Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-18, #73

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-18, #73. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-18, #73. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 14, 26 Ruwah Taun Jimakir 1858, 18 Pèbruari 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [261] ---

Ôngka 14, 26 Ruwah Taun Jimakir 1858, 18 Pèbruari 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Krêtêg Gantung ing Lammeulo Pidie.

[Grafik]

Krêtêg ingkang kados makatên punika têtêp nama krêtêg gantung, wujudipun gumandhul wontên sanginggiling lèpèn, tiyang ingkang lumampah rumaos kados ngambah ing bandhulan.

--- 262 ---

Raos Jawi

Rumaganging Pôncadriya

Tiyang wiwit lair wontên ing ngalam donya, sasampunipun sagêd mirêngakên swara, sagêd ningali wawarnèn, lajêng wiwit angraosakên tumandanging pôncadriya. Mênggah tumandanging pôncadriya wau, wosipun gadhah kajêng murih kalêganing pangraos ingkang tumandang ing damêl.

Ing sakawit pôncadriya têbanipun taksih ciyut sangêt, inggih punika kalaning taksih lare, dangu-dangu saya mindhak-mindhak lajêng dados diwasa.

[Grafik]

Tiyang ingkang sampun umur 100 taun.

Pôncadriya punika salaminipun tansah manut dhatêng tumindaking umur-umuran, mila manawi dipun manah makatên, ewah gingsiring wêwatêkaning tiyang punika inggih namung ngênut saking indhaking umur, punika tansah nglantur ewah-ewah ngantos dumugining wêkasan pisan.

Kasênênganing lare alit namung narimah dhatêng barang sapele, sanadyan gadhaha panêdha punapa-punapa, inggih namung gampil-gampilan. Manawi nangis cêkap dipun ênêng-ênêngi dolanan utawi têmbung manis.

Dangu-dangu lare mindhak umuripun, pêpenginganipun inggih mindhak, sampun sumêrêp dhatêng pamantês ingkang mikantuki dhatêng badanipun, mila sok lajêng tuwuh gadhah panêdha warni-warni, nanging inggih taksih kêgolong dhatêng pakartining lare.

Ing ngriku umuring lare sampun ngambah sumêrêp ing lêrês lêpat, nanging dèrèng mulur kados panggagasipun tiyang diwasa, mila cacahing piwulang, saupami warni prajurit, tansah pêpêrangan tandhing, lumuh yèn kasorana. Nanging wantuning dhawahing piwulang saking tiyang sanès punika mawi kinanthenan daya, sagêd mêpêrakên dhatêng ingkang kawon dayanipun, mila pun kawon daya (lare) inggih tansah kêsêsêr kemawon, wêkasan manut miturut sapangrèhipun ingkang suka pitutur, tuwin lajêng nama tiyang kêdhasaran ing piwulang. Inggih punika wujuding lare manawi sampun kêtumpangan wulanging tiyang sêpuh utawi gurunipun.

Rumasuking piwulang dhatêng lare, dangu-dangu lajêng mèh manjing dados dhêdhasar, dening sampun botên ngrumaosi, bilih kasusilan, kagunan tuwin kapintêranipun punika tuwuh saking tiyang sanès, malah dangu-dangu lajêng tumindak sagêd mulang dhatêng tiyang sanès gêntos.

Lêlampahaning lare ingkang sampun kêpêngkêr, tumrap ingkang nglampahi botên ngrumaosi, nanging lajêng karaos, bilih nyatanipun sampun manggèn ing jaman sanès, tôndha yêktinipun, rumiyin tansah dipun thole ing tiyang, sapunika sampun dipun kakang ing tiyang sanès gêntos.

Tuwuhing têmbung panguwuh: kakang, sanalika ngriku

--- 263 ---

adamêl rumaosipun ingkang dipun uwuh, nanging bokmanawi inggih lajêng rumaos, awit salugunipun, ing sapunika sampun botên ngrumaosi dados lare malih, sumêrêp caranipun nyandhang ngangge ingkang sarwa sae, rêmên ngêngisik badan, ingkang murih dados rêsik gumrining, tuwin sagêda adamêl rêsêping tiyang sanès ingkang sêsrawungan. Dene sayêktosipun, patrap makatên punika nama tumapaking tiyang ngambah diwasa, lan angênggèni caraning birai, punika têtêping pôncadriya sampun ngancik diwasa.

[Grafik]

Bayi nêmbe lair, dèrèng kêdunungan ngakal budi.

Dangu-dangu tiyang diwasa kagèt ing manah, dene sapunika mirêng dipun undang bapak ing tiyang, nanging inggih lajêng ngrumaosi, bilih sapunika sampun nama dipun bapa-bapa ing tiyang sanès.

Sasampunipun ngambah jaman kados makatên, ingkang sampun ngrumaosi dados tiyang sêpuh lajêng ngwontênakên panimbang ngambahipun dhatêng jaman enggal punika, lajêng amalik gagasan, anggènipun rumiyin tansah dipun wulang, sapunika nêdya mulang dhatêng tiyang sanès gêntos, mila ing ngriku lajêng wiwit anggêsangakên raosing manah, lan nyênyaring dhatêng sawarnining piwulang ingkang sampun dipun tampi, nêdya dipun bêsut murih langkung sae tinimbang ingkang dipun tampèni. Ingkang makatên punika tumrap tiyang ingkang kêbuka ing manah, tamtu sagêd anindakakên têpaning piwulang ingkang dipun dhawahakên ing liyan gêntos, awit sampun nate ngraosakên awon saening piwulang ingkang sampun dipun tampèni.

Tiyang ingkang sampun saya mindhak umuripun, manawi purun ngraosakên, tamtu rumaos, bilih salêbêtipun taksih wontên ing jaman paramean, tansah manggih môngsa kobèt kangge ngraosakên awon saening lêlampahan ingkang pinanggih, awit awon utawi sae punika tansah kêtingal, lan tuwuhipun tansah timbal-tumimbal ngêtut dhatêng tumindakding[1] umur-umuran. Makatên malih wajib nyumêrêpi dhatêng rumaganging pôncadriya ingkang pangawak mêngsah inggih sajatining mitra.

--- 264 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 13

VIII. Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Kabudidayan saha pabrik-pabrik ingkang kadadosakên gadhahaning tiyang sanagari

Sasampunipun arta saha Nep katindakakên, lampahing propagandhah lajêng dipun wangun dados satunggiling budidaya murih para kawula srêgêp anggènipun sami nyambut damêl, ing pundi-pundi dipun wontênakên bayaran ametang padamêlan, dene ing panggenan sanèsipun ingkang botên kenging kawangun makatên wau, lajêng dipun wontênakên premi, miturut sapintên angsal-angsalaning padamêlanipun, pramila sintên ingkang panyambutdamêlipun kirang, angsalipun arta bayaran inggih kirang. Manawi ambangkang wontên salêbêtipun nyambutdamêl, punika sanalika kenging lajêng kapêcat saking padamêlanipun, dene tumrap panindak ingkang mutawatosi, kados ta sumêdya nyoba ngicuk-icuk dhatêng têtiyang sanèsipun, punika kaanggêp kadosdene amêmêngsahan dhatêng nagari. Tumrap kaum bêrah kedah nyambutdamêl saha ambangun turut. Manawi salêbêtipun sawulan ngantos mlincur langkung saking tigang dintên tanpa sabab ingkang prêlu, punika lajêng kacopot saking padamêlanipun. Kajawi punika para ingkang nglurahi padamêlan sami dipun pasrahi têtanggêlan ingkang amumpuni.

Têtanggêlan ingkang samantên wau, sampun tamtu ambêkta panguwasa. Têtiyang ingkang sami anggadhahi kuwajiban nindakakên satunggiling padamêlan ingkang mêsthi, punika sami anggadhahi kamardikan agêng sangêt tumrap ngawontênakên pranatan-pranatan, ingkang sumêdya badhe kaêcakakên. Tindak sawênang-wênang dumèh nyêpêng panguwasa, punika ing tanah Ruslan kenging katamtokakên yèn botên kirang tinimbang ing pundi panggenan, malah kosokwangsulipun. Sêrêgan umum, ingkang kêrêp kêmirêngan, inggih punika bab pangayoman. Sabên tiyang ingkang gadhah panguwaos sakêdhik kemawon, manawi wontên lowongan padamêlan ingkang bayaranipun pantês sawatawis, lajêng nglêbêtakên sadhèrèkipun, kancanipun, lan... pamitranipun èstri. Sabên-sabên tiyang maos sêrêgan tuwin cariyosan ing bab punika ing sêrat-sêrat kabar Sophyèt, inggih wontên têtiyang ingkang lajêng dipun ukum jalaran ingkang makatên wau, ananging punapa dayanipun, manawi tiyang ingkang nindakakên kados ingkang makatên wau ngantos atusan, tuwin manawi bab punika katampi kanthi prasajan kemawon.

