Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-04, #67

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-04, #67. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-02-04, #67. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 10, 12 Ruwah Taun Jimakir 1858, 4 Pèbruari 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kawontênan ingkang Damêl Sêngsêm

[Grafik]

Sontan-santuning sawangan, mênggahing manungsa rumaos tansah manggih kasênêngan, gambar ing nginggil punika mujudakên wêwarnèn ingkang araos silir tuwin adamêl ngantuk.

--- 182 ---

Raos Jawi

Tiyang ingkang sagêd nyimpên wados.

Wados punika satunggiling bab ingkang botên wajib dipun andharakên dhatêng tiyang sanès, nanging manawi dipun manah lêbêt, tiyang pancèn botên prêlu ngawontênakên wados, awit sintên tiyangipun ingkang anggadhahi wados, atêgês anggadhahi kalêpatan, lan sintên tiyangipun ingkang sumêrêp utawi dipun lairi ing wadosing liyan, punika wajib lajêng anampèni wados wau ingkang parimpên, dene parimpêning simpên wados punika botên wontên kados patrap anyuwungakên, têgêsipun lajêng botên angraosakên. Ing sawênèhing sêrat wontên têtêmbunganipun makatên: anggèn sampeyan ngêculakên wados dhatêng kula punika, upaminipun sampeyan kados nyimpêni barang wontên ing pêthi, ingkang lajêng ical kuncinipun, tamtu botên badhe kêwêdhar ing salami-laminipun. Têtêmbungan makatên punika têrang bilih kajêngipun anyuwungakên manah.

Dene mênggahing tiyang ingkang sagêd nyimpên wados wau tiyang ingkang kadospundi, punika angèl dipun pathok, punapa wontên ing tiyang ingkang pintêr, tuwin punapa wontên ing tiyang bodho, punika sami botên sadaya, awit mênggahing tiyang pintêr, trêkadhang malah mirah ing ginêm, awit ngrumaosi manawi kathahing sêsêrêpanipun malah dados praboting wêwatêkanipun sêdya mêmunjuli. Sarèhning tiyang rumaos punjul piyambak, sampun tamtu kemawon badhe angêmohi dhatêng ucap awon, dados tumrap awoning liyan kamanah botên prayogi manawi ngantos anglèpètana dhatêng piyambakipun, mila sok adhakan, malah purun angginêm awoning liyan, ingkang awoning tiyang wau têgêsipun wados. Manawi makatên ingkang sagêd simpên wados punika punapa wontên ing tiyang bodho, punika saya lôngka, awit mênggahing tiyang bodho, sok botên sumêrêp, ingkang dipun wastani wados punika ingkang kadospundi, dados manawi rêrêmbagan sok sak-sok tanpa dêdugi, botên karaos manawi katutan punapa-punapa.

Bokmanawi tiyang ingkang kuwawi simpên wados wau, tiyang ingkang pancèn sampun gadhah dhêdhasar suci ing manah, awit dhêdhasar ingkang makatên punika sagêd manggèn wontên ing pundi-pundi, dhatêng tiyang bodho purun, dhatêng tiyang pintêr mathuk. Mênggah kêtingalipun dhêdhasar ingkang makatên punika, pinanggih samôngsa tiyang ingkang nglampahi wau têtela botên adamêl kapitunaning tiyang sanès, têgêsipun kuwawi damêl wilujênging wados ingkang dipun kandhut. Wontên cariyos ingkang kenging kangge pêpiridan kados ing ngandhap punika:

Kala jaman nêngah-nêngahi ramening pêrang Dipanagaran, [Dipanaga...]

--- 183 ---

[...ran,] wontên sawênèhing tiyang jalêr kaplamêng mangilèn dhatêng tanah Kêdhu, lampahipun rêreyongan kalihan anggèndhong anakipun èstri alit, ingkang taksih wanci umur tigang taun. Samargi-mar[1] anakipun tansah budi nangis akontrang-kantring, bapakipun tanpa kêndhat tansah ngarih-arih murih kèndêling anakipun, awit kêsamaran, manawi konangan mêngsah tamtu dados tawanan. Wusana anakipun dados rapih. Nanging botên dangu lampahipun kêpapag ing prajurit Walandi, lajêng dipun êndhêg, saha dipun takèni kathah-kathah, awit dipun samarakên manawi tiyang wau têlik, sarêng têtela botên, lajêng wontên sawênèhing upsir naros dhatêng piyambakipun, punapa purun dados gamêlipun. Tiyang jalêr mangsuli: kula purun anglampahi, nanging kadospundi, kula punika sayêktosipun dados tiyang repot, panjênêngan pirsa piyambak, kula gadhah anak alit taksih samantên, punika tamtu makèwêdi. Wangsulaning upsir: prakara repotmu mêsthi, iya bèn lakonana ing sakapenake, awit ing saiki aku butuh bangêt. Cêkaking cariyos, tiyang jalêr wau saèstu andhèrèk tuwan upsir, kêkinthil sapurug-purug, anakipun tansah wontên ing gendhongan. Sarêng rêjaning jaman, tiyang jalêr wau lêstantun dados gamêlipun tuwan upsir, manggèn wontên satunggaling kitha.

Kacariyos tiyang jalêr wau sarêng badhe dumugi ing janji ugi taksih wontên ing astanipun tuwan upsir, anakipun sampun prawan, salêbêtipun tiyang wau sakit, tuwan upsir tansah nuwèni dhatêng pondhokanipun, ingkang nunggil sacapuri, dening angèngêti dhatêng kasêtyaning abdi ingkang sampun nate andhèrèk lara-lapa.

Nuju sawênèhing dintên, nalika tuwan upsir nuju tuwi, tiyang jalêr matur dhatêng tuwan upsir kalihan bisik-bisik: tuwan, kula rumaos sampun botên kuwawi dagu-dangu malih wontên ing donya. Tuwan - sarêng anggènipun wicantên dumugi ngriku lajêng clingak-clinguk, saha sarêng botên wontên tiyang sanès, lajêng wicantên malih - kula nyuwun titip lare èstri punika, punika saèstunipun sanès anak kula, putranipun bandara kula, ingkang kala samantên kêplajêng wontên ing paprangan. Sasampunipun wicantên makatên lajêng ngajal.

Tuwan upsir sarêng tampi wêwêling makatên wau, karaos-raos ing galih, saha gumun, dene gamêlipun sagêd ngampêt wados ingkang ngantos pintên-pintên taun, wusana lare èstri lajêng dipun pundhut putra, saha salajêngipun dipun emah-emahakên kêlêrêsan.

Dongèng punika cêtha anggèning anggambarakên kawontênaning tiyang ingkang sagêd nyimpên wados, dene kuwawi nyimpên ngantos mèh dumugi ing janji. Awit kintên-kintên saupami ngantos kêprojola kala rumiyin, sagêd ugi damêl kirang sakecanipun ingkang nglampahi dados wados, tuwin sarèhning tiyang wau kêtingal gadhah dhêdhasar suci ing manah, mila pêcahing wêwadosipun inggih dilalah dhawah ing tiyang ingkang ugi dhêdhasar suci, mila wilujêng ingkang pinanggih.

--- 184 ---

Kawruh Warni-warni

Bab lisah patra utawi lisah tanah (Aardolie).

Mênggah ingkang dipun wastani lisah patra punika lisah ingkang mêdal saking salêbêting siti, pramila ugi dipun wastani lisah siti utawi lisah tanah. Pamêndhêtipun sarana dipun bur. Wondene wiwitipun tiyang sami gadhah akal ngêbur lisah wau, dèrèng dangu, sapriki watawis sawêg 70 taun. Ing jaman rumiyin tiyang ugi sampun sumêrêp, yèn ing salêbêtipun siti punika wontên bangsanipun lisah, nanging tiyang dèrèng gadhah pratikêl migunakakên lisah wau. Dados namung dipun umbarakên kemawon.

Wondene asal-asalipun lisah wau, para sarjana dèrèng sagêd anêtêpakên ingkang saèstu. Wontên ingkang anêrangakên, kilih[2] lisah wau asalipun saking gajih lan dagingipun ulam lan kewan sagantên. Ing wasana awit saking salah satunggiling sabab, sagantên punika katutup ing siti, sasampunipun pintên-pintên èwu taun, saking dangunipun, gajih lan sapanunggilipun wau dados lisah.

