Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-26, #159

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-26, #159. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-05-26, #159. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 42, 6 Bêsar Taun Jimakir 1858, 26 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [785] ---

Ôngka 42, 6 Bêsar Taun Jimakir 1858, 26 Mèi 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasiraman ing Batangtabit, Payakombo (Sumatra)

[Grafik]

Pasiraman punika têbihipun saking Payakombo wontên 5 K.M. toyanipun bêning lan asrêp. Têtiyang ingkang sami adus ing ngriku sami angraosakên sêgêring badan.

--- 786 ---

Raos Jawi

Pasarean ing Sarawiti

Sambêtipun Kajawèn nomêr 41.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn nomêr 41, pucaking rêdi Sarawiti punika pinanggih wontên dhusunipun agêng, kathah griya-griyanipun. Dene ing trêping pasarean, punika papanipun langkung inggil, dados taksih minggah malih, nanging papanipun ugi waradin. Saking papan ngriku manawi ningali mangalèr kêtingal sagantên ngilak-ilak, sagêd ngatogakên panduluning tiyang, pasisiripun katingal rêdi alit-alit lêlarikan. Manawi ningali mangetan, kêtingal wana pajatèn anggênggêng botên wontên sêlanipun, pêpindhanipun kados anutupi margi ingkang anjog ing Sarawiti. Manawi ningali mangidul, ningali padhusunan ing sanginggilipun rêdi. Dene manawi ningali mangilèn, kêtingal têbaning pasabinan tuwin patêgalan wiyar angêlangut.

Sawangan sadaya wau kados pasêmon, bilih sadaya punika sajatosipun sami kemawon, èdipèni tuwin kuciwaning sawangan, mênggahing tiyang ingkang ngudi dhatêng lêrês, namung araos dados sawangan limrah kemawon, botên badhe dados panggodhanipun ingkang nyawang, mila manawi kawontênan ingkang katingal punika tansah pinanggih jêmbar, jêmbaring jagad tamtu taksih kirang, mila tumraping sawangan ingkang pinanggih wontên pucaking Sarawiti, punika namung minôngka gambaran, bilih kawontênanipun ing ngriku punika namung sarwa ringkês, tiyang kêdah angèngêti manawi sampun manggèn ing pucak.

Ing dalu wau, botên wontên sabawa ingkang kamirêngan, kajawi namung sabawaning walang kècèt tuwin sabawaning kutu-kutu ingkang nywara ing wanci dalu, kala-kala ugi kêmirêngan swaraning kaleyang ingkang dhawah ing siti. Dene ingkang sami andêdagan wontên ing ngriku, êninging ciptanipun namung dipun sawijèkakên, angalap brêkahipun ingkang sumare.

Patrap ingkang makatên punika, kados nunggil misah kalihan raosipun tiyang nyatunggalakên êninging budi, ingkang lèrègipun pados pamarêm ingkang sajati.

Ing wanci sawung kluruk, tarontongipun pêpadhang wanci enjing sampun kêtingal, sabawaning tiyang pating kalêsêt sami badhe mandhap saking pasarean, prêlu sami badhe sêsuci, awit enjingipun umun-umun, sami badhe dipun irit ing juru kunci malêbêt dhatêng pasarean.

Solah ingkang makatên wau botên beda kados kêbukaning manah, ingkang angsal wêwêngan, badhe angraosakên tumandukipun sucining pôncadriya.

Byar enjing juru kunci minggah saha ambikak gêdhonging pasarean, ginarubyug ing têtiyang ingkang mêntas andêdagan ing wanci dalu. Samênganing pasarean, sêkaranipun ingkang sumare kêtingal sumamar wontên salêbêtipun gêgubah pêthak, gandaning

--- 787 ---

sêkar borèh ingkang wontên ing ngriku, anggônda arum mulêg kados ngukup salêbêting pasarean, kaanan sêpên ingkang pinanggih wontên ing ngriku, malah araos kêbak kados sêpêning manah suci.

Ing sapunika mênggahing wigatosing sêdyanipun tiyang ingkang gadhah panggayuh ing bab kasunyatan, kados sampun botên kasamaran malih, pamarêmipun sampun pinanggih wontên ing ngriku.

Sarampunging prêlu, têtiyang ingkang wontên salêbêting pasarean lajêng sami mêdal sadaya, sêmunipun sadaya sami sênêng ing manah, ulatipun padhang-padhang, labêt saking sampun sami kalêgan ing manah wau.

Punika inggih kados pasêmon, bilih tiyang manggih kasunyatan punika ugi kêdunungan kêkuwung tumusaning kasucian.

Samandhapipun saking pasarean, ing sakiwatêngêning margi kathah tiyang sami obong-obong sêpêt, kêtingal ngantos kumutug, cariyosipun ambiyantu nênuwun, murih kadumugèna sêdyanipun, lan malih ing ngriku ugi kathah tiyang sade têkên carang dêling, bathok takêran uwos, tuwin sanès-sanèsipun.

Kawontênan wau têtela kados pasêmon, bilih tiyang ingkang sampun kadumugèn punika, dayanipun ugi ambrêkahi tuwin damêl suyudipun tiyang sanès, punika pancèn sampun kados pinathok dados anggêring jagad, tiyang botên sagêd andamêl, tuwuhipun botên kenging kinayangapa.

Tiyang ingkang wangsul saking pasarean ngriku, sampun ical raosing rêkaos badhe lêlampah malih, mêdala ing pundi-pundi inggih sakeca kemawon.

Ingkang makatên punika, namung minôngka pasêmon, rupak tuwin rumpiling margi dhatêng kasunyatan, punika manawi sampun dumugi, lajêng sagêd nyirnakakên sawarnining èwêd-pakèwêd sadaya, wontênipun namung sarwa dumugi, tuwin èwêd-pakèwêd ingkang sampun kêpêngkêr punika sampun botên badhe kêpêthuk malih.

Wusana namung samantên pinanggihing pangothak-athik ingkang pinanggih wontên pasarean ing Sarawiti.

Ekonomi

Panggaotan saking Mendhong

Mendhong punika bangsaning têtuwuhan ingkang abonggol, uwitipun gilig, wangunipun mèmpêr wlingi. Tuwuhipun ing pasitèn ingkang kathah toyanipun, upaminipun ing siti: sorotan, lorogan utawi pasitèn sapinggiring lèpèn. Mendhong punika kenging kaanam kadamêl gêlaran pacar, mila ugi dados panggaotan agêng, botên beda kados lampahing têtanèn.

Manawi badhe nanêm mendhong, kêdah manah dhatêng pangolahing [pa...]

--- 788 ---

[...ngolahing] siti rumiyin. Dene patrapipun botên beda kalihan manawi badhe katanêman pantun. Rumiyinipun dipun waluku utawi kapaculan kemawon, manawi badhe anglèr dipun garu ingkang ngantos lêmbat. Pandamêling leleran kapetang langkung kikrik tinimbang yèn badhe katanêman pantun, amargi kajawi kêdah lêmbat, ugi ingkang waradin saèstu, sampun ngantos wontên ingkang lêgok gênêng, rumput utawi anggrah-anggrah sanèsipun kêdah dipun rayudi, supados sagêd rêsik saèstu. Ing pasitèn lorogan ingkang ngêmbêl, saèstunipun botên sagêd dipun waluku, kêdah namung dipun paculi. Makatên ugi manawi ingkang dipun garap wau siti tilas rembakan mendhong, sanajan dede pasitèn lorogan ingkang ngêmbêl, kêdah dipun paculi, sabab dhangkèlipun ingkang sampun ngoyod angèl dipun waluku, dene pandamêlipun leleran sagêd dipun garu.

[Grafik]

Bab padamêlan anam-anam punika, malah ing sapunika kêlimrah dipun wulangakên wontên ing pamulangan ôngka 2.

Mênggah ingkang minôngka wijinipun, inggih punika dhangkèl mendhong ingkang mêntas êritan enggal, nanging sampun dipun ingah ingkang sampun tuwuh sêmènipun, watawis sakilan panjangipun. Dhangkèlipun wau dipun perang alit-alit, kadamêl isi watawis sadasanan lênjêr, punika kaceblokakên ing pasitèn ingkang sampun dados leheran,[1] dene antawising tanêman satunggal-tunggalipun malang-mujuripun watawis sakaki.

Manawi sampun sagêd tanêm, pangupakara sanèsipun mèh botên wontên, kajawi namung kajagi toyanipun sampun ngantos kêndhat, punika kêdah dipun manah saèstu, amargi manawi ngantos katêndhagan, andadosakên kêraning tanêman. Manawi umuripun sampun salapanan dintên, prayoginipun kêdah dipun watun, prêlunipun ngicali rumput-rumputipun ingkang ngêsêg-êsêgi tanêman, punapa malih tuwuhing rumput punika nyuda lêmèn ingkang dados [da...]