Makatên wontên satungiling panyaruwe ing sêrat kabar kitha ingkang tumuju dhatêng pangagênging apdhèling jèr-jèran waja ing papan panggaotanipun Tuwan Baars ing kitha Stalino. Pangagêng wau sampun angesahakên insinyur komunis sawatawis saha kaum bêrah komunis kêkalih, amargi saking botên [bo...]

--- 265 ---

[...tên] rêmênipun dhatêng bangsaning komunis, sasampunipun lajêng ngèndêli salah satunggiling punggawa ingkang sampun lami, minôngka dados gêgêntosipun ingkang lajêng katêtêpakên salah satunggil pamitranipun èstri, kanthi parentah, murih punggawa èstri enggal wau sampun ngantos katrapan padamêlan kekathahên. Prakawisipun lajêng kaurus dening pangadilan, sarêng kapriksa, pangagêng wau amangsuli makatên: apdhèling kula punika punapa pabrik punapa probêlsêkul, ingkang kêdah kula tungkulakên dhatêng padamêlan, têtiyang ingkang sami kula kèndêli punika sami botên sagêd nindakakên padamêlanipun, lan kula namung sagêd nyangkul têtanggêlaning padamêlan kula, manawi kula kenging milihi têtiyang kula piyambak, namung samantên atur kula. Manawi wohing padamêlan kula punika nyata botên sae, kenging anyaruwe dhatêng kula, dene sanès-sanèsipun, mugi kapasrahna dhatêng kula kemawon.

Makatên wau ugi sampun kalampahan, têtiyangipun komunis têrus kèndêl, mitranipun èstri lajêng anggènipun nyambut damêl, lan lêt sawatawis minggu malih, ing griyaning pangagêngipun panggaotan wau, lajêng dipun wontêni pahargyan agêng minôngka angurmati kamênanganipun wau.

Mênggah wontênipun pangayoman ingkang makatên wau ngantos sumrambah dumugi ing para kaum bêrah. Ing papan panggaotanipun Tuwan Baars ing Sêbèri, wontên satunggiling pangagêngipun pakaryan, ingkang nyambut damêlipun ngêmungakên kalihan têtiyangipun piyambak, para punggawanipun wau, wontên ing pundi-pundi sami anêrangaken, bilih pangagêngipun saklangkung sae sangêt, têtiyang wau sami asring atur-atur ayam tuwin punjungan sanès-sanèsipun minôngka pasêksèning tôndha katrêsnanipun. Kosokwangsulipun, pangagêng wau loma sangêt anggènipun maringakên premi, saha angidini nyambut damêl mirunggan, ingkang punika têtiyangipun inggih lajêng sami kathah pamêdalipun. Pangagêng punika ngantos nekad wani ngawon-awon dhatêng calon ingkang sampun, opisil tumrap pilian pangrèhipun pakêmpalan nunggil damêl. Bilih ingkang makatên punika satunggiling tindak ingkang saklangkung haram sangêt, kadosdene ingkang badhe katêrangakên ing Tuwan Baars. Salajengipun pakêmpalan nunggil damêl wau lajêng adrêng panuwunipun, murih pangagêng kasbut nginggil sanalika kapêcata saking kalênggahaipun, ananging pangagêng wau anggènipun ananggulangi panuwunan punika sarana akèn para punggawanipun supados adamêl sêrat katrangan ingkang mratelakakên, bilih pangagêng wau saklangkung sae sangêt tumrap para punggawanipun. Makatên ugi para komunis bawahipun inggih sami tumut nôndha tangani sêrat katrangan wau, ingkang makatên punika nama ngrisak tataning partènipun, amargi partènipun sampun amutusi, supados pangagêng wau kapêcata saking kalênggahanipun. Kalanipun têtiyang komunis wau wontên ing parêpatan ngajêngipun dipun saruwe ing bab punika, salah satunggilipun, inggih punika satunggiling tiyang ingkang sampun dados komunis sadèrèngipun tuwuh gegeran, amangsuli makatên: kula sagêd kadospundi malih. Manawi kula botên purun tumut nôndha tangani, sampun [sampu...]

--- 266 ---

[...n] tamtu manawi wontên saat malih, kula lajêng dipun kèndêdi saking padamêlan kula, kadosdene ingkang sampun kalampahan tumrap têtiyang sanès-sanèsipun, salajêngipun nuntên sintên ingkang badhe nyukani têdha dhatêng kula.

Makatên ugi ing têlênging nagari Mosko piyambak, lêlampahan makatên punika wontên ingkang katindakakên, inggih punika para panuntun sami anindak sawênang-wênang, jalaran anggènipun sami anggadhahi panguwasa. Ingkang makatên wau kirang langkung sawulan sapriki, dhirèkturing pabrik lampu ing Mosko kapatrapan ukuman kunjara kalih taun laminipun, amargi katitik, bilih piyambakipun sampun pintên-pintên taun laminipun amêksa dhatêng para punggawanipun èstri murih sagêda tinunggil raos, kanthi ancaman, manawi ambangkang badhe kapêcat saking padamêlanipun utawi kapindhah ing panggenan sanès ingkang langkung sakêdhik bayaranipun ananaging langkung awrat padamêlanipun, dene para pawèstri ingkang sami dipun trêsnani, kanthi patrap warni-warni, sami dipun sakecakakên.

Punika sadaya sami tumindak sawênang-wênang jalaran anggadhahi panguwasa, ingkang makatên punika kathah sangêt, sanadyan ta sampun têmtu botên ing pundi-pundi makatên. Mênggah sêdyanipun Tuwan Baars angandharakên lêlampahan ingkang têlas-têlasan wau, namung badhe angatingalakên, sapintên wêwênanging para pangajêng tuwin para panuntun ing ngrika, lan ingkang sajatosipun botên wontên bedanipun kalihan panggaotan-panggaotaning para kapitalis. (Badhe kasambêtan)

Bab Kasarasan

Ajêg Anggêgulang dhatêng Kasarasan

Ing jaman nalika dèrèng wontên dhoktêr, botên kêkirangan tiyang ingkang sêgêr kasarasan badanipun, dene jalaranipun botên wontên malih kajawi namung saking kulina anggêgulang dhatêng kasarasan.

Tumrap ing dhusun-ngadhusun, kathah tiyang ingkang pinanggih sampun sêpuh malah sampun nini-nini tuwin kaki-kaki ingkang taksih kêtingal kêngkêng, mênggah cariyosipun ingkang nglampahi, jalaranipun makatên:

Wiwit lare, manawi tangi botên nate kêrumiyinan ing tumuruning ayam. Satanginipun tilêm tamtu lajêng tumindak ing damêl ingkang damêl ènthènging badan. Tumrap tiyang jalêr inggih lajêng tumindak ing damêl dhatêng sabin, kêcèh toya ingkang sampun botên araos asrêp, dening sampun kulina, badan kangge ngangkat damêl ingkang sagêd ngebahakên badan, ngantos karaos angêt, malah ngantos kringêtên. Tumrap èstri, wanci umun-umun prêlu rêrêsik rumiyin, nyapu latar ngantos ngilak-ngilak, tuwin rêrêsik salêbêting griya ngantos kêtingal gumrining, pikantukipun kajawi enjing ngebahakên badan, rêsiking papan pakarangan, salêbêting griya, sami adamêl kasarasan.

Têtiyang ing padhusunan, sanadyan botên mangrêtos, bilih toya punika andayani dhatêng kasarasan, [kasara...]

--- 267 ---

[...san,] ewadene sami kulina adus enjing sontên, prêlu kangge ambucal lungkrahing badan samôngsa mêntas saking nyambut damêl.

Wancining nêdha ajêg sabibaring nyambut damêl, nêdhanipun sêmbada kados karosaning panyambutdamêlipun, botên prêlu ngudi sarananing nêdha eca saking ulam-ulaman tuwin olah-olahan ingkang miraos, awit sabên nêdha sampun ambêkta lawuh lidhah garing, ingkang sampun dangu dipun olah miraos, mathuk dados lawuhipun tiyang luwe. Pathokanipun tiyang nêdha namung waton tuwuk, tuwin tuwuk ingkang sayêktos punika, salugunipun pinanggih wontên ing panêdhanipun tiyang luwe.

[Grafik]

Sawangan ing papan kasarasan, botên beda kados kawontênaning polatanipun tiyang, ingkang guwayanipun rêsik gumrining.

Tilêmipun tiyang dhusun, manawi dipun timbang kalihan tiyang kitha, ajêg tiyang dhusun, kenging dipun wastani taksih sontên sampun tilêm, nanging tilêmipun wau rumaos nikmat saking sayah mêntas nyambut damêl ing wanci siyang. Pakulinaning tilêm, sagêd angraosakên sêgêring hawa ing wanci dalu, angin rinaos sêgêr, papaning patilêman ingkang ngoblag-oblag, rinaos kobèt kangge unjal napas ing wanci dalu. Lan wontênipun tilêm ing wanci sontên, kêbêkta saking sampun kulina tanginipun enjing, ngrumiyini palêthèking srêngenge. Gregah sampun rumaos pulih kakiyatanipun, botên kêlangoban saking kirang tilêm.

