Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-15, #72

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-15, #72. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-15, #72. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 13, 23 Ruwah Taun Jimakir 1858, 15 Pèbruari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Singgapura

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar patamanan ing Singgapura, para maos sagêd anggambarakên pangraosipun wontên ing jajahan sanès.

--- 242 ---

Raos Jawi

Bab sêrat waosan Jawi ingkang sampun kêlimrah

Kêlimrahipun bôngsa Jawi, ingkang dipun wastani sêrat waosan punika, namung golonganing sêrat waosan ingkang mawi sinawung ing sêkar macapat, dene warni-warnining sêrat, kenging dipun wastani taksih sakêdhik sangêt, manawi dipun timbang kalihan cacahing sêrat waosan basa sanès, inggih punika basa Walandi tuwin sanès-sanèsipun. Nanging manawi dipun timbang kalihan kawontênaning waosan basa Indhia sanèsipun, waosan basa Jawi sampun kenging dipun wastani lumayan.

Manawi mirid saking wontênipun sêrat waosan Jawi mawi sêkar, kajawi bôngsa Jawi punika pancèn sampun kadhasaran dhatêng ulah krawitan, mênggah sêrat makatên wau, prêlunipun badhe dipun waos sêru, murih kêmirêngan ing tiyang kathah. Malah bab makatên punika kêtêlahipun dumugi samangke, asring taksih tumindak kangge lek-lekan kalanipun tiyang gadhah bayi, dados botên beda kados caranipun tiyang maos kitabing agami, ingkang murih dipun mirêngakên ing tiyang kathah.

Mênggah sêrat-sêrat Jawi ingkang kapetang kina, tuwin dipun karêmêni ing ngakathah, limrahipun sêrat babad, punika tumrapipun tiyang Jawi dipun anggêp cariyos ingkang nêngsêmakên sangêt, awit sagêd nyumêrêpi dhatêng babading praja satêtiyangipun, ingkang sagêd nênangi dhatêng gambiraning manah, damêl sêngsêm. Ingkang makatên punika kados-kados inggih wontên lêrêsipun, awit cariyos ingkang kasêbut ing ngriku, sadaya sami dipun anggêp nyata, dening talêring cariyos taksih kêtingal urut-urutanipun dumugi sapunika.

Dene miturut urut-urutaning cariyos Jawi ingkang sampun dipun ajêngi ing tiyang Jawi, kados ing ngandhap punika:

Golongan Pustaka Raja, punika kaperang-perang, wiwit Paramayoga, lajêng Pustaka Rajapurwa, nyandhak madya. Pustaka Rajapurwa, cariyosipun wiwit jaman kadewan, dumugi jamanipun para Pandhawa. Satêlasing jaman Pandhawa wau lajêng nyandhak jamanipun Prabu Parikêsit. Wiwit Prabu Parikêsit ngantos dumugi ngajêngakên jaman ing Jênggala, punika dipun wastani madya.

Cariyosipun sêrat Pustaka Raja wau, kajawi nyariyosakên lêlampahan warni-warni, ugi mêdharakên piwulang pêpak. Ingkang nocogi dhatêng raosipun tiyang Jawi, mila têtiyang Jawi tansah kapranan ing manah manawi maos suraosing sêrat Pustaka Raja, awit sanadyan kajêngipun ingkang sayêktos dèrèng andungkap, nanging sampun angajêngi, bilih rarasing piwulang tuwin lêluwêsaning ukara sagêd nênangi dhatêng raosing manah.

Dene sêrat Pustaka Raja wau gancaran, tuwin sarèhning sêrat wau cariyos lêlajêngan mawi pinèngêtan taunipun punapa, ing sawênèhing lêlampahanipun wontên ingkang kadamêl adêgan piyambak, lajêng kanamakakên piyambak, kados [ka...]

--- 243 ---

[...dos] ta: sêrat Parta Krama, Srikandhi Maguru Manah, Subadra Larung, Cèkèl Endralaya tuwin sanès-sanèsipun. Sadaya wau manawi sinawung ing sêkar macapat, tuwin sipatipun lajêng santun dhapur cariyos wayang.

Lajêng candhakipun ing Pustaka Rajamadya, ugi wontên ingkang dipun pithati salampahan-salampahan, kados ta: sêrat Cêmporèt, Ajipamasa, Witaradya, tuwin sanès-sanèsipun, ugi sami sinawung ing sêkar.

Satamating sêrat Pustaka Rajamadya wau, lajêng nyandhak sêrat Panji, nanging salugunipun sêrat Panji punika inggih Pustaka Raja, namung ing ngriku nyariyosakên kala jamanipun Radèn Panji, sêratipun ugi sinawung ing sêkar, tuwin saking kêlimrahipun wau, nama aslinipun saking Pustaka Raja ngantos kêsilêp, lajêng kados jêjêr nama Panji piyambak, lan Panji wau dados peranganing nama agêng, mênggah cariyosipun kalêbêt wontên ing katrangan, kados ta: Panji Jayalêngkara, Panji Panuba, Panji Sêkar, Panji Angrèni tuwin sanès-sanèsipun. Makatên ugi cariyosing sêrat Panji wau ugi kathah ingkang kapêthik dados dongèng, kados ta: Sênggutru, Panji Laras tuwin sanès-sanèsipun.

Manawi dipun manah makatên, sêrat Pustaka Raja punika dados kados baboning sadaya sêrat. Punika pancèn inggih wontên lêrêsipun, awit wontênipun cariyos padhalangan, aslinipun inggih saking ngriku, ngantos sagêd angwontênakên lêlampahan kathah sangêt. Punapa malih ugi kathah wêwulangipun agal alus (Jawi lêbêt) ingkang kenging dipun pêthiki dados buku piyambak.

Mirid kawontênan ingkang makatên punika, salugunipun tumraping bôngsa Jawi, ingatasipun kala jaman samantên, inggih sampun nama sae, malah lacuting ginêm sampun kenging dipun wastani onjo, awit nama dèrèng wontên pamulangan sampun gadhah waosan kados makatên, punika nama sèwu pitulung, tuwin manawi dipun manah yêktos, têtiyang Jawi ingatasing kasusastran lan ulah ukara, ingkang sagêdipun namung saking ngudi piyambak, aluranipun taksih kêtingal manawi pancèn gadhah dhêdhasar kados makatên.

[Grafik]

Ilèn-ilèn toya ing Gorontalo. Sawanganipun papan punika amêngku raos warni-warni, inggih agêng pigunanipun, inggih sae wujudipun, rêdinipun andhêndhêng kados dados pagêr, amagêri pasiraman ingkang nêngsêmakên.

--- 244 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 12

VII. Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Kabudidayan saha pabrik-pabrik ingkang kadadosakên gadhahaning tiyang sanagari.

Panampinipun opisil ingkang sampun dipun kiyati dening komunis ing Ruslan, bilih panggaotan partikulir, inggih punika bab têtanèn mèh sadaya kagolong mriku, saha ingkang anjalari têtiyang ngantos 9/10 sami nyambut damêl ing ngriku, punika lajêng amujudakên apdhèling kapitalis tumrap pranatan kabêtahaning gêsangipun kawula. Panggaotan-panggaotan umum lan koopêrasi punika lajêng amujudakên apdhèling sasami-sami. Wontên ing apdhèling punika, têtiyang kêdah angèstokakên sangêt, murih sagêdipun sumêrêp punapa tumraping komunismê ingkang sampun katindakakên jalaran wontênipun gegeran.

[Grafik]

Tiyang Rus ingkang kalirên

Anggènipun nyobi makatên inggih sampun cêkap sangêt. Ing sakawit angêdêgakên komite pabrik saking para kaum buruh, saha sadaya panguwasaning panggaotan kapasrahakên dhatêng komite wau, tanpa mawi anjabêl hakipun andarbèni têtiyang ingkang sami anggadhahi pabrik. Sarêng kapranata ingkang makatên wau, têtiyang ingkang sami anggadhahi pabrik saha para dhirèkturipun sami sungkan anglajêngakên mandhegani panggaotan wau, jalaran lajêng botên anggadhahi panguwasa punapa-punapa, ing wusana panggaotanipun lajêng kabibarakên. Sasampunipun mangu-mangu sawatawis ingkang makatên punika sampun nindakakên lampah tekad-tekadan, saha lajêng wiwit ngawontênakên coban-coban, kadospundi sarananipun anuntun panggaotan wau. Dèrèng ngantos sawatawis lami kemawon, wêwênanging komite pabrik wau sampun dipun kirangi, tuwin panguwasanipun lajêng kapasrahakên dhatêng para pangagênging (Commissaris) komunis, amargi katuntun dening komite-komite wau, padamêlanipun botên sagêd lêstantun lumampah. Sarêng pamêdalipun tansah mundur kemawon, lajêng kabudidaya kanthi angêrigakên para tani murih sami anyambut damêl, jalaran saking punika lajêng angêdêgakên barisan-barisan kaum buruh. Ingkang makatên punika sampun tamtu lajêng botên kadadosan [kadadosa...]

