Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-14, #53

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-14, #53. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-14, #53. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 4, 21 Rêjêb Taun Jimakir 1858, 14 Januari 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [61] ---

Ôngka 4, 21 Rêjêb Taun Jimakir 1858, 14 Januari 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên Dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Asrining Sawangan Adamêl Lipuring Manah

[Grafik]

Ing nginggil punika kawontênanipun pasabinan ing tanah Karo, Sumatra, wujudipun adamêl sêngsêm, ing têmbe tuwuh rijêki. Kawontênaning siti wau pêpindhanipun kados gumêlaring salaka, ing têmbe awoh êmas.

--- 62 ---

Raos Jawi

Êndêm

Êndêm punika sayêktosipun sawênèh lêlampahan ingkang damêl supe, tuwin adhakan sangêt kasrambah ing tiyang. Dene mênggahing bakunipun, êndêm punika sampun kalêbêt dhatêng golonganing: ma, ingkang wajib sinirik, inggih punika: main, minum, madat, madon, maling. Ma: gangsal wau ingkang katingal damêl êndêm, namung minum kalihan madat. Nanging manawi dipun raos yêktos, punapa ingkang andadosakên êndêm punika, punika malah kawontênaning ma gangsal prakawis wau taksih kirang, awit êndêm makatên atêgês kataman ing lêlampahan ingkang damêl supe, dados punapa ingkang nyupèkakên, inggih nama angêndêmi, lan ingkang supe nama mêndêm.

[Grafik]

Risaking pikiran, sanadyan saras namung wontên ing sawangan.

Sarèhning sabab-sabab ingkang dados jalaraning êndêm punika wontên, dados tiyang inggih sagêd nyumêrêpi tuwin anjagi kaprayitnaning batos, murih èngêt lan sagêd anyingkiri dhatêng kawontênan ingkang damêl karisakan wau. Makatên malih tiyang inggih kêdah mangrêtos, bilih kasarasaning badan punika kêdah dipun rêksa, awit sok tiyanga botên angrêksa kasarasaning badanipun, inggih atêgês botên rumêksa dhatêng rahayuning jiwanipun.

Ing ngriki ngandharakên sawatawis ing bab awoning satunggal-satunggaling êndêm wau, kados ing ngandhap punika:

Êndêming main, sampun limrah tiyang main punika manggih karisakan, awit dèrèng wontên tiyang sagêd manggih kamulyan saking anggènipun main. Sabên tiyang main inggih tansah sangsara gêsangipun, dene agêng aliting kasangsaran, manut agêng aliting anggènipun main. Dene êndêmipun, manah tansah botên têntrêm wontên ing griya. Manawi sampun kawon, botên wontên barang ingkang botên dipun dhindhal, tuwin lajêng adhakan ngambah dhatêng kanisthan.

Mênggah awon ingkang kasatmata ing sanès, inggih [ing...]

--- 63 ---

[...gih] punika bab risaking badanipun, jalaran saking kirang nêdha, kirang tilêm, wandanipun ngantos ngêlub-êlub, adhakanipun lajêng kacandhak ing sakit, labêt saking kasok ing sayah.

Mokal saupami tiyang botên sumêrêp dhatêng awonipun tiyang main. Lan mokal saupami wontên tiyang kados makatên sagêd manggih katêntrêman ing gêsangipun. Saya tumrap tiyang ingkang sampun koncatan ing budi padhang, tuwin tiyang asor, main wontên sapinggiring radinan punika rumaos sae kemawon, dipun anggêp sanès punapa-punapa.

Para maos mugi botên kêlintu tampi, amastani manawi main punika namung kawon thok, punika botên, ugi wontên ingkang mastani dados praboting kasusilan. Upaminipun manawi pinuju pasamuwan, punika limrah tamu dipun wajibakên kasukan, malah wontênipun ing kalangan ngriku, patraping kasukan punika kenging kangge titikan dhatêng wêwatêkanipun ingkang sami nglampahi, awon saenipun sagêd kêtingal, mila murih ngambah ing kautamèn, kasukan punika kêdah botên tilar tatakrami. Lan malih sagêda nyumêrêpi dhatêng dugi prayogi, ing ngriku tamtu lajêng sumêrêp dhatêng êndêming main.

Êndêming minum, punika tiyang sampun botên prêlu dipun cariyosi malih, sabên tiyang inggih sampun sumêrêp, bilih êndêming minum punika têgêsipun êndêming inuman kêras.

Bab êndêm punika, kados mênggahing bôngsa Jawi wanuhipun sampun dangu sangêt, malah ing kina pisan sampun wontên, ingkang dipun ombe badhèg, inggih punika duduhing tape. Dene pangombenipun manawi nuju pasamuwan, kados ta wontên ing pasamuwaning tiyang gadhah damêl mantu. Saking kêlimrahipun, tuwin saking anggèning andadosakên karênaning akathah, tiyang kina ngantos angwontênakên pradikaning minum, inggih punika nyôndra dhatêng wujud tuwin pratingkahipun tiyang ingkang nglampahi, sabên saombenan dipun wastani sadhasar, inggih punika kasumbung alit, satunggal-satunggaling pangombe gadhah pradika piyambak-piyambak, kados ta:

Sadhasar, candranipun: eka padmasari, têgêsipun, eka: satunggal, padma: kêmbang, sari: ambêt. KadosDados. tiyang ngombe inuman angsal sadhasar punika dipun upamèkakên kados mêkaring sêkar ingkang mawa gônda, asrining wujudipun adamêl sêdhêping pandulu, gandanipun adamêl rêsêping manah.

Kalih: dwi martani, têgêsipun, dwi: kalih, martani: pitutur. Kajêngipun nginum angsal kalih dhasar punika cêtha ucapipun, wontênipun namung sarwa rumakêt, tanduking tatakrama tansah ngrêsêpi manah, botên wontên tiyang ingkang botên dipun anggêp mitra sajati.

Tiga: tri kawula busana, tri: tiga, kawula: rencang, busana: pangangge. Têgêsipun tiyang ngombe angsal tigang dhasar punika, kados upamining rencang nyandhang ngangge sarwa sae, mongkoging manahipun kados kêdugi anjèjèri bandaranipun, punika dados titik wiwit karaosing pangombenipun.

Sakawan: catur wanara rukêm, catur: papat,

--- 64 ---

wanara: kêthèk, rukêm: têtêdhan utawi wowohan. Têgêsipun ngombe angsal kawan dhasar punika, pêpindhanipun kados kêthèk rêbatan wowohan, pating cruwèt adamêl kisruh.

Gangsal: pônca sura panggah, pônca: lima, sura: wani, panggah: mantêp ing pakèwêd, sanadyan dumugi pêjah pisan. Dados tiyang minum ingkang sampun angsal gangsal dhasar punika, wontênipun namung sarwa wani, tanpa gadhah èwêd pakèwêd tuwin kasamaran.

Nêm: sad guna wêweka, sad: nênêm, guna: pintêr, wêweka: prayitna. Kajêngipun, tiyang ngombe angsal nêm dhasar punika landhêping panggraitanipun tansah mêngku kaprayitnan, mirêng rêmbag ingkang samar-samar, wêkasan damêl salah tampi.

Pitu: sapta kukila warsa, sapta: pitu, kukila: manuk, warsa: udan. Tiyang ngombe angsal pitung dhasar makatên, pêpindhanipun kados pêksi kajawahan, wontênipun namung ngêthêthêr, kantun kumrêcêking ungêl, punika nandhakakên sampun kaduk ing raosipun.

Wolu: astha kacara-cara,sacara-cara (dan di tempat lain). astha: wolu, kacara-cara: muni sawiyah-wiyah. Kajêngipun ngombe ingkang sampun angsal samantên wau, ungêlipun sampun pating calewo, ingkang tanpa têgês, wontênipun namung sarwa kisruh.

Sanga: nawa wagra lupa, nawa: sanga, wagra: sawêr agêng, lupa: luwe. Tiyang ngombe angsal sangang dhasar punika pêpindhanipun kados sawêr lêsu, kantun ngalêkêr tanpa bayu.

Sadasa: dasa buta mati, dasa: sapuluh, buta: danawa galak, mati: pêjah. Têgêsipun, tiyang manawi pangombenipun sampun angsal sadasa dhasar, kados danawa galak pêjah, galakipun ical, kantun awarni bathang kemawon.