--- 789 ---

[...dos] têdhaning tanêman. Yèn rumputipun botên wontên, sitinipun kemawon dipun idak-idak, pamrihipun supados sitinipun sagêd êmpuk, lan mêdhotakên oyod-oyod ingkang sampun sêpuh, ingkang têmbenipun badhe nuwuhakên oyod enggal, anjalari dados suburing tanêman. Kaladuking watunan punika botên dados punapa, janji dèrèng ngantos dumugi ngajêngakên mêdal sêkaripun kemawon, marambah-rambah ing watunan punika namung atêges dhatêng kopèning pangupakara, ingkang têmahanipun malah sagêd murugakên ing kasuburanipun.

Tanêman mendhong punika ugi asring kaparag ing ama, mênggah ingkang dados amanipun, bangsaning walang alit-alit, warninipun wontên ingkang ijêm, cêmêng utawi sêmu pêthak, punika manawi ngrikiti uwitipun sagêd tatas. Ugi wontên ingkang kala-kala katrajang ama mênthèk, wujuding tanêman sami mêndhak, sampun botên sagêd mindhak panjangipun. Ingkang mênthèkên punika manawi dipun bêdhol, oyodipun sami rantas, dene godhongipun sami katingal abrit-abrit. Mênggah jalaraning ama mênthèk wau, namung saking kirang kalêrêsan gadhanganipun, kacênthèt toyanipun kala tanêmanipun taksih ênèm, utawi kala damêl leleran botên waradin.

Umuripun tanêman mendhong punika ingkang genjah tigang wulan, lêbêt-lêbêtipun ngantos tigang lapan. Tandhanipun manawi sampun sêpuh, katitik saking sêkaripun manawi sampun sami garing. Mendhong ingkang subur, panjangipun sagêd ngantos samètêr, ingkang dhawah magak satêngah mètêr.

Manawi sampun sêpuh lajêng dipun êrit, pangêritipun ngêpok bonggol. Êritan enggal punika dipun unusi, kapilihan ingkang panjang-panjang rumiyin, kadadosakên tigang golongan, ingkang panjang, cêkapan sarta ingkang cêlak piyambak. Sasampunipun rampung anggènipun ngunusi, tumuntên dipun êpe, kajèrèng tipis-tipisan kemawon murih enggalipun garing. Manawi sampun garing, lajêng dipun bêntèli agêngipun satêkêm mangang, samangke nama sampun ngundhuh wohing kangelan, kantun nyadeni sabên pêkênan. Sabêntèl-bêntèlipun ingkang panjang sagêd pajêng 3-4 sèn, ingkang cêkapan watawis sabenggol.

Angèlipun tanêman mendhong punika undha-usuk kemawon kalihan tanêman pantun, nanging waragadipun sakêdhik, ingkang nama panggarapipun siti, namung ing kawitan kala badhe nanêm, dene pangundhuh (panèn) ipun sagêd tigang rambahan. Tanêman ingkang sampun kaêrit, kenging dipun ingah malih, makatên ing salajêngipun sabên-sabên sampun dipun êrit, sagêd kaingah malih ngantos ngêrit tigang rambahan. Sae-saening mendhong punika êritan ingkang kaping kalih, racakipun langkung panjang tinimbang êritan sanèsipun.

Ingkang dèrèng nyipati bokmanawi gadhah pangintên, tanêman mendhong botên sagêd ngawonakên pamêdalipun tanêman pantun, pangintên ingkang makatên punika lêpat sangêt. Tanêman pantun punika sataun namung sagêd panèn kaping kalih, môngka yèn mendhong sagêd rambah kaping tiga. Sarta manawi dipun pirit saking pangupakaranipun, punapa malih yèn katandhing wêdaling waragad ngupakara, langkung mirah nanêm mendhong. [me...]

--- 790 ---

[...ndhong.] Panggaraping siti anggaru maluku, namung sapisan ing wiwitanipun, dene salajêngipun sampun botên ngolah malih, kajawi namung kawatun utawi kaidak-idak. Saenipun malih tumrap siti lorogan sapinggiring lèpèn agêng, ingkang asring kalêban toya ing kalanipun wontên bêna, manawi katanêman mendhong botên andadosakên sabab.

Pamêdalipun siti ingkang katanêman mendhong, sagêd tikêl kalih utawi tiga, tinimbang yèn katanêman pantun.

Mendhong ingkang badhe dipun anam, tumbas ingkang sampun garing, tumuntên dipun kêmplong rumiyin, inggih punika dipun gêntang wontên ing lêsung, parlunipun supados sagêd gèpèng, dados gampil panganamipun.

Manawi sampun wancinipun ngarit, prasasat ambikak pathining rajabrana, ingkang lumintu wêdaling kaskaya. Amargi tampinipun arta icir, botên sagêd brêg kados yèn panèn pantun. Panyadenipun dhatêng pêkên manawi nglêrêsi pêkênan, dipun tumbasi têtiyang ingkang panggaotanipun nganam gêlaran pacar. Ing pêkên-pêkên ingkang sakiwa têngênipun kathah tiyang nanêm mendhong, kathah sangêt têtiyang ingkang sami sade-tinumbas mendhong, damêl agênging pêkên.

Nganam gêlaran punika kajawi ingkang nama panggaotan, limrahipun dados panggaotan sambèn, kagarap tiyang èstri ing wanci dalu. Manawi panganamipun ing waci siyang, mendhongipun gêtas, yèn dalu sagêd wulêd.

Limrahipun ingkang kalampah ing padhusunan, têtiyangipun sami botên bêtah mêlèk dalu, jalaran sampun kêsêl nyambutdamêl ing wanci siyang. Nanging manawi dalu purun nganam, nglêmbur damêl gêlaran, kenging kangge cagak êlèk dumugi jam-jam sawêlas dalu. Yèn dipun grejah makatên, cara petanganipun pancèn botên sapintêna kasilipun, nanging sarèhning padamêlan sambèn, lumayan kangge cagak tuwaking kabêtahan.

Sampun masthinipun, tiyang ingkang andrêgil, purun rumagang ing damêl sanès kajawi wajibibun, sagêd angsal tuking panggêsangan rangkêp, murakabi ing gêsangipun anjalari dhatêng kamayaran, agêngipun dhatêng kacêkapipun.

Gêlaran ingkang panjangipun 2.75 M. wiyaripun 1.75 M. padamêlan sambèn kagarap ing wanci dalu, sagêd rampung ing dalêm kawan dintênan, yèn panganamipun sampun sagêd rikat, sagêd rampung langkung enggal malih. Gêlaran samantên jêmbaripun wau, yèn kasade dhawah bakul sagêd pajêng kirang langkung sarupiyah. Môngka tumbasaning mendhongipun namung gangsal wêlas sènan, dados racakipun botên kirang gadhah pamêdal kalih kêthipan, ing dalêm sadalu namung padamêlan sambèn.

Ing panggenan ingkang para kawula sagêd nyambi padamêlan sanès, kados ta: ngobèng nyêrat, anam-anam, damêl grabah, ngitiki rasukan lan sapanunggilanipun, panggêsanganipun kawula racakipun sagêd têntrêm, tinimbang ing sanès panggenan ingkang têtiyangipun namung mligi nyambutdamêl punapa kuwajibanipun.

K.M. Sasrasumarta.

--- 791 ---

Jagading Wanita

Bab Olah-olah

Gudêg, sambêl gorèng, iwak duduh. Olah-olahan warni tiga punika manawi sampun dipun pupukakên wontên sanginggiling sêkul, sêkulipun lajêng nama sêkul sênenjong. Limrahipun sade wontên ing Surakarta.

[Grafik]

Pamulangan wanita ingkang sawêg sami sinau olah-olah ing Majakêrta.

Gudêg. Ingkang kêlimrah kangge ampas gudêg sêkul sênenjong punika, gori utawi bung, ing ngriki namung dipun pêndhêt ingkang gori kemawon. Gori ingkang agêng satugêl, ingkang taksih cumècèk, ulam thèthèlan utawi balungan 1 kati. Ulamipun dipun godhog rumiyin ingkang ngantos tanak. Gorinipun dipun oncèki lajêng dipun cacah iras kemawon, panacahipun malang-megung, lajêng dipun sisir, lajêng dipun godhog, nanging manawi gorinipun sampun ragi sêpuh lajêng dipun godhog kemawon, lajêng dipun cuwoli, manawi panggodhogipun gori wau sampun matêng lajêng dipun tus rumiyin, wusana dipun cêmplungakên ing godhogan ulam wau. Ampas wau ugi kenging dipun wêwahi so.

