Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-12, #143

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-12, #143. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-12, #143. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 04-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 38, 22 Dulkangidah, Taun Jimakir 1858, 12 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [709] ---

Ăngka 38, 22 Dulkangidah, Taun Jimakir 1858, 12 Mèi 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Saigon

[Grafik]

Gambar candhi Jardin Botanique, ing kêbonraja tanah Fransch Cochin China, minăngka tăndha pangèngêt-èngêt kawontênaning para saradhadhu băngsa Anam ingkang tiwas wontên ing jaman paprangan agêng.

--- 710 ---

Raos Jawi

Pêthikan Sêrat Rama

[Dhandhanggula]

Kunêng lingnya Ramadayapati | angandika Sang Ramawijaya | hèh bêbakal sira kiye | gampang kalawan ewuh | mapan ana ingkang akardi | yèn wania ing gampang | wêdi ing pakewuh | sabarang nora tumêka | yèn antêpên gampang ewuh dadi siji | ing purwa nora nana ||

[Grafik]

Prabu Rama

Ungêl-ungêl ing nginggil punika sampun limrah kasumêrêpan para sagêd, nanging inggih taksih kathah ugi ingkang katêmbèn mirêng, dados anggèn kula manjurungakên ing angganing Kêjawèn punika prêlunipun: paedah tumrap ingkang dèrèng sumêrêp, mêwahi kawruhipun, dene tumrap ingkang sampun nate mirêng, saya nancêbakên ing raos, nuwuhakên kasantosan, bilih badhe tumandang ing damêl.

Suraosipun makatên: satêlasing aturipun Anuman (Anoman) Sri Rama ngandika: hèh wong nonoman, kang isih akèh kang sira gayuh, amurih katêkan sêdyanira, aja wêdi marang ewuh-pakewuh. Yèn wong iku mung milih sing gampang bae, ngêmohi sing angèl, awit saka wêdi utawa lumuh, sabarang sing digayuh, tangèh bisane kêtêkan, mungguh gampang lan ewuh iku satêmêne gaweanira dhewe. Samubarang gawe, yèn sira anggêp gampang, iya gampang. Yèn sira anggêp angèl, iya angèl, gumantung saka kêkêncênganing tekadira. Dadi satêmêne kang aran gampang lan ewuh iku ora ana.

Suraos ing nginggil punika tumrap para sagêd inggih sampun têrang, nanging tumrap ingkang dèrèng jêmbar lêlimbanganipun, rumaos kirang têrang. Mila prayoginipun dipun kanthèni pasêksèn, sabab wontên ingkang ambantah makatên: saupami pun suta badhe minggah rêdi ingkang pèrèngipun andêdêr, têmtu rêkaos sangêt, yèn ta ngambaha nurut pandêdêring rêdi wau, lêpat-lêpat manggih tiwas, mila lajêng milih utawi ngupados margi ingkang gampil, [ga...]

--- 711 ---

[...mpil,] inggih punika nurut margi ingkang nglikêri rêdi wau, wêkasan inggih dumugi ing pucak, punapa anggènipun ngupados margi ingkang gampil wau nama lêpat, kados sampun salêrêsipun. Rak lajêng botên cocog kalihan piwulang ing nginggil punika.

Wangsulanipun: O, la, klintu tampi. Pun suta anggènipun ngêdalakên akal, ngantos pikantuk margi ingkang gampil, punika rak inggih sampun nama purun ing pakèwêd, ingatasipun manungsa prêlu sangêt ngêdalakên akal budi salêbêtipun tumandang ing damêl, ngêdalakên akal punika dede padamêlan ingkang gampil.

Upaminipun malih: tiyang kapengin sagêd mabur. Nglêngkara sagêdipun kalampahan, manawi tanpa pirantos. Tiyang lajêng ambudidaya ngawontênakên pirantos, punika ngantos pintên-pintên taun, sarta anggènipun nyoba sampun rambah-rambah, tansah dèrèng lêrês, asring akurban jiwa. Ewasamantên para wira ing Eropah botên mundur pangudinipun, wêkasan dumugi ingkang cinipta. Sapriki sampun maèwu-èwu kapal mabur ing salumahing bumi awis-awis manggih tiwas.

[Grafik]

Radèn Anoman

Sasrasumarta

Ekonomi

Nanas

Mênggah asalipun nanas punika saking tanah Amerikah, sapunikanipun katanêm ing tanah-tanah sanès ingkang hawanipun bêntèr. Dene dhatêngipun ing tanah Jawi kintên-kintên taun 1599.

Sanadyan kathah para maos ingkang sampun nguningani piyambak mênggahing têtanêman nanas, ananging ing ngriki prêlu kacariyosakên sawatawis. Nanas punika satunggiling thêthukulan alit, godhongipun [godhongi...]

--- 712 ---

[...pun] panjang-panjang kandêl sarta ing pinggir mawi êri, panjanging godhong watawis ½ ngantos 1 mètêr. Godhong punika angubêngi witipun, ing têngah-têngah wontên badhenipun sêkar pating cringih, wohipun bundêr lonjong, kulitipun mèmpêr sisik, ing nginggiling woh wontên pupukicun[1] pating cringih. Ing jaman kinanipun woh punika anggadhahi wiji, nanging saya lami saking saening pangrimatipun, wijinipun wau sagêd ical piyambak. Ing sapunika sanadyan taksiha, ananging alit-alit.

[Grafik]

Kêbon nanas.

Nanas punika warni-warni, kados ta: nanas kopyor, nanas batu, nanas bogor, nanas ijêm, nanas acèh lan sapanunggilanipun.

Tumrap ing pulo Jawi, nanas punika prayoginipun katanêm ing papan ingkang hawanipun ajêg sarta kathah jawahipun. Pananêmipun kêdah wontên siti ingkang tênggar sarta botên kenging kayomên, ingkang êloh, utawi kalêmènan kathah, awising pananêm 2 dumuginipun tigang kaki, kêbon sabau sagêd katanêman nanas 15.500 wit. Dene manawi langkung saking samantên, kirang sae, amargi lajêng kêkêrêpên.

Mênggah ingkang dipun tanêm inggih punika: trubus (anak) lan payungipun, trubus punika wontên kalih warni, trubus ngandhap kalihan trubus nginggil, dene ingkang enggal mêdal wohipun trubus ngandhap.

Panggaraping kêbon nanas punika prayoginipun makatên: sasampunipun kêbon dipun waluku utawi dipun paculi ngantos sawatawis ambalan, saengga sitinipung mawug, panggenanipun ingkang badhe dipun tanêmi wau lajêng dipun gulud-gulud, prêlunipun sampun ngantos toyanipun ngêmbong. Dene bantalan punika murih saenipun, dipun larik-larik.

--- 713 ---

Wiwit katanêm ngantos sagêdipun mêdal wohipun, punika laminipun watawis 14 wulan, dene sagêdipun ngundhuh wohipun manawi sampun 18 wulan.

Ingkang sampun kêlimrah, tiyang nanêm nanas punika namung wontên ing kêbonan, saha namung dipun tanêm wontên ing dhadhah kemawon, minăngka pagêring pakarangan, awit pikantukipun kajawi ngundhuh wohipun, ugi rapêt kêtingal santosa.

Nanas ingkang sampun awoh, punika samăngsa sampun kêtingal sêmburat jêne prayogi lajêng dipun brongsongi, patraping pambrongsong, godhongipun katlakupakên ing uwoh, nginggil dipun tangsuli kados dipun pocong. Awit manawi botên dipun makatênakên, adhakan dipun têdha ing ama, inggih punika luwak.

[Grafik]

Nanas ingkang sawêg dipun oncèki

Nanas punika satunggaling wowohan ingkang sumrambah dumugi ing pundi-pundi, nanging manawi badhe dipun sade dhatêng sanès panggenan, ingkang kintên-kintên ngantos sawatawis dintên, pangundhuhipun prayogi ingkang taksih sêmburat jêne, dados sadumugining purug sawêg jêne.