--- 245 ---

[...n] babar pisan, botên beda kalihan kawontênanipun pandamêlan paksan ing pundi-pundi, ingkang ugi botên kantênan kadadosanipun. Ewasamantên kala ing taun 1920 Trotzkij sumêdya amatrapakên pranatan pêksan wau dhatêng têtiyang sanagari, amajibakên têtiyang wau sami lumêbêt dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan ingkang nunggil damêl, saha pakêmpalan-pakêmpalan wau kadadosakên praboting pamarintah, makatên ugi kadosdene caraning militèr, têtiyang sadaya wau sami katrapan nyambutdamêl kanthi pranatan kêncêng. Usul ingkang makatên wau dening partè dipun tolak, inggih punika sasampunipun kabantah dening Lenin kanthi kakêrasan. Botên watawis dangu malih, jalaran saking pambudidayanipun, Lenin lajêng katindakakên sarana mêdal margi N(ieuwe) E(konomische) P(olitiek) ingkang kacêkak dipun sêbut Nep. Sadaya coban-coban wau lajêng dipun kèndêli saha lajêng wangsul dhatêng wujud caraning kapitalismê, inggih punika ingkang minôngka pitulungan ingkang langkung prêmati, kangge ngluwari kawontênan-kawontênan ingkang tansah saya awon punika. Tuwan Baars anglairakên, bilih botên badhe anglajêngakên andharanipun kawontênaning coban-coban ingkang mawi pranatan komunis ing sadèrèngipun taun 1922, ingkang tansah langkung nglêmbèkakên kawontênanipun panggêsangan, ekonomi saha mèh adamêl têtiyang saindênging nagari dados pêjah kaluwèn. Botên jalaran kawontênanipun ing kala punika saking gênging sangsaranipun lajêng botên wontên gunanipun dipun sumêrêpi, ananging amargi coban-coban wau dening partè Rus piyambak dipun cacad kaanggêp kadosdene komunisme paprangan ingkang awon sangêt. Lan jalaran wontênipun Nep ingkang kaanggêp satunggiling tuladan ingkang kêdah kaèstokakên piyambak, ingkang ugi kenging kaêcakakên ing nagari-nagari sanèsipun, manawi ing ngriku gegeran komunis sampun sagêd mênang juritipun. Ing ngriki Tuwan Baars botên badhe ngrêmbag bab kawontênanipun coban-coban lami ingkang nyuwak wontênipun arta tuwin pambagining pamêdalipun siti ingkang kanthi paksan, dene ingkang badhe kaandharakên kawontênan ingkang samangke punika.

Saking jawi botên katingal babarpisan, bilih kabudidayan ingkang agêng-agêng punika kadadosakên gadhahaning têtiyang sanagari, sadaya wau tumindakipun sarupi kemawon kalihan sawênèhing nagari kapitalis. Para kaumipun buruh sami nampi arta bayaran, saha angsal-angsalaning arta wau kêdah kenging katêdha kalihan batihipun, barang-barang sagêdipun katumbas namung sarana arta. Têtiyang ingkang tanpa padamêlan kêdah ngudi piyambak sagêdipun angsal padamêlan, tumrap punika botên angsal pitulungan. Botên beda kalihan nagari sanèsipun, ing ngriku ugi kasumêrêpan larikan pintên-pintên tiyang ingkang tanpa padamêlan sami ngadêg wontên ing sangajênging kori pabrik, saha ing kantor kangge ngupados padamêlan, lan ing ngriku tangkêpipun dhatêng têtiyang wau saèstu botên langkung andêmênakakên tinimbang panggenan ing pundi-pundi ing donya punika. Para kaum buruh sagêd dipun pêcat saking padamêlanipun dening dhirèksi lan para pangajêngipun kanthi katrangan sabab-sababipun. [sabab-sa...]

--- 246 ---

[...babipun.] Panyambutdamêlipun kanthi pangaturan saha kanthi dipun ulat-ulatakên dening para pangajêng tuwin para mandhoripun, dene para pangajêng saha mandhor wau salajêngipun ugi sami kabawah dening para punggawa ingkang ahli dhatêng padamêlan kriya saha para punggawa administrasi ingkang langkung inggil malih, sabagian agêng sami têtiyang rumiyin, sadèrèngipun tuwuh gegeran, dene panampinipun pangkat-pangkat ingkang sami lowong, punika namung sakêdhik sangêt anggèning nampi saking antawisipun para kaum buruh. Ananging ingkang katêtêpakên ingkang kathah têtiyang ingkang nampi pangajaran ingkang prêlu kangge wontên ing ngriku, têtiyang wau sampun kenging katêmtokakên sami angsal pangkat ingkang inggil-inggil. Dèrèng paja-paja Nep wau dipun wontênakên, sampun kagiyarakên, bilih para kaum buruh punika kêdah anyambutdamêl, botên kenging omong-omongan, lan salêbêtipun wontên ing panggaotan ngriku, têtiyang wau kêdah ingkang sami ambangun turut.

(Badhe kasambêtan)

Ekonomi

Mugi dadosa panggalihan

Mênggahing bab kawontênanipun bôngsa Jawi rêmên dhatêng kaborosan, punika taksih kalimrah sangêt, sayêktosipun tiyang gadhah damêl agêng-agêngan punika, kenging kawastanan têtêp ngambah margining kaborosan. Sapunika ingkang kula manah punika, kadospundi jalaranipun, dene para sadhèrèk Jawi têka sami nindakakên ingkang kados makatên. Punapa tiyang Jawi punika sami rêmên sêsongaran, tangèh yèn makatêna, amargi watakipun tiyang Jawi punika lêmbah manah, andhap-asor. Ananging namung nêdahakên, yèn pancèn tiyang Jawi punika têbih saking watak umuk, utawi sêsongaran. Tamtunipun inggih wontên ingkang makatên, nanging rak botên kenging kagêbyah uyah rêmên sêsongaran.

Beda sangêt kalihan dêdongengan watakipun tiyang ing nagari Rum jaman rumiyin, kados ingkang kacariyosakên ing sêrat babad. Tiyang Rum jaman rumiyin, yèn pinuju andrawina,[1] ingkang kadamêl lawuhipun ilat mêrak, môngka mêrak punika rêginipun awis, têka ingkang kasêgahahên namung ilatipun kemawon, gèk cêkap ilat mêrak pintên, punika sadaya namung salugu kadamêl umuk, sêsongaran, nêdahakên kasugihanipun. Wangsul tiyang Jawi botên makatên, sasugih-sugihipun tiyang Jawi, yèn gadhah damêl dèrèng wontên ingkang mragat lêmbu namung kasêgahakên lidhahipun, utawi manahipun, inggih mêksa taksih dagingipun ingkang kasêgahakên. Dados tiyang Jawi têbih saking watak rêmên sêsongaran.

Sapunika punapa ta jalaranipun, dene tiyang Jawi rêmên gadhah damêl agêng-agêngan, môngka têbih saking watak umuk lan sêsongaran. Tiyang

--- 247 ---

Jawi punika watakipun isinan, rêmên nutupi praja. Têgêsipun nutupi praja punika: isin malèhakên kawontênanipun piyambak. Sanajan salêrêsipun kêkirangan, nanging isin ngakêni. Jalaran saking punika, anggènipun gadhah damêl agêng-agêngan wau, namung kadamêl nutupi prajanipun, sampun ngantos kawastanan nylêkuthis.

Inggih lêrês, tindak makatên punika kenging kawastanan klintu. Ananging kadospundi, anggènipun badhe nanggulang, awit isin punika awrat sanggènipun, rak kathah kemawon, tiyang ingkang namung kisinan lajêng nekad ngêndhat.

Kadospundi pambiratipun, amrih watak wau sagêd ical, kados botên wontên sanès, kajawi tiyang-tiyang Jawi ingkang taksih rêmên nutupi praja punika kasêrêp-sêrêpakên, yèn isin ingkang kados makatên punika tanpa têgês. Kêdah kagêgulang gêmi, dipun mangrêtosakên dhatêng aosing barang. Dipun pituturi, yèn barang ingkang langkung saking prêlu, punika tanpa tônja, lugu namung ngambah margi kaborosan.