Bumbu saha pangolahipun, sarêm 1 1/2 sendhok agêng, trasi tigang klungsu, gêndhis sakêdhik, brambang 16 iji, bawang 5 siyung, tumbar jintên sakêdhik, kêmiri 10 iji, salam 3 lêmbar, laos satêngah jêmpol, bumbu wau sadaya dipun ulêg lêmbat, laos dipun gêcêk, lajêng dipun bumbokakên. Manawi sampun satêngah matêng lajêng dipun santêni klapa 1 iji, salajêngipun dipun olah [o...]

--- 792 ---

[...lah] ngantos namung kantun nyêmêk-nyêmêk.

Sambêl gorèng. Ulam sêlap gajih satêngah kati, dipun iris-iris, kênthang sadasa iji, dipun iris-iris, pête kalih ontong, dipun rajang, lombok abrit 5 iji dipun rajang alus.

Bumbunipun sarêm 1 sendhok agêng, trasi 2 klungsu, gêndhis sakêdhik, brambang 10 iji dipun rajang, bawang 5 siyung dipun rajang, asêm samripat, salam 3 lêmbar, laos saprapat jêmpol dipun rajang lêmbat. Bumbu-bumbu wau sami dipun gôngsa dipun sarêng kalihan lombok, kênthang tuwin pête, (sarêm, trasi tuwin gêndhis kacêmplungakên kantun, manawi sampun tanak lajêng dipun santêni), ulam ugi lajêng dipun cêmplungakên, manawi sampun tanak lajêng dipun santêni ing klapa satugêl, wusana dipun olah ngantos samatêngipun, duduhipun dipun taksihakên.

Iwak duduh. Ulam daging 6 kati, dipun godhog prongkalan, saêmpukipun.

Bumbunipun sarêm 1 sendhok agêng, trasi 2 klungsu, gêndhis sakêdhik, brambang 10 iji, bawang 3 iji, tumbar jintên sakêdhik, salam 3 lêmbar, laos saprapat driji. Bumbu wau ingkang kenging kaulêg, dipun ulêg sadaya, lajêng dipun bumbokakên, manawi bumbu wau sampun matêng lajêng dipun santêni, wusana dipun olah ngantos sakênthêlipun.

Patraping pandhahar, sêkul lajêng dipun tumpangi gudhêg, sambêl gorèng saha iwak duduh, ulamipun dipun suwiri agal.

Dhahar kados makatên wau inggih kenging dipun dèkèki bubuk dhêle utawi dipun kanthèni rambak, dene manawi dipun kanthèni ulam sanès-sanèsipun inggih kenging, nanging kêtingal botên mathuk, utawi lajêng ngicalakên raosing abên-abênan ingkang sampun dados thuk-thukanipun wau.

Piwulang Sae

Tinêmune Wong Ambêk Daksiya

[Dhandhanggula]

Kacarita ing dhukuh Malathi / nguni ana wong dhêmên kêrêngan / Gêdhigjaya pêparabe / tan kêndhat gawe rusuh / ngêndêlake yèn sarwa sêkti / kasusra rosanira / kaya banthèng ngamuk / yèn anjotos pagêr bata / bisa mlompong saêgong ambanirèki / tur sambi tangan kiwa //

Gêdhigjaya nora nambut kardi / amung urip gone utang ngêmplang / anjêjaluk sapadhane / prandene ora nyêbut / gone nora duwèni isin / yèn tinagih ing utang / amangsuli sêndhu / pêngpêngane banjur nantang / ngajak apa sakarêpmu tak ladèni / Gêdhigjaya digdaya //

mêsthi bae kang potang mangsuli: / ora sêdya ngêjak kêkêrêngan / kang tan bêcik wusanane / ênggone nagih mau / amung [a...]

--- 793 ---

[...mung] lugu saka nêtêpi / marang prajangjinira / kasaguhan nyaur / ewadene Gêdhigjaya / babarpisan tan ngromèsi têmbung bêcik / malah banjur anglabrag //

mula kabèh wong ing dhukuh Mlathi / nora ana sudi sêsrawungan / wêruh bae buruhake / kajaba saka iku / wong-wong mau saeka kapti / supata ora niyat / gêlêm atêtulung / manawa Si Gêdhigjaya / nandhang ribêt gêdhene kongsi bilai / kinèn angêtogêna //

kacarita Gêdhigjaya iki / karêmane marang minum arak / luwih ing êkat tadhahe / sawiji dina nuju / Gêdhigjaya atine sêdhih / jalaran katowongan / suwe ora minum / ing wusana banjur lunga / sadhengaha kang kapapag dilarani / mangkana rambah-rambah //

dalan-dalan banjur katon sêpi / wong-wong padha ngundhêr anèng omah / karo ngancingi lawange / wusana gone mlaku / Gêdhigjaya saya nyêdhaki / omahe kaki tuwa / nguni dadi dhukun / kasuwur mustajabira / yèn nambani sakabèh bôngsa panyakit / tur klayan lêlahanan //

pan wus lawas kaki tuwa iki / ngajab-ajab tumulining ajal / jêr wus katog ing uripe / kalane apitêkur / anyênyuwun maring Hyang Widhi / paran margane pêjah / ana swara krungu / nguwuh hèh-hèh kaki tuwa / sumurupa mungguhing patimu iki / wus pêrak mangsanira //

mêngko sira bakal ditêkani / uwong anom ambêk barangasan / tandhingana sagêndhinge / ing kono kamulyanmu / besuk manggon ing suwarga di / lan manèh jênêngira / bakal marbuk arum / pinèngêtan wong sapraja / lan kuburmu tan kêndhat tinêkan janmi / padha angalap brêkah //

swara ilang ora suwe nuli / Gêdhigjaya têka angrêrusak / rupa barang sacandhake / kaki tuwa amuwus / hèh wong anom mêngko ta dhisik / sun arsa atêtanya / lan sapa aranmu / dene tanpa subasita / mlêbu ngomah têka banjur ngobrak-abrik / lah iku patrap apa //

Gêdhigjaya amangsuli bêngis / hèh wong tuwa kang nyidham trêbêla / aja kowe ngelikake / kêtogên kadibyanmu / gonmu ngaku dhukun linuwih / môngsa aku ulapa / mungsuh mring dhapurmu / kaki tuwa mêdhar sabda / babo-babo tan kêna ginawe bêcik / lah payo kêmbarana //

iki ana gêndul loro iji / yèn sanyata kowe wong prawira / payo padha dintèkake / Gêdhigjaya angguguk / jêr katuju kang dikarêmi / wusana kabèh padha / bêbarêngan minum / kaki tuwa wus palastra / Gêdhigjaya krasa lara angranuhi / ênggone ngombe wisa //

wus misuwur wrata sanagari / ing patine dhukun kaki tuwa / kabèh nglayat age-age / kang nyumbang rêbut dhucung / ingkang kêmbang-kêmbang ngèbêki / layone kaki tuwa / samuwa dinulu / kang amikul rêrêbutan / labêt saka gone arêp ngêmum maring / brêkahe kaki tuwa //

saungkure kaki tuwa mati / Gêdhigjaya lara ngagak-agak / kasangsara salawase / tan ana wong têtulung / ing satêmah angrumasani / ing nguni tindakira / mangkene tinêmu / titi tamating carita / liding dongèng wong bêcik anêmu bêcik / wong ala nêmu ala //

Darpa.

--- 794 ---

Waosan Lare

Pinêsthi dadi Kanthi

VI. Lakuning bangawan

[Mêgatruh]

ambalèni lakuning kali kêpungkur / rumasa gêdhe ngluwihi / sajroning batin calathu / e gêdhe têmên saiki / iliku nglênêng lon-alon //

tobat kae ana prau gembong mlaku / jèjèr loro disasaki / wonge sing nunggang kumruyuk / jaran wêdhus kêbo sapi / kabèh padha bisa kamot //

[Grafik]

Sabrangan antawisipun Ngawi kalihan Bojanagara.

apa iya sing jênêng tambangan iku / dene êmung bola-bali / anggawa uwong sathekruk / ora nganggo sôngga-runggi / yèn praune nganti jêbol //

ing lakune sawise olèh satikung / nglênênge saya nglon-loni / ing kono banjur angêdhung / lan arane Kêdhung Kopi / uwonge akèh kumroyok //

lawan akèh omah gêdhe-gêdhe têpung / dene ta ing kono kuwi / uwong sing padha dêdunung / sabangsane pêkir mêskin / jompo nandhang lara ngradon //

kang iyasa mau pamarentah luhur / kabèh padha ditambani / lan dipardi laku jujur / aja nganti ngêmis-ngêmis / padha katrêma ing kono //

ing sajroning omah miskin kono mau / wis pêpak disadhiyani / kang kêna digo nununtun / carane wong golèk urip [u...]

