Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-19, #144

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-19, #144. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-19, #144. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 40, 29 Dulkangidah, Taun Jimakir 1858, 19 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [749] ---

Ôngka 40, 29 Dulkangidah, Taun Jimakir 1858, 19 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Payakomboh

[Grafik]

Adining sawangan ing nginggil punika, kados anggambarakên adining wit kalapa ingkang tuwuh ing ngriku, botên beda kados ratu ingkang ngadhaton wontên ing papan kasantosan.

--- 750 ---

Raos Jawi

Pasarean ing Sarawiti

Ing Kajawèn nomêr 39 nyariyosakên ing bab antênging pikir, tuwin panutupipun badhe nyariyosakên ing bab pasarean ing Sarawiti, ingkang kagathukakên kalihan raos Jawi.

Ing sadèrèngipun nyariyosakên kawontênanipun pasarean ing Sarawiti, kados prayogi angandharakên sawatawis ing bab karêmênanipun bôngsa Jawi prakawis anggothak-gathukakên kawontênan ingkang sèlèhipun lajêng dipun laras dhatêng raos kasunyatan. Sayêktosipun bab ingkang kados makatên punika manawi dipun laras kalihan kawontênanipun ing sapunika nama sampun botên anjaman, nanging manawi dipun manah malih sadaya kawontênan punika, kados kenging kemawon dipun gothak-gathukakên tuwin dipun encokakên kalihan kawontênaning manungsa, amargi tumindaking pambudi ingkang kados makatên wau inggih nama pangasahing nalar, ingkang botên nyêbal saking akal budi, namung kemawon tiyang kêdah nyumêrêpi dhatêng ukuran, pundi ingkang lêrês tuwin pundi ingkang nyêbal saking lêrês, amargi manawi botên dipun kawekani makatên, lajêng adhakan dados gugoh tuhon, lan malih pasarean ingkang kacariyosakên punika, namung badhe kalèrègakên dhatêng raosing badanipun piyambak.

Lan kacariyosakên malih, bilih Kangjêng Sunan ing Kalijaga punika sumare ing Dêmak, nanging ingkang badhe kacariyosakên punika inggih pasareanipun kangjêng sunan wau, lan kawontênanipun inggih sampun botên beda kalihan pasarean limrah punika. Ingkang makatên punika inggih sampun dados pitakenan, kadospundi mênggahing kawontênanipun ingkang nyata. Pitakenan ingkang kados makatên punika mênggahing limrahipun, pasarean ingkang nyata inggih ingkang wontên ing Dêmak, awit punika ingkang sampun dipun saksèni ing akathah tuwin sampun katêtêpakên ing panjênêngan nata Jawi, dados wontên èmpêripun manawi ing Sarawiti punika namung patilasan. Nanging tumrap tiyang ingkang mêmundhi dhatêng pasarean ing Sarawiti, tamtu kêkah anggènipun mastani, bilih punika ingkang pasareanipun yêktos, dene manawi dipun inggahakên malih miturut cêcariyosan, malah Kangjêng Sunan Lèpèn (Sunan Kalijaga) punika botên seda, punika namung kasumanggakakên dhatêng para maos, awit ujar ingkang kados makatên wau kêtingal anggènipun nyêbal ing nalar, sagêdipun mencok kêdah namung rinaos dados pasêmon. Cêkap namung samantên.

Ing sapunika wiwit badhe nyariyosakên kawontênanipun pasarean ing Sarawiti wau, lan murih runtutipun, cariyos wau mawi kasêlanan pangothak-athik minôngka pasêmoning agêsang.

Pasarean ing Sarawiti punika dumunung wontên sapucaking rêdi, bawah ondêran dhistrik Pancêng, Surabaya. [Suraba...]

--- 751 ---

[...ya.] Wujuding rêdi anggarêmbêl, pucakipun papak kados meja, manawi dipun tingali saking Sidayu tuwin saking Karangbinangun, tuwin saking kanan keringipun, katingal cêtha angegla cakêt kemawon, wujudipun anêngsêmakên, tiyang tamtu kêtarik ing manah nêdya dhatêng ing ngriku.

Kawontênan ingkang kados makatên punika kados pasêmon, bilih Sarawiti punika upaminipun dununging kasunyatan. Dados têtela sangêt manawi kasunyatan punika pancèn nêngsêmakên. Sok tiyanga tamtu kapengin badhe nyatakakên, awit kawontênanipun cêtha, yèn dipun lampahana kêtingal cakêt kemawon, tiyang botên badhe wêgah amurugi.

Katingalipun pasarean ingkaingkang. cakêt wau, nyatanipun têbih angêlangut, dipun sangkani saking pundi kemawon, botên wontên marginipun ingkang sakeca, nênumpak inggih namung mandhêg wontên ing papan têbih, lajêng taksih dharat, manawi saking sisih kidul marginipun turut padhusunan, nanging têbih, awit botên sagêd ngancas. Manawi mêdal êlèr, ragi cêlak, nanging nasak wana pajatèn. Dados kenging dipun wastani, dipun sangkanana saking pundi kemawon botên wontên ingkang sakeca.

Punika dados pasêmon, bilih kasunyatan punika namung gampil wontên ing pangintên, nyatanipun namung sarwa èwêd-pakèwêd, dene tiyang manawi nêdya angantêpi badhe andumugèkakên, kêdah purun angambah margi èwêd-pakèwêd, lan kêdah dipun lampahi kanthi antêping manah.

Têtiyang ingkang nêdya mriku tamtu angraosakên ngêlangutipun ingkang dipun purugi, kêtingalipun kados sampun cakêt, nanging jêbul botên dumugi-dumugi, nanging dangu-dangu inggih dumugi sukuning rêdi wau.