Têtiyang dhusun mèh botên wontên ingkang gadhah pakarêman ingkang dipun wastani maksiyatan, botên kok anggènipun botên purun wau jalaran saking sumêrêp sababipun, bilih maksiyatan punika damêl pangrisak, namung saking sabab botên mangrêtos dhatêng tumindaking maksiyatan.

Têtiyang dhusun tinêbihan ing manah ngôngsa, narimah gêsang ing satitahipun, sanadyan kêdunungana pangôngsa, inggih namung pangangsaning rumagangipun bau, botên gadhah cipta ngôngsa-ôngsa ingkang damêl risaking pikiran. Mila têntrêming têtiyang dhusun, têtêp kados gêsanging tanêm tuwuh, sanadyan têntrêmipun kêtingal tanpa budi, nanging sagêd murakabi ing akathah, anggèning ambanting kêkiyatan, wohipun [wohipu...]

--- 268 ---

[...n] kenging kadadak dados baku têdhanipun tiyang sapraja.

Wosipun mênggahing tindakipun tiyang dhusun, sèlèhipun namung mikantuki dhatêng kasarasan.

Mênggah tumrapipun têtiyang salêbêting praja kadospundi, tamtunipun inggih malah ngungkuli, awit mênggah têtiyang praja, ngakal budinipun tamtu langkung saking têtiyang ing dhusun, nanging sarèhning ingkang dipun rêmbag ing ngriki bab kasarasan, punapa botên prayogi dipun udi murih têtêpipun pinanggih. Têgêsipun sampun kêlintu ing tampi, ngêjibakên dumèh cêlak dhoktêr tuwin gampil angsal jampi panulaking sakit. Awit dhoktêr lan jampi makatên, pinanggihipun nama manawi sampun oncatan[2] kasarasanipun, mila prayoginipun ingkang ajêg anggêgulang dhatêng kasarasan, murih rahayu ingkang pinanggih.

Panglipur Manah

Panyaruwe Alus

[Mêgatruh]

pan wus lumrah tindaking wong anom iku / tan pêgat tanpa dêdugi / ing sasolahbawanipun / jinarag katona luwih / punjul pêpadhaning uwong //

amarêngi panuju ing ari Minggu / ing langit kawuryan rêsik / kadi mangajap ing sêmu / berag anglêgani ati / mèt sênêng saênggon-ênggon //

ana manèh janma anom kaduk bêsus / mung rada bagus sathithik / prandene pangrasanipun / ing jagad wus andhèwèki / golèka tan antuk loro //

wus anggagas kala maksih umun-umun / mêngko ingsun bakal plêsir / mênyan goning mitra karuh / wayah sore bae mulih / linggih sambi omong kosong //

ra-orane iya bêcik mlaku-mlaku / kanggo ngenggar-enggar ati / awit iki dina Minggu / mêsthi akèh wong sing plêsir / nyênyênêng ngasokkên batos //

wus kalakon tumindak wong anom iku / nganggo jarit latarputih / jas bukakan dhasi gandhul / ikête blangkon malipis / modhèle Solo amaton //

sêlop pêrlak gumrining katon ing sêmu / mawa nyangking têkên cilik / gêmbèlènge sajak patut / sinaruwa mung sathithik / ladak nanging rada tanggon //

pacithating mripat kadi mawèh sêmu / rarasing wong ulah budi / sanadyan nyatane durung / ananging wus ngrumasani / kêgolong bangsaning jêmpol //

awit ngrasa kalamun dhèwèke punjul / lan kêtutup sing pangrêti / basa Lônda rada baut / malah yèn mring sastra Jawi / rumasa wus rada kagok //

nadyan marang traping tatakramanipun / uga wus rada ngèmpêri / cakrak kadi Lônda lugu / marma êcake kêtawis / kathah dènira mangulon //

pan ing ngriku lakune wong anom iku / praptèng patamanan asri / anon wong satêngah tuwuh / lungguh nèng ngisoring uwit / kadi angraras lêlakon //

mung uminggu ngêmatkên kang kutut manggung / kang anggantêr mencok uwit / kang êkungira anggandhul / kadi angorêgkên bumi / tibaning kung mawèh notog //

wong taruna nulya nyêlak jajar lungguh / tan srônta têtanya nuli / paman [pama...]

--- 269 ---

[...n] andika puniku / punapa ta kang pinikir / dene ayêming tyas katon //

punapaa tan anon suwarnanipun / sêsawangan ingkang adi / lawan miyat ombyakipun / para neneman palêsir / kang samya nglêlipur batos //

awit mênggah limrahing janma puniku / kêdah sagêd milah ati / yèn kalaning pikir nganggur / ywa pisan dipun isèni / kaanan kang botên maton //

sanalika janma kang sinapa ngungun / nuli kêpêksa mangsuli / anggèr kula ragi ngungun / karsa andika punapi / dene katingal wigatos //

andikanta iku sadaya pakantuk / nanging tumrap kula yêkti / kecalan suwaraning kung / kang dahat ngênani ati / mirêngna ta ingkang yêktos //

wong taruna ngucap linut guyu guguk / la rak nyata cipta mami / tindak andika puniku / mênggahing wong ahli budi / mawèh pitunaning batos //

tiwas-tiwas panggagas ingkang ngêlangut / tan ngukup pakolih yêkti / beda lan wong ulah kawruh / sanggyaning tindak dèn jèni / awit wus uning wigatos //

nulya ngucap jalma kang sinruwe wuwus / anggèr kula wus mangrêti / dhumatêng karsanta iku / ing wose mung mêmaoni / mring sanggyèng lakuning kolot //

lamun sarju ywa tindak makatên iku / wusing ngucap tan cumuwit / nglajêngkên dènira ngrungu / swaraning kutut kang muni / hur kêtêkung lamban alon //

nganging[3] mêksa wong anom tansah amuwus / saya kaduk dènnya muni / wose rasaningrèng[4] kalbu / amung lampah mêmaoni / nulya ngucap lir mêmoyok //

paman-paman ywa pisan cuwa ing kalbu / mênggah sajatine ugi / kula pan amung salugu / kadi mêmèngêt sêsami / mrih uning maring kêmajon //

kang sinu[5] ling nulya ngucap dhuh wong bagus / kula pancèn eram yêkti / lamun janma anom iku / jêbul rêna dèn unèni / saking dènnya rêmên waon //

yêktosipun ing salaminira èstu / kula dèrèng amanoni / janma kang wignya ing kawruh / kadi andika puniki / samukawis sarwa notog //

lah punapa amor kula pedahipun / mindhak ngasorakên budi / kula trimah amor kutut / sampun ta andum basuki / janma anom nulya lolos //

[Kinanthi]

kanthi tyas akadung-kadung / angidung anyênyadhang sih / dasihe pêparabira / Mas Suadi nyêpêng kardi / carik panulung ondêran / Limbangan ing Kêndhal nagri //

kumacèlu nila atur / ing pangagênging rêdhaksi / ngudyana Bale Pustaka / ing Wèltêprèdhên mandhiri / angèsthi pitêdahira / kadipundi tiyang kardi //

karangan sasaminipun / carita kang makantuki / bilih yun amalêbêtna / ing Kajawèn kalawarti / tanapi ing sasaminya / punapa mawi tinulis //

sing pundi pamêthikipun / miwah sintên kang anganggit / punapa cêkap kewala / tinulis ingkang akardi / paringa sastra panêrang / mring ulun agung anganti //

titi pamêdharing kidung / ing wulan Ruwah marêngi / dasa dwi lèking candrama / Jimakir sêngkalèng warsi / risang dwipôngga raksasa / angèsthi sang maha aji //[6]

Suadi

...[7]

--- 270 ---

Kawruh Warni-warni

Pasinaon dhatêng Kamardikan.

Sajatosipun sêrik sangêt manawi dipun raosakên, bilih kita ing wêkdal samangke dèrèng matêng utawi dèrèng kenging dipun prêcaya, tumrap babaganing pangêmbat praja mangrèh Indhonesiah, ewadene sanajan makatên, kados prayogi mawi panalusuring manah, sabab dening punapa kita winastan makatên, jêr matêng utawi mêntahipun wau namung satunggiling panganggêp, ingkang yêktosipun sadaya-sadaya wau kêdah mawi pasaksèn sarta gêgandhenganipun kalihan babagan warni-warni. Ingkang dados bakuning kamardikan punika, perangan ingkang agêng dumunung wontên kamajêngan sarta kasusilan, dene kamajêngan sarta kasusilaning bôngsa wau, pinanggihipun saking tinarbukaning grêngsêngipun kawula piyambak, lan sampun pijêr namung ngajab pitulunganing nagari kemawon.

[Grafik]

Kasampurnaning kawruh ing Amerikah, tiyang sagêd damêl yêyasan ingkang angedap-edapi, wêwangunaning griya ngantos amêdal ngêlanguting gagasan. Punika gambar ing Wasington.