[Grafik]

Plêmpêng margi lisah

Katêrangan ing nginggil punika wontên èmpêripun, awit ing sumur bur lisah ing sakiwa têngênipun Balikpapan, têrkadhang asring wontên toyanipun asin, sadèrèngipun mêdal lisahipun. Ugi ing sumur bur ingkang têbih saking sagantên.

Mênggah siti ingkang kathah sangêt lisahipun, inggih punika ing Amerikah, mèh 90% saking sadaya lisah tanah punika asal saking nagari ngriku. Nagari Ruslan ugi kapetang sugih lisah, nanging botên wontên amput-amputipun Amerikah. Nagari Pèrsi ugi ngêdalakên lisah, watawis 2½% dene Indhia ngriki namung 2%, dados kalêbêt sakêdhik, manawi kapandhing kalihan nagari sanèsipun.

Ing Indhia mriki ingkang sampun kasumêrêpan wontên lisah, ing Sumatra ing Acèh, Pangkalan Brandhan, Jambi lan Palembang. Ing tanah Jawi ing paresidhenan Rêmbang lan Surabaya. Dene ing Borneo wontên lisah ing Jajahan, Kutèi lan ing Tarakan. Ing pulo Sèlèbês ugi wontên lisah nanging dèrèng dipun pêndhêt. Dene ing Maluku wontên lisah, ing pulo Seram. Ing sanèsipun panggenan ugi wontên lisah, nanging botên kathah, ingga manawi dipun pêndhêt, pamêdalipun botên ambêjaji.

Ing nginggil kula sampun matur, yèn pamêndhêtipun lisah wau sarana dipun bur, pangêburipun ngangge mêsin ingkang agêng saha kiyat, dene lêbêtipun ngantos atusan mètêr. Sawênèh lisahipun sampun mancurat piyambak manginggil. Têrkadhang kêdah dipun [dipu...]

--- 185 ---

[...n] pômpa rumiyin. Manawi lisah wau nêmbe mêdal saking siti, dèrèng sagêd dipun angge punapa-punapa, rupinipun abrit utawi cêmêng, kados kecap. Dene lisah wau kêdah dipun rêsiki lan dipun olah rumiyin ing pabrik. Pangusungipun dhatêng pabrik sarana baita utawi sêpur, langkung gampil malih lisah wau kailèkakên sarana pipa dhatêng pabrik, sawênèhing pipa-pipa wau wontên ingkang panjangipun ngantos 300 K.M. (ing Palembang).

[Grafik]

Palabuhan ing Balikpapan.

Pabrik-pabrik wau wontên ing Pangkalan Brandhan, Plaju (sacêlakipun Palembang), Cêpu, Wanakrama, lan ing Balikpapan, ingkang agêng piyambak inggih punika pabrik Balikpapan. Ing pabrik-pabrik ngriku lisah wau dipun bêntèri, anggènipun ambêntèri saking sakêdhik. Ing wiwitanipun dipun bêntèri dumugi watawis 60° C., uwab ingkang mêdal lajêng dipun asrêpakên, dados lisah bènsin, mênggah bènsin punika wontên warni-warni, miturut awrat utawi ènthèngipun (soortelijk gewicht) dene kanggenipun ugi warni-warni. Bènsin ingkang kangge nglampahakên mêsin utawi motor punika botên sami kalihan bènsin ingkang kangge isèn-isèn lampu.

Tirahanipun lisah dipun bêntèri ngantos dumugi 140° C., uwabipun kadadosakên lisah Petroleum ingkang kathah sangêt paedahipun. Manawi bènsin lan Petroleum sampun kapêndhêt têlas, tirahanipun dipun wastani residu, punika asring dipun angge nglampahakên baita kapal, kabaripun langkung sae tinimbang arêng sela. Nanging residu wau taksih kenging dipun pêndhêt sarinipun, kadadosakên: lilin (paraffine) asphal, tir, lan sapanunggilanipun.

Sunadi.

--- 186 ---

Panglipur Manah

Mitra lair batos.

[Sinom]

raras rondhon tumaruna / ngênani sarasèng ati / kadi ta ing tatanira / kang katon ing para tani / dahat dènnya mrêtèni / marang rajakayanipun / êcake sabên dina / lir pakulinaning janmi / kang apindha katrêsnaning mitra darma //

awit ki tani rumasa / rajakaya dadya kanthi / tumindake ngupa boga / sarêgêp dènnya ngrowangi / barêngan anglakoni / nèng panas atis tan ketung / katon mung sarwa suka / rêrowang mamèt rijêki / mung narima ingopenan uripira //

marma kalamun rinaras / katrêsnaning para tani / marang rajakayanira / kêni pinèt ing palupi / rukunirèng kêkalih / mawèh kasantosan agung / kang rosa pinarentah / dinanan sarwa nyukupi / mri[3] nyukupi mring traping panyambutkarya //

dene sato kang kadanan / nadyan tan darbe pangrêti / wantuning waras lan rosa / tumindake nyakecani / tan mawi ngêtog budi / mung nrima umalês bau / ing sasakecanira / prandene antuke ugi / angungkuli tumindaking nyêngka rosa //

kang katon ing sabên dina / wiwit palêthèking rawi / sakarongron wus tumandang / maring sabin ulah siti / atis kungkum ing warih / prandene rêna ing kalbu / malah sinambi ngraras / caraning lagon anggurit / sinêlanan sênggak hir hir giya giya //

riwusing karasa panas / nulya rèrèn dèn uwisi / ingajak mulih barêngan / kalawan mampir ing kali / prêlu pinurih rêsik / mrih rêgêding angga larut / taliti kinosokan / tumuli giniring mulih / pinrênahkên anèng papan palegungan //

kanthi sinadhiyan pangan / wusing katog dènnya bukti / nulya anjêrum sakeca / tan kêndhat anggung gayêmi / lan netra mêrêm mêlik / kadi anggagas ngêlangut / yèn rinaras manawa / kadi janma ulah pikir / nêdya malês marang asihing bandara //

wancining surya gumiwang / panasira wus ngadhêmi / ingajak malih bêbrayan / sêsarêngan nambutkardi / kongsi tumêkèng wanci / punang baskara mèh surup / bali mulih lon-lonan / nora lali mampir kali / saya dahat ingudi barêsihira //

awit ratri kalanira / dununging pangason yêkti / ingkang darbe rajakaya / dahat dènira ngêngudi / supadi kêbo sapi / têntrêm ngaso wanci dalu / pinrênah anèng kandhang / trêtip lan dèn badhiyani / mrih dinohan kewan kang ngrêridhu nendra //

dahat dènira angeman / malah ing kalaning ratri / lamun nyuwara gumlodhag / gita-gita dèn tuwèni / paran kang anjalari / satêmah kongsi pinangguh / ingkang mawèh karana / riwusing têntrêm anuli / tinilar lan ingêplèk-plèk badanira //

kalamun ing kalanira / ngasoning panambutkardi / yèku ing môngsa panenan / karênanirèng kêkalih / lir sami janma yêkti / kawuryan ana ing sêmu / lir èsêm-ingèsêman / labêt ngrasa wusing kardi / mangkya ngraras pan tukaking nambutkarya //

--- 187 ---

Cariyos Warni-warni

Krodhanipun wukir Krakatao

Ing sêrat-sêrat kabar sampun sami martosakên, bilih wukir Krakatao katingal mêmpêng sangêt urubipun, kêbul sarta asêp ingkang mêdal saking rêdi wau agêng sangêt, ingkang makatên wau anjalari têtiyang ing labuhan tuwin têtiyang sauruting pasisir paresidhenan Bantên, sami tintrim sadaya saha kathah ingkang sampun sami ngungsi manêngah. Tiyang-tiyangipun jalêr manawi dalu sami manêngah têbih, manawi siyang wangsul madamêl malih. Ing ngriki botên badhe angandharkên kadospundi mênggah krodhaning wukir Krakatao ingkang samangke punika, ingkang adamêl mirising tiyang kathah saha anjalari pintên-pintên tiyang sami boyong saking dhusunipun, amargi para maos tamtunipun ingkang kathah sampun sami maos wontên ing sêrat-sêrat kabar padintênan. Dene ingkang badhe kacariyosakên ing Kajawèn ngriki, papan padunungan saha kawontênanipun wukir Krakatao wau, prêlunipun para maos sagêda angintên-intên mênggah sabab-sababipun, ingatasing dèrèng wontên bêbaya punapa-punapa ingkang nêmahi, têtiyangipun têka sampun miris saha kathah ingkang sami ngungsi dhatêng sanès panggenan.

