Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04-14, #138

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04-14, #138. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04-14, #138. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 04-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 30, 23 Sawal Taun Jimakir 1858, 14 April 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [557] ---

Ăngka 30, 23 Sawal, Taun Jimakir 1858, 14 April 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan angêlangut

[Grafik]

Punika gambaripun talaga ing Toba (Sumatra). Bilih botên dipun cariyosakên manawi talaga, tamtu dipun wastani sagantên. Sampun tamtu kemawon para maos lajêng sagêd anggalih mênggahing wiyaripun talaga wau.

--- 558 ---

Raos Jawi

Jamaning Tiyang

Tiyang gêsang punika wiwit tumitah wontên ing donya, nama manggèn wontên ing jaman, dene jaman wau tansah santun-santun, tumrap tiyang ingkang ginanjar umur panjang dening Pangeran, tamtu ngraosakên warni-warnining jaman, ingkang pinanggih ing salêbêting gêsang.

Bayi ingkang sawêg lair ngantos dumugining ngancik gadhah pangrêtos, kenging dipun wastani taksih manggèn wontên ing jaman sakeca. Sasolahtindakipun namung sarwa dipun êmong ing tiyang, ungêlipun ingkang pating calewo malah damêl kasênênganing tiyang ingkang sumêrêp.

[Grafik]

Watêking lare alit, limrah anggêga kajêngipun piyambak.

Sarêng sampun ngancik ngumur nêm taun, pun lare rumaos sampun manggèn ing jaman sanès, awit ing ngriku sampun angraosakên kataman ing pitutur, utawi srêngên manawi nuju anglampahi kalêpatan. Makatên ugi èngêtanipun ingkang dèrèng nate tumănja ing damêl, lajêng dipun rèh kapurih tumandang, inggih punika mêmikir kalanipun angsal wulangan saking guru. Dangu-dangu pikiranipun saya kulina, lajêng ngrumaosi manawi sampun santun manggèn wontên ing jaman sêkolahan. Lare ingkang sampun wiwit ngraosakên pangajaran, sanadyan wontên ing griya, dolanipun sampun ewah saking padatan, awit pikiranipun tansah kataman ing pamrêdi, ingkang lumintu tanpa kêndhat, nanging taksih ngangge pikiraning lare.

Sasampunipun ngancik ing klasing pamulangan ingkang nginggil, pikiraning lare ewah malih, sanadyan taksih lare, nanging sampun kêcipratan raosipun tiyang sêpuh, awit tumrap pangajaranipun ingkang dipun tampi, sampun kathah ingkang angiribi dhatêng gêgayutaning sêpuh, mila lare ingkang sampun wontên ing ngriku, kenging dipun wastani sêpuh, mila lare ingkang sampun wontên ing ngriku, kenging dipun wastani manggèn ing jaman badhe ngancik diwasa, lairipun taksih lare, namung ing batos sampun wontên dhêdhêraning

--- 559 ---

raosipun tiyang sêpuh.

Satamating saking pamulangan, mênggahing gampilanipun miturut umur, kenging dipun wastani, yèn jalêr, jaka kumala-kala, diwasanipun sampun anyêlaki, awit umur-umuraning lare samantên punika, tumrap gêsangipun, tinimbang dipun wor kalihan lare, pilih ngêmori tiyang ingkang sampun diwasa. Ing ngriku mênggahing kabatosanipun, pancèn sampun kêtuwuhan pamanahan kêpengin nyambut damêl, têgêsipun sanadyan anglajêngna sinau, pasinaonipun sampun saksat kados rêkaosing tiyang nyambut damêl, mila gampilanipun inggih dipun damêlakên upami nyambut damêl, lan kenging dipun wastani manggèn ing jaman nyambut damêl. Salêbêtipun nyambut damêl wau, tumraping pamanahanipun tansah anggagas dhatêng kadiwasanipun, têgêsipun sampun nindakakên kabingahan warni-warni.

Matênging kabingahan punika nama sampun dados tiyang diwasa, dene têtêping diwasa wau, tiyang tansah ngawontênakên pikiran, ingkang nêtêpi kodratipun, sampun gadhah niyat sumêrêp caraning jêjodhoan, tuwin sarèhning sampun kasampiran sarat-saratipun tiyang badhe amêngku semah, inggih punika anggènipun sampun nyambut damêl, mila inggih gampil kalêksananipun lajêng jêjodhoan. Sasampunipun kalampahan, nama manggèn ing jamaning salakirabi. Salêbêtipun wontên ing jaman punika, pêcahing pikiran lajêng santun angraosakên caraning tiyang mêngku bale griya, sumêrêp raosing kabêtahan ingkang kêdah mêntas saking badanipun piyambak. Gadhah wajib angrampungi ruwêt rêntênging pamanahan manawi nuju kataman ing rêribêd.

Ing ngriku tumindaking pikiranipun tansah ngêlangut botên wontên sampun-sampunipun, awit tansah angèngêti murih sakeca sèlèhing badanipun. Wusana sarêng gadhah anak, jlêg, lajêng ngrumaosi manawi sampun dados tiyang sêpuh, pamikiripun dhatêng badanipun piyambak sampun suda sapalih, kalong dipun sukakakên dhatêng anak, awit ngrumaosi manawi sapunika gêntos kasampiran ing wajib kêdah manah badhe prayoginipun kadadosaning turun, lan angèngêti manawi rumiyin inggih nate nglampahi kados makatên, dados sapunika têtêp manggèn wontên ing jaman sêpuh. Ing ngriku tiyang lajêng kêtuwuhan pamanahan angèngêt-èngêt dhatêng lêlampahanipun ingkang sampun kêpêngkêr, dipun pilah-pilah awon saenipun, ingkang sae dipun sukakakên anak, ingkang awon dipun bucal. Wontênipun makatên, dening ngraosakên, bilih anakipun namung nêdya badhe dipun damêl sae, mila lajêng kèngêtan dhatêng kasaenanipun bapa. Dados mênggahing saening bapa, sanadyan botên dipun êkèn nênulad, anak kêpêksa anglampahi, awit sapunika sampun angraosakên piyambak, saha botên kenging oncat kêdah nglampahi kados tindaking bapa, punika nama têtêp anampèni tagihan ing bab potanging bapa dhatêng anak, dene ingkang dipun êkèn nagih putunipun. Mila manawi dipun raosakên, urut-urutaning lêlampahan ingkang makatên punika sok damêl gujêng.

Saampunipun dados tiyang sêpuhing lare, ingkang nama bapa, traping pamrêdinipun dhatêng anak nama namung

--- 560 ---

tansah andhêdhêri wiji sae, awit anak punika ing sadèrèngipun diwasa, tanpa kêndhat tansah dados pikiran. Dene manawi sampun diwasa, pangrêngkuhipun lajêng santun namung kados mitra, mila ing ngriku ugi lajêng nama sampun manggèn ing jamaning kaki. Dening tumraping kaki, wontênipun namung damêl pitutur sae, kajêngipun namung adamêl sêsorah dhatêng kautamèning bêbudèn, sajak-sajakipun sampun sanès rêmbag dhatêng kawontênaning donya, awit rumaosipun tiyang ingkang sampun manggèn ing jamaning kaki, yèn upami lumampaha, sampun bablas têbih angêlangut, malah sampun anyêlaki dumugi kithaning kapatèn. Ing wusana saèstu, dumugining titimăngsa lajêng manggèn ing jaman pati, ingkang sampun botên kenging dipun cariyosakên malih.

Bab Têtuwuhan

Ngudhoni Rêmbag Bab Katès

Ing Kajawèn No. 25 wontên sêsêbutan katès grandhèl, punika manawi tiyang Jawi Wetanan limrah amastani katès gantung, awit wujuding uwohipun gumantung panjang gagangipun, inggih punika ingkang sok pinilala minăngka jêjampi cara Jawi inggih: êlung, sêkar, pêntil tuwin oyod katès gantung wau, ingkang sok migunakakê[1] punika tiyang ingkang nêmbe gadhah anak. Cariyosipun sagêd ambancarakên toya susu, lêrês anglêgakakên padharan manawi lung katès wau kangge kuluban. Ananging uwohipun ingkang matêng ragi kêkiwa awit botên patos eco raosipun tinimbang sanès-sanèsing katès. Mênggahing woh limrahipun ingkang sok awis rêginipun inggih punika katès Bali, katès Bali punika wujudipun sami kalihan katès gambêlok ugi sagêd sakêndhil, raosipun lêgi.

