Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-18, #54

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-18, #54. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-18, #54. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 02-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 5, 25 Rêjêb Taun Jimakir 1858, 18 Januari 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [81] ---

Ăngka 5, 25 Rêjêb Taun Jimakir 1858, 18 Januari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing talaga Tobah

[Grafik]

Sawangan ing nginggil punika araos gêsang, lampahing toya ingkang nyêmpyok dhatêng ing dharatan, kêtingal kados wêwironing gubah, ingkang ebah dening kêtêmpuh ing ambêgan ririh.

--- 82 ---

Raos Jawi

Êndêm

Êndêm. Mênggahing êndêming candu, punika kenging dipun wastani sampun sanès êndêm, nama pangawak risak, awit ingkang sampun gadhah pakarêman satunggal punika, sagêdipun nguwalakên rêkaos sangêt. Bêbasanipun tiyang ingkang kados makatên punika sampun botên sagêd bênggang sanyari kalihan kêkasihipun, tansah lèyèh-lèyèh wontên ing patilêman, angumbar gagasanipun ingkang ngêlangut, nanging ngêlanguting gagasan wau namung nglêmpara buyar botên kantên-kantênan. Ingkang kados makatên wau dipun anggêp kamuktèn agêng, sagêd ngeka-eka gagasan, ing bab raosing kaswargan.

[Grafik]

Ngalanguting gagasan muluk dumugi suwarga.

Tiyang ingkang sampun nama sês (nyêrèt) adat lajêng ical dugi-duginipun, dipun kirangi botên purun, nanging manawi dipun indhaki saya majêng, dados apêsipun dhawah ajêg. Wataking tiyang makatên punika sagêd ngeka-eka basa, sagêd nyăndra bilih tiyang sês punika gadhah watêk, wanara, diyu, kul. Wanara punika kêthèk, têgêsipun sugih akal, kadospundi marginipun angsal bêtah. Manawi sampun kacêpêng bêtahipun, lajêng kêdunungan ambêging diyu, inggih punika danawa, punapa-punapa sarwa kêdugi. Wusana sasampuning kêraos mêndêm, lajêng anjintêl kados kul, inggih punika keyong, tanpa gadhah kêlik. Nanging watak tigang prakawis wau botên wontên damêlipun sadaya.

Sapunika kadospundi marginipun murih tiyang ingkang mêndêm candu ingkang tansah nglandêng punika sagêd suda, pintên banggi ical babar pisan, punika tansah dados pamanahan panjang, ingkang sayogi namung dipun pasrahakên dhatêng ingkang nglampahi, têtimbang salêbêtipun mêndêm kangge angraosakên pikiran ingkang ngămbra-ămbra, aluwung kangge angraosna dhatêng kawontênaning lêlampahanipun, manawi sagêd dados eling, punika sampun nama pitulung.

Êndêming madon. Punika sajatosipun sawênèhing pangrisak ingkang kiyat sangêt dayanipun, tiyang manawi sampun kataman ing bab punika, angèl sangêt pêdhot-pêdhotipun, awit botên mawang anèm sêpuh, niyatipun inggih taksih ajêg kemawon, namung limrahipun manawi [mana...]

--- 83 ---

[...wi] sampun sêpuh lajêng ngunduri. Nanging botên kirang tiyang ingkang sampun sêpuh taksih nindakakên êndêm wau, namung kemawon anggènipun damêl sasab tatakrama kathah. Dados cêkakipun icaling êndêm wau namung wontên kêncênging manah.

Êndêming maling. Punika sajatosipun anèh, pundi wontên maling angêndêmi, sabên maling inggih awon. Punika pancèn nyata, sabên tiyang sampun mastani makatên. Nanging prayogi ngèngêtana, sayêktosipun ingkang nama pandung punika tindak paracidra, dados samukawis tindak cidra punika inggih botên sae, mila sanadyan botên dipun wastani, kados tiyang sampun sumêrêp piyambak dhatêng ingkang dipun wastani paracidra, lan tindak wau manawi dados pakulinan, têgêsipun inggih dados êndêm, mila prayogi dipun atos-atos.

Sayêktosipun êndêm sadaya wau nama êndêm ingkang taksih kasatmata, punika gênah pinanggih dumukanipun ingkang dados jalaraning êndêmipun, taksih gampil anggènipun damêl sarana ingkang kangge panulakipun, sanadyan botên tumama, nanging mêksa sagêd ngêcakakên.

Sapunika wontên êndêm malih, inggih punika êndêming: kadrajatan, kasugihan, tuwin kawibawan. Êndêm tigang prakawis wau angèl sangêt dumuk-dumukanipun, nanging ingkang nglampahi angglêlêng mêndêm ajêg-ajêgan. Dene icaling êndêmipun wau namung manawi tiyangipun sampun koncatan ing bab tigang prakawis wau. Wontênipun angèl icalipun, awit sajatosipun ingkang kataman ing êndêm ngakal budinipun, mila ingkang nglampahi inggih botên ngrumaosi, cêthanipun namung saking panyawanging liyan.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih ngrêksa kasarasan punika ugi atêgês ngrêksa jiwa, dados wajib rinêksa sangêt.

Ing wusada[1] sakathahing êndêm wau pinuji murih anêbihi dhatêng kula sadaya, manawi kalampahtan[2] makatên, tamtu manggih kasarasan ing lair batosipun.

Pawartos saking Adminstrasi

Ing Kajawèn nomêr 3, wontên wangsulan sêrat dhatêng langganan nomêr 419 ing: Sêmarang. Punika lêpat: lêrêsipun: ing Sêmarang, (Madiun).

Langganan nomêr 2992 ing Tugu (Purwaasri). Adrès sampun kawêwahan: Kêdhiri. Dhuplikat kakintun.

Kajawèn nomêr 1-2 saha 3 taun punika, sampun têlas, para langganan enggal botên sagêd tampi. Kawuningana saha sampun andadosakên cuwaning panggalih.

Bale Pustaka.

--- 84 ---

Cariyos Sajawining Tanah Jawi

Badhud Gambar Idhup ingkang Kasuwur

Candhakipun Kajawèn ăngka 4.

Biyungipun botên angsal padamêlan ing griya kumidhi malih amila lajêng kêpêksa bêrah mênjait. Ewasamantên Charlie taksih kêncêng sêdyanipun, badhe dados tukang main tonil, sarêng umuripun sampun 16 taun, Charlie tumut dados tonil bison, inggih punika satunggiling tongtonan, ingkang para tukangipun main sami botên wicantênan, dados bokmanawi saèmpêr kalihan wayang Sundha. Ananging botên mawi kacariyosakên dening dhalang, pawicantênanipun namung sarana sasmita sasolahing badan utawi tangan, tongtonan wau tansah midêr dhatêng tanah Amerikah tuwin Eropah. Anuju satunggiling dintên kala Charlie wontên ing kitha Paris, nonton gambar idhup ingkang cariyosipun anggumujêngakên. Awit punika Charlie Chaplin lajêng angudi sangêt sagêd tumut main wontên ing gambar idhup.

[Grafik]

Charlie Chaplin nuju main nguwod dhadhung

Ing kala wau sampun kacariyosakên, bilih Charlie Chaplin sasampunipun ningali gambar idhup wontên ing kitha [ki...]

--- 85 ---

[...tha] Paris, lajêng kêpengin sangêt sumêdya tumut main gambar idhup. Saking kêncênging sêdyanipun, ing taun 1910 Charlie Chaplin nuntên pangkat dhatêng tanah Amerikah. Kala punika Charlie botên sumêrêp babarpisan kadospundi pandamêlipun gambar ing gambar idhup, makatên ugi piyambakipun gadhah pangintên, bilih main ing gambar idhup punika, botên beda kalihan main kumidhi limrah, ing sarèhning kala punika Charlie kapêksa kêdah wangsul dhatêng tanah Eropah, dados inggih lajêng botên sagêd enggal-enggal anuruti punapa ingkang dados idham-idhamanipun. Sadangunipun Charlie wontên ing Eropah, sumêrêp tiyang agêng inggil ingkang solah-tingkahipun sajak anggumujêngakên, inggih tiyang ingkang agêng inggil wau, ingkang salajêngipun tansah katiru dening Charlie Chaplin manawi kalêrês main ing gambar idhup.

