Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04-18, #140

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04-18, #140. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-04-18, #140. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 31, 27 Sawal, Taun Jimakir 1858, 18 April 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [577] ---

Ăngka 31, 27 Sawal, Taun Jimakir 1858, 18 April 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasisir ing sagantên Indhiya

[Grafik]

Punika sawangan pasisir ing Bêsuki, Jawi Wetan, sungloning sagantên katingal kados rinangkul ing tanganipun tanah Jawi.

--- 578 ---

Raos Jawi

Dhawuhing para Sêpuh

Para sêpuh sok ngandika: wong cilaka iku suwe mijêt wohing ranti, ingkang makatên wau sampun kathah nyatanipun. Sapunika sintên ingkang sagêd nyumêrêpi badhe dhumawahing kacilakan, bokmanawi wontêna inggih awis-awis sangêt, paribasan: sakêthi siji durung masthi, têrangipun: ing salêbêting tiyang sakêthi kathahipun wontêna ingkang sagêd anyumêrêpi badhe dhumawahing apês namung satunggal tur dèrèng kantênan. Kosokwangsulipun tumrap badhe dhumawahing kabêgjan inggih makatên ugi.

Ewasamantên mirid saking cacriyosan ing jaman kina kalêbêt kathah ugi para sêpuh utawi para pandhita ingkang sami ulah budi, panggalihanipun padhang anrawang upami kados kèkêr Prasman. Mêndhêt saking cacriyosan nalika jaman purwa ingatasipun sami-sami titahing jawata ing ngarcapada ingkang kalêbêt anrus ing budi, kawaskithan wau dumunung ing Mahaprabu Padmanaba inggih Sri Bathara Krêsna, mênggah kadibyanipun ing bab kaalusan prasasat dewa mangejawantah, punapa malih bab ulahing praja, malah kaloka dados dhalanging brata Pandhawa.

Ing rèhning kita ing jaman sapunika ingatasipun kawruh kasêbut nginggil punika kalêbêt kirang plong sangêt, kabêkta kiranging lampah dhasar tumrap jamanipun kawastanan kirang mathuk, mila sasagêd-sagêd kita namung kêdah anglampahi manah jujur, èngêt, lurus ing budi, kasabaran, anêbihakên angkara murka, punapadene sagunging tindak kanthi pangatos-atos, botên kêndhat angirih-irih sagêda ambirat sakathahing rancana tinêbihan sawarnining kacilakan.

Awit wontênipun tiyang cilaka punika margi saking supe, wontên malih ingkang margi angkaramurkaning manah. Supe saha kamurkaning manah wau tarkadhang sok sagêd anuwuhakên kacilakan tuwin pêpêjah, pramila amêngku kosokwangsul: sintên ingkang emut, jujur, lurus ing budi, sabar tuwin têbih kamurkanipun, punika nama sampun ngambah ing margi ingkang anjog dhatêng kawilujêngan, saha ing ngriku botên sagêd ngawontênakên kacilakan tuwin pêpêjah wau.

Dene manawi kita sampun anglampahi margining kawilujêngan wau, nanging mêksa mak jêgêdhêg manggih rêncana, punika sampun nama pasthi (takdir), tur botên kenging ngrêsula, jêr kita namung sadêrmi anglampahi, sapunika kita namung kantun nêksèni ing ngriku dhawahipun kacilakan. Pramila kabasakakên kacilakan punika langkung dangu mijêt woh ranti kados ing ngajêng wau, awit labêt kita botên padhang ingatasipun kawruh bab punika kadosdene para pandhita ingkang kawahya ing nginggil, sagêdipun anyumêrêpi manawi kita dhawah ing kacilakan utawi kabêgjan yèn sampun linampahan (kasandhang).

Sapunika bab kabêgjan ugi makatên, marginipun nunggil margi ingkang anjog dhatêng kawilujêngan wau, [wa...]

--- 579 ---

[...u,] nanging kawilujêngan punika ngungkuli kabêgjan, nyatanipun manawi kita manggih kabêgjan, măngka tansah botên wilujêng punika inggih nama botên sakeca. Dados wosipun kita namung kêdah lumampah ing margining kawilujêngan, dene toging ngêndon anjog dhatêng bêgja utawi cilaka wau kita namung kantun nêksèni kemawon. Sami kemawon kalihan tiyang nindakakên lêrês.

Nyuwun ngapuntên: Nirrasa Nitiatmaja. Tumpang, Malang.

Jagading Wanita

Gêsanging Tiyang Èstri Golongan Tani

Sami-sami caraning jêjodhoan, mênggahing golongan tani punika prasaja sangêt, katingalipun ngantos namung kados kêmpaling sadhèrèk. Ingkang kados makatên punika anandhakakên bilih anggèning jêjodhoan wau saking ngangge tataning gêsang sasami-sami, tumandangipun ing damêl sami sêsarêngan, ngantos mèh nyilêpakên dhatêng caraning jêjodhoan, katranganipun makatên:

[Grafik]

Katêntrêmaning tiyang jêjodhoan, sanadyan salêbêtipun nyambut damêl, raosipun kados taksih kêmpal sapangajêngan.

Manawi nuju wancinipun anggarap sabin, ingkang jalêr tumandang ing damêl, umun-umun sampun anggaru luku wontên ing sabin, dene ingkang èstri inggih botên kêndhat ambiyantu rêrigên murih kêcêkaping [kê...]

--- 580 ---

[...cêkaping] kabêtahanipun wau, wosipun punapa ingkang kenging dipun tindakakên ing tiyang èstri, inggih dipun tandangi, kados ta ngobètakên kabêtahan ingkang kangge ing salêbêting măngsa madamêl. Saya sarêng sampun wiwit măngsa tanêm, tiyang èstri lajêng wiwit tumindak ing damêl wontên ing sabin, yèn dipun raosna, ing wêkdal wau tiyang jalêr kados amasrahakên sabin ingkang dipun garap dhatêng ingkang èstri, supados dipun upakaraa ngantos awarni têtanêman.

Wiwit wau tiyang èstri lajêng tumandang ing damêl, nanêmi pantun, ingkang sampun dipun sadhiyani wiji dening ingkang jalêr, sawatawis dintên malih lajêng matun, makatên ing salajêngipun ngantos dumugi sêpuhing pantun. Dene ingkang jalêr namung kantun ngapèn-apèni ing padamêlan sawatawis, kados ta nambal galêngan manawi wontên ingkang risak, trêkadhang ing galêngan wau sok dipun tanêmi kacang gloyor, kenginga kangge cagak tuwaking kabêtahan ing sadèrèngipun măngsa panèn. Anyambangi ing wanci dalu, punapadene mirantosi papan pajagèn, inggih punika gubug, pirantos kangge anjagi katêntrêman ing wanci dalu, tuwin kangge pangauban manawi anjagi pêksi ing wanci siyang, manawi dalu ingkang anjagi ingkang jalêr, manawi siyang ingkang èstri, trêkadhang namung lare-lare.

Mênggahing tiyang èstri băngsa tani, pangrêksanipun dhatêng kawilujênganing têtanêman pantun, botên beda kados rumêksa kawilujênganipun lare, manawi wontên sabab-sabab ingkang andadosakên kirang prayogining tanêman, ngantos dipun rencangi prihatos, lajêng nuwuhakên piandêl ing bab panulaking bêbaya asarana wilujêngan.

Sadumugining măngsa panèn, karukunanipun anggènipun jêjodhoan tiyang tani saya kêtingal, tiyang kalih sami dhatêng sabin, badhe mêthuk konduripun Dèwi Sri, inggih punika panèn. Ingkang èstri ingkang andêrêpakên, ingkang jalêr ingkang amocongi, mangke mantukipun sêsarêngan, èstri anggendhong, jalêr mikul, lampahipun dipun garubyug ing tiyang kathah, sadaya sami katingal sêmu bingah ing manah.

Sabibaring panèn, tiyang èstri tansah mintir amêmanah murih kacêkaping bêtahipun, sagêda dumugi ngantos kêsundhul wanci panèn malih.

Tatacaranipun tiyang tani makatên punika, botên namung tumrap tiyang tani ingkang kuli kemawon, sanadyan ingkang sugih pisan, kawontênanipun ugi kados makatên. Dados agêng alit cak-cakanipun sami kemawon, karukunaning jêjodhoan tansah katingal.

Wontênipun anggèning jêjodhoan kados makatên punika, kintên-kintên saking jalaran, tiyang tani punika namung mungkul nindakakên wajib ingkang tansah lumintu, botên kêgodha ing sabab-sabab ingkang badhe damêl kapitunan, manggènipun wontên ing papan ingkang sêpi, têbih ing papan kaborosan. Makatên malih pancèn sampun wiwit lare sampun dipun kulinakakên sumêrêp dhatêng padamêlan kados makatên, manawi jalêr nelad bapa, manawi èstri nelad biyung, wusana saking tumanêming pakulinan wau lajêng manjing dados kasênêngan, lajêng dados tiyang mungkul dhatêng padamêlan.