Kajawi punika wontên malih ingkang kawastanan katès Jêpang, katès Jêpang punika wujudipun lonjong, kulitipun pating prithut, (botên alus kados sasamining katès) lêgokaning balimbinganipun ragi lêbêt, yèn matêng warninipun jêne raosipun anglêg, sanajan taksih satêngah matêng ugi sampun araos lêgi, malah rênyah sangêt, sok tiyanga ingkang nêdha katès Jêpang ingkang satêngah matêng wau masthi rumaos botên purun kendêl, kabêkta saking kumriyaking pangênyam, pramila sami-sami katès, katès Jêpang punika kagolong adèn, namung kuciwa botên sagêd agêng, notoging agêngipun namung sapêlêm gandhik. Isinipun botên kathah, tarkadhang namung isi 1-2 utawi tanpa isi babarpisan. Sanèsipun punika wontên malih: katès krêndhil punika alit-alit sangêt, dagingipun tipis tur isinipun kathah, namung limrahing woh ambiyêt sangêt ngantos ing uwit katingal anggarembol sêsêg, sawênèh ngantos gèpèng margi kêpèpèt kancanipun. Raosipun lêgi nanging botên patos pinilala, [pini...]

--- 561 ---

[...lala,] ingkang masthi namung dados têdhaning pêksi, botên limrah katanêm, adatipun namung thukul piyambak.

Sapunika kula ngaturi pamanggih sawatawis malih kados ingkang kasêbut ing Kajawèn No. 25 lan prakawis punika kula sampun asring nindakakên, malah ngantos sapriki taksih tuwuh. Inggih punika: nyêmpèla êpang katès sasênêngipun, watawis ingkang salêngên agênging êpang lajêng katancêpna ing siti ingkang têlês watawis satêngah kaki lêbêtipun. Godhonging êpang wau ingkang sêpuh kaprithilana watawis ing têngah-têngahing gagang sampun kêmèpètên, kakantuna pupusipun kèmawon, 4 utawi 5 lêmbar, prêlunipun sampun ngantos gampil oyag. Kaangkaha sampun ngantos bosok utawi garing bonggoling pang ingkang tumancêp ing siti wau, kajagia sampun ngantos gampil oyag, inggih punika kakrobongan sawatawis minăngka panolaking angin punapa dene ayam cêcèkèr. Pratikêl makatên wau ngadat sagêd nuntên tuwuh tur langkung enggal awohipun lan botên sagêd malih.

[Grafik]

Bangsaning katès alit

Saking pamanggih kula katimbang nanêm dhêdhêran langkung prayogi ngangge rekadaya kados makatên wau, kathah-kathahipun tiyang botên ngandêl manawi pang katès punika kenging katanêm turusipun, malah kula piyambak waunipun ugi botên ngandêl manawi pang katès katanêm turusan sagêd gêsang, sarêng kula cobi piyabak, ngantos sapriki têka taksih kenging kula têdha wohipun tur botên malih raos utawi wujudipun saking asaling babon. Wasana nyumanggakakên.

Saking kula, Nirrasa Nitiatmaja. Tumpang, Malang.

Panglipur Manah

Adil Punika Wontên Sanginggiling Ratu

[Mijil]

Pantês măngka pêpèngêt ing tulis | rarasing lêlakon | kadi nguni carita labête | Prabu Karêl ping lima mandhiri | kang ambêg linuwih | panggalihanipun ||

amarêngi sawijining ari | sri

--- 562 ---

narendra miyos | tindak saking Anwèrpên kuthane | maring Brusil ginrêbêg ing abdi | wahana turanggi | tindake gumrudug ||

mawèh gawoking samargi-margi | kang samya nênonton | rêbut ngarsa lir atur pambage | ing sugênge narendraning nagri | janma jalu èstri | katon pipit pênuh ||

praptanira sajabaning nagri | mêksa kumaroyok | para pangon aninggal wajibe | samya kèlu umulat ing gusti | kang nêmbe lumaris | kongsi gumarudug ||

duk samana lampahirèng abdi | kang anggrubyug katong | ing sawênèh ana kang amire | ing wêkasan lampahirèng wajib | sêmbrana kêpati | têmah ngidak wêdhus ||

punang menda tumêka ing pati | wau ta kang pangon | dahat susah rasaning atine | ing wêkasan tawan-tawan tangis | kawistara kongsi | tansah sênggruk-sênggruk ||/

kathah janma kang samya ngrêrapih | bok aywa mangkono | iku apan luputira dhewe | dene sira wis wêruh sang aji | têka tan sumingkir | parikudu nrambul ||

mula datan anèh kang pinanggih | yèn katêmah layon | wêdhusira kang kêpidak kuwe | wis mênênga sira aywa nangis | angisin-isini | mundhak ginaguyu ||

nanging janma kang dèn pituturi | malah saya glolo | tan narima dening pangimure | nulya katon janma kang mangrêti | alon mituturi | wahyanira arum ||

wus ta sira ywa cilik ing ati | lan ywa ewah-ewoh | bêcik nuli anggugata bae | mring ngarsaning kukum ingkang adil | lan aja praduli | dumèh iku ratu ||

pan kalakyan milênggah prakawis | aturira alon | dhuh priyantun kula matur mangke | gugat maring abdine sang aji | dene kala wingi | menda kula lampus ||

dening kidak lampahirèng wajik | pandhèrèk sang katong | apan kula tan narimahake | duk samana ature kapyarsi | dening para abdi | sajroning kadhatun ||

samya tuwuh kanêpsoning ati | dene ta kalakon | ana janma amacak gugate | kang atêgês anggugat sang aji | datan pantês yêkti | wong mangkono iku ||

nulya ayon samya amanggihi | mring jaksaning katong | lan amurih dèn sandèkna bae | angebrakkên gugatirèng janmi | kang tan pantês yêkti | anggugat mring ratu ||

jaksa ingkang dahat wruh ing adil | ucapira alon | apan nyata yèn kula yêktine | abdinira narendra ing ngriki | kang kula pêpundhi | rintên miwah dalu ||

nanging mênggah ingatasing wajib | prakawis kang gatos | yèku ing bab ngadil ing yêktine | pangadilan kang kula ngèngèri | datan pisan yèn ngabdi |[2] panjênêngan ratu ||

duk samana ucap kang kadyèki | koningan sang katong | têmah mawèh kumênyut galihe | dening ngraos yèn salira aji | sajatine ugi | winêngku ing kukum ||

marma katon karênan ing galih | duk uning mangkono | malah nuli sang nata ing mangke | lamun antuk prakawis wigati | tan kêndhat nênari | lawan mundhut rêmbug ||

ing wusana kontapirèng aji | kongsi têkèng adoh | yèku ing bab têtêping adile | datan ngetang ratu lan wong cilik | lamun luput pasthi | tan prabedanipun ||

--- 563 ---

Bab Kasarasan

Nyaèkakên Pakampungan.

Ing Kajawèn nomêr 22 sampun angandharakên mênggahing bab prayoginipun tatanan pakampungan, ingkang kajêngipun adamêl kasarasan. Ing bab punika kados wontên prayoginipun dipun sambêti kalihan adêging N.V. Volkshuisvesting ing pintên-pintên panggenan, kados ta ing Batawi. Kajênging N.V. Volkshuisvesting wau, badhe adamêl griya ingkang mirah sewanipun utawi dipun sade kanthi nyewa ngiras cicilan, dhatêng têtiyang wêwêngkon gêmintê, ingkang ambêtahakên griya wau.

Gêmintê ing Batawi wiwit ing taun 1912 ngawontênakên pakampungan tuwin andamêl griya ingkang sae tuwin damêl kasarasan dhatêng têtiyang siti. Salêbêtipun taun 1913–1914 sampun angêdêgakên griya 13 iji, ingkang kalih kangge wande, ing Sêntyong. Kampung enggal wau dipun namakakên kampung Tamansari, ing wêkasanipun griya wau inggih dipun wêwahi malih. Ananging têtela bilih griya wau botên dipun rêmêni ing tiyang, saking cêcariyosipun, jalaran griya wau tatanipun kirang nyênêngakên, tuwin sewanipun sabên wulan f 3 dumugi f 17,50 punika kawisên. Mila kathah griyanipun ingkang suwung, botên wontên ingkang nyewa.

[Grafik]

Griya wêwangunan enggal ing Pêtojo Ilir.

Ingkang makatên wau botên ngêndhokakên sêdyanipun gêmintê, tansah ambudidaya murih kêlampahanipun anyaèkakên padununganipun tiyang siti. Wusana lajêng ngawontênakên pranatan makatên:

Tiyang siti tuwin băngsa Eropah ingkang pamêdalipun alit, dipun kengingakên nyewa siti kangge damêl griya wontên ing Tamansari. Arta ingkang kangge damêl griya wau sagêd nyambut dhatêng gêmintê. Kala punika ingkang dipun êdêgakên dening tiyang siti wontên griya 18, dene băngsa Eropah wontên 6.