Dados manawi mirid pradikaning minum sadasa prakawis punika, kêtingal sangêt mênggahing panggambaring tiyang ngombe wiwit ingkang sae dumugi ingkang awon. Wosipun tiyang kêladuk ing pangombe punika awon, awit lajêng nama tiyang mêndêm, saya awon malih manawi tiyang mêndêm ingkang nglantur, inggih punika ingkang nama wurudawa. Dados sampun kêlintu, amastani tiyang ngombe inuman kêras lajêng dipun wastani tiyang minum, tiyang minum makatên kajêngipun tiyang ingkang sampun anjatuh dhatêng inuman, wurunipun dawa, sasat tanpa èngêt.

Tumrapipun ing kasarasan, punika para maos sampun sagêd anggalih piyambak, pundi wontên tyang minum sae badanipun, mila panutuping bab minum, wontênipun kêdah kanthi dugi prayogi, dene dipun tilar saya utami. Wosipun kêdah èngêt dhatêng ingkang dipun wastani kataman ing êndêming minum.

Prajurit Èstri

Tanpa mundur rarasirèng kamajuan / tatanirèng samangkin / èstri miwah priya / tan pae ciptanira / nêdya ajajar sêsami / dene tan beda / tekading jalu èstri //

Yèn pinirid saking

--- 65 ---

titiking kaanan / apan ta wus kaèksi / wiwit piyambakan / ingkang andhap wus nyata / giyaking jalu lan èstri / wus mawor padha / kênya: tan nêdya kari.

Ing kalaning bidhal duk ing wanci enjang / katon samargi-margi / lare bêbayakan / pindha sêkar sataman / rumêngga asrining nagri / ing sêdyanira / ngudi kagunan luwih //

Nadyan praptèng sanggyanirèng pawiyatan / têngahan myang kang inggil / pan isi wanita / kang samya ulah guna / dadya têtela samangkin / lamun wanita / aran maju sayêkti //

Atanapi kaananirèng pakaryan / kang wus kalakyan nguni / mung wajibing priya / nanging jaman samangkya / kênya datan nêdya kari / bedane apa / têmah wani jèjèri //

Pan wus kathah wanita kang ngangkat karya / klèrêk tanapi komis / kang dhoktêr wus ana / guru-guru wus ngêmbrah / sadaya iku sayêkti / nut kamajuan / cara kilenan pasthi //

Lan lon-lonan ing têmbe yêkti tumêka / tan prabeda pinanggih / kadi tatanira / wanita ing Eropah / lan têtêp sipate salin / tan lir bêbasan / krubyuk kabotan tapih //

[Grafik]

Mung ing kana ajunira saya-saya / mangkya pan wus pinanggih / kênya Polên praja / rumagang ing pakaryan, ngangkat karyaning prajurit / it bôngsa Jawa / maksih kawon sacêplik //

Môngka nyata mênggahing kaananira / ingkang prajurit èstri / trape tan prabeda / lawan tandanging priya / sarêngira kang netyandik / mung sêmu rada / maksih kamoran manis //

Yèn kaanan Jawi mung kari carita / ingkang prajurit èstri / kadi duk ing kuna / kocap ing jaman purwa / misuwur Wara Srikandhi / prajurit kênya / ing yuda pilih tandhing //

Lawan malih nalika Radèn Irawan / jumênêng narapati / ajêjuluk aran / Gambiranom sudibya / yasa kang prajurit èstri / tur pêpilihan / samya wanita kincling //

Golonganing punang prajurit wanita / ingaran amantêsi / ladrang mungkung dibya / tan pêgat lumawan prang / kongsi kalampahan kêndhih / risang Arjuna / pinikut tan ngudhili //

Pan ing mangkya amung pinuji kewala / sanggyaning para èstri / kang wus pindha priya / pamètirèng pakaryan / dèn têtêp santosèng ati / ywa kongsi kêmba / ip-ip wilujêng sami //

--- 66 ---

Bab Panggulawênthah

Sêsrawunganipun guru kalihan tiyang sêpuhipun murid.

(Sambêtipun Kajawèn ôngka 3).

Ewadene murih sagêd prayogi, têgêsipun sampun ngantos sami manggih kapitunan, punika kêdah wontên rekadayanipun guru kalihan tiyang sêpuhipun, sakalih-kalihipun prayogi nyambut damêl sêsarêngan. Kala-kala ngwontênakên pêpanggihan, ingkang prêlunipun ngrêmbag kabêtahaning piwulang sarta panggulawênthah.

Reka makatên punika agêng pigunanipun, uwohipun maedahi sangêt dhatêng lampahing piwulang sarta panggulawênthah, jêr tumraping tuntunanipun dhatêng lare, guru kalihan tiyang sêpuh punika kalih-kalihing atunggal, sami dene nunggil ancas.

[Grafik]

Makatên wujuding lare ingkang botên dipun ulat-ulatakên ing tiyang sêpuh.

Sêsrawunganipun guru kalihan tiyang sêpuhipun murid punika, sanès kabêtahanipun sintên-sintên, balik umum dados kuwajibanipun bôngsa kita, dados sadaya kemawon kêdah ngrumaosi gadhah kabêtahan punika. Kula kirang mupakat manawi tuntunaning panggulawênthah namung kapasrahakên dhatêng guru kemawon, dening kirang sae uwohipun, kosokwangsulipun kula pracaya sangêt, panggulawênthahing guru ingkang mawi pitulunganing tiyang sêpuh punika, tamtu badhe agêng pigunanipun.

Lêpat sangêt tiyang sêpuh ingkang botên ambiyantu dhatêng padamêlanipun guru, sarana mituturi anakipun, anjagi karêsikanipun, kasrêgêpan, tabêri sarta tumindaking wajib. Kathah kemawon tiyang sêpuh ingkang malah ngalang-alangi dhatêng kamajênganipun lare, kados ta: dipun jak anjagong, anggarap padamêlan, dipun jak kêkesahan, ingkang sadaya wau sanès [sanè...]

--- 67 ---

[...s] prakawis ingkang prêlu.

Kathah kemawon tiyang sêpuh ingkang kasangêtên pambombongipun dhatêng lare, ngantos anglirwakakên dhatêng prêluning panggulawênthah, upaminipun: yèn anakipun sawêg muring, môngka botên purun sinau, dipun kèndêlakên kemawon. Ingkang makatên punika lêpat sangêt, sanajan ta sampun lêrêsipun, ananging manawi wêlas têmahan lalis, punika malah badhe damêl wisuna, maha dhatêng kasangsaraning anakipun piyambak.

Lare ingkang kala alitipun dipun ugung sarta angsal pambombong saking tiyang sêpuhipun, pikiranipun tangèh sagêdipun lumampah, têgêsipun sagêd malêtik migunakakên akal budinipun. Dene yèn sampun tinilar ing tiyang sêpuhipun, gêsangipun wontên ing bêbrayan kidhung sangêt, dening kala alitipun botên nate nyambut damêl ingkang sakintên sagêd murakabi ingakathah, kulinanipun namung manah bêtahipun piyambak, nanging sarêng sampun botên wontên ingkang dipun êndêl-êndêlakên, katingalipun kidhung sangêt. Punapa botên makatên.

K.M. Sasrasumarta.

Jagading Wanita

Bab Dhukun Kampung

Salêbêtipun Kajawèn ngrêmbag bab kirang prayogining tindakipun dhukun kampung, anyarêngi kêsundhul wontên pawartos ing bab tiyang manak nandhang kasusahan jalaran saking pitulunganipun dhukun kampung, kados ingkang kawrat ing pawartos warni-warni Kajawèn nomêr 3.

Wêwarah mênggahing bab kiranging prayoginipun dhukun kampung, kados saya damêl marêming galihipun para maos, awit tansah manggih tôndha saksinipun.

Ing Kajawèn nomêr 12 sampun ngandharakên bab wau, nanging prayogi dipun wêwahi malih ing kawontênaning pitulunganipun dhukun kampung, ingkang taksih gêgayutan kalihan kabêtahanipun tiyang gadhah anak.

Sayêktosipun tindaking dhukun kampung tumrap tiyang manak punika ingkang kêtingal namung nyamari, waton taksih anggarap inggih taksih kamoran mutawatos. Kados ta: ing bab panggarapipun bayi, punika mênggahing dhukun kampung tansah taksih mawi cara andadah, andulang, anjampèni bayi, kados tatacaranipun dhukun limrah.

Bab dadah, tumrapipun bayi, sawêg tata lairipun kemawon sampun kêtingal, bilih badanipun taksih sarwa ringkih, prêlu punapa mawi dipun dadah. Môngka patraping pandadah wau têtela namung saking ngawur, namung cariyosipun kemawon, bayi ingkang botên dipun dadah punika benjing agêngipun badhe botên rosa.