Ing ngriku tiyang ingkang lêlampah ngraos kasok ing sayahipun, lajêng kèndêl wontên ing sêndhang, angasokakên sayah, awit sumêrêp dumuginipun ing nginggil badhe ngambah margi ingkang nyêngkrèk sangêt. Wontên ingkang kèndêl adus, wisuh, sawênèh namung ngasokakên badan kemawon.

Punika sanyata bilih tiyang ingkang tumindak ing sêdya kados makatên punika tamtu ngraosakên rêkaos, malah ngantos sayah sangêt mêksa dèrèng dumugi, nanging tamtunipun mantêp lan mangrêtos, bilih lampahipun dèrèng dumugi, lan inggih badhe dipun lajêngakên malih. Dados mênggahing pangasonipun wau sayêktosipun namung dados pasêmon. Bilih kèndêlipun punika andangokakên lampah, awit salêbêtipun kèndêl wau, saupami badhe anglajêngna lampah sampun saya têbih. Nanging ugi botên wontên awonipun, awit kèndêlipun wau botên badhe ngêndhoni sêdyanipun, nanging tumindak ing sasakecanipun, lan malih mênggahing sayêktosipun, lampah lumintu punika malah ngungkuli lampah ingkang nyêngka, makatên ugi, ing bab kèndêlipun punika, atêgês, bilih tumindak ing lampah makatên punika kêdah ngraosakên, awit sadaya lêlampahan punika karaosipun manawi tiyang sampun angêcaki dhatêng sagatungl-satunggalingsatunggal-satunggaling. raos ingkang dipun ambah. Dados mênggahing kajêngipun lajêng tuwin kèndêl punika sami kemawon, sadaya namung gumantung ing tekadipun. Badhe kasambêtan.

--- 752 ---

Rad Kawula

Pèngêtan Adêging Rad Kawula sampun 10 Taun

Ing tanggal 15 wulan Mèi punika, kalêrês dhawahing dintên sadasa taunipun nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Graaf van Limburg Stirum ambikak parêpatan rad kawula ingkang kawitan. Para ingkang sami anjênêngi parêpatan kala samantên, tamtu tansah sami èngêt, sapintên raosing bingahipun para kawula Indhiya sadaya, dhatêng wontênipun rad kawula wau. Bingahipun para kawula punika mila sampun salêrêsipun, awit sadèrèngipun wontên rad kawula, prakawis-prakawis ingkang wigatos, ingkang gêgandhengan kalihan kaprêluwanipun tanah Indhiya, punika ingkang ngrêmbag namung pamarentah piyambak, ananging sarêng wontênipun rad kawula, wêwakiling rakyat inggih lajêng dipun parêngakên andhèrèk ngrêmbag bab-bab wau.

[Grafik]

Gêdhong rad kawula.

Ing sadèrèngipun angrêmbag ing bab pèngêtaning rad kawula, prayogi angrêmbag rumiyin ing bab kawontênanipun paprentahan tanah Indhiya ing sadèrèngipun wontên rad kawula.

Ing kala rumiyinipun, paprentahan ing tanah Indhiya punika kenging dipun wastani namung dipun asta ing asta satunggal, inggih punika pamarentah ingkang dêdunung ing Batawi utawi Bogor. Tumrap rantaman ing tanah Indhiya, punika ingkang nêtêpakên inggih namung pamarentah wau. Saking pundi angsaling arta, tuwin arta wau manawi sampun ngalêmpak, tumanjanipun [tuma...]

--- 753 ---

[...njanipun] dhatêng kabêtahan warni-warni, ingkang nêtêpakên inggih badan satunggal punika kemawon, dados cêkakipun bêgja cilakaning têtiyang Indhiya ugi namung gumantung ing bêbadan wau. Cara paprentahan ingkang makatên punika, sagêd ugi dipun mathuki para kawula sadaya, nanging sagêd ugi namung dipun mathuki kawula saperangan kemawon. Ingkang makatên punika sampun tamtu botên adamêl pamarêming rakyat, saya malih manawi rakyat botên lêga manahipun, utawi manawi gadhah pêpenginan utawi sêdya punapa-punapa, botên sagêd anglairakên raosing manahipun wau. Dangu-dangu watêk sasami-sami punika saya lumêbêt ing tanah Indhiya saha rumasuk dhatêng sanubarining têtiyang Indhiya. Satêmah pamarentah lajêng anggalih, bilih sampun wancinipun, têtiyang pribumi angsal bagian tumut ngrêmbag pangêmbating praja.

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana J.P. Graaf van Limburg Stirum.

Ing taun 1916 ewah-ewahaning pranatan praja ingkang sampun kagalih wau, punika katingal gumolong, ing ngriku lajêng ngawontênakên badan, ingkang sampun katêtêpan dening wèt, mawi bêbantu wêwakiling rakyat Indhiya, ingkang sagêd anglairakên pamanggihipun mênggah tindaking pamarentah, saha sagêd anglairakên suwaranipun tumrap kaprêluwaning praja ingkang dipun condhongi tuwin ingkang dados pêpalangipun.

Ing wèt 1916, ing anggêr pêpacak pamarentah Indhiya Nèdêrlan (Regeeringsreglement) dipun wêwahi satunggaling bagean ingkang wigatos sangêt, inggih punika bagean 10, ingkang ngawontênakên rad kawula punika. Bagean wau, ing taun 1925 sampun kathah ewah-ewahanipun, saha lajêng apindhah papanipun, dados bagean ôngka 2 ingkang wèt pranatan adêging pamarentah Indhiya Nèdêrlan.

