Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-23, #146

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-23, #146. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-23, #146. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 41, 3 Bêsar, Taun Jimakir 1858, 23 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [765] ---

Ôngka 41, 3 Bêsar, Taun Jimakir 1858, 23 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tanah Dhitsêlan

[Grafik]

Sawangan turut pinggiripun lèpèn Main, ing ngriku kathah têtiyang ingkang sami ngenggar-enggar manah, awit ilining lèpèn wau narajang kitha ingkang kêbak sawangan sae.

--- 766 ---

Raos Jawi

Pasareyan ing Sarawiti

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.

Ing Kajawèn nomêr 40 anyariyosakên ing bab lêlampah dhatêng Sarawiti sampun dumugi sukuning rêdi. Ing ngriku awak-awakaning rêdi kêtingal cakêt saking papan pakèndêlan, rêdinipun awujud sela pêthak, marginipun ingkang minggah namung kêtingal anggalêr nyêngkrèk turut lambung, nanging lajêng ical botên kêtingal, dening menggak-menggokipun.

Kawontênan ingkang kados makatên wau kados pasêmon, bilih tiyang madosi margining kasunyatan punika sanadyan ênêripun sampun wontên, nanging taksih wontên salêbêting kasamaran, lan tiyang kêdah angêncêngi tekadipun, awit yèn ta ngêndhonana, sampun saèstu badhe kecalan talêring margi ingkang sampun kêtingal urut-urutanipun wau.

Wiwit ngambah sukuning rêdi wau, kathah sangêt lare alit-alit ingkang sami pêpariman, kumroyok botên wontên sampun-sampunipun, sabên dipun sukani malah saya wêwah kumrudug kados dipun undang, tur lare-lare wau sanès bangsaning anakipun tiyang kêmlaratan, yèn dipun raosakên ngantos anggrisèni sangêt.

Punika kados pasêmon, manawi tiyang nêdya nyatunggalakên tekad punika sayêktosipun kêdah purun ambucal kadonyan, saya manawi sampun ngambah ing marginipun, saya kêdah ngeklasakên yêktos, awit pêthaling donya punika atêgês dados damar amadhangi margi. Tiyang ingkang wiwit ngambah awak-awaking rêdi, lajêng kêsupèn dhatêng raosing sayah, saking kêslamur dening nyêngklèk tuwin rumpiling margi, badhe kèndêl botên wontên pakèndêlanipun, awit marginipun namung srêg kangge lumampah, lan malih ing manah karaos tansah nyêngka kêdah badhe sumêrêp dunung ingkang dipun purugi. Sarêng lampahipun sampun angsal sapalihing purug, lajêng anjog ing papan sawatawis wiyar, sitinipun waradin, ing papan wau rêsik tansah dipun saponi ing tiyang, mila ngantos kêtingal ngilak-ilak anêngsêmakên. Papan ing ngriku punika inggih patirakatan, nanging patirakatanipun tiyang ingkang nêdya pados pasugihan setan gundhul.

Mênggahing pasêmon, têtela sangêt bilih tiyang ingkang nêdya lêrês punika tansah manggih godha, sanadyan sampun cakêt dumugi ing purug, mêksa taksih cinakêtan ing panggodha ingkang sagêd angglewangakên manah, awit ingkang anglampahi taksih gampil wigar sêdyanipun, dening nyumêrêpi kaanan ingkang damêl kasamaran, malah sok botên ngrumaosi bilih sayêktosipun kêplantrang utawi kêlintu ing lampah. Mila nugraha sangêt tiyang ingkang botên kêsamaran dhatêng kawontênan ingkang samar punika.

--- 767 ---

Tiyang ingkang lêlampah nêdya dhatêng pucaking Sarawiti sampun sumêrêp bilih panggenan ingkang dipun ambah wau sanès padunungan ingkang dipun kajêngakên, mila inggih namung dipun langkungi kemawon. Salangkungipun saking panggenan wau, marginipun saya nyêngkrèk sangêt, ngantos sagêd nêsêgakên ambêgan, wusana byar dumugi ing pucak. Tiyang botên ngintên bilih rêdi ingkang kados makatên wau ing pucak wontên dhusunipun agêng, rêja sangêt, griya-griyanipun pating janggêlêg agêng-agêng, masjidipun agêng anganggrang, papanipun ing ngriku waradin. Dene sasampunipun dumugi ing ngriku lajêng kapanggih kalihan juru kunci, saha cariyos manawi badhe sowan dhatêng pasarean. Ki juru kunci kêtingal tanggap, saha limrah sintên ingkang dhatêng ing ngriku lajêng dipun sugata sakadaripun. Sasampunipun makatên, wancinipun sampun sêrap, tiyang ingkang badhe dhatêng pasarean, lajêng dipun acarani minggah dhatêng pasarean, saha namung kenging manggèn wontên sajawining gêdhong pasarean, limrahipun ing dalu wau tirakat, dene mênganipun gêdhong pasarean enjing, nanging namung ing dintên Sênèn Kêmis, dados tiyang ingkang sowan mriku punika kêdah ngèngêti dintên. Makatên ugi juru kunci cariyos, ingkang badhe nênêpi wontên ngriku, botên kenging ambêkta sandhang pangangge ingkang majaji, prêlunipun namung kangge anjagi kawilujêngan.

Ing nginggil wau atêgês, bilih rêkaos ingkang sampun dipun lampahi, tuwin antêping tekad ingkang sagêd nyabili panggodha ingkang badhe damêl sasar punika, ugi angsal lêlintu pamarêm ingkang sumbut kalihan rêkaosipun, nanging inggih dèrèng cêkap samantên kewon,[1] awit ugi taksih wontên lêlajênganing lampah, ingkang kêdah taksih dipun lampahi kanthi antêp yêyêktosan, ugi kêdah taksih ngeklasakên dhatêng sabab-sabab ingkang taksih ngawrat-awrati.

Wancinipun minggah dhatêng pasarean wau sampun sêrap, ing salêbêting pakaranganing pasarean sêpên nyênyêt, tuwin pêtêng, ewadene salêbêtipun lumampah wau inggih taksih dipun tutakên ing lare pêpariman kumruyuk, nanging sasampunipun dumugi pasarean lajêng sami wangsul sadaya. Namung sarêng wanci dalu, nyênyêting pasarean wau lajêng dados rame, awit têtiyang ingkang badhe nênêpi sami dhatêng, saha kathah têtiyang ing ngriku ingkang nawèkakên widhig, utawi nawèni wedang panganan, kangge sadhiyan ing dalu wau, punapadene têtiyang nini-nini sami badhe mijêti. Sadaya wau namung gumantung wontên kêparêngipun ingkang nglampahi.

Punika kados pasêmon, bilih batos punika, antêngipun namung kêtingal wontên ing lair, dene yêktosipun tansah kados pêkên tumawon, mila tiyang wajibipun kêdah sagêd ambibarakên karamean ingkang kados makatên punika, lan kêdah angèngêti bilih manungsa kuwasa, lan wênang masesa ingkang pancèn wajib dipun mênangi, awit manawi botên makatên, badhe botên nate manggèn ing unggul. Badhe kasambêtan.

--- 768 ---

Kabar Wigatos

Pambikakipun Rad Kawula

Sambêtipun Kajawèn ôngka 40

Wêdharing sabda pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral

Wêwahan warga rad kawula têtiyang siti.

Ing bab punika kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral, angèngêtakên kanthi gênging panarimahipun dhatêng pasarasehan rêmbag ing bab rancangan anggêr tumrap ewah-ewahaning pranatan nagari, ingkang karêmbag wontên ing parêpatan taunan pungkasan.

Kala punika para ingkang nyondhongi tuwin ingkang botên, sami angantêpi saha anêrang-nêrangakên pamanggihipun piyambak-piyambak. Ingkang makatên wau pamarentah namung anglairakên gênging panarimahipun, amargi putusaning rancangan ingkang taksih kêdah dipun putus dening pamarentah luhur ing nagari Walandi (Staten Generaal) jalaran wontênipun rêmbag panjang punika, saking katrangan-katrangan ingkang kaandharakên dening golongan pundi-pundi tumrap rancangan wau, lajêng sagêd nêtêpakên dhêdhasar ingkang maton tuwin sae, katimbang manawi bêbantahan wau ngêmungakên tuwuh antawisipun para ingkang botên anyondhongi kalihan pamarentah kemawon. Makatên ugi tumrap sanès-sanèsipun, ingkang wicaksana anglairakên gênging panarimahipun saha angajèni dhatêng patrapipun angrêmbag rancangan wau wontên rad kawula ngriku. Punapa malih anggènipun sami pasarasehan rêmbag ing bab rancangan wau, rad kawula ngatingalakên sabar tuwin mênêping manahipun, botên kados asring-asring, bilih sami rêmbagan wontên ing sajawinipun gêdhong rad kawula.