--- 581 ---

Mênggahing tiyang èstri bojoning tiyang tani, punika tumrap panyêpênging kabêtahan bale griya, racakipun sami gêmi-gêmi, wêdaling kabêtahan kaangkah cêkapa saprêlunipun kemawon, têtêp tindakipun surti angati-ati, rêmên anyênyimpên barang ingkang angèl risakipun, rêmên simpên barang têtêdhan, ingkang prêlunipun kangge sadhiyan samăngsa wontên prêlu sawanci-wanci, saking nglumuhi rumaos manggon wontên padhusunan, manawi wontên tamu sampun ngantos grobyagan.

Dados mênggahing nyatanipun, cara jêjodhoanipun tiyang tani punika kenging dipun wastani gêsanging batih ingkang gêsang sêsarêngan, rumagangipun ing damêl dipun lampahi tiyang kalih, mila botên anèh manawi sêmpulur linulutan ing rijêki.

Karangan Kêbacut

Ing Kajawèn nomêr lêbaran, wontên karanganipun ingkang nyênyăndra tiyang mangangge ing dintên bakda riyadi, tur karanganipun sajak botên tumănja babarpisan. Cobi ta, kula aturi maos malih ingkang mungêl makatên: Kaberaganipun tiyang manawi nuju bakda riyadi. Măngka panyandranipun wau mung prêlu ngerang-erang thok, botên kok nyăndra salugunipun. Bokmanawi ingkang ngarang punika tiyang ingkang nêmbe sumêrap kitha, upami tiyang kitha, utawi asring dhatêng kitha, têmtu botên badhe gadhah gagasan ingkang makatên. Awit pangangge-pangangge ing dintên riyadi punika botên wontên bedanipun, tinimbang pangangge-pangangge ing wêkdal plêsiran, kolêman, kêkesahan têbih, sangsaya yèn kitha, ing panggenan kumidhi, kêbon raja, tuwin sanès-sanèsipun. Dados têrang sangêt, bilih wosing karangan wau, namung prêlu badhe ngerang-erang ingkang tanpa damêl. Cobi sami kula aturi manggalih, wiwitaning karangan makatên:

Berag ing bakda puwasa, wus kaprah amaratani, datan mawi milih janma, sadaya ngakên taruni, nadyan wus ragi klingsir, ing cipta maksih kumêncur, berag têka dadakan, tan ketang nglimang sukoni, parikudu ingaran brêgas priyăngga. E lah kojur ane, o bokmanawi wontên salah satunggiling kănca utawi têtăngga panjênêngan ingkang makatên. Lo nanging panjênêngan kok nyêbutakên: datan mawi milih janma, sadaya ngakên taruni, hara ta, kaspundi mas. Hêm, kojur sampeyan niku mas, yèn pinuju dintên riyadi punika sadaya tiyang Islam sami têtêp manahipun, ingkang nèm inggih rumaos nèm, makatên ugi ingkang sêpuh, tandhanipun sami prêlu silaturahmi, ingkang nèm sowan dhatêng ingkang sêpuh, ingkang sêpuh lajêng mangsuli, makatên salajêngipun. Dene gagasanipun tiyang sêpuh sami nyăndra anakipun, punika pancèn inggih lêrês. Nanging panjênêngan nyăndra priyantun ingkang dipun gambar, mawi nyêbut makatên :

--- 582 ---

Datan supe kacamata, wus coban wêton apotik, tur sanyatane ugi, maksih cêtha mripatipun, mung sajak reka-reka, ngucap wuhs[1] tan wru[2] ing sapi, lo punika omong kosong mas. Tăndha têrang bilih panjênêngan punika tiyang gunung, menang-menung, kawuningana, bilih kacamata punika warni-warni, wontên ingkang kangge pirantos plêsiran, pirantos maos tuwin nyêrat, pirantos manawi nuju bêntèr (sanès bêntèring latu tuwin wedang) lan sapanunggilanipun, lan malihipun ingkang sami ngangge kacamata punika botên wontên ingkang sami salingkuh kados obrol panjênêngan, ngakên lamur utawi picêk. Sêbab wontên kacanipun piyambak ingkang mêlulu kangge pirantos mripat sakit. Manawi tiyang kitha, inggih lajêng mangrêtos piyambak, pèndhèkipun, yèn pinuju riyadi punika, bokmanawi kemawon saindênging băngsa Islam sami kemawon, botên wontên ingkang nganèh-anèhi, mila panjênêngan sampun gumampil, ngarang-ngarang ingkang tanpa waton, awit sêrat kabar punika botên kok namung dipun waos sakbroyot panjênêngan kemawon. Utawi malih yèn inggiha, Kajawèn karsa nampi karangan awur-awuran, rak inggi[3] mayar kemawon, sok tiyanga sagêd dados redhakturipun.

Pun Êmbah, ing Sêbaung.

Kêtingalipun êmbah ragi kirang rêna ing galih. O, mugi sampun kêlintu sêrêp, karangan bab kaberagan wau rak namung dumunung dados lucon, botên nyêmoni dhatêng sintên-sintên. Awit saupami wontên tiyang ngrumaosi kêgarap, punika nama ngrumaosi ingkang botên lêrês, tuwin yèn muring-muringa, punika sasat ngakên piyambak ane.

Red.

Pawartos saking Administrasi

Kaparênga migatosakên.

Ngaturi uninga, para lêngganan ingkang dèrèng nêtêpi kuwajibanipun pambayar rêgining Kajawèn ing salêbêtipun wulan punika, lajêng botên kakintunan Kajawèn malih.

Administrasi.

[Grafik]

Wohing pamanggih ingkang dipun pitongtonakên wontên ing gêdhong Olympia ing Londhên, inggih punika tumpakan ingkang kenging kangge ngambah dharatan, toya tuwin gêgana.

--- 583 ---

Kawontênaning Tanah dalah Têtiyangipun

Tiyang Papuah Punika Sanadyan Taksih Prasaja, Nanging Inggih Sampun Gadhah Raos Dhatêng Sêngsêm

Tiyang ingkang taksih dipun wastani wanan, punika têbih sangêt sumêrêpipun dhatêng tatacara ingkang dipun angge kados kêlimrahaning akathah, nyandhang ngangge taksih anggêga kajêngipun piyambak, cara pasrawunganipun gêsang inggih taksih ngangge caranipun piyambak. Mila bilih kawontênanipun punika kasumêrêpan ing tiyang, ingkang sampun manggèn ing kalimrahan, lajêng dipun wastani anèh, lan tumrap tiyang ingkang anganggêp dhatêng kirang prayogining tiyang wanan wau lajêng mêmulang, murih tiyang wau purun nulad dhatêng tatacara ingkang kêlimrah.

Kados ta kawontênanipun tiyang Papuah ing pulo Nigeniah sisih kilèn, punika nalika dèrèng srawungan kalihan tiyang kathah, kawontênanipun sarwa prasaja sangêt. Bab anggènipun gêgriya namung manggèn wontên ing sudhung, waton kenging kangge ngaub, dene ingkang mawi cara damêl griya, pandamêlipun inggih tanpa wangun. Ingkang kathah griya agêng satunggal dipun ênggèni ing tiyang kathah, ing ngriku tamtu wontên sêsêpuhipun. Dados kawontênan ingkang kados makatên punika, kenging kangge titikan, bilih tiyang Papuah punika inggih sampun gadhah manah purun dipun sêpuhi ing tiyang. Sanadyan kawontênanipun ing ngriku botên wontên titikipun, bilih sêsêpuh wau gadhah panguwaos punapa-punapa, nanging kêtingal manawi dipun eringi.

[Grafik]

Sêngsêming kabrêgasan punika anocogi kalihan manahipun piyambak.

Bab ingkang dipun têdha, wontên ingkang namung saking pados kemawon, upaminipun sagu, punika padosipun gampil, awit ing papan ngriku

--- 584 ---

pancèn kathah thêthukulanipun, wontên ingkang sarana nanêm, inggih punika nanêm bangsaning pala kêpêndhêm, nanging pananêmipun botên pisan-pisan kêtingal anggatosakên, namung waton nanêm kemawon.

Bab nyandhang ngangge, tumrap ingkang taksih wanan dêlês, namung cawêtan kalikaning kajêng utawi ombyong-ombyong gêgodhongan. Nanging tumrap ingkang sampun pakulinan kalihan tiyang mănca, lajêng sami nulad dhatêng panganggenipun tiyang mănca wau, nanging mêksa botên tilar tatacaranipun piyambak, dados kêtingal bilih caking panganggenipun punika dèrèng srêg kados saraosing manah, namung satiru-tiru. Wontênipun makatên punika, bokmanawi namung jalaran saking botên kulina, awit panganggenipun piyambak punika namung sarwa ènthèng, tuwin badan ingkang salaminipun namung dipun liga punika manawi kêsasaban punapa-punapa tamtu araos sumuk.