Bab dipun dulang, cariyosing dhukun samar manawi

--- 68 ---

bayi badhe kêluwèn, awit botên wontên ingkang kalêbêt ing wêtêng kajawi toya sêsêpan. Sayêktosipun ing bab dulang punika tumrapipun têtiyang pribumi taksih tansah dados pamanahan, sanadyan ingkang sampun mangrêtos, ugi taksih wontên ingkang nindakakên dulang. Nanging ingkang dipun kajêngakên ing ngriki bab dulang dublag, inggih punika andublag sêkulipun ulêg, larenipun ngantos kêtingal mêgap-mêgap, punika sêsagêd-sagêd sampun ngantos kêlampahan.

[Grafik]

Bayi saras, biyung rêncang.

Bab anjampèni bayi, ingkang dipun wastani nyêkoki, punika tumraping dhukun amastani damêl rêsiking mêtêng.wêtêng. Nanging manawi dipun piridakên kalihan kawontênaning bayi, ragi botên mèmpêr, awit bayi waras wiris, tuwin wêtêng taksih rêsik têka dipun jampèni, tur jampinipun wau namung kanthi ukuran kintên-kintên. Punika punapa prayogi.

Wontên malih tatacara ingkang dipun wastani walik dadah, inggih punika anggarap, ngulèni wêtênging biyung sasampuning salapan dintên, pikajênging dhukun nêdya badhe mulihakên wadhah bayi dhatêng papanipun lami. Punika kêrêp pinanggih wontên tiyang sampun waras wiris lajêng dados rêngkêng-rêngkêng, môngka pancènipun sampun têrang, tiyang sampun botên punapa-punapa salêbêtipun salapan dintên, rak nama sampun saras, têka lajêng dados sakit malih. Punika prayogi dipun manah panjang.

Ing sapunika kadospundi murih têtiyang ing pakampungan sumêrêp dhatêng lêpating tindakipun dhukun kampung wau, punika namung gumantung dhatêng pakulinanipun têtiyang ing ngriku, janji sumêrêp dhatêng pitulungan ingkang prayogi yêktos, dangu-dangu tamtu ngandêl dhatêng pigunaning dhukun ingkang mangrêtos.

Dene dhukun ingkang mangrêtos punika dhukun ingkang sampun angsal pangajaran, inggih punika ingkang limrahipun dipun wastani dhukun branak (vroedvrouw). Ingkang sami nglampahi dados dhukun branak wau sampun angsal pasinaon ing bab èwêd pakèwêdipun tiyang gadhah anak, sumêrêp dhatêng rêrigên patraping pangupakara biyung dalah anakipun, ngantos sadumugining rêncang, sarta dadosipun wau saking palilahing pamarentah.

Mèh ing sabên kitha agêng tamtu wontên, tuwin gampil sangêt undang-undanganipun, malah wontên ingkang dhukun branak dêdamêlaning pamarentah ingkang namung maligi kangge mitulungi lêlahanan.

Têtiyang pribumi sampun ngantos ngawontênakên manah èwêd pakèwêd, awit mênggahing dhukun branak badhe botên ambedak-bedakên tiyang. Malah ingkang rumaos dipun bedakakên punika tiyang ngandhap, ngintên manawi dhukun ingkang makatên punika namung kangge sadhiyaning para priyantun. Makatên malih

--- 69 ---

mênggahing inggahipun dhatêng dhoktêr, tumrap ing gêgayutanipun dhatêng bab tiyang manak, awit ugi asring tumut têtulung, punika sampun kamanah bilih dhoktêr wau botên gêgayutan bab punika, tuwin tamtu wontên prêlunipun, ingkang dhukun branak botên sagêd nindakakên, dados têgêsipun malah langkung utami sangêt, malah kêdah ngucap sukur, dene mawi kapitulungan ing dhoktêr. Nanging tiyang sok adhakan kêlintu tampi: têka dhoktêr mawi tumut mitulungi, têtiyang lajêng sami ajrih, punika kêdah dipun manah panjang yêktos.

Wontên lêlampahan ingkang kenging kangge têtuladan kados ing ngandhap punika:

Ing sawênèhipun kampung ing Batawi wontên tiyang manak rêkaos, sampun dipun garap ing dhukun kampung ngantos sakawan mêksa botên sagêd mitulungi, môngka sampun tigang dintên, mila biyungipun rêkaos sangêt. Wusana wontên tiyang ingkang suka rêmbag, supados ngundang dhukun branak, kêlampahan ngundang, nanging kadospundi, dhukun branak inggih botên sagêd mitulungi, awit pancèn wontên sababipun, wêkasanipun dipun tulungi ing dhoktêr: wilujêng. Nanging sarèhning ngrêkaos, ingkang manak kêpêksa dipun upakara wontên ing griya sakit, wiwit kala punika, tiyang ingkang nglampahi dipun pitulungi ing dhoktêr wau (gampilipun dipun wastani dhukun pangajaran) lajêng agêng ing pangandêlipun.

Kados tumrap tiyang ingkang sampun ngraosakên dipun pitulungi ing dhukun pangajaran, lajêng kirig-kirig tuwin jinja migunakakên dhukun kampung.

Sawangan ing Toraja

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika mujudakên kawontênaning têgal tuwin pakêbonan ing Pangala, tanah Toraja (Celebes). Sitinipun curi, nanging dipun tanêmi kopi sagêd sae. Ing sisih têngên punika kampung Salo, ugi curi. Mênggahing bêntèripun, ing Toraja pancèn prayogi kangge nanêm kopi, awit nagari wau inggilipun saking lumahing sagantên wontên 700 tuwin 1600 M. kawontênaning gambar punika nêngsêmakên.

--- 70 ---

Cariyos Sajawining Tanah Jawi

Badhud Gambar Idhup ingkang Kasuwur

[Grafik]

Sajatining warninipun Charlie Chaplin.

Manawi angèngêti kawontênanipun ing tanah Eropah, utawi malih ing tanah Amerikah, punika inggih ragi anggumunakên. Môngga para maos kula aturi amanggalih ing tanah kêkalih wau manawi wontên tiyang kasagêdanipun punjul, inggih kasagêdan punapa kemawon, sakêdhap namanipun lajêng kasuwur ing pundi-pundi, kados ta: tiyang ingkang punjul kasagêdanipun bab anglangi, numpak kapal, bantingan, jotosan lan sasaminipun, punika namanipun inggih lajêng kêwêntar ing pundi-pundi kemawon. Môngga sintên ingkang botên nguningani dhatêng namanipun Tuwan Dempsey jago jotosan ing tanah Amerikah. Ingkang langkung anèh, dalasan badhud kemawon, namanipun têka sagêd kasuwur ing jagad. Sintên kemawon para maos ingkang sok mirsani gambar idhup, dèrèng nate pirsa dhatêng badhud gambar idhup ingkang awasta: Charlie Chaplin. Inggih punika satunggiling tiyang badanipun alit, brêngosipun sajak kados kasumpêlakên kemawon. Ewadene panganggening brêngos ingkang makatên punika samangke kathah tiyang ingkang sami aniru, bokmanawi modhèl ngangge brêngos ingkang makatên punika ingkang lajêng dipun parabi: brêngos lalêr mencok. Dene panganggenipun Charlie Chaplin punika botên ngêmungakên nganèh-anèhi kemawon, ananging inggih anggumujêngakên. Mila inggih kêdah makatên patraping satunggilipun badhud, salaminipun tansah angudi supados sagêd dipun gujêng ing tiyang, inggih jalaran saking pangangge utawi saking solah-tingkahipun. Môngga, andak inggih botên anggumujêngakên panganggenipun Charlie Chaplin punika, clananipun kagêngên sangêt, dados manawi kalêrês dipun angge inggih tansah plotrak-plotrok kemawon. Sêpatunipun botên namung kagêngên kemawon, malah êmbahipun kagêngên. Upaminipun griya, kagêngên punika sakeca, awit ombèr, sarêng suku wontên ing salêbêting sêpatu gadhah kaomberan kathah, punika têmtunipun rak inggih gêdobal-gêdabêl [gêdo...]