Ing bab tumindakipun pulitik

Ingkang wicaksana andhawuhakên supados angèngêtana ing taun ingkang sampun kapêngkêr, sasampunipun ingkang wicaksana abên ajêng kalihan para ingkang sami anjênêngi parêpatan rad kawula, salajêngipun kenging dipun cariyosakên, bilih taksih karaos mênggah dayaning kawontênan gegeran-gegeran komunis kala wêkasaning taun 1926 tuwin ing wiwitanipun taun 1927. Ananging saklangkung adamêl rênaning panggalih dalêm ingkang wicaksana, dene wontên ing ngriku ingkang wicaksana sagêd angandikakakên, bilih miturut pamanggih dalêm, kawontênanipun ing salêbêting praja manawi kapandhing kalihan kawontênanipun kala ing taun ingkang kapêngkêr, sampun sawatawis langkung sae. Pamanggih dalêm ingkang makatên wau dipun condhongi dening para pangagêng gêwès ing tanah Jawi tuwin Madura, sarta para pangagênging gêwès ing jajahan sajawining tanah Jawi, makatên ugi dening para bupati ing Jawi Kilèn, kalanipun dipun wontênakên rêpat ingkang prêlunipun angrêmbag ing bab punika. [pu...]

--- 769 ---

[...nika.] Ananging botên nama lêrês sayêktos, bilih jalaran saking punika lajêng anêtêpakên, bilih samangke botên prêlu angatos-atos tuwin kuwatos.

Mênggah tumrap tindaking komunis, ing taun ingkang kapêngkêr ingkang wicaksana ugi sampun anguningani, pangatos-atos tuwin kuwatos wau, botên tumuntên sagêd anêntrêmakên manah, manawi bolyêwismê piyambak, ingkang kadosdene thêthukulan enggal ing jagad dèrèng dipun undurakên babarpisan dhatêng papêtêng, papan aslinipun. Ananging jalaran saking pranatan-pranatan ingkang dipun wontênakên dening pamarentah, tuntunaning komunis kangge samangke sagêd dipun kèndêli. Bab tuwuhing ontran-ontran ing satunggal-satunggaling panggenan, punika botên kenging dipun pênggak, sanadyan ta ing ngriku wêwahing pirantos-pirantos nyêpêng panguwasa utawi malih indhaking kathahipun pulisi tuwin saening dêdamêlipun, ewadene ingkang makatên punika ugi badhe suda sangêt. Ananging cêkakipun, sanadyan tansah kanthi dipun jagi salêrês-lêrêsipun, badhe tuwuhing bêbaya tumrap gegeran umum asli saking pargêrakaning komunis, punika samangke suda sangêt.

[Grafik]

Nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Mr. D. Fock amasrahakên panguwaosing nagari dhumatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Mr. A.C.D. de Graeff ing taun 1926.

Makatên ugi ing pakêmpalan P.S.I. ingkang ing taun ingkang kapêngkêr, sajak anggadhahi tindak ambalela, punika miturut kadosdene ingkang sampun katêtêpakên, botên lajêng mrèmèn dhatêng sakiwatêngênipun.

Ingkang wicaksana angandikakakên gênging panarimahipun, [panari...]

--- 770 ---

[...mahipun,] dene ing antawisipun rakyat piyambak, kathah sangêt ingkang botên nyondhongi babarpisan dhatêng pargêrakan wau. Sangêt adamêl rênaning panggalih dalêm ingkang wicaksana, dene ingkang wicaksana sagêd andhawuhakên ing bab punika, amargi miturut kayakin danalêm[2] ingkang wicaksana, danguning dangu botên ngêmungakên sarana pirantosing panguwasa kemawon, ingkang sagêd damêl lêstantun têntrêming praja, ananging tumrap punika ingkang prêlu piyambak, supados rakyat piyambak tumuntên tangi saking anggènipun tansah botên anggadhahi pikajêngan tuwin anggènipun tansah anarimah kemawon, saha lajêng sami ananggulangi dhatêng para panuntun rakyat ingkang sêdyanipun badhe ngrisak wau, ananging cara anggènipun ananggulangi punika inggih sampun ngantos nyêbal saking watês. Dhawuh pangandika dalêm ingkang wicaksana ingkang makatên wau, sampun asring sangêt dipun dhawuhakên wontên ing papan ngriku.

Kanthi gênging panuwunipun dhatêng ingkang Maha Kuwasa, ingkang wicaksana angandikakakên, bilih pambangkanging rakyat tumrap tindak ingkang makatên wau, anelakakên, saking wontênipun pikiraning tiyang kathah ingkang saras, tuwin tumrap têtiyang ingkang mangrêtos ing nalar, sumêrêp bilih kaprêluan ingkang agêng punika sagêdipun wilujêng, namung manawi kawontênanipun samangke punika sagêd têntrêm tuwin majêng kanthi pranata, ananging sanadyan botên makatêna, tuwuhing pambangkang dhatêng tindak ambalela wau, manawi mirid saking pamanggih ingkang yakin yêktos, pargêrakaning para ingkang badhe sami wani dhatêng pamarentah wau inggih botên badhe angsal damêl punapa-punapa, ewasamantên mêksa inggih sampun dados pantêsipun, manawi tiyang sadaya lajêng anglairakên gênging panarimah. (Badhe kasambêtan)

Waosan Lare

Pinêsthi dadi Kanthi V

Asêm diputêr

[Kinanthi]

ing wayah srêngenge esuk / padhange nêmpuh nyoroti / godhong isih kêtêlêsan / êbune ing wayah bêngi / prêntule sing kêsorotan / gumêbyar ambalêrêngi //

dhèk ing wayah esuk mau / kacrita pakne Bêsari / lurah ing desa Damaran / lagi enak-enak linggih / lan bojone nèng ngarêpan / karo wedangan lan macit //

ngrungokake kutut manggung / dikèrèk nèng êpring mêncrit / kunge gêdhe gawe lêga / mung rada gandhul sathithik / ewadane wis kêwêntar / wong-wong padha ngalêm bêcik //

kamuktène lurah iku / kêna diarani luwih / lumbung akèh padha kêbak / sugih kêbo sugih sapi / pangone sapirang-pirang / nyang rajakaya gumati //

jrone môngsa kuwi nuju / wayah bubar panèn pari / wis ludhang gawening sawah / kari nganggur karo mukti / suk-esuk linggih wedangan / cakêt ditunggu ing batih //

barêng kira jam sapuluh / wêruh anawong [ana...]

--- 771 ---

[...wong] malipir / malêbu mênyang pomahan / Pak Bêsari ora pangling / nuli gawe undang-undang / êlo kowe Kramatani //

kadingarèn esuk-esuk / agawe kagèting ati / rak padha kêslamêtan ta / Kramatani amangsuli / inggih pangèstune bapak / kêng kantun wilujêng sami //

anu ta pak niki wau / dikèngkèn putrane mriki / kapurih pados sambutan / môngsa sagêdhagan niki / radi botên kêmêdalan / angsale namung sakêdhik //

bapakne mangsuli guyu / wis biyèn mula Bêsari / kowe yèn tak sawang-sawang / ketokmu wiwit dhèk cilik / sajak kaya wong nagara / rada kidhung ulah bumi //

sajakmu banjur kêtungkul / dhêmên nelad cara pyayi / ora eling yèn wong desa / turune wong tani bêntil / arêp isin kêcèh sawah / kang nyatani ambrêkahi //

bênêr biyèn kowe iku / tak kon ajar maca nulis / ning ora kok tak kon nglênthar / nyang wajibe banjur lali / kêtungkul mung dhêmên maca / ngangkat pacul arêp isin //

galo sawangên tanggamu / sing isih dhêmên nyang tani / iya dhêmên nulis maca / nanging têtêp ora malih / isih dhêmên gluprut lêmah / mikul luku ora isin //

salah dadine kêtêmu / ngungkuli sing uwis-uwis / awit wêruh wulang-wulang / priye carane wong tani / sing miturut saka layang / cak-cakane ditandangi //

iku jênênge wong ontung / kabèhe bisa ngêcaki / murih pedahing sêkolah / têtêp gone dadi tani / ora kok gone sêkolah / bakale mung arêp lali //

polane ya kowe iku / wong pancèn turuning tani / rak kudu trêsna nyang lêmah / priye nyatane saiki / pamaculmu kambang-kambang / pamêtune mung sathithik //

[Grafik]

Tiyang sêpuh nênggani anakipun ingkang pinuju sinau.

wis kono kôndhaa bokmu / sapira butuhmu pari / Bok Bêsari banjur kôndha / pakne bok ampun nyrêngêni / wong jênêng pun gêdhe tuwa / mundhakan larene isin //

Pak Bêsari rada mrêngut / ngakêp rokok karo muni / aku iki rak mung kôndha / yèn ta dituruta bêcik / wis ta kana cukupana / butuhe [butuh...]

