Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-14, #77

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-14, #77. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-03-14, #77. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 21, 22 Pasa Taun Jimakir 1858, 14 Marêt 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [401] ---

Ăngka 21, 22 Pasa Taun Jimakir 1858, 14 Marêt 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pakuburan băngsa Tiyonghwa ing Malang

[Grafik]

Gêsanging tiyang wontên ing donya kêtingal beda-bedanipun, ngantos dumugining kuburipun pisan, inggih taksih kêtingal bedaning sugih lan mêskin. Nanging mênggah alusing raosipun botên beda, sami wênang manggèn wontên salêbêting siti.

--- 402 ---

Raos Jawi

Têtimbangan Kawontênan ing Donya

Kawontênan ing donya punika sampun mêsthi têtimbangan, kados ta: bingah lan susah, padhang lan pêtêng, sugih lan miskin, tuwin sanès-sanèsipun, dene kawontênan ingkang têtimbangan wau, sadaya sami dados prabot ingkang tumanduk dhatêng lêlampahaning tiyang, wontên ingkang manggih kabingahan, wontên ingkang manggih kasusahan, makatên sasaminipun.

Saking warni-warnining kawontênan ingkang mawi têtimbangan wau, anjalari tuwuhipun pangraosing tiyang anggadhahi panggrêsah tuwin botên, ingkang anggrêsah punika tumrap tiyang ingkang nuju kataman ing sabab ingkang botên andadosakên panujuning manah, makatên ugi kosokwangsulipun tiyang ingkang botên gadhah panggrêsah. Nanging sanyatanipun botên wontên lêlampahan ingkang dhumawah ing tiyang punika ajêg, tiyang ingkang sawêg sênêng-sênêng, trêkadhang lajêng santun amanggih lêlampahan ingkang botên nyênêngakên, nanging tiyang ingkang sawêg marêbês mili, wontên ingkang lajêng santun dados mèsêm.

Manawi dipun raosakên sayêktos, sanadyan kawontênan ing donya punika namung wontên kalih prakawis, nanging sampun anyêkapi kangge ngramèkakên.

Sanadyan kawontênanipun sampun cêtha kados makatên, tiyang gêsang tansah katambuhan, sabên kataman ing susah lajêng ngawontênakên sêsambat ngaru-ara, nanging manawi manggih kabingahan, lajêng kèndêl kemawon, dados manawi makatên, tiyang ingkang kados makatên punika, têrangipun pancèn botên ngrêtos dhatêng wontênipun timbangan, awit saupami mangrêtosa, prêlunipun sêsambat punapa, awit sampun tamtu lêlampahan ingkang mawi têtimbangan punika kawontênanipun botên langgêng, namung sarèhning raos botên sakeca punika botên dipun ajêngi ing tiyang, dados wêdaling sêsambat punika namung nama kêlimrahan.

Nanging tiyang manawi purun angyêktosi, kados botên kêkirangan lêlampahan ingkang kenging kangge têpa tuladha, upaminipun tiyang ingkang sawêg manggih dêdukaning bandara, lajêng angraos susah, panggagasipun lajêng ngantos dipun kandhasakên ing manah, sampun tamtu kemawon botên sagêd ical-ical, awit botên purun nguwalakên dhatêng raos ingkang dhumawah ing badanipun wau. Dene murih sagêdipun uwal, pancènipun kêdah ngèngêti, bilih dukaning bandara punika rak saking andukani kalêpatanipun, yèn nyata makatên, kêdah dipun rumaosi, lan ngèngêtana bilih dukanipun wau mêsthinipun inggih botên langgêng, dados manawi sampun ngrumaosi dhatêng kalêpatanipun, nama sampun sah anggènipun nêdya sumingkir saking kasusahan, dene manawi bandaranipun punika pancèn kêdunungan manah botên rêmên dhatêng piyambakipun, [piyambaki...]

--- 403 ---

[...pun,] wajibipun kêdah dipun singkiri, awit manawi botên makatên, sampun tamtu tansah manggih kasusahan kemawon, kosokwangsulipun raosing bandara ingkang kados makatên punika, tamtunipun pamênangipun dhatêng tiyang sanès ingkang samantên wau, inggih dipun anggêp kasênêngan, nanging punapa inggih bandara ingkang kados makatên punika têtêp raosing kasênênganipun, kados inggih botên, dados inggih nate manggih lêlampahan akang[1] botên nyênêngakên, sami kemawon.

Wontên sawênèhing tiyang mênggahing limrahipun sampun dipun wastani sênêng gêsangipun, nanging nyatanipun ingkang nglampahi botên makatên, gêsangipun wau rumaos namung sêdhih, prihatos, wontênipun gadhah manah makatên punika, jalaran saking taksih kapenginipun langkung saking samantên, wosipun namung badhe mujudakên kawontênaning timbangan.

Saking sangêting rumaos pêtêng ing manah, ngantos pados panglipur, baitan wontên ing lèpèn, mawi ambêkta kalênengan dalah sapasindhènipun. Kalanipun baita lumampah, găngsa tansah ngrêrangin, dhasar swaraning pasindhèn sae araos gumarit ing manah. Salêbêtipun makatên wau, tiyang ingkang pados panglipur ngantos tuwuh panggagasipun: O, dene swara iku saya nênangi mênyang rasa panalangsaning atiku, kapriye margane aku bisa nêmu pamarêm kang têmênan.

Sarêng wanci têngange, lampahing baita kèndêl wontên sacêlaking sabrangan, ngeyup wontên sangandhaping papringan ayom, sacêlakipun ngriku wontên tiyang ngumbah sukêt wontên ing bênteran, kringêtipun gumrobyos angêbêsi badanipun ingkang warni cêmêng gilap. Tiyang ingkang pados kasênêngan wau nyêlaki kalihan pitakèn: Kang, sukêtmu kuwi yèn koêdol payu pira. Wangsulanipun: pajêng tigang kêthip, bêndara. Ingkang pitakèn: anggonmu ngarit pirang jam, wangsulanipun: wiwit enjing. Ingkang pitakèn: yèn payu samono, kotanjakake apa. Wangsulanipun: ingkang gangsal wêlasan, kula kangge nêmpur, gangsal sèn lawuh, sabenggol lisah kangge dilahan, sabenggol kabêtahan sanèsipun, dene ingkang gangsal sèn kangge gembolan. Ingkang pitakèn: apa kowe sênêng, wangsulanipun: sangêt, bêndara. Mangke dumugi griya lajêng royoman nêdha kalihan anak bojo.

Clop, manahipun tiyang ingkang pitakèn kados dipun garit, ngantos kêwêdal wicantênipun lirih: kalah aku.

Mênggah têrangipun, tiyang ingkang makatên wau pêpindhanipun kados awak-awakaning traju, sagêd ambobot awrating kiwa têngên, nanging badanipun piyambak botên angraos punapa-punapa.

Mila ingkang prayogi piyambak, mênggahing ngagêsang, kados namung prêlu ngudi pramananing pamawasipun dhatêng têtimbangan wau.

--- 404 ---

Ekonomi

Pangudaraosing Randhu

Sapa bae kang durung tau wêruh wujudku, kiraku sakabèhing wong wis padha têpung karo aku: nanging dhèwèke ora rumasa. Sing sapa kăndha ora tau têpung karo aku, dêlêngên panganggomu, kajaba yèn wuda, apa asale panganggomu iku...?

[Grafik]

Randhu ingkang sampun sami malêthèk.

Aku ngono satêmêne sawijining băngsa wowohan kang akèh paedahe, sabab sakabèhe wong wiwit cêngèr urip ing ngalam dunya iki nganti sapatine masthi kudu migunakake aku. Iya apa ora.... dêlêngên gambare wujudku dhisik kang waspada.

