Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-25, #61

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-25, #61. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-25, #61. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 7, 2 Ruwah Taun Jimakir 1858, 25 Januari 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [121] ---

Ôngka 7, 2 Ruwah Taun Jimakir 1858, 25 Januari 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kawontênan ingkang Andadosakên Kasênênganipun Tiyang Tani.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kawontênan ing Lêbaksari, tanah Pasundhan, rêdinipun kêtingal kasamaran ing pêdhut, ewadene kalêmpaking pêpêtêng wau dipun êntosi, murih dhawah dados jawah.

--- 122 ---

Raos Jawi

Ukuran, utawi Trajuning Batos.

Manawi tiyang badhe nyumêrêpi sapintên agêng utawi inggiling barang, panjang lan wiyaripun lumah, lêbêt utawi cêthèkipun sagantên, punika ingkang limrah ngangge pirantos ingkang nama ukuran. Dene ukuran punika rupi-rupi, kados ta: mètêr, elo, jar, kilan, dhêpa lan sapanunggilanipun. Sadaya bôngsa sami gadhah ukuran piyambak-piyambak, saha watonipun inggih warni-warni. Bôngsa Walandi ingkang limrah ngangge ukuran ingkang nami: mètêr, dene pamêndhêtipun waton saking sapra kawan dasa yutanipun panjanging garis buwênganipun bumi.

[Grafik]

Bôngsa ingkang sampun inggil sêsêrêpanipun, punika botên namung barang-barang ingkang agal kemawon ingkang kaukur, malah barang ingkang alus, ingkang botên kenging ginrayang utawi botên kasat mripat, punika inggih kenging kaukur, kados ta: têbihing bumi dhatêng surya, têbihing surya dhatêng rêmbulan, rikatipun suwantên, pandêdêling uwab, kandêling hawa lan sasaminipun. Bôngsa ingkang sampun majêng, inggih punika ingkang sampun pinunjul kawruhipun, punika anggènipun nindakakên ukuranipun, anggumunakên sangêt, prasasat kados-kados botên malêbêt ing nalaripun tiyang ingkang taksih asor sêsêrêpanipun. Sangsaya alus barang ingkang kaukur, inggih sangsaya rumpil saha alus sangêt pirantosipun ngukur. Sarèhning kawruhing manusa punika sangsaya lami ugi sangsaya wêwah, pramila inggih botên anggumunakên, bilih sadaya ingkang gumêlar ing ngalam donya punika, sampun sami kenging kaukur sadaya.

Sami-sami barang ingkang gumêlar ing ngalam donya punika, wontên saprakawis ingkang botên patos dipun ukur dening tiyang, malah kados botên kopèn, inggih punika: raosing manah utawi salira. Raosing manah utawi slira punika, têrkadhang ugi kasêbut: pangraos kemawon, punika nyata alusipun, pramila inggih rumpil sangêt manawi dipun ukur, jalaran ing toko-toko botên wontên ingkang sade ukuranipun, tur bôngsa ingkang sampun pinunjul, dèrèng nganggit andamêl pirantosipun.

Ukuran pangraos punika, botên susah ngupados ing toko, utawi ngêntosi anggitanipun para pinunjul, jalaran sadaya manusa sampun sami gadhah piyambak, inggih punika pêparingipun [pê...]

--- 123 ---

[...paringipun] Gusti Allah, namanipun ukuran, têpa salira. Têpa têgêsipun: ukur utawi timbang, slira têgêsipun: awak. Dados ukuran: têpa salira punika têgêsipun ukuran ingkang kangge nyumêrêpi awaking manusa, dene ingkang kangge ngukur inggih awakipun manusa piyambak. Upami tiyang badhe nandukakên punapa-punapa dhatêng sliraning tiyang sanès, sakeca utawi botên, punika sagêdipun sumêrêp, yèn sampun katêpa ngangge sliranipun piyambak.

Têpa salira punika satunggiling ukuran ingkang alus sangêt, dados ingkang ngangge inggih manusa ingkang sampun alus bêbudènipun. Manusa ingkang alus bêbudènipun punika, mujudakên watak trêsna dhatêng sasami. Watak trêsna botên mêntala badhe adamêl botên sakecanipun sliraning sasami, malah lajêng rêmên têtulung.

Ing jaman sapunika, inggih punika limrah kawastanan abat kaping 20, ugi sinêbut jaman kamajêngan, manusa majêng sêsêrêpanipun, majêng ugi atêgês wêwah, wêwah sêsrawunganipun, lan sanès-sanès malih ingkang mathuk dhatêng ajênging jaman punika. Ananging kuciwanipun, ingkang majêng punika, botên namung prakawis ingkang sae kemawon, malah ingkang awon inggih langkung rikat majêngipun. Majêngipun prakawis ingkang awon, mujudakên sakêdhiking manusa ingkang ngangge ukuran: têpa salira. Saupami ing donya punika kêbak ukuran: têpa salira, amasthi kawontênaning donya têntrêm, botên wontên utawi kirang cacahipun manusa ingkang: arêbat unggul. Unggul utawi luhur punika pancèn dados idham-idhamaning manusa dadonya,sadonya. pramila inggih nami lêpat bilih manusa wau botên anggayuh dhatêng kaluhuran. Tiyang ingkang luhur, masthi unggul. Unggul punika kêdah kaupadosan ngantos kacandhak, botên karêbat, jalaran tindak rêbatan punika namung tumandangipun budi kamurkan, ingkang lajêng nuwuhakên cêcongkrahan miwah asoring budi. Dados têtela sangêt sulayaning têgêsipun têmbung: ngupados kalihan ngrêbat.

Ngupados kaluhuran punika rupi-rupi marginipun, manut asor luhuring bêbudènipun tiyang ingkang badhe ngambah. Tiyang wanan Papuah yèn dèrèng kathah anggènipun nigas guluning sasami, dèrèng nama luhur, makatên sapiturutipun. Tumrap manusa ingkang alus bêbudènipun, punika anggènipun ngupados kaluhuran asêsarêngan utawi saroyom kalihan manusa sanèsipun, tulung-tinulung utawi rêksa-rinêksa, ingkang sampun kalêksanan purun nulungi dhatêng ingkang dèrèng, sami nyumêrêpi kabêtahaning satunggal lan satunggalipun, dados mahanani asrêp saha têntrêming jagad saisinipun sadaya. (Badhe kasambêtan)

--- 124 ---

Bab Têtanèn

Môngsa Kapitu

[Asmaradana]

1. lir wisa kentar maruti / candraning môngsa kasapta / dahat mawèh asmarane / têdhuh pêtênging akasa / sinêrang ing maruta / têmah warata ngêndhanu / yayah nyrêtu kang buwana //

2. sumêranging angin-angin / tanpa kêndhat kawistara / wèh ruruning ron-ronane / sumawur dadya kalesa / lêsah amor ing kisma / tan mêndha anggung tiniyup / panranging kang bayu bajra //

3. umawut kombul mratani / mawor lêbuning kang kisma / tan pilih prênah tibane / satêmah waratanira / lir nawur mawa wiswa / ing puwara dadya tuwuh / sarasaning kang rogarda //

4. watuk pilêk anumusi / kêkêsing hawa akasa / priyang-priyang ing rasane / amung kala-kala mêndha / dening adrêsing warsa / kang ruruh pindha panyapu / nglarut kang rêrêgêd sirna //

5. kumpuling toya umili / lirap-lirap bêbanyakan / anjog maring kali gêdhe / têmah kali tan kuwagang / ngandhung agunging tirta / ambaludag ambèr pênuh / ngêlêb ing sacakêtira //

6. janma alok banjir-banjir / janma kang cakêt usrêgan / tanbuh-tanbuh pangiline / wênèh lampahirèng tirta / narajang sawah dhadhal / tandur-tandur samya larut / mawèh gênging kang pituna //

7. mung tumraping para tani / kaananing môngsa warsa / inganggêp nugraha gêdhe / tan miris tibaning udan / rasa lir kanikmatan / dene wus pininta dangu / hyang warsa mrih tumuruna //

8. lan kanthi pinetang titi / ananing pranatamôngsa / ajêg têtêp tumibane / marma riwusing kawarsan / arsayèng tyas karasa / maring sabin ngênthu-ênthu / tan wêgah tumandang karya //

[Grafik]

9. kêsêlak nanjakkên winih / anganti diwasanira / pan ing mangkya wus mangsane / sumêbar nèng sawah wrata / dene ananing tirta / ingkang kêlodak-kêladuk / aran lagya mangsanira //

10. nanging watêke wong tani / tan kagèt ananing tirta / kang nglubèri ing sawahe / awit wus aran kêlumrah / ingkang lêdhok kilenan / nanging manawa wus larut / surut lampahe kang tirta //