[Grafik]

Prênahing rêdi Krakatao kukusipun tansah mêdal, anggêmbulêng sulak cêmêng.

Mênggah wukir Krakatao punika, satunggiling pulo rêdi latu alit wontên ing supitan Sundha, inggih punika supitan sagantên saantawisipun pulo Jawi lan Sumatrah. Namaning rêdi Krakatao punika kasuwur ing saindênging bawana, jalaran saking sumêbaring pawartosipun kala amblêdhos nalika tanggal 26 dumuginipun tanggal 28 Agustus ing taun 1883. Sayêktosipun rêdi Krakatao punika sampun kêrêp amblêdhos, kados ta ing wulan Mèi taun 1680, punika inggih kawartosakên wontên pamblêdhosipun rêdi Krakatao wau, ananging botên sangêt saha botên adamêl kapitunaning tiyang. Sasampunipun rêdi wau lajêng kèndêl angukus laminipun kirang langkung 200 taun, kala punika kinintên, bilih kawahipun sampun botên umob malih, ing wêkdal punika inggiling rêdi kintên-kintên 822 mètêr. Sarêng tanggal 20 dumuginipun tanggal 23 Mèi ing taun 1883 ujug-ujug wontên pamblêdhosan, ingkang dipun wiwiti mawi lindhu sawatawis, awu lan kukusing pamblêdhosan wau inggilipun kintên-kintên 10.000 mètêr, ananging [ana...]

--- 188 ---

[...nging] awu saha selanipun kambang ingkang sami dhawah botên patos kathah, ing kubênganing ngriku namung wontên ½ mètêr kandêlipun. Suwaraning pamblêdhosan wau ngantos kapirêng têbihipun 350 kilo mètêr utawi kirang langkung 333 pal, kados ta: ing Palembang kemawon tiyang ngantos sagêd mirêng cêtha pamblêdhosing rêdi Krakatao wau, ananging kala punika prasasat botên wontên kapitunan punapa-punapa.

[Grafik]

Ananging wiwit punika ugi lajêng botên wontên kèndêlipun babarpisan, sabên-sabên wontên pawartos, bilih rêdi wau ngukus saha ngêdalakên awu, kala-kala kapirêng swara ambalêdhos, saha ing wulan Juni tuwin Juli sajakipun tuwuh pintên-pintên kawah enggal. Ewasamantên ambalêdhosipun ingkang sayêktos ujug-ujug tanggal 26 dumuginipun tanggal 27 Agustus, wiwitipun ing tanggal 26 ing wanci sontên, dene agêng-agênging pambalêdhosan kala tanggal 27 Agustus kintên-kintên wanci jam 10, wiwit punika saya dangu saya mêndha, saha rampungipun ing tanggal 28 Agustus ing wanci enjing.

[Grafik]

Mirit petanganipun Tuwan Verbeek pambalêdhosan rêdi Krakatao kala punika, angêdalakên lahar, sela, awu lan sasaminipun, botên kirang saking 18 K.M.³, upami kaetang mawi blèg-blegan lisah tanah makatên, kintên-kintên botên kirang saking 576.000 blèg, samantên wau ingkang kalih pratigan dhawah sakubênging pulo ingkang têbihipun wontên 10 pal, dene awu-awu lêmbat ingkang dhawahipun mangilèn, punika saya têbih malih. Mênggah panggenan-panggenan ingkang kadhawahan wau, punika wiyaripun kirang langkung 827.000 K.M.³, upami dipun ukura makatên, jêmbaripun wau kintên-kintên tikêl tiga likuripun tanah Priyangan. Ananging jawah awu wau botên adamêl kapitunan agêng, awit ing têpis wiringipun pulo punika prasasat botên dipun ênggèni ing tiyang. Dene ingkang angrisak-ngrisakakên punika inggahing toya sagantên ingkang ngêlêbi dharatan sauruting pasisir Batawi, Bantên, tuwin Lampung, jalaran wontênipun alun agêng. Dene alun agêng wau tuwuhipun sabab saking jugruging rêdi wau utawi sabab sanès-sanèsipun. Langkung-langkung ing apdhèling-apdhèling Tanggerang, Caringin, Anyêr, Serang, Sêmangkah, Kêtimbang, Têlok Bêtung, Lampung, punika para Walandi kemawon ingkang pêjah wontên 37, para tiyang pribumi 36380, dene dhusun-dhusun ingkang sirna babarpisan wontên 165, ingkang namung karisakan 132, pakampungan-pakampungan ingkang suwaunipun kathah têtiyangipun, kados ta ing: Anyêr, Mêrak, Caringin, Kêtimbang, Kaliandhah,

--- 189 ---

Têlok Bêtong, Bêneawang, prasasat musna babarpisan.

Samantên mênggah bêbaya ingkang nêmahi kala pambalêdhosipun wukir Krakatao kala ing taun 1883, amila inggih botên kenging dipun paibên mênggahing kawontênanipun têtiyang ing ngrika, dene samangke sami giris saha lajêng sami boyong saking dhusunipun, punika botên sanès jalaran kuwatos manawi nêmahi kados ingkang sampun. Mila lêrês anggènipun pamarentah anitipriksa saha sadhiya baita lan sasaminipun, murih sagêd cakut manawi nêmahi wontên bêbaya, ananging ingkang makatên wau mugi sampun ngantos kalampahan.

Ingkang punika Kajawèn andhêdhèrèk mêmuji, mugi-mugi kawontênanipun rêdi Krakatao wau kandhêga sêmantên kemawon, malah lajêng sirêp pangukut krodhanipun.

Bab Kasarasan

Rêsikan

Rêsikan punika kenging dipun wastani bakuning tata cara ingkang migunani saha nuwuhakên dhatêng kasarasan, mila tumrap tiyang ingkang sampun mangrêtos dhatêng ajining kasarasan, tindak rêsikan punika tansah dipun èngêti saha dipun êcakakên sabên dintên.

Tumrap tiyang amêngku bale griya, wajib sangêt kêdah gadhah tindak kados makatên wau, minggahipun malih tumraping priyantun ingkang gadhah wajib rumêksa dhatêng kawilujênganing têtiyang bawahipun, ugi kêdah makatên, saya tumrapipun ing pamarentah, punika tanpa kêndhat anggènipun ngudi dhatêng kasarasan.

Sanadyan sampun limrah rêsikan punika sampun dados wajibipun piyambak, nanging wontên kala mangsanipun mêksa taksih dipun èngêtakên ing liyan, inggih punika kalanipun manawi nuju tuwuh wontên sêsakit. Sapisan ngudi rêsiking badan, ing jawi lêbêtipun, tumrap ing jawi inggih rêsiking badan punika, dene tumrap ing lêbêt saening têtêdhan, punika sabên tiyang sampun mangrêtos. Lajêng rêsiking papan ingkang dipun ênggèni, wusana dumugi rêsiking pakarangan. Sadaya wau botên liya inggih manjing dhatêng pigunaning kasarasan.

Kasarasan punika mênggahing tiyang tansah dipun udi murih tansah pinanggih têtêp, dene ingkang ngewahakên dhatêng adêging kasarasan, botên liya namung pun sêsakit, dados sêsakit ingkang tansah dipun prayitnani murih sampun ngantos nyakêt ing manungsa.

Kados ta tiyang rêrêsik pakarangan, ambabadi ingkang runggut-runggut, ngurug ingkang jêmbêg-jêmbêg, pigunanipun nêbihakên dhatêng lêmut, awit sampun kasumêrêpan, bilih lêmut punika wontên ingkang anggadhahi wiji sakit malariah.

Wontên malih rekadaya rêrêsik, ingkang pamurihipun ngicalakên tikus ing salêbêting griya, awit [awi...]

--- 190 ---

[...t] sampun kasumêrêpan, bilih tikus punika anggadhahi wiji sêsakit ingkang dipun wastani pès. Dene patrapipun nyirnakakên warni-warni, inggih punika sarana kala jêplak, kala kurungan, sawênèh wontên akalan: blèg lisah pèt dipun isèni toya satêngah andhap, ing nginggil dipun tutupi ing dalancang mawi katumpangan têtêdhan ingkang gandanipun anggadag. Punika samôngsa tikus mambêt gônda wau lajêng minggah sanginggiling blèg, wusana tikus kajêglong ing dlancang, kêcuwug lajêng klêbêt ing toya.