Ingkang sampun misuwur kathah pamêdalipun nanas manawi ing tanah Jawi ing Sêmarang tuwin tanah Priyangan.

Tumrap nanas Sêmarang punika sumêbaripun wontên ing Jawi Têngah. Wujuding wohipun agêng-agêng, duduhipun kathah, dene panitikipun ingkang sae, manawi dipun kêbuk nyuwara pêk-pêk, punika dipun wastani budhêg, raosipun langkung eca. Manawi nuju taksih awis, wontên ing Sêmarang kemawon taksih rêgi 15 sèn, dene manawi sampun ngêmbyah namung nigang sèn. Manawi kalerês usum nanas ing pêkên-pêkên ngantos undhung-undhungan kathah sangêt, pinangkanipun saking padhusunan kilèn kitha. Malah ngantos [nganto...]

--- 714 ---

[...s] mèh kêlimrah, tiyang ingkang nuju kesahan dhatêng Sêmarang, manawi nuju ngusum nanas, tamtu sami angsal-angsal nanas.

Dene tumrap nanas wêdalan tanah Priyangan, ingkang sampun misuwur ingkang nama nanas bogor, wujudipun alit-alit, nanging raosipun lêgi tumêk, duduhipun botên patos kathah, manahipun kêpriyak eca. Măngka limrahipun nanas, manahipun nyontrot. Dene nanas bogor punika panyadenipun sumêbar sangêt, saya manawi nuju wontên karamean ing satunggal-satunggaling nagari, tamtu wontên tiyang ingkang sade nanas bogor punika, awit kagolong dados wowohan anèn, satunggal ngantos rêgi 25 dumugi 30 sèn.

Ngoncèki nanas punika kêdah sumêrêp caranipun, awit manawi botên makatên badhe kêkathahên dagingipun ingkang kabucal, awit mripating nanas punika pating cluwêk lêbêt, manawi namung dipun iris manut lêbêtipun, badhe ngatutakên daging ing sasêlaning mripat. Mila anggènipun ngoncèki kêdah tipis kemawon, mripatipun lajêng dipun caluwêki manut larikanipun, lan panitiking larikanipun sampun ngantos kêlintu ingkang botên urut.

Nanas punika kajawi katêdha matêng uwit, ugi kenging kaolah kangge sêle (jênang), punika eca katêdha kangge abên roti, utawi kuwawi kasimpên ngantos dangu. Dene manawi nanas badhe dipun kintunakên têbih, tuwin dangu wontên ing margi, prayogi dipun buntêli ing dlancang, punika kuwawi ngantos dangu.

Kala rumiyin sêrat nanas inggih punika sêrating godhong, kenging dipun pêndhêti kangge dandosan kados ta tampar, upat-upat pêcut, kangge sêlan tênunan sinjang lurik. Pandamêlipun sarana dipun kêrok ing lèpèk, utawi dipun kum, nanging sarêng sapunika wontên tanêman bangsaning nanas ingkang maligi namung kapêndhêt sêratipun, punika lajêng botên dipun pigunakakên malih.

Dados mênggahing tanêman nanas, punika manawi dipun santosani sagêd dados padagangan ingkang agêng pamêdalipun.

Panglipur Manah

Madu Balung Tanpa Isi

[Pocung]

bangun esuk rame dening jago kluruk | janma rêruncungan | samnya luwar saking guling | kagyat dening sumilaking antariksa ||

akèh kumpul bocah adus maring umbul | rame cêciblonan | lan lêlangèn anèng warih | kang wong tuwa alok-alok kinèn mêntas ||

aywa gidhuh lir bocah nora tuwajuh | dene maksih enjang | têka ambrêbêgi kuping | surak-surak kadi wong tan wruh ing tata ||

mak cêp gêtun ana ngucap sêmu ngungun | mau kowe Gombak | rak dadi nêsu bok cilik | wis ta ayo padha mêntas dolan-dolan ||

iki Minggu le sêkolah

--- 715 ---

ora mlêbu | ayo dha nyang ratan | angadhang simbok yèn mulih | wong dhèk wingi saguh nukokke layangan ||

Kuncung clathu lan narêthêk nganti biru | kowe iku Gombak | dene kaya bocah cilik | nganggo isih dhêmên angundha layangan ||

yèn ta aku luwung mulih maca buku | tur olèh paedah | nyilih saka bibliotik | ana kae ayo tak milu sadhela ||

Gombak Kuncung nulya samya runtung-runtung | dhodhok pinggir ratan | lan nyorot panasing rawi | griyip-griyip sami angrasa sakeca ||

Gombak muwus pyayi kae bagus lurus | salah sajak brêgas | iya etung-etung pyayi | sapolahe ya ketok kaya bandara ||

kowe Kuncung besuk dadi apa kae Cung |[2] Kuncung nuli jawab | yèn aku sing tak dhêmêni | milih dadi wong branahke rajakaya ||

sabên esuk enak nunggang sapi punuk | ngumbar nyang ra-ara | mulih-mulih yèn anggiring | dhasar akèh kêbo sapi pating glidrah ||

Gombak manthuk karo muni aku mathuk | ning yèn aku ora | isih pilih dadi tani | dhasar duwe sawah ămba sabrah-êmbrah ||

yèn pinuju panèn aku mubra-mubru | mêsthi ora bakal | kêkurangan bêras pari | dadi aku karo kowe padha kaya ||

Kuncung sambung pancèn bênêr padha ontung | nanging anuta ah | sawahe bok dipagêri | nglumuhana aku sugih rajakaya ||

awit aku yèn nganti luput lakuku | ora wurung bakal | kêboku mêsthi nyêngkuti |[3] wêkasane kowe dadi kapitunan ||

Gombak muwus ya aja ngono cah bagus | kuwi rak sêmbrana | yèn ngantia anyêngguti | la pedahe kapriye anggonmu jaga ||

lan yèn aku nurutana panêmumu | kon magêri sawah | iku harak ora main | lan ngêntèkke bandhaku sapirang-pirang ||

Kuncung clathu sêmune rada kêsusu | lo ora kainan | sauwisa[4] kăndha dhisik | dadi aku ora olèh kaluputan ||

aku êmbuh jênêng kewan sapa wêruh | gèk banjur narajang | byuk-byukan mangani pari | digugata aku mêsthi ora salah ||

Gombak maju karo calathu macucu | yèn sapimu nasak | mêsthi padha tak gêbugi | sapa wonge parine dipangani rila ||[5]

Kuncung nêpsu karo nyat ngadêg kêsusu | e la ora gênah | ana sapi digêbugi | sadurunge kowe wis tak tabok kêplak ||

mak nyat nusul Gombak banjur ngrukêt ngrangkul | karo mêgap-mêgap | mainan ngêntèke pari | jêbul malah êndhasku mau dikêmplang ||

nuli riwut Gombak Kuncung padha gêlut | gulêt bèk-êbekan | sarosa gênti ambithi | bocah loro biru èrêm babak bunyak ||

nuli jêdhul ana wong tuwa kang nusul | iki ana apa | dene esuk-esuk bêrik | wis bok pisah bocah padha ora gênah ||

barêng krungu larahe prakara mau | kêkêl wong sing tuwa | karo muni wis ta uwis | besuk manèh nyambuta gawe sing padha ||

Gombak Kuncung banjur mulih padha bingung | wêdi yèn konangan | ing bapakne disrêngêni | wurung-wurung malah digêbugi pisan ||

wosing tutur kaya sing uwis dicatur | pan iku upama | mula ya rêmbug sathithik | sok adhakan tinêmu datan prayoga ||

--- 716 ---

Kawruh Warni-warni

Bab Kasarasaning Sawangan

Tiyang ingkang ahli nênitèni, tamtu sagêd amastani tuwin angraosakên, bilih sawangan ingkang prayogi punika inggih migunani dados kasarasan, awit sadaya kawontênan ingkang damêl sakecaning mripat, punika inggih nêrusi damêl sênênging manah, lan sênênging manah punika sajatosipun inggih kasarasan.

