Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-06, #168

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-06, #168. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-06, #168. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 10-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 45, 17 Bêsar, Taun Jimakir 1858, 6 Juni 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [829] ---

Ăngka 45, 17 Bêsar, Taun Jimakir 1858, 6 Juni 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Nagari Agêng Bulgaria

[Grafik]

Tuwan Adinagara ingkang nuju lêlana dhatêng Eropah, ngintunakên gambar kados ing nginggil punika. Amratelakakên margi saking Bèrlin, kitha Jerman, dhatêng Sêtambul. Gambar wau katingal margi-margi saha gêdhong-gêdhong, ing ngajêng sisih kiwa gambar mêsjid.

--- 830 ---

Raos Jawi

Gêgayutaning katrêsnan punika botên têtêp

Kathah tiyang angudaraos, anak punika kalihan sadhèrèk awrat pundi, punika katranganipun warni-warni. Wontên ingkang mastani awrat anak, awit anak makatên nama sêmpalaning badanipun piyambak, tăndha yêktinipun, anak dipun sawiyah tiyang, tiyang sêpuh tumut ngraosakên sakit, tuwin tiyang sêpuh punika têrang manawi dados tiyang ingkang kêjibah damêl prayogining anak, punika sampun dados tăndha saksi, bilih katrêsnan punika ingkang cêlak piyambak dhumawah ing anak, mila mênggah pamikiring tiyang sêpuh dhatêng anak, manawi dipun timbangna kalihan pamikiripun dhatêng sintên-sintên, botên wontên ingkang nyamèni.

Bojo punika ugi kêdhawahan katrêsnan, malah sok ngungkuli katrêsnan dhatêng sanès-sanèsipun, nanging sarèhning sok wontên kalamangsanipun sagêd ewah, dados katrêsnanipun wau ugi taksih sagêd ewah gingsir.

Manawi dipun manah-manah panjang, sayêktosipun katrêsnan punika namung dhumawah dhatêng tiyang ingkang cêlak piyambak, ingkang nama cêlak punika botên namung cêlaking papêrnahan kemawon, inggih atêgês cêlak ing manah, têgêsipun ingkang dipun rêmêni, sanadyan tiyang sanès, manawi sampun kadhawahan trêsna, punika lajêng dados cêlak sangêt.

Ingkang ragi kenging kangge ambobot awrating katrêsnan, punika wontên ing anak kalihan sadhèrèk, awit kalih pisan punika gadhah gêgayutan ingkang sami santosa, sami botên sagêd pêdhot, awit botên wontên tiyang sagêd ambucal anak tuwin ambucal sadhèrèk, salaminipun tansah têtêp kemawon. Nanging tumrap ingkang nglampahi, limrahipun ngraos awrat dhatêng anak, dening anak punika sampun têtela manawi sêmpalaning badan.

Dados manawi dipun timbang ingkang lêrês, ewah gingsiring katrêsnan punika winêngku ing lêlampahan, têgêsipun lêlampahan punika ingkang nuwuhakên sabab, lan sabab wau ingkang lajêng nuwuhakên panimbang dhatêng awrat ènthènging katrêsnan.

Kados Prabu Krêsna punika kêtingal sangêt trêsnanipun dhatêng kadang Pandhawa, sok ngantos ngawonakên dhatêng putra piyambak, tur mokal saupami Sri Krêsna botêna kagungan trêsna dhatêng putra. Kados nalika lampahan Bomanarakasura, sakawit Sri Krêsna inggih sakalangkung sêkêl ing galih, dene pasulayan sami tunggil darah, nanging sarêng Prabu Krêsna uninga kapurunanipun Radèn Boma (putra piyambak) ngantos supe dhatêng tiyang sêpuh, malah ngantos nyedani Sang Arjuna, Prabu Krêsna sangêt ing dukanipun, lajêng nêtêpakên ing adilipun, kapêksa mêthalakên katrêsnanipun dhatêng putra, awit sampun lêrêsipun, bilih katrêsnan punika sagêd sirna kêsuk ing adil ingkang lêrês.

Cariyos sakêdhik punika kados kenging kangge ngulur dhatêng raosing tiyang mênggahing katrêsnan, punika [pu...]

--- 831 ---

[...nika] mèh limrah, kados ta marasêpuh dhatêng mantu, utawi kosokwangsulipun, adhakan gêsangipun sok malisih kados lisah kalihan toya. Dene sababipun botên wontên malih namung jalaran saking prakawis rêbatan katrêsnan.

Wontênipun tiyang sêpuh botên mathuk dhatêng mantu, punika namung jalaran rumaos manawi trêsnanipun dhatêng anak dipun êlongi tiyang sanès (mantu). Nanging sampun gênah manawi patrap ingkang kados makatên punika kêlintu sangêt, lan limrahipun botên kok lajêng angsal pamênang, sanadyan mênanga, anakipun inggih lajêng nama manggih karisakan, bibar anggènipun jêjodhoan. Dene marasêpuh ngawon-awon dhatêng mantu, punika inggih sampun cêtha manawi tiyang lêpat malih, awit ngawon-awon mantu punika inggih ngèmbèt damêl awoning anakipun piyambak. Măngka wajibipun tiyang sêpuh punika kêdah namung damêl prayogining anak, namung sarwa ngeman, punapaa sarêng anakipun gadhah bojo lajêng rumaos manggih mêngsah, pancènipun rak malah bingah, dene anakipun dados kalih. Mila tiyang sêpuh punika wajibipun kêdah sumêrêp ing lêrês, sampun ngantos kêkilapan dhatêng lêlampahan donya ingkang kados makatên punika.