[Grafik]

Charlie Chaplin ambadhud kalihan lare.

Sadumuginipun ing tanah Amerikah malih, Charlie Chaplin sagêd angsal padamêlan wontên ing maskape gambar idhup. Ing sakawit namung main gambar ingkang lucu-lucu saha ingkang cêlak-cêlak, saha gambar-gambar wau botên gadhah pikajêng punapa-punapa, ngêmungakên lêlucon kemawon. Danguning dangu Charlie anggadhahi gagasan badhe adamêl gambar, ingkang cariyosipun botên ngêmungakên dhawah lucu kemawon, ananging mêngku pikajêng ingkang utami, saha ingkang kenging kangge tuladan ing têtiyang kathah. Ing sarèhning Charlie Chaplin punika sampun nate anglampahi kamlaratan, punapa malih purun migatosakên dhatêng kawontênanipun panggêsanganing tiyang, amila tumrap piyambakipun inggih botên patos angèl ngupados cacriyosan-cacriyosan ingkang angêrês-êrêsi manah anangning mawi dipun bumboni lêlucon, dados para ingkang sami mriksani dhatêng cariyosing gambar wau, inggih sami gumujêng rame ningali tandang tingkahipun Charlie Chaplin wontên ing ngriku, ewadene manahipun rumaos tumut belasungkawa dhatêng lampahanipun Charlie ingkang kagambar saklangkung nlăngsa wau. Charlie Chaplin punika sanajan tiyang kumidhi, botên kenging dipun wastani mata dhuwitên, bokmanawi inggih jalaran wêwatêkanipun ingkang makatên wau, sabab-sababipun Charlie Chaplin namanipun sagêd kasuwur ing saindênging jagad, inggih

--- 86 ---

punika botên manah dhatêng epahan kathah, ingkang kaprêlokakên rumiyin janji gambar ingkang dipun damêl wau sagêd sae sarta sagêd amranani dhatêng para ingkang sami ningali. Contonipun:

Salah satunggiling maskape gambar idhup ing Amerikah aprajangji dhatêng Charlie Chaplin sumêdya suka epahan 1 yuta rupiyah, manawi piyambakipun sagah main ing gambar cacahipun 8 iji sarta salêbêtipun 18 wulan rampung. Ananging rampungipun gambar 8 wau botên salêbêtipun 18 wulan, malah ngantos 5 taun. Dados kala punika Charlie botên angèngêti wêkdal ingkang kabucal, punapa malih botên angèngêti dhatêng sudaning pamêdalipun arta. Ingkang dipun pêndêng ngêmungakên saening gambar ing têmbe. Asring sangêt lêlampahan satunggal punika kagambar ngantos kaping 30 utawi langkung. Pungkasanipun ingkang kapilih namung gambar satunggal, pintên kemawon arta ingkang kabucal tanpa guna, para maos têmtunipun sagêd amanggalih piyambak. Ananging sarêng gambar 8 kasbut nginggil wau rampung, namanipun Charlie Chaplin ing donya gambar idhup inggih saya mindhak kasuwur, antawis gambar-gambar 8 wau, ingkang pantês kacariyosakên ing ngriki inggih punika: cariyos gêsang nyara sagawon, cariyos kêkesahan sadintên, lan cariyos lare ingkang lucu.

[Grafik]

Charlie Chaplin nuju mlampah-mlampah.

Sintên ingkang mriksani gambar idhup ingkang nyariyosakên: gêsang nyara sagawon, lan nguningani patrapipun Charlie Chaplin main dados satunggiling tiyang ingkang kasangsaran, ingkang sadintên-dintên tansah dipun siya-siya ing sasamining tumitah, ngêmungakên sagawonipun piyambak ingkang taksih sêtya saha rêmên dhatêng badanipun, têmtu sami gumujêng tanpa kèndêl jalaran saking solah-tingkahipun Charlie ingkang pancèn anggumujêngakên wau, ananging gumujêngipun wau kaworan ing wêlas, amargi ing ngriku Charlie sagêd amitongtonakên nalangsaning gêsangipun tiyang miskin. Inggih kasagêdan ingkang makatên punika ingkang sagêd mitongtonakên sangsaranipun tiyang mlarad, ananging mawi dipun bumboni lêlucon, ingkang anjalari Charlie Chaplin dipun rêmêni ing tiyang, ing saindênging bawana ingkang sami karêm dhatêng gambar idhup.

Pitêpanganipun Charlie Chaplin sami nyariyosakên bilih Charlie punika satunggiling tiyang ingkang landhêp pikiranipun, ahli dhatêng musik, rêmên dhatêng wêwaosan, tuwin rêmên ngudi dhatêng kawruh. Ananging wontên kalamangsanipun, Charlie wau ujug-ujug nandhang prihtos,[3] asring sangêt lajêng sok wicantên makatên: kadospundi susah lan kirang sênênging manah kula, punika kula botên sagêd ngaturakên, dene kula sabên dintênipun kêdah ambadhud amargi kapêksa dening padamêlan kula.

Makatên mênggah dêdongenganipun Charlie Chaplin satunggiling badhud ing gambar idhup ingkang kasuwur.

--- 87 ---

Panglipur Èwêding Manah

[Pocung]

kongsi bingung rinaras lir bapak pucung | ciptaning manungsa | dènnya anggung tanpa uwis | kang winawas ing wose tanpa wusana ||

duk ing timur mung marêm saking pangimur | ing kalaning beka | kamurkane têmah kêndhih | kandhuhaning tyas kandhêg tan sapiraa ||

wusing pupul kang kaanan mung mrih kiwul | yèn ta kawawaa | bumi langit dèn dhèwèki | mrih kawasa misesani isinira ||

pan ing ngriku wus aran tumindak laku | lir tataning lumrah | tinrapan tatèng palupi | supayantuk mapaning têpa tuladha ||

nulya antuk wêwulang sarwa pakantuk | saking yayah rena | myang guru kang nênuntuni | wèh pituduh dêdalan maring kotaman ||

tanpa limut panranging ulah panggilut | ring tuntunan tama | mrih tuman tumanêm ati | têmah tuwuh tumitah aran diwasa ||

wusing kukuh ciptanira saya bakuh | akêngkêng kaduga | kêdayan rosaning ati | rumasa wus longgar anèng pangumbaran ||

lan wus wêruh kang aran ala pakewuh | nanging datan wêgah | miyagah sarwa kadugi | dening mèngêt mapan pangawikanira ||

marmanipun sanggyaning janma kalamun | wus aran diwasa | wawasane tan nguwisi | aran mapan nèng madyaning paramean ||

kang ginilut anggung tuwuh angêlangut | pan kono katêkan | cobaning lyan kang ngacaki | nêdya caruk mrih papan sakecanira ||

awit ngriku tatanira kang kêlaku | tanpa pilih janma | sêdyane kumudu luwih | singa unggul kalok kaluwihanira ||

saya limut kanthi karosan anggrêgut | rêbutan kuwasa | tanpantuk marêming ati | nadyan tutug katêkana durung trima ||

kang dyèku wus aran lumrahing laku |[4] samya linakonan | ing sapêpadhaning janmi | kang ngênggoni marang wataking taruna ||

lumuh luput amung bênêr kang dèn gilut | măngka kaluputan | anggung mêmulêt salami | kang kadyèku tarlèn mung saking kalepyan ||

yèn ta emut mokal kongsia kalimput | awit uga ana | cipta kang bangkit ngakoni | mring sanggyaning bênêr luputing lêlakyan ||

nanging tuhu kaanan mangkono mau | yêkti tansah beda | kadi lingsiring hyang rawi | yèn wus glewang kawangwang ing asrêpira ||

nulya tuwuh cipta sarasaning sêpuh | angga tan kuwawa | mung kari rosaning ati | timah[5] ngrasa tuwuh panarimanira ||

nanging durung antuk pamarêm kang rampung | mung salin pangrasa | mêmikir doning dumadi | kadiparan têmbe ing wusananira ||

dyan anggayuh maring sampurnèng tumuwuh | mung anggung anggagas | dènnya wus cakêt lan pati | dyan ingantêp marême ngrasa kêtêkan ||

mung kang èstu antêpira durung tamtu | awit duk katêkan | kang malaekat Mingkail | yèn parênga pan maksih nyuwun samaya ||

yêkti ewuh janma kang ngudi pangawruh | kang murih sakeca | linakon kalaning urip | ngana-ngene mung sarwa nêmu rubeda ||

yogyanipun amrih kalêganing kayun | wus aja ngrêrasa | mundhak tiwas ngrusak pikir | luhung ngudi salamêting lakunira ||

--- 88 ---

Kawontênanipun Tanah dalah Têtiyangipun

Brêkating siti pradikan saking barkahing tiyang linangkung.