Kados ing bab rêsikaning tiyang gêgriya, utawi prayogining panatanipun rêrênggan, punika tumrap ingkang manggèn ing ngriku angsal paedah kalih warni, sapisan saking dayaning rêsik, kaping kalih saking daya saening sawangan.

[Grafik]

Sawangan ing griya, ingkang ngrêsêpakên.

Tiyang kêrêp anglairakên pitêmbungan ing bab saening sawangan, kados ta mêntas nyumêrêpi asrining parêdèn, nyumêrêpi lumahing sagantên ingkang malêngkung ngubêngi pulo, punika cumithakipun wontên ing raos sagêd adamêl kasarasan, awit kawontênan ingkang dipun raosakên sumèlèhipun dhatêng manah sagêd damêl katêntrêman.

Nanging mênggahing sawangan, punika wohing sèlèhipun dhatêng raos, wontên ingkang malah dados panggodhaning manah, upaminipun tumraping para priya tumambirang ningali ayuning ringgit, ingkang sarwa damêl sênênging manah, punika pikantukipun malah damêl pangrisak, awit wohing sênêngipun malah anggonjingakên pikiran.

Kathah para ahli raos, ingkang katêtarik manahipun jalaran saking adining sawangan. Upaminipun kemawon para ingkang kulina manggèn ing parêdèn, punika sarasing sawanganipun tamtu ngungkuli tiyang ingkang kulina nyawang têtingalan ing paramean, awit tumrap ingkang kulina wontên ing parêdèn, rumaos manawi lêpasing sawanganipun angêlangut saksat tanpa wêkasan, wontênipun ing manah namung anilari tabêt sae.

Wontên pasaksènipun malih, bilih prayogining sawangan punika inggih damêl kasarasan, upaminipun tiyang ingkang nêmbe saras saking anggènipun sakit, punika angraosakên tungtum kakiyatanipun manawi nyawang têba ingkang ngasrêpi manah, kados ta ningali ijêming tanêm ing sabin, ningali muyêking sêsêkaran ing patamanan, sapanunggilanipun ingkang kados makatên.

Dene kawontênaning sawangan ingkang kados makatên [maka...]

--- 717 ---

[...tên] punika, tiyang prêlu sangêt ngulinakakên. Malah tumrap ing lare pisan, kados ugi wontên paedahipun dipun gulang murih kêtuwuhan raos ingkang kados makatên, awit mênggahing lare, adhakan sangêt sawanganipun lajêng kêtlêtuh rêmên dhatêng bangsaning têtingalan, lan pancèn nyata bilih lare punika dèrèng kêdunungan raosing sawangan kodrat ingkang gumêlar ing bumi. Nanging manawi dipun kulinakakên, dangu-dangu inggih badhe kêtuwuhan raos makatên, awit manawi dipun manah yêktos, tuwuhing sawangan ingkang dados pangrisak tuwin dados kasarasan punika inggih namung saking kulina.

[Grafik]

Sawangan ing têba wiyar, ingkang ngêlangut anggambarakên ing gagasan.

Lan malih sawangan ingkang sae punika dados margining gagasan, panuntunipun inggih kêdah sarana pamrêdi, kados ta: lare dipun gêgulang rêsikan wiwit badanipun piyambak ngantos dumugi caraning rêrêsik bale griya. Punika manawi sampun kulina, tamtu sagêd ngraosakên dhatêng prayogining sawangan ingkang tuwuh saking tindak rêsikan, sumêrêp tiyang nyandhang rêsik rêmên, sumêrêp latar ngilak-ilak sênêng.

Bilih sampun saya matuh makatên, benjing manawi sampun kêdunungan raos sêngsêm dhatêng sawangan, tamtu sagêd ngraosakên dhatêng kawontênaning sawangan ingkang sagêd damêl kasarasan.

--- 718 ---

Waosan Lare

Pinêsthi Dados Kanthi

II. Lêlakone uyah sing wis dadi banyu

[Asmaradana]

uyah banjur klêbu bumi | pêtênge ora kêjamak | bangêt-bangêt sêsambate | nanging malah saya krasa | blêbês amblês ing lêmah | wusana nuli kêpêthuk | rêmbês banyu lèn-ilenan ||

[Grafik]

rêmbêsan nakoni lirih | êlo kowe kănca anyar | apa arêp milu kene | uwis ta nuli mrenea | atimu aja samar | wis kene nunggala aku | mêngko padha dolan-dolan ||

uyah banjur amangsuli | ora kowe kuwi sapa | dene ketok sumanake | apa ya bangsaku uyah | rêmbêsan banyu kăndha | aku iki jênêng banyu | asli saka sah-isahan ||

sing dibuwang ana tritis | nglumpuk dadi pêcêrenan | wis ta kowe danga mrene | kowe kuwi harak iya | tunggalaku bae ta | bangsane buwangan banyu | wis ta aja ngaku uyah ||

kono uyah ngrumasani | iya nuli gêlêm nunggal | saiki aran pêcêrèn | rumêsêp jêroning lêmah | nuli agawe dalan | menggak-menggok banjur jêdhug | kono wêruh padhang hawa ||

lan krungu swara kumriwik | ora suwe banjur nunggal | ing saiki aran kalèn | iline alon-alonan | anèng jaban padesan | ing kono ana wong clathu | kalène mili gêmladhag ||

sanalika nuli ngrêti | batine banyu wis ngrasa | saiki kalèn arane | lakune agêmaiban | sok nganggo lunjak-lunjak | kuwi yèn nuju kêsandhung | rêrègêd ngalangi dalan ||

mung atine rada sêrik | dene akèh wong sing padha | guwang uwuh byak-byuk bae | barêng kalèn rada ămba | atine mundhak bungah | dene saiki wong mlaku | wis padha nganggo wod-wodan ||

akèh bocah-bocah cilik | sênêng padha wak-iwakan | kêbo sapi padha ngombe | ing suwe-suwe kêplantrang | lakune saya rikat | wusana nywara gumrujug | nunggal banyu bêbanyakan ||

wong akèh padha ngarani | ing saikine wis kaprah | duwe

--- 719 ---

jênêng kali Pepe | lakune sadalan-dalan | mung tansah dipilala | kala-kala mampir nylinthut | angêlêbi pasawahan ||

yèn nuju wayahe bêngi | wong padha ngurut bêndungan | kanggo ngoncori lêmahe | kali nganti sambat wêgah | wêtênge krasa sêbah | dening dibêndung malêmbung | ambêgan bae rêkasa ||

ana ayême sathithik | dene bisa gawe bungah | lawan bêgjane wong akèh | dening ambanyoni sawah | têmbe awèh nugraha | awoh pari ngundhung-undhung | dadi dalan kasugihan ||

wise tutug ambanyoni | nuli bali manèh wutah | isih aran kali Pepe | lakune saya rikatan | ora sêpi sawangan | duwe sêtrèn krai timun | uwohe padha kêtara ||

mung lakune ing saiki | ora ana ngênthak-ênthak | wiwit mlipir padesane | lan ing kono kala-kala | ketok ana wong jala | nyabrang nywara krubyug-krubyug | lan yèn olèh iwak surak ||

sajak ora pati-pati | anggatèkke golèk iwak | mung go sênêng-sênêng bae | sing mêngkono kuwi nyata | awit sing padha jala | pyayi sing rada gumagus | sênêng-sênêng dina Ngahad ||

kali Pepe nuli ngrêti | ing batine karo kăndha | e e dadi aku kiye | saikine uwis têkan | ing sajêroning kutha | dadi wong nom-anom iku | pyayi kutha Surakarta ||

[Grafik]

Sawênèhing nonah sugih băngsa Amerikah nama Nancy Miller, angrasuk agami Hindhu, ingkang linampahan kanthi eklasing manah. Wontênipun nonah wau angrasuk agami sanès, awit badhe kagarwa tilas narendra ing Indore, Hindhustan. Ing gambar punika kêtingal nalika nonah wau anêtêpi cara lampahing santun agami. Samantên tuwuhing antêp mênggahing palakrama.