Yèn ora rumasa jajal tak dawakne sathithik dongèngku kiyi supaya para maos sing kadugi nindakake karêbèn sagêd manggalih mungguh prêluku tumrap ing ngakèh. Sabab saka pamawasku wong-wong ing tanah Jawa Wetan akèh kang ora migatèkake marang uripku lan pêncare wijiku, mulane panganggone kang băngsa suwèk saya lawas saya curês, sabab kurang pamardine.... Măngka aku iki padha-padha tuwuhan wuluning bumi kang gampang bangêt pamêncare yèn pancèn diopèni, ora pilih-pilih măngsa lan panggonan. Têgêse: sanajan pinuju măngsa katiga utawa rêndhêng ing tanah ngare utawa pagunungan aku masthi bisa thukul kanthi bêcik, apa manèh aku ora pati alêman kaya wowohan liyane, artine: sanajan uwitku (turusku) utawa isiku (klênthêngku) sok anggêr ana sing gêlêm nyèblêkake nyang lêmah bae wis masthi bisa thukul... e mêngko dhisik, tak tuturi jênêngku, nalika isih nom aran randhu, wujudku saèmpêr katès nanging luwih cilik lan rada gilap, rupane klambiku (cangkokku) ijo kêna digawe rujakan, enake dirujak gula: yèn wis satêngah tuwa kulambiku mau salin warna dadi ijo sulak kuning, ing waktu iku aku diarani pinuju matal wis ora enak [ena...]

--- 405 ---

[...k] dirujak. Yèn wis tuwa têmênan, klambiku malih dadi warna irêng sulak abang, ing kono mangsane aku lèrèn olèhku mangan zad sing saka uwit, ototku wis anggronggong, mulane ora pati kuwat dak gawe nyêrot panganan mau, malah suwe-suwe tanpa mangan, nanging aku isih anduwèni kêpengin zad mau, mulane aku isih kêlèt karo gantilan... sasuwene aku ora mangan zad, klambiku ora kuwat nanggulangi panasing srêngenge, wah manèh tandhon panganku êntèk, andadèkake garinge awakku, suwe-suwe klambiku mau bêdhah yaiku mlêthèk. ... lagi iku aku wêruh padhang hawa, wujudku kaya jagung dioncèki. Saka daya kasiliring angin awakku dadi mongkrog mawul-mawul, ing măngsa iku aku diarani kapuk.

Sasuwene aku dadi kapuk duwe garjita mangkene: Ah, kapan baya aku bisa mabur pisah adoh karo ênggon kalairanaku kanthi anggawa wiji lan banjur thukul ana ing liya panggonan, dadi aku bisa mangan warêg tur sênêng, ambokmanawa aku bisa mêncar dadi akèh, yèn dirumat dening uwong masthi awakku bisa aji, apês-apêse didokok ing paprêman dikêmbangi sabên dina, luwih-luwih nèk sing ngrumati awakku para luhur tansah diaji-aji awakku, malah yèn para luhur mau sare aku dikêkêp, awit kulinane ora bisa sare yèn ora tunggal aku... hlo, panggarjitaku mangkono mau tak laras manèh têmah thukul pamikir mangkene: lah iya, nèk ngono aku iki ora beda karo ananing manusa, sabab manusa lan thêthukulan padha duwe urip dhewe-dhewe, lan manèh yèn wus wayahe diwasa lumrahe pisah saka bapa biyunge, nyingkrih saka papan kalairane banjur nêdya mêncarake wiji (anak-anak) supaya dadi akèh amrih anambahi isi sarta rêrêngganing jagad. Panggarjitaku mangkono iku dadi ora nyêbal saka watoning kodrat.

Dilalah kêrsaning Hyang Agung, sanalika iku ana angin gêdhe têka, dadi awakku mobat-mabit ... brul katutan wiji (klênthêng) awakku munggah gêgana, ora mikir bakal tumibane awakku mêngko ing ngêndi, kang dak èsthi ora ana kajaba kancaku sing isih padha kari gumandhul ing uwit bisaa dirumati uwong kanthi bêcik, lan wong-wong mau ambudidaya bab pêncare bangsaku supaya ing têmbe rêgane panganggone kang băngsa suwèk rada murah panukune.

Sasuwene aku anut lakuning angin mau awakku krasa ènthèng bangêt, rèhne wis pisah saka papan kaliranaku, atiku lêga, sanajan bakal tumiba ing ngêndi bae aku gêlêm sarta sumêdya ngudi thukuling wiji sing tak gawa mau.... Wah dadak kabênêran aku tumiba ing lêmah loh, ing wasana wijiku mau thukul lêmu awakku awor lêmah.... Hlo, dongèngku samono mau minăngka pasêmon tumrap para manusa sing isih sênêng manganggo bisa angudi mungguh pêncarku, luwih-luwih wong padesan, pamujiku muga anaa kang ngrasakake lêlakonku mau, sukur sèwu duwènana pambudi bisaa duwe piranti dhewe kanggo anggawe panganggo kang asale saka kapuk kaya aku.

Hla, ing têmbe yèn băngsa kapuk kaya aku ngene

--- 406 ---

kiyi wis akèh bangêt, mêsthine rêgaku murah, mangkono uga panganggone wong-wong kabèh bisa dadi murah, sabab panganggo suwèk mau asale (sing digawe) sing akèh saka kapuk băngsa aku ngene..., lan ana kapuk bangsaku, yaiku diarani kapuk kapas.

[Grafik]

Panggaraping randhu kadadosakên kapuk rêsik.

Kapuk kapas iku panêmune, karêpe, apa manèh yèn kadhung gêlêm dongèng, wis ta, jiblès kaya aku, mung bae dhèke kalêbu băngsa rada alus, mulane sanajan ginawea bêbakalane mori uga diarani mori alus.

Ambalèni dongèngku sing durung tutug, yaiku bab uwitku lan rekadaya panandure apa manèh prêlune sawatara, dene yèn ana kakurangane utawa sêling-surupe ênggonku ngêmpakake pitêmbungan, nyumanggakake para pangripta myang para sarjana, malah panyuwunku krêsaa angowahana, tanpa kêndhat ing sadurunge nyuwun gunging pangaksama.

Uwitku ngono uga diarani uwit randhu. Uwit randhu iku warna-warna, kaya ta: randhu putih, randhu êri, randhu agung, utawa randhu alas, lan liya-liyane, dene aku iki diarani randhu putih, prayogane yèn arêp mêncarake ngêthoka turusku kang sumêdhêng ênom tuwane miliha kang gêdhene watara sakempol, dawane nyadhêpa utawa luwih, dilancipi nuli tancêpna ing satêngahing pagêr pakarangan, sawah utawa patêgalan, ngiras kanggo pikuwating pagêr utawa rambatane băngsa uwi, urut pinggir pagêr mau arang kêrêpe kaaraha yèn pange wis gêdhe aja nganti gathuk karo kancane, lumrahe 7 dhêpa.

Ing pungkasane turusku mau sing dhuwur kudu dibalêbêd [dibalêbê...]

--- 407 ---

[...d] nganggo gadêbog têlês, minăngka kudhung aja nganti turusku mau garing amarga kêna panasing srêngenge, têmahane enggal sêmi, yèn pinuju katiga mêsthine lêmahe garing bêcik disiram sawatara, yèn sêmine ngrêmbuyung akèh kudu diprithili, dikèrèkake 1 utawa 2, sêmèn kang wajib diingu, kapiliha sing lêmu dhewe.

Sumurupa salawase uwitku iku godhonge ora patia ngrêmbuyung kaya wit-witan liyane, mulane ora ambêbayani tumrap tanduran sing cilik-cilik sajroning pakarangan utawa sawah patêgalan jalaran kayoman godhongku samăngsa aku wis gêdhe.

Êpang randhu ora prêlu ditutuhi mundhak nyuda kèhing uwoh, kajaba yèn tumiyung mênyang ngomah utawa gawe mutawatir. Salawase êpangku iku pang pèl, têgêse gampang sêmpèl. Mulane yèn arêp ngundhuh aku ora prêlu dipènèk, cukup mung dirog saka ngisor nganggo gèntèr: aku mêsthi runtuh, mau mula aku kăndha aku iki dudu bangsane wowohan kang alêman.

Ngèlingana yèn arêp ngundhuh aku bêcike yèn aku wis mangsane matal bae, aja kênomên utawa kêtuwan nganti awakku katon mawul-mawul, lumrahe tuwaku ing măngsa ngarêpake labuh, mulane ing pangundhuh aja nganti kadhisikan tibaning udan, mundhak andadèkake kurang bêcikku samăngsa kanggo kasur utawa bantal. Yèn kancaku wis nglumpuk nuli lêbokna dobong gêdhe, diglèdhèk karêbèn aku pisah karo klênthêngku, ing kono wiwit kêna diupakara nêdya kanggo apa bae sasênênge wong sing ngrumati aku utawa didol minăngka bakale mori.