--- 772 ---

[...e] anakmu kuwi //

Kramatani nuli clathu / kula badhe matur malih / thukulan asêm punika / badhe kula suwun ugi / awit dhusun kula ngrika / wontên dhawuhing nagari //

ing saurutipun dlanggung / tiyang sami kèn nanêmi / wit asêm lêt kalih tumbak / supados benjing prayogi / damêl ayom turut dalan / kados limrahing nagari //

bapakne mangsuli guyu / iya thole kuwi bêcik / bênêr kêrsaning nagara / putêrên bae ta uwis / ning wis rada kêtanggungan / yèn digawaa wong siji //

wong loro bae kon mikul / dadi pamutêre bêcik / lan oyode ora rantas / Basari[3] mangsuli inggih / kocap asêm dhèk samana / nratab atine kuwatir //

krungu yèn arêp didhudhuk / diputêr arêp diêlih / tumuli ana wong têka / loro padha gawa linggis / nuli andhudhuki lêmah / nganti jêro sakubêng wit //

oyode akèh sing pruthul / agawe laraning uwit / asêm tansah sambat-sambat / nanging ora dipraduli / malah banjur digak-ogak / asêm nganti brêbês mili //

barêng gone dhudhuk rampung / banjur dibalêbêt goni / lan dipasangi pikulan / sawise ngono anuli / diangkat wong loro mangkat / suwarane ingkit-ingkit //

asêm rada guyu-guyu / kêcêmutan mèsêm lirih / e e la nyata kapenak / sasat kaya nunggang joli / satauna pisan bêtah / yèn kaya mangkene iki //

barêng lakune wis tutug / mak brêg diêbrukke wani / asêm nganti paringisan / lan banjur ditandur nuli / ana sapinggiring dalan / panase anggêgirisi //

sanalika asêm alum / nganti ngrasa ora eling / godhong banjur gogrog lêmah / barêng wis lêt têlung bêngi / asêm nuli wiwit krasa / ing larane rada pulih //

lan wis sêmi iju-iju / ing wusana banjur eling / dhuh saiki saya-saya / ênggonku adoh nêmêni / môngsa kapêthuka uyah / pêgatan awakku mêsthi //

Ekonomi

Brêkahing Tanêman

Tiyang nênanêm punika, tumraping wit-witan taun, kenging dipun wastani bilih tanêmanipun wau prêlu kangge nanêmakên anak putu, awit manawi botên makatên, pangajêng-ajêngipun ingkang nanêm tamtu ngalangut sangêt, satêmah damêl kêmbanipun ingkang nanêm.

Sayêktosipun nênanêm punika kados sampun dados wajibing agêsang, awit siti punika sanyata dados mitraning tiyang ingkang cêlak piyambak, kenging dipun alap piwalêsapun. Makatên malih bakuning tiyang punika têdha, lan têdha punika aslinipun saking siti, mila sintên tiyangipun ingkang pêthêl angolak-alik siti, inggih amanggih brêkahipun.

--- 773 ---

Tumraping tanêman ingkang kenging dipun pêndhêt dadakan, punika upaminipun, kados ta bangsaning pala kêpêndhêm, punika kenging dipun êntosi, mila kanggenipun cagak gêsang inggih sagêd lumintu, lan tiyang rêmên anindakakên makatên.

Sapunika mênggahing wit-witan taun, punika nalika nanêm kados pêpindhanipun tiyang nyêkolahakên anak, ing sadèrèngipun sagêd ngundhuh wohipun, wontênipun namung sarwa rêkaos, kêdah naliti kawontênanipun, manah murih prayogining gêsangipun tanêman, kados ta: manah rabukipun, siramanipun tuwin sanès-sanèsipun. Dados nalika kalaning alit, plêk kados rumêksa lare, ingkang dipun udi ing kasarasanipun, dene manawi sampun agêng kantun manggih sakecanipun kemawon.

Dados mênggahking[4] wit-witan taun ingkang lêbêt, pikangsalipun badhe pinanggih ing têmbe, sukur manawi sagêd mênangi ngundhuh wohipun, botênipun makatên inggih tumônja nanêmakên anak putunipun.

Botên kêkirangan tiyang ingkang panggêsanganipun dipun biyantu saking pamêdaling wit-witan taun, malah manawi kathah, pamêdalipun wau sagêd dados bakuning panggêsangan, saya manawi wit-witanipun taun wau bangsaning wowohan ingkang agêng-agêng asilipun, kados ta: pêlêm, rambutan, dhuku tuwin sanès-sanèsipun, punika manawi kalamangsaning awoh, panyadenipun botên sakêdhik.

Ingkang katingal ing tanah Batawi, punika ingkang misuwur wêdalipun rambutan, dhuku, sawo manila tuwin durèn. Sadaya wau manawi nuju kalanipun awoh, angsal-angsalanipun anggèning sade botên sakêdhik, ngantos atusan rupiyah, anggènipun gadhah pamêdal samantên wau ing dalêm sataun namung sapisan, dene wit-witan sadaya wau asli saking têtilaran tanêmanipun tiyang sêpuh, punika tiyang sagêd nyatakakên dhatêng wujuding wit. Kados ta rambutan, punika tumrapipun ing Batawi witipun sampun agêng-agêng sangêt, tiyang ingkang anggadhahi kantun piyambak ngantos kêkilapan asli tanêmanipun sintên, ananging sajatosipun botên liya saking pananêmipun lêluwuripun kala rumiyin.

[Grafik]

Pakarangan ingkang wontên witipun wowohan

Sayêktosipun bab tanêman ingkang kados makatên punika, tiyang ingkang gadhah ugi kêdah gadhah dhêdhasar rêmên dhatêng tanêman, polanipun inggih kados tiyang ing Batawi wau. Limrah tiyang Batawi punika kathah ingkang rêmên ulah kêbon utawi sêsadean, [sêsa...]

--- 774 ---

[...dean,] mila punapa pamêdaling pasitènipun kajawi dipun têbasakên, ugi mawi dipun sade piyambak, sarana dipun pikul dipun idêrakên. Manawi nuju botên usum wowohan, ingkang dipun sade inggih namung punapa ing sakacêpêngipun, nanging ing mangke mangsaning ngundhuh, ing ngriku rumaos ngundhuh celengan.

[Grafik]

Tiyang sade wowohan

Mênggahing brakahing tanêman, punika kêrêp pinanggih saking botên kanyana-nyana, kados ta wontên lêlampahan satunggiling tiyang sugih, nalika jaman sugihipun botên pisan-pisan angèngêti dhatêng karang-kitri ingkang tuwuh ing pemahanipun, salaminipun tansah kêtunggul brah-brèh nindakakên lampahing donyanipun, dilalah sarêng tiyang wau dhawah ing kêmlaratan, mrika-mriki botên wontên ingkang dipun jagèkakên, wusana sawêg èngêt, bilih ing pakaranganipun wontên tanêmanipun kalapa tuwin sanès-sanèsipun, sampun tamtu kemawon pamêdaling karang-kitri ingkang nêmbe dipun èngêti wau lajêng suka munpangat, saha dipun tampi kanthi gênging panarimah.

Mila ngagêsang punika sampun angrèmèhakên brêkahing têtanêman, awit sêdyaning tanêman namung badhe suka pamalês dhatêng ingkang ngopèni.