Wiwit wau, gêmintê botên adamêl griya sewan malih, kajawi namung nyewakakên siti kemawon, tuwin anyambuti arta kangge ngêdêgakên griya wontên ing pasitèn wau. Nanging taksih ngadani damêl griya sewan wontên ing Jatibaru tuwin mèntèng, ingkang sewanipun wiwit f 66,- dumugi f 110,- ing dalêm sawulan. Dados griya wau namung kangge nyadhiyani tiyang ingkang cêkap pamêdalipun.

--- 564 ---

Ing taun 1918 griya-griya gêmintê taman sari cacah 52 sadaya sami dipun sade ambêdhol. Rumiyin waragadipun sadaya wontên f 173.000, dene pêpajênganipun sapunika namung f 62.000, dados tuna.

Wontênipun tiyang botên rêmên manggèn wontên ing Tamansari punika, bokmanawi botên jalaran saking tatananipun, ugi jalaran saking kirang saening hawa.

Ing sapunika sintên ingkang nyatakakên dhatêng kampung Pêtojo Sawah, badhe sagêd nguningani wujuding griya-griya enggal ingkang dipun êdêgakên wontên ing pasitèn sewan. Tuwin sagêd nyumêrêpi bilih adêging griya wau sampun manut pranatan. Dangu-dangu ing kampung ngriku tamtu kêbak griya, awit kampung wau saenipun ngungkuli Tamansari.

Arta ingkang dipun sambutakên saking gêmintê punika arta saking satunggaling pon, dene adêging pon wau sakawit makatên:

Kala ing wulan Juli taun 1913 ing kampung Kwitang wontên griya kabêsmi[3] agêng-agêngan. Gêmintê lajêng nindakakên budidaya, murih têtiyang ingkang griyanipun kêbêsmi sagêda ngêdêgakên griya malih wontên ing tilas papan kabêsmèn wau. Wusana lajêng ngêdêgakên pon, ingkang dipun namakakên kramat - Kwitang pon. Pawitaning pon wau ingkang saking gêmintê wontên f 20.000, ingkang paringan saking gupêrmèn wontên f 25.000 dados gunggungipun wontên f 45.000. Arta wau lajêng dipun sambutakên dhatêng tiyang ingkang griyanipun kêbêsmi. Tuwin salajêngipun pon wau inggih kangge mitulungi dhatêng sintên kemawon, ingkang griyanipun sampun risak, tuwin kêtrajang roilin.

Ing taun 1924 dipun wontêni pon enggal malih, nama yubilium pon, dene kramat -Kwitang pon dipun tunggilakên dados satunggal kalihan pon enggal wau, gunggunging arta sadaya wontên f 81.000 langkung, ingkang f 56.000 gadhahanipun Kwitang pon, dene ingkang f 25.000 asli arta sadhiyan kangge miwaha jumênêng dalêm Sri Bagendha Kangjêng Rajaputri sampun 25 taun, nanging arta wau botên kangge, lajêng dipun tanjakakên dados yubilium pon. Dene yubilium pon wau kangge mitulungi têtiyang ing wêwêngkon gêmintê, ingkang damêl griya alit-alit, makatên ugi ambudidaya supados pakampungan ing gêmintê Batawi dados sae.

Griya-griya ing Pêtojosawah punika dipun êdêgakên sarana saking pitulunganipun yubilium pon. Ingkang ngêdêgakên griya sami nyambut arta, wontên ingkang f 700.- dumugi f 1.000.- tuwin langkung, nanging ingkang kathah f 1000.- mangandhap. Cicilanipun mayar sangêt, kabaripun pundhat salêbêtipun 5 taun, dene ingkang kangge têtanggêlan griyanipun.

Kawartosakên, ing sapunika padamêlaan yubilium pon wau badhe dipun pasrahakên dhatêng N.V. Volkshuivesting ingkang madêg ing Batawi kala ing wulan Sèptèmbêr 1926 dening gêmintê tuwin gupêrmèn. Ing sapunika N.V. Volkshuivesting wau ngêdêgakên griya sewan wontên ing Pêtojo Ilir, sewanipun wontên ingkang f 2.60, f 3.70, f 6.75 tuwin f 7.25 sadaya punika tumrap griya guthêkan, [guthêka...]

--- 565 ---

[...n,] wontên malih guthêkan agêng sewan f 18.- griya ingkang gambaripun sumandhing punika sewan f 12.- ing dalêm sawulan, dene manawi nyewa ngiras nicil f 17.50 laminipun 10 taun, sasampunipun samantên taun, lajêng dados gadhahanipun piyambak.

Arta sewan f 12.- sabên wulan punika manawi dipun pandhing kalihan sewan griya partikêlir, kapetang mirah sangêt. Griya wau mawi èmpèr ngajêng, kamar satunggal, kamar patilêman satunggal, èmpèr wingking kangge nêdha, padusan, W.C. tuwin pawon. Tumrapipun griya partikêlir ingkang kados makatên, limrahing sewanipun f 20.- lan malih griya wau sae tuwin kiyat mênggahing kajêngipun, jarambahipun, gêdhègipun lan sanès-sanèsipun.

Dene tumrapipun griya guthêkan, gadhah pawon tuwin W.C. piyambak, namung padusan ingkang dados satunggal, nanging adusipun mawi toya lèdhêng lêlahanan.

Kabaripun N.V. Volkshuivesting ugi badhe ngadani damêl griya langkung kathah wontên ing gêmintê Batawi, mêndhêt papan ingkang sae tuwin hawanipun sakeca.

Jagading Wanita

Ing Bab Gêsanging Tiyang Èstri

Ing Kajawèn kêpêngkêr ngêwrat ing bab kasusilaning èstri. Nanging ingkang pinanggih kados makatên punika namung tumrap saperangan, têgêsipun namung golongan priyantun, awit manawi dipun perang, ing satunggil-satunggiling nagari punika têtiyangipun wontên tigang golongan, inggih punika bangsaning priyantun, sudagar tuwin tani, punika ing bab gêsanging jêjodhoan inggih beda-beda. Ingkang kasêbut ing Kajawèn kapêngkêr, mratelakakên mênggahing gêsang caraning priyantun, tiyang èstri kêdah bêkti ing laki, wosipun kêdah sagêd adamêl prayogining gêsangipun ingkang jalêr, dados nama têtêp anggènipun dados tiyang sêsêpuhing abale griya, lan bilih sadaya wajibipun wau sampun sarwa nyêkapi, punika nama tiyang èstri utami.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, tiyang lajêng sagêd angintên, bilih gêsanging tiyang èstri punika rupak sangêt, awit wontênipun namung kêwêngku ing tiyang jalêr, pikiranipun tiyang èstri botên nate pêcah, uthak-uthêk inggih namung wontên ing kautamèning mêngku bale griya, dados minggahipun dumugi ing kina pisan, wulang èstri punika inggih namung tumrap èstri putraning priyantun, dumugi para luhur. Nanging sarêng ngambah ing jaman kamajêngan, wulang kina wau lajêng ewah, ewahipun wau sampun kêbêkta saking lampahing jaman, awit tumrapipun ing jaman sapunika, tiyang èstri ingkang botên sumêrêp ing sastra tuwin botên sumêrêp [su...]

--- 566 ---

[...mêrêp] ing padamêlan, lajêng dipun wastani tiyang èstri kina.

Manawi mirid kudanganipun tiyang kina, tiyang èstri punika sagêda laki kalêrêsan, dipun êmong ing tiyang jalêr, dados mênggahing kajêngipun, dèrèng wontên pangudang, ingkang anakipun èstri supados dados tiyang pintêr.

[Grafik]

Ing pundi dununging pêkên, tamtu wontên bakulipun sinjang.

Ing nginggil sampun kacariyosakên bilih namung tumrap èstri putraning para priyantun, sapunika gêntos nyariyosakên mênggahing kawontênaning para èstri sudagar.

Tumrap tiyang ingkang dèrèng sumêrêp kawontênanipun ing Jawi Têngah, tamtu maibên, bilih tiyang èstri punika inggih pintêr pados têdha, saya tumrap ing Ngayogyakarta tuwin Surakarta, punika mênggahing sudagar, tiyang ingkang nêmbe sumêrêp tamtu gumun, dene wontên tiyang èstri têka sagêd sêsadean barang dagangan, kados ta ingkang nama dagang sinjang, punika ngantos kêtingal tharik-tharik bêbanjêngan, ingkang sêsadean sami prigêl-prigêl sagêd angladosi dhatêng para mundhut, wiwit saking sakêdhik ngantos dumugi ingkang kathah pisan, tur sadaya wau botên wontên ingkang sami saking wulangan, namung saking kulina nindakakên wiwit alit. Malah mênggahing ingar-ingêring lampah dagang ing ngênggèn ngriku, tiyang jalêr rumaos kawon, awit rêmbagipun kawon sagêd, kawon prigêl, tuwin mrantasi. Mila botên anèh mênggah loking ngakathah, amastani bilih ing Jawi Têngah punika ingkang pados têdha tiyang èstri, tiyang jalêr kantun ngeca-eca. Punika sayêktosipun botên makatên, inggih sami nyambut damêl sêsarêngan, wontênipun dipun wastani makatên punika, botên manawi namung saking nyumêrêpi sadlèrèngan, kados ta wontênipun sudagar [su...]