11. yêkti aninggali lêmi / piguna kagila-gila / mring ari têmbe burine / riwusing nêmahi môngsa / ajêg awaning kisma / tibaning warsa tumruntun / datan mawi milih môngsa //

12. miwah sarasaning sakit / kang sumêrang marang

--- 125 ---

janma / wus kêndhih ilang dayane / kari sêgêr kuwarasan / dening kulinèng môngsa / têtêp tinêmune pundhuh / hawaning môngsa kasapta //

13. dyan gumrêgut para tani / maring sawah bêbarêngan / lawan tôngga têparone / kang lanang mikul pocongan / wiji pari mring sawah / kang èstri adhêrak tandur / kanthi kancane sambatan //

14. cekat-cèkêt anandangi / winoran ing manah suka / lawan wus dadya carane / gêndhon rukon rêrowangan / kadi ananing desa / marma tinêmune sayuk / arasa sapadha-padha //

15. sarampunge tônja wiji / têbaning sawah kawuryan / wus kèbêkan ing tandure / riwusing antara dina / lir nglilir saking nendra / katon ijo riyu-riyu / sinêngguh pangantèn anyar //

16. tumus angrêsêpi ati / maring sanggyaning kang nyawang / lan ki tani apadene / karênanirèng tyasira / wus tan kêni pinindha / mung kari muji lêstantun / dinohna sakèhing ama //

Bab Kasarasan

Wawrat sarta Rencang Lare

Kadosdene sampun tinakdir saking panguwasaning Pangeran, bilih sadaya titah ingkang sipat gêsang punika sami sagêd tumangkar utawi anurunakên. Tanêm tuwuh, sato kewan sarta kita manusa, sami tinakdir sagêd anggadhahi turun, inggih punika sarana murih botên ngicalakên pancêripun. Dene kadospundi mênggah sarananing nurunakên, tumrapipun titah ingkang sipat gêsang punika botên sami, gumantung dhatêng kasampurnanipun piyambak-piyambak, namung kemawon sadaya wau grêbanipun nunggil, kados ta: kewan langkung sampurna tinimbang tanêm tuwuh, nanging kirang sampurna yèn katandhing kalihan manusa. Dados sangsaya sampurna drajading gêsangipun, inggih sangsaya sampurna caraning nurunakên.

Wawrat punika satunggiling prakawis ingkang wigati sarta prêmati sangêt, jêr punika sanès satunggiling prakawis ingkang baèn-baèn, inggih wiwit punika manusa pinaringan marmaning Pangeran anggadhahi turun, nurunakên wiji ingkang ing têmbenipun dadordados. manusa, sipat gêsang ingkang langkung sampurna sarta kadunungan akal budi, beda kalihan titah sanès-sanèsipun.

Tumrap sadaya pandamêl, kita manusa wajib ngupados rekadaya ihtiar sarana akal budi murih lêkas kita sagêd prayogi sarta wêwah sampurna, makatên ugi tumraping pandamêl wawrat, inggih kêdah dipun manah murih saenipun.

Asring wawrat punika wontên kirang prayoginipun, amargi kajawi badhe angsal turun ingkang kirang kiyat badanipun, sayêktosipun tumrap ibunipun piyambak sampun pandamêl ingkang awrat sangêt. Sipating ibu nalikanipun wawrat, sagêd andayani dhatêng ingkang wontên ing kandhutan, dados kiranging kasarasanipun ibu, inggih badhe murugakên dhatêng ringkihipun ingkang dipun kandhut. Milanipun murih sagêd angsal turun ingkang sae, sarta

--- 126 ---

sampun ngantos andadosakên ringkihing ibu, kêdah dipun jagi supados wawratipun botên kêrêp-kêrêp.

Punapa sagêd, bokmanawi wontên para maos ingkang andangu makatên, ingkang punika ing ngriki badhe ngandharakên ing sawatawis, miturut pamanggihipun Tuwan A.C. Selmon sarta prakawis sanès-sanèsipun, ingkang dados bakuning karangan punika.

[Grafik]

Lare ingkang saras, tuwin patraping ngrêsiki tangan.

Wiji ingkang badhe dumados, taksih langkung alit malih manawi dipun tandhing kalihan wijining sawi. Wiji ingkang samantên wau, sasampunipun kawan minggu agêngipun watawis satiganing pêksi dara, dene manawi sampun jangkêp kalih wulan, agêngipun mindhak satigan ayam. Nalika punika sampun gatra mujudakên sêsipatan angganing tiyang, otot rah ingkang gandhèng kalihapkalihan. wadhahipun, sarta sarining têdha ingkang katêdha ibunipun, têrus lumampah mêdal ing otot wau, minôngka têtêdhanipun. Manawi wontên ing kandhutan sampun umur 4 wulan, sampun katingal cêtha perang-perangan saranduning badan, dumuginipun umur 6 wulan, wawratipun sampun wontên kalih kati. Manawi lare punika lair nalika sawêg umur samantên, wontên ing jawi namung sagêd gêsang sawatawis dintên kemawon, yèn sampun umur 9 wulan, nama sampun wancinipun. Manawi sampun lair môngka sae pangrêksanipun, kathah sagêdipun wilujêng.

Dangunipun wawrat punika kintên-kintên 280 dintên. Badhe ngintên-intên benjing punapa lairipun, kenging mawi pêpiridan makatên:

Wiwit dintên sapisan saking anggarapsari ingkang pungkasan, ametanga 9 wulan Walandi, lajêng kawêwahan 7 dintên, benjing tanggal pintên dhumawah ing wulan punapa, punika sagêd kadamêl ancêr-ancêr lairipun. Upami wiwitipun anggarapsari ingkang pungkasan dhumawah ing wulan Januari tanggal 1, lairipun wontên tanggal 8 wulan Oktobêr. Kajawi mawi pêpetangan makatên, cara gampil-gampilanipun, wiwit saking anggarapsari ingkang pungkasan, lajêng kawêwahan 280 dintên.

Mênggah yaktosipun, wêkdalipun punika botên sagêd dipun têmtokakên, amargi lairipun punika, sagêd majêng utawi mundur ngantos kalih minggu.

Titikanipun manawi wawrat punika kathah sangêt. Kèndêlipun anggarapsari, punika inggih kenging kangge titikan yèn sampun wawrat, namung manawi anggènipun wawrat punika kêsundhulan, botên [bo...]

--- 127 ---

[...tên] sagêd ngyêktosi mawi anggènipun kèndêl anggarapsari, cêthanipun: sagêd ugi anggènipun wawrat wau salêbêtipun taksih nêsêpi, ingkang ing wêkdal punika dèrèng wiwit anggarapsari malih.

Tumrap pawèstri ingkang sakit nuju wanci enjing, padatanipun sawêg wawrat sawatawis minggu. Tangi tilêm enjing badan kraos botên sakeca sarta nuntak-nuntak, ngantos sawatawis dintên dangunipun.

Wiwit wulan ingkang katiga ing salajêngipun, padharan mindhak agêngipun. Watawis gangsal wulanan, kala-kala kraos ebah-ebah.

Salêbêtipun wawrat kêdah nêdha ingkang mikantuki dhatêng badan, têgêsipun ingkang kathah sarining têdha ingkang numrapi dhatêng peranganing badan. Amargi têdha wau bonbotên. namung kangge piyambak, nanging kangge tiyang kalih kalihan ingkang dipun kandhut. Kajagia sagêd ambêbucal sabên dintên, yèn ngantos botên sagêd, enggal-enggal jêjampia.

Manawi tilêm kêdah mapan ing sênthong ingkang gampil sontan-santuning hawa, kamar ingkang rupêk botên prayogi sangêt.

Sabên dintên kêdah ngombe toya tawa sagêlas, langkungipun saking samantên malah saya sae.

Botên prayogi ngombe inuman kêras, êsês, susur sarta anggantèn.

Enjing sontên kêdah adus ingkang rêsik.

Kêdah nyêgah sahwat.

Kajawi punika, tiyang ingkang nuju wawrat, kaangkaha murih sagêd ngebahakên badanipun, parlunipun supados ototing badan sagêd kiyat, dene manawi kirang ebahing otot, lare ingkang wontên kandhutan kirang bagas. Benjing lairipun asring nuwuhakên alangan agêng.

Manawi mêdal lairing jabang bayi sampun nyêpaki, kamar ingkang dipun ênggèni kêdah dipun rêsiki. Pirantos-pirantos ingkang nêsêk-nêsêki dipun wêdalakên, gêdhèg sarta temboking kamar dipun rêsiki, langkung prayogi yèn dipun usar mawi labur. Jrambahing kamar dipun pèl mawi karbol, dene yèn jrambahipun siti, prayogi dipun saponi ingkang rêsik sarta lajêng dipun wuwuri mawi kapur.