--- 775 ---

Bab Kasarasan

Kasarasan Kêdah dipun Pêrdi Wiwit Lare

[Grafik]

Ing tanah Amerikah, dhusun Argentinie, wontên sêkolahan dhusun. Para murid ing sêkolahan wau dipun pardi murih rêsikan, inggih punika kapurih nyikat untu. Patrap makatên wau tansah dipun taliti ing guru. Wêkasanipun lare-lare wau dados kulina lan pinanggih saras-saras, tinêbihan ing sakit untu.

Nginggil gambaripun lare-lare sami sikatan, ing ngandhap gambaripun lare-lare mêndhêt sikat saking parimatan, ingkang sampun sami dipun têngêri.

--- 776 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Ing Kajawèn nomêr 39 mratelakakên ing bab pathokanipun tiyang olah-olah sawatawis, ing sapunika prêlu mratelakakên ing bab kawontênanipun olah-olahan Jawi, ingkang dipun wastani saladosan jangkêp, awit mênggahing kalimrahanipun tiyang Jawi, pathokanipun tiyang nêdha punika wontên ing jangan tuwin sambêl, olah-olahan warni kalih punika sami gadhah gêgandhengan, makatên ugi mênggahing lêlawuhanipun, inggih sampun dipun gathukakên ingkang mathuk kalihan jangan sambêlipun. Lan malih mênggahing olah-olahan Jawi punika inggih botên nilar pamantês, kados upaminipun jangan, manawi nuju têrangan jangan bêning, jangan bêning punika jangan ingkang botên ngangge santên, saupami nuju jawah kêlan bêning, punika lajêng wontên wicantên, udan-udan kok kêlan bêning. Sayêktosipun kajêngipun wau inggih botên nyêbal saking nalar, awit mênggahing môngsa têrangan punika manawi kokoh jangan bêning araos sêgêr, mila jangan bêning punika mêdalipun namung ing wanci siyang, manawi kangge nêdha ing wanci sontên, limrahipun ngangge duduh-duduhan ingkang kênthêl.

Sayêktosipun tumrap ingkang sampun kulina nêdha eca, kados sacaraning olah-olahan Walandi, punika kathah ingkang mastani manawi olah-olahan Jawi punika lajêng dipun anggêp rèmèh, awit olah-olahanipun sarwa prasaja, nanging kosokwangsulipun tumrap sanès bôngsa, malah sok kabelan dhatêng olah-olahan cara Jawi, ingkang makatên punika namung nandhakakên, bilih ilat punika sêdyanipun namung badhe anjajah têtêdhan.

Ing sarèhning bab olah-olah ingkang badhe kacariyosakên punika nama olah-olahan Jawi lugu, manawi wontên rèmèhing olah-olahan, sampun lajêng dipun wastani sapele. Lan olah-olahan punika miturut ukuran kadhahar priyantun sawatawis, dene pratelanipun kados ing ngandhap punika:

Lodhoh pindhang sakanthinipun

Lodhoh punika duduh-duduhan, pindhang inggih duduh-duduhan, kanthinipun bubuk dhêle, rambak (krupuk wacucal), abon rêmus, tigan dadaran. Kajawi abên-abên wau, ugi kenging dipun kanthèni lawuhan sanès-sanèsipun, nanging nama kautamèn, lan ing ngatasipun lodhoh pindhang, abên kados makatên punika nama sampun jangkêp lan pantês. Pangracikipun:

Lodhoh, punika mênggahing ampasipun kenging warni kalih, kasaran kalihan alusan, manawi kasaran: terong, kacang, lombok abrit. Manawi alusan: kênthang, kobis, boncis, tuwin soon, lombok abrit. Sadaya wau lajêng dipun pêthiki utawi dipun iris-iris, manut ing pamantêsipun, [pamantêsi...]

--- 777 ---

[...pun,] tumrap kênthang dipun prapat utawi alit malih, dene lombokipun dipun rajang lêmbat. Kathah kêdhiking ampas kenging kadugi-dugi piyambak. Sasampunipun dipun kumbah lajêng dipun êtus wontên ing kalo.

Bumbunipun: brambang 10 iji, bawang 3 siyung, sarêm 1 sendhok dhahar, trasi 3 klungsu, salam 3 lêmbar, laos satêngah jêmpol, gêndhis jawi namung kangge nyolok, tuwin santên ingkang kênthêl, klapa satugêl.

Pangolahipun, anggodhoga ulam daging 1 kati ingkang botên kamoran gajih, kadamêla wêtahan kemawon, manawi ulamipun sampun êmpuk dipun êntas, namung kapêndhêt duduhipun kemawon, dagingipun wau badhe kangge abon. Ampas-ampas wau lajêng sami kacêmplungna ing duduh ulam, kalêbêt lombok rajangan. Brambang bawangipun dipun rajangi ingkang lêmbat, laos dipun gêcêk, lajêng sami dipun cêmplungakên, sarêm, trasi, gêndhis sakêdhik, salam ugi nusul kacêmplungakên. Nanging sawênèh wontên, ambumboni punika ecanipun sami dipun ulêg. Dene murih prayoginipun, inggih mawi dugi prayogi, ugi wontên ingkang kêdah dipun ulêg, wontên ingkang botên. Manawi ampasipun wau sampun êmpuk, lajêng dipun santêni, salajêngipun kêdah dipun udhêg kemawon, awit manawi botên makatên, asring lajêng dados ning-ningên, santênipun pisah-pisah kanilipun. Manawi sampun matêng lajêng dipun êntas. Pèngêt, sampun kasupèn, sadaya olah-olahan punika ing sadèrèngipun matêng kêdah dipun icipi, malah manawi tumrap pêcakan ulam, kêdah dipun dilat ing sadèrèngipun dipun olah, patrap makatên punika sagêd ngindhakakên ecaning olah-olahan, awit kirang kaduking bumbu sagêd sumêrêp, lan sagêd angewahi murih sagêd dados cêkapan.

Pindhang: daging lêmungsir 1 kati, sungsum sawatawis. Daging wau kairis-iris alit-alit, sungsum dipun rajang tipis-tipis.

Bumbunipun: kluwak 6 iji, miliha ingkang botên pait, sarêm sasendhok nêdha, trasi 3 klungsu, brambang 10 iji, bawang 3 siyung, gêndhis sacêkapipun, asêm 2 mripat, salam 3 lêmbar, laos satêngah jêmpol, lombok abrit 3 iji, karajang lêmbat, santên kalapa satugêl. Bumbu wau kajawi salam laos tuwin lombok, dipun ulêga sadaya, kangge ngulèni ulam wau ingkang ngantos rumasuk, wusana lajêng dipun gôngsa, manawi sampun satêngah matêng dipun santêni tuwin dipun cêmplungi sungsum, kadamêl ngantos kênthêl. Manawi sampun matêng dipun êntas.

Bubuk dhêle. Kêdhêle cêmêng majaji gangsal sèn, dipun gorèng sangan ngantos garing, lajêng dipun kalècèpi.

Bumbunipun: Sarêm sakêdhik, bawang, kêncur, godhong jêram purut, lajêng dipun dhêplèk[5] ngantos lêmbat.

Abon rêmus. Daging ingkang sampun dipun godhog kasêbut nginggil, lajêng dipun suwir-suwir.

Bumbunipun: brambang 5 iji, bawang sasiyung, sarêm sasendhok dhahar, trasi sakêdhik, tumbar satêngah sendhok tèh, jintên satêngah sendhok [sendho...]

--- 778 ---

[...k] tèh, asêm samripat, laos sakêdhik, gêndhis sakraosipun. Sadaya wau dipun ulêg lêmbat, kangge ngulèni ulam wau mawi dipun toyani santên kanil, wusana dipun gorèng ingkang ngantos kêmripik, lajêng dipun wêwahi bawang gorèngan dipun campurakên ing ulam.

Dadar tigan, punika bumbunipun namung bawang tuwin sarêm sakêdhik, lajêng dipun dadar limrah.

Rambak. Punika sagêd mundhut kantun anggorèng, panggorèngipun kêdah dipun pe rumiyin.