--- 567 ---

[...dagar] èstri wau.

Mirid kawontênanipun wau, têrang bilih kawontênaning tiyang èstri golonganing sudagar punika botên kalêbêt ing piwulang kina, tur ing jaman kina pisan, sudagar punika inggih sampun wontên.

Kala ing jaman salawenan taun kêpêngkêr, gêsanging sudagar punika botên sagêd amor kalihan golonganing priyantun, ngantos kêtingal sangêt bilih golongan kêkalih punika sajak botên gathuk, awit mênggahing priyantun anganggêp, sudagar punika golongan sangandhaping priyantun, dalah tiyang ingkang badhe bêbesanan kemawon tamtu mawi naliti dhatêng kawontênan wau. Kosokwangsulipun tumrap sudagar, sanadyan dede priyantun, nanging rumaos dados tiyang sugih, anggènipun dipun bedakakên, dipun manah sanès punapa-punapa. Dangu-dangu raos makatên wau saya suda, malah dumuginipun ing jaman kamajêngan lajêng ical babar pisan, tumrap pasrawunganipun sampun sagêd nunggil.

Ing sapunika mangsuli mênggah cara gêsanging èstri băngsa sudagar, punika manawi dipun taliti kêgolong taksih ajêg, awit sadaya tiyang èstri sampun sami kêdhasaran manah among dagang, dados sanadyan ombyaking kamajêngan mênggahing pangajaran ugi tumut, nanging botên kêtingal, awit dhêdhasaring pangupajiwa among dagang botên ewah. Dados indhaking kasagêdan inggih malah tumănja dados indhaking kasampurnaning pakaryanipun lami.

Kajawi among dagang kados makatên, tiyang èstri ing Surakarta ugi kathah sangêt ingkang manggaota gadhe, malah limrahipun dipun wastani panggaotanipun tiyang èstri. Kêtingalipun namung kados nyambut damêl sambèn wontên ing griya, nanging sajatosipun manggaota yêktos, malah tumrap ingkang agêng tur kathah, sagêd anggadhe barang ingkang ngantos pangaos ewon-ewon rupiyah.

Wontên malih tiyang èstri ingkang dagang mas intên, punika ugi pintêr sangêt mênggahing ubad-ubêding dêdagangan bab punika.

Dados ing sayêktosipun, tumrap tiyang èstri băngsa Jawi, manawi dipun laras sayêktos, mênggahing kamajênganipun pangupajiwa, kenging dipun wastani sampun jèjèr kemawon kalihan sacaraning pangupajiwanipun tiyang jalêr. Punika sagêd naksèni piyambak mirid sumêbaring para bakul ing pundi-pundi, mila mênggahing èstri sudagar botên kenging dipun wastani rupak jajahanipun.

Kawruh Warni-warni

Pèrês ing Indhiya Ginêman kalihan Pèrês ing Nagari Walandi

Kala malêm Minggu tanggal 1 wulan punika, kenging dipun wastani satunggiling dintên ingkang wigatos, ingkang pantês dipun pèngêti tumrap ing babading tilpun radhio, awit ing dalu wau pinanggih ing sêsambêtan [sêsambê...]

--- 568 ---

[...tan] ingkang karaos rakêt sangêt ing ngatasing pèrês Indhiya kalihan pèrês ing nagari Walandi. Tiyang wicantên saking Indhiya dhatêng nagari Walandi, namung kados tiyang tilpun saking Wèltêprèdhên dhatêng Surabaya.

Kalampahanipun wau, pantês sangêt bilih pèrês biro Aneta dipun èngêti, ing bab anggènipun nindakakên sakathahing ihtiyar saha anggènipun sagêd nata satunggaling pakaryan, ngantos kalampahan golongan yurnalis ing Indiya sagêd rêrêmbagan kalihan tiyang ingkang nunggil padamêlanipun, ingkang kêlêt-kêlêtan sagantên angêlangut, inggih punika ing nagari Walandi. Rêrêmbaganing pèrês lantaran radhio, ingkang dipun wontênakên ing dintên kasêbut ing nginggil, kajawi dipun dhatêngi ing para jurnalis Eropah, wêwakiling Bale Pustaka ugi dhatêng, punapa malih para jurnalis pribumi.

Tiyang botên badhe sagêd maoni malih, mênggah ing bab sêsambêtanipun radhio Indhiya kalihan nagari Walandi wau, tuwin wigatos sangêt tumrap sawarnining golongan pasrawungan gêsang ing tanah Indhiya ngriki. Punapa malih tumrapipun pèrês, tilpun radhio, tuwin sapanunggilanipun, ingkang kasêmbadan saking pangudinipun insinyur Walandi, badhe langkung maedahi ing pigunanipun. Mila sawarnining pawartos saking nagari Walandi, ingkang botên sagêd dumugi sarana katindakakên ing tilgram, sagêd dumugi ing jagading among dagang ing Indhiya, makatên ugi dhatêng parêpatan kawula, jagading pribumi, tuwin băngsa Eropah sarana tilpun radhio.

Botên namung maedahi ing bab kathahing pakabaran ingkang dumugi ing ngriki kados ing sapunika, nanging ugi paedah, dene dhatênging pawartos wau langkung têrang. Awit satêrang-têranganipun tilgram, ukaranipun inggih kadamêl cêkak-cêkak, ngantos sagêd nuwuhakên kirang plongipun ingkang maos.

Ingkang punika, pantês pinuji ing bab ihtiyaripun para pangagêng pakaryan pos, telêgram tuwin tilpun ing Indhiya tuwin nagari Walandi, awit suka palilah amiwiti dhatêng pèrês awicantênan sarana ngangge tilpun radhio saking Indhiya dhatêng nagari Walandi. Pamanggihipun para pangagêng pos wau botên lêpat, awit sadaya pawartos ingkang dipun tampèni lantaran tilpun radhio, badhe dipun giyarakên langkung sumêbar dening pèrês wau dhatêng tiyang kathah. Ingkang makatên punika ugi andadosakên jalaran malih, ing bab anggènipun dhirèktur Aneta tuwin para pangagêng pos ing dintên malêm Minggu punika dipun aosi ing tiyang, awit rekadaya tuwin padamêlanipun wau sae lan wajib dipun alêmbana.

Ing bab rêmbagipun pèrês lantaran radhio wau, kenging dipun wastani sae wohipun, sapintên eram tuwin agênging manahipun ngakathah, nalika Dhenhah amangsuli sasampunipun dipun uwuh sawatawis rambahan kemawon, tuwin lajêng rêmbagan namung kados nilpun cêlak-cêlakan.

Aneta amranata, jurnalis Indhiya sami dipun lilani wicantên gêgêntosan kalihan jurnalis nagari Walandi, manut urut-urutanipun ing ngriki kalihan ngrika.

Sawênehing tiyang ing nagari Walandi ingkang sampun dipun wanuhi tiyang ing ngriki, inggih lajêng dipun èngêti [è...]

--- 569 ---

[...ngêti] mênggahing suwaranipun kanthi têtela. Makatên ugi gujêngipun têtiyang ing nagari Walandi, ugi kêmirêngan saking mriki, dalah thak-thiking jam salêbêting kamar pawincantênan ing nagari Walandi wau ugi kêmirêngan cêtha sangêt saking mriki, namung kados sumandhing kemawon, măngka mênggahing prênahipun, têbih sangêt saking ngriki, wontên pintên-pintên ewu mil, nyabrang sagantên tuwin anglangkungi praja pintên-pintên, anglangkah parêdèn tuwin jurang-jurang.

Saking nagari Walandi, Tuwan Wijngaarden inggih punika jurnalising sêrat kabar Vaderland, nêdha wicantên kalihan Tuwan Parada Harahap up redhaktur Bintang Timur, nanging tuwan wau kêpambêng botên sagêd dhatêng ing ngriku, dipun wakili ing Tuwan Manoppo redhakturing sêrat kabar Bintang Timur. Tuwan Manoppo lajêng rêrêmbagan kalihan Tuwan Wijngaarden. Dados Tuwan Manoppo punika sawênèhing jurnalis pribumi, ingkang wiwitan angraosakên rêrêmbagan kalihan tiyang golonganipun ing nagari Walandi sarana tilpun radhio.