--- 71 ---

[...bal-gêdabêl] botên sakeca. Topinipun kalitên, sajakipun ngaplik kados barang kaslêmpit. Makatên ugi solah-tingkahipun, inggih tansah anggumujêngakên kemawon, kados ta: lampahipun mènthèk-mènthèk asuku mêdal, sakêdhap-sakêdhap mawi dipun êgongi: mêncolot, upami lampahipun wau kenginga kasêrat, kintên-kintên makatên: ènthèk-ènthèk, ènthèk-ènthèk, colot. Ananging ngrikanipun inggih lucu sangêt, cêkakipun manawi botên mriksani piyambak, kintênipun inggih botên sagêd amastani lucunipun Charlie Chaplin punika. Ananging ing Kajawèn ngriki botên nêdya angandharakên mênggahing lêluconipun sang badhud Charlie Chaplin, awit tumrapipun bôngsa Jawi, kados botên kirang badhud ingkang lucu sayêktos, sanadyan ta namanipun botên kasuwur kados badhud ing tanah Amerikah kasbut nginggil, kados ta: badhud abdi dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta, Crêma lan Capana, punika kabaripun lucunipun angedab-edabi sayêktos. Punapa malih manawi sampun purun ngatingalakên solah-tingkahipun utawi manawi sampun purun wicantên, tiyang botêna kapingkêl-pingkêl, sawêg ngatingal calungup kemawon, sampun andadosakên gêr-gêran, dados cêkakipun, manawi bab lêlucon kemawon, kados tiyang Jawi botên prêlu nguyang. Ananging sarèhning Charlie Chaplin punika kasuwur ing jagad, kados ing ngriki prêlu anyariyosakên sawatawis, mênggah asal-usul saha kawontênanipun badhud wau. Makatên ugi pikajênganing gambar-gambar ingkang kamainakên dening Charlie punika. Sanajan gambar-gambar punika wujudipun namung warni bêbanyolan kemawon, ananging sayêktosipun ngêmu pikajêng ingkang wigatos. Murih runtutipun karangan punika, langkung rumiyin anyariyosakên asal-usul tuwin kawontênanipun sang badhud Charlie Chaplin wau.

[Grafik]

Charlie Chaplin nuju main.

[Grafik]

Charlie Chaplin gêsang nyara sagawon.

Mênggah namanipun badhud wau ingkang sajati, inggih punika: Charlie Spencer Chaplin pundi nagari kalairanipun, punika botên [bo...]

--- 72 ---

[...tên] wontên katranganipun ingkang cêtha, punapa inggih wontên ing tanah Inggris, punapa wontên Prasman. Bapakipun Charlie punika kala rumiyin dados badhud, dene biyungipun tukang mênyanyi bôngsa Sêpanyul. Dados Charlie punika anak turunipun badhud lan tukang kumidhi. Wiwit alit mila Charlie sampun sagêd nirokakên lagehaning tiyang ingkang anggumujêngakên. Makatên ugi Charlie pintêr sangêt ngemba tingkahipun tukang kumidhi Inggris ingkang sampun kasuwur namanipun, sarta inggih anggumujêngakên. Sarêng bapakipun tilar, Charlie dhawah ing kamlaratan. (Badhe kasambêtan)

Kawontênanipun Tanah dalah Têtiyangipun

Cariyos Sawatawis Bab Kawontênanipun Bôngsa Kalang

Candhakipun Kajawèn ôngka 3

Ing Kajawèn ôngka 1 dumuginipun ôngka 3 sampun angandharakên mênggahing kawontênan, cacriyosan tuwin cara-caranipun tiyang Kalang. Minôngka pungkasaning karangan punika, samangke badhe anyariyosakên kawontênanipun tiyang Kalang miturut katrangan sanès-sanèsipun.

Kirang langkung 40 taun sapriki, Mas Ngabèi Brajadênta, wayahing tilas kapalanipun têtiyang Kalang, suka katrangan dhatêng swargi Paduka Tuwan Dr. Groneman, bilih piyambakipun wau kenging kapetang bangsaning tiyang Kalang. Miturut cariyosipun, têtiyang Kalang punika turunipun bôngsa Indhu lan Arab campur kalihan tiyang Jawi, saha tumrap papan padununganipun anggadhahi kampung piyambak. Ewasamantên ing pakampunganipun tiyang Kalang wau, ugi wontên tiyangipun Jawi ingkang mondhok wontên ing griyanipun tiyang Kalang, kosokwangsulipun ugi botên kirang tiyang Kalang ingkang manggonmanggèn. wontên ing griyanipun tiyang Jawi ing kampung Jawi. Inggih lêrês, bilih wontên sawênèhing tiyang Jawi botên purun babarpisan gêgriya kêkêmpalan kalihan tiyang Kalang, ananging ingkang makatên punika botên nama waradin, malah tuladan-tuladanipun inggih wontên, bilih tiyang Jawi jêjodhoan kalihan tiyang Kalang.

Miturut katranganipun Mas Ngabèi Brajadênta kasbut nginggil, têtiyang Kalang ing Ngayogyakarta, punika wontên ingkang dados sudagar, undhagi, lan ugi wontên ingkang ngabdi para pangeran tuwin para pangagêng ing ngriku. Pangandikanipun Tuwan Dr. Groneman panjênênganipun piyambak wontên ing salêbêting karaton Ngayogyakarta, kêrêp priksa tiyang Kalang ingkang sami nyambutdamêl dados tukang kajêng, lan malih têtiyang Kalang ingkang sami manggèn wontên ing Pasar Gêdhe, punika ingkang kathah sami dagang saha kathah ingkang sami dados sugih. Têtiyang Kalang Ngayogya wau, inggih pangangge utawi malih wandanipun, punika botên beda babarpisan kalihan têtiyang Jawi limrah, kabaripun mila lêrês, bilih têtiyang Kalang wau manawi wontên [wontê...]

--- 73 ---

[...n] kapêrluan, sok lajêng migunakakên têtêmbungan ingkang botên dipun mangrêtosi dening têtiyang Jawi sanès, makatên ugi sok wontên tiyang Kalang ingkang suwaranipun botên sakeca, beda kalihan suwaranipun tiyang Jawi limrah. Kajawi kalih prakawis wau botên wontên bedanipun malih, inggih tumrap ing agaminipun, utawi liya-liyanipun, malah kados inggih sampun kathah têtiyang Kalang ingkang sami dados haji. Sanajan miturut katrangan ing nginggil punika, cêtha wela-wela, bilih têtiyang Kalang prasasat botên beda babarpisan kalihan têtiyang Jawi, ewasamantên inggih mêksa taksih wontên têtiyang Jawi, ingkang anggadhahi gagasan ingkang botên sae-sae tumrap ing têtiyang Kalang, malah cariyos-cariyos ingkang mratelakakên, bilih têtiyang Kalang punika anggadhahi buntut, dumugining samangke inggih taksih wontên têtiyang Jawi ingkang pitados.

Miturut sakathahing pawartos, botên ngêmungakên para têtiyang Kalang kinging. Ngayogyakarta kemawon ingkang samangke sampun campur kalihan têtiyang Jawi, sanajan têtiyang Kalang ing sanès-sanès panggenan makatên ugi. Ing ngandhap punika pêthikan karanganipun Tuwan Te Mechelen sawatawis mênggah kawontênanipun têtiyang Kalang ing Surakarta.

Kala rumiyin nalika Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta taksih kagungan panguwaos tumraping kajêng-kajêng ing wana, ingkang kapasrahan anêgor saha angusung kajêng-kajêng wau dhatêng karaton, inggih para têtiyang Kalang, têtiyang wau kanamèkakên: abdi dalêm narawrêksa lan abdi dalêm Kalang. Ananging sarêng panguwasa dalêm wana wau sampun kapasrahakên dhatêng gupêrmèn, para abdi dalêm kalih golongan wau nuntên kadadosakên satunggal, saha lajêng kawastanan: Kalang. Dados salajêngipun Kalang wau sanès namaning bôngsa, ananging namaning abdi dalêm. Abdi dalêm Kalang wau dados namaning abdi dalêm wiwit pangkat inggil ngantos dumugining ngandhap saha dipun pangagêngi dening satunggiling bupati, ingkang kapiji anitipriksa dhatêng panindaking padamêlan undhagi. Ing ngriku dados sampun cêtha bilih Kalang wau dèrèng kinantên, manawi turuning bôngsa Kalang, punapa malih ingkang dados bupati Kalang, têtela manawi sanès turunipun têtiyang Kalang.