Praboting kamajêngan lan kasusilaning bôngsa punika, ingkang prêlu wontên tigang prakawis ingkang tumindakipun kêdah sêsarêngan, inggih punika: 1. grêngsênging manah kangge marsudi budi tumrap dhatêng sadaya kawruh utawi pamanggih ingkang prêlu-prêlu. 2. gêmi lan nastiti, tuwin 3. nênangi dhatêng kapurunan nyambut damêl.

Ing praja ingkang sampun susila kadosdene Eropah sarta Amerikah, abon-abon tigang prakawis wau sampun tumindak sarta wontên kalayan sampurna. Nanging tumrap ing laladan tanah kalairan kita, taksih nyamut-nyamut. Jêr tumrapipun pribumi, rumaganging damêl punika taksih mawi winatês, sanajana dhatêng sadaya pakaryan ingkang prêlu pisan, ngantos taksih mawi pitulunganipun pamarentah, inggih punika sarana pitulunganing piwulang sarta panggêsangan. Pitulungan punika wohipun sagêd nyudakakên krêkating manah dhatêng sadaya pandamêl.

Lare ingkang tansah angsal pambombong saking tiyang sêpuh, ing wanci diwasanipun dados kogung, sarta limrahipun kirang mlêtik nalaripun, ingkang adhakan kêsèd, sungkan, bodho sarta wêgahan. Amargi manawi sadaya kabêtahan namung tansah ngêndêlakên pitulunganing tiyang sêpuh, ing têmbe botên badhe sagêd nanggulangi pôncabaya, ingkang [ing...]

--- 271 ---

[...kang] nêdya tumanduk ing badanipun, ngantos manawi botên angsal pitulungan, kalajêng kathetheran. Kados para maos taksih sami wuninga, dhatêng kasrakating panggêsangan kala taun 1918-1919, ingkang kala samantên tuwuh bêbaya pacêklik, ngantos damêl girising manah sayêktos, dening winartos bilih sadhiyan simpênan pantun sampun nipis, kirang yèn minôngka jagining têdhanipun kawula.

[Grafik]

Yêyasan ing Eropah, ugi mujudakên ing bab kalangkunganing budi. Punika gambar Vredes-Paleis ing Dhênhah.

Bapa babuning kawula enggal cancut tumandang ing damêl, ngwontênakên sanjata pitulung sarana ngwontênakên panyadean uwos (rijstdistributie). Nanging sarêng sampun sirêp, luwar saking bêbaya pacêklik, ing gudhang-gudhang nagari taksih kathah sadhiyanipun uwos, ngantos tirahanipun wau kaliyêrakên dhatêng sudagar partikulir. Lêlampahan wau amracihnani sangêt, botên namung saking kawula kêkirangan têdha ing sawatawis, nanging ing ngriku sajatosipun kawula abên ajêng kalihan para sudagar, ingkang lêbda dhatêng lampah-lampahing panggêsangan, ingkang sêdyanipun namung murih sagêd angsal bêbathèn agêng. Ing sadèrèngipun wontên panyadean uwos nagari, para hartawan sampun sami sagêd pasang gêlar, sarana numbasi pantunipun têtiyang tani, ingkang lajêng kasimpên wontên ing gudhang, têmbe wingkingipun badhe kasade mawi rêrêgèn ingkang langkung saking ngêkat.

Têtiyang tani sumrambahipun dhatêng kawula umum, ingkang dèrèng kadunungan raos gêmi lan ngatos-atos, sampun kalêbêt ing gêlaripun para sudagar ingkang sampun lêbda dhatêng ubat-ubêting lampah dagang, inggih lêrês kala nyadenipun dipun tumbas dening sudagar kalayan rêgi awis, nanging wusananipun kadospundi, têtiyang tani gêntos dipun puh kanthongipun, rahayu dene pamarentah enggal-enggal tumandang ing damêl.

Raos ingkang makatên punika tumrapipun kawula [kawu...]

--- 272 ---

[...la] taksih tangèh, mila layak kemawon yèn panggêsanganipun kawula dèrèng paja-paja sampurnanipun, ingkang têmahipun kêdah taksih wontên pangayoman saking sanès. Sanajan makatên, katarik saking wahyaning môngsakala, kawula dèrèng katarbuka dhatêng lampahing gêmi lan nastiti wau, sanajan sampun anyêkapi, ewadene wujudipun dèrèng marêmakên manah. Bêgja sangêt dene pangayoman dhatêng andarbèni pasitèn dipun jagi sangêt, saiba botên makatên, ing dalêm kalanganing kawula tamtu sampun kecalan siti.

Mugi kaèngêtana, yèn kêbukaning purun nyambut damêl punika, badhe nuwuhakên sumbêring pangupajiwa, inggih punika ingkang minôngka têtalêsing kamajênganing bôngsa. Indhaking kasrêgêpan kita, badhe mahanani dhatêng wêwahing pamêdal, lan yèn dipun gêmèni sagêd dados bôndha ingkang agêng. Raos dhatêng mêmpênging nyambut damêl kêdah dipun udi, ngantos dados dhêdhasar kita ngudi dhatêng pangupajiwa.

Manawi taksih kalimput ing kêsèd, nama taksih kalêbêt wontên juranging kacingkrangan. Purunipun nyambut damêl malih kapêksa dening panglukuking padharan, manawi sampun kacêkap tadhahipun sakêpyakan, lajêng ngeca-eca kêndhangan dhêngkul, mangke manawi padharanipun sampun jedhoran, sawêg purun galiyak-galiyak rumagang ing damêl. Sampun tamtu kemawon, manawi grêngsênging nyambut damêl tansah winangkit, lampahing kamajêngan kita malah nêbihi.

Ing kalanganing bôngsa ingkang sampun nama majêng, anggènipun nyambut damêl botên namung wontên kalanganing kapriyantunan utawi dados kaum bau suku alus, nanging ing pundi kemawon botên tampik, padamêlanipun piyambak dipun garap kalihan tumêmên, wontên ing partikulir ugi botên sinirik, ingkang dados bakuning sêdya namung murih angsal kaskaya ingkang nyêkapi. Botên ngêmungakên ingkang sanès wêdalan pamulangan kemawon, sanajan ingkang pasinaonipun nyêkapi, angsal sêsêbutan misêr dhoktêr, inggih kathah ingkang nyambut damêl ing pakaryan partikulir.

Priyantun ingkang sampun pènsiunan, sadaya krêkating anggota dhatêng padamêlan inggih tumut pènsiun.

Margi saking kasêpênan grêngsênging pangudi sarta kamêmpênganipun nyambut damêl, botên anèh yèn ing dalêm kalanganing kawula, botên sagêd manggih kasagêdan enggal kados ing Eropah. Sampun malih pamanggih enggal, sawêg ingkang dipun mangrêtosi kemawon sungkan nindakakên.

Sadaya wau amracihnani, bilih jagading pribumi taksih kalimput ing pêpêtêng, dèrèng tinarbuka dhatêng abon-abon tigang prakawis kasbut nginggil.

Ing ngajêng sampun kapratelakakên bilih margining kamajêngan sarta kasucianing bôngsa punika, saperangan agêng kêdah saking dagang (energie) ingkang tuwuhipun saking grêgêting kawula piyambak. Margi saking punika, kula angajêng-ajêng kanthi pangajab, ingkang linambaran sucining manah, mugi-mugi wiwit wêkdal samangke kawula ambudidaya, dhatêng bakuning parlu ingkang kangge kabêtahanipun. (Badhe kasambêtan)

K.M. Sasrasumarta.

--- 273 ---

Kabar Sanès Praja

Pawartos saking Karajan Turki

Ing sêrat-sêrat kabar sampun sami martosakên, bilih kala ing karajan Turki wontên pilihan presidhèn, kanthi suwaraning ngakathah ingkang dipun pilih: Sang Minulya Kêmal Pasyah. Ingkang makatên wau inggih nama botên kêlintu, manawi angèngêti lêlabetanipun sang minulya tumrap nagari saha têtiyangipun, mila inggih sayêktos ngedab-edabi kamajênganing karajan Turki, salaminipun dipun pangarsani dening Sang Minulya Kêmal kasbut nginggil. Sapintên kathahing ewah-ewahan ingkang dipun wontênakên dening pangarsaning nagari wau, kados ing ngriki botên prêlu kaandharakên. Botên ngêmungakên pranataning praja lajêng dipun ewahi miturut kaprêluwaning jaman, makatên ugi tatacara saha panganggèning têtiyangipun ugi lajêng katata kadosdene cara-caraning bôngsa Eropah sanès-sanèsipun, kados ta icaling kopyah ingkang lajêng kasantunan topi limrah, dene sang minulya piyambak malah lajêng paring tuladan kados ingkang kacêtha ing gambar punika. Kajawi punika taksih kathah malih ewah-ewahan ingkang katindakakên, kados ta: aparing kamardikan dhatêng para wanita mêdal ing jawi tanpa mawi makêna lan sanès-sanèsipun malih. Ingkang makatên wau, sampun tamtu lajêng tuwuh panyaruwe warni-warni, ingkang adamêl suda aruming asmanipun sang minulya, kados ta panyaruwe, bilih sang minulya angêmohi dhatêng agami Islan,[8] ingkang sajatosipun botên nyata babarpisan. Mênggah karsanipun sang minulya ingkang lugu namung badhe misahakên agami kalihan pranataning paprentahan, tôndha yêkti ingkang kalair, bilih sang minulya taksih ngugêmi dhatêng agami Islam, dèrèng dangu punika kalanipun salah satunggiling pamulangan Amerikah ing Sêtambul, kapêndhakan sumêdya amêksa muridipun bôngsa Turki kêkalih supados lumêbêt dhatêng agami Kristên, sanalika punika lajêng nampi prentah saking nagari murih sêkolahan wau lajêng katutup.