--- 754 ---

Ing sadèrèng-dèrèngipun, Paduka Ministêr de Waal Malefyt sampun kagungan ancas kados ingkang katêmtokakên ing wèt 1916 wau, inggih punika ing taun 1913 panjênênganipuspanjênênganipun. sampun ngusulakên rancangan anggêr ingkang ngêwrat bêbadan wakil, sarta lidipun ingkang sawatawis para amtênar, lid amtênar wau dadosipun wontên ingkang jalaran saking pangkatipun, lan wontên ingkang dipun têtêpakên dening gupêrnur jendral, dene para lid sanès-sanèsipun malih, ingkang saperangan dipun têtêpakên dening gupêrnur jendral, ingkang saperangan malih dipupdipun. pilih ing rad ênggèn-ênggenan (Locale Raden). Dene anggènipun dipun wontêni lid amtênar wau, cupadossupados. anjagi sampun ngantos anglêmparakakên kaprêluwaning têtiyang siti, lan sampun ngantos adamêl kaudtunganingkauntunganing. liyan, ngungkuli sanès-sanèsipun. Ingkang badhe lênggah ing rad wau inggih bôngsa Eropah, bôngsa têtiyang siti, tuwin tiyang ngamônca wetanan. Miturut rancanganing anggêripun ministêr kasêbut ing nginggil. Rantaman Indhiya badhe karêmbag dening rad wau. Sasampunipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anyondhongi dhatêng pamanggihipun rad wau, lajêng nêtêpakên rumiyin rantaman punika. Dene ingkang damêl wèt ing nagari Walandi botên nêtêpakên rantaman punika ing sakarsa-karsanipun. Nanging bêbadan wau botên dipun wajibakên damêl wèt.

[Grafik]

Paduka Dr. J.C. Koningsberger.

Rancangan kasêbut nginggil, punika beda kalihan rancangan-rancangan anggêr damêlanipun Van Dedem (1893) kalihan damêlanipun Fock (1907) ingkang ngrancang wêwahipun rad Indhiya mawi tiyang partikêlir lan ngrancang damêlipun bêbadan wau ugi kapasrahakên tiyang ingkang dede amtênar. Rancanganipun De Waal Malefyt lan salajêngipun wèt 1916 kasêbut nginggil, punika lajêng ngawontênakên bêbadan piyambak sajajar kalihan rad Indhiya, ingkang kawontênanipun botên dipun ewahi babarpisan.

--- 755 ---

Ing têmbe wingkingipun, Paduka Ministêr Pleyte ngusulakên anggêr sanèsipun, ingkang dhêdhasaripun sami kemawon kalihan ingkang dipun usulakên ing ngajêng, ananging sawatawis dipun ombèrakên. Sasampunipun dipun wontênakên ewah-ewahan sawatawis, rancangan anggêr ingkang pungkasan punika lajêng dipun têtêpakên dados wèt. Dene wiwit tumindakipun ing taun 1918.

Salêbêtipun 10 taun punika, rad kawula tansah dipun wontênakên ewah-ewahan pintên-pintên, ewah-ewahan ingkang pungkasan piyambak, inggih punika ing taun 1925.

Kados para maos sampun sami nguningani, bilih wontênipun warga rad kawula punika sarana dipun têtêpakên tuwin dipun pilih. Ingkang dipun têtêpakên punika saking Kangjêng Sri Maharaja Putri tuwin saking gupêrnur jendral, dene pilihan wau saking warganing Locale Raden. Kangjêng Sri Maharaja nêtêpakên warga ingkang dados pangarsaning rad kawula, anggènipun nêtêpakên wau botên kêdah mawang bôngsa. Warga sanès-sanèsipun, kathah-kathahipun namung sapalih ingkang dipun têtêpakên dening gupêrnur jendral, ananging ing ngriku kêdah ngèngêti bôngsa ingkang dipun têtêpakên wau, inggih punika ¼ tiyang siti, tuwin ¾ têtiyang Eropah tuwin tiyang mônca wetanan. Sakêdhik-sakêdhikipun tiyang Eropah tuwin tiyang mônca wetanan, ing ngriku botên dipun sêbutakên.

Para warga ingkang kapilih, punika sakêdhikipun sapalih kêdah tiyang siti, dene kêkantunipun kêdah tiyang Eropah tuwin tiyang mônca wetanan. Makatên ugi kêdah kapratelakakên, dados ing ngriku tansah kajagi, murih kaprêluwanipun tiyang siti punika, sampun ngantos kapintên.

Miturut ewah-ewahan ingkang kantun piyambak, wontênipun warga rad kawula ingkang kapilih sadaya wontên 38, inggih punika 20 warga têtiyang siti, 15 warga bôngsa Eropah, lan 3 warga tiyang mônca wetanan.

Dene warga ingkang katêtêpakên wontên 23, inggih punika 1 warga ngiras pangarsa, 5 warga tiyang siti, 15 warga tiyang Eropah, lan 2 warga tiyang mônca wetanan.

Manawi nitik kawontênanipun rad kawula samangke punika, sanadyan wêwênangipun dèrèng patos wiyar sangêt, nanging jalaran saking kêkêncênganing lid, saha majênging panyambutdamêl, dangu-dangu tamtu badhe kathah munpangatipun tumrap siti lan têtiyangipun, sampun tamtu kemawon, bilih wêwênanging rad kawula punika botên enggal-enggal badhe nyamèni kados wêwênênganing parlêmèn-parlêmèn ing nagari Eropah, nanging ingatasipun sawêg 10 taun, inggih nama sampun sae sangêt. Lan ngèngêtana bilih parlêmèn bôngsa Inggris punika anggèning anggadhahi wêwênang kados samangke punika sasampunipun madêg 100 taun, makatên ugi parlêmèn ing nagari Walandi. Dados ing ngriki katamtokakên, bilih wêwênanging rad kawula, dangu-nadingngudangu-dangu. tamtu badhe sagêd sampurna kados tanah Eropah.