--- 720 ---

Bab Kasarasan

Kabêtahaning tilêm lare utawi tiyang sêpuh

Sawênèhing tiyang wontên ingkang sok pitakèn, mênggah bêtahing tiyang tilêm ing dalêm sadintên sadalunipun punika pintên jam. Pitakèn punika sajatosipun botên gampil wangsulanipun, awit ingkang makatên wau rak gumantung dhatêng satungil-satunggiling tiyang. Ingkang satunggal bêtahipun tilêm langkung kathah tinimbang sanèsipun, inggih punika miturut kasarasaning badan tuwin umur-umuranipun. Upaminipun kemawon: lare alit punika bêtahipun dhatêng tilêm tamtu langkung kathah tinimbang tiyang sêpuh, sapintên danguning wajibibun lare tilêm miturut undha-usuking umur, punika pamanggihipun para sêpuh satunggal lan satunggalipun botên sagêd sami, amargi kathahing wancinipun ngaso, ingkang sayêktos mumpangati tumrap lare, punika sok beda-beda. Tumrap bayi ingkang mêntas dipun lairakên, punika para sêpuh sampun sami mupakat sadaya, bilih kabêtahanipun ingkang prêlu piyambak: tilêm kalihan têdha. Dene lare saya agêng saya suda bêtahipun dhatêng tilêm, punika inggih sampun tamtu kemawon, ewadene wontên sawênèh lare, ingkang kêsayahên jalaran saking anggènipun kêkathahên dolanan utawi punapa kemawon, sarêng wancinipun kêdah tilêm lajêng beka botên purun mapan tilêm, ingkang makatên wau anandhakakên, bilih pun lare piyambak botên sagêd nyumêrêpi sapintên anggèning ngasokakên badanipun.

[Grafik]

Lare ingkang sawêk tilêm

Wontên sawênèhing para sêpuh ingkang nyariosakên, bilih lare punika manawi sampun sayah sangêt ingkang lajêng kêdah dipun asokakên, punika sok lajêng purun anglairakên piyambak, murih dipun tilêmakên. Ingkang makatên punika inggih wontên ugi, ananging limrahipun lare punika manawi badhe tilêm, sok lajêng beka utawi rèwèl, malah sok botên purun dipun purih tilêm. Lare nakal utawi lare ingkang botên purun kèndêl, punika bêtahipun dhatêng tilêm langkung kathah tinimbang lare ingkang antêng. Amargi badan tuwin talirasaning lare ingkang nakal utawi lare ingkang botên purun kèndêl, punika langkung sayah tinimbang lare ingkang antêng. Lare nakal tuwin lare ingkang botên purun kèndêl, punika pangraosipun langkung landhêp, langkung kagetan, langkung tangisipun, cêkakipun samubarang ingkang dipun sumêrêpi utawi ingkang dipun [di...]

--- 721 ---

[...pun] lampahi, langkung enggal anggènipun angraosakên tinimbang lare ingkang antêng, sadaya wau rumasukipun dhatêng sanubarinipun inggih langkung lêbêt, wusananipun inggih lajêng langkung-langkung anggènipun sumêdya nindakakên pêpenginanipun. Botên ngêmungakên badhe tumindak kemawon, ananging pikiranipun inggih lajêng kapêksa tumut anyambutdamêl, ingkang makatên punika anjalari sayahipun. Pungkasanipun, inggih sampun tamtu kemawon, manawi lare ingkang makatên wau, kabêtahanipun dhatêng tilêm inggih langkung kathah, prêlunipun supados kakiyatanipun wau sagêda wangsul malih. Ewadene inggih lare ingkang makatên punika, ingkang sok rèwèl utawi beka manawi badhe dipun tilêmakên.

Tumrap tanah Jawi ngriki, cêkakipun tumrap nagari ingkang hawanipun bêntèr, kados agêng sangêt gunanipun, upami lare nakal utawi lare ingkang botên purun kèndêl punika dipun kulinakakên tilêm siyang sakêdhap. Awit manawi namung ngaso kemawon, punika sajatosipun botên cêkap. Lare wau kêdah dipun tilêmakên sayêktos, awit namung sarana tilêm sagêdipun otot tuwin talirasanipun ngaso yêktosan, botên namung sarana ngaso kemawon. Kathah para dhoktêr ingkang sami ngandikakakên, bilih mila angèl sangêt pambudidayanipun murih lare punika puruna tilêm siyang, ananging tiyang sêpuh, manawi pancèn trêsna dhatêng putranipun, saha anganggêp prêlu larenipun kêdah ngasokakên badanipun sarana katilêmakên ing wanci siyang, punika kêdah ingkang talatos anggènipun mêksa dhatêng lare wau. Manawi sampun sawatawis dintên laminipun, lare wau rak lajêng kulina piyambak, tanpa dipun prentah tamtu inggih lajêng mapan tilêm piyambak. (Badhe kasambêtan)

Jagading Wanita

Kasêtyaning Èstri

Mênggahing kasêtyaning èstri dhatêng jatukrama punika manawi ing jaman kina ngantos labuh dumugi ing pêjah, têgêsipun manawi ingkang jalêr ngajal, ugi alabuh bela pêjah.

Manawi têtuladan kina, kasêtyaning èstri punika pinanggih wontên ing Dèwi Sêtyawati, garwa nata Mandraka Prabu Salya. Kacariyos kala Dèwi Sêtyawati mirêng bilih sri narendra seda wontên madyaning ngadilaga, jaman prang Bratayuda, sang putri lajêng ngupadosi kunarpaning raka dhatêng madyaning paprangan, tindakipun sang putri anasak bangke anyabrang rah ngantos krubyuk-krubyuk, wusana sarêng manggih layonipun sri narendra, sang putri lajêng sudukjiwa sumandhing ingkang raka, seda kanthi eklasing galih.

Kasêtyan ingkang kados makatên wau tumrapipun ing jaman kina kêtingal mungguh sangêt, yèn ta kêlimraha, dumuginipun sapunika, mênggahing èstri ingkang sêtya ing guru lakinipun, kados botên [bo...]

--- 722 ---

[...tên] awrat anglampahi kados makatên, awit kasêtyan punika tansah dipun padosi.

Sarèhning jamanipun sampun sanès, cara kados makatên wau sampun botên tumindak. Nanging sarèhning kasêtyan punika taksih têtêp, dados caraning sêtya punika inggih taksih, kaot namung santun gagrag.

Dene wujuding kasêtyan wau manawi ing jaman tigang dasanan taun kapêngkêr, sêtyanipun dipun wastani bêkti ing laki, ringkêsipun bêkti ing laki punika atêgês sarwa sagêd nuju dhatêng kajêngipun ingkang jalêr, punapa ingkang dipun lairakên ingkang jalêr, tiyang èstri sagêd angladosi, tarkadhang malah sagêd damêl panujuning tiyang jalêr ingkang dèrèng kalair.

Gampilanipun kemawon bab olah-olahan, tiyang jalêr sawêg nyut kapengin anu, sarêng wancinipun sampun pinanggih wontên ing parampadan, sampun tamtu kemawon ingkang pinanggih wontên ing ngriku namung èsêm thok. Ing batos ingkang èstri dipun kudang-kudang, inggih jalaran saking sagêd damêl panuju wau.