[Grafik]

Sang Minulya Kêmal Pasyah pangagêm[9] cara Eropah.

Bab ing pangajaran, ing Turki samangke dipun santosani sayêktos, kawontênaning sêkolahan ing pundi-pundi tansah wêwah-wêwah kemawon, ingkang makatên wau tamtu kathah sangêt gunanipun tumrap nagari satêtiyangipun.

Ing samangke ing golonganing para dagang tuwin para ahli pulitik ing Turki, kathah ingkang sami angrêmbag cêngkoronganing gambar anggènipun badhe ngawontênakên margi sêpur antawisipun, An-gorah

--- 274 ---

kitha karajan Turki, kalihan karajan Aphganistan. Manawi sêdya ingkang wigatos wau sagêd kalampahan, sampun tamtu sêsrawunganipun karajan Turki kalihan tanah Asiah sisih têngah sagêd saya rumakêt. Jalaran saking punika kabudidayan Turki inggih sampun tamtu lajêng sagêd saya majêng, para ingkang sami anggadhahi pabrik-pabrik ing Turki sampun sami abingah-bingah, dene ing têmbe barang-barangipun badhe sagêd angsal papan panyadean wontên ing tanah Asiah. Kosokwangsulipun, tumrap karajan Aphganistan, badhe wontênipun margi sêpur antawisipun An-ghora kalihan Kabul, kitha karajan Aphganistan, punika anjalari ingkang dados idham-idhamanipun karajan kasbut nginggil, badhe nuntên kalêksanan, inggih punika nagari Aphganistan ing têmbe badhe kadosdene kawontênanipun tanah Zwitserland, ananging wontên ing tanah Asiah. Mênggah tanah Zwitserland punika, tumrap saindênging tanah Eropah dados papan patirahaning para hartawan saha darmawan, ing nagari sanès-sanèsipun, punika sababipun botên sanès amargi tanah Zwitserland punika tanah parêdèn ingkang hawanipun saklangkung sakeca. Makatên ugi karajan Aphganistan, punika tanah parêdèn, ing sawênèhing panggenan hawanipun ugi botên beda kalihan kawontênanipun ing tanah Zwitserland. Dados ing têmbe manawi sampun wontên marginipun sêpur, lajêng gampil sagêdipun lumêbêt ing tanah Aphganistan, kenging kaajêng-ajêng dados papan patirahanipun para têtiyang ing sanès-sanès praja ing satanah Asiah. Kajawi punika wontênipun margi sêpur saking An-ghora dhatêng Kabul, lan saking Kabul dhatêng Teheran, kitha karajan Pèrsi, punika badhe nuwuhakên sêkuthon agêng antawisipun karajan Islam têtiga, inggih punika Turki, Aphganistan tuwin Pèrsi.

Minôngka pungkasaning karangan punika, ing ngriki kados prêlu kacariyosakên, bilih saking krêsanipun Sang Èmir ing Aphganistan, ingkang samangke sawêg lêlana dhatêng tanah Eropah, Sang Minulya Kêmal Pasyah badhe kadhaupakên kalihan sadhèrèkipun putri, Sang Prinsès Nurul Siradj. Dene wontênipun sang minulya, sanadyan sampun watawis yuswa, badhe dhaup kalihan Sang Prinsès Nurul Siradj ingkang taksih kênya punika botên saking anggènipun nuruti ardaning panggalih, ananaging lêlampahan makatên punika dados satunggiling pulitik, ingkang sêdyanipun murih angrakêtakên antawising praja Turki lan praja Aphganistan. Punapa malih sang prinsès punika satunggiling wanita ing jagad kaislaman, ingkang sampun angsal wulangan cara kilenan sagêd basa Prasman, Inggris lan sasaminipun, pramila saya mathuk sangêt tumrap tujuanipun karajan Turki, anggènipun badhe anjêmbarakên têbanipun.

--- 275 ---

Sêmar, Garèng lan Petruk ing Wukir Lawu

Bab prêlunipun sêkolahan.

Garèng : Truk, ayo padha nglèncèr mênyang kandhang sêpur palerenan. Tinimbang nganggur thênguk-thênguk, môngsa nêmua babah Gêmuk. Angur mênyanga Pacinan, nèk-nèke ana dhasaran ora ditunggu, kêna kanggo tambal butuh.

Petruk : Prèk. Aku saiki wis mungkur mênyang pagawean ngono kuwi. Luwung ajar maca cara Lônda, kêna kanggo anggayuh dhiplomah. Yèn aku wis duwe dhiplomah klin amtênar, rak gampang bisaku dadi klèrêk.

[Grafik]

Garèng : Apa, klèrêk. Apa sing pagaweane ngêtêrake uwong mênyang dhepo calon kuli kontrak kae.

Petruk : We, lah, kurang ajar. Kae rak wèrêk, tukang adol uwong, dadi bangsaning culik. Nèk klèrêk kuwi juru tulis ing kantor, dadi priyayi, gaweane lungguh kursi.

Garèng : Mêngko dhisik, aku takon, apa kowe wis tau sêkolah, têka arêp anggayuh dadi klèrêk, luwung dadi wèrêk, kuwi bisa kalakon. Awit pawitane: cukup micara, pintêr angglêmbuk. Môngka sipat rong prakara iku, kowe wis ngênggoni kabèh. Aku tanggung, kowe masthi ora bisa dadi klèrêk, amarga saiki jaman larang pagawean. Aja manèh sing klin amtênar, wêton Milo bae, akèh sing nganggur. Pancèn ora ana prêlune, sêkolah jaman saiki, wis ragade pirang-pirang, nèk mêtu mung padha kloyongan, ora bisa dadi priyayi. Môngka kudangane wong tuwa iku mangkene: bocah bagus, kaya irus, besuk dadi bocah bêsus, dadi priyayi blanjane satus. Hara, apa bocah wêton sêkolahan kang padha nganggur iku bisa nêtêpi idham-idhamaning wong tuwa.... Yèn aku duwe anak, cukup dak wulang dhewe. Yèn wis pintêr iya dak bênum dhewe, mêngko pamêtune iya dak êpèk dhewe. Tur yèn aku sing ambênum, sapisan bae têrus dadi mantri. Hara...mantri apa...mantri...dhu...dhuk.

Petruk : Wis, ora urus. Kowe iku ingatase wong kang ngambah jaman kamajuan, têka isih êmbahning kolot. Kowe durung mudhêng mênyang tujuning sêkolahan. Bocah sêkolah iku kêrêpe rak cikbèn pintêr. Mêngko yèn wis pintêr, gampang golèk pangan, amarga wis akèh sêsurupane. Dadi prakara dadine priyayi utawa ora, iku tiba buri, gumantung ana ing kabêgjane si bocah. Dadi aja dipasthèkake dhisik, utawa aja diêpèkake ijon, iku kliru. Bab bocah

--- 276 ---

ora olèh pagawean, ora kêna kanggo dhasar ngarani sêkolahan tanpa guna, amarga pancèn seje karêpe. Dadi aja ngarani, yèn sêkolah iku masthi dadi priyayi.

Garèng : Ning rak jênêng kojur, yèn wis mêtokake wragad akèh, têka ora ngundhuh wohe. Lah, kapintêrane iku arêp kanggo apa. Môngka dhiplomane ora kêna ditukarake mênyang slankas. Lah kapriye bisane bali dhuwite.

Petruk : Ayo ta, coba nyuwun pirsa mênyang rama. Nèk rama, kiraku ngrêti prakara tujune sêkolahan iku. Amarga rama wis tau dadi sinêr. Dadi kira-kira bisa nêrangake kanthi gamblang, mungguh karêp-karêpe dianani sakolahan iku.

Garèng : Iya, ayo.

Garèng : (Sampun dumugi ing griyanipun Kyai Lurah Sêmar). Kula nuwun, kula kalihan Petruk rawuh mriki, badhe sêpèksi... êlo, ora ana uwong. Apa wis lunga dhomino mênyang sus. Apa isih sare, kyaine.

Petruk : Mêngko, dak lêbonane, kathik yaèn bae. Sing sêpèksi têka, jare isih sare. Apa anjaluk dionslah.