Sêsorah ing nginggil nyariyosakên, bilih tiyang Papuah punika inggih gadhah sêngsêm. Dene nyatanipun pancèn makatên, kados ta manawi nuju wontên ing griya, punika sami rêmên sambèn rêngêng-rêngêng, sampun tamtu kemawon rêngêng-rêngêngipun prasaja sangêt, namung ing sêmu kêtingal, bilih anggènipun rêngêng-rêngêng wau kanthi dipun êmatakên, kêtitik saking polatanipun sajak sumèh araos bingah.

Makatên malih manawi nuju padhang rêmbulan, jalêr èstri anèm sêpuh, sami akêkadhar wontên ing jawi, kêtingal anggènipun ngêmatakên dhatêng sêngsêm raosing pêpadhang ing wanci dalu, sambènipun sami jêjogedèn,[4]

ngêtingalakên kaprigêlanipun, sanadyan nyatanipun namung pating krêmbyah, nanging tumrap ingkang nglampahi rumaos manggih sêngsêm ingkang kêkêtogan, makatên ugi tumrap ingkang nyawang, manahipun inggih rumaos amanggih sêngsêm wontên ing jaman pakêmpalan. Mila salêbêtipun măngsa makatên punika, ulatipun têtiyang ing pakêmpalan ngriku kêtingal sumèh-sumèh.

Wontên malih ing bab sêngsêmipun tiyang pêpacangan, jalêr èstri sami lêlintonan pawèwèh, punika tumrap ingkang kanggenan, sanadyan nyatanipun namung sapele, nanging sami ngraos bilih asimpên barang ingkang ajinipun prasasat anyamèni ajining jiwanipun, sakêdhap-sakêdhap tansah dipun liling. Makatên ugi manawi nuju anglairakên kabingahan, kados ta manawi nuju wontên pangantèn, kaberaganipun titangyang[5] wau katingal sangêt, sami amangangge sarwa ingkang adamêl asri ing sawangan, inggih punika cundhuk wuluning pêksi tuwin mangangge sanès-sanèsipun ingkang dipun raras sagêd adamêl sêngsêm.

Mênggah kajêngipun karangan punika namung nyariyosakên, bilih sêngsêm punika ugi dumunung wontên ing sabên tiyang, ukuranipun sami kemawon. Dados mênggahing sêngsêm, sanadyan tumrap ing sanès mastani botên, nanging tumrap ingkang kêdunungan tamtu rinaos ngantos kandhas ing manah, nama sampun pandumipun piyambak-piyambak.

--- 585 ---

Panggulawênthah

Lare Bibar Sapihan

Lare ingkang sampun umur 15 wulan, sampun mangsanipun kasapih, dados sampun mantun nêsêp, mila tiyang sêpuh kêdah ngrêksa têdhanipun, kêdah ingkang prasaja, sampun dipun sukani têtêdhan ingkang angèl ajuripun saha ingkang anggajih sarta ombèn-èmbèn[6] sanèsipun toya, makatên ugi sampun ngantos nyarêngi panêdhanipun tiyang sêpuh, sabab manawi sumêrêp têtêdhan warni-warni, lajêng tuwuh kapenginipun, punapa malih yèn sampun ngraosakên, mêsthi lajêng mrèntèk-mrèntèk nêdha têtêdhan ingkang pancèn dede mêsthinipun, punika badhe anjalari kirang sêgêring badan.

[Grafik]

Gêsang ing jagading lare.

Wowohan punika prayogi sangêt tumrap lare, nanging tiyang sêpuh sampun ngantos weya, nyukani wowohan ingkang sagêd anjalari sêsakit, sabab lare punika wiwit lair dumugi umur 3 taun badanipun taksih ringkih, manawi ngantos katrajang ing sakit pilêg, watuk, bêntèr, utawi sakit wêtêng sarta racêkên, punika manawi nyarêngi apêsipun, asring botên ngukup, sêsakit gabag punika ugi ambêbayani, punapa malih sarap utawi sawan: mèh kenging katamtokakên tiwasipun.

Mênggah sarap utawi sawan punika tuwuhipun saking kêtumusan sêsakiting tiyang sêpuh, mila tiyang ingkang gadhah sêsakit punika asring botên waris anak-anak, srananipun dede japamăntra, ugêr purun jêjampi ingkang sagêd ngrêsikakên rah kemawon: sagêd wilujêng.

Yan[7] lare sampun sagêd wiwit lumampah sampun sok dipun tetah, kêdah kasrantosakên lumampah piyambak. Sabab lare botên badhe sagêd lumampah yèn dèrèng dumugining măngsa. Sampun bingah-bingah [bingah...]

--- 586 ---

[...-bingah]

dumèh anakipun sagêd makatên, èngêta rêkaosipun lare, jèr dipun tetah punika tumrap lare kalêbêt patamêlan[8] awrat.

Lare kêdah kakulinakakên tangi tilêm gregah lajêng têrus mêdal saking patilêman, adus utawi raup saha dandos sapantêsipun, supados sampun ngantos dados tiyang kêsèd, wiwit alit kêdah kaparsudi srêgêp, saha kêndêl tumrap pandamêl lêrês, mila sampun sok dipun ajrih-ajrihi, utawi dipun dongèngi ingkang mokal-mokal, mindhak dados tiyang jirih utawi gugon tuhon, dene manawi kapinujon rèwèl, kaimur-imura kanthi têmbung manis manuhara, tiyang sêpuh kêdah sabar, sampun dipun srêngêni ngangge têmbung kasar.

Sutarja, G. d. Têmanggung. Wêlèri.

Ekonomi

Pare

Pakne, pakne, napa parene êmpun sampeyan lanjari, kalih benjing mang rambatake pagêr mawèn,[9] sukur yèn purun nganjang-anjangi.

Apa pare sing pating jêngkêrut kae, sing paite kaya kênini. Hêh, golèk gawe têmên. Gêmang, cikben ngămbra-ămbra bae, malah dibêdhola sisan bae uwis.

E, e, napa sampeyan dèrèng nate nêdhi pare kados ngotên niku, niku namine pare ayam, mèmpêr pare belungan, ning gêdhe.

Ya wis tau mangan, ning banjur tak lêpèh, wong pait. Apa niyat kon jamu. Yèn pare wêlut ya wis tau mangan, disambêl gorèng nyamlêng bangêt.

[Grafik]

Coba, benjing yèn êmpun uwoh kula olahke, sampeyan mêsthi kabelan. Êmpun, sakniki sampeyan rabuki. Mêngke yèn êmpun pêntil, samăngsa êmpun rada agal, sampeyan brongsongi suwekan jarik, napa gombalan, prêlune kajênge botên ditêdha ama.

Sarêng sampun awoh: Pakne, wohe gêdhi-gêdhi bangêt, sampeyan êmpun kula olahake sambêl goreng pare, iwake thethelan, wah diêsatake. Êngga ta sami madhangan kriyin.

--- 587 ---

Wah, iya mêksa isih pait, ya enak iwake.

Sampeyan niku dèrèng ngrêtos sing diarani paiting sêdhêp kalih paiting jampi, yèn ngètên niki nami paiting sêdhêp, yèn sampeyan êmpun kulina, malah gêla yèn nêdhi pare sing botên ontên paite. Sampeyan sêmêrêpa mêsthi saya gumun, witikna sing doyan niku, pare ngètên niki mung diangge lalap mêntahan mawon. Lho, pripun pakne, napa eca.

Yèn enake aku durung ngrasakake, mung ambalèni mangan bola-bali, aku wis doyan. Karo kok ngenakake mangan.

Ta, pripun, pancèn gih ngotên. Hara cobi yèn sampeyan botên ajêng nêdha, jalaran padharan botên sakeca, sadèrènge sampeyan têdhani pare kriyin, mêntahan napa godhogan, mêngke nêdha sampeyan rak eca.

Kiraku kok ya ana bênêre, bokne. Lha kajaba disambêl gorèng ngene, enake dikapakake manèh.

Digodhog disambêli cokak gih eca.

Yèn ngono tak nandur manèh ah, aku arêp ngingu winihe, uwohe arêp tak tuwakake têka loro.

Ênggih, kajênge ngantos abrit nika, mêngke dipêndhêt isine, diuyêk kalih awu nuntên dipe, yèn êmpun garing dibundhêli gombalan digandhul-gandhulke nginggil pawon, benjing ditanêm.

Karomanèh nandure besuk măngsa labuh. Besuk tak paculne lêmah sathithik ana ing pakêbonan bae.