Sadangunipun tiyang Jawi taksih rêmên nutupi praja, tanah Jawi botên badhe mulya, amargi ekonominipun botên badhe sae. Môngka mulyaning bôngsa kuncaraning praja, punika gumantung wontên ing ekonomi.

Mila kadospundi panggalihipun para bôngsa kula Jawi, ingatasipun prakawis ing nginggil, kadospundi srananipun ambengkas watak isinan, nutupi praja, ingkang sampun kinulit daging dening bôngsa kula Jawi. Tamtunipun inggih botên gampil, nanging kula gadhah pangajêng-ajêng dhatêng para kawogan, ingkang tamtu badhe dhangan ing panggalih, angolah tiyang ingkang dados wajibipun murih mangrêtos dhatêng barang ingkang botên prêlu, tanpa tônja, supados ing sêpuhipun sagêd ngambah gêsang sae, nyimpang saking kaborosan. Langkung-langkung dhatêng para priyantun pangrèh praja, karsaa sami mituturi para kônca alit, sagêdipun angewahi barang ingkang klintu, ngangge ingkang lêrês.

Wasana atur kula, kula sumanggakakên dhatêng para ingkang anggalih, karsaa mêwahi kêkiranganipun, lan ngapuntên ing kasisipan kula.

Wukir Lawu.

Pun R.S. Kartawardaya

Bab Sayuran

Sayuran ingkang katanêm wontên ing pakawisan

Sawênèhing tiyang ingkang sami manggèn ing griya ingkang pakawisanipun wiyar, punika sami ngangluh, jalaran lajêng kapêksa kêdah ngupakara pakawisanipun wau. Ing môngka angupakara pakawisan punika botên sakêdhik wragadipun. Ananging tumrap tiyang ingkang purun thak-thik rêmên nênanêm, pakawisan ingkang wiyar, punika malah sagêd ngindhakakên pangasilanipun, inggih punika sarana dipun tanêmi sayuran, kados ta: andhèwi, sêlat mêkrok, wortêl, bit, slèdri, lobak, lan sasaminipun.

--- 248 ---

Andhèwi punika gampil sangêt pananêmipun. Wijining andhèwi punika, sanajan kasimpêna dangu inggih mêksa taksih kenging dipun tanêm. Dene andhèwi ingkang kalêbêt sae piyambak, inggih punika andhèwi ingkang godhongipun wiyar, lan andhèwi prênthêl.

[Grafik]

1/3 andhèwi

Wijining andhèwi punika kenging kaipuk wontên ing salêbêting pêthi, utawi wontên ing siti limrah ingkang dipun ayom-ayomi. Sadèrèngipun kangge ngipuk wiji wau, sitinipun kedah dipun lêmèni saha dipun êjur rumiyin. Salajêngipun papan pangipukan wau lajêng dipun kluwèki mawi kajêng utawi driji, lêbêtipun sanyari saha lêtipun satunggal lan satunggalipun wontên 15 nyari lan wijinipun nuntên kauwur-uwurakên ingkang ragi kêrêp. Mênggah kêrêp panguwuripun wiji punika prêlu, amargi manawi tanêmanipun katêbihên lêtipun, punika oyod saha gagangipun jalaran saking bêntèr sangêt, sagêd lajêng alum lan rêbah. Dene manawi adêgipun kêrêp, satunggal lan satunggalipun sagêd sami angayomi, lan soroting surya botên sagêd adamêl kapitunan. Manawi wiji wau sampun thukul saha tanêmanipun sampun katingal cêtha, ayom-ayomi[2] lajêng dipun bucal, mênggah kajêngipun angulinakakên tanêman-tanêmin[3] wau dhatêng soroting surya. Sasampunipun kintên-kintên kalih minggu, kenging dipun pindhah katanêm wontên ingkang kathah lêminipun, pananêmipun dipun lêti nigang dasa nyari. Dene bibit ingkang sampun sêpuh, manawi badhe dipun tanêm, ronipun kêdah dipun bucal sapalih, prêlunipun bibit wau sampun ngantos pêjah jalaran kêkathahên anggènipun nguwab.

Ing dintên-dintên kawitanipun, têtanêman ingkang wontên ing papan pangipukan kêdah dipun ayomi, ananging manawi tanêmanipun wau wiwit gêsang, ayom-ayomipun kêdah lajêng dipun bucal. Manawi kalêrês ing wanci rêndhêng, kados prêlu, bilih tanêmanipun wau dipun ayomi malih, prêlunipun kangge anjagi manawi kalêrês jawah dêrês.

Manawi kintên-kintên nêm minggu sasampuning tanêman wau kapindhah pananêmipun, lajêng ronipun wiwit dipun tangsuli, awit punika sampun mangsanipun. Dene kengingipun anangsuli ron-ronipun punika, manawi tanêmanipun katingal garing, awit manawi botên makatên sagêd gampil bosokipun. Lêt kirang langkung saminggu malih lajêng kenging wiwit dipun undhuh amargi won-ronipun sampun dados pêthak.

(Badhe kasambêtan)

--- 249 ---

Kabar Sanès Praja

Sang Èmir Amanullah, Nata ing Aphganistan

Ing sêrat-sêrat kabar sampun sami martosakên mênggah tindakipun Sang Èmir Amanullah, Nata ing Aphganistan, apêpara dhatêng tanah Eropah, sakalihan garwa saha dipun dhèrèkakên para sadhèrèk-sadhèrèkipun putri tuwin putri sanès-sanèsipun malih. Tindakipun sang nata sakalihan saha pandhèrèkipun wau, adamêl cingaking kaum Islam ing saindênging bawana. Ingkang makatên punika botên kenging dipun paibên, manawi angèngêti kawontênanipun nagari saha agamining têtiyang ngriku. Sadèrèngipun ing ngriki angandharakên kawontênaning tindakipun sang prabu dalah sapandhèrèk, ingkang adamêl pangungunipun golongan Islam, saha cingakipun bôngsa Eropah, prêlu anyariyosakên rumiyin, bab kawontênaning karajan Aphganistan dalah satêtiyangipun, murih para maos sagêda kagungan wawasan, punapa sababipun, anggèning sang nata dados gumunan saha kagèting ngakathah wau.

[Grafik]

Sang Èmir Amanullah kala khotbah wontên ing kitha Bombai

Karajan Aphganistan punika ing sisih lèr têpang watês kalihan karajan-karajan: Bokharah, Isarlan, Kolab, ing sisih wetan kalihan tanah Indhu Inggris, ing sisih kidul: Bêlujistan, lan sisih kilèn kalihan karajan Pèrsi. Mênggah asal-asalipun têtiyang Aphganistan ingkang sajati, punika dumugining sapriki dèrèng kasumêrêpan, punapa bôngsa Tajik ing sisih wetan, punapa bôngsa Inkis, utawi malih têtiyang parêdèn [parêdè...]

--- 250 ---

[...n] ingkang kawastanan bôngsa Kapir. Dene agami ingkang baku, inggih punika agami Islam. Ing sarèhning karajan wau tapêl watês kalihan tanah Indhu, ingkang agaminipun saperangan agêng agami Brahma, amila tata caranipun têtiyang ing ngriku inggih lajêng kacokan tatacara Brahma sawatawis. Têtiyangipun ing karajan Aphganistan punika kaperang ing pintên-pintên bôngsa, dene ingkang kalêbêt kathah piyambak, inggih punika bôngsa Aphgan. Mênggah pranatanipun pamarentah, punika sagêd sêsarêngan nyambut damêl kalihan kawulanipun. Ingkang makatên wau jalaran para rakyat ing ngriku sampun sami angajêngakên kamardikan, amila samôngsa-môngsa wontên pangagêng ingkang nindakakên tumindak sawênang-wênang, kalayan dadakan inggih lajêng dipun kèndêli saking kalênggahanipun. Dene ingkang kangge panutan lampahing agami tuwin panindaking paprentahan punika mawi awêwaton Koran, sarta kawêwahan kalêmpaking wèt-wèt ingkang namung kangge amutusi prakawisipun tiyang kêrêngan ingkang ngantos kataton. Tiyang ingkang kataton wau tampi pituwas arta saking ingkang natoni, kangge anjampèkakên tatunipun. Mênggah babadipun karajan Aphganistan, punika mèh sadaya ngatingalakên gênging pamêngkunipun para kawula dhatêng kamardikanipun saha kêkahing panyêpêngipun kawula dhatêng agaminipun, ngantos nalikanipun karajan Inggris badhe ngawontênakên kantor konsul dhatêng ing kitha Kabul, kitha karajan Aphganistan, punika saking kuwatosipun bokbilih kamardikan saha agaminipun badhe manggih pambêngan, sanadyan dipun lilanana, ananging ingkang kenging dêdunung wontên ing ngriku ngêmungakên kawula Inggris ingkang bôngsa tiyang Indhu kemawon, botên kenging pisan-pisan bangsanipun Inggris piyambak. Sanadyan babading karajan Aphganistan punika saklangkung wigatos saha angrêmênakên, ewadene botên badhe kaandharakên wontên ing udyana ngriki, kakuwatosakên, bilih badhe adamêl bosêning para maos. Dene manawi wontên pamundhutipun para maos sawatawis, ing têmbe inggih badhe kagancarakên kanthi cêkakan.