--- 795 ---

[...rip] '/ anam-anam macul kêbon //

ing lakune bangawan nèng kono mau / kêdhunge jêro ngluwihi / lan ngrasa awake punjul / akèh kewan pating sliri / kabèh bae bisa amot //

dhèk ing dina mau ambarêngi nuju / dina padusan Ramlani / wong akèh pating calêbur / lêlangèn adus ing kali / bungah-bungah pating glêmbor //

ana manèh wong akèh anunggang prau / malah nganggo nong-ning nong-ning / sing nyindhèni mêlang-mêlung / mêsthi bôngsa priyayi /[2] sing padusan kaya ngono //

ra-orane ya bôngsa wong kurang petung / kang sinirik ing wong gêmi / lan manèh le adus mau / jênênge rak ora murah / karo niyate ing kono //

wis ngêlangut lakune bangawan mamprung / alone mung yèn ngliwati / ing sakèhe kêdhung-kêdhung / saliyane saka kuwi / ora tau mlaku alon //

barêng kira wayahe mèh jam sapuluh / ana swara gêgirisi / yaiku krêtêg ing Jurug / krêtêg sêpur diliwati / Èsprès Bandhung mêtu maos //

kali gumun wêruh krêtêg bangêt dhuwur / palêngkune padha wêsi / têmboke ngisor akukuh / kuwat katêmpuh ing banjir / beda têmên karo uwot //

saya nglangut bangawan lakune mau / liwat Sragèn anjog Ngawi / ing Bojanagara têrus / têkan Babad amalipir / kêbawah Surabaya lor //

turut dalan tansah kêjogan ing banyu / mula kêna diarani / yèn gêdhene wuwuh-wuwuh / ing wusanane saiki / ing lakune dadi alon //

iya iku barêng wis têkan Sidayu / banyu wiwit tungtung asin / awit lakune wis kêsuk / robing sagara ngunggahi / bangawan wise mangkono //

ing batine pancèn rada kurang mathuk / dene kuwasane kêndhih / mula muni sêmu gêndhung / banyu apa kowe kuwi / têka wani-wani nyodhog //

sasat kowe ngalang-alangi lakuku / kowe iku bêcik nisih / yèn tak trajang mêsthi larut / sapa kang madhani kali / gêdhene kuwat amomot //

sèn-isèning banyu iwak lawan bajul / tak anggêp mung kaya slilit / prau gembong gèthèk kayu / cukup mung sumlêmpit pinggir / lêmah sing tak têmpuh longsor //

lah ing kono banyuning sagara guyu / dene wangsulane lirih / o bangawan kowe iku / tak kira durung mêruhi / wujuding sagara umob //

pancèn nyata yèn gêdhemu uwis punjul / nanging rak mungguhing kali / nanging yèn kotandhing aku / ewuh gonku ngupamani / têngu gajah durung bobot //

aku ora nêdya ngandhêg ing lakumu / malah kowe sing ngêjogi / arêp nawarke awakku / nanging sing mangkono kuwi / awakmu malah kêlêbon //

wis ta kene sapira ing karosanmu / katogna sing nganti gusis / mêsthi malah mung kêcêmplung / ora pisan andayani / ayo ta aja pakewoh //

wiwit mau kali banjur tanpa bayu / malah tumuli ngêmori / ngalênêng iline banjur / tansah saya mundhak asin / turut dalan anênonton //

thêthukulan sing ana pinggiring banyu / anane wis padha salin / beda lan dhèk mau-mau / lêmah rèpèh papak kali / malah wis akèh sing kaclop //

lawan manèh ing asine saya wuwuh / malah wis êplêk saiki / lan [la...]

--- 796 ---

[...n] banyu sagara lugu / malah rupane wis salin / ijo bêning kinclong-kinclong //

ing lakune barêng wis cêdhak Sidayu / amalipir nuli mampir / ing desa Manyar nguk-inguk / gon wong gawe uyah putih / nuli bablas tanpa menggok //

ing saiki pangrasane kali mau / babarpisan uwis salin / lan sabanjure lumaku / anjog sagara mêdèni / ngungkurke dharatan adoh //

Kabar Wigatos

Pambikakipun Rad Kawula

Sambêtipun Kajawèn ôngka 41

Wêdharing sabda pangandika dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral.

Tuntunaning Walandi

Ingkang wicaksana angandikakakên, ngêmungakên manawi nagarinipun atata saha têntrêm, sagêdipun pamarentah lajêng ngyakinakên tuwin nêtêpakên, bilih tuntunaning Walandi kêdah anêtêpi kuwajibanipun ingkang luhur, inggih punika amêncarakên kabêgjan tuwin karaharjaning rakyat, punapa malih anginggahakên drajating rakyat, inggih ing bab gêsang sêsarêngan ing bab ekonomi, utawi ing bab payêpênging praja, ngantos ing wusananipun tuntunaning Walandi sagêd dipun uwalakên, ananging ingkang makatên punika, manawi tumrap ing tanah ngriki tuntunaning Walandi wau ing têmbe wingkingipun taksih dipun bêtahakên.

Nitik kawontênanipun kaprêluan-kaprêluan ingkang wigatos wau, ing wusana ingkang wicaksana amêmuji, mugi-mugi sarasing nalar ingkang ngôngka dhatêng kawilujêngan, kados ingkang sampun kadhawuhakên ing ngajêng, sagêda amujudakên kados satunggilipun bêndungan ingkang kiyat tumrap anadhahi tumindakipun para kaum kabangsan, ingkang anggadhahi ancas ambalela. Makatên ugi sagêda ananggulangi dhatêng dayaning uluk-uluk ingkang botên lêrês, ingkang sêdyanipun supados ancasipun wau sagêda lumêbêt mriku, amargi sanadyan uluk-uluk wau botên dipun rujuki, sarta botên sagêd dipun rujuki, ananging ing panggenan ingkang têtiyangipun taksih kandêl pitajêngipun lan botên nyumêrêpi kalintunipun piyambak, punika botên badhe sêpi ing bêbaya ingkang ngumpêt, ing bab wau ingkang wicaksana botên prêlu ngandikakakên saking papan ngriku.

Kuwajibaning Walandi.

Kapitunan ingkang pinanggih jalaran dayaning propagandhah kados ingkang dipun krêsakakên dening ingkang wicaksana, punika ingkang wigatos tuwuhipun kawontênan-kawontênan ingkang damêl susah wau jalaran saking propagandhah ingkang adamêl bingunging manahipun tiyang kathah, inggih ingkang pinanggih wontên ing nagari Walandi, utawi malih ing tanah Indhiya ngriki, inggih punika ing bab pitakenan-pitakenan [pitakenan-pitake...]

--- 797 ---

[...nan] mênggahing kawontênaning pamarentah Walandi ing tanah Indhiya, ingkang sajatosipun tumrap tumindakipun pulitik ingkang makatên wau dede pitakenan. Sayêktosipun botên kenging dipun sêmang-sêmangi malih, bilih nagari Walandi dhatêng kuwajibanipun ingkang luhur tumrap têtiyang, ingkang miturut punapa ing sampun kalampahan dados bêbahanipun, saha kêdah ananggêl dhatêng kamajênganipun wau, lajêng badhe ngêmohi tuwin angunduri, sadèrèngipun kuwajibanipun wau dèrèng kalêksanan babarpisan.

Ingkang wicaksana angandikakakên, jalaran tuwuhing kêkisruh wau saya anusahakên, dene lajêng wontên gêgambaripun, bilih wontênipun propagandhah wau lajêng kathah para ingkang botên rêmên dhatêng ancasing kabangsan ingkang saras pamanggihipun saha anggadhahi sêdya dhatêng kamajêngan, ing môngka kabangsan ingkang makatên punika, sabên tiyang ingkang lêrês manahipun têmtu anayogyani.

Ing sabagian inggih jalaran saking punika wau, dene para ingkang anggadhahi ancas kabangsan kados ing nginggil punika, sanadyan lêrês cacahipun langkung kathah, dening pangêsukipun saperangan alit saking para ingkang anggolongi ngiwa babarpisan, kawontênanipun lajêng dados botên sae. Ingkang punika bokmanawi tumrap têtiyang wau angèl anggènipun badhe ngatingalakên dhatêng ing jawi, sapintên têbihipun dhatêng para ingkang anggolong ngiwa babarpisan. Saha kadospundi caranipun ananggulangi têtiyang wau.