Waosan Lare

Kodhok Têtêlu

[Gambuh]

Lumrah ananing makluk | ing batine tansah kudu gambuh | sanadyan ta amung bangsaning parêcil | ciptane kudu kumluhur | lumuh diarani asor ||

wênèh ing dina nuju | măngsa rêndhêng udan tansah têrus | angarêcèh swarane banyu kang mili | nganti kêrungu gumrujug | ngêlêbi saênggon-ênggon ||

ing blumbang kêmplung-kêmplung | swaraning kang kodhok krungu kang-kung | yèn dilaras ing kalane wayah bêngi | ngapenakake wong turu | kaya gamêlan digerong ||

ngandikane wong sêpuh | pancèn nyata yèn sing nywara kang-kung | iku kodhok kang padha bungah ing ati | grombolan sakănca kumpul | padha agawe lêlagon ||

jare ana sing ngêmpul | lan ambonang ajêg tansah kang-kung | wênèh ana sing ngorèk kaya ngêpraki | dene sing kunge alandhung | iku niyaga sing ngêgong ||

mula sanadyan umyung | yèn dilaras sajak iya mathuk | yèn unine kaya ora anggêr muni | ingkang kunge kaya urut | ora mung anggêr nyalêmong ||

kocap ing banyu agung | ana kodhok sing wis rada ngumur | thênguk-thênguk anèng pêntasan akanthi | anak loro

--- 588 ---

padha bêsus | kabèh lanang tur ajarot ||

kodhok sing tuwa mau | ana kono karane Ki Gêmuh | awit ketok awake bangêt malênthing | nanging sarèhne wis ngumur | kulite bangêt bêngkêrok ||

[Grafik]

dene sing loro mau | siji jênêng Theyot siji Thèblung | bocah loro padha nakal tur kumaki | Ki Gêmuh wis kêrêp tutur | bok aja padha mangkono ||

unine kaki Gêmuh | thole kowe iku bok ya wêruh | pirangbara kowe gêlêm ngrumasani | yèn bangsaning kewan banyu | aja pijêr colat-colot ||

awit akèh mungsuhmu | iya kuwi ula karo manuk | yèn ngantia kêpêthuk mêsthi bilai | măngsa wurunga diulu | orane iya digondhol ||

bêcik têntrêma mungkul | anèng kene kumpulan wong têlu | sênêng-sênêng kalênengan sabên bêngi | Si Theyot mangsuli mrêngut | karo nyuwara mak theyot ||

yèn ta aku anggugu | pitutur sing kaya ngono mau | sajêg-jêgku mung dadi bangsaning prêcil | bêgjane mung muni kang-kung | yèn aku: êmoh mêngkono ||

jagade jêmbar cukup | palêsira iya bisa tutug | kowe priye Thèblung kang tinêmu pikir | apa dhêmên pathok bangkrung | ana kene nganti warok ||

Thèblung nyambungi catur | yèn ta aku pancèn iya mathuk | panêmumu aku milu anèkêni | tinimbang mung pating cêblung | enak plêsir nganti katog ||

Thèblung ngambali catur: | aku êmoh arêp pathok bangkrung | lilanana sida arêp lunga plêsir | kaki Gêmuh nuli clathu | wis măngsa bodhoa kono ||

aku mung awèh tutur | rèhning kowe durung wêruh ngêdur | ora liwat mung sing padha ngati-ati | sababe akèh mungsuhmu | elinga kowe yèn kodhok ||

samana wayah surup | bocah loro pating crolot mêtu | banjur padha lèrèn ana pinggir kali | Si Theyot nuli calathu | lèn[10] èsême tansah ketok ||

lah apa ta kandhamu | arak sênêng plêsir-plêsir iku | galo kae ingêtna wong arêp mulih | saka sawah bêndung banyu | wah udude kêmpor-kêmpor ||

dhasar tas kungkum banyu | têkan ngomah banjur mapan turu | wah barukut awake kêmulan kamli [ka...]

--- 589 ---

[...mli] | gone ngorok sênggur-sênggur | kojur tênan dadi kodhok ||

sajêge ana banyu | sêsambène mung padha main: kung | mula bênêr anggonku nêdya ngoncati | dadine ora kêduwung | mung dadi kodhok bêngkêrok ||

samana Theyot Thèblung | padha katrêm bocah loro kumpul | lan rumasa wêruh pêpadhang ngluwihi | nganti amanthêlêng gumun | saya suwe saya elok ||

ora wêruh yèn iku | uwong golèk kodhok gawa suluh | barêng cêdhak bocah loro digêbugi | acêkekal padha kantu | barêng nglilir pating krênggos ||

Theyot calathu sêru | kapriye ta Thèblung iki mau | wêruh-wêruh jêbul anèng jêron kêpis | dene iki padha ngumpul | karo kănca pating dhrêlog ||

sawise ngono mau | barêng esuk jêbul wêruh-wêruh | uwis tiba tangane wong liya maning | wusanane ora wêruh | cah loro dadi saoto ||

kocapa kaki Gêmuh | barêng krungu wartane sing wêruh | banjur nangis arasa satêngah mati | sambate kêrungu kang-kung | mula karan kongkang mêngko ||

misah gone dêdunung | sabawane ngêmandhang cumêngkung | satêmêne saka bangêt anangisi | ing anake loro mau | ngono uwoh-uwoh wangkot ||

dene karêping tutur | ing pantêse bocah durung ngumur | ngantêpana mênyang ing panggawe bêcik | gugu tuturing wong sêpuh | cikbèn nêmu karahayon ||

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Kêthoprak ing Batawi

Garèng : Lho Truk, aku krungu kabar, lagi malêm Minggu sing kapungkur kiyi, pakumpulan langên Darmayuga ing Wèltêprèdhên, mêntas mitongtonake lêlangên kêthoprak ing gang Lontar, kuwi apa nyata.

Petruk : Mula iya nyata, malah ana priyagung Jawa lan Walănda kang padha krêsa mrêlokake rawuh amriksani, kaya ta: ingkang bupati ing Batawi, utawa manèh Tuwan Dr. Voorhoeve amtênar ahli basa ing Bale Pustaka, lan isih ana manèh liya-liyane.

Garèng : We, lakok sêmadan kanjat, apa pancèn wis kêna ditongton kêthoprake. Lo, anggonku takon mangkono kuwi, amarga umure pakumpulan mau gajêge lagi rong sasinan ngono.

Petruk : Rèng, nèk ngomong bok aja sok nyara Banyumasan ngono, wong pikiranaku banjur padha pating slêbar jarene, bok dikandhakake rada pêngpêngan, ngono bae rak uwis, kathik nganggo sêmadan kajat barang. Mêngko nèk aku wis jèngkèl, sida tak cara Bandhung, wis mêsthi kowe ora nyahok têmênan. Mungguh pitakonmu mau, sanajan kumpulane lagi umur rong sasi, tongtonane kêthoprak mula iya wis kêna ditongton, mung bae…

Garèng : Lho, kok nganggo mung bae, dadi

--- 590 ---

ana ta sing kok cacad. Mara critakna nyang aku, apa.

Petruk : Lho, aku ora sumêdya nacad utawa ambênêrake, awit kang mangkono kuwi aku rumasa yèn ora duwe wajib. Sabênêre wong sing wajib anduwèni wawênang nacad, angalêmbana, utawa manèh ambênêrake samubarang tindak, ya kudu wong sing ahli marang tindak mau, ing măngka aku kiyi, apa manèh mèlu main dadi kêthoprak uwisa tau, lagi dadi sêtudhèning kêthoprak bae, iya durung tau nglakoni. Dadi sing arêp tak lairake nang kene kiyi iya ora maton, mung panêmuku dhewe, mulane têmtune iya akèh sing klira-kliru, ewadene aku kok rikuh, bok diarani mung arêp ngolok-olok bae, hara, durung-durung bae, wis ana sing mleroki.

[Grafik]

Garèng : Kowe ora prêlu rikah-rikuh, Truk, kiraku kumpulan langên Darmayuga malah dadi sênênge, yèn ana wong sing anuduhake barang sing ora dadi bêcike, prêlune ing têmbe burine bisa ngowahi sing ora bêcik mau. Mara, apa gamêlane sing kok wada.

Petruk : Wah, nèk gamêlane, ingatase ing Batawi kene, iya wis kêna diarani bêcik, sanadyan yagane dhang dhong isih sok rada kisruh, mung bae rasane kêthoprak wis rada ilang, amarga sing dadi bakune kêthoprak dibuwang, yakuwi lêsunge, sing muni uthuk-uthuk.