[Grafik]

Griya-griya ing Manggarai, Mèstêr Kornèlis, kêtingal sarwa rêsik prayogi.

Sayêktosipun pratikêlipun rêrêsik nyirnakakên tikus, punika sawênèhing tindak ingkang tansah lumintu tanpa kêndhat, awit tansah ngawekani murih sampun ngantos wontên tikus manggèn salêbêting griya, dados kêdah tansah nyumêrêpi dhatêng papan-papan ingkang kiwa tuwin pêtêng, ingkang sakintên kenging dipun ênggèni tuwin dipun êrongi ing tikus. Upaminipun ing panggenan abrag-abrag ingkang awis kêsrambah, punika adhakan sangêt kangge susuh. Longan-longan ingkang pêtêng adhakan kangge ngêrong. Sadaya wau kêdah tansah dipun taliti sampun ngantos pinanggih makatên. Mila kawontênan salêbêting griya wau kêdah ingkang padhang, kajawi prêlu kenging kangge nyumêrêpi manawi wontên punapa-punapa, inggih migunani sagêd ngangsalakên hawa sae ing salêbêting griya.

Tindak rêsikan ingkang ajêg punika, tumrap tiyang ingkang dèrèng kulina, rumaos awrat sangêt, mila tumrap panggenan ingkang katindakakên murih tiyang ajêg rêsikan, punika têtiyangipun sami ngrumaosi manawi kados manggih paukuman, awit sabên saminggu sapisan, malah trêkadhang kaping kalih, sami kapurih ngêpeni bantal, rêrêsik salêbêting griya ingkang ngantos gumrining. Nanging sarêng sampun kulina, têtilang[4] ingkang nglampahi lajêng [la...]

--- 191 ---

[...jêng] mangrêtos piyambak, bilih tindak makatên punika sae, dening ngraosakên, manawi tilêm wontên ing papan rêsik punika sakeca, malah lajêng tuman, sanadyan tanpa dipun pardi inggih purun tumindak. Tata cara ingakng makatên punika ingkang sampun pinanggih, wontên ing papan ingkang katrajang ing sêsakit pès. Mila dipun tindakakên makatên, awit ing môngsa makatên punika tiyang botên kenging weya sêmbrana dhatêng tindak rêsikan, mila pamarentah ugi ngantos ngawontênakên punggawa juru panitipriksa rêrêsik.

Ing sapunika sampun têtela sangêt, bilih tindak rêsikan punika dados panulaking bêbaya, tuwin dados bêbasan: sadhiya payung sadurunge udan, lan beda kados sacaraning tiyang jêjampi sasampunipun sakit, punika nama sampun limrah, tuwin malih mênggahing rêsikan, tiyang sagêd nindakakên piyambak, botên usah mawi ngêntosi pamardining tiyang sanès. Makatên ugi ngèngêtana, bilih mêngsahing kasarasan punika sawarnining sêsakit, mila wajib jinagi sarana tumindaking patrap rêsikan.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang sajati

Candhakipun Kajawèn ôngka 9

V. Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Gugur-gunung tuwin pajêg.

Ing Kajawèn ôngka 9 sampun martosakên, bilih ing sêrat-sêrat kabar Rus anyariyosakên bab paos-paos ingkang sampun pundhat.

Ingkang makatên punika dipun akêni sayêktos dening panganjuring komunis ing sagolonganipun piyambak. Ingkang dados undêraning rêmbag, nalika wontên sawênèhing golongan ingkang anggèsèhi pamaggih, botên sanès namung rancanganipun Trotzky sakancanipun supados para tani anggènipun ambayar paos langkung kathah ngantos yutan tinimbang pambayaranipun paos samangke punika. Jalaran punika panuntuning komunis anêrangakên makatên: ingkang makatên punika botên sagêd katindakakên, pambayaripun paos para tani, punika sampun saklangkung kathah sangêt, manawi paosipun kaindhakakên malih, sagêd anjalari tuwuhing pambrontakan. Buktinipun bilih paosing para tani saklangkung inggil sangêt, nalika dipun wontênakên karamean amèngêti adêging pamrentah komunis jangkêp 10 taun, minôngka kadarman, têtiyang ing dhistrik-dhistrik ingkang panènipun botên kamêdalan, têtirahaning paos ingkang dèrèng kabayar lunas, saha arta dhêndhan jalaran kasèp pambayaranipun, punika sami dipun darmakakên. Ing ngriku têtela sangêt, bilih kalimrahanipun, manawi panènipun botên [bo...]

--- 192 ---

[...tên] kamêdalan, punika botên kenging kangge wêwaton botên ambayar pasoipun, bêgja-bêgjanipun pambayaripun paos dipun undurakên kacoba murih ing taun ngajêngipun malih, manawi panènipun sagêd langkung sae, sagêda ambayar kêkiranganing paos ing taun wingking.

[Grafik]

Lare-lare sami kaluwèn, ing Ruslan.

Tuwan Baars lajêng anglairakên pamanggihipun: tumrap para maos ing Indiya ngriki kados wontên saenipun upami amirênga, bilih pamrentah komunis punika botên ngewah-ewahi babarpisan mênggah kawontênanipun kuwajiban saha padamêlan ing dhusun. Manawi wontên padamêlan ingkang kêdah katindakakên kangge kapêrluning ngakathah wontên ing dhusun, kados ta: amagêri papan pangenan tumrap rajakaya tuwin adamêl krêtêg alit-alit, punika kêdah katindakakên dening para tani tanpa mawi bayaran. Tumrap padamêlan ingkang agêng-agêng, ingkang botên kenging katindakakên dening têtiyang tani piyambak, punika pangusunging barang-barang asring kapasrahakên dhatêng para tani kanthi lêlahanan kemawon, makatên ugi pandhudhuking sela ing parêdèn-parêdèn. Mênggah sabab-sababipun dene padamêlan ingkang tanpa bayaran wau botên saya dados ngrêbda, botên sanès jalaran saking kawontênanipun tanah Ruslan piyambak, tanah Ruslan punika hawanipun rêsik, jawahipun mèh namung wiwitipun badhe môngsa asrêp tuwin wiwitipun badhe môngsa bêntèr, ingkang makatên wau mèh ing pundi-pundi, kajawi ing sisih kidul babarpisan, punika manawi môngsa asrêp tansah jawah salju, dados ing ngrika jawah dêrês kadosdene ing Indiya ngriki botên wontên babarpisan.

Ingkang makatên wau, têtiyang ngrika dados botên prêlu migunakakên margi ingkang sayêktos, margi-margi ing padhusunan ngêmungakên lurung-lurung ingkang dadosipun magi jalaran saking kêrêpipun dipun ambah. Salaminipun botên jawah, margi-margi wau kenging kaambah ing kareta, dene manawi kalêrês ing masa asrêp kenging kaambah ing sle. (Sle punika namaning kareta pleredan).

Sasampuning jawah margi-margi wau botên kenging dipun ambah, kengingipun kêdah ngêntosi kalih utawi tigang dintên sasampunipun garing babarpisan. Ing wiwitanipun badhe masa bêntèr, manawi saljunipun sampun ajèr, tuwin wiwitanipun badhe masa asrêp, manawi jawahipun salêbêting sawatawis môngsa lajêngan kemawon, punika wancinipun margi-margi

--- 193 ---

sami risak, ingkang makatên wau ing basa Rus dipun sêbut raspoetitsa, nyamèni kalihan namaning satunggiling môngsa ing tanah Indiya ngriki. Manawi kalêrês makatên wau, têtiyang tani botên sagêd mêdal saking dhusunipun, malah mèh botên sagêd mêdal saking griyanipun. Kawontênan ingkang makatên punika limrah, ing pundi-pundi padhusunan, sabên taunipun ngantos tigang wulan laminipun, ingkang makatên wau sampun salami-laminipun. Lan têtiyangipun inggih sampun kulina makatên punika. Makatên ugi têtiyang inggih lajêng botên sami sagêd nyabrang kalèn-kalèn ingkang sami bêna, ananging inggih botên punapaa, jalaran margi-marginipun inggih botên kenging dipun ambah.