Siti pradikan punika têgêsipun siti ingkang dipun mardikakakên botên kakengingakên ing paos, tuwin têtiyangipun linêpatakên ing padamêlan gugur gunung pakaryaning nagari. Wontênipun makatên punika awit siti wau ing kinanipun pancèn asli dados ganjaran dhatêng sawênèhing tiyang, saking panjênêngan nata, jalaran saking katarimah. Ing salajêngipun, sarêng tiyang ingkang tampi ganjaran wau ngajal, siti wau limrahipun lajêng lêstantun dipun darbèni dhatêng turunipun ingkang sampun botên wontên. Utawi wontên malih siti pradikan punika kangge pêpundhèn inganggêp suci, dening ing ngriku wontên pasareanipun para agung Jawi, para misuwur tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Pasareanipun Kyai Agêng Pandnanarang ing Têmbayat Surakarta.

Tumrap ing tanah Jawi, siti ingkang kados makatên wau kathah sangêt, sapriki tata caranipun taksih lêstantun kados kala jaman samantên. Tumrap ingkang asli ganjaran, kêtingal bilih mardikanipun tiyang ing ngriku jalaran saking barkahing para lêluhuripun. Dene ingkang asli siti suci, inggih punika ingkang isi pasarean, têtiyangipun ingkang sami rumêksa ing ngriku sadaya kêtingal sangêt anggènipun tumêmên, tuwin ngrumaosi bilih panggêsanganipun punika jalaran saking brêkahipun ingkang dipun rêksa.

Mênggah ing Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta, têtiyang rumêksa pasarean ingkang ingaji-aji, punika pinangkat abdi dalêm, têgêsipun abdining ratu, sami angsal têdha ingkang nyêkapi, saha têtiyangipun lajêng dipun wastani abdi dalêm pradikan.

Wontênipun pinundhi-pundi makatên wau, mirid nalar-nalaripun jalaran tuwuh saking sabab kalih prakawis, sapisan jalaran angluhurakên adhatêng tabêting kaluhuranipun, [kaluhur...]

--- 89 ---

[...anipun,] kaping kalihipun jalaran saking ngèngêti dhatêng lêluhur ingkang nurunakên. Dados manawi ngatên tiyang punika tansah wajib angèngêti dhatêng kautamèn tuwin èngêt dhatêng ingkang andarahakên, awit tiyang ingkang èngêt makatên punika, pikiranipun badhe botên kêgodha mrika-mrika.

[Grafik]

Abdi pradikan ngadêg ing gapura pasarean ing Bayat.

Kawontênaning siti pradikan ing tanah gupêrmenan ingkang katingal, kados ta: dhusun Panêrusan Wetan, bawah Banyumas, pêparing dalêm nata ing Surakarta dhatêng Nyai Samsudin, minăngka ganjaran anggènipun sagêd maluyakakên gêrahing garwa dalêm. Dhusun Brêngkok, ugi Banyumas, kaganjarakên dhatêng Kaji Musa, kêtrimah anggènipun apal Kuran. Dhusun Sêwulan, bawah Madiun, asli ganjaran saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana I dhatêng guru Kyai Mukhamad Santri. Dhusun Karanggêbang, Panaraga, ingkang rumiyin dados kancing gêlung putri dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV ing Surakarta, ingkang katarimakakên dhatêng Kyai Kasan Bêsari, ing Têgalsari, tuwin sanès-sanèsipun.

Mênggah pradikan, kala ing jaman rumiyin wontên ingkang mawi angsal nawala kêkancingan saking panjênêngan nata, têdhakanipun kados ing ngandhap punika :

Pèngêt. Nawalaningsun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngadurrahman Sayidin Panatagama, ingsun gadhuhakên marang anake bok răndha Pamênang kang aran Ki Sabariman, marmane ingsun gadhuhi nawalaningsun Ki Sabariman, dene ingsun gawe kawulaningsun wong paprêdikan ing Pamênang, lan ingsun alihakên namaningsun aran, jênêngakên Ki Pamêning. Amadanaa marang puhingtraningsun[6] Ki Adipati Anom, sarta ingsun patêdhani kagungan ingsun desa ing Pamênang sakabone cacahe sawah gawene wong 16.

Iku dèn sănggaa ing sagawe-gawene, sarta ing salaladène wong paprêdikan, aja ngowah kaya adate kang uwis kalakon kang dhingin-dhingin, anadene lêbune ing sabên-sabên sasi Mulud iku ajujuga marang ing putraningsun Ki Adipati Anom, iku pacuhan-pacuhan, Bok Pamênang pêpacak ingsun marang ing sira-sira[7] ingsun gawe kawulaningsun [kawulaningsu...]

--- 90 ---

[...n] wong paprêdikan iku dèn anêtêpi ing sapagaweanira wong paprêdikan, sarta dèn bisa anggêmahake desa, angenaki atining wong cilik, aja sira agawe rusaking wong cilik. Têka kongsi sira agawe rusaking desa atawa rusaking wong cilik, amêsthi yèn sira anêmu bilai, iku pacuhan-pacuhan sakèhe kawulaningsun padha sira angèstokêna ing saunine nawalaningsun kang sun gadhuhakên maring Bok Pamênang, taha yèn tan angèstokêna, atanapi yènna maido kaplaksanaa ing sakèhe para nayakaningsun ana ing alun-alun ingsun ing Surakarta Adiningrat, sarta konjuka ing sampeyaningsun.

Titi.

Kala dhawuh pangandika dalêm ing dintên Jumuwah tanggal ping songalêkur[8] sasi Rêjêp ing taun Êje angkaning warsa 1710.

Miturut nawala ing nginggil punika, têrang bilih kawontênaning pradikan punika gêgayutan kalihan praja. Têgêsipun ing sakawit botên tuwuh saking kajêngipun tiyang alit.

Dene tumrapipun ing wêwêngkon karajan Jawi, pancèn taksih tumindak sapriki, kawontênaning nama pradikan malah dados pangkating padamêlanipun, kados ta ing Bayat, Kajoran, ing Janti tuwin sanès-sanèsipun.

Amangsuli ing bab kajênging cirinipun karangan punika, dados têrang bilih brêkahing tiyang linangkung ing budi punika tansah langgêng ing salami-laminipun, dados saening lêlabêtan, punika tanpa ical ucapipun, sanadyan namung kantun tilas, tiyang tansah ngèngêti tuwin nuwèni, lan ingkang makatên wau sanadyan ing sabrèbètan araos gugon tuhon, nanging lugunipun botên, yêktosipun namung jalaran saking angèngêti bilih tabêting kautamèn punika tansah lumèngkèt.