Garèng : Lho, nèk kuwi rumasaku ora dadi ngapa, amarga kajaba ing Batawi lêsung rêgane larang, wong rada ambrêbêgi kuping, dadi nèk nganggo lêsung, mundhak dikêlah ing tăngga têparone, amarga padha ora bisa turu. Kowe kudu ngèlingi, yèn sing manggon ana ing Batawi, kuwi wonge sênenjong, iya: wong Batawi, wong Jawa, wong Sundha, wong Madura, Walănda, Bombai, Yangko-yangko lan isih akèh manèh tunggale, dadi ora kabèh padha sênêng ngrungokake suwaraning kothekan kuwi. La nèk mung gamêlan bae, anggêre panabuhe kapenak, tamtune băngsa apa bae, iya ngrasakake a…nglês, lo kuwi rumasaku. Dadi ilange lêsung, kaya-kaya ora andadèkake alangan apa-apa. Sing ora kok sênêngi kuwi apa pasindhène.

Petruk : Hla, kuwi kêna diarani kampiyun alias jêmpol têmênan, saking kapenake anggonku ngrungokake swara sing tlusupan turut wuwungan, nganti aku kalalèn ngumbe limune tanggaku têka tak labasake.

Garèng : Lha kuwi rak aran kalalèn sing kapenak bangêt, têmtune kowe iya kêlalèn anglironi. La, apa sing kok cacad kuwi têmbangane.

Petruk : Nèk têmbangane, iya wis sêdhêngan, [sêdhêng...]

--- 591 ---

[...an,] mung bae nèk nêmbang Kinanthi isih rada blero.

Garèng : Bab kuwi pancène ora kêna dipaido, awit kowe kudu ngèlingi, yèn anggone nyinau kabèh mau mung rong sasi, dene wis wani ngêtokake ing pasadaran, rak wis jênêng pêngpêngan têmênan, nèk ora bosên anggone nyinau bae, tamtune iya bakal sampurna. Dadi ing bab têtêmbangane, kaya isih ana pangarêpe bakal bisa bêcik, sêmono kuwi yèn ora banjur bosên panyinaone. Sing ora kok dhêmêni kuwi apa caritane.

Petruk : Nèk sing padha nonton ing kono, ora mung nyawang bêciking sandhangan utawa luwêsing jogède, ananging kanthi mikir mungguh karêpe critane, mula iya bêcik bangêt, awit ing kono ngêmu rasa: sapa sing tansah sumungkêm marang wong tuwane, tamtu bakal mumbul drajate.

Garèng : Hla, judhêg saiki anggonku ngrasakake, amarga apa sing wis kok anggêp ala, kuwi rumasaku ora dadi ngapa, ing têmbe nèk talatèn anggone nyinau, têmtu bisa dadi lan apike. Mara têrangna bae, apa sing ora dadi cocoging atimu.

Petruk : Wah, wong sing ora dadi cocoging atiku kuwi, rada angèl owah-owahane, kang kapisan, lakuning kêthoprak rada kakehan jêjogedane, dadi banjur angèl anggone arêp ngarani. Mara ta pikirên dhewe, pacakane kaya wong Hindhu, cawêtan lan sêrbanan, le mlaku kathik anjogèd ngalètèr kaya satriya Ngukiratawu, mara apa ora sêpêt nang pandêlêngan, upama lakune kuwi rada diprasajakake bae, kaya ta ngemba lakune Raja Tamtanus ing wayang golèk, gênthilêng, gênthilêng, lakune mau dibarêngake karo unining kêndhang, rak malah brêgas tur gampang panyinaone, kayadene kêthoprak ing Surakarta sing tak wêruhi, kuwi iya mangkono, dene dhang-dhong dianani èksêtrah anjogèd, kuwi malah dadi bêcike. Aja kok kabèh-kabèh anjogèd, rak malah dadi anjuwarèhi. Nèk arêp bêcik têmênan, luwih bêcik yèn jogède mau dipasrahake nang kumpulan wayang wong bae. Apa manèh saya pêt-pêtan mataku, barêng dêlêng ratune, dak arani rak Bathara Brama. Ha mara, sandhangane nyara Hindhu, kuluke kathik kuluke ratu Mandura, apa ora… mati aku. Kajaba kuwi, nèk pakumpulan kêthoprak mau kêpengin supaya disênêngi ing sakabèhing băngsa, kajaba kudu disuda jêjogedane, kudu aja nganti kasuwèn cacritane, awit tumrap wong sing ngrêti utawa sing bisa krungu, iya mula ana sing sênêng, amarga ing cacritane mau akèh piwulange, ananging tumrap sing ora ngrêti utawa sing adoh papane, mêsthi banjur ngantuk bae. Wis, Rèng, sêmene dhisik, liya dina tak critakake panêmuku siji-sijine sing padha mèlu main.

--- 592 ---

Cariyos Wigatos

Kawontênanipun Sophyèt Ruslan ingkang Sajati

Candhakipun Kajawèn ăngka 30

XV.

Pêthikan saking sêrat kabar A.I.D.

Panutuping karangan

Manawi pamarentah langkung tumut ngudi kanthi kakêncêngan mênggahing kamajênganipun ekonomi tumrap golonganing têtiyang pribumi, langkung malih tumrap anyaèkakên kawontênanipun têtanèn tumrap tiyang siti, angajêngakên kabudidayan ingkang anjalari sagêdipun anggarap pangasilaning têtanèn dalah ampas bucalanipun, saha angajêngakên pindhahipun tiyang murih sudanipun papan ingkang sampun kêkathahên tiyangipun (makatên ugi ing tanah Ruslan cara pindhah-pindhahan wau sampun kalêbêt ing rancangan) tuwin malih salêbêtipun makatên wau para têtiyang pribumi ingkang inggil pangajaranipun, kaudia sagêdipun sami angsal padamêlan, lan salajêngipun sagêda angajêngakên kawontênanipun piyambak tuwin sagêda anindakakên punapa-punapa tumrap kamajênganipun tanah wutahrahipun. Manawi sadaya wau sagêd kalampahan, tamtunipun lajêng kathah para tiyang ingkang samangke sami ngandhut sêsêngitan dhatêng para panguwasa, ingkang sami sae malih dhatêng para panuntuning nagari saha lajêng angaosi dhatêng panuntun wau.

Sayêktosipun botên prêlu, malah-malah botên prayogi, upami lajêng ngêmungakên kapasrahan ing padamêlan kaamtênaran kemawon, langkung sae utawi malih langkung kathah pigunanipun, upami sagêd kaudi, murih para pribumi ingkang pangajaran wau sarana pikajêngan tuwin pikiranipun piyambak sagêd angajêngakên tanahipun piyambak ing bab kawontênanipun ekonomi, ing ngriku têtiyang wau sagêda anêmtokakên, bilih badhe angsal pambantu saking pamarentah tuwin para amtênaripun. Pêrgêrakan ingkang makatên punika manawi wiwitan tuwin pangurusipun kanthi pramana, saperangan agêng saking tênaganipun têtiyang, ingkang samangke, jalaran saking ala ngangguripun gadhah tindak sêdya ambalela, punika tamtu lajêng sagêd ewah saking kakiyataning tênaga murugi dhatêng padamêlan kangge umum, inggih punika satunggiling sarana utawi budidaya ingkang sae piyambak tumrap pamêpêring tindak ingkang makatên wau. Punapa malih lajêng badhe angêndhih dhatêng dayaning para propagandhis, tumrap têtiyang kathah, ingkang sami kêbrangas, jalaran saking botên sumêrêpipun, ngantos sami purun anindakakên lampah ingkang nasar, tuwin inggih badhe amangsulakên timbanganipun malih dhatêng golonganing têtiyang, ingkang jalaran saking pamanggihipun wontên ing pasrawunganing ngakathah saha saking kacêkapaning padamêlanipun, lajêng sami dados satrunipun bêbuyutan, tumraping sadaya niyat-niyat ingkang badhe angrisakakên praja.

Punapa malih ing dhusun-dhusun, ingkang makatên wau badhe kalampahan kanthi sayêktos-yêktosipun.