Ing wusana Kajawèn tansah amêmuji: mugi-mugi adêging rad kawula wau sagêda widada ing salajêngipun amêwahana tata karta raharjaning jaman, ingkang tumuju dhatêng kamajêngan.

--- 756 ---

Ekonomi

Jagung

Wiwit jaman kina jagung punika sampun kasumêrêpan ing tiyang, anamung dèrèng wontên ingkang sagêd anêrangakên ingkang sayêktos, mênggah asalipun jagung punika saking pundi. Sawênèhing tiyang anyariyosakên, bilih jagung punika wontênipun ing tanah Jawi ngriki ingkang ambêkta satunggiling tiyang bôngsa Portêgis.

Uwit jagung punika kawastanan têbon, mila kawastanan makatên punika, jalaran wit saha raosipun saèmpêr kados têbu, inggilipun watawis 2 utawi 3 mètêr, godhongipun panjang, uwohipun dumunung ing sêla-sêlaning wit kalihan godhong wau, sêkaripun warni kalih, jalêr lan èstri, ingkang jalêr wontên ing pucuk, ingkang èstri wontên ing ngandhap, rambutipun ingkang katingal punika dados margining glêpung sêkar jalêr lumêbêtipun ing sêkar èstri. Sêkar jalêr manawi kenging angin, glêpungipun sami sumêbar, andhawahi ing sêkar èstri, wusana lajêng mêdal isinipun, kablêbêt ing godhong pintên-pintên ingkang dipun wastani klobot. Salêbêting klobot wau wontên janggêlipun, inggih punika ingkang kêthukulan wiji, sarta wontên rambutipun. Manawi taksih nèm kawastanan: putrèn, kenging dipun kêla, klobotipun kangge êsês, limrahipun dipun godhog kalihan lêgèn, nanging lugunipun kalobot jagung ênèm punika sampun ambêkta lêgi piyambak, nuntên kenging kasade, manawi kalêrêsan malah langkung awis tinimbang jagungipun, nanging ingkang kêlimrah namung ing Jawi Têngah, langkung malih ing Ngayogya tuwin Surakarta.

Jagung punika ingkang genjah, umuripun 100 dintên, uwitipun alit, wontên ingkang umuripun 130 dintên saha uwitipun agêng, kawastanan jagung lêbêt.

Papan pananêmipun jagung punika kados para têtiyang tani sampun botên kêkilapan, inggih punika ing pasabinan utawi ing parêdèn ingkang tênggar. Siti sasampunipun dipun ulah, lajêng dipun panjani, longkangipun 25 - 60 c.M. ing panjan satunggal-tunggalipun dipun dèkèki wiji 2 - 4 êlas, nuntên dipun urugi siti. Wiji ingkang kangge winih kêdah dipun kumbah mawi toya ênjêt, manawi dipun tanêm ing môngsa têrang, wiji wau dipun kum ing toya rumiyin sadintên sadalu, namung manawi pinuju môngsa rêndhêng kirang prêlu. Tanênam jagung punika cêkap kawatun sapisan kemawon, inggih punika yèn sampun ngumur tiga utawi sêkawan minggu, matun lan ngurugi ingkang kaping kalih kenging kasarêngakên kemawon. Sarèhning rajakaya doyan sangêt dhatêng têbonipun, mila kêdah dipun jagi sampun ngantos kêbon jagung kalêbêtan kewan.

Jagung satunggal uwit, ingkang limrah wohipun kalih, nanging ingkang sae, sagêd ngantos tiga utawi sakawan, utawi langkung, sarta agêng-agêng, ingkang makatên punika anandhakakên, manawi jagung [ja...]

--- 757 ---

[...gung] inggih rêmên dhatêng rimatan lan lêmèn.

Wontên ing sabin, jagung punika asring dipun tanêm sasampunipun panèn pantun, manawi wontên ing patêgilan inggih punika ing môngsa rêndhêng. Tiyang parêdèn wontên ingkang nêdha jagung minôngka lintuning sêkul, jagung ingkang dipun têdha makatên punika, dipun damêl sêkul rumiyin, inggih punika: manawi jagung sampun dipun pipil, dipun êkum ing toya sadintên sadalu utawi langkung, lajêng dipun bêbak, kabucal dhêdhakipun. Jagung ingkang sampun tanpa dhêdhak, dipun kum malih wontêna sadalu, sasampunipun lajêng dipun bêbak malih ngantos lêmbat, sarana dipun campuri toya sakêdhik lajêng dipun intêri, prêlunipun supados pating parinthil lêmbat-lêmbat, manawi sampun lajêng sawêg nêmbe dipun êdang, patrapipun kadosdene ngêdang sêkul. Wos jagung asring dipun campuri wos pantun, punika dadosipun sêkul warni pêthak mêmplak, raosipun eca, kajawi dipun damêl sêkul, ugi kenging kadamêl têtêdhan warni-warni, manut kasagêdanipun tiyang ingkang damêl.

[Grafik]

Kêbon jagung saha tiyang ingkang sawêg sami ngundhuhi badhe kabêkta wangsul.

Panyadenipun jagung ingkang wontên ing pêkên, wontên ingkang gedhengan utawi pipilan. Wondene rêginipun jagung botên sagêd anêmtokakên, ngadatipun manawi sawêg pinuju panenan pantun rêginipun ragi mirah, anamung manawi sawêg [sawê...]

--- 758 ---

[...g] pacêklik, inggih awis.