Sadhiyan ingkang kangge panganggenipun lare, kêdah dipun godhog rumiyin, lajêng dipun buntêl ingkang rapêt.

Kalih prakawis ingkang dados têtêngêripun badhe gadhah rencang lare, inggih punika: ibunipun ngêdalakên barang cuwèr ingkang warni abrit, kalihan sakit kraos badhe gadhah lare. Kraosipun badhe rencang lare punika sabên gangsal wêlas mênit utawi tigang dasa mênit, saya dangu saya asring kraos.

Wêkdal wau manawi sagêd lajêng andhatêngnanandhatêngna. dhoktêr utawi dhukun bayi ingkang pintêr, dhukun ingkang dèrèng angsal tuntunan tumrap tiyang rencang lare, asring murugakên salah kadadosan, mila prakawis punika kêdah ingkang ngatos-atos. Kamar ingkang dipun ênggèni sampun ngantos kêkathahên tiyang, ngêmungna tiyang kalih (tiga) kalihan dhukunipun. Langkung rumiyin ibunipun kêdah dipun dusi toya angêt.

Nalika sawêg kraos, kenging mapan ing sasênêngipun, namung manawi sampun karaos ambatêk, kêdah tilêma (mlumah) wontên ing papan ingkang sampun dipun sadhiyakakên.

--- 128 ---

Tiyang ingkang têtulung punapadene dhukun kêdah ngatos-atos, sarta tanganipun supados dipun kumbah ingkang rêsik, lêngênaning rasukan kêdah kawingkis dumugi wikut,sikut,. kukunipun dipun kêthoki.

Nalikanipun kraos badhe rencang lare, sampun kasukanan jampi punapa-punapa. Sanajan kajêngipun murih sagêd anggampilakên lairipun, nanging ingkang makatên wau malah asring andadosakên sambekala. Botên susah kasukanan jampi, sarta pancèn inggih sagêd sae piyambak wêdaling jabang bayi, ingkang tanpa pitulunganing jampi. Padharanipun asring kaubêt-ubêtan tangsul utawi sinjang, makatên punika kirang sae sangêt, sampun kamanah yèn reka makatên punika badhe mitulungi, nanging malah kosokwangsulipun.

Manawi sampun lair, ibunipun kenging nêdha limrahing têtêdhan, namung salêbêtipun kalih tigang dintên sampun ngombe ingkang asrêp-asrêp, langkung prayogi malih yèn têdhanipun ingkang mikantuki dhatêng badan, kados ta: tigan, puhan, roti, kênthang, ulam sarta wowohan.

K.M. Sasrasumarta.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 6

II.

Anglajêngakên karanganipun Tuwan Baars ing A.I.D. Tuwan Baars botên maibên, dene sakathahing utusan-utusan nagari mônca, ingkang sami mara tamu wontên ing nagari Rus punika sami adamêl sêrat palapuran ingkang sae-sae, lan ing ngriki Tuwan Baars sumêdya angandharakên mênggah sabab-sababipun ingkang sayêktos. Utusan-utusan wau, ingkang kathah têtiyangipun sami botên mangrêtos dhatêng basa Rus, dene manawi têtiyang wau wontên ing nagari Rus dangunipun namung wontên sawatawis minggu kemawon, têmtunipun inggih botên badhe sagêd animbang lêrês mênggah kawontênanipun ing ngriku. Para tamu wau sami kairit dhatêng panggenan-panggenan ingkang sadèrèng-dèrèngipun sampun dipun tatani sae saha mawi dipun wontênakên karamean minôngka pakurmatanipun para utusan wau, ingkang dipun tingalakên inggih namung papan-papan ingkang kenging dipun pamèrakên dening para panuntuning kominis, sampun têmtu para utusan-utusan wau lajêng sami anggadhahi pamanggih, bilih sadaya tiyang wontên ing nagari Rus punika sami dipun rêngkuh sae-sae, kadosdene ingkang katandukakên dhatêng para utusan wau. Makatên ugi para utusan anggadhahi [anggadhah...]

--- 129 ---

[...i] pangraos, bilih sintêna kemawon sagêd pêpanggihan kalihan para pangagênging nagari. Sadaya wau, tumrap têtiyang, ingkang wontên ing nagarinipun piyambak botên apangkat agêng, sampun têmtu adamêl gumuning manahipun, ananging ingkang makatên wau botên lêrês babarpisan. Kawontênan padintênan ingkang sayêktos, punika para utusan wau botên sami anguningani. Lan tumrap têtiyang, ingkang dêdunung saha nyambut damêl wontên ing nagari ngriku, anggènipun sagêd pêpanggihan kalihan pangagênging nagari, langkung angèl tinimbang kalihan amtênar Indiya ing pundi kemawon.

Têtiyang komunis saking sajawining nagari Rus ingkang sami wontên ing ngriku prêlu amigatosakên kawontênaning pakêmpalanipun, punika ingkang kathah sêsêrêpanipun bab kawontênaning ngriku inggih namung sakêdhik sangêt. Wontên ing kitha Mosko Tuwan Baars ugi asring pêpanggihan kalihan Sêmaon tuwin Darsana saha Tuwan Baars tansah gumun, dene kalih-kalihipun têka namung sakêdhik sangêt sêsêrêpanipun bab kawontênaning nagari Rus. Tiyang kêkalih wau sabên dintênipun sami nyambut damêl wontên ing kantoring pakêmpalan komunis ingkang nunggil damêl, ing ngriku padamêlanipun amaosi koran saha anampèni sêrat-sêrat. Jalaran saking anggènipun maos sêrat-sêrat kabar wau, lajêng sami angsal pawartos warni-warni saking Indiya, ingkang nuntên sami dipun pêthiki saha lajêng kadamêl kadosdene sêrat palapuran. Pamanggènipun sêsarêngan kalihan kônca-kancanipun ingkang sami asli saking nagari sanès ing sajawining nagari Rus, wontên ing salah satunggiling hotèl. Dados gêsangipun wau prasasat miyambaki. Dhatêng pranatanipun cara Rus ingkang sajati, inggil-inggiling sêsêrêpanipun inggih namung saking sêsêratan kemawon, ingkang makatên wau dede satunggiling pasêksèn, bilih lajêng sami nyumêrêpi kadospundi panindakipun, utawi malih kawontênaning ngriku ingkang sayêktos-yêktosipun, saha wohing pranatan wau. Mênggah sêsêrêpanipun tumrap panguwasaning nagari anyêpêng kabudayan, rad-rad tumrap ekonomi, punapa malih mênggahing pranataning komunis, punika botên langkung kathah tinimbang waradinipun tiyang Indhonesiah, ingkang anggambar kawontênanipun ing ngrika kadosdene ingkang sampun katêrangakên dening sasisih kemawon.

Pamanggihipun sakathahing tiyang mônca, komunis saha têtiyang ingkang sami nyondhongi dhatêng komunis, ingkang sami ngumbara wontên ing nagari Rus prêlu sami anyambut damêl wontên ing panggaotan-panggaotan ing ngriku, punika waradin sami anyariyosakên, bilih kawontênaning panggêsanganipun tiyang ing ngrika rêkaos sangêt, dados babarpisan botên anocogi, kados ingkang kasêdyakakên. Antawisipun têtiyang wau kathah tiyangipun bôngsa Rus, ingkang suwaunipun sami manggèn wontên ing Amerikah saha ing Ostrali, ananging sabibaripun gegeran ing nagari Rus, jalaran saking anggènipun sami nyondhongi dhatêng paprentahan enggal, wusana lajêng wangsul dhatêng tanah wutah-rahipun malih. Dados têtiyang wau inggih sami sagêd amandhing kawontênanipun nagari kala ing jaman rumiyin kalihan ing jaman samangke, punapa [pu...]

--- 130 ---

[...napa] malih amargi têtiyang wau sampun anêksèni piyambak kawontênaning panggaotan-panggaotan ing tanah-tanah kilenan ing wêkdal samangke punika. Kawontênan ingkang makatên wau, kaum bêrah ing nagari Rus botên sumêrêp babarpisan, ingkang dipun sumêrêpi inggih namung barang ingkang nalôngsa-nalôngsa, rêkaos tuwin awon-awon, kadosdene ingkang katêrangakên dening pangagênging komunis ing tanah Rus ngriku.