Miturut karanganipun swargi Tuwan Roorda wontên têtiyang Kalang ingkang sami manggèn wontên ing: Kaliwungu, Dêmak, lan Kêndhal. Ananging wusananipun, wontên ingkang anêrangakên, bilih ing bawah Kêndhal mila lêrês wontên dhusun ingkang kawastanan: dhusun Kalang, ananging têtiyang ngriku botên wontên ingkang sagêd nyariyosakên, bilih ing ngriku wontên satunggilling bôngsa Kalang, utawi satunggiling bôngsa ingkang kawontênan saha cara-caranipun beda kalihan têtiyang Jawi limrah. Makatên ugi kacariyosakên, bilih ing Bagêlèn utawi ing Banyumas inggih wontên tiyangipun Kalang. Upami cariyos punika sayêktos, kintên-kintên têtiyang Kalang ingkang wontên ing ngriku wau, sadayanipun inggih botên gèsèh babarpisan kalihan têtiyang Jawi limrah. Ingkang makatên wau tumrap tiyang sanès, têmtu inggih botên badhe sagêd sumêrêp yêktos, mênggahing asal-usulipun tiyang Kalang wau.

--- 74 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab wêwatêkanipun tiyang nyambut damêl.

(Candhakipun Kajawèn ôngka 3)

Garèng : Rama, pangandikamu bab wêwatêkaning Nakula lan Sadewa, mula iya wis tak gagas têmênan, nganti sawêngi aku ora bisa mêlèk babarpisan, pancèn iya nyamlêng bangêt, kang iku pituturmu kabèh mau wis tak cancang ana ing pucuking kucir, tak pundhi-pundhi ana ing sadhuwuring borokku, dadia jimatku anggolèk phulus.

Petruk : Kang Garèng kuwi nèk omong sok ora nganggo angon môngsa, wong lagi ngrêmbug bab wigati bangêt, kathik disêlani bêbanyolan barang, jênênge rak ora ngajèni karo sing lagi ngandikani, utawa manèh angguplèkake karo kabèh rêmbuge sing paring pangandika mau. Seje karo aku, bawane wong pangajaran alias bangsaning têlèk, wis mêsthi yèn wêruh marang pangaturaning kasusilan, manawa ana priyayi sêpuh ngandika, sanajan mataku wiwit wingine tansah nglirik nyang bantal bae, iya mêksa dak êlèk-êlèkake, kuping dak jêpipang-jêpipingake, dalasan buntutku bae mêksa dak kawêtake, rak mêngkono wong pangajaran kuwi, aja dumèh wong tuwane ala tur tuwa kathik tansah watuk bae, banjur dipapanake ana ing kamar buri utawa nyang langgar, cikbèn ora kawêruhan ing liyan, amarga wong tuwa sing wis mangkono kuwi jarene bisa agawe isin nyang awake. Mara, apa patrap kaya ngono kuwi apik, rak iya saru wijaya arane. Seje karo aku, yèn rama arêp rawuh, kuwi mêsthi tak sêdhiyani apa kang dadi krêsanane, sanadyan ta aku nganti anggadhèkake bubulku, aku mung trima lorodane bae, kaya ta: krupuk lulang, gorengan kara, gorengan kêdhêle, gorengana…

[Grafik]

Sêmar : E, kurang ajar, luwih bêcik kok lorod kabèh bae. Ana wis wêruh yèn wong tuwane wis ora duwe untu, kathik disadhiyani barang sing atos-atos ngono, apa cangkêmku arêp digawe papan tayuban para kara lan para kêdhêle, iya ora sondèl aku. Wis, wis, tak banjurne bab-bab kang dadi wêwatêkane wong nyambut gawe. Kajaba kudu nganggo wêwatêkane Nakula lan Sadewa kaya kang wis dak critakake ing ngarêp, wong nyambut gawe kuwi kudu nganggo wêwatêkane Radèn Arjuna.

Garèng : Ma, Ma, mêngko dhisik, aku tak nyêlani atur. Bênêre ngono aku kiyi nèk karo wêwatêkane Bêndara Janaka kuwi ora cocog babarpisan. Kiraku wong-wongane Radèn Janaka kuwi iya sajak jêmotos têmênan. Panganggone mêsthi gêmagus utawa kêmênthus [kêmênthu...]

--- 75 ---

[...s] bangêt, pantêse iya tansah gêdhedhar-gêdhèdhèr nyangking wiron, ngalor ngidul adol bagus, ora kêna thukmis, lageyane têmtune iya mèsêm-mèsêm kaya wong sing arêp angot ayane. Sanajana ora diopahi babar pisan, upamane aku dikon naboki wong kang kaya mêngkono kuwi, iya saguh bae, sêmono kuwi yèn kanane ora malês.

Petruk : Wah, sajake Garèng anggone sêngit kok jêmpol têmênan. Mula nèk didêlêng ana ing pawayangane Radèn Janaka kuwi pancèn mawakake bangêt. Ha, mara, uwong kok ora kêna wêruh thukmis babar pisan, kok banjur: adhuh dhi sayang, adhuh dhi sayang, bae, upamane saiki anaa wong duwe adat kaya Dara Janaka, têmtune ya ora bakal nang donya gênêp sêlapan dina têmênan, nèk ora êndhase digawe sêdhêkah rêbutan pênthung ngalor ngidul, iya dilêbokake hotèl guprêmèn têmênan.

Sêmar : Lho, ora mangkono mungguh karêpe sing anganggit wayang, kabèh-kabèh sing digambar ana ing pawayangan kuwi mung minôngka pasêmon bae. Sajatine mêngku karêp kang apik bangêt lan kang kêna ginawe tuladhan ing wong akèh, kaya ta Harjuna, kuwi saka têtêmbungan hèr = banyu, lan jun = wadhah, dadi karêpe banyu bêning ana ing wadhah.

Garèng : Wiyah, la nèk asale banyu mau saka kalèn sing akèh taocone, apa iya bêning, têmtune rak iya buthêk amblêkatrêk.

Sêmar : Sanajan banyune buthêk kaya ngapa, yèn diwadhahi ing êjun, suwe-suwene iya bisa bêning, amarga kakotorane bisa mênêp. Kang mangkono mau, sabênêre gêgambarane wêwatêkan lan bêbudène Radèn Arjuna, wêwatêkane Radèn Arjuna kuwi: kamot, momot, lan jatmika, bêbudène: mantêp, sêtya lan tumêmên.

Petruk : Ora, Ma, nèk ngêndika bok sing cara Jawa bae, kok banjur bêntholat-bênthalit mêngkono. Bok iya rêtèkna siji-sijine, supaya bisa gamblang.

Sêmar : Lha, kuwi mangkene: sing diarani kamot kuwi karêpe bisa nampani kabèh rêmbug ala lan bêcik. Momot = jêmbar (panggalihane) têgêse: kabèh-kabèh disumurupi. Jatmika = antêng tur ngêmu wêweka, têgêse: antêng ananging tansah prayitna. Mantêp = pikirane ora molah-malih, sêtya = ora maro tingal, karêpe: yèn wis nyambut gawe ana ing sawijining panggonan, iya wis ora gêlêm ngalih ing panggonan liya-liyane manèh. Tumêmên = nêtêpi apa kang dadi kuwajibane. Mara, apa ora jênêng pêngpêngan upamane ana priyayi bisa nindakake kaya wêwatêkane Arjuna kuwi.

Garèng : Lho, Ma, iya pancèn pêngpêngan, mung bae aja kocritakake nyang priyayi liya-liyane, mundhak dipleroki, utawa diènjêpi.