Nitik kawontênan ing nginggil wau, têtela sangêt, bilih pranataning nagari tuwin agami, punika angèstokakên sangêt dhatêng dhawuhing Koran, satêmah têtiyang ing ngriku lajêng kacariyosakên, manawi sami kèrêm dhatêng wêwarahing agami (fanatiek). Pramila sampun salêrêsipun, bilih para kaum Islam saindênging bawana, tuwin para têtiyang Eropah, sami ngungun dhatêng tindakipun sang nata lêlana dhatêng tanah Eropah, ingatasipun dipun anggêp satunggiling raja ingkang kawulanipun panatik makatên. Saya anggumunakên malih manawi nitik kados kawontênanipun ing ngandhap punika:

Tindakipun sang nata sakalihan dalah sapandhèrèk, miyos tanah Indhu saha kampir wontên ing kitha Bombai, ing samargi-margi tansah kinurmatan kanthi agêng-agêngan, malah wontên ing kitha kasbut ing sangajêngipun tiyang kirang langkung 50.000 amêdhar sabda, ingkang sêdyanipun ngajak dhatêng sadaya tiyang murih sagêdipun rukun satunggal lan satunggalipun (mirsanana gambar ing sisih), makatên ugi wontên ing karajan Mêsir saha karajan Itali, sang nata [na...]

--- 251 ---

[...ta] inggih tansah dipun urmati. Sasolah-bawanipun sang nata, ing samargi-margi tansah dados ngungunipun para ingkang sami ningali. Malah-malah satunggiling juru ngarang sampun mêdharakên pamanggihipun wontên ing sêrat kabaripun kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Sang Èmir kala mubêng-mubêng nitih rata wontên ing Mêsir

Sang Èmir ing Aphganistan, ingkang tindak pêpara dhatêng tanah Eropah, punika kadhèrèkakên ingkang garwa saha sadhèrèk-sadhèrèkipun putri tuwin para putri sanès-sanèsipun. Ingkang adamêl gumuning tiyang kathah, dene para putri sadaya wau sami lukar makêna. Langkung anggumunakên malih: kalimrahanipun para putri ing donya Islam punika, gêsangipun prasasat dipun pingit, ewadene nalikanipun wontên ing baita, kakêmpalaning para putri wau kalihan bôngsa mônca tuwin para kakung sanès-sanèsipun, têka sakeca makatên, juru ngarang kasbut nginggil saklangkung ngalêmbana dhatêng solah-bawanipun sang nata, ingatasipun satunggiling nata Islam, têka wani nindakakên tumindak ingkang makatên wau, botên pisan-pisan kagungan kuwatos bilih angsal pambêngan saking para kaum Islam ingkang taksih kolot, ingkang anganggêp, bilih tiyang èstri ingkang tanpa kudhung makêna punika satunggiling tindak ingkang asor sangêt, lan anêmtokakên, bilih têtiyang jalêr ingkang kenging sumêrêp raipun[4] wau, ngêmungna ingkang jalêr tuwin sanak-sadhèrèkipun piyambak.

Garwa nata tuwin para putri Aphganistan sanès-sanèsipun wau, sadaya sami angrasuk busana cara Eropah, saha anggènipun kakêmpalan tuwin rêrêmbagan kalihan para ingkang numpak baita kapal wau, tanpa wigah-wigih. Makatên ugi sang pramèswari tuwin sadhèrèkipun putri: Prinses Nurul Siradj wontên ing baita asring tumut main tènis, inggih punika satunggiling prêmainan ingkang dipun sênêngi sangêt dening para ingkang sami numpak baita.

Sang nata sakalihan sami rêmên sangêt dhatêng lare alit, lare-lare wau asring sangêt dipun sênêng-sênêngakên sarana dipun paringi dêdolanan warni-warni utawi dhêdhaharan, kalanipun wontên ing karajan Itali wontên ing ngarsanipun pangagênging agami [a...]

--- 252 ---

[...gami] ristên, ingkang inggil piyambak (Paus) sang nata botên krêsa angambung astaning paos wau, kados adatipun tiyang sanèsipun manawi nuju angadhêp wontên ing ngarsaning sang paos. Ananging manawi pinuju pinanggih lare-lare alit, tanganipun lare-lare wau tamtu lajêng kagônda. Sang nata katingal trêsna sangêt dhatêng putranipun kakung ingkang taksih alit, sarta ugi katingal trêsna sangêt dhatêng garwanipun. Punika bokmanawi sababipun, dene sang nata ing Aphganistan satunggiling nata Islam ingkang namung kagungan garwa satunggal.

Solah-bawaning sang nata wau langkung-langkung adamêl ngungunipun juru ngarang kasbut nginggil tuwin bôngsa Eropah sanès-sanèsipun, ingkang sampun watawis lami dêdunung wontên nagari-nagari Islam saha nyumêrêpi kawontênanipun têtiyang èstri miturut caraning tiyang Islam ingkang kolot. Minôngka pungkasaning karangan punika, ing ngriki prêlu kacariyosakên, bilih ing agami Islam punika manawi dipun wigatosakên sayêktos kanthi miturut sêrat suci Al Koran tuwin Hadis, ing ngriku badhe kanyatan, manawi tiyang èstri kêdah dipun luhurakên darajadipun.

Jagading Wanita

Sabaring biyung

[Mijil]

kongsi ewuh gon sun ngrasa ati / kang enak linakon / darbe anak padha nakal kabèh / durung wêruh ala lawan bêcik / kang wajib dèn udi / ing sampurnanipun //

luwih ewuh ing rina lan wêngi / ajêg kudu momong / lan mêruhi sabarang lakune / kang mung murih nênuntun ing bêcik / aran dhêdhasari / kang kêbak pakewuh //

ing mulane wajibing pawèstri / aran luwih abot / sanadyan mung katone sapele / sajatine rêkasa kapati / dhasar nomêr siji / kang sabar ing kalbu //

awit nyata momong bocah cilik / aran luwih ewoh / bêbasane wong tuwa mangkene / sapa ingkang bangkit anyondhongi / sasat angêmongi / nata mudha punggung //

awit nyata narendra taruni / cake luwih ewoh / yèn tan dèn nut aran maksih rare / nanging lamun datan dèn turuti / yêkti mawèh sarik / dene nyata ratu //

kang tinêmu ing juru ngêmongi / kang wajib linakon / kudu momong sabisa-bisane / kanthi dêrêng linambaran ati / kang sabar nêrusi / pamawasing sunu //

dening bocah ingkang maksih cilik / karêpe kang katon / mung anggugu ing sasir dhewe /[5] yèn ta kongsi sulaya sathithik / nuli dadi budi / lan tangise nusul //

lan ing môngka tangis kang andadi / yêkti dahat ewoh / datan mênêng mung dèn êtogake / yèn dèn tulung malah jêrit-jêrit / kadhang gulung-koming / mung sarwa pakewuh //

apa baya jaluk ditangani / murih

--- 253 ---

dadi kapok / gampang janma nibakke tangane / malah-malah sok kêbanjur lali / dènira nangani / tinêmu kêladuk //

kang kadyèku êmpane nalisir / awit durung manggon / aran bocah kang durung mangsane / tinibanan sêrêngirèng ati / yogya dèn bir-imbir / sinangkan ing alus //

lawan idhêp ngajar maring budi / murih sabar manggon / awit kabèh iku sajatine / apan dadya tindak kang numani / tinêmune ugi / rahayu ing pungkur //

awit biyung pan tinitah wajib / maring anak momong / mrih pinardi lulus lastarine / ajêg eling aja pisan lali / dadi muring-muring / tiba maring sunu //

miwah lamun nuju pêtêng ati / kêtrambul ing kono / bocah padha nangis pating crêngèk / yèn lali ya kaya tan kêdugi / ing jagad mèh dadi / ringkês tanpa wujud //

awit nyata mêmêtêngi ati / mung mawèh salah ton / lir kêsaput pêtêng ing jagade / saya lamun nuju sukêr sakit / susah dadi siji / kongsi saksat ngurug //

jroning turu lamun krungu tangis / karasa ngrêrontog / rasaning tyas tan ana pindhane / kongsi lali rasèng nadhah guling / kang kacipta aming / putêk sungsun timbun //

parandene mung kudu nêtêpi / sabarirèng batos / awit kabèh wus aran wajibe / janma datan bangkit anyinggahi / sukur yèn tumuli / antuka pitulung //

nanging ingkang môngka kosok-bali / kalane kalakon / amarêngi nuju bulan gêdhe / anon bocah dolan waras sami / sarananing ati / kongsi sêsêg jujul //

dadya nyata ananirèng janmi / kalaning ra ngêmong / maring suta duk kalaning lare / tan lyan amung dhasar sabar ati / dadine numusi / tinêmu rahayu //

[Grafik]

Para lare-lare èstri ingkang sami arak-arakan nalika lêrês mekradan nabi, ing Surakarta, bidhal saking Sôntahartanan, badhe ngubêngi kitha.