Upami têtiyang Rus botên dipun êngèl-êngèl kangge anilar tanah wutah-rahipun, têmtunipun têtiyang Rus saking tanah mônca wau, ingkang sami mantuk mriku, tumuntên lajêng nilar nagarinipun saha botên sumêdya wangsul malih, sêsarêngan kalihan têtiyang mônca, ingkang kesahipun saking ngriku kalihan urut-urutan. Samangke têtiyang mônca ingkang sami wontên ing nagari Rus punika para wêwakiling maskape Jêrman saha Amerikah, ingkang dêdunung wontên ing ngriku kangge sawatawis môngsa prêlu angladosi barang warni-warni tumrap kabudidayan-kabudidayan ing nagari Rus ngriku. Tumrap têtiyang wau ajining sadaya pranatanipun nagari, inggih botên sagêd kadhêlikakên. Lan ing samangke ing golonganipun panggaotan ing tanah Eropah, sampun kasumêrêpan, kadospundi cara-caranipun nagari Rus anyambutdamêl saha kadospundi caranipun angajêngakên dhatêng panggêsanganing tiyang, ingkang makatên wau anjalari kathahing tiyang ingkang lajêng botên pitados dhatêng kamajênganing nagari Rus.

Malah satunggiling pangagêng maskape ing Bèrlin, ingkang anyadèni mêsin-mêsin dhatêng nagari Rus, cariyos makatên: kanthi sênênging manah kula ngintunakên tukang-tukang kula dhatêng nagari Rus, supados anatani mêsin-mêsin wontên ing pabrik ngrika. Sawangsulipun têtiyang wau saking nagari Rus, dados komunis malih puruna, sawêg manahipun abrit sakêdhik kemawon botên, pikantukipun pamanggih ingkang makatên punika, namung salêbêtipun watawis taun kemawon. (Badhe kasambêtan)

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2113 ing Dhampag. Kajawèn kangge 5 langganan sampun kakintunan nalika 12-1-'28. Adrès 2113 sampun kaewahan. Babad Tanah Jawi kêdah tumbas.

Lêngganan nomêr 188 ing Trênggalèk. Kajawèn nomêr 43-52 sampun têlas. Arta f 1.50 kangge kwartal punika, nanging nomêr 1 dumugi 3 inggih ugi sampun têlas, kalungsèn anggèn panjênêngan paring kabar.

Lêngganan nomêr 200 ing Klathèn. Sêrat nama-namaning langganan enggal sampun katampi. Manawi arta sampun dhatêng sawêg kakintunan Kajawèn, saha panjênêngan lajêng pikantuk gratis.

Lêngganan nomêr 1139 ing Tingkir. Langganan kaetang wiwit 1-2-'28.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 3109. Panjurung panjênêngan botên kapacak, amargi kêpanjangên. Dene wosing karsa panjênêngan murih tiyang gadhah piandêl dhatêng dhoktêr, punika lêrês sangêt. Manawi kintun panjurung prayogi kapêndhêt wosipun kemawon.

Tuwan S. Miharja, panjurung panjênêngan botên kapacak, amargi namung nyariyosakên kawontênanipun tiyang satunggal. Bab pakabaran sampun kasèp. Dene bab kaparêng panjênêngan badhe dados lêngganan Kajawèn, prayogi lajêng ngintunana arta rêginipun rumiyin.

Tuwan S.S. Diharja, ing Tingkir, Salatiga, pathokaning nyêrat Jawi ngangge sastra Latin inggih namung kados ingkang panjênêngan ngandikakakên.

--- 131 ---

Ekonomi

Bab Awon Saening Tiyang Gadhah Damêl

Mênggahing bôngsa Jawi gadhah pangraos, bilih tiyang gadhah damêl ingkang kanthi pasamuwan, punika dipun anggêp sampun jangkêp anggènipun anêtêpi dados tiyang gêsang, awit manawi dèrèng sagêd makatên, taksih nama kuciwa.

Pamanggih makatên wau pancèn inggih wontên lêrêsipun, nanging namung tumrap tiyang ingkang sampun botên kêkirangan gêsangipun, têgêsipun: bôndha sampun tirah, apêsipun inggih ingkang sampun botên badhe adamêl rêkaosipun ing têmbe wingking. Balik tiyang ingkang pancèn botên kuwagang, yèn puruna nindakakên makatên, nama tiyang maha anjarag damêl karisakanipun piyambak. Môngka sampun wontên pêpindhan ingkang kangge ambasakakên dhatêng tiyang ringkih, ing bab ingkang dados margining kamlaratan, inggih punika: tiyang gadhah damêl, tiyang yasa griya tuwin tiyang rabèn. Nanging ing bab karisakan badhe kacariyosakên ing wingking, ing sapunika nyariyosakên mênggah saenipun tiyang gadhah damêl rumiyin.

Tiyang gadhah damêl ingkang sarwa kasêmbadan, punika tumrap ingkang ngawaki (ingkang gadhah damêl), pancèn angrumaosi manawi manggih kasênêngan agêng, awit punapa sêdyanipun namung sarwa kadumugèn, dene ingkang kangge upami ing ngriki tumrap tiyang gadhah damêl mantu, awit punika ingkang agêng piyambak, kados ta:

Waragad sampun wontên, inggih punika ingkang badhe tumônja: sadhiyan dhahar, pangunjukan, pasamuwan, tigang bab punika kêdah wontên.

Dhahar, punika sadhiyan pasugataning tamu kakung putri, utawi kenging kagrêba inggih têdhanipun tiyang ingkang wontên ngriku sadaya.

Pangunjukan, punika pangunjukaning tamu jalêr, inggih punika bangsaning inuman warni-warni, ing bab punika pancèn kathah waragadipun.

Pasamuwan, inggih punika waragading lêlangên ingkang dipun wontênakên ing ngriku. Punika waragadipun inggih botên baèn-baèn.

Sasampuning sarwa mirantos sadaya, ingkang gadhah griya kantun ngêmatakên raosing kanikmatanipun, awit ing wêkdal wau sagêd kêmpalan kalihan sanak sadhèrèk, lan ing sadèrèngipun sampun ngalêmpak wontên ing ngriku. Ingkang dipun rêmbag [rêmba...]

--- 132 ---

[...g] botên wontên malih kajawi namung kasênêngan, dhasar kawontênanipun sanak sadhèrèk sarwa saras, sarwa nyandhang sae-sae. Sadaya namung damêl ambadhêdhêging manah.

Saya sarêng gôngsa sampun wiwit mungêl, kumênyuting manahipun ingkang gadhah damêl lajêng tuwuh, kèngêtan dhatêng ingkang botên-botên, mila sok lajêng wontên tiyang gadhah damêl lajêng ngrêntahakên êluh.

Sarêng dumugi têmpuking damêl, gamêlan ngungkung, tamu pating brubul dhatêng, pangantèn lajêng panggih, ingkang èstri ayu, ingkang jalêr bagus, lajêng kêtingal linggih jèjèr kados widadara-widadari, saha salajêngipun lêlangên nayuban ngantos byar enjing, utawi ringgitan wacucal, punika mênggahing raosipun tiyang ingkang gadhah damêl, sampun botên wontên pêpindhanipun malih. Mila pinanggihipun ngantos sabibaring damêl inggih namung sarwa sênêng, jalaran saking botên kêkirangan, dene mênggahing petangan, têlasing waragad wau inggih tamtu botên sakêdhik.

Mirid kawontênan ing nginggil punika, mênggahing tiyang ingkang botên kasêmbadan tamtu badhe botên adamêl kasênêngan, dados manawi nêdya anglampahi makatên, nama tiyang anjarag badhe damêl karisakan, pikantukipun namung bingah dipun wastani tiyang agêng ing manah, sagêd ngênggèni kalimrahan. Môngka kathah kemawon tiyang gadhah damêl wau ingkang kangge waragad saking arta anggènipun nyambut, trêkadhang mawi nganaki, botênipun inggih nyêpêngakên barang darbe dhatêng tiyang sanès, bêgja-bêgjanipun inggih ngangge artanipun piyambak ingkang namung cumpèn, ingkang pancèn kenging kangge kabêtahan liya. Dene kadadosanipun, ing sabibaring damêl lajêng botên kantênan.

Saking kalimrahing tatacara ingkang kados makatên wau, têtiyang Jawi ngantos dipun êlunakên gadhah watak kaborosan, ingkang jalaran saking rêmên gadhah damêl, môngka tiyang gadhah damêl punika botên namung mantu kemawon, inggih têtakan, sunatan, tingkêban tuwin sanès-sanèsipun, kawontênan sadaya wau, sêdyanipun namung badhe dipun lampahi sadaya, sarana mawi ramèn-ramèn. Môngka tumrapipun ing jaman sapunika, sanadyan ingkang sarwa kasêmbadan, kathah ingkang sampun mangrêtos bilih tiyang gadhah damêl punika manjing kaborosan agêng, mila lajêng kathah ingkang purun namung ngênggèni saprêlunipun kemawon, tumrap mantu inggih namung nikah, tumrap têtak sunat inggih namung saprêlunipun. Lan manawi dipun manah, saening tiyang gadhah damêl inggih punika ingkang kasambadan, ugi botên manjing dhatêng kautamèn, namung sae ing sawangan kewon.kemawon.

