatên sampeyan kêdah ambudidaya, kados pundi sagêdipun sampeyan nulungi băngsa Abati, sagêda angrisak brahalanipun băngsa Fung punika. Punapa wontên sarana ingkang kenging kangge angrisak brahala punika.

Kula mangsuli bilih wontên, sarta nyobi anêrangakên kêkiyatanipun dhinamit saha barang-barang sanèsipun ingkang sagêd ambalêdhos.

Sang raja putri nuntên ngandika: tuwan dhoktêr, prayoginipun samangke sampeyan wangsul dhatêng nagari sampeyan, sarta mugi karsaa wangsul mriki malih kalihan ambêkta dhinamit saha barang-barang sanèsipun wau. Kajawi punika sampeyan ambêkta tiyang kalih utawi tiga ingkang mangêrtos dhatêng patrapipun migunakakên barang-barang wau. Kula aprasêtya, badhe nyukakakên rajabarana ing Mur dhatêng têtiyang wau. Namung sarana lampah makatên sampeyan sagêd mitulungi ingkang putra.

Kaptin Orme: kadospundi wusananipun rêmbag sampeyan kalihan sang raja putri punika.

Kula mangsuli: giliging rêmbag, kula dipun bêktani êmas kathah, sarta dipun bêkta ing tiyang ingkang ngêtêrakên lampah kula, punapa malih unta sawatawis, kangge ambêkta barang-barang ingkang badhe kula dhatêngakên saking ngriki, tuwin barang-barang sanèsipun, ingkang pêrlu-pêrlu. Lampah kula sakănca mêdal ing margi parêdèn, supados sampun ngantos kasumêrêpan ing băngsa Fung, lajêng nurut sagantên wêdhi ngantos dumugi ing Assouan. Saking Mur dumugi ing Assouan punika lampahan pintên-pintên dintên dangunipun. Têtiyang ingkang ngêtêrakên lampah kula wau tuwin unta-untanipun kula tilar wontên ing Assouan. Saha kula purih nênggani dhatêng kula ing ngrika. Wau enjing kula dumugi ing ngriki, sasampunipun watawis nêmbêlas dintên saking anggèn kula bidhal saking ing Assouan. Barêng aku andêlêng buku ngalamat, têtela manawi sariramu isih sugêng Higgs, sarta adêdalêm ing kene, mulane aku iya banjur sowan mrene.

Tuwan propesor: Lah, saiki kapriye karêpmu dene rawuh mrene.

Kula mangsuli: Mulane aku sowan mrene, awit aku wêruh manawa sariramu dhêmên marang barang-barang kuna. Kajaba iku manawa sariramu karsa mèlu ngadani pagawean kang arêp dak lakoni iku, sariramu ora mung bakal dadi wong sugih bae, nanging asmamu iya bakal misuwur, awit anyumêrêpi dhisik dhewe, marang barang-barang kuna kang anèh bangêt, kang ana ing ngalam donya iki.

Tuwan propesor: Nanging bisa uga dadi jalaran dipatèni ing wong Aprikah.

Kula wicantên malih: Panuwunku marang sariramu, muga karsaa ngupaya uwong kang mangêrti marang prakara dhinamit, lan barang-barang liyane kang bisa ambalêdhos mau, sarta kang gêlêm angrusak brahalane băngsa Fung.

Tuwan propesor wicantên sarwi ngacungakên gaganging pipanipun dhatêng Kaptin Orme, têmbungipun: O, prakara iku gampang bangêt. Tuwan kaptin iku kajaba băngsa militèr iya insinyur, sarta akèh sêsêrêpane marang ilmu pamisah, tur sagêd basa Arab. Nalika isih cilik tansah ana ing Mêsir, manawa tuwan kaptin karsa, satêmêne bisa ngadani pagawean iku.

Kula manah-manah sakêdhap, lajêng pitakèn dhatêng tuwan kaptin, makatên: manawi kula lan panjênêngan sagêd condhong kalihan prajanjianipun, punapa kintênipun panjênêngan karsa angadani padamêlan punika, tuwan kaptin.

--- 40 ---

Tuwan kaptin: Saupami anggèn panjênêngan nantun punika kala wingi, kula botên badhe purun nyagahi. Anggènipun mangsuli makatên punika katingal sêmu isin. Nanging sapunika kula purun angrêmbag prakawis punika, samantên wau manawi Propesor Higgs inggih karsa tumut angrêmbag. Kajawi punika kula nyuwun katrangan ingkang langkung cêtha, lan malih ing sadèrèngipun kula matur balaka, bilih kula dèrèng paham sangêt dhatêng kasagêdan warni tiga ingkang kadhawuhakên dening tuwan propesor wau. Lan ingkang sampun asring kula lampahi nêmbe saprakawis.

Kula pitakèn: Tuwan kaptin, punapa kintênipun wontên pambênganipun manawi kula nyuwun priksa, punapaa panjênêngan badhe botên karsa nyagahi, upami anggèn kula nantun panjênêngan punika kala wingi.