Ing sapunika sampun botên badhe kasamaran malih, inggih rekadaya enggal punika ingkang dados sarana panyambêting Indhiya kalihan nagari Walandi, sarta sagêd adamêl sakalih-kalihipun tansah nyumêrêpi lan sami aji-ingajènan tuwin sêsambêtanipun wau badhe sagêd anunggilakên Indhiya tuwin nagari Walandi sêsarêngan amanggih arja lan katêntrêman.

[Grafik]

Barang-barang kagunan wanita miturut wulangan kilenan, wujudipun sarwa èdi pèni. Sadaya punika dêdamêlanipun para wanita muridipun Radèn Ayu Abdurrahman, garwaning ingkang Bupati ing Mestêr Kornèlis.

--- 570 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Sintên ingkang Wajib Sinêmbah.

Candhakipun Kajawèn ăngka 29.

Petruk : Kang Garèng, mungguh kandhamu wong wajib nyêmbah nyang wong tuwa lanang wadon utawa manèh nyang gurune, kuwi aku wis cocog, saiki priye sababe dene wong wajib nyêmbah karo maratuwa.

Garèng : Dene anane maratuwa wajib sinêmbah, kuwi sabab dadi jalaran bisane duwe jodho, kang dadi rewanging uripe, rewange lara-lapa, rewange gêndhon rukon, lan cêkake dadi sisihaning awake, yakuwi bojo.

[Grafik]

Petruk : Mêngko sik, Rèng, sing kokandhakake bojo dadi rewanging uripe, rewanging lara-lapa lan sabanjure, kuwi rak dhong kabênêran bae, sabab aku dhewe wis tau nglakoni, dhèk biyèn bojoku kajaba bokne Si Kamprèt isih ana têlu manèh, la kuwi papat-papate ora kok dadi rewangku urip, malah dadi mungsuhku urip. Dumèh aku ora tau awèh blănja, uripku banjur kapiran-kapirun. Bojo sing nomêr siji ngira yèn aku wis diolah-olahake bojo sing nomêr loro, sing nomêr loro ngira yèn panganku wis dirêksa karo sing nomêr têlu, mêngkono sabanjure, saking jèngkèlku sing têlu banjur tak talak lima babar pisan, mung tak ngèngèhake bokne Kamprèt.

Garèng : Lha kuwi arane rak wayuh kêndhil, mrene nuthul mrana nothol, apa mèmpêr, ana duwe bojo kathik ora diwènèhi blănja. Apa dikon padha mangan angin kabèh. Dumèh agamane ngidini bojo papat, banjur andadak ropyan-ropyan ningkah papat pisan. Lan manèh kowe rak kudu ngèlingi, bênêr agama ora nglarangi wong rabi papat, ananging rak prasasat dilarangi, amarga wong sing kêna wayuh kuwi rak wong sing kuwasa, têgêse wong sing bisa nglêksanani kuwajibane, cêkakane sing bisa anyukupi bojone kabèh mau.

Petruk : Nèk mêngkono aku kiyi dadi kliru tămpa, tak arani wayuh papat kuwi jênêng nêtêpi prentahing agama, ora ngrêti yèn ana èmbèl-èmbèlane kang ngrêkasa.

Garèng : Kuwi wis dadi jamak lumrahing manusa, sing ditiru mung sing kapenak bae, sing ayake rêkasa kuwi ora dipikir babar pisan. Wis, wis, tak banjurne mungguh anane bêbojoan. Bojo kuwi yèn wis jênêng jodho, sabênêre

--- 571 ---

wis dadi saawak. Yèn ala ya katut ala, yèn bêcik ya katut bêcik. Mula bêbojoan kuwi yèn wis jênêng jodho, bênêre ngungkuli sanak sadulur. Mulane apa iya ora wis dadi bênêre maratuwa, jalaran saka anggone awèh jodho sing ngungkuli sanak sadulure dhewe mau, kudu disêmbah-sêmbah, cêkake diajèni.

Petruk : Lho, kuwi aku iya mupakat, samono kuwi yèn lanang wadon sajajar bae, têgêse padha asale. La nèk upamane aku kiyi dadi dara wadana, ing măngka banjur mundhut garwa anake Si Pawira Mêthit, apa aku iya kudu nyêmbah utawa ngajèni marang maratungkakku mau.

Garèng : Mêsthine iya mangkono, sanajan bojomu mau anake wong cilik, ing sarèhning kowe wis dhêmên, wis jodho, cêkake wis dadi saawak karo kowe, dadi iya wis dadi wajibmu kowe angajèni marang wong tuwa sing nganakake bojomu mau. Kowe mêsthine rak iya eling karo Sang Prabu Krêsna ing Dwarawati. Sawijining nata binathara. Dene garwane yaiku Dèwi Jêmbawati, mung putraning pandhita, tur pandhita kêthèk, ewadene Sang Nata Dwarawati anggone ngajèni maratuwane iya kanthi mêsthine. Rak iya mangkono, dadi têtêp aran utama, ora ambedakake turun luhur utawa asal cilik, ing sarèhning wis jênêng dadi wong tuwane, iya wajib diajèni. Mara pikirên bae lêlakone Radèn Narasoma, apa ora nistha arane, gêlêm ngêpèk anak wadon, ananging mèh[4] ngaku mênyang sing duwe anak, amarga isin dumèh maratuwane mau awujud buta.

Petruk : Kuwi kabèh mau iya bênêr, ananging ingatase aku dadi dara wadana, têka kudu ngajèni mênyang wong adol sukêt, dumèh dhèwèke dadi maratuwaku, apa kuwi ora bakal ngudhunake kaluhuranaku.

Garèng : Lho, bab prakara kaloroding kaluhuranmu kuwi ora kok sabab maratuwamu, yakuwi saka awakmu dhewe, amarga sanadyan kowe kuwi wis kalêbu băngsa luhur, nanging yèn anggonmu mrênahake awakmu ora bênêr, têgêse banjur mung daknang, daksura, dhiri, angkuh lan sapiturute, ya malah gampang bangêt dadine asor, sirmu arêp luhur, jêbul kuwalik. Mula têrang bangêt maratuwane mau ora mèlu barang-barang, mung gumantung ana awake dhewe.

Petruk : Sanajan wangsulanamu kiyi ora pati srêg bangêt, ewadene arêp tak lèrèni samene bae. Minăngka pungkasaning pitakonku, awèha wêruh bae aku, sababe apa dene ratu kuwi wajib disêmbah.

Garèng : Mulane ratu utawa bandara, utawa lurah utawa sèp, wajib sinêmbah, jalaran dadi lantaran wêtuning sandhang pangane, kang angêsihi, kang nuntuni mêruhake pagawean lan kuwajibane, trêkadhang yèn kabênêran, iya kang anjunjung darajate, cêkake bisa awèh kamuktèn lan kaluhuran.

Petruk : Wiyah, calathumu sapisan kiyi rada kaladukên bangêt, iya yèn sèp kaya kang kok gambar mau, kuwi aku iya rujuk nganggo bangêt, upama diaji-aji lan disêmbaha, balik sèp sing mung arêp gawe susahe punggawane, prêlune mung arêp [a...]

--- 572 ---

[...rêp] ngunggahake drajate dhewe, la kuwe kapriye.

Garèng : Yah, kowe mono ana bae sing kok gawe wangsulan, mula ya sok ana sèp sing mangkono kuwi, ananging sèp sing utama lan rêsik rak iya ora mangkono. Mulane banjur ana unèn-unèn mangkene: luwih bêcik balănja sathithik, ananging sèpe bêcik, amarga atine ayêm, tinimbang blănja gêdhe ananging sèpe kêpala angin, awit anggone nyambut gawe prasasat kaya ana ing pucuking êri bae.

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ăngka 28

XV.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Panutuping karangan

Tuwan Baars amêmuji, mugi-mugi sadaya ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, sagêda suka pêpadhang dhatêng pêpêtêng winados ingkang anutupi kawontênanipun Republik Sopyèt. Kadosdene cahya ingkang sumorot katrangan-katranganipun Tuwan Baars wau, sakêdhap suka sumêrêp mênggah kawontênaning panggêsangan ngrika-ngriki, ananging botên kenging anêtêpakên sakêdhik-kêdhika, bilih punika sampun nama cêkap, sanadyan ta namung sabagian ingkang kaanggêp makatên wau, ewadene inggih mêksa botên. Ananging Tuwan Baars botên nyariyosakên bab-bab wau, ingkang salugunipun prêlu sangêt tumrap propagandhaning para komunis, kadosdene ingkang katindakakên wontên ing tanah Indiya punika. Lan Tuwan Baars badhe ambuktèkakên bilih mênggahing bab wau Ruslan botên ngatingalakên punapa-punapa ingkang enggal, botên angrampungi pitakenan sanès-sanès, tuwin botên angsal punapa-punapa kemawon, ingkang dening kapitalisme botên langkung rumiyin saha malih langkung sampurna kacêpêngipun. Ingkang makatên wau botên ngêmungakên ingkang kacariyosakên kemawon. Ananging tumraping samubarang damêl.