Manawi tiyang badhe milih jagung kangge wiji, kêdah miliha jagung ingkang sampun sêpuh umuripun, saha aos isinipun, sampun dipun oncèki. Manawi sampun dipun gèdhèngi prayogi dipun sampir-sampirakên wontên ing dêling garing kapalangakên ing papan ingkang ragi inggil salêbêting pêngêrêting griya, nanging jagungipun kêdah dipun pe rumiyin ingkang ngantos garing nuntên nêmbe kainggahakên ing panggenan wau.

Kabar Wigatos

Pambikakipun Rad Kawula

Wêdharing sabda pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral.

Kala dintên Slasa tanggal kaping 15 ingkang kapêngkêr punika, parêpatan taunan kawitan rad kawula kabikak dening kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral kados ingkang sampun-sampun, pambikakipun wau sarana pakurmatan agêng-agêngan, makatên ugi kadosdene sabênipun, kangjêng tuwan ingkang wicaksana amêdhar sabda, kintên-kintên kados ing ngandhap punika:

Rad kawula kalihan pamarentah.

Dhawuh pangandika dalêm ingkang wicaksana, bilih pambikakipun rad kawula ing samangke punika, botên beda kalihan ing taun-taun ingkang kapêngkêr, ugi anggadhahi wos ingkang wigatos.

Miturut dhawuh pangandika dalêm, manawi nitik kawontênanipun rad kawula kala taun ingkang kapêngkêr, kawontênanipun wau prasasat kadosdene rad kawula enggal. Makatên ugi ing kala punika kenging kawastanan sawêg wiwit angancik tumindakipun pranatan nagari kanthi sacêkapipun, ing samangke sarana miturut ungêling ada-ada 5, bab 62 saking pranataning nagari, pambikakipun rad kawula ingkang kanthi pakurmatan agêng punika, dhawahipun têka anyarêngi kalihan dintênipun amèngêti adêging rad kawula sampun 10 taun.

Ing sakawit ingkang wicaksana anglairakên pangandika dalêm, makatên ugi atas asmaning para guprênur jendral kêkalih ingkang dipun gêntosi, bilih pamarentah angrêgèni sangêt dhatêng rad kawula anggenipun ngêmên-êmênakên dhatêng kuwajibanipun, alusing tanduk ing salêbêting rêrêmbagan, tuwin mêntêsing sadaya rêmbag-rêmbag wontên salêbêting gêdhong rad kawula ngriku.

Langkung malih ingkang wicaksana anglairakên gênging panarimahipun tumrap pambudidaya dhatêng anyambutdamêl sêsarêngan, ingkang tansah dipun tingalakên dening rad kawula punika, makatên ugi dhatêng angên-angên rad kawula, ingkang mangrêtos, bilih tumindakipun [tumindaki...]

--- 759 ---

[...pun] pamarentah lan rad kawula punika botên ajêng-ajêngan ananging tumindak sêsarêngan, saha anyambutdamêl sêsarêngan tumrap kaprêluanipun ngakathah.

[Grafik]

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral sapunika.

Tumrap tiyang Jawi kadhangkala kasumêrêpan, bilih ing salêbêting rad kawula, panyaruwe dhatêng tataning pamaretah punika asring kathah sangêt, dene manawi jalaran saking punika, môngka lajêng wontên ingkang nêtêpakên, bilih rad kawula imbang-imbangan kalihan pamarentah, punika botên ngèngêti lênggahipun rad kawula wontên ing tataning mangrèh praja. Jalaran saking kawontênanipun rad kawula kados ing nginggil wau, satêmah pasulayaning golongan ingkang ngrujuki dhatêng pamarentah lan ingkang botên angrujuki, sagêd lêrêm, kados caraning parlêmèn ingkang sampun sampurna. Pramila panyedaning panyêpêngipun paprentahan ing ngriki botên kenging kaêndhêgakên, kados ingkang kadadosan wontên ing parlêmèn ingkang sampun kapratelakakên wau. Dene bab pamanggih tumrap têtanggêlanipun prakawis pulitik, jalaran saking wontênipun sawênèhing nalar, têmahan ingkang sami botên nyulayani wau sagêd kapêksa nayogyani kawajibaning pamarentah. Ananging ing ngrika pancèn botên gadhah niyat sêdya atêtulung dhatêng pamarentah, bilih botên sarana dipun sêtèm.

Ingkang wicaksana ngandika, bilih ingkang dipun wêdharakên punika, sampun tamtu kalêksanan, ananging kalêksananipun wau punapa sagêd dadakan kemawon, punika dèrèng kenging katamtokakên, mila kapasrahakên dhatêng rad kawula, namung kawajibanipun ingkang wicaksana nguningani, kadosdene ingkang sampun kasumêrêpan dening rad kawula piyambak. Sadaya putusan lan rêmbag-rêmbakrêmbag-rêmbag. ingkang sami kawahyakakên wontên ing gêdhong rad kawula, punika têtela saya têmên-têmên anggenipun awêwaton kawajibaning rad kawula, bab angêkahi punapa ingkang kakintunakên dhatêng pamarentah, saya mindhak kathah sangêt aosipun, langkung malih dhatêng Jawi. Badhe kasambêtan.