Kosokwangsulipun tiyang ingkang nalika gêsangipun gadhah tindak awon, kuburipun inggih tanpa tilas, kados ta: sawênèhing dhusun sakidul kawadanan Karangbinangun, Grêsik, nama dhusun Windon wontên pasareanipun băngsa luhur kina, mèh ing sabên tiyang tamtu sumêrêp dhatêng labêt lêlampahanipun kang sumare ing nalika sugêngipun, inggih punika Patih Logêndèr, warăngka nata Kênya ing Majapait. Punika kawontênanipun pasarean ing ngriku anjêmbrung kados wana. Wontênipun kados makatên, tamtu jalaran kala rumiyin gadhah tindak botên sae, katranganipun kados ingkang kasêbut ing Sêrat Damarwulan, Kyai Patih Logêndèr tansah damêl piawon dhatêng Radèn Damarwulan tanpa kèndêl. Tuwuhing pandamêl awon wau lajêng anumusi, kuburipun kemawon dipun srêtu ing tiyang.

Dhuh para neneman, èngêta dhatêng lêlabêtan utami.

--- 91 ---

Tuwan Dhoktêr Cipta Mangunkusuma Bidhal dhatêng Bandhah

Kados para maos taksih èngêt, bilih Tuwan Dhoktêr Cipta Mangunkusuma kasingkirakên dhatêng Bandhah, bidhalipun saking Bandhung dhatêng Surabaya numpak sêpur èsprès, sarta salajêngipun saking Surabaya dhatêngipun Bandhah numpak kapal Van den Bosch.

Lampahipun tuwan dhoktêr wau kawartosakên wontên ing sêrat-sêrat kabar kados ing ngandhap punika:

Bidhalipun Tuwan Dhoktêr Cipta saking Bandhung sakalihan tuwin putra-putra kapenakanipun. Sadumugining Surabaya Gubêng, pulisi ingkang ngêtêrakên lajêng masrahakên dhatêng pulisi ingkang mêthuk ing ngriku. Nalika wontên ing sêtatsiun Bandhung dipun untapakên ing têtiyang nasionalis, dene sarêng dumugi ing Surabaya Gubêng dipun pêthuk dening para panuntuning pêrgêrakan pribumi, ing ngriku wontên Tuwan Dhoktêr Sutama, Tuwan Suyana tuwin Tuwan Santosa. Tuwan Dhoktêr Cipta wontên ing Surabaya nyipêng ing hotèl Piktoriyah.

[Grafik]

Dr. Cipta Mangunkusuma

Enjingipun nalika bidhal dhatêng kapal Van den Bosch dipun êtêr ing para mitra kuwanuhanipun. Studi klub Surabaya ngintuni sêkar karangan. Tuwan Dhoktêr Cipta kêtingal sênêng ing galih, kinupêng ing têtiyang kintên-kintên wontên kalih dasa, ngantos dumugi wanci bidhaling kapal, wusana sadaya wau sami sêsalaman tuwin ngucap wilujêng ing lampah, tuwin sadaya sami ngadêg wontên ing dharatan ngêntosi angakting kapal.

Wêwakiling Indhisê koran sagêd rêrêmbagan kalihan Tuwan Dhoktêr Cipta sakêdhap. Cariyosing Indhisê koran: panjênênganipun kêtingal têntrêm ing panggalih tuwin ing sêmu kagungan pangajêng-ajêng badhe tumuntên sagêd wangsul kondur dhatêng tanah Jawi. Dhatêng ing pamarentah, panjênênganipun botên kagungan sak ing galih. Pamarentah namung anindakakên punapa ingkang kêdah dipun tindakakên. Tuwan Cipta ngandika: kula nglilani dhatêng panjênêngan nêrangakên atas nama kula, bilih kawontênanipun gupêrmèn kalihan kula, tindakipun sae. Pangajêng-ajêng kula, katrangan kula ingkang makatên wau wontêna pigunanipun.

Makatên ugi tindaking pulisi saking Bandhung dumugi Surabaya, ugi sangêt andadosakên sênênging galihipun Dhoktêr Cipta. Ngandikanipun: botên wontên tindaking pulisi ingkang botên dados sarjuning manah kula. Lan malih kalih-kalihipun namung ngawontênakên sarwa prayogi, mila inggih botên wontên bab punapa-punapa ingkang pinanggih botên nyênêngakên manah.

Ing bab badhe wontênipun ing Bandhah, Dhoktêr Cipta

--- 92 ---

badhe nindakakên padamêlan punapa, ing sapunika dèrèng sagêd nyariyosakên. Wontênipun ing ngrika panjênênganipun badhe nyawang-nyawang rumiyin. sasampunipun makatên niyat badhe nindakakên kadhoktêranipun.

[Grafik]

Têluk palabuhan ing Bandhah.

Wêkasaning pangandikanipun Dhoktêr Cipta: pangajêng-ajêng kula, ing têmbe dhatênga wancinipun, tiyang manggih katrangan ingkang langkung cêtha ing bab pandamêlan kula, inggih punika ing bab pandamêl ingkang anjalari kula dipun singkirakên punika. Ananging kula ambali sapisan êngkas: miturut kawontênanipun ing sapunika, sampun mêsthinipun pamarentah kagungan tindak makatên.

Wakiling Indhisê koran tumuntên tabikan. Kapal Van den Bosch lajêng bidhal saking Surabaya nuju dhatêng Bandhah.

Sambêt kalihan bidhalipun Tuwan Dhoktêr Cipta, Phajar Asiyah cariyos makatên: padununganipun Dhoktêr Cipta ing Bandhah wau, miturut sêsêrêpan kula, sanès padunungan ingkang adamêl kasusahan, awit kajawi hawanipun sae, ing sakubêngipun ngriku inggih kathah băngsa Jawi.

Buku wêdalan Bale Pustaka Serie No. 405 kesah layaran dhatêng Pulo Papuah, ingkang rinêngga ing gambar, ugi nyariyosakên kawontênanipun ing Bandhah makatên... Pulo Bandhah punika sanadyan alit, nanging pabandaranipun sakalangkung agêng...

--- 93 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng, lan Petruk

Bab Wêwatêkanipun Tiyang Nyambutdamêl

(Candhakipun Kajawèn ăngka 4)

Sêmar : Kaya-kaya anggonku nyritakake mungguhing wêwatêkane Nakula Sadewa, lan Arjuna, wis gamblang, saiki tak wiwitane ngandharake wêwatêkane Radèn Bratasena.

Garèng : Wiyah, nèk kanggone jaman saiki, sanadyan ta jarene saiki kiyi diunèkake jaman: sama rasa sama rata, ananging yèn ora duwe unggah-ungguh, ora wêruh tata, ora bisa dhodhok kaya Radèn Bratasena, têmtune sanadyan laire ora diaru-biru ing wong, ananging batine rak iya digrundêli sasayahira, kaya ta: endah-endah wong buda ora ngrêti tata, êndhase salegêr, rumasane putrane sing madhêp ngetan. Hara, apa kuwi kêpenak arane. Măngka jarene, wong kuwi nèk arêp kajèn, kudu ngajèni ing liyan. Amara, apa Radèn Brantasena kuwi gêlêm ngajèni ing liyan, rak iya ora.

[Grafik]

Petruk : Ana paribasan Walănda kang unine mangkene: sapa sing ora wêgah tansah nyêkêli topine ing tangane, saparan-paran iya ora bakal kapiran. Dadi têgêse: wong kuwi yèn ora wêgah tansah awèh urmat ing liyan, wis mêsthi iya bakal kapenak, cêkake wong kuwi dadi kudu sing andhap asor. Ing măngka Bratasena ki bangsane bêngkauk, moh basa nyang padhane manusa, sapa-sapa iya arêp dijawadipa, yak, nèk aku iya ora yaok.

Sêmar : Lho, kowe aja kliru tămpa: Garèng utawa Petruk. Anggone Radèn Bratasena digambar ora bisa dhodhok lan ora bisa basa, kuwi karêpe sing nganggit wayang, arêp mratelakake, yèn sawiji-wijining wong kang bênêr lakune, ora prêlu duwe wêdi karo sapadhane, awit kabèh-kabeh mau rak sapadhane titah, dadi karêpe: kabèh uwong, iya băngsaa luhur utawa băngsa cilik, kuwi bisa unggul, bisa asor, bisa sugih, bisa mlarat, bisa mulya, bisa nistha, lan sapadhane. Dadi yèn kowe têmênan ora duwe kaluputan apa-apa, cêkake lakune atimu bênêr, dadi iya ora prêlu wêdi karo sapadhane manusa.