Wasana pangèsthiku, wong-wong padha ambudidayaa pêncarku, srêgêpa nandur wit randhu, supaya ing têmbe aku bisa murah rêgane, sukur bage bisa gawe kêbon randhu, sanajan didola mênyang sabrang yèn wis murah rêgane, tartamtu ing têmbe rêgane panganggo kang asline saka bangsaku bisa luwih murah tinimbang sing wis kalakon.

Nirrasa Nitiatmaja. Tumpang, Malang.

Bab Wulang Sae

Sanguning Agêsang

[Kinanthi]

Kanthi awas lawan emut | santosa sabar ing budi | makatên wêwulangira | para lêluhur ing nguni | yèku sanguning ngagêsang | nèng donya murih basuki ||

lire awas têrangipun | sabarang tindaking urip | aswa[2] tilar ing wêweka | wajib titi ngati-ati | jêr donya akèh penginan | kang karya sangsarèng dhiri ||

awit ing kalimrahipun | ngagêsang lamun ningali | ing wêwarnan kang sarwendah | miwah mawi amêmelik | kauntungan langkung kathah | tyasira gampang kapengid ||[3]

ing satêmah

--- 408 ---

lalu limut | saking melik gendhong lali | wong dêdulu: ngabotohan | makatên upaminèki | saèstu melik kalintang | wrin pamênang anglangkungi ||

jêr saêjam bisa ontung | mênang têlung puluh ringgit | tur sinambi jêjagongan | ngrungokke găngsa ngêrangin |[4] tibaning gong kabênêran | nêbak bangku angrabasi ||

bingahe kalangkung-langkung | lir jawah têkaning dhuwit | kang mulat dahat kapranan | têmah milu anênêmpil | yèn mênang pan dadi tuman | yèn kalah mrih wangsuling dhit ||

kang makatên wujudipun | wong tilar waspada yêkti | mung kang mênang kang katingal | kang kalah datan tiniti | gene tan wrin kawirangan | nêmbung utang kèh sujanmi ||

yêkti kathah yèn winuwus | bêbaya ingkang pinanggih | wit saking karêm kasukan | wong sugih pan dadi miskin | priyayi kecalan pangkat | wênèh ana nglalu mati ||

wontên malih tunggilipun | wong karêm utang kapati | dupèh gampang linampahan | mung muwus kèwês kawijil | nyêngka nganggo têtanggungan | mêsthi lamun dèn sukani ||

wêwekane tan dinulu | anakan nêkuk nikêli | mung melik tampaning arta | krasa-krasa yèn tinagih | pinêksa bayar cicilan | mawi ngancam murih miris ||

ketang saking ajrihipun | wusana ngupaya budi | utang-utang maring liyan | karya wangsuling panicil | mangke saya kasangsaya | nandhang utang andharindhil ||

sigêg ganti kang winuwus | mênggah bab emut puniki | lire emut mring lêlakyan | nênggih utamining urip | sumingkir maring maksiyat | yèku panggawe tan yukti ||

jêr ngagêsang yèn kongsi wus | paracidra anindaki | utang ngêmplang ambêbedhang | ambêk siya ing sêsami | colong jupuk èstu têmah | sinirik sakèh sujanmi ||

dadya apês badanipun | uripe sinănggarunggi | nambut karya tan tinampan | saya ayun angêngêmpit | candhak kulak bêbakulan | layanane nora sudi ||

yèn kalêrês sami kumpul | jroning pasamuan yêkti | kang cêlak tumuli kesah | sumêlang bok diarani | ginêbyah uyah wong ala | katăndha katon nyakêti ||

marmane sami dèn emut | marang ing panggawe bêcik | anêtêpi tatakrama | mrih sinihan ing sasami | èstu agêng dayanira | sugih mitra mitadosi ||

kêni pininta pitulung | bok ing têmbe angalami | lêlakon kang ewuhaya | anaa kang amadhangi | pêpêtênging manah susah | mrih lêjar lir wingi uni ||

wondene ingkang kasêbut | santosa kukuh ing kapti | tan kagiwang ing panggodha | mung mungkul ngèsthi sawiji | kanthi têmên-tinêmênan | mrih katêkan kang kinapti ||

makatên ing lampahipun | panggayuh marang kamuktin | têtêp budi datan owah | mungkur ing rèh ngujèng kapti | abêbungah tanpa wayah | byung-ubyungan pakardi ||[5]

balik malah amilaur | nèng ngomah marsudi budi | kasampurnaning pakaryan | apa ingkang dèn tindaki | insya Allah katurutan | katêkan ingkang kinapti ||

mangke sabar kang winuwus | kathah ingkang amastani | tindak ingkang ngulêr kambang | ngalêmêr lir kurang bukti | cinacad tindak tan yogya | makatên klintu sayêkti ||

wondene pikajêngipun | tindak kang sabar puniki | lire mawi ngarah-arah | aywa nganti mindho kardi | marma katon datan rikat | saking tindak ngati-ati ||

yèn ambabar èstu punjul | kang saya lêga ing galih [ga...]

--- 409 ---

[...lih] | kang mulat sami karênan | saking ing pakirtyan awig | satêmah kondhang warata | aindêngi[6] sanagari ||

yêkti wontên bedanipun | tindak sabar lawan rindhik | tumrap tindak ingkang sabar | talatèn kalawan titi | datan darbe wêgah sayah | linambaran budi êning ||

tindak kang rindhik puniku | kakehan klêthêk yèn wiwit | nadyan garap barang gampang | dangune kapati-pati | ing wusana lêrês lêpat | tarlèn nyuwun pangaksami.

Darpa.

Pawartos Wigatos Tumrap Bakda Riyadi

Kajawèn Badhe Kawêdalakên Adèn

Bakda riyadi utawi lêbaran, punika tumrapipun tiyang siti dipun anggêp dintên ingkang mulya. Ingkang punika, Kajawèn ugi badhe dipun wêdalakên adèn, murih cundhuk kalihan kawontênanipun dintên ingkang dipun mulyakakên. Kajawèn ingkang badhe dipun wêdalakên punika nama: Kajawèn Nomêr Lêbaran.

Sampun tamtu kemawon bukunipun langkung kandêl, langkung sae tuwin gambaripun langkung kathah tinimbang padatanipun.

Sayêktosipun kawontênan makatên punika dados lantaraning margi prayogi piyambak tumrap ingkang badhe kaparêng lêngganan Kajawèn.

Kawigatosna. Sintên ingkang kaparêng lêngganan wiwit tanggal 1 April, tuwin sampun ngintuni arta rêginipun sakwartal badhe tampi Kajawèn lêlahanan ingkang kawêdalakên ing wulan Marêt, dalah Kajawèn nomêr lêbaran pisan.

Pèngêt. Pamundhut ingkang botên dipun kanthèni arta rêginipun botên dipun tampèni. Wêlingan rêmburês ugi botên dipun tampèni. Dene nomêr lêbaran botên kasade eceran.

Sumăngga tumuntêna ngintunakên arta ing sapunika, ngèngêtana dhatêng adining Kajawèn nomêr lêbaran.

Adm. Kajawèn.

Panglipur

Panglipuring kasusahanipun tiyang rupak ing budi, kêdah dipun lêlipur ing tiyang sanès, nanging tumrap tiyang ahli budi, susahipun sagêd dipun lêlipur piyambak, nyêngkanipun cêkap amaos buku. Mila wajib tiyang maos buku ingkang sae-sae, dunungipun ing Bale Pustaka.

--- 410 ---

Pêpanggihan Dalêm Nata Surakarta tuwin Nata Ngayogyakarta Wontên ing Surakarta.

[Grafik]

Sasampunipun Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah têtês, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana Ingkang Kaping 8 rawuh tuwi dhatêng Surakarta. Gambar ing nginggil sisih têngên nalika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan rawuh ing kadhaton Surakarta, salaman asta kalihan ingkang wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta. Nginggil sisih kiwa, lênggah dalêm nata kêkalih tuwin paduka tuwan residhèn ing Surakarta. Ngandhap têngên, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam sakalihan para putra sadhèrèk dalêm saha pêpatih Ngayogyakarta, ngadhêp lênggah dalêm. Ngandhap kiwa, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sakalihan para putra sadhèrèk dalêm, saha pêpatih ing Surakarta, ngadhêp lênggah dalêm.

--- 411 ---

Pamulasaraning Lare

Panyuwunan

Kados sampun dados kalimrahanipun lare alit, manawi sumêrêp têtêdhan utawi barang sanèsipun ingkang dipun rêmêni, adhakan lajêng enggal kemawon kumêcap nyuwun dhatêng bapa utawi biyungipun.