Salugunipun mila cêcêngkahan kalihan punapa mêsthinipun, ingatasipun para tani ingkang sami gêgadhahan ing dhusun-dhusun ing Bantên tuwin ing Priyangan sami anggolong dhatêng kaum komunis. Ing bab punika tanah Ruslan kados sampun suka tăndha saksi, inggih punika bilih têtiyang tani botên purun nyumêrêpi babarpisan dhatêng ancasing kaum komunis, ngêmungakên satunggal lan satunggalipun kanthi kêncêng ngêkahi sangêt dhatêng wêwênangipun anggadhahi. Para tiyang tani sami dipun sukanana kalonggaran tumrap angajêngakên lampahing panggaotan anggarap sitinipun, dene para kaum pangajaran têtiyang siti, ingkang botên kadumugèn manahipun, jalaran namung kapasrahan pangkat ingkang andhap-andhap wontên ing ăndêrnèmêng gadhahanipun tiyang mănca, utawi namung anglênggahi pangkat-pangkat dados sor-soran kemawon. Tumrap ing kantor guprêmèn, punika sami dipun paringana kalonggaran sagêda migunakakên kacêkapanipun kalayan samurwat, manawi lajêng katindakakên ingkang makatên wau, tamtu badhe tuwuh pitados sami pitados tuwin bantu-binantu tumraping pamarentah saha golongan-golonganing têtiyang, ingkang samangke dipun kuwatosakên, jalaran saking titikipun ingkang sumêdya ambalela wau. Salajêngipun tamtu badhe ngawontênakên sarining têtiyang, ingkang anyambutdamêl sakiyat-kiyatipun tumrap angajêngakên ing bab ekonomi saha lajêng sami dados panuntuning têtiyang bangsanipun, utawi malih têtiyang ingkang nyêpêng tuntunan wau, têmtu sami têtiyang ingkang pintêr-pintêr saha suci manahipun.

Manawi sampun makatên kawontênanipun, salajêngipun tamtu sagêd ayêm kemawon dhatêng niyatanipun karajan mănca, ingkang ngawontênakên agèn-agèn ing nagari-nagari sanès, prêlunipun badhe nyudakakên dayanipun nagari mănca, murih ukuraning kawontênanipun sami andhapipun kalihan karajanipun piyambak, amargi niyatan-niyatanipun wau badhe lajêng kaundurakên dening para pangajênging têtiyang pribumi piyambak.

Ing donya pulitik, propagandhah katindakakên sarana tatêmbungan

--- 593 ---

ingkang sae-sae, ingkang punika inggih lajêng angèl anggènipun ananggulangai pangasutipun para propagandhis ingkang anjanjèni punapa-pupana ingkang ngenyutakên. Ananging tumraping laladan ekonomi, ingkang kenging kabuktèkakên sarana ăngka-ăngka, ing ngriku sagêd adamêl pêpandhingan mênggahing uwohipun kanthi botên ela-èlu.

Ing karanganipun Tuwan Baars ing ngajêng, Tuwan Baars sampun nyobi anêrangakên karampunganipun ing bab ekonomi ing paprentahan Sopyèt sarana ăngka-ăngka, ing Ruslan inggih ăngka-ăngka punika ingkang dados sêkar lathinipun kawontênaning panggêsangan. Ingkang ngrika lajêng kapêksa saking donya pulitik pindhah dhatêng ekonomi, dados lajêng kasumêrêpan, inggih punika sasampunipun tuwuh bêbaya kaluwèn lan pacêklik, bilih ekonomi punika ingkang prêlu piyambak saha ingkang dados dhasaring sadhengah panggêsangan.

Tuwan Baars rumaos sampun ambuktèkakên, bilih tumrap tanah Indhonesiah komunismê punika botên dados dhasaring panggêsangan, ngêmungakên dados dhasaring pêpêjah. Sintên ingkang sampun paham bab prakawis punika, tamtu lajêng cancut ambudidaya anyaèni kawontênaning gêsang sêsrawungan tumrapipun jaman samangke punika, salajêngipun sampun ngantos wontên golongan, ingkang jalaran kasangsaranipun utawi mandhokoling manahipun, utawi jalaran punapa kemawon, lajêng anggayuh dhatêng pandamêl dede, inggih ingkang adamêl sangsaraning gêsang sêsrawungan, bilih sampun kalêksanan sadhengah ingkang gêsangakên urubing latu aru-ara sagêd kasirnakakên saking para kawula, langkung malih saking golongan tani lan kaum pangajaran, sapintên sisanipun tiyang ingkang taksih damêl aru-ara, sampun tamtu botên badhe kadumugèn sêdyanipun, kadosdene ingkang sampun kalampahan ing nagari Walandi. Para têtiyang wau sagêdipun têrus nyambutdamêl namung salêbêtipun taksih angsal bantuan saking Rus.

Tamat.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Ing dhistrik Turèn, Malang, mêntas wontên prahara anggêgirisi. Wontên lare têtiga saking dhusun Jambangan, ngeyup wontên sangandhaping wit ing dhusun Pamotan, dipun sambêr gêlap, ingkang satunggal pêjah sanalika, ingkang kalih nandhang tatu rêkaos. Lèpèn Rêmbun toyanipun lubèr. Margi saking Turèn dhatêng Dhampit, kêlêban ing toya, lêbêtipun ngantos 2 mètêr. Wit-witan sapinggiring margi sami sol. Satunggaling cagak krêtêg pêdhot kêtêrak ing toya, saha lajêng ambruk. Rahayu trèm ingkang badhe langkung ing ngriku lajêng dipun sukani sumêrêp ing Carik dhusun Rêmbun. Kintên-kintên ing salêbêtipun tigang minggu margi wau botên kenging kangge langkung.

Kala ing dintên Salasa kapêngkêr, nuju dêrês-dêrêsing jawah, ing Pasirlimus, Tambun, Mèstêr Kornèlis wontên lare angèn dipun sambêr ing gêlap, lare tuwin maesanipun sami gêsang saha tiwas sanalika.

Wăntên pawartos, tumuntên badhe miwiti damêl pakunjaran enggal ing Struiswijk Wèltêprèdhên. Rancanganing waragad pakunjaran wau 3½ ton, prêlu badhe kangge papan tiyang tahanan prèpèntiph, tuwin ukuman ingkang mayar ing pakunjaran Cipinang. Miturut rancangan, pakunjaran wau awangun bundêr, wiyaripun ing ngajêng kintên-kintên 180 Mètêr.

Kawartosakên, pandamêlipun griya tahanan ing Têbingtinggi tuwin Minje sampun mèh rampung.

Up agèn pulisi Kok ing Bandhung, dipun cêpêng jalaran saking gadhah tindak mirês. Dèrèng dangu tuwan wau sampun gadhah atur ing pamarentah ngakêni dhawah ing kamlaratan.

Radhio sêtatsiun ing pulo Panjang martosakên, sasampunipun kèndêl salêbêtipun 12 jam, ing sapunika kawah ing Krakatao wiwit tumandang malih. Inggiling pambalêdhosipun ngantos 50 mètêr.

Nalika tanggal 11 wulan punika, ing kadhistrikan Bèji, Klathèn, ambikak poliklinik, wragadipun kapêndhêtakên saking arta kas dhusun. Kabaripun ing Jatinom tuwin ing Bayat inggih badhe dipun adani makatên.

Pamarentah sampun amarêngakên anggêntosi pasitèn ing Blitar gadhahanipun N.V. Oliefabrieken Insulinde ingkang sampun dhawah ing kamlaratan, rêgi f 70.000.- Panggenan wau badhe kangge papan panggulawênthahan lare jalêr.

Benjing konggrès P.P.P.K.I. salêbêtipun wulan Juli 1928 wontên ing Surabaya, badhe mawi têtingalan sarana mupu beya. Angsal-angsalanipun badhe kangge ambiyantu kasing pakêmpalan kabangsan.

Pakunjaran tumrap băngsa kulit pêthak tuwin têtiyang siti ingkang pangajaran ing Bandhung, ingkang sawêg dipun garap, wêwangunanipun inggih miturut pakunjaran tanah kilenan. Ingkang ngadani padamêlan wau para têtiyang ukuman, dipun pangagêngi ing B.O.W.

--- 594 ---

Para priyantun ing Bayalali badhe ngêdêgakên pasar malêm, wiwit tanggal 30 Juni dumugi 10 Juli, sarana ngawontênakên pawitan f 4000.- kabage ing 400 andhil nyadasa rupiyah, angsal-angsalanipun badhe kangge miwaha tumbuk dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, tumbuk yuswa 64 taun.

Sanadyan dèrèng dipun têtêpakên, nanging sampun wontên pawartos, bilih ewah-ewahaning paprentahan badhe tumindak wiwit tanggal Januari 1929, naning tumrap Pasuruan badhe dipun piyambakakên, jalaran saking kawigatosaning gêwès, ugi sampun kenging katamtokakên, ingkang badhe jumênêng Residhèn Tuwan Gesseler Verschuir.

Pamarentah botên sagêd angambali mariksa malih karampunganing prakawisipun Paduka Gupêrnur Hillen kalihan wakil Bupati Bandhung ingkang kakèndêlan. Bêslit kèndêlipun wakil bupati wau têtêp botên ewah.

Wontên wartos, bilih panyuwunipun Ir. Meertens dhatêng pamarentah, ing bab pitulungan minăngka lêlintuning pènsiun ingkang dipun suwak, botên dipun parêngakên.