--- 254 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab pangudinipun dhatêng pangupajiwa

(Candhakipun Kajawèn ôngka 11)

Sêmar : Aku iya ora maido, yèn sakabèhing uwong kuwi kang diudi mung nyang kasênêngan, ananging nèk nganti kabèh mung padha ngudi siji bae, donyane rak banjur dadi ora karu-karuwan. Lagine siji-sijine uwong, upamane kasênêngane bisa tansah dituruti, ing môngka têmtune siji-sijining wong kuwi kasênêngane rak dhewe-dhewe, ewadene wusanane sing kuwasa ora bakal banjur ditrima kasih, ananging sabên dinane malah digrêmêngi lan diuni-uni. Amarga donyane rak banjur ora bisa têntrêm lan raharja.

[Grafik]

Garèng : Wiyah, Ma, pangandikamu sapisan kiyi sajake têka kaya ora klêbu nalar. Nèk rumasaku upamane sing dadi kasênênganing wong kuwi tinurutan kabèh, uripe nang donya kene rak iya ora beda karo nang swarga. Kaya ta: aku kêpengin dadi bupati wis bisa tinurutan, apa ora lêga nyang pikir, arêp dhahar sing enak-enak bisa kalakon, amarga blanjane sahohah. Arêp palêsir-palêsir mriksa bawahe, wis disadhiyani motor, kreta lan liyane manèh. Arêp ngingu sêlir sarèntèng, bisa dititipake nyang desa-desa, supaya dèn ayune ora priksa. Hara arêp apa manèh. Rama dhewe bae, apa ora lêga bangêt upamane papenginane dadi sudagar sugih bisa katurutan, sarèhne wis banyak phulus, sabên dina pagaweane ora liya mung rêngêng-rêngêng sinambi anggêbêg rôngka mangku rôndha.

Sêmar : E, bocah kiyi, sing dirêmbug mung kapenake, paite ora dipikir babarpisan. Sajake wis dadi kalumrahan bocah saiki kiyi sing diarêpake dhisik kasênêngane, nyang paite ora ngrêmbug babarpisan. Kaya ta yèn golèk pagawean, kuwi sing akèh sing ditakokake dhisik: blanjanyah brapah, tuwan, ora pisan-pisan anggagas apa iya bisa anglakoni pagaweane. Yèn wis tumapak nyambutgawe, sing digagas dhisik dhewe, kapan undhaking blanjane, ora mikir apa pagawean sing ditindakake kuwi wis kanggo. Mangkono uga panggagase nyang pangkat bupati, sing disawang mung blanjane sing sathekruk, ora mawas nyang pagaweane utawa gêdhening têtanggungane, apa manèh tumraping sudagar sugih, sing didêlêng kok mung kasugihane bae, ora mawas nyang rêkasane bisane ora dadi tiba kamlaratan lan liya-liyane. Mungguh anggonku ngomong, yèn kabèh kasênênganing uwong bisa

--- 255 ---

katurutan, donyane bakal ora aman, sing wis cêtha bae mangkene: panuwune wong sugih supaya barange bisaa tansah mundhak-mundhak bae, para kêminis supaya barange wong sugih dibagi rata kayadene wêwarahe: duwèkmu iya duwèkku, bêndara mantri dhudhuk arêp ngangkuti barange sapa bae sing kabênêr lena panjagane, hara, yèn kabèh-kabèh mau tinurutan, apa donya iki ora dadi karang abang. Dene anggone sing kuwasa sabên dina digrêmêngi lan diuni-uni ingakèh, tuladan sing cêthèk-cêthèk bae mangkene: panuwune para tani mênyang Pangeran, kuwi supaya pinaringana udan akèh, cikbèn tandurane bisa olèh banyu kacukup, kang bisa anjalari akèhing pangasilane, upamane panuwunane mau tansah dituruti, satêmah udane têrus grêjih bae, kuwi golonganing tukang pênatu mêsthi banjur mêncak-mêncak bae, anggrêmêngi lan muni-muni marang sing Kuwasa, jalaran sabab dening udan grêjih mau, banjur ora ana panas, kang anjalari kumbahane ora padha garing, wusanane pangasilane iya banjur suda.

Petruk : Wah, Ma, piwulange para sêpuh sing unine mangkene: sing sapa mantêp panuwune, wis mêsthi bakal tinurutan, kuwi têka ora cocog pisan-pisan karo kaanane, kaya ta : anggonku kêpengin bisa dibênum dadi kasir ora karu-karuwan têmênan, nganti dak lakoni sabên bêngi nêpi kuburan... ning saka ngomah, salat kajat... ning wakil kaume, ewasamono tumêkaning saiki mêksa ora bisa dadi.

Sêmar : Lha, anggonmu ora bisa dadi kuwi saka wêlasing Pangeran mênyang awakmu, awit wis têtela yèn kowe kuwi ngadhêpake bangêt marang kasênêngan lan karoyalan, dadi yèn kowe nganti bisa kalakon dadi kasir, saking anggonmu arêp nuruti hawa napsumu mau, bisa uga wusanane banjur lali, yèn dhuwit kas kuwi dudu duwèkmu lan banjur koangkat sapêthi-pêthine pisan. Kang mangkono mau kêna tak upamakake biyung sing duwe anak têlu. Kalane kapinuju mangan, anake sing tuwa dhewe diwènèhi lawuh iwak bandêng, sing nomêr loro iwak pitik, dene sing nom dhewe dhiwènèhi iwak êmpal, hara, rak iya wis mêsthi bae ta yèn bocah sing cilik dhewe mau banjur ora nrima. Rumasane disêngit ing wong tuwane dhewe. Ora ngrêti yèn dhiwènèhi êmpal kuwi sabab saka wêlase, awit iwak bandêng kuwi ana êrine, ing sarèhne isih cilik durung ngati-ati, dikuwatirake nèk kalolodên êrine, mangkono uga iwak pitik, kuwi sok ana balunge, bocah cilik nèk ora ngati-ati mangane, bisa uga agawe pitunaning awake, seje karo iwak êmpal, balunge wis ora ana, kathik dithuthuki ngati êmpuk nyunyut têmênan, dadi nèk dipangan ora nguwatirake apa-apa. Mulane wong kuwi bok iya sing nrima nyang pandum, aja tansah ngangluh yèn lagi ginanjar lara, aja surak-surak yèn lagi nômpa kabungahan.