Klintuning tampi ingkang tuwuhipun jalaran kadon[3] ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, punika saya kawêwahan dening pêpathokan ingkang kamirêngakên, ingkang sajakipun kados lêrês, ananging sayêktosipun malah goroh, inggih punika ingkang nyariyosakên, bilih sêdyanipun botên beda, ananging ingkang beda punika ngêmungakên pamanggih ing bab sarananipun, ingkang lajêng adamêl pisahipun para kabangsan ingkang badhe majêng kanthi pranata lan para kabangsan ingkang golong ngiwa. Kadosdene gagasaning lare ingkang dipun êmong, bilih sagêdipun uwal saking momongan, punika saking wohing kamajêngan punapa mêsthinipun, dados kajêngipun lampahing kamajêngan wau kanthi urut-urutan, tamtunipun lare wau sakawit mila anggadhahi wêwaton sanès katimbang gagasaning lare momongan, ingkang majêngipun wau sarana badhe amêjahi dhatêng ingkang momong.

Ingkang makatên wau salajêngipun lajêng kadosdene botên sagêd ambedakakên ingkang baku antawisipun têtiyang, ingkang nyumêrêpi wontênipun tuntunan Walandi saha sadaya ingkang sampun dipun tindakakên tuwin ingkang sawêg dipun tindakakên, sarta migunakakên punika, minôngka namung satunggal-satunggalipun pirantos kamajêngan ingkang kasadhiyakakên tumrap têtiyang wau. Ingkang sarana kakiyatanipun piyambak lajêng sagêd anglêksanani punapa ingkang dados idham-idhamanipun. Têtandhinganipun wau kalihan têtiyang, ingkang sêdyanipun badhe ngrisak pirantosing kamajêngan wau. Ing wusananipun tumrap rakyat, lajêng kadosdene rubedanipun namung sakêdhik sangêt, bilih sagêdipun têntrêm panyambutdamêlipun, tuwin anggêgêsang wijining kakiyatanipun rakyat ingkang prêlu kanthi urut ngantos dene [de...]

--- 798 ---

[...ne] punapa mêsthinipun, langkung malih ing bab ekonomi sarana dipun ayomi pranatan-pranatan ingkang sampun wontên punika, katimbang dados kurbaning pangrisakipun katêntrêman, karaharjan tuwin kêbêgjan, inggih punika karampunganipun ingkang mêsthi, manawi tuntunaning Walandi lajêng kèndêl ingkang dèrèng mangsanipun.

Kaum kabangsan tuwin Non-Cooperators (para ingkang ngêmohi nyambutdamêl sêsarêngan kalihan pamarentah).

Dhawuh pangandika dalêm ingkang wicaksana, mênggahing sadaya wau sampun lajêng kakintên, bilih ingkang wicaksana botên anguningani dhatêng agênging kasusahanipun para kaum kabangsan ingkang pinanggih ing margi, ingkang tanpa ngukiri dhatêng ingkang dados idham-idhamanipun, lajêng ngatingalakên pamanggihipun, bilih sagêdipun kalêksanan sadaya wau ngêmungakên sarana anyambutdamêl ingkang saèstu kanthi asêsarêngan kalihan pamarentah. Kawontênanipun têtiyang wau ing padudon salêbêtipun pulitik, ringkih sarta angèl, jalaran saking panyobi saening bêbudènipun, tumêmênipun tuwin antêping kayakinanipun. Ananging ing bab punika pamarentah yakin, bilih danguning dangu têmtu badhe lajêng angsal pituwas. Ingkang punika amila kanthi rênaning panggalih, pamarentah lêstantun anggènipun anyawang pamudidaya tuwin panyambutdamêlipun têtiyang wau.

Patrapipun pamarentah ingkang makatên punika kanthi kayakinan sayêktos, botên beda kalihan anggènipun pamarentah anêbihi, ingkang ugi kanthi mulat dhatêng têtiyang, ingkang anggadhahi wêwaton botên purun anyambutdamêl sêsarêngan kalihan pamarentah sarta tansah anêbihi dhatêng pamarentahan ananggulangi ingkang badhe katindakakên dening pamarentah.

[Grafik]

Putranipun Sri Maharaja Amanullah, nata ing Aphganistan, ingkang kakung asmanipun Rahmatullah, lan ingkang putri asma Ila, ingkang sapunika sawêg sami wontên ing Paris, anênggani konduripun ingkang rama ibu saking Londhên.

--- 799 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Dados Kapalaning Juru Pangripta Sêrat Kabar

Petruk : Kang Garèng, salawase aku dadi panji klanthung kiyi, kok banjur pirang-pirang bangêt sing tak gagas, arêp golèk pagaweyan nyang kantor, dhêklomahku mung saka sêkolahan ôngka II, têmtune bayarane ora ambêjaji, arêp golèk pagaweyan angkat junjung, kajaba ora kuwat badane iya ora sae, arêp dadi mandhor, mêsthine iya ora kanggo. Saking gêdhening prihatinku, suwening suwe aku banjur olèh wangsiting dhêmit kang linuwih, dikon anindakake sawijining pagaweyan kang dak cocogi têmênan, awit pagaweyan kiyi brêgas, dièringi ing sapadhaning mênus, pamêtune rada lumayan, tur nèk kabênêr jênênge kawêntar ing ngêndi-êndi, ya kuwi: anyambutgawe amêngku layang kabar. Awakku banjur tak bênum dhewe dadi: dhirèktur up sêkodhur.

Garèng : Wiyah, wong jênênge rak dhirèktur up rêdhaktur, kok diêlih sakrêsa-krêsanya bae. Karo manèh aja kok kira yèn pagaweyan mangkono kuwi gampang, sabênêre rak malah angèl bangêt, lan kowe kudu bisa milah-milah, apa dadi dhirèktur up rêdhaktur layang kabar dinan, apa kalawarti minggon, sabab kuwi pagaweyane rada beda. Kajaba ngono, wong dadi mêngkono kuwi kudu jêmbar kawruhe lan sugih kawruh. Prêlune nèk kabênêr kudu gawe wawasan bab apa bae, bisa maton.

Petruk : Bab kuwi tumraping aku prakara kêcil, awit pangkat dhirèktur up rêdhaktur kuwi rak kuwasa, têgêse dadi aku anduwèni wênang anêtêpake punggawa-punggawaku dhewe. Sabanjure aku banjur ngincêr bae, nèk-nèke ana wong pintêr, sing durung olèh pagaweyan sing maton, sokur wêton sêkolahan sing pêng-pêngan, la kuwi banjur tak ojok-ojoki supaya gêlêm nyambutgawe karo aku, kanthi tak pêpengin, yèn gêlêm rak banjur jênêng mèlu ambantu ajuning bangsane. Ya kuwi utama-utamaning pagaweyan ing donya kene kiyi. Wis mêsthi ta nèk wong mau olèh blônja, sanajan balanjane ora ana sapratêlone blanjanku, awit aku: dhirèktur up rêdhaktur. Yèn dhwèwèke wis saguh, banjur tak angkat dadi: redhaktur. Sauwise pagaweyan sing angèl-angèl lan sing dakik-dakik banjur tak pasrahake nyang dhèwèke, ing sarèhning sing dipacak nang korane mung jênênge dhirèktur up rêdhakture, dadi wis mêsthi ta yèn sing olèh nama mau, iya mung aku dhewe, lan wong ing jaba masa bakala wêruh marang punggawaku [pungga...]

--- 800 ---

[...waku] sing pintêr mau, dadi sing diarani wong ing jaba: pintêr, pêng-pêngan, sugih kawruh, kêndêl, wêkêl lan anjlêgabit iya mung aku dhewe.

Garèng : Wèthèthithèh, la kuwi arane rak dhirèktur up rêdhaktur angênggoni politiking Nata Mêdayin. Wêruha, Truk asmane Nata Mêdayin kuwi kawêntar ing saindênging bawana, ora amarga saka kadibyane utawa saka bêciking bêbudène, ananging ora liya jalaran saka anggone ambawahake para ratu kang linangkung, ewadene ing sarèhing Ratu Mêdayin kuwi dhasare mula bodho sarta ala atine, suwe-suwe iya banjur kawiyak mungguhing bodho lan drêngkine mau. Kaya ta: Nata Mêdayin kuwi kêrêp bangêt ditulungi dening putrane mantu, iya iku Uwong Agung Menak, ewadene mêksa arêp gawe ala bae. Aku kuwatir, mêngko-mêngkone kowe yèn wis dadi dhirèktur up rêdhaktur banjur nyara Nata Mêdayin, kaya ta upamane: ana sawijining awak-awak kang tansah mitulungi nyang kowe, iya iku awèh adpêrtènsi nyang koranmu, utawa maskapemu mau ngêdolake buku dêdagangane awak-awak mau, dadi cêkakane awak-awak mau niyat arêp tulung nyang kowe têmênan. Aku kuwatir, jalaran saka watakmu sing kaya Ratu Mêdayin mau, yèn kowe banjur sêngaja anggolèk marga bisane matèni awak-awak mau. Mara, watêk kang mangkono kuwi harak dora kêna diarani watêk bisae.