--- 76 ---

Wêwaosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

IV. Dèwi Mênurseta ana ing alas, manggih pangungsèn.

[Mijil]

dhèk samana panase ngluwihi / srêngenge mancorong / mênyang awak sumêlèt rasane / gêgodhongan nganti kaya garing / kêmbange gègrègi / nèng lêmah sumawur //

manuk-manuk padha lèrèn ninis / anèng êpang mencok / padha ngocèh swara pating cruwèt / yèn uwonga kaya nyasmitani / panas ngene iki / bok ya padha ngeyup //

kêmbang-kêmbang sing padha gègrègi / nganti ketok abyor / nadyan alum aruming gandane / isih bisa angrêsêpi ati / samana sang putri / tindake ambacut //

tanpa kèndêl tindake mung rindhik / nganti lingsir kulon / isih têrus ngambah alas bae / ing wusana banjur kraos ngêlih / ing kono sang putri / muwun sênggruk-sênggruk //

nganti bangêt ênggone kêlingsir / kèndêl dhêlog-dhêlog / sarikutan ngusapi êluhe / wise ilang sayahe tumuli / wiwit tindak malih / karo gluyur-gluyur //

suwe-suwe wis nyêdhaki bêngi / srêngengene ngayom / mega-mega ngêmuli gununge / manuk-manuk sing saba wis mulih / ngocèh pating cruwit / arêp mapan turu //

ing wusana tindake sang putri / saya alon-alon / ning wis mêtu saka alas gêdhe / wiwit ngambah dalan rada limit / kang anjog têka ing / èrèng-èrèng gunung //

kono ketok ana omah cilik / nanging isih adoh / pamanggone prênah ana pèrèng / rada ayêm galihe sang putri / banjur dipurugi / lampahe kêsusu //

wise têkan banjur nothok kori / swarane dhog dhog dhog / ananging mung ketok nyênyêt bae / ora ana uwong sing mêtoni / ing kono sang putri / muni kulanuwun //

nanging kono mêksa sêpi mamring / nuli ora srantos / lawang mau banjur dingakake / jêbulane ora dikancingi / sang putri ing galih / sêmu rada gumun //

karo manèh omah mau cilik / yèn wong mlêbu kono / mêsthi sundhul ana ing lawange / yèn ing jêro iya ora pati / ing kono sang putri / banjur blêng malêbu //

saya ngungun galihe sang putri / dene ta ing jêro / wis miranti pêpanganan andhèr / tharik-tharik ditata ing piring / lan sêgane putih / diwadhahi sumbul //

ing sakawit rada grigih-grigih / ing galih kuwatos / arêp dhahar gèk sapa sing duwe / nanging suwe-suwe iya wani / mung dhahar sathithik / diratani kêmput //

wise tutug nuli nyat mriksani / ing sajroning sênthong / kono katon ana paturone / lima padha rêsik tharik-tharik / sang putri anyobi / kabèh padha jujul //

ana siji sing rada nyukupi / nuli munggah alon / saka sayah nuli mapan sare / ora suwe lês sare kêpati / ing sakala lali / lakon sing kêpungkur //

--- 77 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Wontên pawartos, bilih sapunika ing pamulangan calon priyantun ing Bandhung ugi mawi kawulang basa Jawi, saminggu kawulang sajam.

Wontênaning adêgipun slankas ing Purwakêrta, klas 3 tumrap pambayaran tuwin anglintokakên mandhat ing apdhèling Purwakêrta lan Purbalingga, badhe katindakakên ing Purwakêrta, dene ingkang saking Banjarnagara dhatêng kas Banyumas.

Ing bab badhe karampunganing rêmbag, mathuk utawi botênipun tapsir Kuran damêlanipun Maolpi Muhammad Ali, presidhèn Ahmadiyah ing Indhustan, ingkang dipun Malayokakên Tuwan H.O.S. Cakraaminata, benjing malêm Sêtu 27-28 wulan punika badhe dipun wontênakên dhebat manggèn ing gêdhong Islamiyah Surèngjuritan, Pakualaman, Ngayogya. Ingkang kenging dhatêng ngriku namung tiyang ingkang ambêkta sêrat katrangan kadosdene lid wiwit sapunika tiyang sampun sagêd tumbas sêrat wau.

Kawartosakên ing Madura tuwuh sêsakit wit jêruk, saha lajêng kêtingal nular dhatêng Kraksaan tuwin Pujon. Sêsakit wau kêtingal wontên ing klikaning uwit. Dr. Muller ingkang tinanggênah nyirnakakên.

Pakêmpalan Islam Takwimudhin ing Ngayogyakarta ngunjukakên sêrat dhatêng dhirèktur ondêrwis, asuraos nyuwun subsidhi kangge Standaardschool. Manggèn ing kampung Ngupasan, Ngayogyakarta.

Miturut palapuran ing bab bêna bawah apdhèling Cilacap sisih kidul kilèn, jalaran saking lubèring lèpèn Citandhui tuwin Cikawung, kala wulan Dhesèmbêr 1927, adamêl kapitunanipun têtiyang ing dhusun Wanarêja, Madura, Tarisi, Itimuwan, Malabar tuwin Limbangan, kapitunanipun wontên f 10.500, saking risaking tanêman pantun.

Badhe adêging kantor pos enggal ing Madiyun kaborongakên dhawah ing anèmêr partikêlir nama Tuwan Suraji, rêgi f 34.400. Ing têngah-têngahaning wulan punika dipun wiwiti, rampungipun dipun angkah wontên ing wulan Juni 1928, papanipun wontên ing pêkên sêpur. Dene kantor pos lami badhe kangge kantor slankas.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, ing bab ama klapa ing dhusun Bugêl, Kulonpraga, sampun kapriksa ing priyantun lan bao konsulèn, nyata bilih jalaraning ama wau saking rêrêgêd ing sauruting ril pabrik gêndhis Sèwu Galur, amanipun awujud wangwung kados mawi sungu, ulêsipun abrit sêpuh utawi cêmêng. Têtiyang ing ngriku kadhawuhan rêrêsik tuwin nêgor wit kalapa ingkang katrajang ing ama.

Benjing ing tanggal kaping1 Pèbruari ngajêng punika, wanci jam 9 enjing, kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral badhe ngawontênakên odhènsi wontên ing pura Gambir kados adat. Sintên ingkang badhe sowan kêdah ngunjukakên panuwunan dhatêng ajudan dalêm wiwit tanggal 28 wulan punika.

Sêdyatama martosakên, poliklinik Islamiyah ing Ngayogya tampi patêdhan dalêm darma saking sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan f 200.- tuwin saking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara f 100.-

Ing tanggal 13 wulan punika ing dalêm kapatihan Ngayogya dipun wontênakên pakurmatan, ingkang mawi dipun èstrèni ing paduka tuwan residhèn badhe nampèkakên bintang salaka agêng dhatêng Radèn Ngabèi Danudinata, wadana pangrèh praja kitha, tuwin bintang salaka alit dhatêng Radèn Salamun asistèn wadana pulisi kitha.

Golonganing bôngsa Tionghwa pranakan ing Ngayogya, badhe damêl pakêmpalan Indho Tionghwa, nanging botên dhêdhasar pulitik, namung ngrêmbag kabêtahaning golongan kemawon.

Dhèli koran martosakên, nalika kapal Plancius labuh wontên ing Bêlawan, ngandhapakên tiyang komunis, ingkang nyambut damêl wontên ing ngriku dados juru pamulasara. Ing sawatawis môngsa dados pajagèning rêsèrsê.

Pulisi mêntas nyêpêng tiyang nama Somali wontên ing pêkên Ciparai, amargi konangan anggènipun ambalibukakên arta ringgitan tuwin rupiyah palsu. Sarêng kapriksa ngakên bilih anggènipun damêl wontên ing griyanipun piyambak ing Cikampèk. Pulisi têrus galedhah dhatêng ing griyanipun tiyang wau, amanggih butamal jangkêp.

Para murid pamulangan ôngka kalih ing apdhèling Ngayogya sisih kidul, sami darma wisata dhatêng pamulangan tukang ing Lêmpuyangan, murih lare-lare sami nyumêrêpi dhatêng lampahing kagunan.

Up agèn nama Kamu, ingkang numpak motor pit nubruk sadho, ingkang ngantos adamêl tiwasing kusiripun, karampungan ing pangadilan yustisi ing Surabaya, kaukum kunjara 6 wulan.

--- 78 ---

Wadana ing Dhigul, Radèn Sastranagara martosakên dhatêng Bantên Bodhê bilih sapunika kawontênanipun têtiyang komunis ingkang nyambut damêl ing Dhigul, sawêg sami nêngah-nêngahi babad wana tuwin ngêdêgakên griya, punapadene damêl patêgalan. Ugi dalêm pakampungan, margi-margi, tuwin uwod-uwod. Sagêd ugi botên dangu malih ing Dhigul badhe dados dhusun. Para têtiyang komunis anggènipun nyambut damêl kanthi gambiraning manah, satunggal-tunggaling tiyang sami enggal-enggalan rêbatan rumiyin anggènipun ngrampungakên. Hawanipun bêntèr, tuwin sitinipun botên patos sae.

Kawartosakên, tiyang nama Padmasaputra, opsinêr ing pêkên dhusun bawah Garut, nyalingkuhakên arta langkung f 2000.- Sarèhning taksih kulawarga bupati, badhe kapriksa ing yustisi.