(Badhe kasambêtan)

--- 256 ---

Waosan lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

XIII. Sang Prabu dhaup karo Dèwi Mênurseta

[Mijil]

ing saiki critane nyêlani / ulihing lêlakon / kocap ratu iya kang ramane / Mênurseta anane saiki / bangêt mêlasasih / ing galihe trênyuh //

awit emut mênyang putra-putri / sirna tanpa wartos / kaya priye mungguh kanyatane / mung ing batos uga wis mangrêti / yèn ilange kuwi / saka kangjêng ratu //

mung sang prabu bangêt gone ering / mênyang garwa anom / awit saka bangêt pangêmonge / lawan pancèn iya rada ajrih / mula jroning galih / mung araos bingung //

ambarêngi ing dina sawiji / nata olèh wartos / ulêm saka nata têtanggane / surasane ulêm arêp krami / lan putri linuwih / wus anèng kêdhatun //

sang aprabu kumênyut ing galih / angandika alon / o upama putraningsun biyèn / yèn isiha ya wis môngsa laki / jêbule saiki / ilang tanpa dunung //

saka bangêt kraos ing panggalih / tingale narocos / ing wusana mupus ing pêpasthèn / manungsa mung kari anglakoni / ananging saiki / amirêng sang prabu //

yèn bakale pangantèn sing putri / wus kaprah sabên wong / Mênurseta mau pêparabe / ing mulane sang prabu saiki / raose ing galih / bingah sêmu ngungun //

apa têmên yèn putrane putri / apa madha uwong / ing jênênge mêmadhani bae / sang aprabu nuli andhawuhi / maring pramèswari / jagong mantèn dhaup //

kangjêng ratu banjur dandos gêlis / lan dangu pangilon / hèh ta kaca-kaca kang sumendhe / wong sajagad sapa sing ngluwihi / ayune saiki / mêmadhani ingsun //

kaca matur yêktosipun gusti / nadyan dipun kêtog / èstri ing sajagad ing ayune / botên wontên ingkang anyamèni / lan pangantèn putri / ingkang badhe dhaup //

awit nyatanipun inggih gusti / kang pangantèn wadon / ingkang putra pun Mênursetane / sanalika kangjêng pramèswari / mèh-mêh ora eling / lan gliyêr mèh ambruk //

kêrot-kêrot wajane agathik / dhadha kaya jêblos / nanging banjur kêtungka rawuhe / sang aprabu ngajak budhal nuli / ing kono sang putri / mung katon anjabrut //

mêngko kocap wis mèh wayah bêngi / srêngengene ngayom / disambungi padhanging diyane / gon pangantèn sing arêp kêpanggih / saya angluwihi / dayan kibèh[6] murub //

rame bangêt dhayoh andalidir / nganti tanpa pêdhot / sabubare têmuning pangantèn / para tamu nglumpuk dadi siji / lah ing kono nuli / kocap prabu sêpuh //

ora pangling lan pangantèn putri / yèn putrane yêktos / nuli nyakêd dirangkul janggane / lan gandika kêmomoran tangis / o putraku iki / têmên sira Mênur //

sanalika kabèh tanpa mosik / mung padha andomblong / prabu sêpuh

--- 257 ---

banjur ngandharake / ing lêlakon ilange sang putri / nuli disambungi / Mênurseta tutur //

lêlakone kabèh nganti tliti / banjur prabu anom / nyariyoske kabèh kaanane / ing wêkasan tinêmu saiki / kumpul dadi siji / lêlakone gathuk //

êmung siji kangjêng pramèswari / tumungkul acêlom / lan sang prabu ical ing sabare / arêp malês ukum mênyang sori / nanging Mênurputih / mênggak ora mathuk //

awit kabèh wis kêtêmu bêcik / ora prêlu ngono / malah aja diraos-raoske / ing wusana wis têntrêm saiki / mantèn atut bêcik / prabu sêpuh rukun //

ing saiki crita Mênurputih / wis tamat kalakon / muga dadi sênênging atine / para bocah sing padha mêruhi / bèn srêgêp nênulis / crita-crita bagus //

Tamat.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Gêwès Madiun angsal urunan arta f 24,150 kangge andandosi margi Panaraga, antawisipun 25-26 tuwin sacêlakipun pal 38.

Jalaran saking lubèripun toya ing lèpèn Citarum, anjalari kêlêmipun sêsabinan ing Buah Batu, Bandhung, cacah 500 bau, ing satunggal-satunggaling panggenan ingkang kêlêm, ngantos tigang dintên, kapitunan dèrèng kasumêrêpan.

Kawartosakên jawah prahara ingkang nêmpuh ing Madiun kala malêm Salasa kapêngkêr, salêbêting kitha utawi sanès-sanèsipun mèh bêna. Ing hotpèstêre Saradan sisih lèr, sacêlakipun watês Rêmbang, manggih kapitunan agêng. Laladaning lèpèn Pakulan sami kêbênan. Ugi ing kampung Kêjuron, Klampok tuwin Gawèh ugi makatên, wontên griya 40 ingkang rêbah. Krêtêg 5 katut toya, ingkang risak kalih. Rajakaya tuwin kewan sanès-sanèsipun kathah ingkang tiwas. Kapitunan ing pakampungan tuwin boswèsên kintên wontên f 4.000,- sarèhning tiyang wau kathah ingkang kuli boswèsên, ugi badhe angsal lêlintu saking boswèsên.

Miturut suraosing motor règlêmèn rijbewijs punika wontên warni kalih, kangge pit motor utawi motor tumpakan, nanging sayêktosipun rijbewijs motor tumpakan wau inggih kenging kangge pit motor, awit ing ngriku ugi nyêbutakên tumrap tumpakan motor ingkang mawi sadhêl palinggihanipun tiyang ingkang nglampahakên. Punika prayogi dipun ewahi, bilih rijbewijs motor tumpakan botên kenging kangge sêpedhah motor.

Minôngka panyêgah dayaning agami Islam ing jajahan Republik Sopyèt pamarintah Sopyèt adamêl pranatan, ingkang pamurihipun têtiyang agami Islam lajêng santun ngangge cara Sopyèt. Ngawisi ngrampungi pasulayanipun têtiyang Islam sami Islam, ingkang miturut pranatan lami, nyukani urunan arta kangge agami, nikahan miturut cara lami, wayuh punapadene tata cara Islam, kados ingkang tumindaking krim tuwin kaokasus, punika badhe kasirnakakên. Sintên ingkang nêrak pranatan wau, badhe dipun ukum kunjara, dhêndha tuwin nyambut damêl pêksa.

Tiyang mangrêtos, bilih panguwaosing agami Islam dipun risak, tuwin tiyang komunis gêthing dhatêng agami. Ing sapunika têtiyang Islam ngraos piyambak, botên mawi dipun sumêrêpi rumiyin, bilih propagandhah wau dados pandhêlikaning satru.

Kawartosakên, ing ondêr dhistrik Karangkobar, Banjarnagara, kathah padhusunan ingkang katrajang ing sêsakit malariyah, wontênipun tiyang ingkang tiwas ngantos 12%.

Ing bab badhe wontênipun ringgit tiyang ing karaton Ngayogya, saking kaparênging karsa dalêm, sadaya prayantun gupêrmèn sami kaparêngakên sowan malêbêt, sarana mawi nyuwun karcis dhatêng Hadisuryan.

Sentralêwèrpêng komisi ing dhepisi ôngka II badhe pados têtiyang murih malêbêt dados saradhadhu, Kaptin Inpantri Suratman sampun ngaturi sêrat dhatêng tuwan rêsidhèn ing Surakarta, nyuwun pambiyantu bab badhe tumindaking pados tiyang wau.

Kawartosakên, bilih P.N.I. ugi badhe ngebahakên para wanita, murih iyêg tumut ebahing guru lakinipun.

--- 258 ---

Benjing tanggal 1 Juli ing Surabaya badhe dipun êdêgi kuiksêkul têngahan, sarta dipun wontêni ahli mulang muruk ingkang gadhah sêsêbutan doktêr in de paedagogie.

Ing tanggal kaping 11 wulan punika kalêrês dintên adêging karajan Jêpan sampun 25 jaman. Ing dintên wau kapal pêrang Ohi ingkang nuju labuh wontên ing Tanjungpriuk, wanci jam 12 siyang ngungêlakên mriyêm 21 rambahan. Enjingipun kapal wau dipun paratamoni para upsir laut tuwin dharat, ingkang badhe suka wilujêng dhatêng kumêndhaning kapal wau.

Kala tanggal 9 wulan punika, lèpèn Kunta, Pare, toyanipun lubèr, inggilipun ngantos samètêr. Griya-griya sami kêlêban, krêtêg ing Badhaslarut, lampahing tumpakan tuwin tram dhatêng Jombang sami kandhêg. Krêtêg ing Balongrêja tuwin Purwaasri ugi ambrol.

Badhe rawuhipun Sri Nata ing Siyêm benjing wulan Juni ngajêng punika ing Ngayogya, Grand Hotel sampun dipun prasabêni nyadhiyani kamar 50.

Bêna ing Brêbês sagêdhagan punika ragi anggêgirisi, ing salêbêting kitha lêbêting toya wontên 70 c.M. malah mindhak dumugi 80 c.M. Pakampungan-pakampungan sampun kados lèpèn. Sambêtaning lampah saking Cirêbon dhatêng Têgal botên sagêd babarpisan. Pulisi ingkang numpak pit motor botên sagêd langkung.