Mila ingkang pinanggih ing jaman kala samantên, tiyang èstri punika ingkang dipun gêgulang namung ngulatakên liringipun ingkang jalêr, tuwin tanpa kêndhat tansah nalusupi raos-pangraosipun guru laki, awit tiyang èstri punika wajib dados pamongipun tiyang jalêr. Măngka mênggah caraning ingah-ingahan, tiyang jalêr punika sawênèhing ingah-ingahan ingkang ragi angèl, dados ingkang ngingah kêdah awas ing pamawasipun, dados nama botên anèh, wontênipun wulang kina namung mrayogèkakên, supados tiyang èstri punika kêdah sarwa manut miturut sakajêngipun ingkang jalêr, nanging sajatosing manut miturut wau kapurih pintêr lan ingkang mintir budinipun, awit saupami namung monat-manut, tênèh lajêng nama èstri sarwa kidhung.

Lan mallih tumraspipun[6] tiyang jalêr kala samantên, awis tiyang jalêr purun anglairakên gadhah panêdha dhatêng ingkang èstri. Nanging kosokwangsulipun tiyang èstri, sadaya namung sarwa nyandhak wontên ing sêmu tuwin tansah nindakakên pikiranipun, kados ta: ingkang jalêr plêndak-plêndèk anggènipun nêdha, botêna usah dipun lairakên sababipun, ingkang èstri ingkang lajêng ambuka pikiran: iki rak saka ora condhong lawuhane. Iki rak saka sing olah Si Sarikêm. Awas sesuk wong lanang.

Sarêng enjingipun lajêng dipun pêthukakên pakarêmanipun, iyak, dhaharipun inggih lajêng mindhak. Makatên ugi upaminipun bab sandhang pangangge, ujug-ujug ingkang jalêr sumêrêp sampun dipun sadhiyani sinjang udhêng kang dados panujunipun, sampun tamtu botên ketang lirih, ingkang jalêr inggih lajêng mungêl: jarik athik brêgis.

Wusana pantogipun kasêtyaning èstri, manawi dipun tilar ngajal ingkang jalêr, lajêng botên purun emah-emah malih, punika saksat anyamèni Dèwi Sêtyawati.

Sarêng ewahing jaman, jalêr èstri sasami-sami, botên wontên cara oban-abên sêmu, tiyang jalêr gadhah pêpenginan punapa-punapa cariyos dhatêng ingkang èstri, tiyang èstri tamtu inggih minangkani, awit pun jalêr inggih sampun mangrêtos, wontênipun gadhah panêdha punika tamtu badhe sagêd kalampahan, [kalampah...]

--- 723 ---

[...an,] jalêr èstri sampun sumêrêp ing ukuran, sami daya-dinayan. Jalêr badhe ambandhang dipun pêkak, botên dumèh jalêr, manawi lêpat inggih dipun sêrêp-sêrêpakên, makatên ugi pun èstri, botên kêndhat tansah tampi wêwulang saking ingkang jalêr, awit wajibing jalêr mulang, lan wulang wau wohipun badhe dipun undhuh ing tiyang kalih, awujud woh kawilujêngan. Dene pinanggihing kasêtyanipun tiyang èstri sami ngegla sêsarêngan kalihan kasêtyanipun ingkang jalêr. Wosipun rukuning anggènipun jêjodhoan punika atêgês wohing kasêtyan.

Samantên mênggah pinanggihing kasêtyaning èstri. Dados purwa madya wusananipun sarwa sae sadaya.

Wohing Ulahraga

Karosan ingkang Ngedap-edapi

Ing cacriyosan tuwin dêdongengan kina, asring sok nyariyosakên lêlampahanipun tiyang, ingkang saklangkung rosa sangêt, ngantos karosanipun wau mênggahing jaman samangke tamtu botên wontên tiyang ingkang badhe pitados, inggih punika saking mokalipun ngantos botên lumêbêt ing nalar babarpisan. Eman sangêt, dene pungkasaning cariyosipun tiyang rosa punika kadhangkala sok amêmêlas. Kados ta:

Ing Sêrat Torèt wontên cariyosipun: Simson, inggih punika satunggiling tiyang ingkang saklangkung rosa sangêt, ngantos dipun èringi ing sasamining gêsang, saking rosanipun Simson, ngantos ing satunggiling dintên piyambakipun dipun êbên kalihan singa barong, wontên ing salêbêtipun campuh, Simson nyuwèk cangkêming singo barong, ngantos dumugi tiwasipun. Kakiyatanipun Simson ingkang angedap-edapi wau, andadosakên girising mêngsahipun, amila mêngsahipun inggih lajêng tansah ambudidaya murih sagêd amrêjaya dhatêng pun Simson wau. Ingkang punika mêngsahipun wau lajêng ambujuk dhatêng semahipun Simson, supados puruna suka sumêrêp mênggahing pêjah gêsangipun Simson. Ing sarèhning semahipun wau nunggil băngsa kalihan mêngsahipun, ing wusana dangu-dangu inggih lajêng kasumêrêpan, inggih punika dumunung wontên ing rambutipun. Cêkaking cariyos, nalikanipun Simson tilêm, rambutipun nuntên dipun kêthok dening ingkang èstri saha sasampunipun lajêng kaprêjaya.

Wontên cariyos Jawi ingkang saèmpêr kalihan cariyos nginggil wau, inggih punika lêlampahanipun Radèn Răngga, putra Panêmbahan Senapati. Kakiyatanipun Radèn Răngga wau saklangkung anggènipun ngedap-edapi ngantos adamêl kuwatosipun ingkang rama, ing ngandhap punika badhe ngandharakên sawatawis mênggahing kalangkunganipun Radèn Răngga wau:

Nalika Panêmbahan Senapati sinowanan ing

--- 724 ---

utusan Pajang, ing alun-alun kadhawuhan ngawontênakên bêksan lawung, Radèn Răngga enggal umatur dhatêng ingkang rama supados kaparênga andhèrèk bêksa. Wontên ing alun-alun Radèn Răngga lajêng ngatingalakên kalangkunganipun ingkang andadosakên panjêngêring para ingkang sami ningali. Lawungipun Radèn Răngga saking awratipun kêdah dipun gotong dening tiyang wolu. Lawung ingkang samantên awratipun wau dening Radèn Răngga dipun umbul-umbulakên mawi asta satunggal ngantos inggil sangêt, saha lajêng tinampenan ing kempol tuwin dhadha tanpa wontên pinggêtipun babarpisan.

[Grafik]

Karosaning calon sawung patohan.

Kajawi punika, Radèn Răngga dipun cariyosakên manawi tindak botên nate krêsa sumingkir, sanadyan wontên ing margi amanggiha rubeda ingkang angèl dipun têrak. Kacariyos, kala kalêrês tindak dhatêng Pathi, wontên ing magi[7] Radèn Răngga kaprêgok ing sela agêng, Radèn Răngga botên krêsa sumingkir sajangkah, sela lajêng kajêjak sumyur dados glêpung.

Eman sangêt, dene ing wusananipun Radèn Răngga lajêng kumawani nindakakên pandamêl ingkang botên prayogi, inggih punika nyuwèk cangkêming pandhita ingkang pinuju mara tapa wontên ing sangandhaping rêdi ngantos dados tiwasipun. Ingkang makatên wau andadosakên dukanipun ingkang rama kanthi sangêt. Ing wusana Radèn Răngga lajêng pinêjahan sarana dipun êbên kalihan sawêr naga, awasta: Jalangên.

Nitik kawontênanipun cariyos kêkalih ingkang kasbut ing nginggil punika, tamtu kathah ingkang botên pitados dhatêng karosan ingkang samantên punika, awit sadaya wau lajêng kagalih botên kalêbêt ing nalar. Ananging kuwasaning Pangeran punika sok botên kenging kinintên, manawi Pangeran krêsa badhe nitahakên punapa kemawon ingkang langkung saking mêsthinipun, tamtu inggih sagêd kalampahan. Sintên sumêrêp, bilih ing têmbe badhe wontên lêlampahan ingkang langkung anèh malih tinimbang kalangkunganipun Simson tuwin Radèn Răngga wau.

Sanadyan dumugining samangke dèrèng wontên kabaripun, [kabaripu...]

