Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-28, #62

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-28, #62. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-01-28, #62. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 8, 5 Ruwah Taun Jimakir 1858, 28 Januari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Margi Sêpur ing Bêrlin, Dhitsêlan

[Grafik]

Saking kathahing margi sêpur, tumrap ing Bêrlin ngantos wontên tigang warni, satunggal kados margi sêpur limrah, kalih mêdal sangandhaping siti, katiganipun mêdal ing nginggil, inggih punika marginipun kados krêtêg. Wujudipun kados ing gambar.

--- 142 ---

Raos Jawi

Ukuran utawi trajuning batos

Candhakipun Kajawèn ôngka 6.

Manusa ingkang sampun alus utawi luhur bêbudènipun, ukuranipun ingkang ajêgan namung têpa salira, punika masthi sampun mangrêtos, bilih ing donya punika wontên pranatan ingkang adil, mila inggih lajêng botên purun nindakakên samukawis ingkang murugagên botên sakeca tumrap sasamining manusa, awit manut piyandêling manahipun ingkang mantêp sangêt, bilih sadaya dêdamêlaning manusa punika, awon utawi sae, masthi dadosipun. Sintên ingkang adamêl awon, inggih dados awon, ingkang ngraosakên inggih ingkang yasa piyambak.

[Grafik]

Manusa ingkang botên mangrêtos dhatêng ukuran, langkung-langkung ukuran ingkang tumrap dhatêng badanipun piyambak, amasthi asring manggih sangsara. Tiyang srêgêp nyambutdamêl punika sae sangêt, ananging yèn tanpa ukuran, têgêsipun ngantos sapintên watêsing karosanipun badan, amasthi lajêng rêkaos ingkang pinanggih. Makatên ugi tiyang nêdha, tilêm utawi mêlèk, suka-suka lan sapiturutipun ingkang botên ngangge ukuan, inggih lajêng botên sae wêkasanipun. Manusa ingkang karêm dhatêng satunggiling barang, ing ngriku kenging kapasthèkakên bilih anggènipun tumindak tanpa ukuran, pramila pakarêman punika inggih botên prayogi sangêt. Pakarêman punika sagêd adamêl sulayaning lampah ingkang utami, pramila sulaya, margi pun ukuran lajêng kapêngkêr, ingkang dipun èngêti namung barang ingkang dipun karêmi.

Bêntèring badan punika kaukur ngangge tèrmomètêr, wangsul bêntèring manah, rêkaos sangêt pangukuripun, kajawi namung têpa salira pirantosipun. Panomètêr pirantos kanggokangge. ngukur kakiyatanipun pandêdêling gas, wangsul pandêdêling hawa napsu, botên sanès ingkang kangge ngukur, kajawi namung têpa salira. Tiyang ingkang kulina têpa salira, sanajan panuju andêdêl hawa napsunipun utawi bêntèr manahipun, amasthi lajêng botên mêntala badhe nandukakên patrap ingkang botên sae, sanajan piyambakipun punika ingkang manggèn ing prênahing kalêrêsan.

Tatakrami utawi andhap asor, sadaya tiyang

--- 143 ---

wajib nindakakên. Ananging manawi anggènipun andhap asor tanpa ngangge ukuran, ingkang mêsthinipun botên kasêmbah lajêng kasêmbah, punika inggih lajêng botên nama tatakrami, jalaran botên mangrêtos dhatêng tatanipun, malah para tiyang jaman majêng sapunika mastani: pênji...t, dados inggih asor tur botên sae.

Tiyang ingkang sampun nama waspada, kirata basanipun: awas marang pada, pada atêgês andhêg-andhêg utawi watêsing lampah, punika sagêdipun sumêrêp dhatêng andhêg-andhêging lampah, inggih sasampunipun kaukur sarana panyakrabawa ingkang katêpakakên dhatêng salira.

Ing wusana pangajêng-ajêng kula, mugi ngèlmu ukur: Meetkunde punika sagêda sangsaya wêwah jêmbaring jajahanipun.

Pun: S. Siswamiharja. Pasuruan.

Pathining Nayaka Wara, Wulang Dalêm Suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV ing Surakarta.

Ing sêrat Nayaka Wara kasêbut ing wêwarah nginggil punika, wontên ungêl-ungêlan, ingkang araos dados pêpathinipun, ungêlipun makatên:

Wardining kang warsita jinarwi / wruh ing kukum iku watêkira / adoh maring kanisthane / pamicara puniku / wèh rêsêpe ingkang miyarsi / tatakrama punika / ngadokên payêndhu / kagunan iku kinarya / ngupa boga dene kalakuan bêcik / wèh rahayuning raga //

Suraosing wulang punika sanadyan namung sapada thil, ing pangraos sampun nyêkapi kangge sangunipun tiyang gêsang wontên ing ngalam donya, murih wijulêng ing gêsangipun. Lan sanadyan wulang wau sampun cêtha kados makatên, kados inggih botên wontên awonipun saupami dipun andharakên mênggahing kajêngipun. Botêna ngêplêki kados karsanipun ingkang kagungan karangan, inggih lowung dene atêgês anggagapi dhatêng kajênging piwulang sae, kados ing ngandhap punika:

Wruh ing kukum iku watêkira, adoh maring kanisthane. Kukum makatên têgêsipun adil, inggih pangadilan. Dados tiyang sumêrêp ing adil tuwin pangadilan, inggih atêgês sumêrêp ing lêrês, awit adil, punika sawênèhing tindak ingkang lêrês piyambak. Sintên ingkang sagênsagêd. ngraosakên kajêngipun wau, lajêng badhe pados punapa malih, awit rumaos sampun angênggèni ing lêrês, botên kasamaran dhatêng tindak awon lan sae, ingkang awon kabucal, ingkang sae dipun rasuk, mila têbih dhatêng kanisthan.

Pamicara puniku, wèh rêsêpe ingkang miyarsi. Pamicara ing ngriki gadhah kajêng tumanduking basa ingkang sae, basa sae makatên tamtu sampun anêbihi dhatêng basa awon, awit pancèn [pa...]

--- 144 ---

[...ncèn] kosok-wangsulipun. Inggih wulanga, inggih parentaha, inggih ginêmana limrah, manawi ngangge ingkang sae, sampun tamtu kemawon adamêl rêsêpipun ingkang mirêngakên, wêkasan mikantuki dhatêng sadayanipun. Nanging mênggahing tiyang, adhakan angênggèni dhatêng kosokwangsulipun, dening kajêngipun ingkang nglampahi makatên wau, botên liya inggih namung nêdya badhe pados kasaenan, awit salugunipun botên wontên tiyang ingkang nêdya pados awon, nanging kêkilapan, sêdyanipun pados sae wau kêlintu ing patrap, botên sumêrêp manawi ingkang sae punika namung têtêp sae ing salami-laminipun.

Tatakrama punika, ngêdohkên panyêndhu. Tatakrama punika sanadyan botên dipun cariyosna kadospundi, inggih sampun atêgês kajêng sae. Dene mênggahing tatakrama warni-warni sangêt, kados ta tatakramaning tiyang mara tamu, tiyang katamuan, tiyang nêdha lan sapanunggilanipun, wosipun kemawon, tatakrama punika patrap pasrawunganing tiyang sami tiyang, dados inggih patrap punapa kemawon, sampun ngantos tilar tatakrama. Manawi pancèn nyata kados makatên, sampun tamtu kemawon tinêbihan ing panyêndhu.

Kagunan iku kinarya: ngupa boga. Punika nyata sangêt, awit dhatênging têdha punika botên wontên ingkang botên saking tumindaking kagunan, dados tiyang ingkang botên guna, kêdah ngrumaosi manawi botên angsal têdha. Nanging punapa wontên tiyang ingkang botên gadhah kagunan, tamtu botên, awit rumaganging bau suku punika inggih kagunan sadaya. Wosipun botên wontên tiyang botên angsal têdha, manawi purun gumragèh nyambutdamêl. Dados manawi makatên, tiyang ingkang têtêp botên gadhah kagunan punika: tiyang kêsèd.

Dene kalakuan bêcik, wèh rahayuning raga. Kalakuan sae, punika tiyang wiwit lare sampun kinudang ing tiyang sêpuhipun, supados kêdunungana, lan salajêngipun ngantos dumugining sêpuh, tiyang inggih tansah manah murih kanggenan kalakuan sae. Kalihan malih mokal saupami tiyang botêna sumêrêp dhatêng ingkang dipun wastani kalakuan sae. Dados saupami wontên tiyang ingkang botên rahayu raganipun, (gêsangipun) botên usah dipun padosi sababipun, punika cêkap nêsêli ungêl-ungêlan ing nginggil wau ngangge têmbung ora, makatên: dene kalakuan ora bêcik, wèh ora rahayuning raga.