Salajêngipun salêbêting taun punika, manawi margi-marginipun kenging dipun ambah, mèh wontên ing pundi-pundi têtiyang sami nênumpak anyabrang kalèn-kalèn ingkang cêthèk-cêthèk, namung ing ngrika-ngriki kemawon ingkang wontên krêtêgipun alit ingkang cêlak sangêt kalihan padhusunan. Dene ing papan-papan ingkang rame, wontên ing lèpèn ingkang agêng-agêng sok dipun wontênakên panggethekan. Sadaya-sadaya wau amratelakakên sabab-sababipun, dene padamêlan-padamêlan ing padhusunan ingkang tanpa bayaran wau, botên awrat. Kajawi punika dêdamêlan wau ingkang kathah katindakakên ing masa asrêp, manawi para tani kalêrês sami nganggur. Dene manawi nyambutdamêl tanpa bayaran wau mila prêlu, inggih nuntên kalajêngakên saha kapacak ing pamrentah komunis. Amila ing taun tanah-tanah ingkang wontên irigasinipun, amargi ugi ing nagari Rus sampun wontên irigasi wau, kawontênanipun anyambutdamêl tanpa bayaran wau langkung-langkung awratipun. Mênggah prakawis kawontênanipun kuwajiban saha padamêlan dhusun, ingkang sayêktosipun wigatos sangêt tumrap ing Indiya, punika botên wontên prêlunipun upami anelada dhatêng kawontênanipun ing tanah Ruslan.

Kajawi pajêg tanpa lêlantaran (direkte) ing ngrika ugi dipun wontêni pajêg ingkang mawa lêlantaran (indirekte belasting) ingkang saklangkung inggil sangêt, ingkang dipun kengingakên paos pabean, inggih punika: wodkah (sabangsaning inuman kêras) sata, gêndhis, lisah, êrèk, sarêm lan taksih kathah malih tunggilipun. (Wodkah punika samangke kalêbêt kapêrluan padintênan malih, kados sadèrèngipun wontên gegeran) malah samangke griya pagantosan ugi dipun wontênakên, ingkang kalêbêtakên dados kapêrluaning gêmintê. Mênggah sabab-sababipun, dene pamêdaling pagantosan wau manawi katimbang kalihan ing Indiya saklangkung sakêdhik sangêt, punika botên sanès jalaran têtiyangipun ngrika prasasat botên gadhah barang punapa-punapa ingkang kenging dipun gantosakên. Ananging sajatosipun kasing nagari Sophyèt punika botên pisan-pisan anggadhahi rikuh amêndhêt kauntungan dhatêng para têtiyang ingkang sami miskin. Ing taun 1927 punika, angsal-angsalaning pajêg ingkang mawa lêlantaran, kirang langkung wontên 1270 yuta rubêl. (Badhe kasambêtan)

--- 194 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk, ing Wukir Lawu

Bab gara-gara, warnasari

Candhakipun Kajawèn ôngka 9

Sêmar : Prèk, dhiyêm. Aku ora gunêman kambi kowe, aku caturan karo Si Garèng. Garèng iku bocah bagus, pancèn kêna dimêmule têmênan, amarga bakal bisa ngayomi wong tuwa. Balik kowe mung ngrusuhi barange wong tuwa, kowe bocah gêmblung. Aku ora sudi karo kowe, aku trêsna marang Si Garèng.

[Grafik]

Garèng : Iku kliru, Ma. Sing ditrêsnani têka mung sing bisa nyajèni dhahar bae. Manut sêtatsêblad: iku kudu ditrêsnani kabèh, ora nganggo dibeda-beda. Sanajan mlarata, sugiha, êmbuh ala, êmbuh bagus, kudu dipandhang samah. Mulane rèhne sliramu arêp ambedak-bedakake anak, iya suthik aku kanggonan sliramu. Sabab: besuk manawa ana kalanèku kêkurangan pangan, sampehane masthi iya banjur alihan ênggon, tur sandine muni: aku wis suwe momong kowe, mulane aku dak alihan mênyang ênggone Si Petruk, mundhak diarani pilih sih.

Sêmar : Hut druhum, anak lanang loro bae, kabèh-kabèh ora trêsna marang bapa, ngilang-ilangake ênggone diitik-itik wiwit cindhil, barêng padha gêdhe bapakne jêmpo, ora bisa golèk pangan, anake malah padha ngece. I, baya luwung ngêndhat nguntal pil urus-urus bae, kaya ngene iki.

Petruk : Sabar dhisik, Ma. Ngêndhat iku gampang, nanging sadurunge ngêndhat, prayoga ngrêti dhisik, marang têgêse gunême Kang Garèng mau. Mangkene: mulane Kang Garèng êmoh kanggonan sliramu, amarga lagi ngêcakake ngèlmune, yaiku: ngèlmu ekonomi, karo manèh nglungguhi jaman bêsinêging. Mulane olèhe nguluri pangan mênyang wong tuwa, iya katut disêtop.

Sêmar : He, kathik ngèlmune dakik-dakik mangkono. Aku durung tau kêpranggul ngèlmu sing aran ekonomi karo bêsènêh kuwi. Yèn ngèlmu rasa, aku iya sugih.

Garèng : Gandrik, putrane Rama. Yèn ngèlmu rasa, aku iya klêbu jajah, awit aku tau tate ngiras sate karo bakmi ing krêtêg gantung. Wah, pancèn nomêr sathu.

Sêmar : Êlo, dudu iku, iku rak rasaning panganan, balik aku kôndha rasaning ngèlmu. Artine: yèn dirasa-rasa, iya banjur kêtêmu. Iku ngèlmune para sêpuh jaman kuna.

Petruk : I, la dalah, kêcandhak saiki. Nisih, kêtunjang kaum kudhah. Kyaine, ayo cangkriman ngèlmu rasa, aku tanggung mênang kambi sliramu. Jalaran aku wis tutug sinau mênyang: inipèrsitèhe Kyaine Bêdor.

--- 195 ---

Coba, aku, dak cangkriman ngèlmu rasa, mêngko badhènên. Yèn sliramu bisa amabatang: aja takon dosa, warisanmu dak kukut kabèh. Pasang... kuping. Tutup... mulut. Ana sipat sawiji, jêjêre têlu, têgêse: sipat mau ora bakal ana, yèn tanpa jêjêr têlu iku. Dene isine sipat sawiji mau, lamun diwalik waliyolah, banjur malih dadi gêdhe lan banjur kuwasa ngêrèh marang manungsa. Mara badhènên, apa iku.

Garèng : Aku ora yaok, ngrêmbug prakara iku jaragan aku dudu bôngsa mutihan.

Sêmar : Biyung, biyung, biyung. Iki ngèlmu luhur bangêt, kowe pancèna durung ngumur ngrêmbug prakara siji kiye, besuk bae yèn kowe wis tuwa, dak kandhani maknane, nanging nganggo sajèn pitik putih mulus. Wis saiki golèka liyane bae.

Petruk : Satêmêne sliramu rak ora ngrêti: ta, Ma. Kathik kakehan gunêm, nganggo disêmayani barang. Nganti kaya ditagih olèhe mindring. Andadèkna[5] ngakune tuwa, kyai, guru kasampurnan. Iki ana ngèlmu mangkene bae: ora bisa jawab. Mara, barèsa bae, Rama. Yèn sliramu ora karsa barès, masthi dak prosès pêrbal. Awit sliramu kyai goroh, gawemu mung ngapusi bae.

Sêmar : Iya Petruk. Sabênêre bae aku rada kêlalèn, ing ngatase prakara iki. Mara: aku elingna.

Petruk : Wadhuh, wadhuh, isih duwe anggêp samono. Apa sliramu wis tau krungu têmênan ta: Ma. Mara rungokna, dak jarwanane: sipat sawiji, maknane: candu saimpling. Jêjêre têlu: têgêse: rêgane têlung kêlip, kurang sabribil bae masthi ora olèh. Yèn diênyang, masthi dikrocok karo kyai pênjual. Diwalik waliyolah, artine: diwalik bola-bali, utawa dicukit, banjur malih dadi gêdhe, sabab dicampuri bakal. Kuwasa ngêrèh manungsa, têgêse: sing arêp nyêrèt dikon salonjor, kambi dikon nyêkêl bêdudan. Saiki wis têrang.

Garèng : Wah nganti kaya kolèktur, bisa gawe sayêmbara bab candu.

Sêmar : He, tobil tobil putrane si kadhal. Aku kapusan, dak kira ngèlmu rasane wong kuna-kuna, kalingane ngèlmune wong nyêrèt. I, Petruk, Nala Garèng, ayo padha seba, bêndaramu wis miyos.

Garèng : Iya, Ma. Aku dak sowan.