Sêmar : Êlo, aja mlêbu, aku lagi sarapan. Êntènana ing jaba bae. Wah, enake. ... wah, gurihe.

Garèng : We lah, trembelane. Ana wong luwe-luwe jare diiming-iming enak gurih. Nèk aku muring, sida dak rêbut tênan.

Petruk : Wadhuh wêtêngku umob, pating plilit. Iya, kyaine besuk nèk tinjo mrana, ora arêp dak suguh.

Sêmar : Kowe padha ana apa, têka mrene. Apa padha ngêtêri tonjokan, apa ana gawe prêlu.

Garèng : Anu, Ma. Aku mau rêmbugan karo Si Petruk. Apa prêlune dianani sêkolahan iku. Gene saiki akèh bocah wêton sêkolahan sing padha nganggur. Coba têrangna sing gamblang têmênan, mundhak dadi rêrasan bae.

Sêmar : O, mangkene. Nagara gawe sêkolahan pirang-pirang, tur warna-warna, iku ora kok kanggo andhasari supaya wong-wong padha dadi priyayi kabèh, nanging tuju kang nomêr siji, mung supaya wong-wong padha akèh kawruhe, supaya dadi kaum têlekan. Samôngsa wong-wong wis padha pintêr kabèh, banjur padha maju mênyang samubarang, kaya ta: ekonomi, politik. Banjur besuk, yèn tanahe wis kampi, bisa jumênêng pribadi, bisa gumandhul tanpa canthelan.

Petruk : Wadhuh, biyung. Rama kathik pintêr têmênan, bisa sis, sos, sis, sus, barang. Iku olèhmu kulak mênyang toko ngêndi, rama. Apa olahe[10] mendring mênyang panggonane Daoke.

Sêmar : Lah, iki wohe sêkolahan, aku biyèn iya ora ngrêti apa-apa. Nanging marga aku wanuh sêkolahan, aku milu kursus basa Lônda. Hara, apa ora cêtha, gunane sêkolahan. Rak ya enak, ta, wohe sakolahan iku.

(Badhe kasambêtan)

--- 277 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan Saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kala ing dintên Jumuwah kêpêngkêr Loodsdients ing Surabaya martosakên dhatêng apênmistêr, bilih raganganing kapal Zeemeeuw ingkang manggih kasangsaran, ical larinipun. Mila ing dintênipun Sêtu, ngawisi kapal ngambah ing papan kasangsaran wau, tuwin kapal Dornier D 3 bidhal saking Marakrêmbangan anglacak dhatêng papan wau, nanging mêksa sêpên tanpa katrangan.

Lanrèhtêr ing Surabaya sampun andhawahakên karampungan, matrapi dhêndha f 26.- dhatêng pursitêr P.S.I. Tuwan Wôndasudirja, ing bab nikahan ingkang botên têrang kalihan pangulu.

Dèrèng dangu Handelsbank ing Prabalingga ngintunakên andhê tèkên isi arta f 2700 dhatêng Kraksaan, nanging tiyang ingkang dipun kintuni botên tampi. Wusana sarêng dipun titipriksa, sêrat wau dipun rimat ing klèrêk pos Kraksaan wontên ing lorogan.

Lupus, iksamênipun dhoktêr Indhyia perangan kawitan ing Nias Surabaya, Tuwan Sutamsi.

Awit saking panyuwunipun piyambak, wiwit tanggal 9 April 1928 Tuwan J.G. van Heyst residhèn ing Madura, kèndêl saking kalênggahanipun.

Saking rekadayanipun ingkang bupati ing Karanganyar kalihan dhirèkturing pabrik lisah Olvado Ngayogya, andhatêngakên kalapa cangkokan saking Selon, kangge coban-coban. Saha kalimrahakên dhatêng têtiyang siti. Tindak makatên wau badhe amêwahi saening kalapa ing ngriki.

Ing sacêlakipun pulo Katêman, saêlèr lèpèn Indragiri, Sumatra, kala tanggal kaping 9 wulan punika, wontên kapal Thiyongwa nama Ban Tek Gwan kêrêm. Kapal wau nuju lumampah badhe dhatêng Singgapura.

Benjing ing wulan April tanggal ênèm, Radèn Rangga Kartakusumah, tilas wadana ing Tanjungsari, badhe kapriksa ing rad pan yustisi ing Batawi, ing bab tindak rêsah.

Panyuwunipun subsidhi pamulangan, Islamiyah ing Ngayogya dhatêng pamarentah, sampun kaparêngakên, saha sapunika sampun tampi subsidhi wau.

Wontên pawartos, bilih ing dhusun Kaliwungu, Tulungagung, badhe dipun dêgi pabrik gêndhis H.V.A. papan ingkang calon kangge pabrik, punapadene calon griya-griyaning para punggawa, sampun dipun cangkorongi.

Paduka Tuwan H. Colijn badhe rawuh ing tanah Jawi, nitih kapal Mil ingkang badhe dhatêng punika. Wontên ing Batawi badhe dangu, saha lajêng badhe dhatêng Jawi Têngah. Wangsulipun dhatêng Batawi wontên ing tanggal 26 wulan punika, tuwin badhe mara tamu dhatêng Batawi utawi Bogor, pinanggih Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Tuwan F.H.K. Zaalberg up rêdhaktur Bat. Nbld. kondur dhatêng kalanggêngan. Tuwan wau sawênèhing rêdhakturing sêrat kabar Walandi ingkang dangu piyambak ing Indhia, saha lid parêtan kawula.

Kados ingkang sampun kawartosakên, pamulangan militèr ing Mèstêr Kornèlis sampun botên nampèni murid enggal malih. Ing sapunika wontênipun murid ingkang sinau ing ngriku kantun 12, manggèn ing klas tiga 1, ing klas sakawan 8, tuwin ing klas gangsal 3, dene gurunipun namung kantun kalih.

Insêpèksi ondêrwis têtiyang siti, ngrêmbag tuwin tetela, bilih ing taun punika mêwahi sêkolahan ôngka 2 cacah 18 panggenan, ingkang rumiyin sampun kapaparêngakên[11] manggèn ing apdhèling tiga, inggih punika ing paresidhenan Banyumas, Kêdhu, Sêmarang, Ngayogya tuwin Surakarta.

Benjing tanggal 5 wulan April ngajêng punika, kaparêng dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jêndral, badhe ngawontênakên konpêrènsinipun para bupati. Ing sadèrèngipun, para bupati ing tanah Jawi supados adamêl rancangan ingkang prêlu karêmbag.

Saking Ngayogya kawartosakên, bêna ing tanggal 14 wulan punika ngrisakakên margi sêpur N.I.S. ngantos 100 mètêr, ingkang prênah ing têbihipun saking Surakarta 1800 mètêr. Lampahing sêpur saking Surakarta dhatêng Samarang kandhêg, têtiyang ingkang sami numpak kêpêksa pindhah.

Ugi jalaran saking bêna, ing dhusun Klodran, Surakarta, kêlêban ing toya ngantos 1½ mètêr, griya ingkang ambruk kintên-kintên wontên 100 wuwung, wontên lare 1 ingkang ical, tuwin rajakaya kathah.

Sawênèhing baita ingkang ngêwrat tiyang 14 wontên ing antawisipun Kamal kalihan Surabaya: kèrêm. Têtiyang ingkang 12 sagêd kêtulungan ing sêkoci motor saking palabuhan.

Rad pan yustisi ing Medhan, mêntas angrampungi prakawisipun Tuwan Burhanudin, juru ngarang pangarsa Bênih Timur, kaukum kunjara 6 wulan. Sapunika dakwa ngulurakên prakawisipun.

--- 278 ---

Margi sêpur antawisipun Jombang kalihan Majakêrta, kala tanggal 10 wulan punika kêlêban ing toya bêna, sèp èkplotasi sampun nindakakên papriksan.

Pakêmpalaning guru Walandi (N.I.O.G.) gadhah atur dhatêng ingkang wajib, botên narimahakên ing bab patrap panatanipun kondhisi sêtat.

Arta kêrtas ingkang badhe kasirnakakên, arta nyaringgitan cacah 51.000 lêmbar, sarta rupiyahan 112.000 lêmbar, sami damêlan nagari Walandi. Arta nyaringgitan cacah 34.000 lêmbar, sarta nyarupiyahan 83.000 lêmbar, sami damêlan Amerikah.

Wilujêngan ing twèdhê dhêpot bataliyun ing Gombong sampun kalampahan, dhawah ing dintên malêm Jumuwah tanggal kaping 9 ngrintênakên tanggal kaping 10 wulan punika. Ingkang among tamu Tuwan Mayor van Meiuwen ing Gombong. Ingkang ngrawuhi Paduka Tuwan Jendral Scheffen ing Magêlang, Paduka Jendral Cramer ing Bandhung, tuwin para wakiling militèr sanès-sanèsipun, punapadene para amtênar Walandi Jawi. Paduka Jendral Scheffen mêdhar sabda ing widadanipun twèdhê dhêpot wau. Salajêngipun mawi pasamuan dhansah. Dintênipun Jumuwah enjing para amtênar Jawi ngawontênakên arak-arakan, ingkang bupati ing Karanganyar ugi mêdhar sabda ing bab kawilujêngan, tuwin nampèkakên pangèngêt-èngêt awarni marmêr mawi sêratan.