Petruk : Prakara kuwi aku ora gêlêm ambil pusing, sanajan awak-awak mau mitulungi sapira bae karo aku, yèn miturut gagasanaku awak-awak mau nêja ngêjori karo dêdaganganaku, mêsthi tak budidaya bisane ihnil mamphus.

Garèng : Hla, durung-durung wis mêtu watêke Nata Mêdayin. Andèkne ora, pêthunthang-pêthunthunge nang jaba jarene arêp gawe majune bangsane, arêp ngunggahake drajate bangsane supaya bisa jajar karo bôngsa sing wis mulya, durung-durung wis katon kamelikanamu marang kadonyan. Kuwatir yèn kurang pêpayone daganganamu, kang anjalari sudaning panampamu phulus. Kang mangkono kuwi apa ora banjur nuwuhake gagasan, yèn pêthunthang-pêthunthungmu arêp ngêjokake bangsamu mau, mung nyang lambe bae, ananging karêpmu kang sajati arêp ngumpulake dhuwit sing akèh, supaya bisa jledar-jlèdèr nunggang motor phiyat.

Petruk : Apa kowe panas, yèn aku bisa nunggang phiyat.

Garèng : Lho, aku malah bungah bangêt manawa ana bangsaku bisa nunggang piyat, mung bae anggêre aja dicokol-cokolake nyang wong liya, mêngko ngarang rada ampêk sathithik, pungkasane dièmbèl-èmbèli piyate, sing padha maca têmtune rak akèh sing padha mulês sirahe. Kajaba kuwi nèk kowe pancèn jênêng wong sing dhêmên nyang bangsamu têmênan, pancène nèk ana ada-adaning liyan arêp ngajokake bôngsa, sanadyan gawe karugianing awakmu sakira, wajibe kowe iya kudu mèlu bungah. Upamane bae: ana awak-awak kang banjur ngêtokake koran kang luwih murah tinimbang koranmu dhewe, kuwi kowe wajib bungah, sabab bangsamu kang jarene

--- 801 ---

kok trêsnani mau, sing padha maca bakal tambah akèhe. Lan kowe aja duwe pikiran, yèn sing bêcik kuwi mung koranmu dhewe, awit sanadyan ora kok cêngèl-cêngèlna, wong rak iya wis duwe pangrasa lan bisa ngarani êndi sing bêcik, êndi sing ala, wis samene dhisik bae, liya dina padha dibanjurake rêrêmbugane, ning atimu sarèhna, aja kêmropok.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Radèn Mas Tumênggung Sumanagara, bupati ing Sragèn, nalika parêpatan Narpawandawa Surakarta, anglairakên pamanggih supados darahing karaton ingkang masakat, puruna ulah têtanèn wontên ing bawah Sragèn, awit ing ngriku sitinipun taksih nyêkapi. Ingkang badhe minôngka cobèn-cobèn, ing sabên tiyang satunggal badhe kapurih anggarap siti saprapat bau, tumrap ingkang sampun gadhah griya badhe dipun sukani garapan sabau. Pasitèn ing ngriku punika paosipun mayar. Lan angandiakakên têtanèn punika dede padamêlan nistha.

Sawênèhipun bôngsa T.M. dhatêng ing konggrès Muhamadiyah ingkang kapêngkêr punika, nyukani sênèl pèrês taksih enggal dhatêng pakêmpalan wau, rêgi f 4000.- kadarman agêng ingkang samantên punika dipun tampi dening H.B. Muhamadiyah kanthi gênging panuwun.

Sawênèhing komis kêlas 1 ing Priyangan Têngah, nama Trieling, awit saking prasabênipun upsir yustisi, supados nyandèkakên anggènipun kaparingan pêrlop dhatêng sajawining nagari, awit badhe dipun tindakakên prakawisipun ing bab paos nyewakakên oto botên salêrêsipun.

Lulus iksamên H.K.S. ing Bandhung M. Ahmad Hambali Jayadipura, M. Muhamad Salèh Andasasmita, Jaka Gêlarajo Bandaro, Amili, Bahtiyar, Kamarudhin, Nasution, Jaman Hasibuan, Abdul Orman Sirêgar, Sutan Takdir, H. Senduk, B. Suwarna Yasawidagda, Dinneman, Marah Kaharudhin Gelar Marah Maharaja Lelo, Marah Ahmad, Lasib, Sugiyaji Singaatmaja, Kasim Katamsi Pringga Diharja, Saptenno, J. C. Marc., Suratiman.

Kalih taun sapriki wontên dhawuh saking Dienst Mijnbouw, mriksa kawontênanipun kawah ing Kamojan, sakilèn rêdi Guntur, punapa kêkiyatanipun kenging kangge migunani kêkiyatan èlèktris. Sapunika sampun wontên katrangan, bilih prayogi. Sambêt kalihan bab punika ugi mriksa kawah Sikidang ing Diyèng.

Tiyang ingkang nêdya badhe dados punggawa gêndhis, ingkang tumrapipun ing Indhiya ngriki kalêbêt wigatos, punika kêdah dados lirlingipun administratur, manawi padamêlanipun sae ing têmbenipun angsal prêsenan, manawi anggènipun sinau ing ngriku sampun nyêkapi lajêng mlêbêt sinau ing Bondssuikerschool ing Surabaya ing apdhèling A, laminipun sinau wiwit tanggal 1 Nopèmbêr dumugi 1 April. Sasampunipun angsal dhiploma saking pamulangan ngriku sagêd nyambutdamêl wontên ing pabrik dados assistent chemist, tuwin sasampunipun ngêcakakên sawatawis laminipun, wangsul dhatêng pamulangan malih ing apdhèling B. Manawi sampun tamat saking ngriku, saha sampun angsal dhiploma tuwin Syndicaat dhiploma, lajêng sagêd nyambutdamêl dados chemist, tuwin pangkat sanès-sanèsipun. Ingkang sagêd sinau mriku kêdah saking H.B.S. 3 taun Milo utawi Tecnische school, dene ingkang sampun wêdalan saking H.B.S. 5 taun utawi A.M.S. sagêd anjujug ing apdhèling B. Katrangan sanès-sanèsipun kenging takèn dhatêng dhirèkturing pamulangan.

Wontên wartos, bilih ing Technische Hoogeschool ing Bandhung badhe dipun gambloki wulangan Middelbaar acte wiskunde, malah tumrap ingkang prelu-prêlu sampun dipun tata.

Kawartosakên bilih badhe wontên angkatan kuli kangge Suriname, manawi sagêd badhe ngangkatakên 900. Ing taun punika kawontênaning kuli kontrak ingkang dipun angkatakên dhatêng tanah sabrang botên patos kathah. Kiranging kuli ing Sumatra dumuginipun sapunika wontên 70.000.

Panjênênganipun Kangjêng Sultan ing Dhèli, ing tanggal 24 wulan punika mikramèkakên putra asma Têngku Amir, angsal salah satunggiling putri ing Kasultanan Parak.

Benjing rawuhipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana ing Magêlang, tanggal kaping 27 wulan punika, ing Candhi Mêndut tuwin Barabudhur botên kenging dipun dhatêngi têtiyang wiwit jam 10 dumugi jam 2.

--- 802 ---

Ing tanggal 1 Januari 1929 èik ordhonansi enggal badhe tumindak. Wiwit tanggal wau timbangan ci tuwin hun punapadene timbangan sanès-sanèsipun ingkang dèrèng dipun idini dipun èik botên badhe dipun èik malih. Ing salêbêtipun taun 1929 kajêng timbangan sarana tangsul ing bawah Ngayogya tuwin Kêdhu botên dipun kengingakên malih.

Ing Surabaya sabibaripun wulan Siyam, kathah sangêt tiyang ingkang nglêbêtakên sêkolah anakipun wontên ing H.I.S. saya malih ing pamulangan ôngka 2, lare ingkang badhe malêbêt sêkolah mriku ngantos wolung atusan. Ing Surabaya wontênipun sêkolahan ôngka 2 wontên 11 ing sapunika prêlu badhe dipun wêwahi malih.

Lulus iksamênipun dados Ind. Veearts, Abas Harsana, Radèn Utamadi, Ojuk Supratigna, Sahar, Sumitra, Susêtya, Radèn Suwasa, C.C.T Steiginga.