Garèng : Ma, sing diarani laku bênêr kuwi kêpriye, ta, kaya-kaya sabên dina atiku iya tansah tak jaga, supaya lakuku bisa bênêr, kaya ta: nèk pitike tanggane kabênêr lagi saba, ora-orane bakal tak bêdhog, manawa kira-kirane sing duwe bakal wêruh.

Sêmar : Lêlakonmu sing mêngkono kuwi ora

--- 94 ---

beda karo lêlakone santri sing sêmbahyang nèk kêtunggon kyaine, nèk kyaine kabênêr ora ana, jarene le sêmbahyang pêrlop dhisik. Dene sing diarani laku bênêr, ya kuwi: nglakoni kautaman kang kanthi lair batin, ora gêlêm gawe saksêriking liyan, nêtêpi marang kuwajibane, gêlêm anjaga kasangsarane liyan, sênêng têtulung, lan isih akèh manèh batire, cêkake sakabèhing panggawe kang dilakoni, kuwi utama tur anggone nindakake kanthi sasungguh-sungguhnya dhêngên rela hati. Dadi nèk kowe duwe pikiran sama rasa sama rata, ananging atimu isih pating pringkil kaya têmêndhil, iya ora bakal bênêr, lan ing têmbe burine iya bisa nêmu sangsara. La kêpriye, bocah nonoman saiki kiyi, nèk pangkate isih cilik, karêpe banjur arêp: nyamarata, ananging nèk pangkate gêdhe sathithik, samăngsa ana uwong rada kurang anggone ngajèni bae, sanalika kono banjur brigah-brigih, utawa klecam-klècême banjur rada kêtuwan, aliyas gêrah thinthile. Ambalèni rêmbuge Si Petruk anggone ngèmbèt-èmbèt Jawadipa, sajake kok kaya wong sing wis tau kêcêngklak, anggone ora dhêmên nyang Jawadipa têka anjlêgabit, la wong anèh karêpe Petruk kuwi, karo pandhuwurane karepe anjawadipa, barêng dijawadipa dening uwong sing dianggêp sangisore, banjur bêgita-bêgitu, utawa manèh banjur dadakan ora dhêmên karo Jawadipa. Mulane kok iya bênêr karêpe paribasan Walănda, kang unine mangkene: samubarang kang kowe ora kêduga nyandhang, aja ko tumrapake nyang wong liya.

Garèng : Wadhuh, kathik ngêtokake paribasan Walănda barang, anggonmu nuture[9] nèng ngêndi, Ma, lan kapriye karêpe.

Sêmar : E, aja dikira dumèh wis kaplak, nèk cara Walănda bae sa ik, rong ik, utawa sapêrdhom rong pêrdhom, iya ngrêti. Mungguh karêpe bêbasan dhuwur mau, gampange mangkene: yèn kowe ora sênêng diala-ala ing liyan, iya aja sok ngala-ala ing wong. Amara, anggonmu le sok dahwèn kuwi bok marenana, ana wong liwat cêkokane cilik bae sanalika banjur muni: cêkokane kathik munthil-munthil kaya blênyik. Wis gêlêm mêmoyok, mung diunèkake wêtênge nonong bae, banjur arêp nglêthak.

Garèng : Hara, Rama kuwi, wong arêp nyritakake bab wêwatakane Radèn Bratasena têka banjur adoh parane.

Petruk : Ora, Rèng, upama ora ko elingake, aku wani totohan plothotan wudun, tibaning ngênggon Rama ki rak banjur ngomongake, nèk ora ngêmungake jago thok sing bisa kluruk, sanajan dèngkèk iya bisa. (Badhe kasambêtan)

--- [95] ---

[Grafik]

Gambar 1, 2, 3

1. Pak Truna, manawi nêdhani pitik iwènipun kulina mawi ngungêlakên gakuk, asring mawi kalagokakên Sastrakara: gokok kikok, gokok kikok, kèko kikok, keko kikok, kèk gokok èplèk-èplèk...

2. Wontên motor dhatêng ngungêlakên gakukipun, dilalah inggih lagu Sastrakara: kèk gokok èplèk-èplèk, gok kak-kik kaok-kaok... ayam mènthokipun Pak Truna sami dhatêng, saha lajêng sami kaplindhês ing motor.

3. Pak Truna dhatêng mêmbik-mêmbik nêdha lintu, lampahipun inggih anyastrakara malih.

--- 96 ---

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

V. Wong sing duwe omah têka.

[Pangkur]

kocapa gênti carita | satêmêne sing duwe omah kuwi | wong lêlima tunggal kumpul | padha wong cebol tuwa | sabên êbyar wis padha lunga ngêluyur | mangkat mênyang pagawean | mêlik êmas jêron bumi ||

sadurunge padha budhal | wis mrantèni kanggo yèn mêngko mulih | olah sêga karo lawuh | sorene lagi têka | banjur padha bêbarêngan mangan kêmbul | bubar mangan nuli mapan | nèng paturon pating glinting ||

uripe wong lima pisan | salawase mung padha rukun bêcik | rapêt wis kaya sadulur | ora tau sulaya | sabên esuk isih petêng umun-umun | wis ting klêthêk padha dandan | ana sing ngêngkringke kêndhil ||

lan ana sing umbah-umbah | ana manèh sing srang-srèng anggorèngi | kocapa wong lima mau | ing satêkaning omah | kagèt bangêt dene kono padha wêruh | yèn lawanging omah mênga | gèk sapa ta sing nglêboni ||

sing siji sêru nyêbawa | e wis gênah kănca kêlêbon maling | ayo ta dang padha mlêbu | lan kabèh tilikana | bokmanawa ana barangmu sing katut | sijine ana sing jawab | la rak tênan apa iki ||

sêgane kalong dipangan | ora gênah lawuhe diratani | la kojur iwakku brutu | katut dipangan uga | tiwas-tiwas dadak tak ngèngèhke mau | idhêpa rak wis tak pangan | e tiwas tak impi-impi ||

ana sawênèh sing kăndha | e paturon iya diolak-alik | ing kono ana sing cluluk | unine lon-alonan | karo ngêsês lan tangane ngacung-acung | ês wis ta padha mênênga | gonku ana sing nuroni ||

bocah wedok tanpa kănca | wah ayune prasasat midadari | wis togna bae bèn tutug | aja diongkrah-ongkrah | ing saiki ayo padha mangan kêmbul | bêcik mêngko bae gampang | yèn wis tangi ditakoni ||

wong lima nuli madhangan | padha dhokoh saka wis bangêt ngêlih | banjur padha mapan turu | barêng esuk kocapa | Mênurseta wungu sare wis dirubung | wong cebol cacahe lima | kabèhe ulate manis ||

clathune sing prênah tuwa | wis-wis ya gèr têntrêmna aja sêdhih | ing kene iki omahku | atiku lêga lila | wis manggona ana kene aja rikuh | aku kabèh ngêpèk anak | jênêngmu sapa cah manis ||

mung bae ing sabên dina | ngopènana ing omah cik bèn rêsik | karo olahna panganku | dadi yèn aku têka | kari mangan bae mangkono ya gêndhuk | lan yèn esuk aku lunga | sore lagi bali mulih ||

wangsulane Mênursita |[10] iya ta pak sukur yèn kowe [ko...]