Wulang ing nginggil sadaya wau cacahipun namung gangsal bab, nanging namung pathi, kenging dipun raosakên sayêktos, awit pêcahing kajêngipun, manawi dipun bèbèr, bêbasanipun sagêd angêbaki jagad, dados tiyang punika yèn sagêda, sampun kêwêngku ing piwulang sae. Mila prayogi dipun raosakên.

Ingkang makatên punika, tiyang wajib tansah angèngêti dhatêng suraosing wulang sae, awit sanadyan dèrèng tamtu sagêd anglampahi, nanging sampun nama lowung, dene tansah kataman ing osik.

--- 145 ---

Panglipur Manah

Kasêtyaning Sagawon

[Gambuh]

pan wus kawarnèng dangu / gambuh ingkang sato kewan iku / datan wontên ingkang sêtya kadi anjing / myang budi pangrêtinipun / prasasat wus pindha uwong //

sêtya marang kang ngingu / lan tan nêdya apisah sapangu / mring bandara tan pêgat anggung kêkinthil / nadyan kasok sayah puguh / tan ngrasa rasèng kalêson //

[Grafik]

tanapi mangan nginum / yèn kêtlangso tan rinasa gêtun / pirabara lamun nyata dèn opèni / kasêtyane kongsi lampus / ngantêpi bandara manggon //

ing sajatine asu / wus ginaris ambêg sêtya tuhu / lawan kêni pinèt ing karya prayogi / yèku dadya kanthinipun / têntrêm ingkang karahayon //

myang wus kawartèng kasub / sona ingkang aran bôngsa alus / kêni pinèt dadya kanthining pulisi / ngudi kadurjanan siluk / gampil ginônda kemawon //

ingkang kadya puniku / pan ingaran sagawon kang tuhu / marma karan uga sagawon pulisi / tan samar pamoring mungsuh / kang nyidra mring karahayon //

wênèh wontên winuwus / sacaraning sagawon pinunjul / ingkang pinrih atêtulung maring janmi / kang manggih baya pakewuh / anèng madyaning palugon //

sona ingkang kakadyèku /Lebih satu suku kata: sona ingkang kadyèku. ing sakawit ingajar ing laku / mrih uning mring sacarèng nulung wong sakit / lamun wus kulina atul / tan pae lakuning uwong //

kadi ingkang kadulu / anèng gambar pratikêling laku / kang kalakyan anèng nagari Walandi / pan saking pamardinipun / Rodhêkris kêmpalan kaot //

kang ambêg mirah tuhu / pan punika mêtha lakunipun / punang sona pinrih têtulung ngupadi / maring ing kaananipun / janma kang manggih pakewoh //

adat kupiyanipun / tindaking kang sona mlayu mamprung / mung tan kêndhat miguna gandan linuwih / alêpas dadya panuntun / tinêmu dènnya ngupados //

ingkang pinanggih ngriku / pan amanggih [a...]

--- 146 ---

[...manggih] janma gumaluntung / ingkang pindha satatanirèng wong sakit / dupi kang sona andulu / kandhêg anyakêti alon //

tan kêndhat ngambus-ambus / nulya ngudi caraning têtulung / kang tinêmu gita-gita nyakot topi / nulya binêkta umamprung / tan pêgat anggung ginondhol //

riwusing gathuk tundhuk / mring dununging kang juru têtulung / dyan tinampi kalawan gitaning ati / nulya umangkat tut pungkur / ing salakuning sagawon //

risampuning kêtêmu / pan ingangkat janma kanthi sarju / pan ing ngriku sona aran antuk kardi / dènira tindak têtulung / marga sangsaraning uwong //

makatên karyanipun / punang sona ing salaminipun / kang kadyèku yêkti tan prabeda janmi / malah yèn ing titinipun / kapara kawuryan kaot //

awit sona satuhu / darbe kodrat lêpas ing pangambu / lan pangrasa kang dahat landhêp kapati / miwah lêpasing pandulu / tan wontên kadi sagawon //

yèn ta pinikir tuhu / isinira ing donya puniku / tumrap janma tan pisah anggung ngênggoni / luput dadya satru mungsuh / yêkti dadya mitra kaot //

kadi kang sona iku / pan wus limrah adhakan pinênthung / parandene wontên sona kang pinanggih / darbe kadibyan linangkung / malah angasorkên uwong //

Kabar Sanès Praja

Cariyos kawontênanipun Karajan ing Siyêm

Sambêtipun Kajawèn ôngka 6

Ing Kajawèn ôngka 6 sampun kacariyosakên kawontênanipun sawarnining bôngsa ingkang sami dêdunung wontên ing karajan Siyêm. Ing ngriki samangke badhe ngandharakên babadipun karajan wau sawatawis ngantos dumugi gêgayutanipun kalihan tanah Jawi kala ing jaman kina.

Mênggah nama Siyêm punika, thukulipun saking gagasan warni-warni. Bôngsa Eropah ingkang rumiyin piyambak dhatêng ing ngriku, amastani bilih nama Siyêm wau botên asli saking ngriku, ananging asli saking têtiyang Jawi. Dene ingkang martosakên rumiyin piyambak bôngsa Portugis, lajêng bôngsa Mlayu tuwin sanèsipun malih, ingkang makatên wau lajêng dipun ugêmi dening para sagêd samangke punika. Ananging sapunika sampun kasumêrêpan, bilih nama Siyêm utawi Sayam, punika namaning nagari ngriku ingkang sêpuh piyambak. Kajawi punika sakêdhik-sakêdhikipun kalih èwu taun sapriki, ing ngriku wontên sêsêbutan warni-warni, inggih punika asli saking sêsêbutanipun raja-raja ing kitha laladan Siyêm warni-warni, ingkang gêgêntosan ambawahakên praja Siyêm wau. Tiyang Siyêm piyambak amastani nagarinipun: Moeang Tai, têgêsipun nagarining tiyang turun Tai, ananging dangu-dangu,

--- 147 ---

nama ingkang sêpuh piyambak, inggih punika Moeang Sajam lajêng gêsang malih. Kamajênganipun bôngsa Siyêm ingkang urut-urutan, punika jalaran saking kacampuraning bôngsa Lao Tai lan bôngsa turunaning Khmer. Basanipun ingkang kathah saking Lao Tai wau, ananging samangke basanipun wau kacampuran kalihan basa-basa saking bôngsa sanès ingkang dhatêngipun kantun. Dene tandang, pakulinan, sêsêratan saha agaminipun, punika sajak gêgandhengan kalihan turunaning Khmer kasbut nginggil.

[Grafik]

Jogèd cara Siyêm punika inggih mirib jogèd Jawi.

Bôngsa saturuning Lao Tai, ingkang aslinipun saking kidul kilèn nagari Cina, punika sami pindhahipun mangidul, punika sampun kina sangêt, ananging panêmpuhipun dhatêng bôngsa Siyêm ingkang sisih lèr, sajakipun wontên ing têmbenipun malih, tandhanipun kitha Lampoen inggih punika kitha ing Siyêm ingkang dipun êdêgakên dening bôngsa Lao, punika madêgipun dèrèng patos lami sangêt, inggih punika kintên-kintên ing taun 575. Kintên-kintên inggih ing wêkdal punika, campuripun bôngsa-bôngsa turunan kasbut nginggil wau, jalaran ing abad punika para nata sami nulad wêwatêkanipun bôngsa Lao, saha malih basa Siyêm, sêsêratan lan sanès-sanèsipun tumandukipun inggih wiwit punika, ananging karampunganipun cêcampuran kalihan bôngsa enggal, sarêng bôngsa Lao Tai kausir dening Koe Blai Khan saking nagari Cina sisih kidul kilèn. Ingkang makatên wau amranani dhatêng saindênging tanah Hindhu ngajêng. Salajêngipun tanah Siyêm sisih lèr, sisih kilèn lan kidul kilèn, nuntên dados karajan satunggal, botên watawis dangu lajêng kathah malih nagari-nagari ingkang sami katêlukakên dening karajan nginggil wau, dene kithaning karajan tansah pindhah-pindhah kemawon. Kala punika, inggih punika ing taun 1284 wontên sêsêratan ingkang nyêbutakên, bilih bawahipun karajan Siyêm, kala ingkang

--- 148 ---

jumênêng nata Prabu Rama Kam Heng wiyar sangêt. Miturut pèngêtanipun têtiyang Malayu saking Minangkabo sadèrèngipun dumugi Singgapura, ing ngriku sampun kambah ing tiyang Siyêm. Ing wêkdal punika namung nagari Lavo ingkang dèrèng kabawah ing Siyêm. Sarêng kithaning karajan nagari wau sampun katêlukakên, panguwaosipun karajan Siyêm saya agêng sangêt, saha ing tilasipun kitha karajan Lavo wau lajêng dipun êdêgi kitha karajan Siyêm nama Ajuti. Kala punika saking agêngipun bawah Siyêm, ngantos tanah Malakah inggih tumut kabawah, saha para sudagaripun ngantos dumugi ing pundi-pundi. Pakabaran ingkang makatên wau, miturut pèngêtanipun bôngsa Jawi mila lêrês, awit kala ing taun 1340 bôngsa Jawi anggêbag tanah Kamboja, ing môngka ing jaman punika ugi, karajan Siyêm inggih sawêg kalêrês anggêbag Kamboja, malah ngantos ngrêbat kitha Angkor saha ambêktani tawanan 90.000. Dados kintên-kintên inggih ing jaman punika wiwitipun tanah Jawi sêsrawungan kalihan nagari Siyêm.