--- 760 ---

Waosan Lare

IV. Kali Pepe dadi Bangawan

[Mijil]

kacarita lakune si kali / isih alon-alon / awit kono mung cêthèk banyune / mula gampang kêna disabrangi / wong mlaku dalidir / padha krubyak-krubyuk //

[Grafik]

Krêtêg gantung kali Pepe ing Surakarta

kali Pepe abungah ing ati / tansah menggak-menggok / nuli nlusup ngisor krêtêg gêdhe / gumaludhug kreta wira-wiri / pangrasane kali / sênêng numpuk-numpuk //

awit wêruh tembok gêng-gêng putih / mêsthine ing kono / mèmpêr dalême priyayi gêdhe / ora suwe iya nuli ngrêti / yèn sing katon kuwi / prangwadanan jêbul //

panggagase sajêroning ati / dhuh dene samono / iba-iba rasa kapenake / manggon ana omah gêdhe bêcik / pês-apêse mêsthi / abdine sathekruk //

wah temboke lèhe dhuwur mêncit / hara apa tumon / dene kae ana panggungane / gèk go apa dene mingklik-mingklik / o kiraku kuwi / go nonton wong adus //

ora suwe lakune malipir / ora turut tembok / wiwit urut pinggir padesane / lan wis wayah srêngengene lingsir / akèh uwong ninis / sawênèhe adus //

saya barêng lakune ngliwati / sangisor wit êlo / dhasar ayom tur uwite gêdhe / nganti manglu angungkuli kali / kali Pepe nuli / mlaku manthuk-manthuk //

apa bênêr yèn ing kene iki / ênggone wong wadon / dene kuwi ayu-ayu kabeh / yèn candrane sajake wong mukti / nyatane kêtitik / nyandhang sruwa bêsus //

kae ana alise jalirit / pupur mero-mero / patute mung golèk kapenake / pupure mung go ngêdhêm-dhêm rai / mula cêtha putih / tanpa ngrêmbag-ngrêmbug //

ana manèh sing nèng pinggir kali / linggih karo angob / mung ing tangan anggulung sêtagèn / yèn patute wong karipan bêngi / mêntas main cêki / lagi arêp adus //

sanyatane kabèh mau kuwi / wong ing kampung kono / karan Tambaksagaran [Tamba...]

--- 761 ---

[...ksagaran] kampunge / pancèn nyata ênggone wong mukti / kali Pepe nuli / gêblas menggok ngidul //

alon-alon lakune malipir / turut pagêr tembok / lan omahe ketok gêdhe-gêdhe / ngidul manèh nuli wêruh loji / temboke tarêtip / mariyême manglung //

iya iku bètènging prajurit / prajurite katon / wira-wiri jaga ing dhuwure / kali Pepe sênênge kêpati / panyawange nganti / manthêlêng apêndul //

barêng rada mangetan sathithik / diyane wis abyor / awit uwis nuju wayah sore / diyan-diyan padha disumêti / ya ing kono kuwi / jênêng krêtêg gantung //

ngrasa nikmat iline si kali / mlaku alon-alon / lawan tansah krungu swara srang-sèngsrang-srèng. / gônda gadag kumênyut nyang ati / awit kono kuwi / gon jajanan nglumpuk //

panggagase ora uwis-uwis / karo menga-mengo / e e nyata priyayi ing kene / rada kaduk dhêmên nyang palêsir / mung watone janji / buwang dhuwit byak-byuk //

ning ya bênêr witikna wong urip / yèn ora mangkono / kapan gone angundhuh kamuktèn / bêbasane nadyan ompong ya wis / sesuk ora ngrêti / rina ana butuh //

uwong aja pijêr ngrasa sêdhih / gagas tanpa pêdhot / mung anjôngka mênyang kamuktène / nanging tansah sêmaya ngêntèni / besuk yèn wis sugih / rak sêdhêng wis kaku //

saya nglangut panggagasing kali / lan ngrasa ing kono / yèn saiki mundhak dadi gêdhe / ora pati kambah wong nyang kali / lakune nglon-loni / kaya mambêg mlêmbung //

mung ing ati ngrasa dadi luwih / enggal gêlis longgor / mundhak ômba têmbing kana-kene / nuli nyipta kaya nguwasani / sèn-isèning kali / kamot ora jujul //

ing ciptane ta aku saiki / harak ora asor / beda asêm panggagase biyèn / kinira yèn aku luwih nisthip / môngka ing saiki / samene awakku //

jroning gagas kali Pepe nuli / krungu wong lok-alok / yèn saiki banyu mundhak gêdhe / mak grêg kali Pepe angêndhêgi / ing wusana nuli / mak blas krasa kerut //

satêmêne iline saiki / wis têkan ing Bêton / lan wis amor karo kali gêdhe / kang misuwur ing satanah Jawi / wong padha ngarani / ya Bangawan iku //

lan saiki ya wis ngrumasani / yèn aran mangkono / mula saya gêdhe ing atine / wêruh sabrangane kêthip-kêthip / nuli dhèhèm lirih / kanthi watuk-watuk //

Bab Kasarasan

Sêsakit Mèinworm

Kêjawèn nomêr 35 ngêwrat andharan bab: mijnwormziekte bestrijding (panulak sêsakit mèinworm). Ing ngriki dede niyat kula badhe nyaruwe utawi agêngipun nacad dhatêng andharan kasêbut, mligi namung badhe nyaosi pamrayogi tuwin mêwahi katrangan punapa sababipun,

--- 762 ---

dene dipun wastani sêsakit mèinworm.

Kula jarag mawi têmbung mèinworm, botên mawi têmbung cacing tambang, jalaranipun makatên:

1. Tambang, punika têmbung Jawi têgêsipun uwêd (punika cara Banyumasan, kilap manawi liya nagari), dados manawi wontên lare utawi tiyang mirêng têmbung cacing tambang, punika gambaring pangangên-angên mêsthi cacing ingkang nglawèr satambang (uwêd) agêngipun, môngka nyatanipun botên makatên.