Petruk : Ayo, aku idhêm.

Pun, R.S. Kartawardaya

Mênggahing jaman kamajuan, punapa-punapa têka dipun lilani kemawon, ing ngatasing anak têka ngolok-olok purun mulang dhatêng tiyang sêpuh, ing môngka miturut wèting kamanungsan, tiyang sêpuh ingkang winajibakên mulang dhatêng anak, sanadyan awona kados punapa, tiyang sêpuh punika, anak botên wajib mituturi utawi nyanthulani. Makatên ugi, mênggahing tiyang sêpuh, awona kados punapa, sêdyanipun inggih damêl sae dhatêng anak-anakipun, sabab tiyang sêpuh punika tamtu trêsnanipun dhatêng anak, môngga punapa wontên piwulang: tiyang sêpuh supados trêsna dhatêng anak, ananging anak tansah dipun wulang supados trêsna dhatêng tiyang sêpuhipun.

Karangan punika niyat botên kula ewahi, nanging ing sasagêd-sagêd, damêl karangan sampun kêkathahên kêsêlan basa sanès, mindhak ngicalakên raosing Kajawènipun.

Red.

--- 196 ---

Waosan Lare

Dongèng Dèwi Mênurseta

X. Dèwi Mênurseta digawa ing ratu

[Maskumambang]

uwong lima saya karasa ing ati / wêruh Mênurseta / gilang-gilang ana pêthi / rupane saya katara //

ing saiki samita[6] tandhaning mati / titike wis ana / gagak angalup anèng wit / goak-goak tanpa kêndhat //

sailanging awan kêsundhul ing bêngi / lintang pating glêbyar / kaya mandêng anungkuli / ing layon sing gilang-gilang //

barêng esuk prêntuling êbun ngêbêsi / marêntul ing kaca / kaya barleyan ngurugi / mênyang Dèwi Mênurseta //

kêsunthul[7] ing srêngenge êbune nisih / byar padhang warata / wong lêlima padha nangis / kelingan sing ora ana //

wong lêlima nganti padha ora eling / gone golèk nipkah / pijêr padha mrêbês mili / nyawang layon sing nèng kaca //

ing cêkake wong lima wis padha lali / mênyang pagawean / mung kêtungkul nyawang mayit / saka bangêt kasok trêsna //

barêng awan kumrasak swaraning angin / nêmpuh gêgodhongan / mênyang awak krasa isis / pating thrêkluk wong lêlima //

lah ing kono katon ana wong marani / sajake bandara / karo anakoni lirih / têmbunge ketok sumanak //

hèh kisanak kabèh wong lêlima iki / aku kandhanana / apa ta sing kokarêpi / lan manèh iku wong apa //

dene katon turu ana jêron pêthi / ketoke kapenak / gone turu tanpa nglisik / ayune kêjamak-jamak //

ana siji sing mangsuli karo nangis / yêktosipun dara / inggih anak kula èstri / ngajal kang tanpa jalaran //

milanipun mawi kula dèkèk pêthi / saking ngraos eman / yèn dipun pêndhêm ing siti / awit taksih gilar-gilar //

kang pitakon sêmune kagèt ing ati / têmbunge prasaja / satêmêne aku iki / ratu gêdhe sing kuwasa //

lan kang duwe laladane lêmah iki / wis-wis ta kisanak / mayite anakmu kuwi / tak pundhut bae prayoga //

mung tinimbang ana kene dadi ati / ature wong lima / amung duka dalêm gusti / kula mopo nyaosêna //

sanalika sang prabu angarih-arih / aja kliru tômpa / sêdyaku mung arêp bêcik / tinimbang ana sawangan //

lan manawa bocah iku isih urip / dadi ora aran / niksa wong urin[8] kon mati / mulane kudu dipriksa //

wise ngono wong lima padha mêmikir / barêng wis mupakat / nuli padha matur lirih / inggih kula mung sumôngga //

bingah bangêt sang nata banjur nampèni / lan dhawuh anggawa / nyang abdi kang ngati-ati / aja pisah anèng dalan //

--- 197 ---

Kabar warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Wontên wartos, bilih lampahing sêpur saking Muara Ènim dhatêng Lahat, wontên ing margi mlindhês sima agêng, bokmanawi sima wau sawêg tilêm. Nalika dipun priksa, kewan wau taksih gêsang, lajêng dipun gêbagi saha kabêkta dhatêng sêtatsiun ingkang cêlak piyambak. Kajawi punika, ing margi dhatêng Bêngkulên ugi mêntas wontên sima anggondhol tiyang andadosi[9] kawat tilpun.

Katêtêpakên dados patih ing Pamêkasan, Madura, Radèn Rustam Côndrakusuma. Tuwin dados wadana ing salêbêtipun paresidhenan Madura, Radèn Panji Suryamataram, kalih pisan sampun sami amakili padamêlan wau.

Ing Ranto, Borneo pasisir kidul wetan, wontên toko tiga sami kabêsmi ngantos têlas-têlasan. Kapitunanipun f 625.000.-, ingkang malêbêt tanggêlan namung f 1550.-.

Wontên pawartos, bilih rêsidhèn ing Pasuruan tuwin Banyumas, benjing wulan Juni ngajêng sami badhe pêrlop.

Benjing rawuhipun Sri Nata Siyêm ing Surabaya, badhe lêrêm wontên ing Oranyê Hotèl, tuwin kawartosakên, anggènipun wontên ing Surabaya ngantos dangu.

Ing tanggal 5 wulan punika, propagandhis P.N.I. Ir. Sukarna badhe damêl propagandhah wontên ing Surabaya, prêlu badhe damêl apdhèling.

Wontên pawartos partikêlir saking ingkang bupati ing Bandhung, bilih kaparêng badhe dhatêng Jaruzalem kalihan tiyang sawatawis, ugi kalêbêt up rêdhaktur N.R.Crt. ingkang dados pramugarining lampah Prof. Dr. Boehl. Urutipun ingkang dipun dhatêngi: Suez, Jeruzalem, Damascus, Beiroet, Smyrna, Constantinopel, Athene, Napels tuwin Rome.

Asistèn wadana Ciparai nglapurakên, bilih ing bawahipun wontên tiyang nyanjata pêksi, mimisipun angèngingi tiyang nama Nyi Icih, nanging botên andadosakên tiwas.

Tuwan J.Ch. de Berg rêsidhèn ing Batawi, benjing tanggal kaping 3 Juni ngajêng badhe pêrlop dhatêng Eropah, laminipun 8 wulan.

Ing bab para bupati ingkang nyuwun sêtudhi pêrlop dhatêng Eropah ing taun 1928 punika wontên tiga ing tanah Jawi, tuwin kalih saking sabrang. Ingkang kalih dèrèng têrang dhawah sintên, nanging ingkang satunggal ingkang gadhah pangajêng-ajêng, ingkang bupati ing Mèstêr Kornèlis, dene tumrap tanah sabrang, kapala têtiyang ing Mênadho.

Sambêt kalihan wontênipun rêmbag ing polêksêrad, karampunganing pamarentah, dhepartêmèn ondêrwis badhe nyatakakên, mênggah prêluning balônja guru-guru dhusun ingkang kawitan dipun indhaki.

Benjing tanggal 7 wulan punika, ondêrwès rad badhe ngrêmbag programah ing bab iksamên up aktê, tuwin wontên bab sanèsipun, ingkang sambêt kalihan pursêtèl kangge rancangan waragad taun 1929 ing bab Hoogere kweekscholen.

Têtiyang ingkang kadakwa ambalangi sêpur wontên ing antawising haltê Cikadhondhong kalihan Rèndhèh, sampun kenging dipun cêpêngi, inggih punika: Èndhun, Ènkar, Bakri sarta Asdi, sadaya lajêng sami katahan wontên ing kacamatan Cipêndhe.

Benjing tumapakipun taun pangajaran 1928-1929 pamarentah badhe mêwahi adêgipun pamulangan H.I.S. wontên ing Sêmarang.

Griya pamulangan Arjuna ing Sleman, mêntas kangge pakêmpalan golongan warni-warni, prêlu ngrêmbag badhe damêl karamean ambêbingah para murid ing liburan wulan Siyam.

Mr. Cohen Stuart adpisur dhesêntralisasi mêntas wangsul saking Palembang, mirid saking kawontênaning papriksan, ingkang sambêt kalihan kaprêluwaning pamarentah ingkang badhe dipun wontênakên ing ngrika, têtela bilih ing wêgdal punika kirang prayogi. Tuwan adpisur wau badhe ngawontênakên pursêtèl ingkang wigatos.