Dhaharan kados makatên punika, kajawi kangge dhahar limrah, tumrap tiyang Jawi ugi kangge sugatan manawi nuju wungon dalu, sarana dipun pupukakên, inggih punika sêkul wontên ing piring, dipun soki jangan lodhoh, ing nginggilipun pindhang, lajêng dipun wur-wuri bubuk dhêle, abon, tigan tuwin rambak kadèkèk ing sandhingipun. Pandhaharipun kêdah angêt.

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Buku Perkawinan dan Perkawinan Anak-anak Anggitanipun Radèn Sutama, Pangarsa Ind. Studieclub

Candhakipun Kajawèn ôngka 39

Petruk : Kang Garèng, lagi anu kowe ajangji arêp awèh wawasan sawatara mungguhing karangane Radén Sutama ing bab alakirabi kênomên, mara saiki wiwitana, tak rungokne.

Garèng : Hêm, kowe kuwi tak pikir-pikir kok rada rèwèl, nèk niyatmu arêp tuku, bok nuli banjur tuku bae, cus, kathik nganggo takon wawasan barang.

Petruk : Lho, Rèng, nèk kowe arêp tuku salak utawa dhuku, apa iya banjur bayar mak gèncêng ngono bae, têmtune rak iya nganggo ngicipi barang dhisik. Sapa sing gêlêm rugi.

Garèng : Wiyah, ana tuku buku têka dipadhakake karo têtuku panganan. Iya wis mêsthi bedane. Nèk tuku buku nganggo diicipi dhisik, yaiku diwaca dhisik, wis têmtu sing adol iya ora bakal olèh, suwe-suwene arêp rabi, dicara têtuku panganan, rak mêsthine ta sing duwe anak banjur muni: tidhak bolih.

Petruk : Lho, aja kok banjur kliru tômpa mêngkono. Anggonku takon rada riwil kiyi, prêlune nèk sathithik-sathithik wis wêruh nyang isine buku sing arêp dak tuku, anggone tuku rak iya mantêp ta, rak iya ora beda karo wong arêp rabi, nèk sadurunge wis wêruh, yèn bakal bojone anggone anggudhêg kampi, rak nang ati mantêp ta, dadi nèk nyang omah aku kloron tansah bisa samênwèrkêng (nyambutgawe bêbarêngan) dhèwèke sing ngolah gudhêge, aku sing ngicipi.

Garèng : E, kurang ajar, tak arani sing jênêng

--- 779 ---

samênwèrkêng kuwi, bojomu sing ngolah, kowe sing idêr ngêdolake jêbul-jêbul kathik mung mikir enake dhewe. Wis, wis, rungokna, luwih dhisik aku tak crita mungguh wawasane Radèn Sutama ing bab pangerang-erange bôngsa siji lan sijine, tanpa aniti priksa kang dadi sabab-sababe. Kaya ta: bôngsa liya ngerang-erang nyang bôngsa Baduwi, diunèkake bôngsa kang kêmproh, ora tau adus. Ananging kang ngerang-erang mau, ora ngèlingi babarpisan, yèn bôngsa Baduwi mau dununge ana ing tanah pasisir kang kurang banyune. Lagi kanggo ngombe bae wis kurang, apa manèh kanggo adus, kang iku rak iya wis dadi jamake, nèk bôngsa mau sabisa-bisa iya banjur ngurangi aduse.

[Grafik]

Petruk : Pancèn iya gampang wong mêmoyok utawa angerang-erang kuwi, lumrahe iya tanpa aniti priksa dhisik sabab-sababe, kaya ta tôngga têparoku, kuwi nèk wis ngerang-erang nyang awakku, nganyêlake têmênan, jarene: ora maido, nèk Mas Bèine Petruk ki pancèn brêgas, cakrak, atrêngginas, mung bae cacade nèk ana pitike tanggane saba mrono ora tau bali. Ora pisan-pisan gêlêm niti priksa dhisik, upama nitia priksa dhisik, rak banjur wêruh, yèn pitike mau tak opèni kanthi bêcik-bêcik, barêng pirang-pirang dina ora dikaruhake, dak arani pancèn wis ditegakake, mulane iya banjur tak palêsirake nyang pasar.

Garèng : Wis sêmbrana, kuwi arane, rak ambêdhog alus-alusan. Ambanjurake wawasan mungguhing karangane Radèn Sutama ing bab alakirabi kang isih kênomên, têmtune bôngsa liya padha ora anocogi, dene ing dunya Jawa kene, cêkake ing tanah Indhonesiah, wong-wonge anggène padha alakirabi isih kênomên, jarene ora bêcik, amarga kang mangkono kuwi miturut katrangane para dhoktêr, bisa anjalari kurang warase.

Petruk : Yah, aku kok ora ngandêl dhing, tandhane: olèhku karo biyangne Si Kamprèt, aku lagi umur 18 taun, dene biyangne Si Kamprèt 13 taun, dadi pancène rak iya isih kênomên, ewadene aku sabrayat têka waras-wiris, laraku sing kêrêp mung kêmlakarên.

Garèng : Lha kuwi rak dudu jênêng lêlara, kuwi rak sabab saka mumpung, mumpung ana pangan pirang-pirang, tak tutug-tutugne anggonku mangan, sarta banjur ora anduwèni duga-duga, wusanane banjur kêmlakarên. Radèn Sutama dhewe iya ora mupakati, yèn anglarang wong alakirabi kênomên, kathik nganggo alêsan dhoktêr. Sabab kang mêngkono kuwi durung kanyataan têmênan,

--- 780 ---

dene anane wong tuwa sok ngomah-omahake anake kênomên, kuwi pancèn iya ana prêlune, kaya ta: tumrape wong tani, arêp ngingu wong kang kudu ambantu panggaraping sawah, kuwi ora bisa, sabab mêsthine rak ora mung kudu ngingoni bae, têmtune rak iya kudu nganggo ambayari, seje karo yèn duwe mantu, anggêre wis ngingoni bae rak uwis cukup, sabab mantu kuwi rak prasasat anak dhewe bae, dadi iya ora ana subasitane. Dadi tak balèni manèh, nèk arêp anglarang wong alakirabi, kuwi nèk miturut pangandikane Radèn Sutama, ora mathuk, yèn nganggo alêsan katranganing dhoktêr kaya dhuwur mau, apike iya kudu ngangge[6] alêsan liya.

Petruk : Nèk kudu golèk alêsan sing cêsplêng, pancèn iya angèl bangêt. Kajaba kuwi anggone anak wadon sok enggal-enggal dilakèkake kuwi, supaya nuli enggala linuwaran saka panjagane, sabab anjaga anak wadon kang wis gêdhe kuwi, pancèn rêkasa bangêt, lan nèk anake wadon kabênêr mlaku, kok banjur ana wong lanang sing mêncêngêr namatake, apa manèh nèk wonge mau banjur ngèsêmi, wah, rasane ati sanalika kuwi iya banjur phanas kaya talephong saphi phêtul-phêtul.

Garèng : Wadhuh, anggone pasèh nganti kaya jêbolan santri, kang mêngkono kuwi iya ana bênêre, ananging wong tuwa ora kêna kok banjur wêgah panjagane, awit wis dadi kuwajibaning wong tuwa kudu anjaga sarta ngulat-ulatake anake. Aku mula iya cocog karo panêmune Radèn Sutama, yèn sing kanggo alasan anglarangi alakirabi kênomên, kuwi ora liya sabak[7] kêna diarani siya-siya, awit pancène isih kudu dêdolanan, têka banjur kapêksa kudu nyêkêl omah, têmtune rak iya kithal bangêt. Saya mêsakake manèh, yèn bocah wadon mau banjur dadi biyung, la kuwi...wis, wis, samene bae, nèk kowe arêp wêruh jlèntrèhe luwih bêcik tukua bukune bae, rêgane ora larang, mung f 0,48.

Panglêjar Galih

Satruna : Kula nuwun.

Lurah : Sapa kuwe.

Satruna : Kula Satruni.

Lurah : Omahmu ngêndi.

Satruna : Kula Karangturi.

Lurah : Ana apa.

Satruna : Dipun kèngkèn Mas Bahri.

Lurah : Kongkonan apa.

Satruna : Ngaturakên ulam tambri.

Lurah : Saka ngêndi.

Satruna : Anggènipun anjali.

Lurah : Anjala ing ngêndi.

Satruna : Wontên lèpèn kuthi.

Lurah : Pira tunggale.

Satruna : Tunggilipun têli.

Lurah : Cilik apa gêdhe.

Satruna : Gêdhi-gêdhi.