Muhamadiyah ing Pasuruan dipun wartosakên badhe ngêdalakên kalawarti wulanan kangge miyarakên agami Islam. Kalawarti wau dipun namakakên Al-Fatechah. Lan malih Al-Noer kalawarti organipun Yong Islami Tênbon, badhe kawêdalakên ing basa Walandi lan Malayu. Sawêg karêmbag kacithak ing Batawi, dipun pandhegani Tuwan Salim.

Ing sabên wontên konggrès sawarnining pakêmpalan pribumi, kados ta: Yong Yapa, Yong Islami Tênbon, utawi Pêmudha Indhonesiah, kawontênanipun kêtingal guyub. Dene ingkang kangge pawicantênan ngangge basa Mlayu. Mila pakêmpalan-pakêmpalan wau sami ihtiyar badhe damêl kursus basa Malayu, makatên ugi ing têmbe sakathahing kalawarti inggih ngangge basa Malayu, kangge basa Indhonesiah.

Wiwit wulan punika para mudha Sumatra ingkang taksih sinau utawi among dagang wontên ing Ngayogya, ngêdalakên kalawarti sawulan mêdal kaping kalih, nama Nibras mawi dhêdhasar Islam, dipun pandhegani Tuwan Makmur Salim, tuwin sanès-sanèsipun. Ing nomêr ingkang sampun mêdal, kêtingal panglawanipun dhatêng Pêrgêrakan Ahmadiyah ing Lahorê.

Jêjaka nama Ramin ing dhusun Ngasinan Ngayogya, sabên dintên padamêlanipun pados gamping dhatêng rêdi sacêlakipun ngriku, pamêndhêtipun sarana ngêsong. Dilalah nalika Ramin sawêg malêbêt lajêng kurugan, amargi sitinipun ing nginggil jugrug jalaran saking êmpuk mêntas kêjawahan. Kônca-kancanipun sami têtulung, nanging Ramin sampun kêlajêng ngajal.

Pamarentah badhe ambikak griya pagantosan wontên ing paresidhenan Palembang, inggih punika: Palembang 1, Muara Ènim 1. Paresidhenan Bêngkulên: Bêngkulên 1, Kapaiyang 1, Curup 1, Muara Aman 1 tuwin Krue 1. Ing Sumatra Wetan apdhèling Sêrdhang 1.

Pambantu Kajawèn ing Purwarêja martosakên: oto bis Purwarêja Kuthaarja tumbukan sami oto, ingkang satunggal sopiripun tiwas, satunggalipun ingkang numpak kathah ingkang kataton. Wontên tiyang èstri ing dhusun Grabag, nandhang tatu, malêbêt ing griya sakit ing Purwarêja. Ingkang jalêr nuwèni, sarêng sumêrêp tatunipun ingkang èstri, sangêt kagèt, sawangsulipun lajêng dados sakit, wusana ngajal. Sarêng ingkang èstri sampun saras, mantuk, wusana sarêng mirêng ingkang jalêr sampun ngajal, lajêng dados sakit lan andadosakên jalaran ing ajalipun.

Ing Madura punika sanadyan botên majêng ing bab têtanèn tuwin nênanêm, nanging ing bab pamiyaran rajakaya majêng sangêt. Miturut pêrslah taunan saking Burg. Veeartsnijkundigen Dienst, ing Madura anggadhahi lêmbu 628,522 mèh saparagangsaling pamiyaran sa-Indhia. Ing taun 1926 ngêdalakên lêmbu saking ngriku 75,058, inggih punika wontên 12½ prêsèn saking pamiyaran sadaya, dene ing taun 1925 wontên 52,264. Ing watês panggenan wêdaling rajakaya wau dipun titi sangêt, tuwin dipun nyatakakên dening B.G.D. wêkasan sagêd nyêgah tuwuhing sêsakit rajakaya.

Wontên pawartos, ing Batawi wontên paguyuban ingkang nêdya adamêl griya pamondhokan kangge para pêrplègêr, badhe dipun lêksanani salêbêtipun taun punika.

Kawartosakên, Tuwan Aoliya Ind Arts, ingkang nindakakên padamêlan ing Pare, sampun dumugi ing Batawi, badhe bidhal anglajêngakên pasinaonipun dhatêng Eropah.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan Mulyadiwarna ing Kuthagêdhe, I ingkang sagêd ambêkta lêngganan 4 punika kêdah sawarni, Panji Pustaka utawi Kajawèn, salah satunggal, II lamining anggènipun lêngganan kêdah sami.

Sawênèhing lêngganan Kajawèn wontên ingkang gadhah panêdha supados ing Kajawèn ngêwrat pêrslah rad kawula. Punika Kajawèn pancèn sampun gadhah sêdya makatên, badhe kawiwitan samôngsa sampun lênggah parêpatan.

Bab Kawontênaning Buku

Rêdhaksi Kajawèn mêntas nampèni buku saking Boekh. S.M. Diwarna, nama Rênggasuyasa. Suraosipun buku wau amarsitakakên rarasipun tiyang amêngku bale griya, mawi sinawung sêkar macapat, rêginipun namung f 0.25 sêrat wau pantês dados waosanipun para neneman. Rêdhaksi Kajawèn matur nuwun.

--- 79 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

6. Rêmbagipun Sêrsan QucikQuick.

Kapitan lajêng wicantên makatên: ananging kula wontên bab ingkang kasupèn, inggih punika kula kapengin, supados rencang kula lami, Sêrsan Quick tumut. Sabab manawi pinuju wontên bêbaya agêng, Sêrsan Quick wau agêng sangêt pigunanipun, punapa malih kula sadaya kêdah migunakakên dhinamit warni-warni. Ing môngka piyambakipun wau mangrêtos sangêt dhatêng bab punika, jalaran nalika dados prajurit, wontên ing bagian ingkang nyêpêng bab punika. Amila manawi panjênêngan kêkalih anyondhongi, kula undangipun lan kula pitakenanipun, punapa piyambakipun purun tumut. Kintên kula Sêrsan Quick wau dèrèng têbih saking ngriki.

Kula lajêng mantuk,manthuk. sabab manawi nitik kawontênanipun kala Sêrsan Quick pasulayan kalihan agèn pulisi prakawis bangke wau, kados kathah gunanipun. Ing sarèhning linggih kula cakêt ing kori, kula ambikakakên kori Kapitan Orme. Sarêng kori wau kabikak, botên ngintên manawi Sêrsan Quick ingkang kala punika kintên-kintên ngadêg sèndhèn ing inêping kori dhawah malêbêt, kados dhawahing rêca kajêng dhawah ing siti.

Kapitan Orme sajak botên kagèt sarta lajêng alok: êlo. Dene Sêrsan Quick lajêng ngadêg anjêjêr kados patraping saradhadhu dhatêng pangagêngipun. Kapitan Orme nuntên pitakèn sêrêng: ana apa kowe ana ing kene: he.

Wangsulanipun Sêrsan Quick: jagi, bandara kapitan, amargi pulisi wau sagêd ugi lajêng gadhah pamanggih liya sarta nuntên wangsul malih. Punapa wontên dhawuh sanès-sanèsipun: bandara.

Wangsulanipun Kapitan Orme: iya, aku sumêdya mênyang tanah Aprikah Têngah, kapan anggonmu sadhiya nuli bisa mangkat.

Sêrsan Quick matur: manawi tindak panjênêngan miyos Egypte pangkatipun baita benjing-enjing sontên. Manawi tindak panjênêngan miyos Tunis benjing Sêtu wanci jam 7.15 kêdah sampun sadhiya wontên ing sêtatsiun Charing Cross, ananging sarèhning panjênêngan badhe ambêkta dhinamit tuwin sanjata kathah, tamtunipun murih gampiling pambêktanipun, inggih badhe ragi dangu anggènipun ngêpak-êpaki barang-barang wau.

Kapitan Orme pitakèn kanthi anjêngèk: kowe wêruh apa ing bab iki: he.

Sêrsan Quick amangsuli: korining griya ingkang sampun kawak makatên punika, nutupipun botên patosa nêtêp. Lan bandara punika (sarwi ngacungi Tuwan Propesor Higgs) kagungan swara ingkang sakalangkung bantas, ngantos sagêd bablas dumugi pundi-pundi. Kula botên sumêdya ngawon-awon dhatêng swara panjênêngan: bandara, amargi swara ingkang cêtha punika satunggiling kanugrahan agêng, samantên punika manawi korinipun nutup lêrês. Kala punika sanadyan polatanipun Sêrsan Quick botên ewah babarpisan, nanging pandiranging mripat ing sangandhaping alis kandêl kêtingal anggêgarap.