--- 97 ---

[...we] sudi | Si Mênurseta jênêngku | aku iya kêduga | anglakoni apa sapakonmu mau | muga-muga kêlakona | aku bisa angladèni ||

ing saiki Mênurseta | uwis têntrêm kanthi sênênging ati | rumasa olèh pitulung | manggon ing pangungsenan | adoh saka anane baya pakewuh | nadyan sasat tanpa kănca | mung nyatane sugih kanthi ||

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Asistèn wadana ing Cindhaga Banyumas, nglapurakên dhatêng pangagêng, bilih pajatèn ing Mandhirancang, Tumiyang tuwin Gambarsari sami katrajang ing ama walang, ingkang dipun wastani walang jati, walang punika ngrisak wit-witan tuwin têtanêman ing padhusunan wau.

Mataram martosakên, oto poliklinik ingkang nomêr kalih, gadhahanipun Petronella-hospitaal ing Ngayogya, sampun kabidhalakên malih, ingkang dipun dhatêngi: dhusun Kêjayan, Maguwa, Kênayan, Ngêmpal, Grogolan, Bêdoyo tuwin Bandararja. Lampahing oto ingkang rumiyin kathah sangêt anggènipun mitulungi tiyang sakit, ing sabên dintên ngantos angsal tiyang atusan.

Kala dintên Kêmis kêpêngkêr sêtèm kantor tumrap propinsi yalên rad adamêl parêpatan, Tuwan Sudarta Mangkusubrata, lid ingkang katêtêpakên enggal, ingkang anggêntosi Kangjêng Bupati Crêbon, botên sagêd anampèni padamelan wau, amargi panjênênganipun kapindhah mêdal saking wêwêngkon propènsi. Ing sapunika sampun nêtêpakên lid malih, minăngka gêgêntosipun, inggih punika Radèn Muhamad arsitèk B. O. W. manggèn ing Sindhang Laut, Crêbon.

Kawartosakên ing Batawi mêntas wontên prahara agêng, nrajang ing dhusun Pulo Bambu, Kêpuh, Pulo Kêcil tuwin Katimaha, adamêl karisakan kathah, griya-griya tuwin gubug ingkang ambruk, cacah wuwung wontên 50. Wit-witan ingkang sami sol inggih kathah, tumpukan wiji pantun katut kabur mowat-mawut. Kasangsaran botên wontên.

Jalaran saking wontênipun pakabaran ing Kengpo tanggal 13 Sèptèmbêr kapêngkêr, ingkang kenging pèrêsdhêlik. Tuwan Tio Bun In katêtêpakên kalêpatan, anggiyarakên pakabaran ingkang suraos ngawon-awon tiyang. Tuwan wau kaukum dhêndha f 50.- utawi anglampahi ukum badan 20 dintên.

Sawênèhing kuli ingkang nyambut damêl wontên ing Scheepswerf ing Pasar Ikan, Batawi, dhawah saking baita motor Hendrik kêcêmplung lèpèn ingkang santêr. Tiyangipun têrus ical, sapriki mayitipun dèrèng pinanggih.

Kawrat ing bêslit gupêrmèn sêtatsêblad 1919 No. 231 ing bab pangupakara lêlahanan ing griya sakit militèr tumrap murid-murid sêkolahan voortgezet Inlandsch onderwijs wiwit tanggal 1 Juli 1927 kawêwahan tumrap murid Mulo ingkang badhe dhatêng pamulangan Osvia, tuwin murid Openbare Holl. Inlandsche Kweekschool ing Ambon.

Pait martosakên, bilih Mas Abdul Kamid, hèlêp pos komis ing Pagandhon, konangan anggènipun ngangge arta ingkang dados têtanggêlanipun gunggung f 1500 saha lajêng kesah. Tiyang gadhah pangintên bilih piyambakipun umpêtan wontên ing Pakalongan, Surakarta utawi Juwana, ugi sampun dipun padosi dhatêng tigang panggenan wau, nanging dèrèng wontên pawartosipun punapa-punapa.

Awit saking gêlênging rêmbaging bêstir Ardjoenaschoolvereeniging ing Banjarnagara, benjing wiwit wulan Juli 1928 badhe ambikak cabang, inggih punika, Frobelschool 1, onderbouw Muloschool 1 tuwin Schakelschool 1. Adêging sêkolahan têtiga wau, inggih badhe dipun wontênakên griya pamondhokan, nama Panti Siswa, badhe mawi dipun awat-awati ing guru, tuwin wontên ing ngriku badhe dipun wulang padamêlan giya[11] sarta nyêpêng kabêtahaning bale griya. Saha ugi badhe damêl Ambachtsschool pribumi, badhe kangge nampèni lare wêdalan saking pamulangan ăngka 2.

Ing Purwokêrta badhe dipun êdêgi Cooperatie-bank dening S. G. B. dipun namakakên: Dwija Saraya. Pikajênganipun badhe mitulungi arta dhatêng para guru pribumi, ingkang dados warganing pakêmpalan. Ingkang mangagêngi Tuwan Darmasiswaya, guru normalsêkul ing Purwakêrta.

--- 98 ---

Kala Minggu kapêngkêr Konsul Jendral Siyêm Tuwan Nai Siong Naranong amtênar paprentahan Phija Bradi baddha Bhubal tuwin Pangeran Jagjivalit mara tamu dhatêng karaton Ngayogyakarta, kairid ing tuwan asistèn rèsidhèn. Bokmanawi prêlu badhe ngrêmbag ing bab badhe rawuhipun Sri Nata Siyêm benjing ing wulan Juni.

Saadêging Antiwoeker Vereeniging ing Bandhung kala tanggal 22 Pèbruari 1927, dumugining wêkasaning taun wau sampun sagêd suka pitulungan tuwin suka panimbang têtiyang 131, inggih punika băngsa Eropah 66, pribumi 63 tuwin băngsa Tiyonghwa 2. Têtiyang samantên wau kathah ingkang angsal pitulungan.

Bêstiring umat Islam ing Ngayogyakarta martosakên, bilih arak-arakan ing dintên agêng mekradan Kangjêng Nabi Muhammad dipun sandèkakên, dene ing bab sêsorah agami, badhe katindakakên wontên ing dintên malêm Rêbo, wontên ing sêkolahan Islamiyah Suryèngjuritan.

Kawartosakên, ing karaton Surakarta badhe wontên pikramèn putri kêkalih kalêrês wayah dalêm ingkang sinuhun, sami putranipun Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, satunggal angsal Radèn Sutawidikda, satunggalipun angsal Kangjêng Bupati ing Jêpara.

Nyambêti wartos ingkang sampun kawrat ing Kajawèn, bab basa Jawi kawulangakên ing Osvia Bandhung, punika satêngah mèh katêtêpakên. Wontênipun makatên, awit laladaning propènsi Jawi Kilèn punika ugi wontên têtiyangipun ingkang botên mangrêtos bosa Sundha, kados ta: têtiyang ing Bantên sisih lèr, Indramayu tuwin Cirêbon. Dados calon priyantun ing laladan Jawi Kilèn inggih kêdah mangrêtos basa Jawi.

Ing wêkdal punika rêrêgèning rijêki ing Karanganyar (Kêdhu), kalêbêt mirah. Pantun sadhacin rêgi f 3 - f 3,50. Pohung sadhacin f 0,50 - f 0,60. Gaplèk sadhacin f 1,10 - f 1,20, tuwin botên kêndhat têtiyang ing parêdèn andalidir ambêkta pohung dhatêng kitha, nandhakakên bilih tanêman pohung ing parêdèn majêng.

Sêdyatama martosakên, bilih kasèrne pulisi ing Tungkak, kasumêrêpan kambah ing sêsakit pès. Ingkang wajib lajêng anindakakên rêrigên saprêlunipun, saha para pulisi kasingkirakên saking ngriku.

Katêtêpakên dados insêpèktur burgêlêksêtan tiyang siti wiwit tanggal 1 Januari, Radèn Duryat Kamil, amtênar ingkang kabantokakên dhatêng dhepartêmèn pangadilan. Pangkat punika nama pangkat enggal.

Sowanipun utusan Siyêm dhatêng karaton Ngayogyakarta, kathah kawontênan ingkang adamêl karênaning tamu, mila benjing rawuhipun Sri Narendra ing Siyêm, ugi badhe dipun sêgah têtingalan kados ingkang dipun pitongtonakên wau.