Sabab saking punika, sadaya panyuwunanipun lare, sampun tumuntên dipun paringi. Sanajan lare nangisa, nanging dipun kèndêlakên kemawon. Sampun dupèh lare wau nangis, barang ingkang dipun suwun lajêng dipun paringakên. Awit manawi makatên, têmahan pun lare lajêng manuh, benjing malih manawi nyuwun punapa-punapa, inggih mêsthi dipun kanthèni nangis, awit gagasanipun lare: aku nyuwun apa-apa, yèn ora dak rewangi nangis, ora diparingi. Wusananipun kêkajênganipun lare botên sagêd gumolong.

Langkung-langkung manawi kapinujon wontên tamu, lare nganyur-anyur, acung-acung nyuwun sêgahaning tamu wau sarana: ak, uk, sênthak-sênthuk, aku nyuwun iku, nyuwun kae, sapanunggilanipun, punika prayogi dipun srêngêni. Sanajan pun tamu pisan ingkang badhe maringi, inggih dipun pênggaka. Prêlunipun supados pun lare ngrêtosa, bilih patrapipun ingkang kados makatên punika kirang prayogi.

Nanging anu, lo, sampun kok panyuwunipun lare kalajêng botên dipun paringi. Mangke gèk lare mêjanani dhatêng tiyang sêpuh: ah, bapak iku kêrêng, mêdhit, wiki, sasaminipun. Mangke manawi tamu sampun kesah, utawi anggènipun nangis sampun kèndêl, dhasar panyuwunipun lare wau sampun supe, sawêg kemawon barang wau dipun paringakên.

Makatên sapiturutipun, saengga lare botên anggadhahi patrap anganyih-anyih, nanging anggadhahana tindak kanthi antêping manah. (anggêgulang gumolonging kêkajêngan, kaantêpaning kêkajêngan).

Utusan

Sadaya utusanipun tiyang sêpuh, kêdah katindakakên kanthi titi dening lare. Sampun ngantos pun [pu...]

--- 412 ---

[...n] lare purun andorani dhatêng tiyang sêpuh. Upami lare purih[7] mêndhêt potlod ingkang wontên ing meja wingking, nanging lajêng mêndhêt ingkang wontên ing meja ngajêng, jalaran ingkang cêlak, utawi murih enggalipun, punika prayogi murih mangsulakên, sarta murih mêndhêt pundi ingkang dipun pundhut kala wau.

Para maos kados botên kêkilapan, bilih wontênipun kathah punika saking sakêdhik, wontênipun agêng saking alit, jalaran saking punika, manawi wiwit lare sampun wani dora dhatêng tiyang sêpuh, benjing dados tiyang sêpuh inggih lajêng dados tiyang umukan, utawi lajêng purun ngapus-apusi dhatêng tiyang sanès.

Saya malih lare ingkang watêkipun mlincur, wani ambalèk prentahing tiyang sêpuh, upami lare nyapu, nyrêbèti kursi lan sanès-sanèsipun, măngka lale[8] botên purun, malah mlajêng. O, punika kêdah kanthi pangrekadaya, ngantos pun lare wangsul purun nglampahi punapa dhawuhipun tiyang sêpuh sarana dipun tênggani. Salêbêtipun lare nyambut damêl, langkung malih manawi dipun jagi, punika lare sampun rumaos dipun ukum, tuwin ngrêtos bilih piyambakipun anggadhahi kalêpatan.

Ing nginggil kula sampun matur, bilih dadosipun kathah punika jalaranipun saking sakêdhik. Amila manawi wiwit lare sampun purun ambangkang prentahing tiyang sêpuh, măngka dipun kèndêlakên kemawon, watêking lare ingkang makatên wau botên badhe sirna, nanging pitados ngrêbdanipun. Benjing dadosipun tiyang sêpuh inggih lajêng wani ambangkang dhatêng lurah utawi pangagêngipun, minggahipun malih dhatêng nagari.

O, mila atur kula, sampun ngantos lare kadunungan wêwatêk ingkang kados makatên (anggêgulang ambangun miturut, andhap-asor).

Anggatosakên

Manawi pun bapa ngèngêtakên: aja nglakoni. Punika tiyang sagriya kêdah saabipraya (sanajan dhawuhing bapakipun wau kirang lêrês) utawi lare sumêdya dolanan bal-balan utawi bandhulan, sanajan dolanan ingkang kasêbut ing ngajêng wau sajatosipun inggih sae, awit ngindhakakên kêkiyatan utawi kasarasaning badan. Ananging tiyang sêpuh botên marêngakên, jalaran kuwatos bokmanawi dhawah utawi sabab sanèsipun. Punika lare kêdah miturut, sampun ngantos pun lare nrajang awisanipun tiyang sêpuh.

Ananging sampun kalintu tampi, lo, sampun kok lajêng sabên lare gadhah kêkajêngan lajêng dipun pênggak. Awit manawi makatên, pun lare badhe dados lêmbèk, botên badhe anggadhahi kamajêngan utawi kêkêncênganing manah.

Namung tiyang sêpuh kêdah prayitna waspada dhatêng kêkajênganipun lare. Sanajan sae nanging punapa badhe awèt tujuanipun, punapa sakintên badhe lêstantun saenipun. Jalaran saking lampah ingkang makatên wau, pun lare lajêng sagêd ambedakakên tindak ingkang awon, utawi ingkang sae. Ingkang sae badhe linampahan, lan kosokwangsulipun ingkang awon botên badhe dipun trajang.

Dados atur kula ing ngriki, namung murih supados pun lare sampun ngantos ambêk kumintêr angadi-adi, [angadi-...]

--- 413 ---

[...adi,] dupèh kêkajênganipun punika pangraosipun lêrês utawi sae, lajêng mancahi utawi nyanthulani dhatêng dhawuhipun tiyang sêpuh. Awit racakipun lare punika namung ambujêng sênêng, botên pisan manah badhe kadadosanipun (anggêgulang andhap-asor, ambangun miturut, pitados dhatêng tiyang sêpuh).

Prayoginipun

Manawi pun biyung kumêcap: aja, măngka lêrêsipun: iya. Dados bab punika sampun têtela manawi biyung ingkang lêpat, punika sampun ngantos pun bapa andukani dhatêng pun biyung wontên ing sangajêngipun lare. Sampun ngantos lare nyukurakên: lah, hara, ta, rak bênêr aku karo ibu, rak pintêr aku karo ibu, sapanunggilanipun.

Sanajana botên kalair, ing batos lare mêsthi gadhah cipta ingkang makatên wau. Makatên ugi sanajan lare katingal marêm, dados adhapur tilêm, nanging têrkadhang lare wau botên tilêm sayêktos, namung rewa-rewa kemawon, satêmah pun lare inggih badhe mirêng.

Amila bokbilih wontên sabab kados ingkang sampun kacêtha ing nginggil, ingkang lajêng kadadosan pun bapa badhe duka dhatêng pun biyung, lan pantês upami biyung tampia dêduka, langkung prayogi manawi lare pinuju botên wontên.

Prêlunipun lare sampun ngantos ngrumaosi, aku luwih pintêr. Dados wosipun ing ngriki namung supados pun lare sampun ngantos kumintêr, nanging anggadhahana rumaos: aku iki bodho. (Anggêgulang andhap-asor).

Tatakrama

1. Ing sasagêd-sagêd lare sampun ngantos ngoko dhatêng andhahanipun (upami rencang), sampun ngantos ambêk priyantun, utawi anggadhahi ciptan: dhuwur (luhur) aku tinimbang kae.

Manawi wiwit alit lare sampun kadhasaran ambêk kêmluhur, kados badhe kirang prayogi kêdadosanipun. Awit wantuning wêwatêkan ingkang makatên wau, sisip-sêmbiripun asring nyimpang saking bakuning tatakrami.

Upami sampun dados priyantun, nanging tiyang sêpuhipun namung dados tiyang tani utawi kuli, dupèh badanipun kasinungan pangkat, lajêng botên purun angaosi dhatêng tiyang sêpuhipun. O, têka eman, upami makatêna.

Amila wiwit alit, prayogi kajagia, sampun ngantos lare anggadhahana ambêk: kumaluhur.