Kala tanggal 10 wulan punika Yong Yapha adamêl parêpatan wontên ing sus Mangkunagaran, Surakarta. Ingkang karêmbag: pêrslah taunan, pilihan bêstir, tuwin lèsêngipun ingkang garwa Mr. Singgih ing bab gêsang pasrawunganipun para wanita, punapadene bab wawasan Chung Hwa konggrès ingkang mêdhar sabda Tuwan Suharta.

Sawênèhing ajung klèrêk tiyang siti ing kantor pos Simpang, Surabaya, nyalingkuhakên arta f 1800, tiyangipun lajêng miruda.

Ing ondêr dhistrik Cirêbon, dipun titipakên dening pangagênging paprentahan nagari, bilih wontên pès tikus.

Ing salêbêtipun wulan Nopèmbêr kapêngkêr, kapalipun Kaji Sultani ing Panjang Wetan, Pakalongan, katrajang ing sakit pilêg, saha lajêng sampun kapêjahan, saha lajêng kapurih ngrêsiki gêdhoganipun. Nanging bokmanawi dèrèng kalampahan rêrêsik, awit sarêng wulan Januari, ing ngriku wontên kapal pêjah malih. Sapunika dipun prentahi kêncêng, supados rêrêsik.

Sasampuning konggrès P.S.I. up bêstir nêdya ngêdêgakên Nationale onderwijs Federatie, ingkang dipun pasrahi dados pursitêr Radèn Mas Suwardi Suryaningrat. Nanging Radèn Mas Suwardi nawèkakên dhatêng Dhoktor Radèn Mas Sasrakartana, dhirèktur Mulo Taman Siswa ing Bandhung. Nanging bab wau botên katampèn, awit Radèn Mas Sasrakartana piyambak sampun kêkathahên padamêlan.

Kyai Muhamad Yusup ing Sumpyuh, ingkang sampun kawartosakên misuwur sagêd anjampèni sawarnining sêsakit, sapunika kawartosakên, bilih anggènipun anjampèni sarana maku wontên ing blabag, ingkang dipun paku sawênèhing aksara ingkang kasêrat wontên ing blabag ngriku, asli saking rapaling Kuran.

Kala tanggal kaping 8 wulan punika Paduka Tuwan Dr. Rutger calon gupêrnur Surinamê sampun bidhal saking Batawi dhatêng nagari Walandi, numpak baita S.S. Yulianah, kathah ingkang sami nguntapakên saha sami misungsung sêsêkaran.

Ingkang badhe kapatah andhèrèkakên Sri Narendra Siyêm salêbêtipun wontên tanah Jawi, panjênênganipun Tuwan H.Th. Ament, asistèn residhèn ing Surakarta.

Kala ing dintên Kêmis kapêngkêr, ing pakunjaran Ngayogya, bagean tukang sêpatu, wontên pasakitan sami suduk-sudukan, ingkang satunggal kataton kalih panggenan.

Dhepartêmèn yustisi sampun angrampungakên ordhonansi ing bab nikah Kristên têtiyang siti. Ing sapunika golongan Kristên wau badhe angsal wêwaton têtêp ing bab salakirabi.

Jalaran saking bêna ing Klathèn kêpêngkêr punika, adamêl kapitunan agêng, tanggul-tanggul ing lèpèn kathah ingkang rêbah. Makatên ugi kabudidayan-kabudidayan inggih sami manggih kapitunan, nanging tumrap kapitunan tanêman namung sakêdhik.

Asistèn wadana ing Sêcang, Magêlang, sawênèhing dintên badhe ngêbèl tilpun, sarêng cêlak tilpunipun dipun sambêr gêlap, asistèn wau lajêng botên èngêt. Sarêng èngêt lajêng botên sagêd wicantênan, drijinipun tugêl kêkalih.

Ing wulan punika ing Ngayogya badhe wontên sêsorah umum, manggèn wontên ing pamulangan Adidarma, urutipun ingkang sêsorah tuwin uruting tanggal: kaping 14 Mr. Suyudi, sêsorah anggêring praja (Staatsrecht). Kaping 21 Dr. Sukiman, bab parlêmèn (parlementaire actie) tuwin tanggal 28 Radèn Man Suryapranata, prakawis pakêmpalan tunggil damêl (vak organisatie).

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan S. Wiyata, Purwaasri. Panjurung botên kapacak. Ing bab anggèn panjênêngan badhe ngarang cariyosipun tiyang Kalang tumuntên kakintuna.

Lêngganan Kajawèn 2583. Panjurung panjênêngan kanthi gambar botên kapacak, amargi gambaripun kalitên, botên kenging dipun angge klise. Mênggahing gambar, alit-aliting ukuranipun kêdah 9x12 c.M.

--- 259 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun Rajaputri ing Seba

15. Pharaoh adamêl susah kula sadaya

Shadrach lajêng ambalang mawi sela saha anatoni sukuning sagawon. Pharaoh punika satunggiling sagawon ingkang agêng lan kiyat, ing sanalika lajêng ngrangsang kalamênjingipun, lan kula ngintên, bilih sagawon sayêktosan badhe nyakot amêjahi pun Shadrach wau. Tujunipun sadèrèngipun kêlampahan wontên punapa-punapa kula sagêd anggondhèli sagawon wau, ananging rainipun Shadrach lajêng kêtingal malih sangêt, ngantos angèl dipun supèkakên, ingkang kala punika warninipun sampun sawarni eblis.

Salajêngipun, kula lajêng mapan tilêm, ing batos gadhah gagasan: punapa pangaso kula punika botên ingkang wêkasan piyambak, ingkang kula lampahi wontên ing donya punika, lan punapa inggih sagêd kalampahan, kula sagêd pinanggih anak kula jalêr malih.

Sarêng mèh sontên kula lajêng tangi jalaran wontên swara rame, ing ngriku ingkang kamirêngan cêtha piyambak swaranipun Higgs ingkang kêmèng, kala punika Propesor Higgs nglairakên têmbung-têmbung ingkang botên prêlu dipun wangsuli wontên ing ngriki malih. Panjuguging Pharaoh tuwin panggluruhing salah satunggiling tiyang Abati inggih sumêla wontên salêbêting swara rame wau. Kula lajêng lumajêng mêdal saking pakuwon kula, saha lajêng sumêrêp kawontênan ingkang nganèh-anèhi sangêt, inggih punika Propesor Higgs mithing sirahipun Shadrach saha anjotosi irungipun. Sêrsan Quick ngadêg ing sacêlakipun ngriku, kanthi nyêpêngi kalungipun Pharaoh wau, kalungipun wau ingkang dipun angge wacucaling unta ingkang pêjah wontên ing margi. Sêrsan Quick anggènipun ningali têtingalan wau kêtingal sênêng kanthi grêgêt-grêgêt. Sawatawis tiyang Abati akubêng ing ngriku, tanganipun suraweyan kados adatipun tiyang wetanan. Dene pun Orme botên wontên, jalaran kalêrês sawêg tilêm.

Kula cêluk-cêluk makatên: kowe kuwi lagi apa Higgs.

Kowe - apa - ora - wêruh - kiyi. Panyêngèkipun Propesor Higgs, satêmbung-têmbungipun kanthi anjotosi irungipun Shadrach. Aku kiyi lagi nuthuki sathithik, êndhase wong sing èlèk kiyi. Lho, lho-lho, kowe arêp nyokot. Ya tampanana manèh ta iki, yaiki, yaiki, yaiki. Astaga, untune athik atos têmên. Ha kiraku dhèwèke saiki wis warêg. Salajêngipun ujug-ujug piyambakipun lajêng nguculakên tiyang Abati wau, ingkang nuntên dhawah ing siti saha lajêng gêrêng-gêrêng. Kônca-kancanipun ingkang sami nyumêrêpi dhatêng kapalanipun ingkang kacilakan wau, lajêng sami majêng kanthi ngancam dhatêng Higgs, malah salah satunggal wontên ingkang ngunus ladingipun.

Sêrsan Quick awicantên: Le, barang kuwi sêlapna manèh, nèk ora, asu iki tak sandêrake nyang kowe. Bandara dhoktêr, punapa panjênêngan ngasta pistul.

Sanadyan tiyang wau botên ngrêtos dhatêng omonganipun Quick, ananging pikajênganipun, sajakipun inggih sumêrêp, tandhanipun ladingipun lajêng dipun talêsêpakên, saha lajêng wangsul dhatêng kônca-kancanipun malih, makatên ugi Shadrach ugi lajêng tangi saha lajêng ngêmpal kalihan sanès-sanèsipun. Sarêng sawatawis mètêr têbihipun, piyambakipun lajêng nolèh lan anyawang Higgs kanthi mripatipun ingkang ambêndhul, piyambakipun wicantên makatên: He wong kapir, têmtokna, yèn kang mangkono mau bakal tak eling-eling lan ing têmbene kowe bakal nômpa piwalês.