Nanging tumrap ingkang botên kasêmbadan, lampah kaborosan ingkang kados makatên wau malah tansah dipun trajang. Malah wontên ingkang kabatosanipun gadhah melik pados sumbangan, dados anggènipun gadhah damêl wau dipun upamèkakên tiyang among dagang, ngajêng-ajêng anggènipun badhe angsal bathi. Manawi nyata makatên, punika nama tindak nyênyamari.

Wusana tutuping karangan punika namung mêmuji, mugi tindak kaborosan ingkang kados makatên punika sagêd sirna, lan sumêrêpa dhatêng ajining arta tuwin kuwasanipun ingkang pindha narendraning bumi.

--- 133 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab wêwatêkanipun tiyang nyambut damêl.

(Candhakipun Kajawèn ôngka 6)

Sêmar : Lha iya dhinês, dodot bang lintulubintulu. kuwi têgêse: abang, irêng, kuning lan putih. Karêpe: Arya Sena mau wis bisa mêngku lan angêrèhake marang kanêpsone kang patang prakara.

Garèng : Lho, Ma, panjênêngane rama ngandikakake mungguhing patang prakara, kuwi krêsamu apa sing diarani: sarengat, tarekat, kakekat, lan makripat.

Petruk : Lha kuwi nèk Garèng, bodhone kathik ngungkuli kêbo, sing kokandhakake kuwi rak undhak-undhakaning laku marang kasampurnan. Balik sing dingêndikakake rama kuwi rak patang prakara kang wis kacakup dadi siji. Nèk mêngkono kuwi ora liya iya pojoking ikêt.

[Grafik]

Sêmar : Lho kok banjur pêncêlut mênyang ikêt, mungguh karêpmu kêpriye, Truk.

Petruk : Ikêt kuwi pojoke rak papat, ditêkuk sapisan, pojoke kèri têlu, ditêkuk sapisan manèh kèri loro, dilêmpit pojoke kèri siji, la, saiki sampurnane yèn banjur digawa nyang gadhèn.

Sêmar : Wis, kurang ajar, la kuwi rak lakune wong sing kakurangan butuh. Wis, wis, kok banjur ana-ana bae. Mungguh sing tak kandhakake patang prakara kuwi, kamurkaning manusa patang warna, kaya ta: mangani, madon lan sapanunggalane, upamane cara Arab mêngkono, iya kang diarani: amarah, mutmainah, aluamah lan supiyah, dadi sapa wonge bisa mêngku lan angêrèh marang kanêpsone patang bab mau, rak iya kêna diarani pêngpêngan têmênan. Lho mangkono gambarane Arya Bratasena.

Petruk : Nèk rumasaku kok iya mokal bangêt bisane uwong nglakoni kang mangkono kuwi, apa manèh wong sing kaya aku kiyi, manggon ana ing kutha gêdhe, sing akèh rêridhune, kaya ta: boskup, bangsawan, sêtambul lan isih akèh manèh tunggale, bisaa angêrèh marang kanêpsone patang prakara mau. Lagi si rama bae, tur manggon ana ing kutha cilik, nèk kabênêr malêm Minggu kamar bolah ana kêthêmlang-kêthêmlèng, bature dikon nglèncèri, manawa-manawa ing kono ana sing lagi dhomino.

Garèng : Wiyah, Petruk ki kok sêmbrana, priyayi sêpuh kathik diala-ala. Rama, ora prêlu digalih omonge Si Petruk kuwi, pancèn wis adate Petruk, sok nuturake lêlakone wong sing panci têmênan. Aku arêp nyuwun pirsa, apa iya ana karêpe, dene dicritakake, yèn Arya Bratasena kuwi ngagêm kuku pôncanaka.

--- 134 ---

Sêmar : O, iya ana, kuku kuwi têgêse baku utawa kukuh, pônca atêgês lima. Dadi karêpe Arya Bratasena kuwi dadi pikukuhing Pandhawa lêlima, cêkake sing dadi kêkuwating pôncadriya. Mulane banjur dicritakake manèh, yèn astane Arya Bratasena kuwi ngêpêl, karêpe, sanajan wujud lima, ananging bakune mung siji.

Garèng : Wèh, ngrêti aku saiki, Ma, mungguh krêsamu kuwi, rak iya sing sok disêbut ing uwong: sadulur papat lima pancêr kae ta.

Sêmar : Iya mula mangkono. Wis, saiki tak banjurne. Ing padhalangan dicritakake manèh, yèn Arya Bratasena kuwi ngagêm gêlung sinapit urang, êndhèk ngarêp dhuwur buri. Mungguh karêpe: wong kang wêruh ing sêmu.

Garèng : Ora, Ma, anggonku ngrasakake rada judhêg, ana gêlung kathik sinapit urang, kênang apa ora sinapit kêpithing utawa yuyu, capite rak iya luwih gêdhe, dadi panyapite iya luwih kêncêng.

Sêmar : Lho, ora mangkono. Panèn iya wis arane, gêlung sinapit urang kuwi, gêlung têgêse: wis anggêlung, wis nyakup. Sinapit urang: wis dikancing, karêpe wis ora bisa uwal.

Petruk : Lha nèk èndhèk ngarêp dhuwur buri, kuwi aku ngrêti. Dicritakake, yèn Arya Bratasena kuwi ora bisa dhodhok, dadi yèn kabênêr tindakan, ing môngka pipane tiba, le anjukuk iya kanthi brangkang. Wis lumrahe wong brangkang kuwi êndhèk ngarêp dhuwur buri, amarga sikile luwih dawa tinimbang tangane.

Sêmar : E, pancèn, dlodog têmênan Si Petruk kiyi, ana Arya Bratasena kathik dikandhakake nèk tindakan udud pipa, kuwi rak kotêpakake awakmu dhewe. Êndhèk ngarêp, têgêse: pangarêpe kudu èndhèk, karêpe: wong kuwi yèn arêp nindakake apa bae, wiwitane kudu andhap asor dhisik. Dhuwur buri, têgêse: nèk wis tiba buri, arêpa dhuwur iya kêna, dadi karêpe: yèn kang ditindakake mau wis diwêruhi kabèh, arêpa dhuwur utawa dhiri kae iya kêna.

Garèng : Wèthèthithèh, lha kok le gandêm, anggone nêrangake si rama kuwi, kiraku bae rama dhèk biyèn wis tau dadi dhalang wayang putèi.

Sêmar : Wiyah, apa aku lairan engkong, kathik dadi dhalang wayang putèi. Dicritakake manèh Arya Bratasena ngagêm gêlang côndrakirana. Côndra têgêse wujud. Kirana atêgês rêmbulan, utawa sorot, mungguh karêpe: wong kang anganggoni wêwatêkane Arya Bratasena kuwi, mêsthi banjur duwèni prabawa.

Petruk : Lha nèk ngono, mas mantri dhudhuk omah kuwi iya sok nganggo gêlang côndrakirana ane, sabab iya duwèni prabawa.

Sèmar : Lha iya beda, rêbawa beda ling karo rêbawa kang tak sêdyakake mau, iki ora mung diwêdèni bae, ananging uga nganggo diêsihi, balik rêbawaning maling kuwi mung wêdi thok bae, awit dikuwatirake manawa ngithik-ithik nganggo pangote.

--- 135 ---

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta.