--- 725 ---

[...n,] wontên tiyang ros[8] ingkang sagêd nyamèni kalihan Simson utawi Dèn Răngga wau, kewadene[9] inggih kêrêp kemawon kamirêngan waryosipun,[10] bilih ing Eropah utawi Amerikah wontên tiyang ingkang karosanipun langkung saking mêsthi, kados ta gambar ingkang kacêtha ing sisih punika, yambaripun[11] sinyo Helmut Lichtenfeld lare ing Oranienburg sacêlakipun kitha Bèrlin, nagari Jêrman. Sanadyan umuring lare wau sawêg 8 taun, ananging sarana tanganipun kemawon sampun sagêd ambêngkêlukakên tosan wiyaripun 3 c.M. lan kandêlipun 1½ c.M., punapa punika botên kenging kawastanan karosan êngkang[12] langkung saking mêsthinipun, iba rosanipun manawi lare wau sampun diwasa.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Lulus iksamên wêkasan ing K.E.S Surabaya, ingkang băngsa tiyang siti tuwin Tiyonghwa, ing golongan Bouwkunde: Gan Kian Kie, Han Tjwan Tjioe, M. Katam, Nie Tjiam King. Golongan Weterbouwkunde M. Abdulsarip Kusnandar, Kiam Tjwie Hwa, M. Munandar, M. Sukandar. Golongan Werktuigkunde: Saraya, Ahsan Amad, Kajad Kandar, R.M. Utara, M. Pikumahu, Ruslani. Golongan Electrotechniek: Oen Bian Hong, M. Suwarna.

Katêtêpakên dados lid Hollandsch Inlandsche Onderwijscommissie: W.C. van der Meulen, Khouw Kim An, R P.S. Găndakusuma.

Wontên pawartos, botên dangu malih Tuwan Takei badhe dumugi ing ngriki, wigatosipun badhe analiti bab panggaotan putra, lan gêgayutan bab punika, ugi badhe dhatêng Sumatra.

Sawênèhipun băngsa Arab nama Sèh Omar ing Pal Mriyêm Mèstêr Kornèlis, nuju lumampah anglangkahi ril sêpur, saking kirang pangatos-atosipun, dilalah kesaut sêpur èlèktris ingkang mlampah rikat, mancêlat nandhang tatu sangêt ing badanipun, lajêng kabêkta dhatêng griya sakit wusana ngajal.

Kala ing dintên Sêtu kêpêngkêr saking Batawi ngangkatakên tiyang komunis cacah 200 dhatêng Nusakambangan. Pakunjaran wau sawêg kemawon dados, nuntên badhe dipun isèni tiyang saking pakunjaran ing Glodhog nêm atusan.

Angsal panarimah saking pamarentah Tuwan E. Gobee up amtênar, wd. parampara babagan tiyang siti. Tuwin J.W. Meyer Ranneft, asistèn residhèn ing Pathi, tuwin Radèn Tumênggung Sumitra Kalapaking Burbanagara, bupati ing Banjarnagara. Sadaya wau sami katrimah anggènipun tumindak ing damêl mariksa prakawis rêrêsah ing Bantên kala wulan Nopèmbêr 1926.

Pangagêng ing kantor pos ing Surabaya nglapurakên dhatêng pulisi, bilih wontên satunggaling pop[13] wisêl isi arta f 170.- dhatêng pirmah Daishin dipun pêndhêt ing tiyang mawi tèkên palsu. Dèrèng kasumêrêpan sintên tiyangipun.

Wontên pawartos, benjing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana badhe têdhak dhatêng Borneyo. Têdhak dalêm wau botên kalihan baita Krakatao utawi pêlikan, awit palabuhan ing Banjarmasin punika cèthèk.

Radhio ing Pulo Panjang martosakên, sasampunipun sadintên sadalu kèndêl, kawahipun Krakatao lajêng kêtingal tumandang malih, ing salêbêtipun 24 jam pinanggih blêdhosan kaping 780, ingkang inggil piyambak ngantos 250. Lajêng malih toya ambêkluthuk kaping 1065, balêdhosan botên kapetang, toya muncrat minggah kaping 98. Ebahing siti karaos kaping 41 saking prênah lèr kidul, tuwin kaping 15 prênah wetan kilèn.

Ing Surabaya mêntas wontên parêpatan bonipun para Ind. Arts, wontên ing apdhèling Surabaya. Angangkat bêstir enggal inggih punika Tuwan Slamêt Bunyamin, tuwin Suryatin sadaya wau minăngka pursitêr, sèkrêtaris tuwin panêngmistêr. Panêdhaning apdhèing supados dhoktêr Sutama supados dipun angkat dados up bêstir, nanging botên dipun sayogyani, awit panjênênganipun wau sampun dede Ind. Arts.

Ing kursus enggal bab instrumentmaker tuwin glasblazer

--- 726 ---

ingkang sambêt kalihan pamulangan luhur, ingkang nglêbêti wontên tiyang wolung dasa, dene ingkang katampèn namung gangsal wêlas.

Dèrèng dangu ing Cangklèk, Cianjur, mêntas wontên pabrik tèh gadhahanipun tilas pangulu ing Cianjur, wontênipun pabrik punika andadosakên bingahipun tiyang ingkang gadhah tanêman tèh ing sakanan-keringipun ngriku, awit botên prêlu sade tèh dhatêng sanès panggenan, ingkang têbih-têbih dunungipun.

Awit saking pambudidayanipun golongan sèndhêng Protestan ing Ngayogya, wiwit wulan Juni ngajêng punika, ing Standaardschool gadhahaning sèndhêng ing Klitrèn, badhe dipun wontênakên sêkolahan Malayu Tiyonghwa, sarana pangajaran bèbêl. Ing wiwitanipun badhe namung sabên sontên kemawon, laminipun tiga têngah jam, pangajaranipun kados Standaardschool dipun wêwahi pangajaran bèbêl. Bilih angsal pambiyantu saking băngsa Tiyonghwa, lajêng badhe ngadani damêl griyanipun.

Wontên pawartos, bilih botên dangu malih putranipun sèlêpbêstir dhêr ing Ajong, Tuwan T. Oemar saking Singkêl badhe dhatêng Eropah. Panjênênganipun wau putraning kapala băngsa Acèh ingkang dhatêng nagari Walandi, ing sasampunipun wontên utusan, Acèh sowan Pangeran Maurits ing abad 17.

Botên dangu malih ing Kilèn Praga tuwin Gunung Kidul badhe dipun wontêni poliklinik, oto gadhahanipun Petronelah Hospital.

Kawartosakên, los kabudidayan kinah ing Gunung Kasur Bandhung, mêntas kêbêsmèn, ngantos têlas-têlasan, măngka pinuju kêbak kinah, kapitunan f 12.000.

Lulus saking H.K.S. wêkasan: 1 Agustan, 2 Abdul Muntalib, 3 Darsana, 4 Isdiman, 5 Kusayamwardi, 6 Marnitma, 7 Mohamad Anwar, 8 Mohamad Jalil, 9 Mohamad Ajam, 10 Ngusman, 11 Jurwadi, 12 Siswaya, 13 Sujadi, 14 Sukayat, 15 Sumarjita, 16 Sumarna, 17 Suratman, 18 Sutarmadi, 19 Suwandi, 20 Tarjan, 21 Tarkiya, 22 Pasimin. Ingkang nglêbêti iksamên 25 botên angsal damêl 3.

Panjênênganipun Mistêr Sunarya, jalaran saking gêgayutan padamêlan, ing sapunika kèndêl saking anggèning dados lid redhaksi Bintang Indhiya.

Residhèn ing Sumatra pasisir kilèn, mratelakakên bilih botên makèwêdakên H.A. Salim ngambah dhatêng bawahipun. Ing sapunika Tuwan Salim wontên ing Palembang.