2. Manawi wontên ing panggenanipun pêpundhèn (upami masjid) sampun klilan lare lajêng dlajigan, sampun ngantos tanpi[9] agami. Sanajan taksih alit, lan dèrèng mangêrtos, nanging prayogi dipun èngêtakên, awit ngrêtosipun lare punika saking tiyang sêpuh. Nanging anggènipun ngèngêtakên wau, sampun ngangge sabab gugon tuhon, nganggea wêwaton ingkang lêrês.

Dados sampun ngantos upami sowan dhatêng lêlurah utawi pangagêngipun, lajêng tanpa ormat, malah dhatêng sintêna kemawon ingkang pantês utawi wajib dipun urmati, sampun atilar kaurmatan.

Sunardi. G.d. Tamanrêja.

--- 414 ---

Sawênèhing Masjid ing Mêsir

[Grafik]

Saangsluping srêngenge, isèn-isèning donya namung kantun lamat-lamat, griya agêng-agêng namung kantun rêgêmêngipun kemawon, nanging tumraping masjid, sanadyan kêtingalipun namung ngrêgêmêng, nanging ing nglêbêt kêbak jiwa ingkang gumrênggêng araos kasucian.

--- 415 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ăngka 20.

XVI.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Tatananing pamarentah.

Cara ingkang makatên punika, miturut sêratanipun Tuwan Baars ing ngajêng, sampun katindakakên ing pundi-pundi, saha ugi katindakakên tumrap pakêmpalan-pakêmpalan tunggil damêl, kopêrasi lan bêbadan-bêbadan sanèsipun sadaya. Manawi dipun wontênakên parêpatan ing pundi kemawon, punapa ingkang badhe dipun rêmbag wontên ing parêpatan wau, sadèrèng-dèrèngipun sampun dipun têmtokakên langkung rumiyin, sarta punapa ingkang dipun wontêni ing tiyang ingkang nama putusaning parêpatan, punika sajatosipun wiwit bikakipun parêpatan sampun sumèlèh, wontên ing mejaning pangarsa.

Dados wêkas-wêkasanipun sadaya panguwasa punika dipun cêpêng dening komite-komite parte ingkang sandi wau. Kados ing ngriki wontên gunanipun, anyariyosakên kadospundi caranipun komite-komite wau anindakakên kuwajibanipun, tuwin bangsanipun tiyang punapa ingkang sami nyambut damêl wontên ing ngriku.

Manawi nitik kawontênanipun têtiyang ingkang nyambut damêl wontên ing ngriku cacahipun sadaya kirang langkung wontên 50000, punika lajêng kenging katêmtokakên, bilih tiyang kathahipun samantên punika, botên sagêd manawi sadayanipun wau băngsa komunis lami, awit sadèrèngipun gegeran ing wulan Oktobêr, cacahipun komunis dèrèng samantên kathahipun.

Têtiyang komunis lami punika, ingkang sami nyumêrêpi sabab-sababipun anggèning sami amêrangi dhatêng sadaya pranataning Raja Ruslan, sarta ingkang kenging kawastanan para pêpilihan ingkang ngêmpal wontên ing bêbadan-bêbadan sentral sawatawis. Tumrap bagian ingkang agêng, punggawa-punggawa parte wau sami têtiyang ingkang lumêbêt dados liding parte, salêbaripun taun 1917, malah ingkang kathah sami sasampunipun taun 1921, dados têgêsipun: têtiyang ingkang mêntas dados komunis, sasampunipun partening komunis dados partening pamarentah, malah sasampunipun parte komunis wau ngasorakên mêngsahipun saha sasampunipun kêkah panyêpêngipun praja. Ingkang makatên wau mila inggih pancèn prêlu sangêt, amargi botên wontên tiyang sanès-sanèsipun ingkang kenging dipun pigunakakên, lan badhenipun ing pundi-pundi panggenan ingkang partenipun komunis angsal kamênangan. Ingkang makatên wau inggih prêlu sangêt, amargi ing pundi-pundi kemawon cacahing têtiyang komunis ingkang sajati punika namung sakêdhik sangêt. Dados panguwasa lajêng dipun cêpêng babarpisan dening amtênar tuwin para punggawa, ingkang tampi balănja jalaran anyêrati dalancang tumrap kaprêluanipun kaum komunis, ingkang angsal pangawasa, inggih punika ingkang dipun bandara-bandara minăngka gêgêntosing lurahipun lami, sarta jalaran saking makatên wau sampun tamtu punapa ingkang dipun tindakakên botên kenging dipun cacad. Bilih kalêrêsan inggih sok sagêd angsal tiyang ingkang sae utawi têmên.

Ananging ing Ruslan para amtênar lan punggawa wau, sami têtiyang saking golongan mawarni-warni, ingkang umumipun sami pintêr ginêman, tuwin kasagêdanipun langkung sakêdhik tinimbang ngêmungakên nyêrat saha maos kemawon (ing Ruslan tiyang ingkang makatên wau botên kathah) limrahipun têtiyang ingkang gadhah pangarah sumêdya angrêbat pangawasa, lan kathah sangêt bangsaning lare-lare, ingkang suwaunipun sami tumut ing pakêmpalaning para lare. Campuring tiyang-tiyang ingkang makatên wau, samangke ingkang nyêpêng panguwasaning praja ing tanah Ruslan.

Têtiyang ingkang sami dados komunis sasampunipun wontên gegeran, punika namung ing bab satunggal ingkang sami cocog sadaya, inggih punika angsalipun kasagêdan tuwin kawêgigan punika saking sêrat-sêrat sêbaran tuwin sêrat-sêrat kabar, sarta kawruhipun tumrap kawontênanipun donya, punika saking karangan-karangan dêdamêlan ingkang sok ngubêng-ubêng kawontênan ingkang sajatosipun.

Kabodhoanipun têtiyang wau, kajawi bab prakawis parentah-parentahing pangrèhipun parte lan pêrslah-pêrslah konggrès komunis, punika prasasat tanpa wangênan, agênging kabodhoanipun wau sami kemawon kalihan anggènipun sok sami angêdir-êdirakên. Kadospundi mênggahing kadadosanipun tumrap têtiyang ingkang candranipun makatên wau, manawi têtiyang wau botên ngêmungakên sagêd marentah sakajêng-kajêng pintên-pintên taun laminipun, ananging salaminipun ugi tansah dipun lêrêsakên. Amargi miturut salah satunggalipun ancasing komunis ing Ruslan, sintên ingkang wani ambantah dhatêng cabanging parte, punika ugi karêngkuh anêmpuh dhatêng komunismê, pamrentahing Sopyèt lan sadaya pranatanipun. (Badhe kasambêtan)

--- 416 ---

Kabar Prêlu

Burgerlijke stand Tiyang Siti

Saking jalaran dèrèng kêlimrah dipun sumêrêpi ing têtiyang siti, tuwin jalaran namung sakêdhik ingkang anggatosakên dhatêng pranataning Burgerlijke stand tiyang siti, ingkang wiwit tumindak ing tanggal 1 Januari 1928, dhirèktur dhepartêmèn yustisi ngintunakên sêrat sêbaran dhatêng para bupati ing tanah Jawi tuwin Madura, kajawi tanah karajan Jawi, ingkang suraosipun makatên:

Dhepartêmèn yustisi anampèni panuwuning bupati-bupati, supados kakintunan katrangan ing bab pranatan ingkang kawrat ing sêtatsêblad 1920 No. 751 sawatawis lêmbar, prêlu badhe dipun paring-paringakên dhatêng para pangagêng dhistrik tuwin ondêr dhistrik, paedahipun supados para amtênar tiyang siti sagêd anggiyarakên langkung gambêlang ing bab pranataning Burgerlijke stand tiyang siti ing bawahipun piyambak-piyambak. Ananging sarèhning katrangan-katrangan wau botên kathah pangêcapipun, mila panuwunanipun para bupati wau botên sagêd kasêmbadan.