Kawrat ing sêrat kêkancingan gupêrmèn, pranatanipun pakêmpalan Afdeeling Djokdjakarta van het Centraal Genootschap voor Kinder-Herstellings-en Vacantiekolonie in N.I. sampun angsal rèh pêrsun.

Wontên pawartos, panjênênganipun Mr. H.' s Jacob gêdhêlêgirdhê rêpat kawula tuwin presidhèn Yapha Bang, gêrah rêkaos.

Juru kabar Kajawèn martosakên. Pakêmpalan Padphindhêr Bumiputra Pasuruan (P.B.P.) ing kitha Pasuruan, benjing dintên malêm Sênèn 19 Pèbruari 1928 andamêl karamean wontên ing gêdhong tilas dalêm kapatihan lami sarta ngulêmi sakathahing para murid ing pamulangan tiyang bumi kitha Pasuruan. Karamean sarana orkès, sêporêt warni-warni tuwin phudrah ingkang supados para murid sagêda sangsaya mindhak kasrêgêpanipun.

Pakêmpalan anglawan tukang rèntên kêtingal sampun kathah wohipun, wontên tiyang nyambut arta f 1700.- kasêrat ing pratôndha f 2000.- utawi sampun pambayar[12] sarêman sawatawis wulan f 260.- tukang rèntên kêpêksa namung ngajêngi sauran f 1700.- dipun jogi dening kredit bang. Tuwin wontên sanès-sanèsipun malih.

Pangrèh agêng B.O. badhe ngadani damêl sêtrap koloni ing tanah Sabrang, inggih punika kangge mitulungi têtiyang ingkang luwar saking paukuman lajêng nandhang kamlaratan, ingkang kalêpatanipun botên jalaran anglampahi kadurjanan.

Awit saking rekadayanipun, J.I.B. ing dintên malêm Minggu tanggal 19 wulan punika, Tuwan H.A. Salim badhe damêl sêsorah wontên ing H.I.S. Arjuna ing Mèstêr Kornêlis, ing bab siyam. Ing malêmipun Sênèn wontên ing Klipgêbo Kramat, ing bab pangajaran Islam. Sêsorahipun ngangge basa Walandi, ingkang dhatêng ing ngriku, kajawi golongan J.I.B. ugi nyuruhi para sinau ing bêstirsêkul, pamulangan luhur pangadilan, tuwin pamulangan luhur dhoktêr.

Pamulangan Kartini ing Batawi sampun sagêd sambêt kalihan pamulangan Kaoetamaán istri, minôngka dados êpangipun manggèn ing Kampung Bêsar, Sênèn.

Tuwan Kraijer van Aalst hèlêp prèdhikan ing Dhepok, badhe damêl sêsorah dongengan kawontênanipun pulo Timur, manggèn ing Willemskerk, Wèltêprèdhên. Cariyos wau inggih badhe migunani tumrap murid-murid H.B.S. tuwin Mulo.

Wontên pawartos, lampahipun kapal Wega saking Tanjungpriuk, botên kangge prêluning papriksan rêdi Krakatao. Tuwan W.M. Docters van Leeuwen ingkang tumut wontên ing kapal wau, inggih langkung ing pulo Panjang badhe mriksa kawontênaning tuwuhan ing ngriku. Dene lampahipun kapal wau prêlu nindakakên padamêlanipun padatan, inggih punika mriksa kawontênaning dilah-dilah manara laut ing Supitan Sundha, ngantos dumugi pungkasaning pulo Jawi sisih kilèn.

Parêpatan gêminte rad ing Mèstêr Kornèlis nayogyani ing bab Tuwan Bruens kadadosakên wakil Burgêmistêr. Dene ingkang dipun pilih sawêg manah-manah rumiyin.

Nyambêti pawartos ingkang sampun kawrat ing Kajawèn, ing tanggal 8 wulan punika, kintên wanci jam 9 dalu, toya ing lèpèn Kunta ing Badhas, wiwit umrik sarêng jam 11 dalu, toya lubèr angêlêbi margi tuwin griya-griya, lêbêtipun ngantos samètêr. Enjingipun tanggal 9 toya wiwit surut, dangu-dangu malah asat, awit tangguling lèpèn Kunta ingkang panjangipun 35 mètêr jêbol, ilining toya kados dipun sokakên. Kintên-kintên 4 sontên, krêtêg ingkang katrajang toya: larut, ril K.S.M. kêtingal gumantung. Makatên ugi krêtêg ing Balongrêja ugi larut. Margi-margi ingkang anglangkungi panggenan wau sami botên kenging dipun langkungi. Kapitunanipun kathah.

--- 279 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

16. Pharaoh adamêl susah kula sadaya.

Kala punika Orme kalihan Quick sawêg upyêk, Quick sajakipun sawêg milah-milah sabangsaning puyêr, ingkang dipun wadhah ing blèg timah, lan Orme sawêg nitipriksa kawontênanipun bêktêre èlèktris, sarwi aningali kanthi wigatos dhatêng gulungan kawat ingkang misah.

Propesor Higgs apitakèn: Lho iki lagi padha apa.

Orme amangsuli: Kaya-kaya iya ora luwih nyamari tinimbang tindakmu kalane kowe setanên banjur ngantêmi Si Shadrach, bokmanawa luwih bêcik manèh yèn pipamu kuwi kosimpên bae. Miturut calathuning uwong, campuraning obat-obat iki bisa murup kanthi sarèh kayadene arêng watu, ananging êmbuh ora wêruh dhing. Lêlungan lan ane bisa uga andayani mau kuwi.

Propesor Higgs lajêng lumajêng rikat sangêt, sasampunipun sèkêt mètêr têbihipun, pipanipun lajêng dipun gêdhugakên, malah rèkipun lajêng dipun tilar wontên sanginggiling sela, salajêngipun nuntên wangsul malih.

Orme lajêng wicantên dhatêng Propesor Higgs ingkang murugi kanthi ngatos-atos sangêt makatên: kowe ora usah takon apa-apa, mêngko aku rak bakal awèh katrangan. Mêngko bêngi aku kabèh bakal lêlungan kang anèh bangêt, wong papat bêbarêngan karo wong alasan kira-kira sadhosin, kang durung karuan kêna dipracaya. Jalaran saka iku, Quick lan aku rêmbug bangêt, yèn padha jaga-jaga kanthi anggawa obat-obat dhinamit mau, bokmanawa bae iya ora ana prêlune, ana nèk ana prêlune, kiraku ora ana wayahe kanggo migunakake obat dhinamit mau, ananging wong ora wêruh sadurung-durunge. Na, saiki wis cukup, sapuluh bis bae kaya-kaya wis cukup kanggo andhinamit saparoning cacahing Fung. Quick kowe anggawa bis lima, baktêre siji lan kawat 300 mètêr, apa wis tone wis bêcik sumèlèhe, nèk duwèkku uwis, aku uga anggawa bis lima, baktêre siji lan kawat têlungatus mètêr. Tanpa wicantên punapa-punapa malih, Orme anyimpên obat dhinamit sapirantosipun wontên ing kanthong-kanthong jasipun, makatên ugi Quick. Dene pêthi ingkang mêntas kabikak, lajêng katutup malih, saha lajêng kamomotakên wontên ing unta.

6. Kadospundi anggèn kula miruda saking kitha Harmac.

Mênggah lampahing grombolan kula ingkang alit punika makatên: ingkang lumampah ing ngajêng piyambak, juru têdah margi bôngsa Abati, ingkang cariyos kawontênanipun siti ing ngriku, sadim-dimipun mangrêtos. Sawingkingipun Orme lan Quick, ingkang sami nuntun unta ingkang sami dipun momoti obat ingkang agêng pangaosipun wau. Salajêngipun nuntên kula, ingkang kajibah ngawat-awati unta-unta wau, salajêngipun unta ingkang dipun momoti bêbêktan, sangu têdhan lan barang sanès-sanèsipun. Dene ingkang lumampah wontên ing wingking piyambak, Propesor Higgs lan Shadrach tuwin bôngsa Abati sawatawis.

Ing ngriki prêlu kula têrangakên, bilih pranatan makatên punika saking kajêngipun Shadrach. Prêlunipun manawi wontên kacilakan punapa-punapa, sampun ngantos piyambakipun ingkang kalêpatakên, amargi piyambakipun anggèning lumampah wontên ing wingking piyambak. Rikala Propesor Higgs mirêng ingkang makatên wau, piyambakipun lajêng angarih-arih, supados lumampah jajar Shadrach, amargi piyambakipun kapengin sagêda sae malih kalihan Shadrach. Propesor Higgs anggènipun ngarih-arih sakalangkung-langkung, lan Sajrah[13] rumaos sênêng manahipun. Ingkang punika Orme sanadyan botên condhong manahipun, lajêng kêpêksa mituruti pangarih-arihipun Propesor Higgs wau.