[Grafik]

Wiwahan pambêsmi layon. Tumrap cêcariyosan Jawi kina inggih wontên. (Badhe kasambêtan)

--- 149 ---

Piwulang Sae

Tri prakara, satruning ngaurip. Yèn pinêkak: wèh utama. Yèn inguja: wèh sangsara.

[Mêgatruh]

pêgat-pegat wuwuse pandhita sêpuh / mring sagunging para cantrik / kang samya andhèr nèng ngayun / nyadhang wulange sang rêsi / munggèng sanggar kacariyos //

pan mangkana purwaning wasitanipun / sira kabèh para cantrik / rungokna wêwulang ingsun / môngka sangune ngaurip / aywa na kang kaparojol //

tri prakara satruning manungsa iku / kang dadi godhaning urip / setan lawan donyanipun / miwah daginge pribadi / katrinya tan wèh krahayon //

marmanipun sira kabèh pra manguyu / kudu awas kudu eling / ywa sira nganti kalulut / mring katri kang môngka wèri / wèrining wong mèt krahayon //

lamun ana kang klulut mring katri iku / tangèh ingaran utami / malah kosokbali tuhu / aran manungsa sapalih / mokal eling mring Hyang Manon //

mungguh jèntrèhe katri prakara iku / sun udhare saka swiji / setan iki artinipun / kang tansah ngojok-ojoki / murih nglampahana awon //

nadyan janma yèn nganggo watêk puniku / yakti tan siwah lan iblis / mung tansah mèlèt mêmulut / dimèn katut kanthil-kanthil / kalulut maring piawon //

wus mangkono watêke iblis puniku / tansah ngarah-arah arih / mawèh gunêm manis arum / lir tètèsing madu gêndhis / kang ingarah tan karaos //

yaktinipun gunême kang manis iku / môngka tèdhèng aling-aling / tandukkên paekanipun / ywa nganti cêtha katawis / dènnya nglèlèti piawon //

de trangipun watêke iblis puniku / sêngit mring janma utami / dadya kathah krenahipun / nandukkên guna lan dhêsthi / nanging sranane tan mêlok //

adhuh-adhuh sira cantrik lan manguyu / dipun awas dipun eling / mring solah kridhaning mungsuh / kang padha alaku sandi / masang jirêt kang tan katon //

singgahana kabèh gunêm manis iku / solahbawane katawis / kang ngarah ala puniku / lèjêm liringing pangèksi / wumwus. mêlok yèn arsa goroh //

kang kadwinya sangkalaning urip iku / donya brana rajapèni / rêtna adi myang jumêrut / cinêkak gampanging uni / kabèh kang sorote mompyor //

dayanipun soroting donya puniku / nyulapi tranging pangèksi / lèngkète ngluwihi pulut / nutup netra kanan kering / nyumpêt karna ngrisak batos //

kathah janma dadya ewah miwah gêmblung / mung kalulut rajapèni / datan jêjêg imanipun / lali kang wus dadi wajib / nêrak anggêring Hyang Manon //

wus bênêre manungsa wajib anggayuh / rajabrana rajapèni / nanging aywa nganti limut / mung melik bôndha kang adi / wani nrajang mring wêwaton //

kang kacêtha minôngka upaminipun / punggawa abdi nagari [naga...]

--- 150 ---

[...ri] '/ priyayi apangkat luhur / nômpa bêsêl rupa picis / sing janma kang sugih yêktos //

wigatine nyaosi bêsêl puniku / kinacèka ing sasami / yèn lêpat aywa ingukum / wasana priyayi melik / nômpa picis mlêbu kanthong //

adhuh-adhuh kabèh para cantrik ingsun / aywa sira wani-wani / nglakoni tindak kang dudu / nêrak anggêring nagari / mung ngudi isining kanthong //

iku têtêp janma tan wruh saru siku / mung kalulut êmas picis / lali marang wajibibun / nrajang sumpahe pribadi / mung melik intên mancorong //

katrinipun satruning ngaurip iku / yèku daginge pribadi / myang kabèh karêmanipun / kang kaprah ingaranan mim / iku singkirana yêktos //

luwih kathah cacahing êmim puniku / minum mangan lawan main / madat kaping caturipun / kang luwih gêdhe satunggil / yèku kang ingaran madon //

kang sun rêmbug mung kang aran madon iku / iki karêmaning daging / kang lwih gêdhe dosanipun / kang nêrak prakara iki / klêbu janma kang lwih asor //

datan pae lan sato kang asor tuhu / marma sira para cantrik / cêgahên ardaning kayun / kang kapengin ulah rêsmi / mung nuruti budi asor //

pêrangana kêkarêpan kang tan urus / yèku karêmaning daging / kang tansah murih mêmirut / nutup karna myang pangèksi / anjarag nglampahi awon //

lamun sira bangkit nyandhêt hawa napsu / iku utamèng dumadi / aran unggul juritipun / mêrangi kurdaning iblis / iku manungsa kinaot //

marmanipun kabèh cantrik lan manguyu / udharên budinirèki / jèrèngên tawangna gupuh / munggèng pêpadhang sajati / ing kono apa kang katon //

lamun ana kang sisip gêdhe salugut / enggal jumputên pribadi / cêmplungna ing gêni murub / dimèn sirna êntèk ênting / kari bêcike kang mêlok //

mung samono gaduging wêwulang ingsun / adhuh sira para cantrik / cathêtên munggèng kêkulung / minôngka jimat paripih / ywa nganti lali ngrêraos //

wêwêlingku sira kabèh pra manguyu / candhêtên ardaning ati / elinga mring katri iku / setan donya lawan daging / katrinya tan wèh krahayon //

tan paedah sira cêgah mangan turu / salaminya anyênyirik / nanging nguja hawa napsu / nuruti karêping daging / têtêp ingaran wong asor //

para cantrik sandika ing aturipun / dhawuh andika kapundhi / nêdya nglampahi pituduh / andikane kyai rêsi / sang rêsi nulya makuwon //

para cantrik kinèn samya nyuwun rêmbug / yèn wontên pêtênging budi / kênèng sambekalanipun / kang dadya araling urip / puwara gya samya bodhol //

Pramila kadhapur wicantênipun pandhita mulang para cantrik, supados botên katingal nyolok mripat. Gubahanipun: ajar ing wukir Lawu.

Pun: R.S. Karta Wardaya.

--- 151 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 6.

II.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Salêbêtipun Tuwan Baars wontên ing nagari Rus laminipun 6 taun, piyambakipun kêkesahan dhatêng ing pundi-pundi, saha pintên-pintên panggenan ingkang dipun dhatêngi. Ing taun 1921 sasampunipun Tuwan Baars dêdunung wontên ing kitha Mosko sakêdhap, lajêng pangkat dhatêng Turkêstan prêlu badhe nyambutdamêl wontên ing pakaryan, irigasi ngrika. Wontên ing ngrika namung sawatawis wulan kemawon, jalaran ing papan ngriku botên sagêd nyambutdamêl babarpisan, bab punika ing mangke badhe katêrangakên malih. Salajêngipun Tuwan Baars lajêng wangsul dhatêng Mosko, badanipun risak dening sêsakit malariyah. Sêsakit wau wontên ing ngriku ngrêbda sangêt, ngantos têtiyang tawanan kala ing pêrang donya ingkang kapêngkêr punika, ingkang sami kasingkirakên mriku, wontên 12000 ingkang sami pêjah dening sêsakit malariyah wau.