Kala punika Orme dhatêng ing ngriku kanthi angob-angob, saha lajêng pitakèn: Mêntas ana apa ing kene.

Wangsulanipun Propesor Higgs botên mèmpêr babarpisan: Upama anaa sorbèt nganggo ès, aku gêlêm ambayar limang rupiyah. Sasampunipun lajêng ngombe toya tawa wontên ing blèg ingkang mawa êndhut, saking Sêrsan Quick, dipun ombe ngantos têlas. Sarêng sampun dipun ombe lajêng dipun sukakakên wangsul kalihan wicantên: Sanadyan kaya ngene banyu iki, luwih bêcik tinimbang ora olèh banyu babarpisan. Ananging pancèn ngono, ngombe banyu adhêm kaya ngene iki, ambêbayani manawa awake panuju panas. Mungguh pitakonmu ana apa ing kene kiyi, iku ora ana apa-apa kang pantês diwigatèkake. Sing wis kalakon, yakuwi Shadrach arêp nyoba ngracun Si Pharaoh, ya mung kuwi thok. Saka papanku aku wêruh, yèn Shadrach mênyang tong wadhah obat, anlêsêpake daging têlês sairis ana ing kono sarta banjur diuncalake mênyang Pharaoh. Tujune aku bisa nututi lan banjur ambuwang iwake mau liwat ing

--- 260 ---

tembok. Dene yèn kowe arêp nêksèni dhewe, mara coba tilikana ing kana. Aku banjur takon mênyang Shadrach, genea dhèwèke nindakake kang mangkono mau. wangsulane jalaranane supaya asune ora bisa rame-rame samôngsa liwat barisaning wong Fung, lan omongane mau kanthi disambungi, manawa kewan mau sajatine kewan alasan, tandhane nalika esuk mau arêp nyokot dhèwèke. Jalaran saka iku, aku banjur nêpsu bangêt, nganti aku banjur nrajang nyang dhèwèke. Sanadyan aku iki wis rong puluh taun ora tau jotosan, sadhela bae aku wis ngalahake dhèwèke, jalaran sabênêre, wong Abati iku ora ana sing kêrêngan nanggo kêpêlane. Mara ta sêrsan, aku wènèhana sathithik manèh.

Orme ngangkat pundhak sarta wicantên makatên: Pancène mono luwih utama upamane ngêntènana yèn aku kabèh wis tumêka ing Mur, ananging iya ora prêlu upama dirêmbuga manèh, lan aku mêsthi niyat anglakoni mangkono uga, upamane wêruha yèn dhèwèke mau arêp ngracun Pharaoh, rak iya ta Pharaoh, lan Orme nuntên ngêpuk-êpuk êndhasing sagawonipun. Kula sadaya pancèn inggih rêmên dhatêng kewan punika, sanadyan ingkang dipun rêmêni sagawon wau namung pun Orme piyambak.

Salajêngipun Kapitan Orme anyambêti wicantênipun makatên: Dhoktêr, bok jajal irunge Shadrach iku prêbanên, lan prêdinên supaya bisaa sabar. Dhèwèke wèhana bêdhil, - ora dhing, aja dhisik, bisa uga dhèwèke ambêdhil kancane dhewe saka ing buri, kôndha yèn ora dijarag. Luwih bêcik janjinên bae, yèn arêp diwèhi bêdhil siji, sawise têka ing Mur, aku ngrêti yèn dhèwèke iku kapengin bangêt anduwèni bêdhil, jalaran dhèk anu kae aku ngonangi, kalane dhèwèke arêp nyolong bêdhil sanguku. Janjinên bae sakarêpmu, anggêre dhèwèke bisa lilih bae.

Kula lajêng murugi dhatêng Shadrach ambêkta gêndul jampi tuwin plèstêr sawatawis. Kala punika Shadrach dipun kupêng ing para kancanipun ingkang sami nglêlipur. Shadrach piyambak sajak nangis saking jèngkèlipun, dening rumaos têdhaking bôngsa luhur têka dipun damêl wirang makatên. Sasagêd-sagêd kula inggih ngrêrapu murih sabaripun. Salêbêtipun kula nutuli rainipun ingkang biru èrêm mawi jampi, kula nêgês-nêgêsakên dhatêng piyambakipun, bilih sadaya wau pungkas-pungkasanipun inggih lêpatipun piyambak, jalaran rak inggih botên pantês sangêt, ta, ingatasing piyambakipun badhe ngracun Pharaoh, dene sababipun Pharaoh namung badhe nyakot piyambakipun. Shadrach amangsuli: Bilih dede punika ingkang dados sabab-sababipun, ananging - salajêngipun kanthi têtêmbungan angalawèr, piyambakipun andongèngakên dêdongengan, kadosdene ingkang sampun kacariyosakên dhatêng Propesor Higgs, anggening nyariyosakên bab malês ukum sakalangkung wantêr, ngantos samangke kula anggêp wanci anyabarakên manahipun.

Wicantên kula: Shadrach yèn kowe ora anjabêl omonganmu mau, aku bakal mrintahake ambalênggu marang kowe, lan kowe banjur takkon anggantung. Lan manèh kiraku, aku kabèh luwih bisa slamêt, anggoning ngliwati panggonane wong-wong Fung manawa aku kabèh bisa ninggal mayitmu ana ing kene.

Sarêng piyambakipun mirêng têtêmbungan kula makatên wau, wicantênipun lajêng malih sangêt, saha piyambakipun lajêng anglairakên, bilih ngrumaosi kalêpatanipun. Sarêng tatu-tatunipun wau sampun dipun prêban, piyambakipun lajêng murugi Propesor Higgs ngambung tanganipun, grunêngan nyuwun pangapuntên, saha lajêng nyupatani badanipun, bilih piyambakipun badhe nyupèkakên sadaya ingkang sampun kalampahan sadaya wau. Makatên ugi piyambakipun anglairakên gênging katrêsnanipun dhatêng Propesor Higgs kadosdene sadhèrèkipun jalêr tunggil wêlat.

Higgs ingkang babarpisan botên gadhah watêk sêngitan mangsuli makatên: Bêcik bangêt, mung bae aja kopindhoni anggonmu arêp ngracun Pharaoh, aku uga gêlêm janji nyang kowe, yèn aku bakal anglalèkake kabèh kang wis kalakon kiyi, anggêre bae aku kabèh wis têkan ing Mur kanthi slamêt.

Sêrsan Quick ingkang tansah ngawasakên lêlampahan ingkang makatên wau lajêng anyaruwe sajak nyêngès, panyaruwenipun: bandara dhoktêr, sajakipun kok sampun sae babarpisan, watêkipun nêpsu sampun ical, botên angênggèni watêk walês-winalês, ananging angênggèni watêkipun tiyang sae, angambungi tangan ingkang mêntas nêmpiling sirahipun. Ananging kadosa pundi kemawon, kula mêksa botên pitados babarpisan dhatêng pun babi punika. Omonganipun wau lajêng dipun sambêti kathi têgês ingkang wigatos kados makatên: Ing môngka mangke dalu punika badhe pêtêng sangêt.

Kula botên amangsuli wicantênipun Sêrsan Quick, sajatosipun kula cocog sangêt dhatêng wicantênipun Quick wau, ananging kula sadaya botên sagêd adamêl punapa-punapa, tuwin malih manawi lajêng ngrêmbag punapa-punapa ingkang botên nyakecakakên, punika rak inggih badhe botên nyaèkakên prakawisipun.

Lajêng kasaput ing dalu, lan sajakipun dalu punika badhe wontên prahara agêng, lampahing mega rikat, anginipun agêng, niyat kula sadaya sumêdya pangkat sasampunipun srêngenge angslup sakêdhap malih, dados kula sadaya taksih gadhah wanci malih kintên-kintên saêjam. Ing sarèhning sampun rampung anggèn kula ngêpak-êpaki, lan ugi sampun mitulungi ngêpaki bêbêktanipun Propesor Higgs, kula kêkalih lajêng madosi Orme kalihan Quick.

(Badhe kasambêtan)

--- [421] ---

Catatan kaki:

1. ôndrawina. (kembali)
2. ayom-ayomipun. (kembali)
3. tanêman-tanêman. (kembali)
4. rainipun. (kembali)
5. Kurang satu suku kata: mung anggugu ing sasire dhewe. (kembali)
6. diyan kabèh. (kembali)