Lurah : Iwake êndi.

Satruna : Punika wontên jabi.

Lurah : Coba dak andêlêng.

Satruna : Suwawi.

Lurah : Wah kabênêran bangêt.

Satruna : Bilih sampun katampi kula mugi dipun lilani.

Lurah : Iya-iya.

Suwarja

G.d. Têmanggung, Wêlèri.

--- 781 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Minôngka panjagining kasarasan B.G.D. ing Ngayogya nindakakên minôngka pananggulanging sêsakit malariah, tuwin cacing tambang, sarana ngawotênakên kakus ingkang miturut pranataning B.G.D. saha sampun dipun wontêni punggawa ingkang nindakakên bab padamêlan wau. Punggawa wau ugi purun mitulungi andamêlakên kakus, kalayan waragad f 5.-

Pulisi ing Batawi kanthi mantri pèl pulisi ing Bandhung, mêntas anggledhah griyanipun nyonyah bôngsa Tiyonghwa nama L.M.N. ing Cibongi, Pêngalengan. Ing ngriku pinanggih arak pêtêng dalah pirantosipun olah jangkêp.

Ing padhusunan bawah Cêpu, pinanggih wontên sêsakit, sakawit suku karaos linu pêgêl, wontên ingkang mringkil, dipun grayang sakit, manawi sampun makatên, dalunipun badan karaos bêntèr. Kêtingalipun inggih ngagètakên, nanging ugi lajêng enggal saras. Wôntên ingkang gadhah pangintên tuwuhing sêsakit wau jalaran têtiyang ing ngriku sami nêdha wos enggal. Jampi ingkang dipun tindakakên sarana dipun ombèni toya dêgan kalapa ijêm.

Yustiti[8] ing Padhang mêntas papriksa ing Bêngkulên, ing bab kêkirangan arta ing kantor karesidhenan ngriku, wontên f 5000.- ingkang kenging panggrayangan satunggaling komis.

Ing rantaman B.B. dipun têrangakên ing bab waragad-waragad pambucalan ing Dhigul, ing taun 1929 wontên f 300.000.-

Bêbaya latu ing pamêlikan Sawah Lunta kala 1 wulan punika ingkang kaping tiga, wontên pangintên jalaran saking pandamêlipun tiyang awon, nanging dèrèng sagêd mikut tiyangipun, tuwuhing pangintên wau, jalaran mirid saking kawontênan kêbêsmèn sami kemawon.

Lelang borongan badhe pandamêlipun griya pamulangan lare èstri ing Tanah Tinggi, Tanggêrang, wontên f 34.000 dhawah kantor anèmêr Rode.

Pamarentah sampun nampèni undhang-undhang enggal ing bab pajêg mêrcon ing gêmintê Têgal. Ewah-ewahan undhang-undhang pajêg pamêdal gêmintê Batawi tuwin nêtêpakên undhang-undhang tumindaking ordhonansi ngangkat lisah pèt ing taun 1927.

Pulisi ing Ngayogya mêntas nyêpêngi têtiyang papariman ingkang sami wontên ing pêkên-pêkên, ingkang ngakên botên gadhah sanak sadhèrèk lajêng dipun pasrahakên dhatêng bêstir P.K.O. Muhamadiyah, golongan pamiyaran tiyang mlarat, nanging ingkang gadhah waris inggih kapasrahakên dhatêng warisipun.

Tuwan Mirza Wali Achmad Baig juru sêsorah saking Lahore ingkang wontên ing Ngayogya, gadhah sêdya badhe damêl griya pamondhokan lare sêkolah wontên ing kampung Jayèngprawiran. Tuwan wau gadhah murid kathah saking pamulangan têngahan ingkang sami sinau basa Inggris. Kajawi tuntunaning wulangan sae, anggènipun sami sinau wau namung lêlahanan. Tuwan Mirza lajêng kêtuwuhan pamanggih badhe nyatitèkakên dhatêng kawontênaning muridipun, kadospundi murih rancag anggènipun sinau wau, mila badhe damêl pamondhokan punika, ngiras dados dhirèkturipun.

Ing bawah kabupatèn Kalathèn, dipun wontêni lêmbu pamacêg 5 iji, kabage sabên sakadhistrikan satunggal, pambayaring rêginipun kapêndhêtakên saking arta kas dhusun, etang prêsenan. Pamanggèning lêmbu pindhah-pindhah, sabên tiyang macêgakên mawi ambayar beya mayar kemawon. Ing bawah kadhistrikan Bayat (Klathèn) dipun wontênakên kapal pamacêg 4, wêdalan saking Waingapu (Sumbah), lampah-lampahipun inggih kados lêmbu pamacêg wau.

Pirmah Hagemeyer ing Surabaya mêntas kecalan lading panyukuran Gilette cacah 1600 rêgi f 1600.- Jalaraning kasumêrêpan wau, wontên sawênèhing lênggananipun cariyos dipun tawèni lading kados makatên punika saking tiyang Madura rêgi namung sapalihipun. Sagêd ugi barang wau ical nalika taksih wontên salêbêting baita.

Kawartosakên, ing rantaman waragad nagari taun 1928 wontên sadhiyan arta f 75.000 akangge ngagêngakên pamulangan patukangan tiyang siti, lan malih f 61.000 kangge mêwahi pamulangan patukangan tiyang siti tuwin bôngsa Eropah.

Ing tanggal 20 wulan punika B.O. kalêrês umur 20 taun, pang-pang B.O. kathah ingkang badhe damêl pasamuwan. Tumrap ing Surakarta badhe dipun wontêni wilujêngan dhahar kêmbul wontên ing abipraya, salajêngipun ringgitan wacucal.

Sawênèhing agèn pulisi ingkang nuju ngirid tiyang tahanan têtiga, kadakwa prakawis nganiaya, nalika lampahipun dumugi sacêlakipun margi sêpur Kêtabang tuwin Ambêngan, Surabaya, dipun têmpuh ing tiyang Madura sagolongan, badhe ngrêbat têtiyang ingkang kenging pandakwa wau, pulisi sagêd anglawan, saha botên dangu kêtungka dhatêngipun pulisi sawatawis ingkang têtulung, têtiyang ingkang nêmpuh wontên ingkang kêcêpêng sawatawis.

--- 782 ---

Jaka nama Radèn Nandar, padpindêr ing Salatiga tilar donya. Wêkdal panguburipun jisim, pambêktanipun dhatêng kuburan, tuwin sanès-sanèsipun, sami dipun tandangi ing para sadhèrèk padpindêr piyambak, katingal adamêl cingakipun ingkang sami sumêrêp.

Kongkrès[9] Niok ing taun punika badhe dipun wontênakên ing Batawi malih.

Ing tanggal 7 wulan punika, gêdhong Yapa Bang ing Ponteanak sampun kabikak, mawi pasamuwan agêng-agêngan.

Wontênipun rêrêsah ing tanah Papuah kados ingkang sampun nate kawartosakên wontên ing Kajawèn, sapunika sampun sirêp, residhèn Tèrnate, asistèn residhèn Manukwari tuwin dhipisi kumêndhan sampun sami wangsul.

Kawah enggal ingkang mêntas pinanggih wontên ing bawah Banyumas, sapriki taksih panggêng, agênging kawah wau ingkang satunggal 25 X 15 M. satunggalipun 60 X 35 M. Mumpal-mumpalipun kados kawah ing Diyèng.

Wontên pawartos, bilih Radèn Dwijasewaya ngadêgakên parte enggal, dipun namakakên Budiarja.

Pambantu Kajawèn angabarakên, saking pitulunganipun Tuwan Kwie Liang Tjoa, Sêmarang, ing guwa Langse, sawetan Parangtritis, pasisir kidul Ngayogyakarta, dipun trapi ôndha tosan, prêlu kangge anggampilakên lampahing tiyang ingkang sumêdya tirakat mriku.

Wontên pawartos, bilih ing lèpèn Opak, dhusun Krètèg (Bantul, Ngayogyakarta), inggih punika margi dhatêng Parangtritis badhe dipun pasangi krêtêg, supados anggampilakên lampahing têtumpakan motor sapanunggilanipun, ingkang sumêdya dhatêng Parangtritis.