Jalaran saking kamajênganipun mantri guru ing pamulangan gupêrmèn ăngka 2 ing Cikarang, ing salêbêtipun wulan punika sagêd anglêbêtakên murid enggal, têtiyang siti tuwin Tionghwa wontên 90, sapunika gunggunging muridipun wontên 300 langkung. Nanging tumindaking pangajaran ragi rêkaos, awit guru 4 ngajar 6 klas. Ing sapunika dipun pranata tumindak giliran. Tuwin sarèhning kathah muridipun èstri, prêlu badhe nyuwun guru èstri kangge mulang padamêlan tangan, makatên ugi wêwahing guru jalêr.

Ing dintên Kêmis kêpêngkêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral mêntas ngawontênakên konpêrènsi kalihan para bupati. Ingkang karêmbag prakawis umum, lajêng bab sudaning kawula ingkang purun dados priyantun pangrèh praja, lajêng prakawis ingkang magêpokan bab nikahan, wusana bab tumindaking bêrgêrlêkê sêtan.

Malêm Akat tanggal kaping 8 April punika, ing pandhapa kabupatèn Karanganyar bawah Mangkunagaran dipun wontênakên têtingalan bêksan Jawi warni-warni mawi bayaran, saking ada-adanipun bêbadan komite panulung kasangsaran banjir, angsal-angsalanipun yatra saking para mirsani badhe kadarmakakên dhatêng têtiyang ingkang sami kasangsaran banjir ing padhusunan bawah kabupatèn wau.

Malêm Akat tanggal kaping 15 ugi April punika, pakêmpalan musik klêb ing baprik gêndhis Tasikmadu bawah Mangkunagaran, ambikak têtingalan darma warni-warni, angsal-angsalanipun yatra badhe kangge darma dhatêng griya pamulasaran tiyang sakit maripat ing Ngawi, tuwin Bomêske ing Tasikmadu.

Kawartosakên benjing wulan Bêsar ngajêng punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VII, badhe kagungan damêl nêtêsakên putranipun ingkang miyos saking garwa dalêm Kangjêng Ratu Timur.

Kawartosakên bilih Kangjêng Pangeran Arya Mataram, pangagênging paprentahan marêkwèsên ing sabawah kasunanan, benjing wulan Mèi ngajêng punika badhe lèrèh saking anggènipun ngasta padamêlan amangagêngi paprentahan marêkwèsên wau. Sintên ingkang kacalonakên badhe dados gagêntosipun, dèrèng wontên kabar.

Ing sabên taun dhawah ing dintên Ngahad pungkasaning wulan Sawal, ing Luar Batang, Batawi, inggih punika dunungipun pasareanipun sawênèh aoliya ingkang nama Habib Al Edrus wontên wilujêngan agêng, mèngêti sedanipun aoliya wau. Ing wulan punika wilujênganipun sampun kalampahan kala Ngahad kêpêngkêr, tiyang ingkang dhatêng kathah sangêt.

Kala ing dintên Rêbo kêpêngkêr margi sêpur antawisipun Tagogapu kalihan Ciputat, sitinipun longsor, sêpur 513 ingkang langkung ing ngriku ingkang sabagean kurugan, nanging botên andadosakên sabab, sasampunipun siti kasingkirakên, sêpur sagêd lumampah malih, kasèp 20 mênit.

Ing Cianjur kêtitik kambah ing sima, wontên tiyang kecalan maenda jalaran katêdha ing sima. Mirid pangintênipun têtiyang ing ngriku, sima wau biyungipun gogor ingkang dipun ingah ingkang bupati.

Kados ingkang sampun kawartosakên, sapunika de Jeer badhe kapriksa prakawisipun bab suka papan pangayoman dhatêng tiyang pambrontak, dados botên tumut nêdya ngrêbahakên pamarentah.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 506 ing Bojanagara. Ing Kajawèn ugi badhe ngêwrat wêwêdharan sabda ing parêpatan kawula. Buku Serie No. 777 kalihan buku Peroebahan Pemerintahan negeri punika sami kemawon. Dene dhaptar dèrèng wontên sanèsipun malih.

Lêngganan nomêr 2388 ing Purbalingga. Bab prayogi panjênêngan supados pangintuning Kajawèn dipun tapihi kados Kajawèn nomêr lêbaran, murih botên gampil dipun cidra ing tiyang. Punika sawêg karêmbag.

Lêngganan nomêr 2112 ing Tayu. Mênggahing kopêrasi, badhe nyuwun rèh pêrsun utawi botên, punika gumantung wontên ing kajêngipun pakêmpalan piyambak, ing bab agami botên tumut-tumut.

Lêngganan nomêr 2504 ing Randhublatung. Ngrêsiki plat gramopun punika cêkap kalihan sikat, ingkang pancèn pirantos kangge ngrêsiki gramopun, tumbasipun dhatêng toko plat, dene manasi[11] rêgêdipun kêsangêtên, kêdah mawi dipun kumbah ing bènsin rumiyin, lajêng dipun sikat.

--- 595 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

30. Pamriksaning prakawis

Dhawuh pangandikanipun sang putri: ing ngriki punika pasareaning para nata kina ing Mur wontên sangandhaping siti, mangke panjênêngan badhe priksa. Sang putri lajêng ngasta tanganipun Orme malih, awit pèrèngipun mayat saha lunyu.

Kula sadaya lajêng lumampah têrus, ajêg tumurun, mandhapipun kintên-kintên ngantos 400 mètêr, kula sadaya dumugi ing papan ingkang jêmbar sangêt, ingkang saèmpêr papan kumidhi, katutup ing payon curi inggil sangêt. Sang putri lajêng menggok manêngên, saha lajêng kèndêl wontên sangajênging barang-barang pêthak gilap, dilah ingkang dipun asta lajêng dipun angkat manginggil saha ngandika: măngga kapriksanana.

Kula sadaya inggih lajêng sumêrêp, ing ngriku wontên kursi sela agêng, ingkang palinggihanipun kêbak balung tiyang, ing ngriku wontên cumplungipun ingkang dipun anggèn-anggèni makutha êmas. Kajawi punika wontên rêrênggan sanès-sanèsipun kados ta: têkên karajan, sêsupe, oncèn-oncèn mutyara, dêdamêl, saha kêre, ingkang kasèlèhakên ing antawising balung-balung wau. Ingkang kapratelakakên wau dèrèng sadaya, amargi sakubênging kursi taksih wontên jrangkong sanèsipun sèkêt, mawi tăndha-tăndha pangangge, ingkang dipun angge kala gêsangipun.

Makatên ugi ing sabên sangajênging jrangkong wontên bakinipun salaka utawi têmbaga, kêbak barang-barang ingkang kathah pangaosipun, kados ta: cangkir utawi wadhah sêkar sami êmas, barang pirantos kangge dandos, kalung rante, rêrênggan dhadha, kêlat bau, gêlang, anting-anting, utawi sanès-sanèsipun, ingkang sadaya mawi rinêngga ing sela ingkang awis rêginipun, kajawi punika wontên tumpukan arta lan barang sanès-sanèsipun pintên-pintên atus warni, kawontênanipun sadaya wau sampun dipun melikakên ing tiyang wiwit saking kala wontênipun kasusilan.

Sarêng sang putri mriksa bilih kula sadaya anggènipun ningali kawontênan ingkang anggêgilani wau sarana ajrih, sang putri lajêng ngandika makatên: panjênêngan tamtunipun mangrêtos, bilih ingkang lênggah ing kursi punika ratunipun, dene ingkang gumlethak ing sakubêngipun, punika para garwa, upsir tuwin ajudanipun. Kalanipun sang nata wau seda, sadaya kawulanipun ing kraton kairit mriki kanthi ambêkta bandhanipun sadaya, têtiyang wau lajêng kapatah manggèn sakubêngipun sang nata saha nuntên pinêjahan, manawi panjênêngan andamu balêduk punika, panjêjêngan tamtu badhe priksa, bilih curi punika taksih kêbak tabêt tetesaning êrah, kajawi punika taksih wontên tapaking lamêng ing cumplung saha balung cêngêl.

Quick ingkang sok rêmên dhatêng nitipriksa, inggih lajêng nitipriksa kawontênanipun ing ngriku.

Salêbêtipun Quick nyêpêng cumplung saha lajêng dipun bucal malih kalihan wicantên makatên: lailah, kula bingah sangêt, dene kula kala rumiyin botên ngabdi dhatêng nata ing Mur. Malah ingkang makatên punika taksih katindakakên wontên ing Aprikah, amargi nalika kula kèndêl wontên ing pasisir kilèn, kula dumugi ing sacêlaking papan ingkang têtiyangipun dipun pêndhêm gêsang-gêsangan.