Tuwan kaptin mangsuli sarta katingal sangsaya isin, têmbungipun: O, botên wontên pambênganipun, dhoktêr. Wadosipun makatên: kala wingi kula badhe tampi warisan têtilaranipun paman kula ingkang dumadakan nandhang sakit sangêt. Pramila saking ing Aprikah Kidul kula nuntên wangsul mriki. Wusana dintên punika kula mirêng wartos, bilih pun paman punika sampun kagungan garwa, salah satunggiling wanodya dede băngsa luhur, anggènipun nikah kalayan dhêdhêmitan. Lan malih anilar anak satunggil. Saupami sadèrèngipun tilar donya pun paman botên damêl sêrat ingkang mratelakakên bab pambagenipun warisan, tamtu lare wau ingkang badhe nampi sadaya warisanipun. Kajawi punika wontên malih ingkang adamêl cuwaning manah kula. Kala wingi kula taksih gadhah pangintên, bilih kula badhe enggal rabi, nanging lare èstri ingkang kêpengin laki kalihan tiyang ingkang dados warisipun Tuwan Anthony Orme, nampik dhatêng Kaptin Oliver Orme ingkang kasugihanipun namung pangaji 10.000 ponsêtèrling.

Sasampunipun wicantên makatên tuwan kaptin lajêng mênyat saking palinggihanipun, lumampah dhatêng pungkasaning kamar satunggilipun malih.

Tuwan propesor ngandika: Mêsakake têmên tuwan kaptin iku, dene nganti dimajanani dening wong wadon. Sasampunipun lajêng wicantên sora, awit tuwan kaptin wangsul malih - nanging aku ora mangêrti marang karêpmu, dhoktêr, dene sariramu angrêmbugi aku lan tuwan kaptin, ngajak anglakoni pagawean kang ambêbayani iku.

Kula mangsuli: Apa anggonku matur mau ora têrang. Sêdyaku mung arêp anulungi anakku. Samono iku manawa dhèwèke isih urip. Nanging kiraku iya isih urip uga. Mara galihên dhewe, Tuwan Higgs, kapriye saupama kang sarira anandhang kasusahan kaya aku, yaiku saupama sariramu ora kagungan sanak sadulur kajaba mung putra siji, măngka banjur dicolong dening wong alasan, lan manèh sawise sariramu anggolèki nganti pirang-pirang taun, banjur mirêng swarane, amriksani rupane, sarta wuninga yèn bocah mau wis diwasa, nanging sariramu ora bisa mitulungi marang kang putra kang kok impi-impi nganti pirang-pirang taun lawase iku, sarta kang arêp kok belani nganti tumêka ing pati, nanging sanalika banjur ilang kuwanènmu lan katrêsnanmu marang kang putra mau, mung marga wêdi marang swarane wong-wong alasan kang padha nêpsu iku. Sariramu mung banjur anggalih: oncatana bêbaya iki, supaya aja nêmahi tiwas. Sariramu bisa anggalih dhewe, yèn wong kang kaya mêngkono iku wong jirih, kang bisa katulungan uripe, sarta manggon ing padununganing băngsa liya kang uga padha jirih-jirih, pirang-pirang mil dohe saka panggonane anake mau.

Tuwan propesor: Iya bêcik, sakabèhe kasusahan lan kadadeyan kang kok dhawuhake mau dak upamakake tumiba marang awakku, nanging apa paedahe. Saupama sariramu angira manawa wong liya ora bakal anglakoni kaya kang wis kok lakoni mau, iku kliru bangêt, lan manèh manawa sariramu nganti anêmahi tiwas, sakabèhe pagawean kang wis kok lakoni iku, tumrape marang kang putra ora ana paedahe, malah bisa uga anjalari tiwase.

Kula mangsuli malih: Kang mangkono iku aku ora wêruh. Aku iya wis suwe amikir-mikir, nanging tansah ora bisa condhong karo pikiranku dhewe. Sang raja putri Macqueda uga amanah-manah, satêmah anglairake jangji, kiraku ora nganggo paring wêruh dhisik marang para panggêdhe kang wajib ngaturi pamrayoga marang panjênêngane, pangandikane mangkene: Tuwan dhoktêr, kula sampeyan tulungi, kula inggih badhe mitulungi dhatêng sampeyan. Sampeyan tulungi băngsa Abati saking bêbaya ingkang sawanci-wanci sagêd andhatêngi, kula badhe ambudidaya supados ingkang putra sagêd oncat saking wêwêngkoning băngsa Fung. Kula sagah nyukani ganjaran agêng dhatêng sampeyan lan dhatêng tiyang-tiyang ingkang badhe sampeyan bêkta mriki.

Aku mangsuli: Manawa kang mangkono iku ora gampang bisane kalakon, awit bakal ora ana wong kang pracaya marang caritaku. Barêng sang raja putri mirêng aturku kang kaya mangkono mau, banjur anglolos agême ali-ali karajan, yaiku ali-ali kang kok kanthongi iku, propesor. Sang raja putri nuli ngandika mangkene: sêsupe punika dipun agêm dening para lêluhur kula, wiwit jamanipun putri Macqueda, raja putri ing Seba. Manawi wontên salah satunggiling băngsa sampeyan ingkang pintêr, piyambakipun badhe sagêd maos asmanipun raja putri ing Seba wau, ingkang kasêrat ing sêsupe punika, sarta sagêd nyumêrêpi bilih cariyos kula punika botên dora. Suwawi sêsupe punika sampeyan bêkta minăngka pasaksèning cariyos sampeyan dhatêng mitra-mitra sampeyan. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


laladanipun. (kembali)
kantun. (kembali)
dhatêng. (kembali)
ingkang. (kembali)