Wontên pawartos, bilih Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta, kaparêng mundhut guru jogèd saking karaton Ngayogyakarta, kadhawuhan mulang bêksa Lawung wontên ing Surakarta, makatên ugi guru jogèd wau inggih badhe kadhawuhan sinau jogèd ing Surakarta, supados ugi tumular wontên ing Ngayogya.

Pambantu Kajawèn ing Kêdhungjati N.I.S. martosakên, nalika dintên Kêmis tanggal kaping 26/4 28 ingkang nêmbe kapêngkêr punika, M. Sularna, mandhor boswisên Kêdhungjati, dhistrik Singèn Kidul, Sêmarang, wanci dalu tilêm ing griya pandhapi, kalihan sadhèrèkipun jalêr ingkang nêmbe umur 8 taun. Sarêng jam ½ 3 dalu katubruk ing sima, tatunipun kalih panggenan, ing sanginggil sikut tangan têngên. Enjingipun têrus kabêkta dhatêng ing griya pamulasaran ing Ambarawa, sapriki dèrèng saras.

Nalika dintên Sêlasa, kaping 8/5-28 lare nama Parmin, kintên umur 13 taun, anakipun tiyang nama Jaya a Paimun. Gagriya ing dhusun Ngumbak, dhistrik Singèn Kidul, Sêmarang, ing wanci dalu kaajak bapakipun, tilêm ing kandhang maesa, ingkang kadèkèk sacêlaking patêgilanipun, sarêng kintên jam 1 dalu katubruk saha kagondhol ing sima, watawis 15 M. têbihipun, dene tatunipun kathah saha rêkaos, awit ing pipinipun ingkang sasisih sampun kalajêng dipun cakot ngantos têlas. Wasana namung umur sawatawis jam, lajêng tilar dunya. Môngsa punika pancèn saya katingal kathah wêdaling bêbujêngan wana sanès-sanèsipun, kados ta kêthèk, andhapan, ingkang sami damêl kapitunanipun kônca among tani ing sacêlakipun wana pajatèn.

Bab Kawontênaning Buku

Redhaksi Kajawèn mêntas nampèni buku Sanasunu cap-capan ingkang kaping kalih, saking toko buku S.M. Diwarna ing Ngayogya. Buku wau karanganipun Radèn Ngabèi Yabadipura II,[10] pujôngga ing karaton dalêm Surakarta, isinipun wulang warni-warni, tumrap tiyang anèm sêpuh, wulang limrah tuwin wulang kaalusaning budi, cêkakipun isi sawarnining wulang ingkang mathuk kalihan raosipun bôngsa Jawi. Mirid anggèning buku wau sampun kaêcap kaping kalih, anandhakakên bilih dipun karênani ing ngakathah, dene rêginipun namung f 0.80.

Redhaksi Kajawèn ugi nampèni kintunan buku saking Mas Supardi, mantri guru ing Cilacap, nama buku: Bab Sêsakit Sawatawis, cap-capan ingkang kaping kalih, buku wau nyariyosakên ing bab Kasarasan, kados ta: wêwarah sêsakit warni-warni, dipun cariyosakên rekadaya dalah panulakipun. Majênging panyadenipun buku wau sagêd nitik, dene dèrèng sapintêna dangunipun sampun sagêd ngêcap kaping kalih, lan malih ingkang cap-capan kapisan namung 58 kaca rêgi f 0.75, sarêng ingkang cap-capan kaping kalih 69 kaca, rêginipun namung f 0.50 punika sampun dados tôndha yêkti ingkang nyata mênggahing saenipun, mila botên prêlu dipun alêmbana malih.

Lan malih redhaksi Kajawèn ugi tampi buku Wedhatama cap-capan ingkang kaping 4. Saking buk andhêl Tan Kun Swi, ing Kadhiri. Sintên kemawon tamtu botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun buku wedhatama anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV ing Surakarta. Buku wau ngêwrat wêwarah pêpêthinganing kawruh Jawi, lan malih buku wau mawi dipun sambêti, botên kados Wedhatama ingkang kêlimrah, rêginipun namung f 0.35.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun dhatêng ingkang sami ngintunê[11] buku-buku wau.

--- 783 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

40

XII

Kala punika sabagean agêng ing gêrongan wadhah pakan wau wontên sangandhaping ayang-ayangan, saking ngandhap wontên gônda balarongan, inggih punika gandaning singa amor kalihan gandaning daging bosok.

Gêrongan ingkang anggigoni punika ing sisih tiga pisan kinubêng ing julêgan ingkang lêbêt sangêt, dene ingkang sisih wetan, inggih punika papan pandhêlikan kula sadaya, katutup ing tembok utawi curi, ing ngriku wontên korinipun waja pintên-pintên.

Ing sisihipun ngrika kamirêngan wontên swara ingkang anggêgirisi, tamtunipun padununganipun para singa barong ingkang kramat.

Botên têbih saking ngandhap kula sadaya, kêtingal wontên sisa-sisaning tiyang, kados ta jêbolan rambut, pangangge-pangangge ingkang sampun suwèk, lan sasaminipun. Miturut cariyosipun Shadrach punika sisa-sisaning tiyang Fung ingkang dipun pêjahi dening Orme.

Ing ngriku kula ningali kalihan kèndêl sakêdhap dhatêng wêwarnèn ingkang anggigoni wau, salajêngipun Orme ningali jamipun kalihan wicantên makatên: sêrsan, saiki kudu sumadhia, awit miturut calathune propesor, rong jam sauwise rêmbulan andhadhari, dhèwèke arêp dipakakae ing singa barong, dadi kira-kirane iya saprapat jam manèh.

Quick amangsuli: Inggih bandara kapitan, sadaya sampun mirantos, lan têtiyang ingkang sami crèwèt punika kintên kula inggih sampun mirantos, ananging salaminipun Samuel Quick gêsang, dèrèng nate ngraosakên botên têtêg ing manah, tumrap satunggiling pandamêlan, kados sagêdhagan punika. Enggal kucing, andhane niku nuli mang pasang. Bandara kapitan, punika sanjata panjênêngan, lan wadhahipun mimis ênêm sampun sami mêtêng, nanging wontên ing ngrika tamtu badhe botên kangge damêl punapa-punapa, wadhah mimis wau panjênêngan simpên wontên ing kanthongan têngên kemawon, sampun ngantos kasupèn, makatên ugi kula inggih ambêkta punika. Bandara dhoktêr, ngarsa panjênêngan punika wontên cagakipun, môngga panjênêngan kula aturi nlosor wontên ing sela punika, wontên ing ngriku panjênêngan sagêd angsal pêpadhang, ing ngriku wontên uwat-uwat sikut panjênêngan, dados pangincêng panjênêngan sagêd gampil. Punika lho Japhet ugi sampun. Bandara kapitan, manawi panjênêngan samangke sampun karsa paring dhawuh, kula sadaya inggih lajêng sagêd miwiti. Sadaya wau tamtunipun bandara dhoktêr ingkang badhe ngluntakakên dhatêng Japhet.

Orme awicantên: sauwise aku kabèh mudhun saka ing ôndha, sabanjure lumaku sèkêt pêcak ana sangisoring ayang-ayangan, kang anjalari aku wêruh apa-apa, nanging aku ora diwêruhi ing liyan. Miturut calathune Si Shadrach, ing kono papane kanggo ngudhunake kranjang wadhah pakan, sabanjure aku kabèh ngêntèni udhune kranjang, nèk Propesor Higgs ana sajroning kranjang, kowe Japhet kudu nyingkirake dhèwèke, utawa yèn prêlu gendhongên nganti satêkane ing ôndha, ing kana mêngko wong-wong pagunungan kang ambanjurake awèh pitulungan. Dene pagaweanmu sêrsan, mangkono uga pagaweane dhoktêr karo aku, ora liya mung ngêdohake singa-singa barong sarana bêdhile, yèn ana salah siji ditubruk ing singa, liyane ora prêlu nulungi, awit ora prêlu kok banjur ngorbanake nyawa loro, wêkasane kowe Japhet lan Quick sakaloron iya kudu nindakake kapriye kaanane mêngko, lan saiki ayo padha mangkat. Manawa aku ora bisa bali manèh Adams, sang putri putrane para nata dhèrèkna kondur, mêtu ing gang-gang kanthi slamêt nganti tumêkane ing Mur. Kantuna sugêng, dhuh sang putri.