Pulisi ing Magêlang mêntas nyêpêng tiyang 4 ingkang sami kanggenan arta palsu, ringgitan 40 rupiyah 80. Tiyang sakawan wau anggènipun ambalibukakên arta palsu dipun tindakakên wontên ing pêkên, griya pagantosan. Salah satunggalipun tiyang wau, nalika sawêg ambalibukakên arta ringgit wontên ing pagantosan, konangan ing rêsèrse lajêng kacêpêng, nanging arta wau dipun priksakakên dhatêng kas nagari, nganggêp botên palsu, makatên ugi Yapa Bang, arta wau lajêng kakintunakên dhatêng Yapa Bang Batawi, ngêntosi karampungan.

Sawênèhipun bôngsa Tiyonghwa ing Batawi nuju numpak pit motor wontên ing margi dhatêng Tanjungpriuk, dipun cêpêng ing pulisi Walandi, têtela botên gadhah rebêwis, nanging tiyang ingkang kacêpêng wau lajêng ambêsêli arta dhatêng pulisi f 2.50 wusana malah dipun prakawis pisan. Prakawis wau sampun kapriksa ing langêrèh, bab prakawis anggènipun botên gadhah rebêwis kadhêndha f 12.50 dene bab anggènipun bêsêl dhatêng pulisi dipun pasrahakên ing pangadilan landrad.

Sudagar oto Wesselmam ing Madiun, mêntas ngintunakên sêrat angêtèkên gangsal iji isi arta f 2500.- langkung, ingkang nyumêrêpi komis utawi klèrêk ing kantor dhinês bêlastêng, sêrat-sêrat wau kakintunakên dhatêng Ngawi, Situbônda tuwin Surabaya. Sêrat ingkang dhatêng Ngawi isi arta f 1500.-, nanging sarêng sêrat dipun tampèni, botên wontên isinipun arta, dene wawratipun sêrat wau taksih têtêp kados nalika kakintunakên. Sapunika sawêg dipun titi priksa ing yustisi Samarang.

V.N.L. mêntas angrêmbag amtênar tiyang siti ingkang badhe dhatêng Mêkah. Pèngêtaning rêmbag, mratelakakên badhe maringi palilah dhatêng para amtênar tiyang siti kenging pêrlop dhatêng Mêkah sapisan, wragadipun malampah mantuk dipun sanggi ing parentah.

Radèn Sastra Sudirja, patih pènsiun ing Têgal, ingkang katahan ing kunjaran prakawis kadakwa ngapusi, atas saking dhawuhipun pokrul jendral, sapunika dipun luwari, nanging prakawisipun taksih dipun tindakakên. Prakawisipun wau dipun êmbani panjênênganipun Mr. Bêsar.

Ing pakunjaran Tanggêra mêntas wontên tiyang paukuman kêkalih miruda, ingkang satunggal ukuman 11 taun, satunggalipun ukuman 14 taun. Sapriki dèrèng kêcêpêng.

Ing dintên Sênèn kapêngkêr Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana bidhal saking Wèltêprèdhên nitih èksêtratrin dhatêng praja karajan Jawi, sontênipun dumugi ing sêtatsiyun Tugu, kèndêl sakêdhap lajêng dumugi Prambanan, wontên ing ngriku dipun pêthuk pangagênging nagari tuwin putusanipun Ingkang Sinuhun ing Surakarta. Dumuginipun sêtatsiyun Balapan dipun pêthuk ing Panjênêngan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun sapandhèrèk, saha rêsidhèn. Ingkang Wicaksana lajêng nitih kreta kaprabon Kyai Garudha Kancana. Samargi-margi dipun urmati wadya baris tuwin têtiyang urut margi. Dalu nyare ing dalêm karesidhenan. Dalunipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lênggah ing ngajêngan saha mriksani taptu tuwin barisipun para wadya ingkang ngurmati.

Enjingipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sowan ing karesidhenan dipun dhèrèkakên ing mayor lesiyun tuwin para bupati sawatawis ngaturakên sugênging rawuh dalêm. Jam sawêlas ingkang wicaksana malêbêt ing karaton, Ingkang Sinuhun sakalihan Kangjêng Ratu Êmas mapag ing srimanganti. Wontên ing kadhaton dipun sêgah lêlangên badhaya Srimpi, dumugi jam satêngah kalih wêlas, lajêng dhatêng Mangkunagaran, jam kalih siyang sawêg wangsul dhatêng dalêm karesidhenan.

Kala nyarêngi pasamuwan balapan ing Surakarta, wontên bôngsa Tionghwa ing Jawi Wetan kawon main bakaran ngantos f 500.000. Nalika sangunipun sampun têlas, lajêng anggantosakên andhiling kabudidayan sarta nyade tokonipun taksih enggal, mila sagêd ngantos kawon samantên.

Ing sapinggiring lèpèn Mlinting, Pakalongan, wontên sawêr ingkang dipun anggêp kramat, têtiyang ingkang nyatakakên sami sumêrêp sirah sawêr mênthongol saking ngêrong, wontên ingkang cariyos, bilih sawêr wau titising tiyang, ing sapunika tiyang ingkang dhatêng mriku ngantos ewon, nganggêp manawi sawêr wau kenging dipun têdhani sawab.

Pamarentah mêntas matah kumisi mriksa kawontênanipun têtiyang Baduwi ing Bantên, ingkang kaangkat dados kumisi, Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat, Prof. Boeke, Prof. de Langen tuwin Dr. van Tricht, wusana sawangsulipun saking titi priksa sabar ing damêl, awit tiyang Baduwi punika panggenanipun lêbêt, tuwin botên purun kadhatêngan tiyang sanès bôngsa, dene ingkang dipun angkên ing pangagêng namung panjênênganipun Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat.

--- 803 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba

41

XII.

Samênit malih, sangandhap kula sadaya lajêng kêmirêngan wontên panjêlih ingkang dados gêtêring manah. Ing ngriku kula sumêrêp pangeran mancolot anglangkahi curi, saha lajêng mènèk ôndha, ingkang rikatipun botên wontên ingkang nyamèni.

Sanadyan Pangeran Josua rikata kadospunapa, kewan panjang alit saha ambêngkuk langkung rikat malih, kewan wau lajêng ngadêg suku kalih, sukunipun ingkang satunggal dipun ranggèhakên - ngantos sapriki kula taksih kêtingalên kukunipun ingkang mancèrèt punika - saha lajêng nyampluk dhatêng Pangeran Josua, kukunipun wau angèngingi pêngkêranipun Pangeran Josua, lan sariranipun sang pangeran sajak lajêng tumèmpèl ing ôndha. Salajêngipun sang pangeran dipun gèrèt alon-alonan mangandhap. Lan inggih talah têmên, dene Pangeran Josua wau jêlih-jêlih sangêt. Sukuning singa satunggalipun anututi badhe mangsuli panggèrètipun wau, ananging kula lajêng nalosor, gêlanganing suku kula dipun gocèki ing tiyang Abati satunggal. Jalaran saking patrap makatên punika, kula sagêd nyanjata ngèngingi pathaking kewan wau. Singa dhawah mangandhap, saha ambêkta pangagêman Pangeran Josua ingkang ngandhap sabagean agêng.

Salajêngipun Pangeran Josua lendheyan ing pojok sarta dipun pitulungi ing têtiyang parêdèn sawatawis, amargi kala punika kula piyambak botên kobêr manah dhatêng panjênênganipun.

Kala punika kula sumêrêp Japhet ngadêg wontên sacêlakipun Higgs saha tanganipun sraweyan, botên têbih saking ngriku wontên singa barong kêkalih, namatakên anjingglêng dhatêng tiyang kêkalih wau. Kala punika Higgs nuding-nudingi dhêngkulipun, bokmanawi kalanipun dhawah dhêngkulipun Higgs sakit, ingkang punika piyambakipun lajêng botên sagêd lumampah, Japhet lajêng nêdahakên gêgêripun saha mêndhak, Higgs lajêng minggah ing gêgêripun, kalih-kalihipun lajêng murugi ôndha, Japhet anggendhong Propesor Higgs, kadosdene lare anggendhong lare.

Singa barong jalêr lajêng linggih saha mandêng sêmu jatmika dhatêng têtingalan ingkang nganèh-anèhi punika, ananging singanipun barong èstri, ingkang kapengin badhe nyumêrêpi, kados watakipun tiyang èstri, ngêtutakên Higgs kanthi ngambus-ambus. Propesor Higgs ingkang tansah menga-mengo lajêng mêndhêt topinipun saha kasawatakên dhatêng singa barong wau. Pun singa lajêng anggêro, nubruk topi wau lajêng kangge dolanan, kadosdene kucing dolanan bolah ikal-ikalan, ananging botên watawis dangu topinipun wau lajêng kadhawahakên malih, saya anggêro cêkak-cêkak nanging kêrêp, ngopat-ngapitakên buntutipun saha ngancang-ancangi badhe nubruk. Kala punika kula botên sagêd anyanjata, amargi mimis ingkang badhe ngèngingi singa barong èstri wau, tamtunipun sakawit angèngingi Japhet nratas dhatêng Higgs.