Salêbêtipun tiyang Rus sadaya wau ing nagarinipun sampun sami ngalami piyambak, tuwin malih sampun sami sumêrêp sayêktos, bilih tumrap pananggulanging kasangsaran umum ing samangke punika, ngêmungakên wontên akalan satunggal inggih punika anyaèkakên kawontênaning pangasil, dhatêng jawi nagari Sopyèt taksih lêstantun kadosdene nagari ingkang sayêktos anêngsêmakên, lan tansah anênangi dhatêng têtiyang mlarat murih sagêdipun bêntèr manahipun dhatêng para kapitalis. Ing ngriku ingkang dados jalaranipun, botên sabab anggadhahi wêlas dhatêng para ingkang mlarat tuwin para ingkang dipun tindhês, amargi ing Mosko tiyang sampun nyumêrêpi kanthi yêktosan, ganjaraning têtiyang ingkang sami dipun tindhês wau botên sanès inggih lajêng sami pêjah kalirên. Mênggah ingkang dados alêsanipun, punika mula cêtha sayêktos wujudipun, inggih punika murih sagêda angsal kănca tuwin mitra ing nagari-nagari mănca, prêlunipun sagêd angiyatakên adêgipun piyambak ingkang sampun botên kiyat punika.

Para komunis tuwin para nasionalis Indhiya, ingkang lajêng sami purun kantun dening Komintern, punika lajêng sami dados agènipun praja Ruslan lan têtiyang wau lajêng sami kabayar, botên beda kalihan nagari-nagari ingkang badhe dhasar kapitalisme ambalănja dhatêng pambantunipun. Têtiyang wau sami dipun balănja tuwin dipun bantu, salaminipun praja Ruslan wau bêtah dhatêng pitulunganipun, ingkang makatên punika botên wontên langkungipun samênit kemawon.

Ing bab punika para komunis Tiyonghwa sami sagêd anêksèni, ingkang mèh sataun laminipun anampi printah murih nyambutdamêl sêsarêngan kalihan jendral-jendral ingkang sami ambêbujêng tuwin amêjahi dhatêng têtiyang wau, amargi pamarintah Rus anggadhahi pangajêng-ajêng, kalihan jendral-jendral wau sagêda mêngsah Inggris tumrap amigatosakên kaprêluaning kabangsanipun piyambak. Sarêng Borodin kapêksa kêdah nilar nagari Tiyongkok ingkang sisih kidul saha têtela, bilih petanganipun ing Mosko lêpat, sawêg tuwuh panggêmbor anggènipun mêjahi para mitranipun Tiyonghwa ingkang sami kêndêl-kêndêl, [kê...]

--- 573 ---

[...ndêl-kêndêl,] ananging sajatosipun amargi pamarentah Mosko kêduwung anggènipun botên sagêd kalêkasanan pangajêng-ajêngipun mênggahing nyambutdamêl sêsarêngan kalihan jendral-jendral wau. Ingkang makatên wau ugi sampun kalampahan wontên ing Itali, ing ngrika Mosko kenging dipun wastani kèndêl anggènipun damêl propangandhah amêngsah fascisme saha para komunis lajêng dipun lêmparakakên kemawon, amargi ajrih, manawi damêl pitunaning sêsrawunganipun kalihan Mussolini, ingkang makatên punika saklangkung wigatos tumrap praja Ruslan, amila dipun jagi sangêt sampun ngantos dados pasulayan, namung jalaran kumêdah-kêdah ngawratakên dhatêng têtiyang Itali ingkang tunggil golongan. Para nasionalis tuwin para komunis ingkang sami kèlut dhatêng cêcariyosan-cêcariyosan ingkang sae-sae mênggahing Mosko, punika sami anyamèni bangsanipun dhatêng Ruslan, ing salêbêting pasulayan kalihan Inggris.

Kenging punapa pamarentah Indhiya botên mêthik uwohipun cara-caraning Sopyèt ingkang pamarentah piyambak tamtunipun sampun anguningani, tuwin kadospundi kawontênanipun ing tanah Ruslan, inggih punika: lajêng sagêd amrentah satunggiling băngsa, lan lêstantun badhe dipun sênêngi ing ngakathah, manawi kajagi supados uwosipun kenging dipun rakêti. Mênggah patrapipun, pamarentah kêdah namung aparing margi dhatêng para sagêd saha para ingkang kêras manahipun sagêda anggayuh dhatêng kamajêngan, prêlunipun supados kadumugen punapa ingkang dados angên-angênanipun mênggah ing bab anyaèni kawontênan-kawontênan tuwin anggènipun badhe ngajêngakên bangsanipun. (Badhe kasambêtan)

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kawisudha dados patih ing Bandhung, Radèn Karta Adimaja, sapunika wadana pulisi ing Bandhung.

Kawartosakên, bilih ing Surakarta tuwuh sêsakit pès wudun (beulenpest).

Kangjêng Sultan ing Kote sampun rawuh ing Batawi saha lajêng bidhal dhatêng nagari Walandi nitih kapal Patria, wontênipun ing nagari Walandi badhe 6 wulan. Ingkang dados juru kanthining tindakipun kangjêng sultan wau asistèn residhèn ing Samarindha, saha badhe sowan Sri Bagendha Kangjêng Rajaputri. Sadumugining Marsèlê badhe nitih sêpur dumugi nagari Walandi.

Dipun wartosakên, bilih ingkang Bupati Brêbês, prakawisipun botên kaajêngakên ing pangadilan, namung badhe katindakakên miturut pranatan, administratiph, têgêsipun badhe kakèndêlan saking anggènipun jumênêng bupati.

Dèrèng dangu ing wana kabudidayan Kahan Sumatra, wontên gajah jalêr èstri dalah blêdugipun satunggal, kacêpêng ing têtiyang. Gajahipun jalêr èstri pêjah kasanjata, blêdugipun kenging kacêpêng gêsang, dipun tumbas ing Tuwan Ko Pek Kia ing Padhang f 200.- nanging lajêng dipun gêntosi ing Tuwan Tan Lom Tjo ing Tanjungkarang f 350.- blêdug wau lajêng dipun bêkta dhatêng Tanjungkarang dipun tumpakakên prahoto.

Wontên wartos, bab badhe adêging ewah-ewahan paprentahan tanah Jawi Wetan dados propènsi, botên wontên ing wulan Juli, nanging wontên ing wulan Oktobêr taun punika.

Wontên golongan komunis ingkang kaangkatakên saking pakunjaran ing Glodhog dhatêng Dhigul, gungungipun sadaya dalah anak bojo wontên 60.

Benjing tumapakipun wulan Mèi ngajêng punika, sambêt kalihan ewah-ewahan lampahing sêpur S.S. ugi badhe dipun wontênakên sêpur èlèstris saking Manggarai dhatêng Pasar Minggu, lampahipun badhe kèndêl ing sabên halte, tuwin ing dalêm sadintên badhe dipun wontêni pitung lampahan, ananging botên ajêg. Botên dangu badhe wêwah lokomotiph èlèstrik kalih.

Kados ingkang sampun kawartosakên, pamarentah badhe macak satunggiling amtênar inlansêsakên, wontên ing Sumatra, punika ingkang kapiji panjênênganipun Dr. L. de Vries, manggèn ing Pordhêkok.

Ing kampung Kalicanjur, Sêmarang, mêntas wontên sawênehipun tiyang Bugis dipun pêjahi ing têtiyang kampung sarana dipun kroyok, awit tiyang Bugis wau kêrêp damêl rirêbitipun tiyang ing ngriku, saya tumrap têtiyang èstri, wusana lajêng dipun tandangi ing têtiyang 28, tiyang Bugis wau gêgêripun rêmêk, bathuk malêsêk. Dene têtiyang 28 lajêng pasrah badan piyambak dhatêntg pulisi.

Ing sawênèhipun dalu, ondêr komisaris pulisi Tuwan van Sommeren ing Batawi, dipun biyantu ing pulisi opsinêr van Gelder sagêd nyêpêng candu pêtêng wontên ing Tanjungpriyuk. Panyêpêngipun wau ing wanci jam 2 dalu. Panindaking pulisi wau kanthi lampah dhêdhêmitan nyêgat lampahing para sêmokêl ingkang minggah dhatêng daratan. [darata...]