Saking pangraosipun dhepartêmèn, botên prêlu mênggah tumrapipun amtênar liya-liyanipun (ingkang dede amtênar Burgerlijke stand) kêdah nyumêrêpi sadaya pranatan-pranataning Burgerlijke stand wau. Miturut ing panimbanging dhepartêmèn, amtênar-amtênar wau namung kêdah nyumêrêpi pranatan-pranatan ingkang wigatos kemawon, tuwin ingkang kêdah dipun limrahakên ing dhusun-ngadhusun wêwêngkonipun. Sambêt kalihan bab wau, pranatan-pranatan ingkang wigatos ing bab Burgerlijke stand tiyang siti, ingkang kenging dipun cariyosakên kalihan para amtênar B.B. tuwin salajêngipun ingkang kêdah kawaradinakên ing dhusun-ngadhusun wêwêngkonipun, urut-urutanipun kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

1. Tumrap golongan punapa tumindakipun pranatan Burgerlijke stand punika.

2. Sintên ingkang dados amtênar Burgerlijke stand tiyang siti, ingkang wajib anampèni palapuran ing bab lairing bayi tuwin tilaripun tiyang siti.

3. Manawi wontên bayi lair, bapakipun lare wau ingkang dipun wajibakên lapur dhatêng amtênar Burgerlijke stand.

4. Manawi bapa ingkang lapur kalairan wau dèrèng gadhah nama sêpuh, kêdah adamêl nama sêpuh ingkang têtêp.

5. Manawi wontên tiyang tilar donya, ingkang kawajibakên lapur prakawis tilar donya wau, tiyang ingkang sampun ngumur tuwin ingkang nunggil sagriya kalihan ingkang tilar donya.

6. Manawi nglapurakên bab kalairan, tuwin nêtêpakên nama sêpuh, tiyang ingkang lapur wau kêdah pinanggih kalihan amtênar Burgerlijke stand kanthi tiyang kêkalih ingkang sampun ngumur 21 taun minggah.

7. Nglapurakên ing bab tilar donya, kenging namung ambêkta saksi satunggal kemawon.

--- 417 ---

8. Lapur ing bab lair tuwin tilar donya dhatêng amtênar Burgerlijke stand punika kêdah tumindak kasèp-kasèpipun 10 dintên, sasampunipun pinanggih wontên bayi lair utawi wontên tiyang tilar donya.

9. Tiyang-tiyang ingkang dipun wajibakên nindakakên palapuran wau, bilih sêmbrana botên nêtêpi wajibipun, dipun gantungi ing paukuman dhêndha f 100,- (miturut bab 529 ing buku undhang-undhang ukum).

Kajawi punika, dhepartêmèn nêrangakên, bilih parap ing rêgistêr Burgerlijke stand punika botên kenging ngangge tăndha tangan tuwin tăndha cap, kêdah dipun sêrat ingkang têrang.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Observatorium ing Wèltêprèdhên, kala malêm Sêtu, jam 1.29 amèngêti wontên lindhu agêng ingkang pinangkanipun saking kilèn, têbihipun 2000 K.M. Ing Kotaraja dalu wau jam 1, ugi kraos wontên lindhu, nanging botên patos kraos.

Parêpataning para kumite, badhe wontênipun Pasar Gambir ing taun punika wontên ewahipun sawatawis, ing golongan kagunan Indhiya, têtanèn tuwin pambranahan rajakaya, dipun papanakên ing ngajêngan, ing papanipun lami badhe dipun dêgi tèntunsêtèling pèrês, buku-buku tuwin oto. Ingkang rumiyin papan dhansah tuwin rèsturan, badhe dipun dêgi pêpêthan pêkên ing nagari Walandi cara kina tuwin rèsturan adhapur raadhuis.

Pambantu Kajawèn ing Kudus ngabarakên, bilih nalika dhawahing kasangsaran panjêblugipun pabrik long, griyanipun ingkang têbihipun saking papan kasangsaran wau wontên 150 mètêr, ugi katut risak, jalaran kadhawahan kajêng-kajêng saking pabrik wau. Sangajênging griyanipun kêdhawahan kêlokopan sirah tiyang, ing wingkingipun wontên tugêlan gêgêr tiyang, ing pakampungan sanès-sanèsipun ugi kathah griya karisakan, ingkang jalaran saking kasumuban bantêring swara.

Radèn Ayu Sangkaningrat, garwanipun ingkang bupati ing Bandhung, ing pungkasanipun wulan punika wangsul angajawi saking nagari Walandi, awit miturut saking papriksaning dhoktêr, botên kuwawi kataman hawa asrêp wontên ing nagari Walandi, kaprayogèkakên kondur kemawon. Makatên ugi sêdyanipun badhe minggah kaji dhatêng Mêkah inggih kasandèkakên, inggih jalaran saking kiranging kasarasanipun wau. Ing tanggal 9 tindakipun sampun dumugi ing Marseille nitih kapal Christiaan Huygens kintên-kintên dumuginipun ing Tanjungpriuk wontên tanggal 31.

Yong Yapa ngawontênakên parêpatan wontên ing Logegebouw, ngrêmbag: 1. Ewah-ewahan wangsulan Nationaal, ingkang mêdhar sabda Radèn Tumênggung Jaksadipura, sêtudhèn pamulangan luhur pangadilan. 2. Tumandanging golongan putri ing Indhiya, ing bab kamajêngan dening Nonah Maryam, tuwin 3. Indonesische Nationaliteit dening Tuwan Musimun, setudhèn pamulangan luhur dhoktêr. Satamatipun mawi dipun wontênakên pêthilan ringgit tiyang.

Radèn Tumênggung Ahmad, bupati ing Mèstêr Kornèlis, wontên wartos kaparêngakên pêrlop dhatêng Eropah, tindakipun sakulawarga wontên tanggal 30 Mèi, nitih kapal P.C. Hooft. Sagêd ugi salêbêtipun pêrlop dipun wakili Radèn Adinagara, patih ing Mèstêr Kornèlis. Lamining pêrlop badhe sataun, dene punapa ingkang badhe kasêdyakakên wontên ing Eropah, dèrèng kawêdhar.

Para suradhadhu Mênadho Wuntu lan Weenas ingkang jalaran tumut adamêl gegeran kumunis ing taun kapêngkêr punika, kaukum pêjah, dening pangadilan luhur militèr ukumanipun wau dipun ewah dados: Wuntu kaukum kunjara limrah 10 taun, kaukum kunjara cara militèr 10 taun, Weenas kaukum kunjara limrah 10 taun, kaukum kunjara cara militèr 9 taun, ukuman samantên wau kanthi kapotong kalanipun dipun tahan wontên ing pakunjaran.

Wontên pawartos, bilih ing dintên Kêmis wulan Juli ngajêng punika, ing Surabaya badhe kabikak pamulangan calon dhoktêr untu Indiya. Pamulangan wau badhe dipun wiwiti mawi murid 30, dene ingkang katampi ing pamulangan punika, para mudha ingkang sampun tamat pasinaonipun wontên ing Milo (Mulo), para murid ingkang katampi

--- 418 ---

ing ngriku lare sadaya băngsa. Pamarentah anyadhiyani birên kangge lare sakawan, inggih punika lare-lare ingkang botên sagêd mragadi sêkolahipun. Pambayaranipun sêkolah f 15 ing sawulanipun, danguning sêkolah 5 taun, ingkang 4 taun kawulang ing bab teorinipun, sataunipun malih kawulang praktikipun.

Kala tanggal 10 wulan punika, Tuwan Mr. De Wit dipun cêpêng, jalaran dipun dakwa, ing salêbêtipun taun 1925 nyalingkuhakên arta, asli tagihan nalika piyambakipun dados pokrul Loemadjang Import tabak Mij.

Rêsèrsê candu ing Medhan, mêntas ambêskup candu pêtêng wawrat 2400 rêgi f 65.000.- wontên ing kapal van Heutsz.

Lanrèhtêr ing Bandhung mêntas andhawahakên karampungan, ukum dhêndha dhatêng tiyang nama Epharim jalaran nindakakên padamêlan anjampèni, ingkang piyambakipun botên wajib.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên: Botên watawis dangu malih Ki Hajar Dewantara (kala rumiyin nama Suryaningrat) panuntuning insêtutut Taman Siswa ing Ngayogyakarta badhe adamêl sêsorah ngantos rambah kaping tiga, kaping kalih wontên ing ngarsa dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara saabdi dalêm sadaya ing bab pangajaran tumrap kabangsan. Ingkang sapisan, ing bab pranatanipun amulang gêndhing Jawi, inggih punika wontên ing pakêmpalan kagunan Jawi Mardi Guna ing Surakarta.

Katêtêpakên dados asistèn wadana ing Buwayan, apdhèling Kêbumèn: Radèn Admasuwita, mantri pulisi Têgalrêja, samangke lirling ing pulisi sêkul ing Sukabumi.