Lèpèn Cikapundhung (Bandhung) mêntas bêna agêng, griya-griya ing pakampungan kathah ingkang rêbah, tuwin sabin sami kêrêndhêm toya. Panggenan anjait buku tuwin kamar mêsin Mij. Vorkink punapadene drikêre Visser sami kêlêbêtan toya. Margi-margi ugi sami kêlêban.

Pursitêr gêwèstêlêkê rad Banyumas, adamêl pamborongan bab badhe pandamêl pasang watêrlèdhêng ing Banyumas, Sukaraja, Purwakêrta tuwin Purbalingga.

Tiyang komunis nama Atma ing Simpang, Padhalarang, nalika kapriksa ing ngarsa landrad prakawis gêgayutanipun kalihan gegeran ing wulan Nopèmbêr kêpêngkêr, lajêng dados sakit ewah, wusana tiyang wau lajêng kakintunakên dhatêng Bogor.

Wontên pawartos, bilih ing jajahan Inggris, badhe wontên layaran gêgana saking Penang, Port Swètênham, tuwin Singgapura, manawi pamarentah Walandi ambiyantu, palayaran wau badhe dipun lajêngakên dumugi jajahan Walandi, kados ta: Bêlawan Dhèli, Munton dhatêng Batawi.

--- 198 ---

Dhawah ing dintên wiyosan dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur, garwa dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ing sositit Mangkunagaran tuwin sositit militèr, sami dipun wontênakên karamean.

Pandadaran sêsêratan kangge calon murid normal sêkul ing Purwakêrta, wontên ing tanggal 14 tuwin 15 Pèbruari, dene kangge normal sêkul èstri ing Ngayogya, wontên tanggal 17-18 Pèbruari.

Kawisudha dados wadana dhidtrik bawah paresidhenan Sêmarang, Tuwan Sukarman, rumiyin asistèn wadana ing Cluwak, Tayu, Pathi.

Ing tanggal 6 Pèbruari utawi 14 Ruwah, kalêrês têtêsipun Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, ing karaton Surakarta badhe dipun wontênakên pasamuwan agêng-agêngan. Para tamu saking Nyagogya wontên ingkang lêrêm ing kadhaton tuwin ing Hotèl Dhone. Sriwadari dipun wontêni pasamuwan kigang[10] dintên tigang dalu, para murid èstri salêbêting kitha Surakarta sami kakengingakên malêbêt ing Siwadari lêlahanan.

Awit saking pitakènipun Tuwan Rup dhatêng pamarentah, ing bab mradinakên andharanipun Tuwan Ir. Baars, dhawuh wangsulanipun pamarentah makatên:

Sayêktosipun pamarentah kagungan pamanggih, bilih sumêbaring andharanipun Ir. Baars badhe adamêl kiyating panduwanipun têtiyang pribumi dhatêng propagandhah komunistis.

Sabmêt kalihan bab punika, pamarentah sampun maringakên prêtalan andharan-andharan wau saking basa Malayu, Jawi tuwin Sundha, dhatêng pangagênging nagari, anyêkapi kathahipun, supados dipun sêbar-sêbarakên dhatêng para amtênar têtiyang siti tuwin têtiyang sanès-sanèsipun. Tuwin sarèhning pèrês têtiyang siti piyambak ugi sampun mradinakên bab wau, kados sampun cêkap samantên.

Sajawining Indhia

[Grafik]

Awit saking pamisudhanipun presidhèn praja Amerikah, ing salowongipun suwargi Jendral Wood ingkang kaangkat jumênêng gupêrnur jendral ing Manila, Paduka Tuwan Henry L. Stimson ing New York, gambaripun kados ing nginggil punika.

[Grafik]

Pamarentah Amerikah ngawontênakên pranatan, sintên ingkang sagêd mêjahi sagawon ajag, sabên satunggal angsal ganjaran arta, ing nginggil punika gambaripun tiyang ingkang sampun sagêd mêjahi sagawon ajag ngantos sarèntèng, tamtu kemawon kathah ganjaranipun.

--- 199 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun Rajaputri ing Seba

12. Propesor Higgs ambêbêdhag

Ananging kala punika Sêrsan Quick sawêg ibut adamêl latu, lan angêngêt sop wontên salêbêting kuwali, ingkang kabêkta kalihan têtêdhan sanès-sanèsipun malih, saking sangu kula sadaya, prêlunipun kangge nyadhiyani, manawi kula sadaya sagêd pinanggih. Kala punika panêdha kula sakônca, wah, eca sangêt, sarampunging nêdha, Sêrsan Quick mêndhêt kêmul sawatawis, saking sanginggilipun unta, ingkang lajêng kakêmulakên kula sadaya.

Wicantênipun Sêrsan Quick: sumôngga bandara sadaya, panjênêngan sadaya samangke kula aturi sare, Pharaoh kalihan kula ingkang badhe anjagi.

Sadèrèngipun kula lês tilêm, kula taksih kèngêtan, bilih kula sumêrêp Sêrsan Quick jèngkèng wontên ing pasir, sajakipun andêdonga. Amargi sanadyan Sêrsan Quick punika pitados sangêt dhatêng takdir, ananging sajatosipun pancèn santri sangêt. Ingkang makatên wau piyambakipun botên isan-isin.

Sarêng kula sadaya sampun tangi malih, srêngengenipun sampun inggil, dene tôndha yêktinipun, bilih kula sadaya botên supêna, kula sadaya sami sumêrêp Quick ambakar daging wontên sanginggiling latu. Dene Pharaoh nyawang kanthi sayêktosan, ananging ingkang kasawang wau punapa inggih Sêrsan Quick punapa inggih daging ingkang dipun bakar wau.

Kapitan Orme nudingi dhatêng rêdi-rêdi sarta wicantên makatên: mula ya gêndhêng bangêt, tumrape aku kabèh, dene anduwèni pangira, yèn bisa têkan ing gunung-gunung kae, môngka dohe isih pirang-pirang pal manèh.

Kula amanthuk, saha ningali Higgs ingkang kala punika sawêg tangi, tuwin kenging sinawang sayêktos. Rambutipun abrit kêbak pasir, panganggenipun ingkang ngandhap ical, kintên-kintên pangangge wau angribêdi lampahipun, saha lajêng kabucal, ingka[11] kula sadaya botên sumêrêp, jalaran saking bêntèring srêngenge, badanipun kêbak balur-balur. Piyambakipun warninipun pancèn malih dados awon sangêt, ngantos satrunipun bêbuyutan badhe botên sumêrêp malih. Piyambakipun lajêng angob, ngulèt saha nêdha adus.

Quick saluwir saha wicantên makatên: kula kuwatos manawi panjênêngan kêdah siram mawi pasir kados tiyang Arab punika. Ing papan ingkang garing makatên botên wontên toyanipun ingkang kenging kangge adus. Salajêngipun Sêrsan Quick mêndhêt pirantos warni-warni saha anyambêti wicantên makatên: ananging kula ambêkta blèg wadhah pasêlin, sikat rikma saha pangilon kagêm panjênêngan.

Higgs nampèni barang-barang wau saha wicantên makatên: bangêt panarimaku: sêrsan. Pancèn iya aran dosa, dene eling mênyang banyu kanggo umbah-umbah, aku ora bakal manèh-manèh ambuwang banyu kaya mangkono. Sasampunipun piyambakipun lajêng ngilo, sanalika pangilonipun kadhawahakên, saha ambêngok makatên: adhuh, adhuh, apa iya iki aku têmênan.

Sêrsan Quick amangsuli kanthi sabar: bêndara, bok inggih ingkang ngatos-atos, kala rumiyin panjênêngan sampun nate ngandika dhatêng kula, bilih amêcahakên pangilon punika amalati, kajawi punika kula botên ambêkta sanèsipun malih.

Propesor Higgs wicantên: wis gawanên lunga bae, aku ora butuh manèh marang pangilon. Mara dhoktêr aku enggal salêpên.

Ing salajêngipun kula sadaya salêp-salêpan gêgêntosan, ingkang makatên wau sakawitipun inggih sakit sangêt, sasampunipun kula sadaya lajêng mapan linggih kanthi ngatos-atos, prêlu badhe sarapan.