Sasampunipun Tuwan Baars dipun pulasara wontên ing griya sakit ing Kreml saha ragi mantun sawatawis sakitipun, lajêng pangkat dhatêng tanah Sibèri prêlu anyambutdamêl wontên ing tanah jajahan mandhiri ing Kuzbass ingkang kaêdêgakên sarana katuntun dening bôngsa insinyur Walandi nama Tuwan Rutgers ingkang sadèrèngipun wontên pêrang agêng anyambutdêmal wontên ing Medhan. Insinyur Walandi wau satunggiling komunis ingkang sampun mêmitran sangêt kalihan pangagênging komunis ing nagari Rus, inggih punika ingkang nama Lenin lan Frotzki. Mênggah sêdyaning tanah jajahan kasbut nginggil, badhe ngawontênakên pamêlikan saha panggaotan bêkakas tosan cara modhèl enggal sarana kaum bêrah saha para ahli yêyasan saking sajawining nagari wontên ing papan pamêlikan arêng lelasela. ing Koeznetsk, ing sakidulipun Tomsk. Tuwan Baars anyambutdamêl wontên ngriku ngantos pakaryan wau dipun tutup, inggih punika ing taun 1927. Salajêngipun niyat badhe nyambutdamêl sêsarêngan kalihan têtiyang mônca wau dipun sandèkakên saha pakaryan wau lajêng kadadosakên panggaotaning nagari Rus. Para ahli yêyasan saking mônca, makatên ugi bôngsa komunis, lajêng dipun kèndêli saking pangkatipun kanthi sasakecanipun saha inggih kêdah lajêng sumêrêp piyambak kadospundi anggènipun sagêd angsal padamêlan malih. Salaminipun Tuwan Baars pintên-pintên taun wontên ing ngriku, anyumêrêpi tumindaking pakaryan wau, wiwit panyowaking komunismê sinartan pêrang ngantos dumugi tumindakipun politik ing bab ekonomi, inggih punipunika. ingkang dipun wastani Nep (Nieuw Economische Pilitiek), ing sakawit Tuwan Baars pintên-pintên dintên laminipun manggèn sêsarêngan kalihan têtiyang Rus wontên ing sêtatsiun- [sêtatsiu...]

--- 152 ---

[...n-] alit-alit ingkang saklangkung rêgêd. Sami-sami kalihan têtiyang Rus, makatên ugi Tuwan Baars sinêrang ing sêsakit tipês jalaran saking panyakotipun sabangsaning tuma ingkang anggadhahi sêsakit wau. Sêsarêngan kalihan para kaum bêrah tiyang Rus wau, Tuwan Baars angsal têdha cadhong saking nginggil. Dangu-dangu Tuwan Baars minggah-minggah ngantos dados panuntuning pakaryan wau. Jalaran saking padamêlanipun wau, Tuwan Baars sagêd sêsrawungan kalihan pintên-pintên panggaotan saha pakaryan ing Tomsk, Nowo-Nikolajesk, Oeral lan ing Moskou. Punapa malih ing taun-taun ingkang pungkasan, padamêlanipun Tuwan Baars kêdah nanggêl jawabaning pakèwêd pitakenan-pitakenan saking rantaman-rantaman waragad. Rancangan indhak-indhakan yêyasan saha rancangan sambutan, dhatêng rêpat agêng. Ingkang makatên wau piyambakipun lajêng kapêksa tumut anjênêngi parêpatanipun: Komite Repolisionèr Sibèri, rad ekonomi ingkang luhur piyambak, lan sanès-sanèsipun malih. JalarrJalaran. saking punika Tuwan Baars lajêng sagêd nyumêrêpi sayêktos kadospundi cara-caranipun anyambutdamêl wontên ing ngrika. Tuwan Baars nyumêrêpi caranipun nyambutdamêl pakêmpalan saha pakêmpalaning têtiyang nunggil damêl ing sabên dintênipun, tuwin nyumêrêpi panindakipun wontên ing konggrès-konggrès, inggih ing panggenan ingkang allit-alit, ing propinsi saha ing nagari-nagari ingkang agêng ing Sibèri, ing: Nowo-Nikolajesk lan ing Moskou. Tuwan Baars sumêrêp panindaking Komintern§ Komintern = kêmpaling pakêmpalan komunis. lan Provintern§ Provintern = kêmpaling pakêmpalan têtiyang nunggil damêl. saha têpang kalihan sawênèhing panganjuring pakêmpalan, makatên ugi têpang kalihan têtiyang ingkang sami apangkat alit wontên ing ngriku. Cêkakipun, wèntênwontên. ing ngriku Tuwan Baars botên ngêmungakên sêsrawungan kalihan para pangagênging pamarentah ingkang inggil piyambak, ananging ugi sêsrawungan kalihan para tani, para kaum bêrah limrah tuwin para punggawa ingkang alit.

Sasampunipun kèndêykèndêl. saking pakaryan ing Kuzbass kasbut nginggil, Tuwan Baars botên tumuntên nilar nagari Rus sadèrèngipun aningali kawontênanipun têlênging kabudidayan Rus ing jajahan lèpèn Don. Bab punika ing sêrat-sêrat kabar tansah kacariyosakên jalaran saking èdinipun. Têtiyang Rus piyambak sami ngrumaosi agêng manahipun jalaran saking saening wohipun ingkang sampun katindakakên wontên ing ngriku wau, amila Tuwan Baars kêncêng sêdyanipun badhe nyumêrêpi kawontênanipun ing ngriku. Wiwit wulan Marêt dumuginipun wulan Nopèmbêr 1927 Tuwan Baars nyambutdamêl dados insinyur wontên ing panggaotan ngêjèr tosan ing Stalino, sadèrèngipun gegeran ing Joesofka, kala punika gadhahanipun tiyang Inggris nama: Hughes. Padamêlan ing ngriku wau malah amêwahi pamanggihipun Tuwan Baars kasbut nginggil. Mênggah pamanggihipun Tuwan Baars kawontênanipun ekonomi ing ngriku langkung awon tinimbang ing jajahan [jajaha...]

--- 153 ---

[...n] India ngriki, lan pranatan samangke punika angrisak sadaya kamajêngan ing têmbe wingkingipun. KandhiKanthi. cara ingkang makatên wau, tiyang kêdah nyambutdamêl sarwi nrimah, kadosdene padatanipun têtiyang Rus samangke punika, inggih punika asipat narimah kemawon, amargi rumaos botên sagêd uwal saking kawontênan ingkang makatên wau. Langkung-langkung badhe awoning kawontênanipun ing têmbe wau, ingkang anyaljarianjalari. Tuwan Baars nilar nagari Rus kalayan pikajênganipun piyambak. Miturut pamanggihipun Tuwan Baars: satunggiling nagari ingkang kanthi rêosrêkaos. suka padamêlan dhatêng têtiyangipun piyambak, punika tumrap têtiyang mônca dede panggenanipun.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2727 ing Klathèn. Rèhning panjênêngan botên nêtêpi wajib tumrap kwartal 4 amila wiwit 1/1-28 Kajawèn lajêng mogok. Kaping 11/1-28 sasampuning wisêl dhatêng, ôngka 1 dumugi 3 lajêng kakintun. Dados dèrèng 20 dintên anggènipun purik Kajawèn.

Lêngganan nomêr 986 ing Malang. Wisêl sampun katampi. Kajawèn nomêr 1 dumugi 3 kakintun sarêng nalika 11/1-28 nomêr adrès 986.

Lêngganan nomêr 1739 ing Bêsawa (Pare). Wiwit wulan punika lêrês Kajawèn sampun mêdal kaping 2 saminggu. Cobi ta pitakèn dhatêng sadhèrèk Sastrarêja Pêsuratan Kêbon Durèn. Manawi wontên ingkang botên dhatêng, kula aturi priksa mangke dipun lintoni. Yatra f 5 sampun katampèn. Nuwun.

Sarèhning Kajawèn nomêr 1 dumugi 5 sampun têlas, dados dhatêng para priyantun langganan enggal, kula amung sagêd ngintuni wiwit nomêr 6. Awit saking punika lênggananipun kapetang wiwit 1/2-28.

Lêngganan nomêr 971 ing Barat. Wisêl kula tampi kaping 9/1-28. Dados miturut wara-wara, panjênêngan botên mêsthinipun nampi Dhesèmbêr nomêr. Ewadene manawi taksiha, saèstunipun kula inggih botên kawratan ngaturi, amung kuciwanipun dene sampun têlas.