Miturut sêrat palapuran sêsakit pès, wiwit tanggal 19 dumuginipun tanggal 25 Pèbruari, têtiyang ing Têmanggung ingkang nêsirang[10] sêsakit wau, wontên 61, sadayanipun sami tiwas.

Băngsa Tionghwa ing Kudus adamêl parêpatan dipun pangarsani Tuwan Tan, prêlu badhe ngwèntênakên[11] urunan kangge mitulungi kasangsaran ing Kudus. Wohipun sanalika kemawon sampun angsal arta f 1000,- malah wusananipun dase[12] f 1570,-

Ing bab ewah-ewahan kalênggahan ing rad kawula tumrap têtiyang siti, saèstu badhe adamêl utusan dhatêng nagari Walandi, supados sagêd andayani dhatêng pursêtèl wau. Artanipun waragad sampun wontên, nanging dèrèng dipun têtêpakên pangkatipun.

Saking Surulangun (Palembang) kawartosakên, bilih kala tanggal 6 Marêt ingkang kapêngkêr punika, Asistèn Dêmang Mruwitrawas, pangkat dhatêng paresidhenan Kêdhu, prêlu ngupados kuli, ingkang badhe dipun mara damêlakên wontên ing margi-margi.

Kawisudha dados wadana ing Kaloran, apdhèling Têmanggung: Mas Suwignya, ing suwau asistèn wadana ing Pakis, dhistrik Têgalrêja, apdhèling Têmanggung.

Kala nipun[13] wontênakên èksamên kangge ing pamulangan calon guru bantu ing Ambahrawa, para kandhidhat ingkang sami anêmpuh ing èksamên wau wontên lare 233, inggih punika para murid wêdalan pamulangan cacahipun 67, ingkang kathah saking pamulangan-pamulangan ing Ngayogyakarta, Surakarta, Kêdhu, lan Sêmarang, lare samantên wau ingkang katampi namung wontên 54.

Gêmintê rad ing Palembang botên purun nyambutdamêl sêsarêngan kalihan burgêrmistêr. Nalika sawêg parêpatan, para lid băngsa Eropah lajêng bibaran sêsarêngan nilar tuwan burgêrmistêr.

Angsal-angsalanipun S.S. ing salêbêtipun wulan Pèbruari kêpêngkêr wontên f 4.557.418. Tinimbang wulan Pèbruari taun kêpêngkêr, kathah sapunika, langkungipun wontên f 364.984.

Gêdhong landrad ing Sukabumi mêntas dipun bobok ing durjana, ngrisak kori kamaripun presidhèn, ing ngriku wontên pêthinipun tosan, nanging botên dipun risak. Wontên tatah gamaning durjana ingkang kantun.

Pamulangan ăngka kalih ing Waru, Madura, wiwitipun kabikak ing taun 1910, dèrèng nate wontên muridipun èstri, sarêng ing taun pangajaran 1927–1928 wiwit wontên. Sakawit namung satunggal, dangu-dangu wêwah, ngantos wontên gangsal. Sêkolahan dhusun ing dhistrik wau ugi wontên muridipun èstri, dados wiwit punika kêtingal majêng. Ing pamulangan ăngka kalih wau, wontên murid 5 ingkang lulus pandadaran guru dhusun, wontên ingkang sampun dipun têtêpakên. Mêntas wontên satunggal, ingkang malêbêt pandadaran pamulangan normal ing Jêmbêr. Ing taun punika kabaripun ing pamulangan wau dipun wêwahi klas V. Ing dhistrik Waru punika kajawi pamulangan ăngka kalih, wontên pamulanganipun dhusun 5 panggenan.

Pawartos Saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1807 ing Bojanagara. Kajawèn nomêr 1 dumugi 8 sampun têlas. Lêngganan kapetang wiwit 1 Pèbruari 1928.

Lêngganan nomêr 1791 ing Klumprit, Kroya. Pangajêng-ajêngipun Kajawèn pancèn makatên. Manawi ngintunakên karangan dipun ngalamatana dhatêng: rêdhaksi Kajawèn Wèltêprèdhên.

Pêpèngêt dhatêng para manjurung.

Sampun pisan-pisan ngintuni karangan kasêrat ing dalancang molak-malik, punika adamêl rêndhêting panggarap, awit pancèn kenging dipun garap ing tiyang kalih, manawi dipun sêrat makatên, kêpêksa namung dipun garap ing tiyang satunggal. Wiwit sapunika manawi wontên ingkang manjurung taksih dipun sêrat molak-malik, manawi botên prêlu sangêt, badhe botên kapacak, kauningana.

--- 419 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

23

7

Kula sadaya lajêng sami pandêng-pandêngan, Orme lajêng awicantên: yèn wong-wong kae nêmpuh, ayo padha dilabrag. He sêrsan Quick untamu sadhiyakna ing ngarêp, yèn si gêntho Josua kae nyoba nindakake sing ora bêcik, tumuli bêdhilên bae êndhase.

Ingkang makatên wau, tumrapipun Quick botên mawi dipun cariyosi malih, bokonging unta lajêng dipun gêbag mawi poporing sanjata, saha lajêng têrus amurugi dhatêng Josua.

Quick wicantên santak: He, minggir bajingan têngik. Jalaran saking punika, kapalipun Pangeran Josua dados kagèt sangêt, saha lajêng ngadêg, ingkang numpak ngantos kêplorod dumugi buntut dhawah ing siti. Kawontênan ingkang kados makatên punika, ingatasing pangeran ingkang nuju mangagêm sarwa sae, inggih kêtingal mêmêlas sangêt.

Kula sadaya lajêng ngêpung sang sultan, saha lajêng anggarubyug tindakipun dhatêng panggenaning punggawa kêkalih ingkang kantun. Kala punika punggawa kêkalih wau bandhangan murugi kula sadaya, amargi sumêrêp bilih wontên bêbaya.

Sultan Barung angandika: sangêt ing panarimah kula. Nanging o mitra kula têtiyang mănca, mugi mitulungana kula malih, wangsula dhatêng panggenaning babi ingkang nyandhang kaprajuritan, lan cariyosa dhatêng piyambakipun, bilih Barung sultaning têtiyang băngsa Fung, sagêd nitik saking kalakuanipun Pangeran Josua, piyambakipun sumêdya prang tandhing kalihan kula. Sampeyan prasabêna, sanadyan samangke kula botên ngangge kêre, kula sumêdya ngladosi punapa ingkang dados pikajênganipun.

Sanalika kula inggih lajêng pangkat, badhe nyariyosakên wêwêlingipun wau, ananging Pangeran Josua sakalangkung julig nindakakên padamêlan ingkang ambêbayani punika.

Wangsulanipun Pangeran Josua, bilih botên wontên ingkang adamêl kasênênganing galihipun, kajawi nigas jangganipun tiyang kapir punika. Ananging rumaos cilaka sangêt, dene salah satunggiling tiyang mănca punika sagêd damêl dhawahipun sang pangeran saking kapalipun, lan sang pangeran karaos sakit sangêt, ngantos prasasat botên sagêd ngadêg, amila tumrap ing wêkdal punika, ingatasipun prang tandhing, botên kuwagang babarpisan.

Kula lajêng wangsul sowan dhatêng sultan malih, ngaturakên wangsulan makatên punika. Sultan Barung botên ngandika punapa-punapa, ngêmungakên mèsêm kemawon. Sang prabu lajêng lukar sangsangan kaparingakên dhatêng Quick. Miturut pangandikanipun, amargi pun Quick sampun nyatakakên mênggahing kasagêdanipun nênumpak tuwin kêkêndêlanipun. Sasampunipun sang sultan lajêng andhingkluk urmat dhatêng kula sadaya urut satunggal-satunggal, lan sadèrèngipun tiyang Abati adamêl karampungan nêmpuh utawi botên, sang sultan sampun anggêblas ambandhangakên titihanipun nuju dhatêng Harmac.

Makatên mênggah pitêpangan kula kalihan Sultan Barung ratuning têtiyang Fung.