2. Môngka ingkang dipun kajêngakên tambang ing ngriki, têmbung Malayu, cara Jawinipun pamêlikan. Punapaa têka botên mawi têmbung: cacing pamêlikan. Sajakipun kirang mungguh, mila ewuh ayanipun lajêng mawi têmbung: mèinworm, kemawon pisan. Lêrês punika têmbung Walandi, nanging dangu-dangu inggih kulina. Kados ing padunungan kula, punika matuhipun inggih mèinworm. Malah têtiyang dhusun, (kalêbêt para murid) ing ngriku matuh mastani: awas, le, ana mainjarêm. Inggih lêrês sasagêd-sagêd kêdah mawi têmbung Jawi, nanging kêpêksa botên sagêd. Kalihan malih:

3. Sêsakit mèinworm punika ing sapunika sampun dede sêsakit pamêlikan, nanging sampun kalimrah mèh sabên tiyang sami kacandhak sêsakit wau. (Ing tanah ngriki).

4. Ngiras ambiyantu karsanipun satunggiling dhoktêr Jawi ing Purwakêrta, ingkang ugi mrayogèkakên supadosa mawi mèinworm kemawon. Dhoktêr kasêbut ugi nyorahakên bab wau ing Banjarnagara, taun kapêngkêr.

Lêrês utawi botênipun môngsa-borong.

Anggèn kula wani damêl gubahan punika, botên margi kumintêr kula (kumudu-kudu diarani pintêr), namung dhapur: urun udhu bokbilih kagêm.

Andharan bab sêsakit mèinworm punika sampun kêrêp sangêt kapranggul wontên ing kalawarti, mila botên prêlu dipun panjangakên, ing ngriki namung badhe kojah punapa sababipun kawastanan mijnwormziekte.

Gubahan punika lugu namung karna binandhung kemawon. Pêrslah angsal-angsalan kala mirêngakên sêsorahipun tuwan dhoktêr ing Banjarnagara kala taun kapêngkêr.

Nalika taun Walandi 1870 ing tanah Eropah wontên bikakan margi sêpur nrowong ing rêdi agêng. Saking panjanging trowongan, (bokmanawi trowongan Simplon ingkang panjangipun 19,7 K.M. utawi sin-gotard 15 K.M. utawi inggih Monsènis, ing parêdèn Halpên) ngantos taun-mataun dèrèng rampung.

Sampun mêsthi kemawon trowongan wau ing nglêbêt pêtêng, ngumês, jêmbêg, rêgêd lan hawanipun nglêkêp (bêntèr). Rêgêdipun wau jalaran têtiyang ingkang nyambutdamêl ing ngriku manawi têtoya utawi ambêbucal ugi wontên ing ngriku saênggèn-ênggèn.

Wusana nuju satunggiling wêkdal, ing ngriku katrajang ing sêsakit, mênggah wujuding sêsakit wau: nitik tiyang ingkang sami katrajang: badan ngêmbug-êmbug ambiyas, tênaganipun dados lêmês. Wontên ingkang mangkak anggotanipun (abuh) wêtêng dados agêng kados busung, rainipun bêngêp. Sêsakit punika wau kala samantên dèrèng wontên dhoktêr ingkang sagêd mastani: iku lara anu, punapa [puna...]

--- 763 ---

[...pa] malih anjampèni manawi sagêda, awit sawêg kadadosan sapisan punika.

Wusana kadadosan malih ing Eropah sisisisih. lèr, ing pamêlikan arêng sèla, ingkang sampun mataun-taun kapêndhêtan arêngipun. Kathahing tiyang ingkang sami nyambutdamêl ing ngriku ngungkuli kathahipun tinimbang ing trowongan kasêbut ngajêng. Lan mênggahing kawontênanipun ing ngriku inggih ngungkuli awonipun. Wusana ing ngriku ugi lajêng katrajang sêsakit ingkang kawontênanipun trêp kados sakit ingkang tuwuh ing trowongan.

Wontên satunggiling tuwan dhoktêr kalêrês sawêg mariksa rêrêgêdipun kuli ingkang sakit (sêsukêripun), dipun wadhahi ing bumbungan gêlas. Sarêng dipun udhêk tanganipun kacipratan, kraos mak calêkit ing kulit ingkang kacipratan wau. Wusana tuwan dhoktêr wau dangu-dangu inggih kenging sêsakit kados sêsakiting kuli ingkang kapriksa rêrêgêdipun.

Sarêng dhoktêr ingkang sakit wau dipun priksa ing dhoktêr sanès, sagêd kasumêrêpan ing sêsukêripun kathah sangêt tiganipun alit-alit, sarta ugi kasumêrêpan manawi anggènipun sakit dhoktêr wau margi katularan saking sêsakiting kuli.

Amargi asaling sêsakit wau saking pamêlikan, tuwin ingkang anjalari wujud cacing salugut-lugut, mila dipun wastani sêsakit mèinworm.

Pamriksa bab sêsakit mèinworm têrus dipun udi, ngantos sapriki para dhoktêr sampun dhamang kanthi têrang dhatêng warni lan gêsangipun pun mèinworm. Jampi punapadene panulakipun inggih sampun botên kèwran malih, sadaya wau sampun kawrat ing Kajawèn nomêr 35.

Ing tanah Eropah hawanipun asrêp, botên nglêkêb, kêbon-kêbon dipun damêl gêre (gasik) botên jêmbêg, dados sêsakit mèinworm wau botên wontên malih. Ing pamêlikan-pamêlikan sapunika sami dipun saèkakên, dipun damêl rêsik, hawanipun sagêd lumintu, mila mèinwom sami botên bêtah. Sampun samantên kemawon.

Wusana sampun kirang ing pamêngku.

Patroli, Banjarmangu

Ngaturi Uninga

Ing sarèhning wêdalipun Kajawèn nomêr 40 punika kathah bab-bab ingkang pêrlu, kados ta bab pambikaking parêpatan kawula, bab mèngêti adêging rad kawula sampun 10 taun tuwin sanès-sanèsipun, amila Kajawèn ingkang mêdal punika botên mawi pêthikan kabar warni-warni. Red.