Kala têtêmbunganipun Quick sampun dipun prêtal, sang putri lajêng ngandika: sagêd ugi makatên, ananging ing kintên kula manawi kawula kula botên badhe nindakakên ingkang makatên punika. Sang putri lajêng gumujêng saha nyambêti pangandikanipun makatên: sumăngga para mitra sami anglajêngakên lampah, ing ngrika taksih kathah têtingalan raja-raja ingkang kados makatên punika, lan dilahipun botên kuwawi dipun panjêr dangu-dangu.

Kula sadaya tumuntên anglajêngakên lampah, kintên-kintên watawis kalihdasa pas,[12] kula sadaya sumêrêp kursi ingkang kados makatên wau malih, ingkang nginggil tuwin sakubêngipun kêbak balung, gumlethaking balung ingkang makatên wau, sasampunipun bangke bosok. Makatên ugi ing ngrika-ngriki, ing kubêngipun wontên jrangkong-jrangkonging tiyang, ingkang sami andhèrèkakên sedaning ratunipun, satunggal-satunggalipun angajêngakên baki raja pèni, sangajêngipun kursi cêlak wontên balunging sagawon, ingkang mawi rante rinêgga-rêngga ing pêpêlikan. Salajêngipun kula sadaya lajêng dumugi ing kursi bangke ingkang nomêr tiga, ing ngriku sang putri nudingi satunggiling jrangkongipun tiyang jalêr, ingkang ing ngajêng ugi wontên bakinipun kêbak gêndul jampi ing jaman kala samantên, antawisipun gêndul-gêndul wau wontên pirantosipun kangge anjampèni.

Sang putri kanthi mèsêm angandika makatên: dhuh Dhoktêr Adams, măngga kula aturi ngandika dhatêng kula, kintên-kintên panjênêngan punapa karsa dados dhoktêr wontên salah satunggiling nagari ing Mur punika.

Kula amangsuli: O botên sang putri, ananging manawi panjênêngan amarêngakên, kula kaparênga nitipriksa pirantos-pirantosing

--- 596 ---

anjampèni punika. Salêbêtipun sang putri anglajêngakên tindakipun, kula andhingkluk prêlu ngisèni kanthongan kula. Ing ngriki prêlu kula cariyosakên, bilih sasampun kula titipriksa sayêktos, pirantos-pirantos wau wontên sawatawis ingkang sanadyan umuripun sampun ewon taun, ewadene ngantos dumugi samangke taksih kenging dipun angge.

Mênggah kawontênanipun pasarean-pasarean sangandhaping siti, ingkang nganèh-anèhi saha anggêgilani, punika botên prêlu kacariyosakên malih. Lampah kula sadaya saking satunggal-satunggaling panggenan ratu, kula sadaya ngantos rumaos bosên ningali balung tuwin êmas. Kula sadaya sawêg kemawon badhe angrêmbagi, murih kèndêl anggènipun nitipriksa, dilalah kula sadaya sampun anyêlaki ingkang nomêr salangkung, kadosdene miturut pangetang kula. Ing ngriku kula sadaya lajêng kanthi gumun sangêt, amargi ratu punika ingkang agêng piyambak panguwaosipun, ing kubêngipun wontên bangkenipun kathah sangêt, cacahipun tikêl tiga utawi sakawan tinimbang sanès-sanèsipun, saha rajabrana ingkang wontên ing ngriku sakalangkung kathah sangêt, sawatawis wontên ingkang wujud rêcaning tiyang jalêr tuwin èstri utawi rêcaning dewa.

Ananging ingkang nganèh-anèhi, dene ratu punika bucu, lan cumplungipun agêng sangêt, wujudipun anggêgilani, bokmanawi luhuring kabatosan sairib kalihan agênging sariranipun, tăndha yêktinipun botên kirang lare sawêlas ingkang kakurbanakên ing panjênênganipun. Antawisipun lare samantên wau, miturut sawênèh kuwolak-waliking balung, wontên ugi lare kalih utawi tiga ingkang putranipun piyambak.

Ingkang makatên punika lajêng anuwuhakên pitakenan salêbêting manah kanthi gumun, kadospundi kawontênanipun nagari Mur utawi tanah têpis-iringipun, kala ingkang jumênêng nata raja punuk wau, ananging bab punika ing sêrat babad botên anyêriyosakên punapa-punapa.

10. Quick Angêjèsakên Rèkipun

Sang putri nolèh sipat pamidhangan tuwin ngandika: ing ngriki kula sadaya miwiti mubêng-mubêng, amargi papan ing ngriki punika bundêr.

Ananging Olivier Orme ingkang dipun pangandikani ing sang putri makatên wau, nilar sang putri saha sawêg nitipriksa kawontênanipun satunggiling pirantos, ingkang kapêndhêt saking kanthonganing rasukanipun, wontên ing sawingkinging kursi bangke palênggahanipun ratu bucu.

Sang putri ngêtutakên Orme saha sajak kêpengin badhe priksa, barang punika punapa, tuwin punapa sababipun Orme migunakakên barang punika.

Orme amangsuli: kula sadaya amastani barang punika pandom, ing ngriku kula sagêd sumêrêp, bilih ing ngrika sangajêng kula sadaya punika sisih wetan, inggih punika prênahing srêngenge mlêthèk. Makatên ugi nêdahakên sapintên inggiling panggenan kula saking lumahing toya sagantên, o, sang putri inggih punika toya kimplah-kimplah wiyar sangêt, ingkang panjênêngan dèrèng nate nguningani. Dhuh sang putri, mugi ngandikaa dhatêng kula, wontên ing sisih ngrika badhe manggih punapa, saupami kula sadaya sagêd nrabas ing curi punika.

Sang putri amangsuli: miturut cariyosing tiyang, ing ngrika punika dununging dewanipun têtiyang Fung ingkang asirah singa. Sadèrèngipun panjênêngan angrisak gapuraning kitha Harmac, panjênêngan rak inggih priksa. Ananging sapintên têbihipun, punika kula botên sumêrêp, jalaran kula botên sagêd ningali nrabas sela-sela punika. Dhuh mitra kula Adams, kula aturi mitulungi kula, angisèni dilah-dilah punika, jalaran urubing dilah-dilah punika ambalêrêt, lan manawi pêtêng kawontênaning têtiyang pêjah punika botên nyênêngakên, makatên punika mênggahing pamanggihipun kawula kula, amila botên wontên têtiyang ingkang wani malêbêt ing kitha ngriki punika. Sawatawis taun sapriki, nalika kawitanipun kula kalihan para kawula nyumêrêpi kawontênanipun papan punika, saha sumêrêp kawontênanipun ing nglêbêt, têtiyang kula sadaya wau sami lumajêng saha nilar kula piyambakan, supados nitipriksa salajêngipun. Sumăngga priksanana tapak-tapak kula wontên ing lêbu.

Kula ngisèni dilah alit wau lan salêbêtipun punika Orme nglajêngakên panitipriksanipun sawatawis kanthi rêrikatan, ingkang angsal-angsalanipun dipun sêrat wontên ing buku alit.

Sang putri lajêng animbali piyambakipun. Sarêng Orme ingkang sajak botên rêna manahipun ngêmpali kula sadaya, sang putri lajêng andangu makatên: panjênêngan sagêd manggih punapa.

Orme amangsuli: angsal-angsalanipun botên patos kathah kados manawi kula panjênêngan paringi wêkdal langkung dangu. Minăngka katranganipun Orme nyambêti atur makatên: dhuh sang putri, mênggah sajatosipun kula punika insinyur, lan manawi nyambutdamêl kêdah migunakakên petangan kathah. Kintên kula têtiyang ingkang pêjah punika kathah ingkang bangsaning insinyur.

Sang putri lajêng angandika: inggih, ing ngriki para insinyur punika ugi wontên, têtiyang punika sami damêl bêndungan utawi urung-urung margi toya, saha griya-griya, ananging pandamêlipun griya-griya wau botên kados jaman rumiyin. Sang putri andangu malih, o, piyantun juru yêyasa ingkang pêng-pêngan, pinanggihing papriksan panjênêngan punapa.

Orme amangsuli, pinanggihipun botên patos têbih saking kitha Harmac. Lan bilih ing ngrika, sawingkinging kursi, punika ing suwaunipun lurungan, ingkang têmbe wingkingipun lajêng dipun tutup malih. Ananging o sang putri, panyuwun kula panjênêngan sampun ngandika punapa-punapa, lan sampun andangu punapa-punapa sanèsipun dhatêng kula rumiyin, amargi kula dèrèng sagêd ngaturi priksa punapa-punapa dhatêng panjênêngan ingkang saèstu. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


wus. (kembali)
wruh. (kembali)
inggih. (kembali)
jêjogedan. (kembali)
têtiyang. (kembali)
ombèn-ombèn. (kembali)
Yèn. (kembali)
padamêlan. (kembali)
mawon. (kembali)
10 yèn. (kembali)
11 manawi. (kembali)
12 pal. (kembali)