Lêngganan nomêr 1118 ing Ngawi. Manawi sampun nampi Kajawèn, kêparênga martosakên dhatêng sadhèrèk Tuwan Mêrtawijaya, bilih sêrat-sêratipun sampun kula tampi, sarta kula cêkapi. Kajawèn nomêr 3, têlas.

Masjid ing Bêrlin, Dhitsêlan.

[Grafik]

Ing sapunika kêtingal sangêt ebahing kamajêngan Islam wontên ing tanah Eropah. Ing kitha-kitha ingkang agêng, kados ta ing Paris, Londhên, sampun sami wontên masjidipun. Têtiyang ing ngrika, ing golonganing ulah pangawikan, saya katingal anggèning anggatosakên dhatêng kaislaman. Awit saking pambudidayanipun Pakêmpalan Islamiyah, sapunika ing Bêrlin, ambikak Islam Akadhèmi (pamulangan luhur ing bab ngèlmi Islam), ing ngriku para sêtudhèn Eropah ing samasa liburan, sagêd anglajêngakên sinaunipun ngèlmi Islam. Ing sisih punika gambaripun masjid ing Bêrlin. Sintên ingkang ngintên manawi masjid wau manggènipun wontên tanah Eropah.

--- 154 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab wêwatêkanipun tiyang nyambutdamêl.

(Candhakipun Kajawèn ôngka 7)

Petruk : Ma, pangandikamu kabèh mungguhing wêwatêkane sadulur Pandhawa papat, kuwi pancèn iya nyamlêng bangêt tumrape wong nyambutgawe, mulane nang ngomah iya banjur tak karang manèh, arêp dak kirimake nyang Jiran ing Surakarta.

Garèng : Hara, apa pantês. Nèk karangan kuwi sêtun-sêtun rak dikirimake nyang babah Tan Kun Swi ing Kêdhiri, nèk Jiran Sala kuwi rak pabrik: bakmi, soto mêdura, lumpyah, capjae, capjiki, kamsiyah ...

[Grafik]

Sêmar : Wis, wis, wis, kok banjur diramês bae, japjae ki iya bênêr nèk jênênging lêlawuhan, lan nèk japjiki kuwi rak jênênging pêrmainan, barêng kamsiyah kuwi nèk cara Jawaa mono: bangêt panarimane. Omong mono bok sing pangaturan, aja dicompar-campur, mundhak banjur kêpêksa kudu urus-urus, saiki rungokna tak banjurne omongku. Wong urip kuwi yèn wis ngênggoni wêwatêkane sadulur Pandhawa papat kaya kang wis dak critakake mau, banjur kudu ngênggoni wêwatêkane Puntadewa, têgêse kudu banjur mêminta nyang dewa, mungguh karêpe kudu sing pasrah mênyang Kang Kuwasa, dadi yèn kowe wis anglakoni kabèh kabêcikan, utawa manèh apa bae sing wis dadi kuwajibanmu, môngka isih olèh kasalahan, kuwi kowe kudu sing pasrah, aja pisan-pisan ngangluh utawa anggrêsula, amarga pancèn iya wis takdire yèn rêjêkimu kuwi mung tumêka samono.

Garèng :Wah, Ma, bisane duwe watak nrima kuwi sing angèl bangêt. Apa manèh jamane saiki kiyi, wong diwajibake kudu rèwèl, awit nèk tansah nrima bae, sida dadi camcao têmênan.

Petruk : Karuan iya jarene, Ma, tandhane aku kiyi bae, pagaweyanku kiyi pancène kudu digarap wong têlu papat, ananging sabab pagaweyanku kuwi katon cukup, utawa aku katon nrima, iya banjur dipringake bae, ora digalih ing têmbe burine, manawa-manawane aku ujug-ujug ginanjar lara, amara, môngka kuwi apa kuwat.

Sêmar : Lho, kowe aja padha kliru tômpa. Aku mau nyaritakake kudu pasrah, karêpe iya aja banjur nrima bae, ananging kudu ana ihtiyare, mungguh sing dadi ihtiyare, ya kuwi anglakoni kabèh wêwatêkane sadulur Pandhawa papat mau. Dadi anggone ngihtiyari iya wis jênêng cukup bangêt, ewadene nèk isih mêksa olèh kasalahan, iya kapriye manèh, kajaba mung pasrah mênyang Pangeran bae. Padhane wong lara bangêt, kuwi kudu diihtiyari sing têmênan supaya bisane mari, dene wis diihtiyari sakêmênge, mêksa mati, ora liwat [liwa...]

--- 155 ---

[...t] bisane kene iya mung muni: Alkamdulillah.

Garèng : Wah, la kiyi padhane rak nêmbang Dhandhanggula digerongi plèk-plèk kêtêpu, ana wong mati kathik banjur muni Alkamdulillah, sêtun-sêtun rak iya muni: Innalillahi ...

Sêmar : E, wong tuwa ki pancèn sok nunak-nunuk, dikon nabuh gong kliru kêthuk, nguntal pil, kliru gêthuk, mondhong tenong kliru gêndhuk. Kajaba sing wis dak têrangake kaya ngarêp, Puntadewa anduwèni têgês liya manèh, yakuwi punta saka têmbung: êmpun ta, têgêse: bêndaramu utawa bêndarane, karêpe lurah utawa panggêdhe. Dewa têgêse iya dewa, utawa anduwèni têgês: kaalusan. Dadi Puntèdewa kuwi karêpe: panggêdhening dewa utawa dhuwur-dhuwuring kaalusan. Mulane Puntadewa kuwi pambêkane: mung sarwa iya, têgêse: saupamane barang darbèke, bojone lan nyawane pisan dijaluk ing liyan, wangsulane ora liya iya mung: iya.

Garèng : Truk, Truk, apa kowe krungu calathune Rama kiyi, enggal rêpota nyang dara mantri pulisi, amarga Si Rama kasalahan sabak sêprèkdhèlik.

Sêmar : Lho, aku kasalahan apa, têka nganggo dhêlik-dhêlik, rumasaku anggonku omong sawèntèhe bae, ora nganggo dhêdhêlikan. Aku ora lagi nyênyorahake prakara sing wadi utawa sing dilarang dening nagara.

Petruk : Mara dêlêngên, Rama anggone kabingungan kaya wong dilabasi sangabang. Sêprikdhèlik kuwi dudu barang dhêdhêlikan, ananging omong kang nêrak anggêr.

Sêmar : Lha, aku ngomongake apa kang nêrak marang anggêre nagara, aku dudu bangsane wong jingga utawa kaum mlênis.

Garèng : Aku ora ngarani, Ma, yèn kowe bangsane wong abang, anggone kowe dak unèkake kasalahan sêprèkdhèlik kuwi, amarga kowe wis wani anyorahake ngèlmune sawijining pargêrakan kang dilarang dening nagara, ya kuwi pargêrakaning kaum Samin ing Rêmbang.

Sêmar : Lho, kok banjur kok candhak mêngkono, kuwi jênênge kowe kliru surup. Satêmêne anggonku kôndha mangkono mau, rak mung supaya ganêpe. Dene tumraping kowe bisa nglakoni utawa orane, kuwi gumantung ana ing awakmu dhewe, rèhning aku kiyi wong tuwa, dadi wajib mituturi.

__________

Tindak eling iku kudu tumindak sabên dina, lan sajatine eling iku malah kudu tansah ditindakake, têgêse tanpa lali. Sapa kang bisa tumindak mangkono, orane diarani wong utama, iya wis aran tumiba ing bêcik. Dene satêmêne, wong kang têtêp eling iku aran wis manggon ing sadhuwuring kautaman kabèh.