--- 574 ---

[...n.] Wusana lêlampahan pulisi sagêd ambêskup candu pêtêng wawrat 2267 tail, rêgi f 68.010 nanging tiyangipun ingkang ambêkta sagêd lumajêng. Sapriki dèrèng kacêpêng.

Ing Kotaraja mêntas kêraos wontên lindhu, nanging botên sapintêna.

Kala tanggal 11 wulan punika, jalaran saking agênging toya lèpèn, krêtêg Malang sêtum tram antawisipun dhampit kalihan talok, kerut ing toya. Margi wau kintên-kintên botên kenging dipun langkunging[5] ngantos sawulan.

Jalaran saking wontênipun rêrêsah ing tanah Papuwah kala tanggal kaping 19 April, ing sapunika ing papan wau dipun kintuni pulisi mawa sanjata saking Ngambon.

Sawênèhing tiyang pranteyan ingkang sawêg dipun luwari kanthi sêsarênganipun kănca 7, saha kapurih sami nyipêng ing kantor pulisi, angrêbat pêdhanging pulisi kadamêl soroh amuk, anêmpuh kancanipun piyambak, anêmahi tiwas 3, ingkang tatu sangêt 1. Pulisi lajêng nyanjata ngantos kaping 36, naning ingkang ngèngingi namung 6, dene salajêngipun, tiyang wau ambruk sarana dipun gêbag ing pêdhang dening up agèn.

Kawakilakên dados pangarsa landrad ing Tanjung Bale, Mr. Radèn Wiryana Kusuma, sapunika amtênar tèrbêskiking ing landrad Purwakêrta.

Wontên kabar, ing Bandhung botên watawis dangu malih badhe dipun wêdalakên sêrat dintênan Tiyonghwa Mlayu, kintên-kintên ing têngah-têngahing wulan punika badhe mêdal prup nomêripun.

Mangke dalu malêm Minggu, pakêmpalan tonil Sundha: Sêkar Lumayan, badhe adamêl tongtonan wontên sakolahan Arjuna ing Mistêr Kornèlis, saha badhe mêndhêt lampahan satunggiling cariyos ingkang sampun kalampahan wontên ing Ciyanjur kala ing taun 1858.

Wontên pawartos, bilih sabagian saking wadyabala lautan ing Indhonesiah badhe pangkat dhatêng Batawi, sasampunipun ngawontênakên ajar pêrangan agêng, dhatêngipun wadyabala lautan wontên ing Batawi wau, prêlu badhe dhèrèk ngurmati rawuhipun nata ing Siyêm. Ing Tanjungpriyuk badhe dipun wontênakên èrêwah saking wadyabala dharatan tuwin lautan, rawuhipun Sang Nata ing Siyêm wau badhe dipun aturi pambagi wilujêng dening Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Guprênur Jendral, para lid rad Indiya tuwin para dhirekturing dhepartêmèn-dhepartêmèn. Laminipun kalih dintên, sang nata dados tamunipun nagari, sasampunipun sang nata badhe anjajah ing saindênging tanah Jawi kanthi anylamur.

Sêrat kabar Het Noorden martosakên, bilih tilas Patih ing Têgal, Radèn Sumadirja, atas prentahipun paduka tuwan asistèn residhèn J.C. Brink kacêpêng ing pulisi, jalaran kalêpatan anggènipun anyalingkuhakên arta kala kawan taun ingkang kapêngkêr. Jalaran saking kathahing buktinipun, ingkang punika tuwan asistèn residhèn kasbut nginggil wani dhawuh nindakakên makatên wau.

Wontên kabar ing Cêgêr Jagawana wontên tiyang èstri pribumi sampun anglairakên bayi ingkang anèh, agênging sirahipun botên morwat, badanipun alit nyêbal saking ukuranipun. Sirahipun wau êmpuk sangêt saha angèl dipun bolak-balikakên. Dumugining samangke lare wau katingal sêgêr, kenging kaajêng-ajêng sagêdipun gêsang. Sampun limrah ing dhusun punika manawi wontên bayi ingkang anèh: lajêng kemawon bayi wau sok dipun anggêp satunggiling bayi kramat, saha lajêng kathah kemawon têtiyang dhusun ingkang sami dhatêng prêlu nêdha brêkah. Sanadyan tiyang sêpuhipun rumaos botên sênêng manahipun, dene anggadhahi anak ingkang makatên sipatipun, ewasamantên wontên panglipuripun, jalaran saking angsaling arta kathah saking têtiyang dhusun wau.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar motor grobag prêlu kangge ngêmot oto ing tanah Amerikah.

--- 575 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

29. Pamriksaning prakawis

Kajawi punika, panyuwun kula, manawi kula sadaya kadhawahan ukuman, jalaran nêrak salah satunggiling wêwalêr, ingkang ngadili mugi ngêmungna panjênêngan piyambak, dene manawi panjênêngan karsa nampi prajanjian-prajanjian kula sadaya, kula sadaya inggih badhe sami anglampahi sumpah wau, dene manawi botên karsa, kula sadaya inggih botên badhe sumpah punapa-punapa, lan kula sadaya inggih badhe nindakakên kadospundi têmbenipun.

Ing samangke kula sadaya lajêng kapurih sumingkir sakêdhap, dene sang putri lajêng rêmbagan kalihan para lid-lidipun rad, anggènipun rêrêmbagan wau ragi sawatawis dangu, amargi bokmanawi salah satunggalipun wontên ingkang botên cocog ing pamanggih mênggahing kawontênanipun prajanjian-prajanjian punika, ananging dangu-dangu têtiyang ingkang nocogi kalihan sang putri, lajêng mênang pabênipun kalihan tiyang ingkang botên nocogi wau, salajêngipun kula sadaya dipun kabari, bilih prajanjian-prajanjian kula dipun tampi, saha dipun sambêtakên ing sumpah, tuwin sadaya ingkang kalêbêt ing sumpah wau, badhe dipun èngêti sayêkos, dening nata wanita tuwin lid-liding rad băngsa Abati sadaya.

Salajêngipun kula sadaya lajêng năndha-tangani, saha sumpah sarana ngambung buku, ingkang pantêsipun namung dipun wastani gulungan dalancang, kados padatanipun ing ngriku. Sasampunipun kula sadaya, ingkang kala punika sayah sangêt, jalaran mathênthêng migatosakên, lajêng dipun irit dhatêng kamar-kamar kula sadaya prêlu sami nêdha, amargi tiyang Abati punika nêdhanipun ingkang prêlu piyambak ing wanci siyang, sasampunipun miturut adat Wetanan, lajêng tilêm sawatawis.

Kintên-kintên jam sakawan, anggèn kula tilêm kagèt, jalaran saking pambaungipun Pharaoh, lan kula lajêng sumêrêp tiyang jalêr ngadêg mèpèt wontên ing kori, bokmanawi kemawon jalaran ajrih dhatêng sagawon punika, wusana têtela bilih tiyang wau utusanipun sang putri, dipun utus nimbali kula sadaya, kadhawuhan andhèrèkakên sang putri dhatêng ing panggenan ingkang kula sadaya dèrèng nate sumêrêp. Sampun tamtu kemawon kula sadaya inggih anyagahi, botên watawis dangu kula kairid dhatêng kamar wingking salêbêting karaton, ingkang sampun botên nate dipun ênggèni saha ambalêdug. Ing ngriku sang putri ngêntosi kula sadaya kakanthi putri têtiga, saha kadhèrèkakên ing tiyang jalêr sawatawis, ingkang sami ambêkta dilah murub, wadhah lisah tuwin obor.

Sang putri ingkang kala punika botên angagêm kudhung, saha sajakipun sampun dhangan saking anggènipun sêkêl kala enjingipun, angandika makatên: Dhuh para mitra kula, panjênêngan sadaya tamtunipun sampun nguningani panggenan ing Aprikah tuwin sanès-sanès nagari, ingkang nganèh-anèhi, ananging ing ngriki kula badhe nêdahakên dhatêng panjênêngan sadaya, ingkang nglangkungi anèhipun barang-barang sanèsipun sadaya wau.

Kula sadaya lajêng andhèrèkakên sang putri, saha lajêng dumugi ing kori pungkasaning kamar wau, ingkang dipun bikak saha dipun tutupakên malih dening tiyang jalêr pandhèrèkipun sang putri. Kula sadaya lajêng lumêbêt ingkang panjang, ing sela ingkang dipun gronggongi, lampah ingkang wau mlêngkung mangandhap. Saha lajêng mêdal malih wontên ing kori, ingkang anjog ing papan ingkang wiyar sangêt. Papan ingkang kados makatên punika kula dèrèng nate mirêng utawi dèrèng nate sumêrêp. Mênggah agênging kamar sangandhaping siti wau, ngantos soroting dilah botên sagêd madhangi plangitan, lan kiwa têngênipun katingal namung garis lamat-lamat, sajakipun griya-griya sela ingkang pating slêbar.