Radèn Panji Sasrakusuma, asistèn wadana ingkang kapriksa ing yustisi, kadakwa nampèni bêsêl, prakawisipun kirang terang. Opsiring yustisi tuwin Mistêr Suwana nimbang supados dipun luwari saking sêrêgan.

Kala tanggal 14 Januari, tuwan rèsidèn ing Pasuruan maringakên ganjaran dalêm sri bagendha kangjêng sri maharaja putri dhumatêng Mas Jayadipraja, patih ing Kraksaan, lan ing tanggal 23 Januari ugi badhe nampèkakên ganjaran dhatêng Tuwan Ter Poorten Asistèn Residhèn Malang, Tuwan Bussemaker burgêmistêr tuwin Ds. Lapel. Tumrap Tuwan Ter Poorten ugi badhe kaparingakên tarimakasihipun pamarintah.

Lêngganan Kajawèn nomêr 2791 martosakên, kala ing dintên Kêmis tanggal kaping 12 wulan punika wanci jam 6 enjing, wontên tiyang nama Sanadi ing dhusun Nusadhêm, Cilacap, pêjah wontên ing lèpèn, jalaran sawêg manjing kimat sakitipun ayan.

Kontrolir B. B. ing Pasuruan, Tuwan W. Pino Post kapindhah dhatêng Palembang, ingkang badhe anggêntosi dèrèng wontên. Wadana ing Pasuruan, Mas Purbawirya kapindhah dhatêng Karanglo, Malang, ingkang anggêntosi Mas Ahmad Rastika, Wadana Gadhing, Kraksaan.

Aneta martosakên: bêstir V.V.L. ngaturakên pamrayogi dhatêng dhirèktur ondêrwis ing bab kirang prayoginipun pêthuk bayaran sêkolah ingkang gunggungipun f 10.- minggah mawi ambayar plak sègêl, kados limrahing pêthuk. Tuwin tiyang nampèni tirahaning bayaran sêkolah tumrap anak-anaking tiyang ingkang sêkolahipun manggèn nunggil sasêkolahan utawi sanès sêkolahan, manawi wangsuling arta wau langkung f 10.- inggih kêdah ambayar plak sègêl. Lan malih asring kalampahan, arta ingkang dipun bayarakên kirang saking f 10.- nanging plak sègêlipun ugi sampun kêlajêng dipun bayar. Dhepartêmèn anggalih prayogi dhatêng panimbang wau, saha nêtêpakên bilih arta plak sègêl ingkang sampun kalajêng dipun bayar wau badhe dipun lintoni, bilih arnyatata[12] bayaran sêkolah wau kirang saking sadasa rupiyah, punapadene bab kalangkunganing pambayaran.

Nusuli katrangan ing bab arta palsu ingkang pinanggih wontên ing Ciparai, kados ingkang sampun kawrat ing Kajawèn. Tiyangipun ingkang ambalibukakên arta wau nama Karwita, sarta nalika kagledhah wontên ing kacamatan, pinanggih arta ringgit utawi rupiyah palsu, punapadene pirantosing adamêl arta. Makatên ugi ngakên, bilih anggènipun damêl arta wau wontên ing Cikampèk, sampun sadasa wulan, pambucalipun arta wau dhatêng kabudidayan ing satanah Priyangan, sarana kaliktokakên.[13]

--- 99 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

7. Rêmbagipun Sêrsan Qucik[14]

Kula pitakèn dhatêng badan kula piyambak, kadospundi pundi[15] mênggah rêraosanipun lare neneman punika, upami sumêrêp wadananipun sang putri, ingkang sakalangkung endah ing warni.

Mênggah gagasan kula, Sêrsan Quick wau botên gêndhêng kados pamanggihing bandaranipun. Inggih sampun mêsthi kemawon manawi Kaptin Orme badhe tumut dhatêng lampah kula sadaya punika, ananging salêresipun kula langkung sênêng upami kaptin wau sawatawis langkung sêpuh, utawi wanita ingkang dados pêpacanganipun punika botên nampik dhatêng piyambakipun. Awit kula tansah sumêrêp, bilih kalêres wontên tanah wetanan, sasagêd-sagêd anyingkirana dhatêng lêlangên wanita.

3. Propesor Higgs ambêbêdhag.

Mênggahing bab lêlampah kula sakănca anglangkungi sagantên wêdhi ingkang sakalangkung ngrêkaos punika, botên kathah ingkang prêlu kacariyosakên ing ngriki. Nalika kula sadaya dumugi ing Assouan, ing ngriku wontên sêrat satunggal lan tilgram sawatawis, ingkang tumuju dhatêng Kapitan Orme. Ing sarèhning pitêpangan kula sadaya punika sae sangêt, amila Kapitan Orme lajêng akèn dhatêng kula supados amaosi sêrat saha tilgram-tilgram wau. Sêrat saha tilgram wau ngêmot pawartos, bilih anak ing papanipun Kapitan Orme ujug-ujug sakit lan tilar donya. Ing sarèhning randhaning pamanipun namung tampi blănja taunan, dados samangke Kapitan Orme nama sugih sangêt. Kula lajêng suka wilujêng dhatêng piyambakipun, lan wicantên manawi Kapitan Orme samangke tamtunipun botên saèstu tumut angiringakên kula sadaya dhatêng Mur.

Kapitan Orme pitakèn: kenging punapa botên, kula rak sampun wicantên yèn badhe tumut, lan dumugi samangke niyat kula wau taksih kêncêng.

Kula amangsuli: inggih lêrês, nanging kawontênanipun samangke rak sanès. Kêkesahan ingkang nguwatosi, punika sae tumrapipun tiyang neneman ingkang botên gadhah punapa-punapa, ingkang dipun prêduli, ananging tumrapipun tiyang sugih wontênipun ing donya sarwa kasêmbadan, jalaran panjênêngan sapunika kagungan kasugihan ingkang samantên, tamtunipun rak sagêd krama. Tanpa kanthi kangelan ingkang sangêt, panjênêngan samangke inggih sagêd gampil angsal pangkat ingkang sae. Ingkang makatên punika sampun giri-giri dipun êmohi, awit bokmanawi panjênêngan sagêd ugi seda wontên ing sagantên wêdhi jalaran kasatan.

Kapitan Orme mangsuli: ah, awit rumiyin mila, kula punika botên nate parduli dhatêng băndha. Kalanipun băndha kula ical sadaya, kula botên sagêd anangisi. Samangke băndha kula wangsul malih, kula botên badhe têtêmbangan. Cêkakipun kula badhe tumut panjênêngan sadaya. Ing sarèhning samangke kula dados tiyang sugih sangêt, kula badhe damêl sêrat waris rumiyin, bokmanawi kemawon kula tiwas wontên ing margi.

Kala punika tuwan propesor dhatêng ing ngriku, kairid ing satunggiling tiyang Arab sudagar julig tumrap barang-barang kina. Sarêng sudagar wau sampun kesah saking ngriku, lan kula sadaya sampun suka sumêrêp ing bab kawontênanipun Kapitan Orme dhatêng Propesor Higgs, propesor wau condhong sangêt kalihan pamanggih kula ing nginggil. Orme kêdah nilar kula sadaya, sarta kêdah wangsul dhatêng ing Inggris malih.

Kapitan Orme puguh, wicantênipun: panjênêngan kenging ngandika kadospundi kemawon, lho, punika wontên sêrat sanès malih. Kapitan Orme lajêng ngulungakên sêrat sanès dhatêng kula, inggih punika sêrat saking lare estri, ingkang kala rumiyin sampun nampik dhatêng Kapitan Orme ananging sapunika purun dados bojonipun, amargi Kapitan Orme wau angsal tilaran băndha kathah.

Propesor Higgs pitakèn: apa layang iki wus ko wangsuli.