Mirêng wincantênipun Sêrsan Quick makatên wau, kula sadaya lajêng sami gumujêng latah, makatên ugi Propesor Higgs.

Kapitan Orme pitakèn: dadi kowe gêlêm milu têmênan. Ananging kowe elinga, yèn kang bakal dilakoni iki ambêbayani bangêt, bisa uga andadèkake tiwasmu.

Sêrsan Quick amangsuli: ing paprangan punika kados-kados inggih ambêbayani. Kala wontên panêmpuhing mêngsah, sadaya sami pêjah, ingkang gêsang namung panjênêngan, kula tuwin matrus satunggal. Nyuwun pangapuntên bandara, sajatosipun bêbaya punika botên wontên, lairing tiyang punika manawi sampun mangsanipun, lan pêjahipun inggih manawi sampun dhawah kalamangsanipun. Dados punapa ingkang badhe katindakakên ing antawising lair lan pêjah wau botên prêlu karêmbag.

Kula lajêng wicantên: hara dêlêngên, aku kabèh pancèn cocog bangêt karo kandhamu kuwi.

Sampun wiwit kala Kangjêng Nabi Suleman, amaringakên punika (makatên aturipun Sêrsan Quick sarana nudingi sêsupenipun narendra putri ing Seba, ingkang gumlethak ing meja) dhatêng tiyang èstri punika, sampun kathah sangêt ingkang nyondhongi dhatêng rêmbag kula wau. Ananging kula nyuwun pangapuntên bandara kapitan, kadospundi pranatanipun balônja kula. Inggih lêrês kula punika botên anggadhahi batih, ananging kula taksih anggadhahi sadhèrèk èstri kalih, ingkang panggêsanganipun gumantung wontên ing kula. Ing môngka pènsiuning saradhadhu punika musnanipun inggih namung kalihan badanipun piyambak. Bandara sampun pisan-pisan amanggalih, yèn kula punika anggadhahana kamelikan.

Wangsulanipun Kapitan Orme: iya bêcik, ananging pira panjalukmu.

--- 80 ---

Sêrsan Quick amangsuli: manawi botên angsal damêl, inggih sabalônja kula ingkang sampun kemawon. Ananging manawi angsal-angsalan, punapa botên kêkathahên saupami kula nyuwun gangsal prêsèn saking gunggunging angsal-angsalanipun wau.

Kula lajêng wicantên: luwih bêcik ditamtokake bae sapuluh prêsèn, amarga Sêrsan Quick bisa uga ilang nyawane, ora beda kaya aku kabèh.

Sêrsan Quick amangsuli: nuwun sangêt: bandara, ananging pamanggih kula, samantên punika kêkathahên, gangsal prêsèn kemawon kula sampun narimah sangêt.

Dados inggih lajêng katamtokakên, bilih Sêrsan Quick badhe pikantuk gangsal prêsèn saking angsal-angsalanipun kaontungan samantên punika manawi kalakuanipun sae saha miturut ing prentah. Sasampunipun Sêrsan Quick lajêng dipun sukani unjuk-unjukan, saha kapurih ngunjuk, minôngka pakurmatan, murih ingkang badhe dipun tindakakên wau sagêda lêstantun kanthi wilujêng, ananging Sêrsan Quick botên purun linggih, bokmanawi jalaran saking kulina adêging saradhadhu.

Sêrsan Quick awicantên: bandara-bandara, punapa sapunika kula kapetang dados warganing paguyuban ingkang ambêbayani ing gangsal prêsènan punika, kaparêng matur sakêdhik.

Panuwunipun Sêrsan Quick wau sanalika kaparêngakên. Sêrsan lajêng nêdha katrangan, sapintên mênggah agênging sela ingkang badhe kajêblosakên.

Kula mangsuli manawi botên sagêd suka katrangan ing bab punika, amargi kula dèrèng nate sumêrêp dhatêng sela-sela wau. Ananging kula inggih mangrêtos, bilih sela punika tamtu agêng sangêt, bokmanawi agêngipun sami kalihan grija.

Sêrsan Quick cariyos makatên: saupami sela wau agêngipun sagrija, tamtunipun nêlasakên kathah. Ingkang kangge ngrisak punika kêdah dhinamit, ananging badhe kawratên saupami kathahipun samantên dipun êwrat ing unta mêdal sagantên wêdhi. Kadospundi mênggahing panjênêngan, bandara kapitan, upami namung ambêkta pirantosipun kemawon, panjênêngan rak inggih taksih èngêt dhatêng pirantosipun andhinamit tiyang bur, ingkang adamêl tiwasing pintên-pintên tiyang, saha tiyang kêkantunanipun sami kados dipun racun.

Kapitan Orme mangsuli: iya, aku isih eling, ananging saiki ana piraning andhinamit kang luwih kuwat manèh, utawa panjêbluge ngrusak-rusakakengrusak-ngrusakake. bangêt, jajal sesuk padha golèk katrangan, sêrsan.

Sêrsan Quick pitakèn: inggih bandara kapitan, ananging sintên ingkang ambayar punika. Awit badhe botên sagêd angsal latu ingkang ambêbayani punika manawi botên kanthi arta. Kula sampun ngetang, bilih rêgining pirantos-pirantos kangge anjêblugakên wau lan sanjata sèkêt saobat-mimisipun, lan sanès-sanèsipun malih ingkang prêlu-prêlu, kados ta unta sapanunggilanipun, punika botên kirang saking 18.000 rupiyah.

Kula nyambêti: kintên kula arta samantên punika kula inggih gadhah, ananging awarni êmas. Sang putri ratuning Abati, anggènipun paring êmas dhatêng kula, kathahipun sakuwawi kula ambêkta.

Kapitan Orme lajêng wicantên: sanadyan kula punika mlarat ananging manawi prêlu, kula inggih sagêd nguruni arta 6000 rupiyah, amila bab arta botên prêlu kamanah panjang. Ingkang dados pitakenan samangke, inggih punika punapa kula sadaya sampun rujuk, anindakakên padamêlan wau ngantos sarampungipun, sanadyan wontêna punapa-punapa kemawon.

Kula sadaya sami amangsuli manawi purun.

Salajêngipun wontên salah satunggal ingkang pitakèn makatên: punapa taksih wontên ingkang badhe gadhah rêmbag malih.

Kula amangsuli: o inggih. Kula kasupèn mitungkas makatên, manawi kula sadaya ing têmbe sagêd dumugi ing kitha Mur, sampun pisan-pisan wontên salah satunggal ingkang kumawani angrêridhu dhatêng Sang Putri Walda Nagasta. Awit manawi salah satunggal wontên ingkang kasupèn ing bab punika, sagêd ugi bôngsa Abati amêjahi dhatêng kula sadaya, amargi Sang Putri Walda Nagasta punika satunggiling wanita ingkang kaaji-aji, kengingipun krama namung kalihan sadhèrèkipun piyambak.

Propesor Higgs wicantên dhatêng kapitan makatên: kowe krungu Olivier, kiraku anggone dhoktêr ngomong mangkono kuwi, sing dikarêpake kowe, jalaran liya-liyane wis kêliwat umure kanggo mangkono kuwi.

Kapitan lajêng wicantên sêmu kalincutan, mula ya bênêr, satêmêne mono, aku dhewe umurku ya wis kêliwat, lan tumrape aku dhewe, panjênênganmu ora prêlu nyamarake aku mungguhing ayune nonah irêng mau.

Sêrsan Quick abêbisik sajak wados: bandara, sampun sok umuk saèstu, sampun sok umuk, awit tiyang èstri punika satunggiling barang ingkang botên kenging katamtokakên, dintên punika kêtingal racun, benjing-enjing kêtingal mabên, namung Pangeran piyambak ingkang nguningani mênggahing sabab-sababipun. Amila panjênêngan sampun umuk, amargi tiyang èstri punika sagêd angapusi panjênêngan, kados ingkang sampun kalampahan ing dintên kala wingi.

Kapitan Orme wicantên sajak amêm makatên: wis mênêng, aja crita anggladrah mangkono, wis undangna kreta bae. Ananging kala punika Propesor Higgs kados kulinanipun ingkang kasar punika, lajêng gumujêng latah. Kula piyambak lajêng anggagas, amargi ing ngajêng kula kados katingal kalanipun sang putri ambikak kêkudhungipun, lan swaranipun rênyah kamirêngan ing kuping kula, têka wontên ing ngriki kaungêlakên nonah cêmêng. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---