--- 156 ---

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

VIII. Kangjêng Ratu nyidra Mênurseta sing kaping têlu.

[Durma]

kacarita nuju sawijining dina / kangjêng paramèswari / andangu nyang kaca / hèh kacaku kamayan / kapriye mungguh saiki / sapa sing brêgas / wong ing sajagad iki //

kaca matur wah gusti ing sapunika / saya sampun katawis / yèn pun Mênurseta / ingkang ayu piyambak / pamoripun pêcah gusti / saksat rêmbulan / cahyanipun nglangkungi //

ing sajagad botên wontên ingkang madha / ayune gêgirisi / lan sampun diwasa / milanipun kêtingal / kang côndra sawiji-wiji / cêtha awijang / prasasat widadari //

wis wis kaca aja pijêr ngalêm tôngga / mundhak muntapke ati / kono sanalika / sang putri tansah gagas / golèk akal sing nguwisi / sapisan pêjah / aja mung bola-bali //

banjur tindak mênyang pawon olah-olah / panganan sing mengini / diwangun wowohan / nganggo dipulas abang / nanging sing sasisih putih / dene sing abang / diwori wisa mandi //

wise rampung banjur tata-tata dandan / karo anggendhong sênik / wis plêk wong dodolan / tawa sadalan-dalan / ora pisan yèn ngèmpêri / wong nylamur lampah / ing lakune lêstari //

satêkane gone Dèwi Mênurseta / jêlèh-jêlèh têtawi / mowas jajan-jajan / gilo angêt-angêtan / ora enak dhuwit bali / ayo ta rikat / mêngko yèn êntèk nangis //

Mênurseta krungu wong tawa ing jaba / rada gumun ing ati / apa ya têmênan / dene anèh-anehan / salawase lagi iki / ana wong tawa / jajanan galik-galik //

banjur ungak-ungak mung saka jandhela / awit kabèh dikancing / barêng ungak-ungak / uwong sing dodol mara / karo kôndha mundhut inggih / punika pêpak / panganan warni-warni //

wong dodolan banjur anjukuk panganan / saka jêroning sênik / sing kaya wowohan / dilungke karo kôndha / punapa punika inggih / wah kalêrêsan / olèhe mining-mining //

Mênurseta gèdhèg karo muni ora / uwong sing dodol muni / e bok gih mundhut ta / môngga ta dipun coba / kula irisakên inggih / dipun nyatakna / idhêp-idhêp ngicipi //

mêksa ora gêlêm Dèwi Mênurseta / sing dodol banjur ngiris / ananging sing pêthak / lan dipangan dhewekan / karo kêcap-kêcap muni / enake jamak / lêgine anglêg gurih //

Mênurseta atine banjur karasa / bangêt gone kapengin / mung ewuhe ana / dadi grag-grêg ing manah / nanging wis dilalah pêsthi / wong sing dodolan / banjur ngacung ngulungi //

lan manèhe sing diulungke sing abang / Mênurseta nampani / lan banjur dipangan / durung nganti ngrasakna / sanalika gêblag mati / kêlêbon [kê...]

--- 157 ---

[...lêbon] wisa / tanpa sambat sathithik //

kangjêng ratu sumbar-sumbar saka jaba / tati mênanmati tênan. saiki / kowe Mênurseta / ayo kowe sambata / padha yèn padhaa iki / garwaning raja / sing ayu nglêluwihi //

wise ngono banjur kondur nyang nagara / anjujug lan nakoni / ing kaca kamayan / wis saiki kôndhaa / sapa sing ayu ngungkuli / mangsuli kaca / sampun têtêp mung gusti //

ing saiki galihe wis lêga tênan / kocapa Mênurputih / kari gilang-gilang / layone amêmêlas / ora ana sing ngopèni / nuli wong lima / surup runcungan mulih //

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Sêsakit pès ingkang ngambah tanah Pasundhan Wetan, inggih punika ing Panumbangan, sacêlakipun Tasikmalaya, dumugi sapunika sampun botên wontên titikipun malih. Sukur.

Ing Hotèl Slamêt Cianjur, wontên sawênèhing tiyang ngakên nama Kaji Ngusman, asli saking Pakalongan, manggèn wontên ing hotèl ngriku saha sampun ambayar sewan sawulan babarpisan. Katranganipun kaji wau padamêlanipun ngapusi, cariyos sagêd angêndam arta, sintên ingkang titip, artanipun badhe mindhak kathah. Kalampahan kathah tiyang titip, dalah ingkang gadhah hotèl inggih nitipakên arta f 70,- nanging wusananipun tiyang wau lajêng kesah tanpa lari.

Awit saking tumindaking Komite Parasaan Umat Islam, ing sapunika tumrap toko-toko Islam ing Batawi, ingkang kala rumiyin manawi dintên agêng Islam botên tutup, kala dintên agêng kapêngkêr punika toko-toko ing Tanah Abang, Kramat, Sênèn, Patekoan tuwin Pakojan, sami tutup.

Kala dintên malêm Ngahad kapêngkêr, tiyang nama Mahmud, up bêstiring komunis ing Surabaya, kêcêpêng wontên ing Jombang, enjingipun lajêng kakintunakên dhatêng Surabaya.

Saking Medhan kawartosakên, ing Sungirampah mêntas kêbêsmèn, têlas griya cacah wuwung 21, danguning kêbêsmèn ngantos saêjam, kapitunanipun wontên f 60,000.

Sawênèh tiyang Arab nama Habib Umar, ingkang kadakwa sade jimat sarana kangge nyarasakên sêsakit, kacêpêng pulisi ing Pasuruan, saha sampun dipun priksa ing pangadilan, karampunganipun kadhêndha f 100,- utawi kaukum kunjara 14 dintên. Kajawi prakawis wau ugi kadakwa prakawis salingkuh ing kraton Pasuruan.

Ing Pacinan Surakarta wontên tiyang mitongtonakên lare bôngsa Tiyonghwa kintên-kintên umur 5 taun asuku tiga, mawi bayaran 24 sèn.

Wontên pawartos, botên dangu malih sêtatsiun ing Gambir, Wèltêprèdhên, badhe dipun agêngakên, kintên-kintên badhe rampung salêbêtipun nêm wulan.

Ing salêbêtipun wulan Dhesèmbêr kêpêngkêr, ing ondêr apdhèling Musi Hilir, Palembang, kathah bêna, toyanipun ngantos lubèr dhatêng wana-wana, andadosakên bingunging sima-sima ing wana, tuwin sima wau lajêng sami malêbêt ing pakampungan, môngsa tiyang 2, lêmbu 29, mahesa 6 tuwin maenda 7.

Wontên pawartos, Gupêrnur Jendral ing Fransch Indo China ugi kagungan karsa badhe dhatêng tanah Jawi, salêbêtipun wontên ing tanah Jawi, ingkang dangu badhe lêrêm ing Porstênlandhên. Ugi wontên pawartos malih, bilih wontên bôngsa Agung Anam sakalihan ugi badhe ngajawi.

Tuwan F.A.C. Halkema amtênar ingkang taksih salêbêtipun pêrlop ing nagari Walandi, rumiyin asistèn residhèn Têmênggung, badhe katêtêpakên dados asistèn residhèn tèrbêskiking rêgèrêng komisaris, tumrap ewah-ewahan bêstir, dipun wajibakên sambêt kalihan sadhiyan pilihan rêgènsêkapsê rad jajahan Jawi Wetan.

Ing dhusun Jingjingrigil, Cimahi, kathah ganggu damêling sima ingkang pinanggih, sapriki têtiyang dèrèng sagêd mêjahi simanipun. Ing dhusun Cibabat, wontên menda 7 ingkang kagondhol ing sima.

Sampun langkung kawan minggu sêsakit pès tuwuh ing Surakarta, ingkang katrajang sampun wontên tiyang sakawan.

--- 158 ---

Kunsul karajan Walandi ing Jedah ngaturi uninga dhatêng pamanentah,pamarentah. awit saking katrangan ingkang kalimrahakên dening mantri urusan jajahan sajawining karajan Hejas, mratelakakên, bilih sadaya tiyang ingkang sanès Islam, dipun awisi malêbêt ing tanah suci. Mantri jajahan, Abdulah Damluji ngèngêtakên, bilih wontên rakyat saking paprentahan, ingkang rumiyinipun sanès Islam, nanging lumêbêt Islam, môngka kapengin malêbêt dhatêng tanah suci, supados nyuwun palilah rumiyin dhatêng pamarentah Hejas. Pamarentah wau ingkang badhe mriksa têmêning kaislamanipun. Pranatan punika inggih tumindak kangge bôngsa Eropah ingkang ngakên sampun manjing Islam.

Kala Minggu kêpêngkêr, sawênèhing bôngsa Tiyonghwa ing Loji Kêcil, Ngayogya, amêjahi bapakipun kuwalon, kanthi dipun pistul, jalaran saking pasulayan rêmbag. Tiyang ingkang dipun pistul nandhang tatu ing sukunipun kiwa, lajêng kalêbêtakên dhatêng griya sakit Petronelah. Tiyang ingkang mrajaya dipun tahan ing pulisi.

Ingkang Sinuhun ing Surakarta, sampun nêtêpakên, ingkang kaangkat dados warga rèksêrat pursitêr Kangjêng Pangeran Angabèi, wadananing putra santana dalêm. Ondêr pursitêr, Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat, kadosdene wakiling Pakêmpalan Narpawandawa. Para warga: Radèn Tumênggung Sura Dipura, saking golongan paprentahan nagari. Radèn Tumênggung Sastra Wadana, golongan pangrèh praja. Mas Ngabèi Martasuwignya, golongan abdi dalêm, Mas Sudarman Martadiharja, (partikêlir) saking golongan kawula.