Sarêng kula ngintên, bilih badhe dados pêjahipun tiyang kêkalih wau, ujug-ujug saking sisih sanès wontên ingkang anyanjata, ing wusana singa barong èstri wau ambanyaki dhawah ing siti. Salajêngipun singa barong jalêr anjênggirat tangi saking anggènipun kalêlar-kalêlêr wau, saha lajêng nubruk, ingkang katubruk wau dede tiyang kêkalih, nanging singa barong ingkang nandhang tatu punika. Ing ngriku lajêng tuwuh pasulayan ingkang anggêgirisi.

Têtiyang kathah ing sanginggiling tembok, sapunika sumêrêp mênggah kawontênanipun ingkang saèstu, saha lajêng sami jêlih-jêlih nêpsu sangêt. Ingkang makatên wau anjalari kewan-kewan galak sami bingung, saha sami gêro-gêro sumêbar dhatêng pundi-pundi. Dene lampahipun Japhet kalihan gendhonganipun alon sangêt, ananging têrus majêng dhatêng ôndha.

Ujug-ujug kula lajêng mirêng suwaraning sanjata brondongan, dhatênging suwara wau saking sawingkingipun rêca singa barong, inggih punika Orme lan Quick ingkang sami pados margi, makatên ugi kula lajêng nyanjatani langkung sirahipun tiyang kêkalih wau dhatêng kewan ingkang ngrêridhu. Sanadyan jalaran saking rêmêng-rêmêng wau kula botên sagêd ngincêng yêktos, ewadene kula sagêd ngèngingi kewan-kewan sawatawis, ingkang lajêng sami dhawah pêjah.

Japhet kanthi anggendhong Higgs, Orme tuwin Quick têbihipun saking ôndha kintên-kintên kantun kalih dasa pêcak, kula sadaya sami ngintên, bilih têtiyang wau sampun luwar saking bêbaya, amila lajêng bêngok-bêngok kêsênêngên. Têtiyang kathah ingkang sami anêksèni luwaring kurban saking bêbaya ingkang nganèh-anèhi wau sami ngontog sangêt.

Ananging ujug-ujug kawontênanipun ing ngriku lajêng malih babarpisan, sapunika saking pundi-pundi lajêng wontên singa barong dhatêng, saha

--- 804 ---

lajêng prasasat ngêpung dhatêng têtiyang sakawan wau, dene ingkang damêl ajrihipun sakêdhik singa-singa barong wau, pambêngoking tiyang tuwin ungêling sanjata, ingkang salaminipun dèrèng nate dipun mirêngi.

Wontên singa barong ingkang sampun jumagar mancolot anglumpati Japhet, kula lajêng nyanjata saha ngèngingi lêmpèngipun. Saking sakitipun, singa barong lajêng nêpsu sangêt, ananging malah lajêng kasupèn anggènipun nêmpuh dhatêng têtiyang sakawan wau. Orme kalihan Quick, pancèn sarana dêdamêlipun sagêd angluwari bêbaya piyambak, ananging kalih-kalihipun botên mêntala nilar Japhet kalihan Higgs ingkang tanpa daya wau. Ing ngriku bêbayanipun sampun katog.

Tutna aku, makatên pangandikanipun sang putri, saha lajêng badhe tindak dhatêng ôndha, nanging kula lajêng mênggak supados wangsul malih, saha kula lajêng wicantên makatên: ora, wong-wong Abati ngêtutna aku. Apa mêsthine kang dadi panuntunmu ana ing baya pakewuh iku wong wadon.

Kula botên gadhah pangintên babarpisan, bilih kula kalihan têtiyang Abati sagêd mandhap saking ôndha, ewadene sadaya sami sagêd mandhap, lan ing ngriki pantês dipun alêmbana, dene kula sagêd mêwahi cariyos kula, bilih têtiyang wau sagêd bêngok-bêngok kados setan, saha ngobat-abitakên lamêng ingkang panjang tuwin angajrih-ajrihi.

Dhatêng kula sadaya ingkang dadakan wau pinanggihipun anggumunakên, jalaran saking ramenipun, singa barong sami kagèt saha sami lumajêng dhatêng pundi-pundi.

Lêt gangsal mênit malih, kula sadaya sami linuwaran saking bêbaya kanthi wilujêng.

Makatên cara-caranipun kula sadaya anggènipun angluwari Higgs saking guwaning singa-singa barong kramat, ingkang anjagi rêca dewaning têtiyang Fung.

XIII. Lêlampahanipun Higgs.

Salaminipun kula dèrèng nate nyumêrêpi golonganing tiyang, ingkang katingal sayah sangêt saha rontang-ranting sandhanganipun, kados kalanipun kula sadaya mêdal saking gang-gang kina wau dumuginipun ing parêdèn Mur, ewadene kula sadaya ngrumaosi sênêng ing manah, amargi lêlampahan ingkang mêntas dipun lampahi punika, sanadyan ambêbayani sangêt, sarta kenging dipun wastani mokal, ananging sagêd kalêksanan kanthi wilujêng. Kula sadaya sagêd angluwari Higgs saking cangkêrêmaning singa barong, malah kaca mripatipun ingkang dipun wastani jandhela cêmêng inggih taksih wêtah.

Makatên ugi Pangeran Josua inggih bingah panggalihipun, sanadyan ta sang pangeran nandhang tatu saking pandamêling singa, amargi panjênênganipun inggih tumut ngambah ing bêbaya wau, ingkang punika tamtunipun inggih lajêng dipun wastani tiyang kêndêl ing salami-laminipun.

Namung kula ingkang botên sagêd tumut sênêng-sênêng kados sanès-sanèsipun, awit inggih lêrês, mitra kula sagêd kêtulungan, ananging anak kula jalêr rak taksih dados tawananipun têtiyang Fung.

Salaminipun kula badhe botên supe dhatêng wêkdalipun kala mêntas nulungi Higgs wau. Sasampunipun kula nutup sela ingkang kangge kori kanthi ngatos-atos, kula sadaya lajêng nyumêt dilah, ing ngriku warninipun Higgs katingal anggêgirisi sangêt, badanipun kêbak rah, panganggenipun rontang-ranting, kajawi punika piyambakipun katutan gandaning singa ingkang balarongan. Higgs wau lajêng ngrogoh kanthongan mêndhêt pipa, ingkang anggumunakên sangêt dene pipanipun wau botên pêcah.

Aku bok kowènèhi bakomu sathithik. Makatên mênggah wicantênipun Higgs ingkang kawitan. Bakoku wis êntèk babarpisan, êntèk-êntèkane kalane aku arêp dilêbokake ing kranjang kang mambu bangêt kae.

Kula lajêng nyukani sata sakêdhik dhatêng piyambakipun, saha piyambakipun lajêng ngêrèk, dene padhanging rèk wau amadhangi wadananipun sang putri, ingkang kala punika mriksani dhatêng Higgs kanthi gumun saha rêna ing panggalih.

Higgs awicantên: wah wong wadon têka ayu têmên. Dhèwèke ana kene kuwi gawene apa, lan kuwi sapa.

Sarêng kula nyariyosakên mênggah kawontênanipun sang putri wau, Higgs lajêng enggal-enggal ngadêg, nyêpêng topinipun ingkang sampun lami ical wau saha matur dhatêng sang putri mawi basa Arab kanthi titis aturipun: bingah sangêt dene piyambakipun angsal pakurmatan ingkang dadakan punika, makatên salajêngipun.

Sang putri lajêng paring wilujêng dhatêng Higgs anggèning linuwaran saking babaya. Kala punika rainipun Higgs lajêng kêtingal anjênggurêng saha lajêng umatur makatên:

O, inggih sang putri, lêlampahan ingkang kapêngkêr punika pancèn ambêbayani yêktos, kula ngantos prasasat botên sumêrêp, punapa kula punika Daniel punapa Ptolemy Higgs. Salajêngipun Higgs wicantên dhatêng kula sadaya makatên: iya kônca-kônca, anggonku ora nglairake gêdhening panarimaku marang kowe kabèh, ora saka sabab aku ora nrima, ananging sabab saka aku ora bisa, awit aku rumasa rada lêr-lêran. Anakmu lanang Adams, waras bangêt, aku lan dhèwèke dadi mitra kang rakêt, ana ing kana dhèwèke ora prêlu dikuwatirake, sang Sultan Barung uga sawijining prayagung sêpuh kang apik bangêt panggalihane, rêmên bangêt marang anakmu, lan putrane putri arêp didhaupake karo dhèwèke. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. leleran,. (kembali)
2. Kurang satu suku kata: mêsthi bangsane priyayi. (kembali)
3. kados. (kembali)