8. Ayang-ayanganing kasangsaran.

Lampahipun saking papan ingkang andhap wau lajêng minggah, saha sadumugining margi ingkang anjog papan inggil ing Mur, papanipun kêtingal anggumunakên sangêt. Kula ngantos gadhah gagasan, punapa inggih ing donya punika wontên papan ingkang dipun dunungi ing manungsa, ingkang elok sangêt, primpên tinêbihan ing mêngsah, ingkang dumados saking kodrating alam, kados makatên. Margi-margi ingkang kalangkungan punika, bokmanawi kala rumiyin lèpèn-lèpèn, ingkang mili saking rêdi mangandhap, anjog ing rawa, saha ing kinanipun ngêlêbi papan ngriku, ananging samangke jêmbaripun namung wontên ukuran panjang 20 tuwin wiyaripun 10 pal. Lan bokmanawi ing têmbe, têtiyang ingkang sêpuh-sêpuh ingkang badhe ngrampungakên margi wau, dene dumuginipun kala punika, dêdamêlanipun têtiyang wau taksih cêtha.

Kalih pal ing wiwitan, marginipun wiyar saha botên patos minggah sangêt, mila kala rumiyin kapal tumpakan kula sagêd bêbandhangan kanthi sakeca. Ing panggenan ingkang kala satunggaling dalu kula badhe dipun rangsang ing singabarong, ing ngriku marginipun malih babarpisan, kadhang-kadhang marginipun ciyut sangêt, ngantos tiyang kêdah lumampah urut kacang ing sasêlaning sela ingkang inggilipun wontên atusan kaki, sanadyan ing wanci siyang, margi wau inggih pêtêng. Ing papan sanès-sanèsipun [sanès-sanèsi...]

--- 420 ---

[...pun] malih, marginipun ciyut saha anjojog dhatêng jurang, ngantos kewan-kewanipun momotan botên sagêd lumampah, malah kula sadaya kêpêksa mudhun santun numpak kapal, ingkang sampun kulina ngambah ing margi-margi ingkang kados makatên. Saantawis malih marginipun urut têmbinging jurang ingkang lêbêt sangêt, saha sakalangkung ambêbayani kangge tiyang nênumpak tuwin ngingêrakên têtumpakan. Wontên ing papan ngriku, sanadyan namung tiyang kalih wêlas, sagêd anglawan prajurit pintên-pintên kathahipun, salajêngipun kula ngambah ing trowongan kêkalih, ingkang kula botên mangrêtos, dêdamêlaning tiyang punapa sanès.

Kajawi punika, ing ngrika-ngriki wontên gapura-gapuranipun ingkang santosa-santosa tuwin wontên manara-manaranipun, ingkang rintên dalu wontên tiyangipun jagi. Jalaran saking kawontênan ingkang makatên punika, têtiyang Abati ingkang bakunipun jirih-jirih wau, sagêd anjagi siti-sitinipun, ingkang dipun têmpuh ing têtiyang Fung ingkang kêndêl-kêndêl.

Kajawi punika, taksih wontên margi kalih sanèsipun, ingkang anjog ing Mur, ananging margi-margi wau inggih sami kemawon botên kenging dipun ambah, punapa malih manawi mêngsah nêdya nêmpuh saking ngandhap.

Kula sadaya wau amujudakên arak-arakan ingkang lucu. Para nayaka sami mangangge ingkang sarwa muyêk, dene kula têtiga, sampun botên nate adus-adus, kathik panganggenipun pating srompal.

Sanadyan Orme dumuginipun ing wêkdal punika ragi sagêd nahan sakitipun, ananging kala punika kula sagêd sumêrêp cêtha, bilih jalaran saking pambalêdhosing dhinamit punika, piyambakipun nandhang sakit sayêktos. Anggènipun numpak unta dipun jagèni tiyang kêkalih supados botên dhawah saking tumpakanipun.

Makatên ugi panggagasipun dhatêng Higgs ingkang kêpêksa katilar lan badhe dipun pêjahi kanthi siksa ingkang sangêt, ugi andadosakên trênyuhing manahipun. Kados punapa mênggah raosing manah kula, punika sampun cêtha, amargi kula botên ngêmungakên kecalan mitra kemawon, ananging ugi kecalan anak kula piyambak.

Wadananipun sang putri kala punika botên katingal, amargi kudhungipun dipun tutupakên, ananging mirid saking solah-bawanipun, kula inggih sagêd nitik manawi sang putri ugi agêng sungkawanipun. Makatên ugi anguwatosakên dhatêng kawontênanipun Orme, amila sakêdhap-sakêdhap inggih mriksani dhatêng Orme. Pangeran Josua ingkang dhawah saking kapal, katingalipun inggih botên kêtingal sangêt tatunipun, kados ingkang sampun kawartosakên ing ngajêng, jalaran nalika dumugi papan ingkang ciyut saha marginipun minggah sangêt, sang pangeran lajêng mudhun saking kapalipun, tuwin lumampah anyarêngi kapal rêrikatan, makatên ugi kêtingal anggènipun botên cocog kalihan kula sadaya, langkung-langkung dhatêng Quick saya kêtingal sêngit sangêt. Saupami tingalipun sagêd amêjahi kula sadaya, bokmanawi kula sadaya botên sagêd dumugi ing Mur kanthi wilujêng.

Dangu-dangu kula sadaya sagêd dumugi ing Mur, têtiyang Abati sami dipun pêthukakên ing anak semahipun kanthi bingah-bingah, tuwin sami surak-surak rame kalihan ngêtutakên turut margi. Sanalika punika Quick lajêng angêlokakên, wicantênipun: sajake wong-wong Abati kuwi kaya mêntas têka saka paprangan gêdhe, lan unggul ing pêrang.

Wicantênipun wau mawi kasambêtan makatên: kalane aku biyèn bali saka pêrang musuh wong Boer, kang mêthukake têka mung biyungku dhewe. Calathune biyungku, dhèwèke duwe pangarêp-arêp, supaya aku aja anglakoni edan-edanan manèh, mangkono panyêbute biyungku tumrape marang wong kang dadi prajurit, lan pangarêp-arêpe supaya aku sabanjure têntrêm urip ana ing omah bae. Adhuh, adhuh, yèn aku andêlêng kaanane wong Abati iku aku ênêk têmênan, muga-muga wong Abati mekrada kabèh. Seje karo Sultan Barung, kae wong sing cocog karo atiku têmênan.

Salajêngipun kula sadaya dumugi ing alun-alun agêng pasagi, ingkang kêtuwuhan ing sêsêkaran saha wit-witan. Ing ngriku wontên sasêlaning parêdèn, mila hawanipun sakeca sangêt, lan jalaran rêdi ingkang inggil-inggil punika sagêd nênarik dhatênging jawah, mila kawontênanipun pasitèn ing ngriku inggih loh. Ing sisihing alun-alun wontên griyanipun pêthak andhap, ananging panjang, mawi palêngkung-palêngkung pradan. Griya wau kinupêng ing tembok sap kalih mawi jagang, bokmanawi tembok wau prêlu kangge anjagi panêmpuhing mêngsah.

Inggih griya wau karatonipun. Nalika kula wontên ing ngriku kala rumiyin, namung dipun lilani malêbêt ing kadhaton wau sapisan kaping kalih kemawon. Para tiyang ingkang apangkat agêng, griyanipun sami manggèn ing sakubênging alun-alun, ing sabên pakarangan wontên pakêbonanipun. Ragi mangilèn sakêdhik wontên griya-griyanipun umum, kados ta griya pakêmpalan. Griya pakêmpalan wau, wêwangunanipun miturut sêrat katranganing candhi, yêyasanipun Kangjêng Nabi Suleman ing Jerusalem nanging ing ngriku alit.

Sadumugining gapura karaton, kula sadaya lajêng kèndêl. Pangeran Josua lajêng nyuwun pitakèn dhatêng sang putri kanthi ngontog ing galih, punapa sang pangeran dipun parêngakên ngirit kula sadaya dhatêng griya tamu, ingkang dunungipun wontên sakilèning kitha.

Sang putri angandika: O, botên paman, priyantun mănca têtiga punika kajêngipun manggèn ing griya pamondhokan ing karaton, ingkang salaminipun kasuwungakên kangge papan pamondhokanipun para tamu kula sadaya. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


ingkang. (kembali)
aywa. (kembali)
kapengin. (kembali)
ngrêrangin. (kembali)
Kurang satu suku kata: byung-ubyungan tanpa kardi. (kembali)
saindênging. (kembali)
kapurih. (kembali)
lare. (kembali)
tanpa. (kembali)
10 kasêrang. (kembali)
11 ngwontênakên. (kembali)
12 dados. (kembali)
13 dipun. (kembali)