Miturut kathahing swara ing rêgènsêkap sêrad, amanah prêlu ngawontênakên sêkolahan Mulo ing Bantên, tuwin ugi nayogyani wontênipun sêkolahan Industrie.

Usul ing bab pabrik mêrcon supados kaasta ing parentah, botên kaparêngakên, awit kauntunganipun namung sakêdhik, dene bab panjagining kawilujêngan, punika cêkap dipun wontêni pranatan ingkang kêncêng.

Benjing tanggal kaping 19 wulan punika, residhèn Madiun badhe nglêmpakakên para bupati ing bawahipun, prêlu ngrêmbag badhe têmpukipun konpêrènsi para bupati benjing tanggal kaping 28 ugi wulan punika, ingkang badhe dipun jênêngi ing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 2113 ing Dhèmpèt, Dêmak. Pitakenan 1. Redhaksi botên nampèni karangan ing sanginggilipun ingkang kapacak ing Kajawèn nomêr 28-29, nanging kados sampun cêkap angewahi ungêl-ungêlan anyambêti karangan ing bab lare rêmên jajan punika kaanggêp botên wontên kemawon (Kajawèn nomêr 28-29 kaca 541). 2. Sampun kapacak ing Kajawèn nomêr 37. 3. Sampun kawrat ing rêmbagipun Petruk. 4. Pamrayogi makatên punika, sanadyan nyata paedah, nanging ngindhakakên kathahing waragad, ngèngêtana bilih rêgining Kajawèn sampun mirah sangêt. 5. Sampun kaewahan miturut pratelan panjênêngan. 6. Bale Pustaka sade buku ulah raga, rêgi f 0.90. 7. Buku bab olah-olah botên wontên, Kajawèn anyondhongi pamrayogi panjênêngan.

Lêngganan nomêr 1237 ing Têmanggung. a.b.c. sampun kalampahan sadaya. d. Bale Pustaka botên ngêdalakên buku ing bab babagan agami, lan ugi botên anampèni karangan babagan makatên. Kauningana.

Lêngganan nomêr 767 ing Kroya. I. Bab pamrayogi panjênêngan, murih pakabaran warni-warni dipun wêwahi dados kawan kaca, punika kirang prayogi, awit Kajawèn punika kalawarti Minggon dede kabar padintênan, dados namung mêthik ingkang prêlu-prêlu kemawon. II. Bab waosan satamatipun Rajaputri ing Seba supados ngangge waosan Babad Tanah Jawi gancaran, badhe karêmbag rumiyin, nanging miturut kaparênaning para maos, kados rêmên maos cêcariyosan ingkang kados sapunika. III. Ing bab para sêpuh botên purun dipun ngabêktèni tiyang wawrat, punika manawi mêndhêt saking tata lairipun, kêbêkta namung saking tiyang èstri ingkang nuju wawrat punika rêkaos tumungkal-tumungkul. Nanging manawi mirid cêcariyosan, bayi ingkang taksih wontên kandhutan punika samar, bokmanawi gadhah kaluhuran ngungkuli ingkang dipun ngabêktèni, mila para sêpuh botên purun dipun ngabêktèni.

--- 727 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

37. Anggènipun badhe ngluwari tanpa damêl

Kanthi sakalangkung gumuning manah kula tansah nyawang dhatêng Propesor Higgs, amargi kula botên ngintên babarpisan, bilih sayêktos kula sadaya punika badhe sumêrêp dhatêng Propesor Higgs malih. Ananging pun Orme lajêng ngadêg alon-alonan saha wicantên kanthi sabar makatên: o, iya, pancèn Propesor Higgs têmênan. Ayo rikat Shadrach, andhane pasangên, lan kowe tumuli mudhuna dhisik, prêlune supaya aku wêruh, yèn kowe iku ora nedya ngapusi aku.

Sang putri anyêlani pangandika: botên, botên, sagawon punika botên prêlu tumindak, awit saking anggènipun sêsobatan kalihan tiyang Fung punika, piyambakipun tamtu botên badhe wangsul malih. Salajêngipun sang putri lajêng ngandika dhatêng Japhet, inggih punika tiyang parêdèn kasêbut nginggil makatên: he, Man, kowe mudhuna dhisik, lan sajrone bandara iki mandhap ing ăndha, pungkasaning ăndha cêkêlana sing kêncêng, dene yèn panjênêngane sagêd kondur manèh kanthi wilujêng, ganjaran kang tak paringake bakal tak tikêli.

Japhet urmat mawi ngangkat tangan, andhanipun nuntên dipun pasang, lan pungkasaning ăndha dipun dhawahakên mèpèt dhatêng tembokaning curi ingkang kasar, ingkang mujudakên rambuting buntut singa barong. Japhet lajêng ngadêg sakêdhap wontên sangajênging ăndha kalihan andangak[14] tuwin tanganipun dipun umbulakên, bokmanawi kemawon sawêg sêmbayang. Salajêngipun piyambakipun nêdha dhatêng salah satunggiling kancanipun, supados anyêpêngana ăndha ingkang kêncêng sayêktos. Sasampuning anyobi sarana sukunipun, punapa gumantunging ăndha punika kêncêng, Japhet lajêng mandhap kanthi sabar saha kêndêl ing manah, lan botên watawis dangu dumugi ing pongolan curi ing sisih ngrika.

Samangke gêntos Olivier ingkang kêdah mandhap. Olivier nganthuki sang putri, ingkang kala punika kêtingal pucêt kados pêthaking mori, saha umatur punapa-punapa dhatêng sang putri, ingkang kula botên mirêng. Makatên ugi pun Olivier Orme lajêng suka tabik dhatêng kula.

Kula abisik-bisik makatên: yèn kowe bisa, anakku lanang kae uga tulungana.

Orme mangsuli: iya, bakal tak lakoni kanthi tumêmên, bisane ngrêbut anakmu mau.

Salajêngipun Orme wicantên dhatêng Sêrsan Quick makatên: he sêrsan, yèn aku nganti nêmoni apa-apa, kowe kudu mêruhi wajibmu dhewe.

Quick mangsuli kanthi swara gêtêr: kula sumêdya nyobi nulad sadaya tindak ingkang sampun panjênêngan tindakakên punika, sanadyan ta punika tamtunipun angèl.

Olivier lajêng mancik ăndha, miturut petangan kula, manawi sampun mandhap kalih wêlas utawi kawan wêlas pêcak sampun dumugi. Kala mandhap dumugi sapalihipun, lampahipun kanthi sabar tur tanpa uwas, ananging sarêng dumugi ing têngah-têngah lêrês, wontên ingkang lêrês gandhenganing ăndha kakalih, papan ingkang dipun pasang wontên ing ngriku, punika anggèsrèk manêngên sakêdhik ingkang anjalari Olivier mèh kemawon dhawah mangandhap. Olivier glayaran nyobi badhe lajêng lampahipun, nanging sêmang-sêmang, kèndêl malih saha lajêng mangandhap alon-alonan rêrambatan sarana tangan saha dhêngkulipun.

Sang putri anjêlih: adhuh, adhuh.

Pangeran Josua nyuwara ingkang sajak botên sagêd ngampêt bingahing galih makatên: wong buda kae ilang pikirane, dhèwèke bakal...

Pangeran Josua botên sagêd anglajêngakên pangandikanipun amargi Sêrsan Quick lajêng nêmpuh dhatêng panjênênganipun kanthi ngêcungi bithi tuwin wicantên mawi basa Inggris makatên: he mênênga cocotmu: cèlèng, yèn kowe ora nêdya nututi dhèwèke. Ing salajêngipun Pangeran Josua ingkang botên mangrêtos dhatêng pitêmbunganipun, ananging mangrêtos dhatêng pangancamipun Sêrsan Quick lajêng kèndêl.

Tiyang parêdèn ingkang sampun wontên sisih ngrika ambêngok makatên: sampun kuwatos punapa-punapa, andhanipun kiyat.