--- 764 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

39. Anggènipun badhe ngluwari tanpa damêl

Wusana Olivier kalihan Quick kairid dening Japhet mudhun dumugi ing luwênganipun, dene kula kalihan tiyang parêdèn sawatawis, kantun wontên ing growongan, prêlu anjagi wangsulipun tiyang têtiga wau. Sanadyan kula angrêrintih angsala nyambutdamêl ingkang sakalangkung migunani, nanging panêdha kula wau botên dipun lêksanani, miturut cariyosipun, ingatasipun tiyang têtiga, Olivier, Quick lan kula, kula punika panyanjata kula dipun anggêp ingkang titis piyambak, ingkang makatên punika inggih wontên lêrêsipun, lan miturut cariyosipun, tumrap têtiyang wau, kula langkung migunani manawi pinasrahan anyanjatani saking nginggil, ananging kula ngrêtos piyambak, bilih têtiyang wau nganggêp kula sampun kêsêpuhên tumrap nindakakên pandamêl ingkang ambêbayani punika, lan pikajêngipun kônca-kônca kula wau, supados kula tinêbihna ing bêbaya.

Sasampunipun lajêng karêmbag, sintên ingkang mudhunipun dhatêng growongan kantun piyambak, prêlu dhatêng papan ingkang katamtokakên wau. Lan mênggah pikajênganipun Olivier, supados sang putri wangsula dhatêng pucaking rêdi saha ngêntosi wontên ing ngrika. Ananging sang putri sanalika punika lajêng amangsuli, bilih botên kagungan gagasan babarpisan sumêdya minggah dhatêng pucaking rêdi, manawi botên kanthi pitulungan kula sadaya, saha karsanipun sang putri badhe nguningani wêkasaning lêlampahan wau, malah Pangeran Josua ugi botên karsa tindak saking ngriku, kintên kula, amargi panjênênganipun botên patos pitados dhatêng têtiyang parêdèn ingkang kêdah andhèrèkakên, awit panjênênganipun uninga, bilih sariranipun dipun sêngiti sangêt dhatêng tiyang parêdèn wau.

Ingkang punika kula sadaya lajêng mrayogèkakên kantun wontên ing papan ngriku, lan karsa angêntosi wangsul kula sadaya, ananging pamrayogi punika langkung-langkung botên anocogi dhatêng panggalihanipun. Panjênênganipun angandikakakên, bilih kala punika têtiyang Fung sampun sumêrêp dhatêng lampah kula sadaya punika. Ingkang makatên punika sagêd ugi kalampahan, têtiyang Fung nindakakên kados ingkang sampun kula tindakakên sadaya, saha kanthi patrap makatên lajêng nêmpuh dhatêng kitha Mur.

Pangeran Josua andangu ngrêrintih: kadospundi rekadaya kula, saupami têtiyang Fung amanggih kula piyambakan wontên ing ngriki.

Sang putri lajêng amrayogèkakên, murih growongan wau dipun pasêg, ngantos angèl sangêt sagêdipun dipun bikak malih.

Orme amangsuli: O, inggih, lan manawi kula sadaya sagêd mêdal ing ngriki malih kanthi wilujêng, margi punika badhe kula dhinamit, murih ing têmbe botên kenging dipun pigunakakên malih.

Bab punika Quick ragi sêmang-sêmang, mila amangsuli makatên: margi punika tumrapipun kula sadaya ing têmbe wontên damêlipun malih.

Orme amangsuli: Aku wêruh dalan kang luwih bêcik manèh, kang anjog ana sangisoring rêca dewa kuwi, yaiku mêtu pasareyane para raja-raja, mangkono mungguh miturut pangetungku grêban, olèh-olèhane pangetungku mau, kiraku iya ora pati adoh bangêt. Cêkake ing sarèhne wong Fung wis mêruhi dalan iki, mulane dalan iki iya ambêbayani.

Sasampunipun, kula sadaya sami ngisèni growongan mawi sela glundhungan, sajatosipun inggih padamêlan ingkang awrat sangêt, ananging jalaran saking pangrèh kula sadaya, anggènipun nyambutdamêl têtiyang parêdèn sami mêmpêng, lan samangke sela wau manawi botên dipun dhinamit, angèl sangêt dipun singkirakên. Salajêngipun, Japhet, Shadrach saha sêrsan, sami niti priksa gang ingkang pungkasan, ingkang anjog wontên ing papan kangge makani singa. Botên patos dangu, tiga pisan wangsul malih kanthi anyariyosakên, bilih sarana ôndha sagêd mudhun mriku.

Botên beda kados sakawit, lampah kula lajêng urut kacang. Sasampunipun lumampah jangkêp saêjam, kula sadaya lajêng dumugi ing pungkasaning udhun-udhunan, ingkang lêbêtipun satus mètêr. Ing ngriku wontên papanipun wiyar, ingkang kintên-kintên dipun damêl ing manungsa, mênggah wicantênipun Shadrach ingkang sampun, sapunika kanyataan. Ing pojokaning papan wiyar, ingkang têbih piyambak, wontên selanipun agêng, saking kiwa têngênipun gampil dipun jorogakên.

Dados kula sadaya ambikak korinipun, saha ningali dhatêng jawi, padhanging rêmbulan purnama amadhangi nglêbêtipun sangandhap kula sadaya, lambung kiwa têngênipun rêca singa, angwontênakên ayang-ayangan ingkang wontên ing nglêbêt kêtingal pêtêng, inggih saking lambunging rêca singa punika, anggènipun Higgs dipun udhunakên ngangge kranjang wadhah pakan. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---