Sang putri ngandika tatag: andhèrèkakên sugêng. Kala punika wadananipun sang putri kêtutupan ing ayang-ayangan pêtêng. Sang putri lajêng ngandika malih: Kula sagêd namtokakên, bilih sadhèrèk panjênêngan sarta panjênêngan badhe sagêd wangsul malih.

Kala punika Pangeran Josua ujug-ujug ngandika makatên: Aku êmoh kalah karo uwong buda-buda iki, ing sarèhne aku ora duwe gêgaman kaya mangkono, aku ora bisa milu nganti têkan growongan, ananging aku arêp mudhun saka ôndha lan arêp anjagani iku.

Orme awicantên sajak gumun sangêt: O, sae sangêt, pangeran, kula bingah sangêt dene badhe sagêd kêmpal kalihan panjênêngan, ananging panjênêgan kêdah ngèngêtana, benjing manawi minggah ôndha malih kêdah ingkang rikat sangêt, awit singa barong ingkang luwe punika botên kêsèd. Makatên ugi panjênêngan kêdah

--- 784 ---

ngèngêti, bilih kula sadaya botên nanggêl manawi panjênêngan manggih punapa-punapa.

Sang putri lajêng ngandika makatên: O, paman, saèstunipun langkung prayogi manawi panjênêngan kantun wontên ing papan ingkang panjênêngan dunungi samangke punika.

Sang pangeran amangsuli: O, anggèr, punapa prêlunipun, supados panjênêngan sagêd mêmoyok dhatêng kula salami-laminipun. Kula tamtu dhatêng panggenanipun singa barong ugi. Salajêngipun sang pangeran lajêng mandhap ing ôndha alon-alonan. Sarêng Quick botên watawis dangu lajêng nusul, sang pangeran sawêg dumugi ing têngah-têngah, lan saking murih enggalipun dumugi ing ngandhap, Quick kêpêksa ngidak astanipun sang pangeran.

Kintên-kintên sawatawis mênit malih, kula sumêrêp tiyang têtiga pisan sampun sami dumugi ing growongan, ananging Pangeran Josua lajêng minggah malih kintên-kintên wontên nêm tataran, lan wontên ing ngriku lajêng jumênêng, astanipun anjêbèbèh mèpèt ing curi, kadosdene tiyang ingkang dipun pênthang. Kula kuwatos manawi panjênênganipun punika kasumêrêpan ing mêngsah, amila kula lajêng umatur dhatêng sang putri, karsaa andhawuhi, supados sang pangeran mandhap utawi minggah babarpisan, ananging sadaya dhawuhipun sang putri tanpa damêl, Pangeran Josua têrus jumênêng kemawon, lan kula lajêng ngèndêlakên kemawon dhatêng panjênênganipun.

Kala punika sanès-sanèsipun lajêng sami ical dening ayang-ayanganing rêca singa. Kula sadaya lajêng botên sumêrêp ing têtiyang wau babarpisan. Dangu-dangu rêmbulanipun saya inggil, padhangipun anyoroti papan panggenan tirahaning balung-balung, soroting rêmbulan kêtingal pêthak kados salaka. Kala punika sêpên mamring, samangke kula sagêd sumêrêp cêtha pancaksuji tosan ing kori-kori, lan kala-kala kula malah sumêrêp rêgêmêng pêtêng wontên sawingkinging kori, makatên ugi sumêrêp têtiyang sami muncul wontên sanginggiling tembok, lan sakêdhap kemawon tiyang ingkang wontên ing ngriku atusan.

Kula lajêng wicantên lirih dhatêng Pangeran Josua makatên: Pangeran, panjênêngan kêdah mandhap saking ôndha, amargi mindhak konangan dening mêngsah. Botên, botên, sapunika manawi minggah sampun kasèp, awit padhanging rêmbulan nyoroti ing sanginggiling mastaka panjênêngan. Sampun, enggal nuntên mandhap, manawi botên, andhanipun kula tarik minggah lan panjênêngan kula dhawahakên.

Pangeran Josua ugi lajêng mandhap saha umpêtan wontên sawingkinging sela sawatawis. Dangu kula sadaya botên sumêrêp dhatêng panjênênganipun, saha lajêng supe babarpisan dhatêng panjênênganipun wau.

Salajêngipun lajêng kêmirêngan têtêmbangan lamat-lamat swaranipun nganyut-anyut, prênahipun têbih, kalêrês sanginggiling sirah kula sadaya. Swara wau saya dangu saya lirih, nanging ujug-ujug lajêng sora malih.

Sang putri ingkang jèngkèng wontên sandhing kula ngêplèk-plèk lêngên kula saha anêdahi ayang-ayangan. Kula lajêng ningali saha sumêrêp barang kintên-kintên kalih atus pêcak saking siti mandhap alon-alonan, kintênipun kemawon, punika kranjang ingkang isi Propesor Higgs, lan pancèn pinuju makatên punapa kadospundi, kala punika ujug-ujug singa barong sami pating glêrêng rame sangêt, bokmanawi singa-singa barong wau sampun sami mambêt kranjang ingkang tansah dipun ajêng-ajêng punika.

Mandhaping kranjang wau saya alon saya alon, ngantos kintên-kintên kantun sawatawis pêcak saking siti. Kala punika kranjangipun lajêng mobat-mabit, sabên-sabên anggandhul mèh mungsêr wiyar sangêt. Sarêng kalêrês wontên ing sapinggiring ayang-ayangan sisih kula sadaya ngriki, kranjangipun ujug-ujug lajêng dipun êjlogakên, saha kranjangipun ambalik, ing ngriku lajêng wontên janggêrênging tiyang dhawah mêdal, ananging ing pêpadhang ingkang samar saha sabab saking papan waradin ingkang jêmbar sangêt wau, janggêrênging tiyang wau katingal salit sangêt. Jalaran saking têbih kula saking piyambakipun wau, kula sadaya botên sagêd sumêrêp cêtha, ewadene kula sadaya lajêng sagêd mastani tiyang punika, inggih punika nitik saking topinipun ingkang dhawah ing siti, lan ujug-ujug kula sumêrêp, bilih punika topinipun Propesor Higgs. Higgs lajêng ngadêg, lumampah alon sangêt lan sajak sakit, amurugi topinipun. Topinipun wau dipun pêndhêt saha kangge ngrêsiki lêbu ing dhêngkul.

Sang putri angandika bisik-bisik: O, samangke pancak sujinipun dipun angkat minggah.

Salajêngipun kewan-kewan galak wau lajêng ambaungi mangsanipun, dene kewan-kewan ingkang wujud manungsa, wontên ing tembok nginggil, saking sênêngipun kanthi kasamaran, lajêng sami ajêlih-jêlih. Propesor lajêng mengo dhatêng wingking, sakêdhap piyambakipun sajak badhe lumajêng, anaging pamanggihipun lajêng katingal sanès, topinipun dipun angge, tanganipun dipun sidhakêpakên, lajêng ngadêg kèndêl anjêjêr. Ing kala punika kula lajêng kèngêtan dhatêng gambaripun Prabu Napoleyon, ingkang têtêp ngandêl dhatêng pêpasthèning Pangeran ingkang dhumawah ing sariranipun.

Sayêktosipun angèl sangêt badhe nyariyosakên punapa ingkang kula sumêrêpi sadaya punika, amargi lampahipun sadaya wau mèh sêsarêngan. Ing sakawit lampahing singa barong botên kados padatanipun, nanging pangintên kula, sarêng pancak suji wau kabikak, singa-singa barong lajêng sami mancolot, prêlu anubruk mangsanipun, ananging têka botên, bokmanawi nuju botên ngêlih, amargi siyangipun mêntas angsal têdha.

Dhatêngipun singa wau dados kalih larik kanthi alon-alonan, jalêr èstri, jumagar, ingkang taksih gogor sami gêgujêngan, gunggungipun sadaya kintên-kintên wontên suwidak, ingkang ningali dhatêng propesor namung satunggal kalih, dene sanès-sanèsipun sami mêncar ing saindênging papan ngriku. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. kemawon. (kembali)
2. kayakinan dalêm. (kembali)
3. Bêsari. (kembali)
4. mênggahing. (kembali)
5. dhêplok. (kembali)
6. nganggo. (kembali)
7. sabab. (kembali)
8. Yustisi. (kembali)
9. Konggrès. (kembali)
10. Yasadipura II,. (kembali)
11. ngintuni. (kembali)