Mênggah pikajênganipun Orme, supados kula sakawan pisan kêmpal dados satunggal, sanadyan ta tumrap kula sadaya angèl sangêt, ingatasipun pêtêng makatên, sagêdipun tansah ngawasakên dhatêng unta-unta, ingkang tumrap kula sadaya pangajinipun mèh sami kemawon kalihan nyawa kula sadaya.

Srêngenge sapunika sampun surup, saha lajêng dados pêtêng, kala punika wiwit angin lan jawah. Mênggah ing pangraos kula sadaya, pangkatipun punika botên kasumêrêpan, lampahipun mêdal kitha lami, ingkang kêthukulan rêrungkudan, tanpa sabawa punapa-punapa. Makatên ugi unta-unta, ingkang tumapaking sukunipun ing siti botên [bo...]

--- 280 ---

[...tên] kamirêngan, ajêngipun ugi tanpa sabawa. Manawi meganipun kalêrês langkung sakêdhap, saking katêbihan kula sadaya sumêrêp pêpadhanging kitha Mur ingkang sumorot ing sisih kiwa kula sadaya.

Kula botên sagêd anggagas lampah ingkang botên nyakecakakên saha adamêl samaring manah kados punika. Pêtêngipun ingkang kala-kala namung kapadhangan dening gêbyaring clèrèt andhêdhêt sangêt, jawahipun ingkang rumasuk ing pundi-pundi, ngantos adamêl kêmbroh dumugi ing kulit, anginipun ingkang asrêp saha têlês mèh adamêl kula sadaya dados kêkêlên, ewadene sadaya ingkang botên nyakecakakên punika, jalaran saking wigatosing lampah, kula sadaya ngantos supe, punapa inggih sagêd lêlampahan kula sadaya sagêd dumugi ing kitha Mur, punapa kula sadaya sami badhe pêjah wontên ing margi.

Lampah kula sampun tigang jam, kula sadaya sampun dumugi sangajênging pêpadhangipun kitha Harmac, makatên ugi ajêng-ajêngan kalihan papadhang sanès, ingkang sajakipun wontên ing salêbêting jurang satêngên kula sadaya, dumuginipun samangke taksih wilujêng sadaya, sumêrêp kula sadaya punika dening tôndha-tôndha ingkang kanthi bisik-bisik.

Ujug-ujug têka lajêng wontên pêpadhang ing sangajêng kula sadaya, sanadyan ta pêpadhang wau taksih têbih. Sanalika punika lajêng kaprentah kèndêl, kula sadaya inggih lajêng kèndêl. Salah satunggiling juru têdah margi ingkang wontên ngajêng piyambak, brangkangan amurugi kula sadaya, saha anyariyosakên, bilih wontên golongan saradhadhu Fung numpak kapal bidhal. Kula sadaya lajêng sami rêrêmbagan. Shadrach lajêng majêng saha wicantên, bilih kula sadaya ngêntosi, saradhadhu-saradhadhu wau tamtu lajêng kesah, amargi pangintênipun Shadrach bilih wontênipun saradhadhu-saradhadhu wau wontên ing ngriku punika namung sawêg kalêrêsan kemawon. Piyambakipun angrêrintih nêdha supados kula sadaya sampun ngantos nyabawa babarpisan. Ing sarèhning kula sadaya botên sumêrêp badhe kadospundi, amila kula sadaya lajêng sami angêntosi.

Kintên kula, kula kasupèn wicantên, bilih Pharaoh katutup wontên ing kranjang agêng, prêlunipun kangge ngalang-alangi manawi wontên kacilakan. Wontên ing ngriku sagawon wau antêng sangêt, ngantos dumugining wanci nalikanipun Shadrach murugi Orme prêlu badhe rêmbagan. Pharaoh ingkang mambêt mengsahipun bêbuyutan, lajêng wiwit anjêgug kados kranjingan. Samangke lajêng rame, Shadrach lajêng lumajêng dhatêng wingking, pêpadhang ing ngajêng lajêng amurugi kula sadaya, unta-unta ingkang wontên ing ngajêng sami nilar margi, bokmanawi ngêtutakên ingkang nuntun.

Kula botên sumêrêp, punapa sabab-sababipun. Dene Orme, Quick lan kula, têka ujug-ujug dados satunggal. Kala punika kula sadaya ugi gadhah pangintên, bilih Propesor Higgs ugi sampun ngêmpal wontên ing ngriku. Ananging pangintên ingkang makatên wau têtela lêpat, kula mirêng swara cêluk-cêluk saha wicantênaning tiyang ingkang swaranipun dèrèng nate kapirêngan, tuwin basanipun botên dipun mangrêtosi sakônca sadaya. Sarêng wontên padhanging clèrèt, kula sadaya sumêrêp, bilih unta tumpakanipun tuwan propesor, lumampah têbihipun kintên-kintên sadasa mètêr saking padunungan kula sadaya. Dipun tumpaki ing tiyang jalêr, nanging dede Propesor Higgs. Inggih sanalika wau kula sadaya sawêg sumêrêp, bilih Propesor Higgs botên kêmpal kalihan kula sadaya. Ingkang punika andadosakên kuwatos kula sadaya saha gadhah manah ingkang botên-botên.

Kula wicantên sumêla: kang anggawa minggat untane Propesor Higgs kae kaya sawijining wong Fung.

Orme mangsuli: dudu, sing nunggangi kae Shadrach, ana ing pêpadhangan aku ora pangling marang si kêthèk èlèk kae.

Sarêng wontên calèrèting kilat malih, kula sadaya sumêrêp, bilih unta-unta ingkang ambêkta barang-barang kula sadaya ugi sami kesah nilar kula, lampahipun mênyimpang saking margi agêng, dene margi agêng wau kêbak prajurit kêkapalan. Orme bisik-bisik prentah cêkakan, supados ngêtutakên lampahipun kewan-kewan wau. Ananging lampah kula sadaya dèrèng ngantos angsal kalih dasa mètêr, kasaru kapirêngan swara ingkang dede swaranipun tiyang Abati. Calèrèting kilat ingkang anjalari sumêrêp kula sadaya dhatêng tiyang Fung ugi anjalari sumêrêpipun tiyang Fung dhatêng kula sadaya. Têtiyang Fung wau lajêng murugi dhatêng kula sadaya, sumêdya badhe mêjahi utawi nawan.

Sapunika botên wontên rekadayanipun malih, kajawi namung ambalik wangsul sarta lumajêng. Ingkang makatên punika inggih kalampahan, lan sasagêd-sagêd lampahipun kêdah slinthutan, saha sagêda tansah sami sêsrawungan.

Sarêng kintên-kintên sampun saprapat jam, lampah kula sadaya dumugi sapinggiring kêbon kurma, sarêng wontên calèrèt malih, sanadyan ta calèrètipun wau botên patos bantêr kados ingkang sampun-sampun, amargi jawahipun sampun têrang, kula lajêng mengo dhatêng wingking saha sumêrêp, bilih prajurit kêkapalan wau, têbihipun kalihan kula sadaya botên wontên sèkêt mètêr, lan prajurit wau dipun perang dados barisan panjang, ingkang tansah ngoyak-oyak kula sadaya dhatêng ing pundi kemawon. Ananging kala punika kula sumêrêp têrang, bilih para prajurit wau botên sumêrêp dhatêng kula sadaya, jalaran kula sadaya sami wontên sangandhaping wit-witan ingkang ayang-ayanganipun pêtêng.

Kula wicantên: Ayo rikat, ora suwe manèh wong-wong kae mêsthi têkan kene. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. tumindaking. (kembali)
2. koncatan. (kembali)
3. nanging. (kembali)
4. rasanirèng. (kembali)
5. sinung. (kembali)
6. Sengkalan: risang dwipôngga raksasa angèsthi sang maha aji (12 Ruwah 1858 A.J., 4 Februari 1928 A.D.). (kembali)
7. mênggah ing prayoginipun / lamun arsa nganggit-anggit / mêmiliha kang prayoga / kang tusing ulahing budi / murih dadya pakulinan / miyak pêpêtênging ati // lan uning mring raosipun / lêpas kawasaning budi / mrih ing têmbe dadinira / tan kawêkèn amanoni / mring silug myang sungilira / sanggyanira kang pakarti // dene kang môngka panuntun / trapipun ingkang prayogi / kêdah kang sarwa prasaja / ywa pisan wani ngakoni / andhaku gunaning liyan / pratelaa yèn mêmêthik // Red. (kembali)
8. Islam. (kembali)
9. mangagêm. (kembali)
10. olèhe. (kembali)
11. kaparêngakên. (kembali)
12. ambayar. (kembali)
13. Shadrach. (kembali)