VII. Kangjêng ratu nyidra Mênurseta sing kapisan.

[Mêgatruh]

ora tulus kaanane kangjêng ratu / awit ing dina sawiji / kaca kêmayan didangu / kaca kamayan saiki / sapa ta sing ayu yêktos //

kaca matur dhuh gusti sayêktosipun / botên wontên kang nyamèni / kajawi satunggal namung / kawon lan pun Mênurputih / samangke saya mancorong //

kangjêng ratu duka bangêt gêdrug-gêdrug / gathuking imba katawis / ing batin tansah angadhuh / dhag dhêg dhadha didhodhogi / waja pijêr kêrot-kêrot //

e e tobil bangêt têmên kowe Mênur / athik dadi isih urip / iya rasakna walêsku / kono kangjêng ratu nuli / sat-sêt bae gone dandos //

budhal sêmprung tindake kêsusu-susu / karo gendhong rajapèni / bali mênyang gonè Mênur / wise têkan nuli wiwit / tawa sêru nanging alon //

môngga lo nun dandosan sêsupe kalung / e e athik sêpi mamring / apa iya têmên suwung / tiwas bae gonku nginthik / gawa kalung intên ronyok //

Mênurseta krungu sabawaning tamu / banjur mara aniliki / barêng wong sing dodol wêruh / calathu karo nyêkikik / ihik jêbul ana uwong //

Môngga ngriki cêlak kemawon wong ayu / punapa kalung gih-igih / tobat barleyane mêsthur / sorote nganti blêrêngi / yèn diagêm wah mancorong //

Mênurseta astane karasa katut / nanging rada sêmu wêdi / wangsulane lirih alus / ana kae aku wêdi / mêngko yèn dipèlèt uwong //

Awit bapak wêwêlinge mênyang aku / ora entuk anêmoni / yèn ana wong rene biyung / mêngko gèk uwong ngapusi / wêdiku kêpatos-patos //

Wong kang nylamur nyêblèk pupu karo clathu / e e dene ngono tobil / yèn pangintên-intên iku / tumrapipun jaman ngriki / tamtu botên yèn kêlakon //

Sanadyana panjênêngan botên mundhut / nanging rak gih kenging nyobi / môngga ta nyobia kalung / kula trapne kang prayogi / adhuh iba le mancorong //

Mênurseta sanalika lali rêmbug / banjur gêlêm diênggoni / nanging barêng wis kumalung / disingsêtke tali pati / mak sêg sanalika kono //

Nuli tiba ana ing lêmah gumluntung / mripate ketok mêcicil / dene wong sing mindha bakul / lunga karo angidoni / cuh ênya kadhasmu kodhok //

Satêkane ing kadhaton cêluk-cêluk / kaca-kaca ing saiki / sajagad sapa sing ayu / kaca kamayan mangsuli / mung gusti kang ayu yêktos //

Bangêt bingah panggalihe kangjêng ratu / tansah gumujêng anggigik / duka iya ora tau / mung ngraos têntrêm ing kalih /galih. ora ana sing diraos //

Kocap Mênurseta sing

--- 136 ---

isih gumluntung / ora ana sing nulungi / sawise ing wayah surup / wong-wong cebol padha mulih / barêng wêruh padha bêngok //

la apa ta mau wis krasa atiku / ngombe pijêr cêkak-cêkik / dadi ngene sing ditêmu / ayo padha digolèki / sing dadi sababe kono //

we la iki wis gênah jalaran kalung / kêncêng bangêt le nalèni / sawise kalunge ucul / Mênurseta kêmpis-kêmpis / bisa mêlèk wêruh uwong //

uwong lima gênti gêntèn padha clathu / jlimêt anggone nakoni / priye sababe dhèk mau / dene pijêr mèh bilai / Mênurseta clathu alon //

sing mêrene iya kaya wong dhèk anu / rêmbugane angêcuwis / aku dikon nganggo kalung / dipêksa kon nyoba dhisik / aku banjur ora wêroh //

têtuwane wong cebol nuli calathu / wis ta wiwit ing saiki / aja nganti wani mêtu / lawang dikancing bae wis / ngundurana ing pakewoh //

[Grafik]

Mênggah kawontênanipun ing praja Jêpan, punika ingkang kêtingal ingakathah, punapa-punapanipun sampun angemba cara kilenan, dalah sandhang panganggènipun pisan, nanging kayêktosanipun mênggahing sandhang pangangge botên makatên, malah tumraping pamulangan, kados ing pamulangan calon kondhèktur, ingkang gambaripun kacêtha ing nginggil punika, para muridipun kêtingal taksih angêkahi nyandhang ngangge kados tatacaranipun piyambak, bokmanawi ngrêtos dhatêng kajênging pangangge tuwin kajênging kapintêran.

--- 137 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Juru kabar Kajawèn martosakên, ing dhusun Slamparrêja, ondêr Jabung, Malang, pulisi manggih bangke tiyang jalêr, nandhang tatu gulunipun mèh tugêl, wontên satêngahing patêgalan. Pulisi inggih sampun lajêng angsal katrangan.

Samangke sampun katêtêpakên, tindak dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana dhatêng Surakarta tuwin Ngayogyakarta, ngêntosi pambikaking parêpatan rad kawula, dhawah ing dintên Slasa tanggal kaping 15 Mèi, badhe anjujug Surakarta rumiyin.

Kawartosakên, Tuwan W. Steuvens insêpèktur ing bab têtanèn, sampun bidhal dhatêng ing Banjarmasin, prêlu badhe nyinau kawontênanipun têtanèn ing ngriku.

Wontên pawartos, bilih ing salêbêting kadhaton Surakarta mêntas kêpandungan, durjana sagêd mêndhêt kagungan dalêm waos-waos tuwin intên-intên wosèn, sadaya rêgi f 20.000.-

Tuwan Kopiksiyong, sudagar ing Kêdhiri, kawartosakên kêkirangan arta f 60.000.- tamtu kemawon kintên-kintên badhe palit.

Golongan bôngsa Ambon, rumaos kêkirangan wakil wontên ing rad kawula, awit namung satunggal, amila sami gadhah atur dhatêng pamarentah, têmbe nyuwun wêwahipun wakil bôngsa Ambon.

Kawartosakên, griya sakit Nirmala ing Karanganyar, Kêdhu, badhe bangkrut, nêdya dipun lelangakên.

Kuli-kuli baita ingkang sami nyambut damêl ing Vereeniging de Prauwenveer sami mogok, prakawisipun: sami nêdha indhakan balônja botên dipun pituruti. Nanging sarêng sampunansampun. kasêrêpan dening ingkang bupati ing Batawi, lajêng sami purun nyambut damêl malih.

Jalaran saking kathah para warga P.E.B. ingkang sami nêdha mêdal, amila Tuwan Kies Tuwan Meister tuwin Tuwan Roep sami badhe damêl sêsorah kangge mranani manahipun tiyang kathah.

Mr. Dr. Nazief sanadyan sampun kakintunan arta kangge waragad wangsul saking Indhia, langkung sawulan, ananging kulawarganipun dèrèng angsal pawartos punapa sampun bidhal saking nagari Walandi. Sagêd ugi wangsulipun angêntosi rampunging prakawisipun para sêtudhèn ingkang dipun cêpêngi.

Sawênèhing tiyang èstri bojoning kaji ing Dhêgat, Pulungsungi, Sumatra, nalika nuju wontên ing griya piyambakan, katêmpuh ing durjana koyok. Sarèhning èstri, lajêng ngêsrahakên arta f 3000. Saking bingahipun pun kècu botên prêlu migunakakên pistulipun. Sarêng para durjana mêngkêr badhe wangsul, ingkang gadhah griya katuwuhan akal, kècu lajêng dipun sanjata saking wingking, durjana têtiga sami nandhang tatu rêkaos, saha lajêng kacêpêng ing pulisi, kapalanipun taksih dipun upadosi.

Wontên wartos, bilih dhepartêmèn ondêrwis kagungan karsa badhe ngewahi rêpot murid sêkolah ingkang wulanan, kaewahan namung sabên tigang wulan sapisan. Dene bilih wontên murid ingkang mundur pangajaranipun, tiyang sêpuhipun lajêng badhe dipun sukani sumêrêp.

Komite Olympiade botên badhe ngintuni tiyang ahli sêport dhatêng Olympische Spelen ing Amsêtêrdham, ingkang badhe dipun wontênakên salêbêtipun taun punika. Awit botên wontên tiyang ahli sêport, ingkang kenging katandhingakên mrika, Tuwan T. Keyzer botên saèstu kaangkatakên, amargi namung ijèn.

Sarèhning kêrêp pinanggih kasangsaran ing papan têbih, ingkang kêdangon ngêntosi pitulunganing dhoktêr, utawi kadangon wontên margi nalika badhe nêdha pitulunganing dhoktêr dhatêng griya sakit. Ing sapunika Tuwan Dhoktêr Sukiman ing Ngayogya, kaparêng mulang dhatêng sabên tiyang utawi murid-murid sêkolah ing bab mêrban, wulangan wau kala rumiyin namung tumrap para padpindhêr. Sapunika pamulangipun saminggu kaping kalih.

Wontên pawartos, bilih tuslah sêpur èkprès badhe dipun ewahi, nanging tanggal tumapakipun dèrèng katamtokakên, sabên:

1 dumugi 60 K.M. kl. I f 1.- kl. II f 0.50 kl. III f 0.25

61 dumugi 100 K.M. kl. I f 1.50 - kl. II f 0.75 kl. III f 0.50

101 dumugi 150 K.M. kl. I f 1.- kl. II f 1.25 kl. III f 1.-

151 dumugi 200 K.M. kl. I f 2.50 - kl. II f 2.25 kl. III f 2.-

langkung 200 K.M. kl. I f 2.50 - kl. II f 2.50 kl. III f 2.50

Pranatan wau badhe tumindak kangge coban-coban, dados badhe dipun antawisakên badhe ing pikantukipun, manawi sae, badhe dipun têtêpakên.