Kumisi pamriksa pèlêm gambar idhup, ngawontênakên pranatan, supados pèlêm ingkang sampun kapriksa, tumuntên kapêndhêta dening ingkang gadhah, punika minôngka pêpèngêt sampun ngantos manggih bêbaya kados ingkang sampun, kêbêsmèn.

Wontên pawartos, Kapal Krèsêr Jêpan, Ohi ingkang badhe dhatêng ing Indhia ngriki wiwit 30 Januari dumugi 2 Pèbruari manggèn ing Parakan, wiwit 5 dumugi 8 Pèbruari, ing Surabaya, tuwin 9 dumugi 13 Pèbruari ing Tanjungpriuk.

Agèn pulisi tiyang siti ing pêkên Koja, Tanjungpriuk, pabên kalihan mantrus bôngsa Madura. Agèn migunakakên pêdhang, ngantos anatoni tiyang Madura wau, wusana ingkang nandhang tatu kabêkta dhatêng C.B.Z.

Kyai Pênthèt, dhukun ing Kalasan, Ngayogya, ingkang misuwur, karampungan saking pangadilan landrad ing Ngayogya, kaukum kunjara 5 dintên, jalaran kalêpatan anggiyarakên pawartos, bilih ing panggenan ngriku badhe tuwuh sêsakit nular, nanging sintên ingkang sampun dhatêng ing ngriku botên badhe katrajang ing sêsakit.

Kawisudha jumênêng bupati ing Pasuruan, Radèn Mas Panji Darta Sugônda, patih wadana ing Prabalingga. Angsal sêsêbutan tumênggung.

Nusuli katrangan ing bab pawartonpawartos. kadurjanan ing salêbêting kêdhaton Surakarta. Ingkang kapêndhêt ing durjana, barliyan rêrêngganing pusaka dalêm waos Kangjêng Kyai Badhudhak, sarana dipun cupliki. Lêrês pangaos f 20.000.-. Pulisi pangrèh praja ing Grogol sampun angsal titik saha ngrampas sêsupe barliyan ingkang dipun angge tiyang nama Rêsadikrama, ing kampung Jagasuran. Abdi dalêm ingkang gadhah cêcêpêngan botên pangling wujuding barliyan.

Malêm Ngahad ingkang kapêngkêr, asistèn wadana ing Tulung, Ngayogya, adamêl kêthoprak darma wontên ing dhusun Tangkil. Angsal-angslanipun ingkang 45%, kadarmakakên dhatêng Pakêmpalan Astagina ing Bantul.

Ing sapunika Rêdi Kidul, Ngayogya, dipun wontêni pangadilan landrad piyambak, manggènipun manut pundi ingkang badhe dipun rampungi, inggih punika ing kadhistrikan: Wanasari, Sêmanu, Playên, papriksanipun sabên ing dintên Rêbo Sêtu. Punika adamêl kamayaranapunkamayaranipun. têtiyang ing rêdi.

Kala kaping 22 wulan punika pakêmpalanipun para punggawa pagantosan pang Ngayogya, damêl parêpatan warga, manggèn ing pamulangan Adi Darma, ngrêmbag pilihan pangrèh, ingkang kapilih Tuwan Surya Pranata, pangayoman, Tuwan Cakra Aminata, pangarsa Tuwan Driya Wôngsa, mudha pangarsa, ngrangkêp pangrèh padintênan. Tuwan Rêksa Diputra, panitra. Tuwan Sastra Atmaja, ardana.

Murih migunani dhatêng golongan sanès, ing sapunika organipun B.O. badhe dipun ewahi sakêdhik, saha nêtêpakên ingkang dados sêtap rêdhaksi: Dhoktêr Supama, Tuwan Supadma, Niti Nagara tuwin Ranu Atmaja. Organ wau badhe kawêdalakên sawulan kaping kalih.

Pangadilan landrad ing Suliki, andhawahakên karampungan ukum pêjah dhatêng pasakitan nama Luwi, jalaran kalêpatan amêjahi bojonipun kapala bawah Padhang Japang. Kala rumiyin Luwi sampun nate dipun ukum 2 taun jalaran nganiaya kapala paprentahan, prakawis paos.

Pawartos saking rêdhaksi

Tuwan Muhamad ing Malang. Ingkang panjênêngan dangokakên, ingkang ngêdalakên kantor pangêcapan De Unie ing Bêtawi.

Lêngganan nomêr 555 ing Talun. Ingkang prayogi piyambak ngintunana gambaripun kemawon.

--- 159 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun Rajaputri ing Seba

10. Propesor Higgs ambêbêdhag

Kapitan Orme wicantên sajak sampun pasrah: kiraku ora yèn praharane mau bakal liwat bae. Wis ora ana rekadaya liyane manèh kajaba mung andêdonga. Têtêmbunganipun wau lajêng dipun sambêti piyambak makatên: saiki wis mèh têkan wêkasane, ewadene kowe Propesor Higgs, wis matèni singa barong loro, kang mangkono kuwi rak wis pira-pira.

Wangsulanipun Propesor Higgs: e tobat, ya kono nèk kowe anduwèni kapèngin mati. Donya ora bakal kelangan nyang awakmu, ananging pikirên, sapira rugine yèn aku nganti ora ana, aku ora sumêdya mati dening prahara wêdhi kaparat iki, sêdyaku arêp ngarang buku prakara Mur. Kanthi rai singêr,sangar,. Propesor Higgs lajêng ngêthungi kêpêl dhatêng mega ingkang amurugi wau.

Salêbêtipun wontên makatên wau kula anggagas.

Kula lajêng wicantên: mara padha rungokna, nèk murih slamête, iya ana kene bae, sabab yèn aku kabèh ambanjurake lumaku, wis mêsthi bakal kêpêndhêm urip-uripan têmênan. Dêlêngên kae: lho, ana panggonan sing santosa kang kêna dituroni. Kula lajêng nêdahi gumuk ingkang adhêdhasar sela, saha wicantên malih makatên: ayo enggal padha têturon, lan walulange singa barong dikêmulake, sabab iki kêna kanggo anjaga, aja nganti aku kabèh kêplêpêgên. Ayo ta rikat kônca, ayo, ayo, kae têka.

Mila inggih saèstu, praharanipun dhatêng, swaranipun anggêgirisi. Dhatêngipun wau nglêrêsi kula sadaya sampun tilêman kados ingkang sampun kacariyosakên wau, inggih punika mêngkurêp, gêgêripun katêmpuh ing prahara, irung lan cangkêm dipun umpêtakên, kadosdene caraning unta manawi wontên makatên wau. Wacucaling singa barong anutupi sirah sarta badan kula sadaya. Kêletaning suku kula tindhihi kêncêng, supados sampun ngantos kabur, kala prahara saha pêtêng andhêdhêt wau dhatêng. Kados makatên gumlethak kula sadaya pintên-pintên jam dangunipun, botên sagêd ningali lan botên sagêd gêginêman, jalaran saking swara ingkang ambrêbêgi wau. Sakêdhap-sakêdhap kula sadaya angangkat badan saha ambrangkang, prêlunipun supados pasir ingkang tumpukan wontên sanginggiling badan kula sagêda wutah. Kula sadaya nandhang sangsara sayêktos, awit ungkêping bêntèr sangandhapipun wacucal singa barong ingkang mambêt, saha hawa ingkang kêbak pasir wau, anjalari kula sadaya mèh kêplêpêgên, punapa malih kula sadaya botên sagêd ngombê punapa-punapa, ananging ingkang nglangkung-nglangkungi punika kintên-kintên panggèsrèking pasir, saking rikating panggèsrèkipun pasir dhatêng kula sadaya wau, ngantos sandhangan kula sadaya ingkang tipis, sami pating cromplong. Saha raosing kulit sakalangkung sakit sangêt.

Kula mirêng wicantênipun Propesor Higgs ingkang kala punika kraos mumêt marambah-rambah makatên: iya ora anggumunake, dene rêca-rêca ing Mêsir iku padha gilap apik mangkono. Hêm iya ora anggumunake, Sêrsan Quick bakal bisa anggilapake sêtiwêl kang gêdhe sarana garêsku iki, singa barong panyakit kae. Kênèng apa dhèk anu kae kowe awèh uyah nyang aku, kêbo. Adhuh-adhuh gêgêrku lara têmên.