Sang putri ngobat-abitakên dilah ing asta kalihan ngandika: Măngga mriksanana kitha Mur ing sangandhaping siti, ngriki punika karatonipun lêluhuring tiyang Fung ingkang widados.[6] Punika tembok-temboking kamar pasimpênan gandum, candhi-candhinipun saha kamar-kamar parêpatan, ananging kadosdene ingkang sampun kula cariyosakên, pintên-pintên taun ingkang kapêngkêr, karisak ing lindhu, saha lajêng namung lêstantun kados makatên punika. Makatên ugi sampun kathah palêngkunganipun ingkang ambruk. Ingkang punika wontên panggenan sawatawis, ingkang nguwatosi kangge lumampah, măngga kula têdahi sisa-sisanipun.

Kula sadaya lajêng andhèrèkakên sang putri dhatêng nglêbêt, nglêbêtipun panggenan ingkang nganèh-anèhi punika. Ing ngriku dilah saha obor-obor kêtingal pating krêlip, kadosdene lintang wontên ing pêtêng ingkang andhêdhêt. Kula sadaya sami sumêrêp patilasaning kamar-kamar wadhah gandum ingkang kêbak balêdug, ingkang bokmanawi balêdug wau rumiyinipun gandum. Dangu-dangu kula sadaya lajêng dumugi ing griya agêng sangêt tanpa payon, ing alun-alun sangajênging griya wau kathah pilar-pilaripun ingkang sampun sami ambruk, dene antawisipun pilar-pilar wau kathah rêca-rêcanipun ingkang sampun [sampu...]

--- 576 ---

[...n] gumlethak. Sadaya wau sami kêbak balêdug kandêl sangêt ingkang anjalari kula sadaya kanthi kangelan sangêt ambedakakên wujuding rêca-rêca wau.

Salêbêtipun Orme murugi sang putri ingkang ngawe ing piyambakipun, prêlu nêdahi punapa-punapa, piyambakipun angangluh makatên: O, bokya Higgs kuwi ana kene.

Sarêng kula sadaya sampun sami mêdal saking candhi, ingkang kula sadaya botên sagêd lumampah kanthi sakeca, sang putri lajêng ngirid kula sadaya dhatêng tuk toya ingkang wiyar, ingkang angoncori dhatêng saindênging papan ngriku sadaya, lan wêdaling toya wontên ing kulah agêng salêbêting sela. Saking ngriku toya wau lajêng mêdal ing bolongan warni-warni, ingkang botên kasumêrêpan anjogipun.

Sang putri kanthi anudingi dhatêng pinggiring kulah, ingkang wontên tapak-tapakipun lêbêt, bokmanawi jalaran saking kathahing tangan ingkang dipun pêtêlakên ing ngriku pintên-pintên atus taun, kalihan ngandika makatên: Măngga priksanana, pancuran punika sampun kina sangêt.

Orme apitakèn: Kadospundi sagêdipun tiyang amadhangi papan ingkang wiyar punika.

Sang putri amangsuli: Bab punika kula sadaya botên sumêrêp. Kintên kula manawi namung dilah-dilah kemawon tamtu botên anyêkapi, punika sayêktos nama wadosing jaman kina, dumuginipun sapunika botên wontên tiyang Abati ingkang sagêd ambikak wadosipun wau, makatên ugi botên sagêd ambadhe mênggah sababipun, dene ing papan ing salêbêting rêdi ingkang lêbêt sangêt makatên, hawanipun têka sêgêr ajêgan, kula sadaya botên nyumêrêpi, punika punapa saking pandamêling alam, punapa pandamêling manungsa.

Kula amangsuli: Kintên kula inggih kalih pisan, ananging sang putri mugi kaparênga paring dhawuh dhatêng kula, punapa têtiyang Abati migunakakên papan bolong ingkang jêmbar sangêt punika.

Sang putri amangsuli: Kalanipun măngsa pêrang, ing ngriki ugi kangge ngrimat gandum sawatawis. Salajêngipun sang putri anglajêngakên pangandikanipun sajak susah, makatên: ananging botên anyêkapi, ingkang kathah kêdah kadhatêngakên saking darbèkipun putri putraning para nata. Kula angrêrapih dhatêng tiyang-tiyang supados purun naun saking angsal-angsalaning panènipun, nanging tanpa damêl, têtiyang wau sami botên purun, rêmbagipun sadaya inggih purun, manawi tangganipun inggih sami purun, dados inggih botên kêlampahan. Ewasamantên ugi sagêd kêlampahan sami wilujêng saking pêjah kalirên, saking gandum ingkang namung sakêdhik, kados ta upaminipun têtiyang Fung ngrêbat siti lêdhok punika. Salajêngipun sang putri ujug-ujug lajêng ambalik, saha nêdahakên dhatêng kula sadaya, gêdhogan-gêdhogan ingkang kangge ngandhangakên kapal-kapal ing jaman rumiyin, saha ing jobin ngriku taksih kêtingal tapaking kreta.

Quick wicantên dhatêng kula makatên: Bandara, tiyang Abati punika sajakipun satunggiling băngsa ingkang andêmênakakên, saupami botêna sumêdya anglabuhi tiyang èstri saha lare-lare, punapadene sang putri punika, ingkang saya dangu kula sa[7] sumungkêm, kula kok anggadhahi pangajap, murih ing ngriki punika wontêna bêbaya kaluwèn sakêdhik.

Sang putri ngandika: taksih wontên malih ingkang kêdah kula têdahakên dhatêng panjênêngan sadaya, amargi ing ngriku papan pasimpênaning băndha-băndha, ingkang badhe dados kagungan panjênêngan sadaya, măngga pangkat.

Kula sadaya lajêng nglangkungi gang pintên-pintên, ingkang pungkasanipun ujug-ujug dados wiyar ngantos dumugi ing sunglon ingkang mayat ing salêbêting curi. Kula sadaya inggih lajêng lumêbêt ing ngriku ngantos jêdhul ing tembok sela ingkang inggil sangêt. Sang putri lajêng andhawuhakên dhatêng para kênya tuwin pandhèrèkipun kadhawuhan angêntosi. Dhawuhipun sang putri wau sajak katampi kanthi sênênging manah, sanadyan kula sadaya kala punika botên mangrêtos sabab-sababipun. Sasampunipun sang putri lajêng tindak dhatêng tembok sisihipun saha anudingi sela-sela sawatawis ingkang sami uwal dipun têdahakên dhatêng kula sadaya, makatên ugi dhawuh dhatêng kula supados nguwalakên sela-sela wau sadaya, saha lajêng kalampahan kanthi rêkaos sangêt. Sasampunipun wontên bolongan ingkang cêkap kangge ambrobos tiyang, sang putri lajêng nolèh dhatêng para pandhèrèkipun saha ngandika makatên: aku sumurup, yèn kowe kabèh iku duwe pangira, manawa ing kene akèh mêmêdine, lan sing kêndêl-kêndêl dhewe kancamu kabèh kuwi, wanine lumêbu kene mung saka parentahing dhuwur, ananging wong-wong mănca iki lan aku dhewe, ora anduwèni wêdi kaya kowe kabèh mau, mulane aku kabèh wèhana wadhah lênga karo obor sawatara, lan ngêntènana ana kene nganti sabaliku kabèh. Sajroning bolongan tembok kene dèlèhana diyan, supaya bisa madhangi aku kabèh, manawa diyanku padha mati. Ora usah kowe kăndha apa-apa, lakonana bae apa parentahku. Ing kana ora ana bêbaya apa-apa, amarga sanadyan ing jêro ana panas, nanging hawane rêsik. Aku wis kêrêp bangêt nyêrot ambêkan.

Sasampunipun sang putri lajêng nyêpêng tanganipun Olivier Orme saha kanthi pitulunganipun Orme, sang putri lajêng ambaludhus ing bolongan wau. Kula sadaya lajêng andhèrèkakên tindakipun sang putri, saha dumugi papan wiyar ingkang anggêrong, ingkang kados pangandikanipun sang putri langkung bêntèr tinimbang ing jawi.

Orme lajêng nyuwun priksa lirih, amargi katingalipun wontên ing ngriku sajak adamêl girising manahipun, makatên: samangke sadaya punika wontên ing pundi. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


migunakakên. (kembali)
Lebih satu suku kata: tan pisan yèn ngabdi. (kembali)
kêbêsmi. (kembali)
moh. (kembali)
langkungi. (kembali)
winados. (kembali)
saya. (kembali)