--- 138 ---

[Grafik]

Kawartosakên, panjênênganipun Tuwan Steinmetz tilas residhèn seda. Asmanipun ingkang nêmbe suwargi wau wontênipun ing tanah Indhia dipun sumêrêpi ing têtiyang kathah, punapa malih saking bab tindak rekadayanipun dhatêng Mindere Welvaart Commissie. Mila wartos ing bab sedanipun Tuwan Steinmetz wau, adamêl karaosing manahipun têtiyang ing Indhia.

Ing kampung Talang, bawah Payakombo, Sumatra, wontên golongan komunis ingkang sawêg parêpatan kagropyok ing pulisi, benggolipun nama Dhatuk Manggung wani nglawan, nanging ugi kêcêpêng.

Para punggawa pamêlikan timah ing Bangkah, sami botên narimah jalaran balanjanipun dipun suda 5%, môngka nyatanipun samukawis kabêtahaning tiyang bale griya taksih sarwa awis.

Kala tanggal kaping 15 wulan punika, ing pamulangan Arjuna Banjarnagara kangge papan pakêmpalanipun para wanita, nêdya ngêdêgakên pakêmpalan nama Wanita Kancana, mirid saking adêging pakêmpalan wau wontên ing bawah Banyumas. Ingkang ngrawuhi para putri wontên 60, pamêdhar sabda Juff Siti Suharti, guru pamulangan Arjuna, pakêmpalan kalampahan ngadêg, ingkang dados ancasipun badhe ngajêngakên kagunan wanita.

Sapunika wontên wartos malih sagêd ugi De Jeer ingkang sampun kawartosakên wontên ing Kajawèn, badhe kapriksa prakawisipun, ing bab gêgayutanipun kalihan bêrontakan ing Batawi ing wulan Juli kapêngkêr.

Ing dhusun Ngadisari, dhistrik Sukapura, Prabalingga, tuwuh sêsakit pès wudun, tuwin sampun dipun titipriksa sagêd nular.

Wontên pawartos, bilih pakaryan Oudheidkundigen Dienst anggèning mulyakakên Candhi Sèwu sampun rampung.

Sambêtaning kawat tèlêgram dhatêng Tanjungpinang (Riyo) kawartosakên pêdhot, sadaya tèlêgram dhatêng panggenan wau kakintunakên kalayan pos saking Singgapura, miturut pranataning K.P.M.

Ing Ngayogya badhe wontên ingkang ngadani damêl pamulangan, ingkang pangajaranipun inggil, ingkang ngadani panjênênganipun Mr. Suyudi, Dr. Supama, Dr. Sukiman, tuwin Tuwan Sam. Prêlu kangge nyadhiyani para têtiyang ingkang ambêtahakên dhatêng pangajaran inggil, pamulangipun saminggu sapisan, wontên ing pamulangan Adidarma, tanpa bayaran. Pambikakipun benjing punapa taksih dados rêmbag.

Rumiyin pajagèn mitrailleur-compagnie ing Cilacap, tumrap pajagèn têtiyang ukuman ing Nusakambangan, wontên tiyang 3, kumêndhan 1, sapunika wontên wartos, pajagèn wau dipun wêwahi dados tiyang 10, kumêndhan 1, kajawi ing pos Klacês, pajagèn sanès-sanèsipun badhe dipun icali.

Kawartosakên, ing lèpèn Panjaringan, Batawi, wontên satunggiling lare èstri adus kêlêm wontên ing têngah, lajêng wontên tiyang èstri sanèsipun sumêrêp nêdya nulungi, sarêng lare kêcêpêng lajêng anggulêt, malah ingkang têtulung badhe katut. Ing ngriku wontên tiyang èstri sanèsipun malih anggêbyur nulungi, nanging inggih badeh tumut kalap, rahayunipun lajêng kasumêrêpan ing têtiyang sanès, jêlèh-jêlèh nêdha tulung, wusana wontên juru baita sumêrêp lajêng mitulungi, sadaya kêtulungan, wilujêng, namung lare ingkang kêcêmplung sakawit ragi rêkaos.

Kyai Muhamad Yusup ing Sumpyuh, misuwur dados dhukun pêng-pêngan, ingkang dhatêng ing ngriku ngantos tiyang ewon-ewon. Kacariyos wontênipun kyai wau gadhah kasagêdan anjampèni kados makatên, kala wontên ing Mêkah dipun wulang caraning anjampèni sarana êmèl dening Sèh Ahmad Masawi, asli saking Kairo. Kala Kêmis kêpêngkêr, têtiyang ingkang dhatêng jêjampi kintên-kintên wontên 3000. Kyai wau botên purun dipun sukani punapa-punapa, mindhak cabar dayanipun.

Nglêrêsakên kalêpatan.

Ing Kajawèn nomêr 6 kaca 110 ing karangan: têdha baku tuwin kaborosan ing tanah Kaduwang Surakarta, ing ungêl-ungêlan perangan sisih têngên garis ngandhap piyambak, lêrêsipun wontên nginggil piyambak.

--- 139 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

9. Propesor Higgs Ambêbêdhag

Wontên ing ngriku kula lajêng anyanjata, mimisipun sanalika angèngingi lêmpènging singa barong, kanthi anggêro sora, singa barong lajêng tangi, sukunipun ingkang satunggal pincang, pun singa sêmang-sêmang sakêdhap, salajêngipun lumajêng dhatêng parêdèn pasir.

Kapitan Orme ingkang wontên wingking kula lajêng anyanjata, pasir sangandhaping wêtêng singa kêtingal kumêbul, inggih namung punika angsal-angsalaning panyanjatanipun wau. Sanadyan sanjata kula sami mêtêng, kula sadaya botên sagêd enggal-enggal anyanjata, singanipun barong sampun musna wontên sawingkinging parêdèn.

Salajêngipun singa wau kula kèndêlakên kemawon, kula sadaya lajêng murugi Propesor Higgs, ingkang kala punika kakintên manawi botên pêjah inggih tatu sangêt. Ananging andadosakên gumun lan bingahing manah kula sadaya, dene piyambakipun tangi kanthi sabar, kaca mripatipun biru taksih cumanthèl ing irungipun, saha ngisèni sanjatanipun nêdya ngoyak singa barong ingkang sampun kêtaton wau. Kapitan Orme ambujêng saha cêluk-cêluk: e, bali. Propesor Higgs ambêngok, swaranipun cumlêring: ah, êmoh. Yèn kowe sakaloron kirane ngira, manawa aku ora bakal malês ukum marang kucing gêdhe ala mau, sabab wis anunggangi ing wêtêngku, kowe kliru bangêt.

Kapitan Orme sagêd nututi plajêngipun propesor wau wontên pucaking parêdèn ingkang kapisan, ananging wicantêning piyambakipun murih sampun nututi singa wau, tumrap Kapitan Orme tuwin kula, ingkang botên watawis dangu inggih dumugi ing ngriku, punika babarpisan botên sagêd. Propesor wau kajawi kêbarut irungipun, piyambakipun wilujêng botên punapa-punapa, ananging kala punika kêbrangas saha nêpsu sangêt. Kula sadaya angarih-arih, murih nrimaha dhatêng kabêgjanipun wau, ananging botên dipun paèlu babarpisan.

Wangsulanipun Propesor Higgs: genea, ta, Adams aku wis natoni kewan mau, lan aku aluwung matèni singa barong loro tinimbang siji, ananging manawa kowe sakaloron padha wêdi, wis muliha bae.

Kala punika kula kêdah ngakêni kanthi blaka, manawi kula kapengin sangêt anuruti pakènipun Propesor Higgs wau, ananging Kapitan Orme ingkang nêpsu amangsuli makatên: wis, wis, rak iki sing bisa mutusi. Kowe kuwi kiraku rada bingung jalaran saka anggonmu tiba mau, nèk ora, kowe môngsa kôndhaa mangkono. Dêlêngên lo tapake, apa kowe wêruh gêtih iki, ayo padha dilacak, nanging karo mapagake angin. Ing kana mêngko rak bakal kêtêmu, ananging eling lho, aja ambêdhil nèk isih adoh bangêt.

Propesor Higgs amangsuli: Iya bêcik, mung bae aja nêpsu manèh, aku ora duwe gagasan ala, aku mung arêp angetokake mênyang kewan kae, bedane aku karo wong Zeu.