Sasampunipun Orme jèngkèng sakêdhap malih, lan salajêngipun kula sadaya angawasakên piyambakipun kanthi uwasing manah, salajêngipun Orme nuntên ngadêg saha lumampah dhatêng sisih ngrika kanthi sakeca.

Quick lajêng matur dhatêng Pangeran Josua: tumrap golongan kula tumindakipun lêrês. Dhuh sang putri, punapa panjênêngan botên tumut bingah. Salajêngipun Quick nuntên andhingkluk saha angrêbat dêdamêl ingkang dipun asta ing Pangeran Josua, dene tingalipun Pangeran [Pa...]

--- 728 ---

[...ngeran] Josua tansah pandêlikan mandêng dhatêng Quick. Wicantênipun pun Quick: botên, botên, ladinge niku sampeyan kèndêlake mawon, mangke ontên ing donya ngriki mundhak ontên babi satunggal pêjah dadakan.

Sang putri ingkang nguningani kawontênan wau lajêng rawuh misah saha ngandika: dhuh paman, tiyang ingkang kêndêl-kêndêl, sami wani ngêtohakên nyawanipun mriki, dene kula sadaya sami ngeca-eca linggih wontên ing ngriki. Samangke kula aturi kèndêl, sampun anglajêng-lajêngakên anggènipun pasulayan punika.

Sasampunipun ngaso sakêdhap, murih sagêdipun ngasokakên ambêgan tuwin punapa manahipun sagêd têntrêm malih, Orme lajêng ngadêg saha dipun rumiyini Japhet, lajêng mènèk pongolan curi ingkang wontên tanêmanipun, ngantos dumugi sèrèting buntut rêca singa barong. Wontên ing ngriku Orme ngobat-abitakên kacunipun dhatêng kula sadaya, saha lumampah wontên sawingkinging tiyang parêdèn wau, sajakipun tanpa kuwatos babarpisan. Lampahipun dumugi enggak-enggoking buntut badaning dewa singa barong. Wontên ing ngriku angèl sagêdipun mènèk pongolan curi agêng, ingkang mujudakên gêgêring dewa singa, ananging botên dangu inggih sagêd dumugi ing ngriku, lan kula sadaya sumêrêp kalih-kalihipun têrus lumampah ngantos dumugi sacêlaking pundhak singa, ing ngriku Propesor Higgs ngadêg mêngkêrakên kula sadaya, dados botên sumêrêp dhatêng ing sawingkingipun sadaya.

Olivier nglancangi Japhet murugi propesor, saha lajêng ngêplèk-êplèk tanganipun. Propesor Higgs lajêng ngaso, nyawang dhatêng pun Orme, saha kala samantên saking gumunipun lajêng linggih. Orme kalihan pun Japhet ngangkat Propesor Higgs, salajêngipun Orme nêdahi curi sawingingipun saha sajakipun lajêng nyariyosakên mênggahing kawontênanipun, salajêngipun sami pêpabênan cêkak-cêkak kalihan sraweyan. Sarana kèkêr kula sadaya sagêd nyumêrêpi, bilih Higgs gèdhèg-gèdhèg. Higgs cariyos punapa-punapa dhatêng Orme, pungkasanipun Higgs lajêng botên kêtingal, ing têmbe wingkingipun kula mirêng pawartos, bilih kesahipun Higgs wau, prêlu badhe mêndhêt anak kula jalêr, awit manawi botên kalihan anak kula jalêr, Higgs botên purun dipun luwari.

Ingkang makatên wau namung sakêdhap botên langkung saking samênit, ananging tumrap kula sadaya, dangunipun saksat satus taun. Kala punika lajêng kêmirêngan swaranipun tiyang ambêngok. Topinipun pêthak Propesor Higgs lajêng katingal malih, botên dangu badanipun ingkang dipun cêpêngi ing tiyang jagi băngsa Fung kakalih kanthi kêncêng. Propesor Higgs lajêng ambêngok kanthi basa Inggris, lan pambêngokipun wau kamirêngan ing kula sadaya lamat-lamat makatên: ayo enggal padha mlayua, brakasakan-brakasakan iki tak cêkêlane, enggal lumayua wong kênclung.

Olivier kêtingal gajêg-gajêg, sanadyan kala punika Japhet anggèrèt lumajêng dhatêng piyambakipun ngantos lajêng kêtingal têtiyang Fung pintên-pintên dhatêng. Samangke Olivier lajêng ambalik kanthi sraweyanipun sajak botên gadhah pangajêng-ajêng malih saha lumajêng. Ingkang lumajêng rumiyin Olivier kanthi dipun kinthil ing Japhet, wingkingipun tiyang kakalih wau kapalaning agami tuwin prajurit jagi tiyang Fung pintên-pintên, ingkang sami ngobat-abitakên ladingipun, dene sawingkingipun tiyang sadaya wau Higgs garonjalan wontên sanginggiling curi kalihan nyêpêngi tiyang kakalih.

Saking badaning dewa wau Orme lajêng mlorod dumugi buntutitpun, kanthi dipun êtutakên dening Japhet. Dene sawingkingipun tiyang kêkalih wau wontên tiyang Fung têtiga ingkang nututi, sajakipun botên manah babarpisan bilih punika ambêbayani. Makatên ugi pun Olivier kalihan Japhet katingalipun inggih botên manah bab bêbaya punika, amargi lampahipun Olivier ambêngkuk kados tiyang ambalap, saha lajêng anyandhak ăndha. Botên watawis dangu piyambakipun sampun dumugi ing têngah-têngahing ăndha, kala punika dumadakan pun Orme mirêng panjêlihing kancanipun, ing ngriku wontên tiyang Fung nyandhak sukunipun Japhet ingkang anjalari Japhet tansah mêngkurêb wontên ing ăndha.

Olivier lajêng mandhêg kalihan mêndhêt pistulipun saha lajêng mistul tiyang Fung wau lajêng ngêculakên sukunipun Japhet, tanganipun anjêpaplang saha dhawah mangandhap lêbêt. Salajêngipun ingkang kula èngêti tiyang kêkalih wau sampun dumugi ing ngajêng kula sadaya, lan lajêng wontên salah satunggal ingkang wicantên murih andhanipun dipun tarik minggah.

Quick awicantên: botên dipun antawisakên rumiyin.

Ing sakawit kula botên mangrêtos sabab-sababipun, salajêngipun kula sumêrêp tiyang Fung têtiga anututi, lampahipun rêbatan rumiyin sami langkah-langkahan pundhak, dipun suraki dening kănca-kancanipun.

Sêrsan Quick awicantên: sadhèrèk-sadhèrèk, măngga sapunika dipun tarik minggah. Kula sadaya inggih lajêng tumandang.

Mêmêlas sangêt têtiyang Fung punika, pancènipun têtiyang kêndêl-kêndêl ingkang kados makatên wau, botên manggih tiwas kados punika.

Salêbêtipun Quick nyanjatani têtiyang Fung sanèsipun ingkang kala punika sami ngêmpal wontên gêgêring dewa, piyambakipun awicantên makatên: sadangunipun kêdah dipun jagi murih mêngsah punika tansah kecalan kănca. Ananging botên watawis dangu malih kawontênanipun têtiyang Fung ing ngriku botên kenging dipun tanggulangi malih, saha lajêng kesah saking ngriku, kajawi têtiyang sawatawis ingkang pêjah utawi tatu taksih gumlethak wontên ing ngriku. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


pucukipun. (kembali)
Lebih satu suku kata: kowe Kuncung suk dadi apa kowe Cung. (kembali)
ngrêngguti. (kembali)
sauwise. (kembali)
sapa wonge parine dipangan rila. (kembali)
tumrapipun. (kembali)
margi. (kembali)
rosa. (kembali)
ewadene. (kembali)
10 wartosipun. (kembali)
11 gambaripun. (kembali)
12 ingkang. (kembali)
13 pos. (kembali)
14 andhangak. (kembali)