Kala Kapitan Orme ngombe wedangipun jangkêp gangsal cangkir, piyambakipun lajêng wicantên makatên: Quick, mara dongèngna mungguh sing dadi mula bukane.

Sêrsan Quick lajêng wiwit andongèng: saèstunipun botên kathah ingkang kacariyosakên: bandara kapitan. Mantukipun têtiyang Zeu botên kalihan panjênêngan sadaya, ananging sarèhning kula botên mangrêtos basanipun, kula inggih botên mangrêtos punapa ingkang dipun omongakên. Kula lajêng suka sumêrêp dhatêng Shadrach sakancanipun, sanadyan anginipun pêjah utawi botên pêjah, makatên panyêbutipun têtiyang wau, ananging têtiyang wau kêdah tumut dhatêng kula ngupadosi panjênêngan. Sanadyan têtiyang wau amastani, bilih kula edan, lan panjênêngan sampun seda dangu, lami-lami inggih mêksa lajêng pangkat.

Inggih nyata, bilih omongipun wau lêrês, lan kula sadaya botên sagêd manggih panjênêngan. Lêt sawatawis dangu unta-untanipun botên purun anglajêngakên lampah. Wontên ing margi satunggaling bôngsa Abati ical botên kantênan, saha salajêngipun kula botên sumêrêp lan mirêng malih kawontênanipun tiyang wau. Ingkang makatên [ma...]

--- 200 ---

[...katên] wau botên wontên malih kajawi wangsul dhatêng padhusunan. Malah Shadrach lajêng botên purun tumut kalanipun prahara sampun kèndêl, mila pun babi punika botên kenging dipun ajak rêmbagan, dados kula lajêng ambêkta unta kalih pangkat piyambak kalihan Pharaoh.

Gagasan kula, manawi panjênêngan taksih sugêng, sampun tamtu mundhut nêring gumuk-gumuk punika, amargi kula sumêrêp, bilih panjênêngan botên ambêkta pandom, lan panjênêngan botên priksa punapa-punapa sanès-sanèsipun. Sadintên muput lampah kula wontên ing pasitèn waradin, antawising sagantên wêdhi lan rêdi-rêdi, salaminipun lampah kula mêndhêt sipat sasisihing gumuk-gumuk pasir punika. Sadintên muput lampah kula têrus kemawon, yèn dalu kula kêdah ngaso, amargi botên sumêrêp punapa-punapa. Sasampunipun linggih kintên-kintên kalih jam wontên ing ngrika, kula ujug-ujug sumêrêp Pharaoh kupingipun anjêpiping, saha tansah ningali mangilèn. Sanalika punika kula inggih ningali mangilèn, sarta rumaos sumêrêp sorot pêthak, ingkang sajak minggah, ingkang makatên punika botên sagêd saupamia lintang alihan, ananging sajakipun sabab saking sanjata. Kula amirêngakên, botên wontên suwara punapa-punapa ingkang lumêbêt ing kuping kula. Ananging sarêng lêt sawatawis sêkon malih Pharaoh anjêpipingakên kupingipun malih, sajakipun mirêng suwara punapa-punapa.

Jalaran saking punika, kênthêling manah kula amurugi papan ingkang kula sumêrên[12] wontên sorotipun pêthak wau. Kalih jam kula lumampah têrus kemawon, sakêdhap-sakêdhap ngungêlakên pistul kula, dangu-dangu ical pangajêng-ajêng kula, jalaran kula botên angsal wangsulan. Ananging Pharaoh botên ngêndhoni niyatipun, ing ngriku Pharaoh ngambus-ambus, thakar-thakar saha lajêng ical wontên ing pêtêngan, dangu-dangu kula mirêng panjugugipun Pharaoh anggantêr, kintên-kintên têbihipun saking ngriku wontên satus mètêr, pikajêngipun bokmanawi badhe ngundang kula. Kula lajêng murugi saha manggih panjênêngan, ing sakawit kula wastani manawi panjênêngan seda. Inggih namung punika kawontênanipun, bandara kapitan.

Kapitan Orme wicantên: têka bêgja têmên, dene lêlakon iki wêkasane tinêmu slamêt. Aku kabèh nglairake bangêt panrima mênyang kowe, amarga anggonku kabèh isih urip iku jalarane saka kowe.

Quick mangsuli kanthi andhap asor: sampun dados panggalih, bandara kapitan, ingkang makatên punika botên jalaran saking kula, ananging saking karsaning Pangeran, ingkang sampun amranata sadaya punika, sadèrèngipun kula sadaya dipun lairakên. Sasampunipun panjênêngan kêdah paring panarimah dhatêng sagawon punika.

Enjingipun malih, kula sadaya sawêg sumêrêp dhatêng pakampunganipun. Ananging lampah kula sadaya wau majêngipun rindhik sangêt, jalaran kula sadaya namung ambêkta unta kalih, dados tiyang ingkang kalih kêpêksa lajêng lumampah. Dene ingkang lumampah wau sampun mêsthi Sêrsan Quick sarta bandaranipun, sabab manawi prakawis makatên punika, salaminipun Kapitan Orme botên nate mikir dhatêng badanipun piyambak. Sanadyan namung satêngah jam, piyambakipun botên purun numpak unta. Ewadene sanadyan Orme wau botên pisan-pisan numpak, nanging kula mêksa mudhun saking unta, wusananipun untanipun malah namung dipun culakên kemawon.

Panumpakipun Higgs kalihan kula wontên ing lapak sami thêklak-thêkluk ngantuk. Kala punika Sêrsan Quick ujug-ujug angabani untanipun kapurih kèndêl, Sêrsan Quick lajêng nudingi blêdug ngampak-ampak, ingkang lampahipun ngênêr dhatêng panggenan kula sadaya, saha wicantên makatên: punika èmpêripun kados bôngsa Arab: bandara dhoktêr.

Kula amangsli: nèk mula mangkono, luwih bêcik ditêrusake bae lakune, aja ngatonake yèn kene wêdi, kiraku ora bakal yèn wong-wong mau arêp ganggu gawe mênyang aku kabèh.

Kula sadaya lajêng nyadhiyakakên dêdamêl ingkang dipun bêkta, Orme lan Sêrsan Quick wontên ing antawis kula kêkalih. Sarêng kula sampun pêthukan grombolan wau, kula sadaya sumêrêp, bilih ingkang mangagêngi numpak unta, punika botên sanès inggih Shadrach, dene unta ingkang dipun tumpaki wau paringan saking ratunipun Shadrach. Kula sadaya lajêng sami kèndêl sawang-sawangan.

Shadrach pitakèn: astaghpirullah. Punapa inggih panjênêngan saèstu, bandara-bandara. Kula kintên panjênêngan sadaya sampun seda.

Kula wicantên kanthi mangkêl: iya, iya-iya, aku iya ngrêti. Kowe sajake arêp minggat anggawani barang-barangku kabèh. Sarta kula lajêng nuding unta-unta ingkang ngêmot barang-barang kula sadaya wau.

Salajêngipun Shadrach suka katrangan warni-warni, saha nêdha ngapura rambah-rambah. Ingkang makatên wau dipun mirêngi Propesor Higgs kanthi mangkêl. Ing sarèhning piyambakipun punika sagêd wicantên basa Arab saèstu mawi pasèh, piyambakipun lajêng amisuhi kathah-kathah dhatêng Shadrach sakancanipun, ingkang adamêl gumuning têtiyang wau. Makatên ugi pun Quick inggih misuh-misuh ngangge basa Inggris. Kapitan Orme mirêngakên sakêdhap, lajêng wicantên makatên: wis ta, kaya-kaya iki wis cukup Higgs, nèk kobacut-bacutake mêngko mundhak dadi padu. Mêngkono uga kowe sêrsan, mênênga cangkêmu, rak ya wis bêgja bangêt bisa kêtêmu, dadi ora ana sing andadèkake susah. Shadrach ambalika bae lan tumulia milu aku kabèh bali mênyang pakampungan, aku sumêdya ngaso ana kana ing sawatara dina. (Badhe kasambêtan)

Catatan kaki:

1. Samargi-margi. (kembali)
2. bilih. (kembali)
3. mrih. (kembali)
4. têtiyang. (kembali)
5. Andèkna. (kembali)
6. sasmita. (kembali)
7. kêsundhul. (kembali)
8. urip. (kembali)
9. andandosi. (kembali)
10. tigang. (kembali)
11. ingkang. (kembali)
12. sumêrêp. (kembali)