Salajêngipun kula sadaya nuntên miwiti anggènipun ambêbujêng, tansah nglacak tapaking singa, minggah mudhun parêdèn. Sarêng lampah kula sadaya kintên-kintên sampun wontên satêngah jam, kula sadaya kagèt, dene sumêrêp singa barong, ingkang têbihipun kintên-kintên gangsal atus mètêr saking kula sadaya. Kala punika kula sadaya inggih lajêng kasusul dening sawatawising tiyang Zeu ingkang lajêng sami kêmpal kalihan kula sadaya, ananging botên gadhah grêngsêng babarpisan.

Ing wêkdal punika dintênipun saya siyang, bêntèripun saya sangêt, ing salêbêting bênteran katingal pating krêlap kèbêkan êndhêg amun-amun, kêtingal kados ibêring lêmut mêmliyunan, ewasamantên kala punika srêngengenipun botên kêtingal, jalaran saking wontênipun sabangsaning pêdhut. Ing ngriku nyênyêt botên wontên swara punapa-punapa, sanadyan wontên ing sagantên wêdhi, nanging nyênyêtipun wau langkung nganèh-anèhi, kula sadaya sagêd mirêngakên swaraning pasir ingkang gumlundhung saking pucaking gumuk. Têtiyang Zeu sami kêtingal samar, saha sami nuding-nudingakên tumbakipun dhatêng ing langit, saha lajêng nuding-nuding dhatêng pakampunganipun. Sarêng kula sawatawis dangu botên ngawasakên dhatêng têtiyang wau, têtiyang wau lajêng sami minggat.

Kula inggih sumêdya badhe ngêtutakên têtiyang wau, angintên bilih wontên sabab-sababipun ingkang prêlu, anggènipun têtiyang wau sami kesah dadakan. Ananging Propesor Higgs botên purun babarpisan, lan Kapitan Orme ingkang taksih ngèngêti wicantênipun Propesor Higgs ingkang botên nyakecakakên ing ngajêng, namung ngangkat pundhak.

Kanthi anggosoki kaca mripatipun biru tuwin ngusapi rainipun, Propesor Higgs wicantên makatên: bokbèn, wong-wong

--- 140 ---

kae padha pangkat dhewe, kabèh mau rak mung bangsane durjana bae. Dêlêngên, lho, kae singane barong, brangkangan mangiwa, yèn aku kabèh ngubêngi gumuk pasir kae, bakal kêpêthuk dhèwèke.

Salajêngipun kula sadaya lajêng ngubêngi gumuk pasir wau, ananging botên kêtingal singanipun barong. Sasampunipun kula madosi sawatawis dangu, sawêg manggih tapak rah-rah enggal, ingkang kula sadaya lajêng nglacak, wiwitipun ngurut ingkang satunggal, lajêng ngurut sanèsipun, ngantos andadosakên gumuning manahipun Orme kalihan kula, Propesor Higgs tansah mêmpêng kemawon. Sarêng Propesor Higgs dangu-dangu ical pangajêng-ajêngipun, dumadakan singa barong wau pinanggih wontên salêbêting jugangan. Sarêng singa barong badhe minggah, kula sadaya lajêng nyanjata sêsarêngan marambah-rambah. Mimis satunggal anatoni singa barong wau, tandhanipun singa barong lajêng dhawah, ananging lajêng tangi malih kanthi anggêro. Sampun tamtu kemawon, ingkang ngèngingi wau mimisipun Kapitan Orme, ananging Propesor Higgs kados adating tiyang ingkang miwiti bêbêdhag punika, lajêng bêntèr manahipun, saha anganggêp, bilih ingkang ngèngingi wau mimisipun Propesor Higgs piyambak. Ingkang makatên wau botên prêlu kula têtiyang kalih amabêni.

Kanthi rêkaos, kula sadaya lajêng nglajêngakên ngoyak singa barong wau, ingkang tatu sangêt, ngantos botên sagêd lumampah, namung anggêrêngi kula sadaya, tuwin nakur-nakurakên sukunipun manginggil, mimis ingkang nomêr kalih langkung titis angsalipun, jalaran singanipun barong lajêng dhawah pêjah.

Propesor Higgs anjêngèk: Ayo singa barong kae padha dikêlèti, dhèwèke wis anglinggihi awakku, lan aku nêdya nglinggihi awake kaping pirang-pirang.

Kula sadaya lajêng amiwiti ngêlèti singa barong wau, sanadyan ta kula sampun suka pitêdah supados enggala wangsul dhatêng pakampungan, awit kala punika kula nguwatosakên dhatêng kawontênaning hawa. Pangêlètipun lami, jalaran namung kula piyambak ingkang mangrêtos caranipun tiyang ngêlèti kewan punika, lan jalaran bêntèr sangêt, anggènipun ngêlèti inggih mangkêlakên.

Dangu-dangu inggih rampung, wacucalipun lajêng kagantungakên ing sanjata, ingkang lajêng kapikul gêgêntosan ing tiyang kalih. Sasampunipun kula sadaya lajêng sami ngombe toya saking gêndul pasangon, malah kula sumêrêp, bilih Propesor Higgs punika, ngumbah rah ingkang wontên ing rai tuwin ing tangan, mawi toyanipun sangu wau. Salajêngipun kula sadaya lajêng bidhal wangsul dhatêng pakampungan, ananging sanadyan kula sadaya ngrumaosi sumêrêp yêktos dhatêng marginipun, ewadene têtela sangêt, bilih botên wontên ingkang gadhah pangintên-intên kêdah dhatêng pundi nêring lampah wau, jalaran kala pangkatipun kêsêsa, botên wontên ingkang gadhah pikiran ambêkta kompas, dene srêngenge ingkang padatan sok kula angge pandoman, kala punika ngumpêt wontên sawingkinging pêdhut ingkang nganèh-anèhi punika. Putusing rêmbag, kula sadaya lajêng wangsul dhatêng gumuk pasir panggenanipun nalika kula sadaya mêjahi singa barong wau, salajêngipun badhe ngêtutakên tapaking suku kula sadaya ing ngajêng. Ingkang makatên wau sajakipun tindak prasaja sangêt, jalaran saking ngriku têbihing gumuk wau kintên-kintên wontên satêngah pal.

Sarêng lampah kula kanthi têtêkênan, jalaran wacucaling singa barong wau awrat sangêt, sadumugining gumuk ingkang kasêdyakakên, têtela punika dede gumukipun. Sasampunipun kula nyumêrêpi bilih kula sadaya kêlintu, lajêng sami rêrêmbagan, la gèk gumuk pundi, kêdahipun saha lajêng ngênêr ing prênah sanès, ananging pinanggihipun sami kemawon.

Dados kala punika, kula sadaya sami kêsasar wontên ing sagantên wêdhi.

4

Propesor Higgs wicantên kamisosolên: kang andadèkake sabab, iki ora liya, amarga gumuk-gumuk panyakit iku rupane padha bae, kayadene mutyara kalunging bangke garing, dadi iya angèl bangêt anggoning arêp mêruhi siji-sijine. Adams, gêndul kuwi ulungna, awit ngêlakku bangêt.

Kula amangsuli cêkak: ora kêna, awit sadhela êngkas bae kowe bakal ngêlak manèh.

Propesor Higgs pitakèn: Lho apa karêpmu. O, iya, aku wis ngrêti. Ananging kang mangkono kuwi rak omong kosong, wong Zeu rak iya bakal anggolèki, cilaka-cilakane aku kabèh kudu ngêntèni sasuruping srêngenge.

Kalanipun Propesor Higgs wicantên makatên punika, hawanipun lajêng kêbak suwara ambrêngêngêng nganèh-anèhi, ingkang botên sagêd dipun cithakakên wontên asêsêratan, lan sabab-sababipun saking gêgosokaning pasir pintên-pintên yuta. Kula sadaya lajêng sami nolèh, sumêdya nyatakakên, saking pundi pinangkaning suwara wau, saha saking katêbihan lajêng sumêrêp, wontên mega sakalangkung kandêl sangêt, amurugi kanthi rikat sangêt, lan dipun pangajêngi undêran angin. Propesor Higgs ingkang rainipun sulak abrit, ananging lajêng sawatawis pucêt, wicantên makatên: we la, prakara wêdhi, susah iki. Ya kuwi pakolèhe wong ki nèk arêp nêpsu bae. Ora Adams, iki rak salahmu, jalaran wingi sore ora kalawan sênênging atiku, kowe andokoki uyah ana ing panganku (Propesor Higgs punika sajatosipun gugon-tuhon sangêt, ingkang makatên punika mila nganèh-anèhi, ingatasipun tiyang inggil kawruhipun makatên) kapriye saiki pokalku kabèh, apa ora bêcik angglethak ana ing sisihing gumuk kana bae nganti prakarane liwat. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---