Kapitan Orme mangsuli kalihan anggêgêt-gêgêt untu: ora, aku ora mangsuli, lan ora niyat nêdya mangsuli, saiki iya ora, salawase uga ora. Sêdyaku aku arêp mangkat mênyang Mur dina sesuk, lan lakuku mau sumendhe ing takdir. Saiki aku arêp andêlêng rêca-rêca watu ing sacêdhaking grojogan kana kae.

Sarêng Kapitan Orme kesah saking ngriku, Propesor Higgs wicantên makatên: kok ana-ana bae, tumrape aku bungah [bu...]

--- 100 ---

[...ngah] bangêt, sabab kiraku Kapitan Orme kuwi akèh bangêt gunane tumrape aku kabèh yèn wis arêp-arêpan karo wong Fung. Kajaba iku, Sêrsan Quick mêsthine rak iya milu dhèwèke, wusanane kapriye dadine aku kabèh yèn ora ana kuwi.

Bab punika botên watawis lami lajêng kula rêmbag kalihan Sêrsan Quick. Sêrsan Quick mirêngakên kanthi têmên-têmên dhatêng pamanggih kula ing nginggil wau, salajêngipun nuntên wicantên makatên: sampun dados panggalih bandara, kintên kula, pamanggih panjênêngan punika inggih sae inggih botên, sadaya-sadaya punika wontên têtimbanganipun. Kula sadaya botên gumun dhatêng têtiyang ingkang artanipun mêmliyunan, ananging ingkang kula gumuni inggih artanipun ingkang mliyunan punika. Ananging manawi têtiyang wau dumugining pêjah, artanipun ingkang mimliyunan wau rak botên dipun bêkta, amila rak lajêng wontên paribasanipun Walandi makatên: sing siji mati, liyane entuk roti. Bandara kaptin sampun sumpah badhe tumut, samangke panjênênganipun botên karsa ngewahi sumpahipun wau. Kajawi punika, wontên ing Londhên kula sampun matur, bilih botên wontên tiyang pêjah ingkang malèsèd samênit saking takdiripun, lan badhe botên manggih punapa-punapa ingkang marojol saking takdiripun, dados botên prêlu ngrêmbag barang-barang ingkang mêsthi badhe kalampahan utawi ingkang badhe botên kalampahan. Samangke kula nyuwun pamit badhe nuwèni unta-unta lan pandung awon-awon ingkang panjênêngan wastani têtiyang Abati. Têtiyang wau sami nyolong sacandhak-candhakipun, kalawingi sami nyolong bumbuning dhinamit, bok manawi dipun kintên sêle. Manawi kula sadaya botên jagi-jagi sayêktos, bokmanawi para raja-raja ingkang sumare ing ngriki sami dipun olak-alik dening têtiyang wau wontên ing pasareyanipun.

Salajêngipun Quick lajêng kesah, lan kula sadaya lajêng bidhal dhatêng Mur.

Lêlampahan ingkang kaping kalih, ingkang pantês kacariyosakên ing ngriki, inggih punika nalika kula sadaya wontên ing margi, kirang langkung kalih wulan.

Sasampunipun pintên-pintên minggu kula sadaya lumampah urut sagantên wedhi, ingkang ngêlangut tanpa têpi, sarta ingkang nyêdhihi, saha kalêrês kawan wêlas dintênipun Kapitan Orme angsal sagawon, ingkang kanamakakên Pharaoh, kula sadaya lajêng dumugi ing padhêkahan satêngahing sagantên wêdhi, namanipun padhêkahan Zeu. Padhêkahan punika inggih lêrês botên wiyar sangêt, ananging tuk-tukipun ing ngriku sae, toyanipun bêning sarta nyêgêri, lan wontên pakêbonanipun kurma. Panampinipun têtiyang ing ngriku dhatêng kula sadaya rumakêt sangêt, jalaran kala kesah kula ingkang rumiyin, kula wontên ing ngriku anjampèni lurahipun padhêkahan ngriku jalaran sakit mripat, lan tiyang-tiyang sanèsipun ingkang sami nandhang sakit warni-warni. Sanadyan kula kapengin sangêt anglajêngakên lampah, kula kêpêksa nuruti nyêpêng wontên ing padhêkahan Zeu wau laminipun saminggu, inggih punika jalaran saking panêdhanipun tiyang kathah, sarta jalaran saking rêmbagipun pangajênging têtiyang ingkang sami tumut kula sadaya, satunggiling tiyang Abati, ingkang julig lan trêngginas, ananging kula piyambak botên pitados babarpisan. Tiyang punika namanipun Shadrach, dening kănca-kancanipun dipun parabi kucing, sababipun dipun parabi makatên punika kula botên sumêrêp. Ing rainipun tiyang wau wontên bithêtanipun tiga, miturut cariyosipun kenging kukuning singa barong, mila mêngsahipun băngsa wau ingkang agêng piyambak inggih singo barong. Ing satunggaling măngsa salêbêting sataun, bokmanawi manawi nuju kirang mangsan, saking loroganing rêdi sak lèr wetan lan kilèning padhêkahan wau singo barong mandhap saha klintêran ing sagantên wêdhi, sarta sok lajêng nyolong rajakayanipun tiyang Zeu, malah trêkadhang sok lajêng măngsa tiyang-tiyangipun. Ing sarèhning têtiyang Zeu punika botên agadhahi dêdamêl sanjata, dados pêjah gêsangipun prasasat dipun pasrahakên dhatêng sang singo barong ingkang sakalangkung wani wau. Dene rekadayanipun têtiyang ing ngriku inggih namung masangi, murih singa barong wau malêbêt ing tembokan mubêng, lan têtiyangipun piyambak andhêlik wontên ing gubugipun. Ing antawising sêrat lan plêthèking srêngenge, têtiyang ngriku anggèning kesah nilar griyanipun, namung manawi nuju ngagêngakên katuning[16] bêdhiyan, ingkang kangge nêbihakên singa barong wau. Sanadyan kala punika mangsanipun singa barong mêdal, ananging kula sadaya dèrèng nate mrangguli satunggal-satunggala, ewadene sarêng nêm dalunipun, kula sadaya sami kagèt, jalaran saking panggêroning singa barong tuwin tiyang bêngok-bêngok. Enjingipun kala kula sadaya sami kêkesahan, wontên ing margi kula kêpêthuk tiyang jalêr èstri iring-iringan, anggotong pikulan isi tirah-tirahaning badan tiyang. Botên watawis dangu wontên tiyang nyariyosakên, bilih mêntas wontên singo barong kalih utawi tiga ngrisak payonipun salah satunggiling griyanipun bojoning lurah ing pakampungan ing ngriku, tiyang èstri wau dipun suwèk-suwèk, saha anakipun jalêr dipun gondhol, sisaning badanipun tiyang kalih punika inggih ingkang dipun bêkta ing tiyang jalêr èstri kasêbut nginggil. Salajêngipun lurahing pakampungan angarih-arih dhatêng kula, murih amalêsakên anak semahipun kalihan dêdamêl kula sanjata, jalaran lurah kampung wau kuwatos bilih singo barong wau tamtu damêl pêpêjah langkung kathah, awit sampun nyobi ngraosakên daging manusa. Jalaran saking katranganipun juru basa, ingkang mangrêtos basa Arab, amargi sanadyan Propesor Higgs piyambak botên sagêd mangrêtos dhatêng wicantênanipun tiyang Zeu, kula sadaya lajêng sumêrêp, bilih singo barong sami ngumpêt wontên ing pagumukan pasir botên têbih saking ngriku, wontên ing sacêlaking tuk alis,[17] ingkang kathah alang-alangipun. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


wusana. (kembali)
kalampahan. (kembali)
prihatos. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang kadyèku wus aran lumrahing laku. (kembali)
têmah. (kembali)
putraningsun. (kembali)
sira. (kembali)
sanga likur. (kembali)
nuturke. (kembali)
10 Mênurseta. (kembali)
11 griya. (kembali)
12 arta nyata. (kembali)
13 kalintokakên. (kembali)
14 Quick. (kembali)
15 tidak perlu dibaca. (kembali)
16 latuning. (kembali)
17 alit. (kembali)