Sasampunipun piyambakipun lajêng kèndêl, lan namung dhang-dhong nglèndhèhi, ewadene nandhang sangsara ingkang makatên wau kintên-kintên inggih wontên pigunanipun ingkang agêng, jalaran manawi botên makatên, amargi saking sayah lan ngêlak sangêt wau, kula sadaya sagêd ugi sumaput, ngantos sagêd kêtilêman, ingkang botên badhe tangi malih. Ananging kala punika kula sadaya botên rumaos gadhah panarimah, amargi raosipun botên kantên-kantênan. Ing têmbe wingkingipun, Orme nyariyosakên dhatêng kula, bilih kala punika piyambakipun gadhah panganggêp, angsal bôndha kathah sangêt, jalaran nyade pirantos niksa awarni pasir ingkang bêntèr, ingkang sakêdhap-sakêdhap kanthi kêkiyatan dipun damokakên dhatêng tiyang ingkang kasiksa wau.

Kula sadaya botên nyumêrêpi, pintên dangunipun kula sadaya wontên ing ngriku punika. Ing têmbe wingkingipun sawêg kasumêrêpan, bilih dangunipun prahara pasir wau wontên kalih dasa jam. Salêbêtipun wontên prahara pasir wau, pungkasanipun kula lajêng sumingêp, sarêng dangu-dangu kula èngêt malih, ing cakêt kula, kula sumêrêp rêdi pasir kêkalih, ingkang warninipun kados punthuk kuburan. Ing pêpunthukan kêkalih wau kêtingal kados suku congat-congat, ingkang suwaunipun warni pêthak. Suku ingkang kalih lajêng ebah, pasiripun minggah saha badanipun Kapitan Olivier Orme lajêng mêdal saking ngriku. Kula kêkalih lajêng sami pandêng-pandêngan sakêdhap.

Kanthi anuding dhatêng Propesor Higgs ingkang kala punika taksih kêpêndhêm, Kapitan Orme pitakèn makatên: apa dhèke mati.

Kula amangsuli: aku kok kuwatir nèk-nèke iya. Mara ayo [a...]

--- 160 ---

[...yo] padha didêlêng. Kanthi rêkaos sangêt, kula kêkalih lajêng andudut Propesor Higgs saking pêndhêmanipun.

Kula kêkalih lajêng nyumêrêpi, sanadyan rainipun kêtingal cêmêng saha anggigoni, ananging bêgja sangêt dene taksih gêsang, piyambakipun angebahakên tanganipun saha gêrêng-gêrêng.

Kula wicantên: kiraku: banyu sing bisa marasake dhèwèke.

Kala punika lajêng tuwuh pangraos ingkang nguwatosakên, gêndul pasangon toya angkangingkang. satunggal sampun kothong ing sadèrèngingun prahara, nanging gêndul satunggalipun malih, ingkang agêng saha kabuntêl mawi sinjang kandêl, punika taksih isi tigang prapat, samantên punika manawi saking dayaning bêntèr ingkang sangêt, toyanipun botên nguab. Manawi toyanipun nguab, sampun tamtu Propesor Higgs badhe pêjah, makatên ugi kula kêkalih, manawi botên enggal-enggal wontên pitulungan dhatêng. Kapitan Orme ngulir tutuping gêndul, kula piyambak kala punika botên kongan ambikak. Salajêngipun Kapitan Orme kanthi untunipun nyopot sumpêling gêndul, ingkang dipun pasang dening Sêrsan Quick kanthi ngatos-atos wontên sangandhaping tutup, sukur ring Allah, dene toyanipun botên nguab. Ing ngriku Kapitan Orme lajêng nètèsakên toya sawatawis tètès wontên ing lambenipun ingkang garing mêkingking, saha kula sumêrêp, piyambakipun anggêgêt lambe ngantos mêdal rahipun, saking anggèning badhe ngampêt hawanipun ngêlak sangêt wau. Piyambakipun sagêd ngampêt ngêlakipun wau, saha tanpa ngombe toya satètès-tètèsa, gêndulipun lajêng dipun ulungakên dhatêng kula sarwi wicantên makatên: kowe kuwi tuwa dhewe Adams, elinga: ta.

Sapunika kula ingkang kêpengin sangêt, tujunipun kula sagêd ngampêt ngêlak wau. Kula lajêng linggih saha andèkèkakên sirahipun Propesor Higgs wontên ing dhêngkul kula, kula lajêng nètèsi satètès-satètès wontên ing lambenipun ingkang garing wau, pinanggihipun anggumunakên sangêt, sabab salêbêtipun samênit kemawon, piyambakipun sampun linggih jêjêg, saha lajêng nyobi ngrêbat gêndul wau kalihan tanganipun kalih.

Sarêng gêndul wau kula singkirakên, Propesor Higgs angangluh makatên: adhuh, manungsa kathik tega têmên, tega tur mung mikir awake dhewe.

Kanthi rêkaos kula wicantên makatên: dêlêngên: ta Higgs, Orme lan aku dhewe mèh mati jalaran saka ngêlake, ewadene aku sakaloron ora ngicipi banyune babarpisan, yèn banyu iki kudu agawe slamêtmu, kowe iya kêna ngombe banyu iki kabèh, aku kabèh iki kasasar ana ing sagara wêdhi, dadi kudu sing gêmi. Yèn banyune koombe kabèh, kowe mêngko bakal ngêlak manèh lan mati.

Propesor Higgs amanah sakêdhap, saha lajêng tumênga sarwi wicantên makatên:

Aja dadi atimu, aku saiki mêruhi yèn aku dhewe kang mikir mênyang awakku dhewe iki. Ananging ing sajrone gêndul iku isine banyu rak akèh, ayo aku kabèh padha ngombe saclêgukan, sabab yèn ora mangkono, aku kabèh ora bisa ambacutake.

Salajêngipun kula sadaya lajêng sami ngombe, ingkang kangge takêr gêlas manci alit, ingkang botên sagêd isi langkung kathah tinimbang gêlas anggur. Satunggal-satunggal angsal ngombe tigang gêlas, ingkang kacêcêp kanthi alon-alonan. Kala punika kula sadaya anggadhahi pangraos, bilih kula sadaya satunggal-satunggalipun sagêd nêlasakên toya saêblèg, bokmanawi malah langkung saking samantên. Eèwadene toya sakêdhik wau dayanipun anggumunakên, kula sadaya rumaos gêsang malih.

Kanthi nratas ing pêdhut, kula sagêd ningali gumuk-gumuk, ingkang katêdahakên dening têtiyang Zeu dhatêng kula sadaya, bilih ing ngriku punika papaning singa barong.

Kula wicantên: nèk kana kae panggonaning singa barong, mêsthine, ing kono iya ana banyune. Ayo padha nyoba mênyang panggonan kana kae, nèk-nèke saka kono bisa wêruh dununging pakampungan.

Salajêngipun kula sadaya nuntên miwiti lumampah kanthi rêkaos sangêt, wacucaling singa barong ingkang sampun mitulungi dhatêng gêsang kula sadaya, ananging ingkang sapunika atosipun kados balabag, kêpêksa dipun tilar, ananging sanjata-sanjata kabêkta. Sadintên muput lampah kula sadaya minggah saha mudhun rêdi. Sakêdhap-sakêdhap kèndêl, prêlu ngombe toya satètès, lan tansah angajêng-ajêng sagêda sumêrêp dhatêngipun têtiyang ingkang badhe têtulung, ingkang dipun pangagêngi Sêrsan Quick saking sisihing gumuk ngrika, sukur sagêd sumêrêp dhatêng pakampunganipun. Mila inggih sayêktos, sapisan kala kula sadaya sumêrêp dununging pakampungan wau, ananging sarêng kula sadaya dumugi pucaking rêdi, kula sadaya sumêrêp, bilih punika namung wêwayangan ing awang-awang kemawon. Ingkang makatên punika satunggiling gôdha rêncana ingkang adamêl sakiting manah tumrap têtiyang ingkang badhe pêjah jalaran kasatan.

Ing ngriku kasaput ing dalu, lan rêdi-rêdinipun tansah taksih têbih kemawon, kula sadaya sampun botên kongan malih, saha saking kasok ing sayah, kula sadaya lajêng sami ambruk. Toyanipun sangu mèh têlas babarpisan. Ujug-ujug Propesor Higgs lajêng cariyos, bilih piyambakipun wontên ingkang dipun sumêrêpi, e, inggih pancèn sayêktos, botên ngantos tigang dasa mètêr saking ngriku, kula sadaya sumêrêp cêtha, wontên sabangsaning manjangan sagrombol, ingkang lumampah saking satunggiling ara-ara dhatêng ara-ara sanèsipun, kanthi anglangkungi gumuk-gumuk wau. (Badhe kasambêtan)