Sapunika tumrap anak mantu, punapaa têka dadak mawi botên mathuk kalihan marasêpuh, punika jalaranipun rak namung mêngkêng dupèh dipun soki katrêsnaning bojo, lajêng ngrumaosi manawi kanggenan katrêsnan sadaya, botên ngrumaosi manawi marasêpuhipun punika tiyang sêpuhing bojonipun, ingkang wajib dipun ajrihi lan dipun bêktèni kados tiyang sêpuhipun piyambak, botên kok lajêng badhe ngosokwangsul.

Dene saupami traju, anak punika ingkang minăngka awak-awakaning timbangan, kêdah sagêd ambobot ingkang ngantos botên silir.

Sarèhning kawontênaning katrêsnan punika tansah botên ajêg, prayoginipun supados dipun lampahi kanthi rekadaya ingkang murih sagêd têtêp, lan têtêping katrêsnan punika sajatosipun inggih satunggaling katêntrêman.

Bab Rajakaya

Sêsakit Surra

Sêsakit punika kagolong sêsakiting kewan ingkang sagêd nular, kapal, lêmbu, maesa lan menda asring kenging sêsakit punika. Sanèsing kewan ugi asring kenging, ananging botên kula cariyosakên, ingkang badhe kula cariyosakên namung tumrap dhatêng rajakaya, awit punika ingkang gandhèng kalihan panggêsangan.

Wijining sêsakit sagêd dipun tingali mawi pirantos, manawi tanpa punika botên sagêd kêtingal, awit saking lêmbatipun, pirantos kangge mriksani barang ingkang lêmbat-lêmbat punika namanipun Microscoop sagêdipun tiningalan cêtha kêdah dipun tikêlakên ping

--- 832 ---

sèwu, panjang watawis 4 m.M. kandêlipun 2 m.M. mawi sungut panjang, kados ingkang kacêtha ing ngandhap punika:

Gêsangipun wontên ing toyaning rah (bloedplasma) tangkar-tumangkaripun enggal sangêt, sarta malih sami măngsa blindhèning rah (bloedcel) kajawi adamêl karisakan, ugi sagêd nuwuhakên wisa wontên salêbêting badaning kewan ingkang dipun ênggèni, pramila mahanani bêntèring salêbêting badan 40-410, awit saking karisakaning rah sarta tumamaning wisa andadosakên risaking badan sakojur, makatên punika andadosakên jalaraning tiwas.

[Grafik]

Sêsakit Surra ingkang wontên ing êrah.

[Grafik]

Kapal ingkang sakit Surra.

Sêsakit punika sampun asring nyirnakakên kewan pintên-pintên. Kewan ingkang asring kambah kathah sangêt punika lêmbu utawi maesa, awit panularipun yèn pinuju [pi...]

--- 833 ---

[...nuju] wontên ing pangenan. Watêkipun kewan lêmbu utawi maesa rêmên krompolan wontên ing pangenan, dene kapal botên patosa kathah ingkang kambah ing bêbaya punika, awit tiyang ngingah kapal mèh botên cara dipun culakên wontên ing pangenan.

Titikan tandhaning sakit surra tumrap kapal sagêd têrang, nanging kewan sanèsipun angèl, tiyang sagêdipun mastani bilih cacahing pêpêjah sampun kalajêng kathah.

Tandhanipun kapal kenging sêsakit surra inggih punika, botên patos doyan nêdha, badan katingal lungkrah asring nglêntruk, mripatipun nrocos, mèncrèt, bêntèring badan yèn panuju nglêntruk 40-410, wêkasan ing andhêman dumugi wlakang katingal abuh, malah suku wingking ugi katingal abuh. Manawi sampun makatên kawontênanipun, sampun cêpak dhatêng pêjahipun.

Tumrap maesa utawi lêmbu dadakan katingal anglêntruk, asring anjêrum, sirah kasèlèhakên ing lambung kering, sirah kajêglug-jêglugakên, wontên ugi lajêng mubêng-mubêng wusananipun andhawah têrus pêjah. Mila tiyang padhusunan sok mastani sêsakit sawan ubêng.

Limrahing sêsakit panularipun amargi gêpok senggol. Ananging sêsakit surra botên. Sêsakit punika tular-tumularipun alêlantar saking lalêr ingkang damêlipun nublês saha nucup rahing kewan, kados ta lalêr pitak, utawi sanès-sanèsipun ingkang gêsangipun nucup rahing kewan. Sabab ingkang makatên punika ingkang kangge anjagi panyêgahing sêsakit surra murih botên ngămbra-ămbra, cêkap kewan ingkang sampun kapriksa wontên sêsakitipun kasiwêr wontên ing salêbêting kandhang ingkang pêtêng andhêdhêt, prêlunipun lalêr botên purun malêbêt ing panggenan ingkang pêtêng. Tumindaking pandamêl kandhang ingkang pêtêng ragi angèl sangêt, tangèh sagêdipun nêtêpi parentah. Pramila pandamêlan wau awis sagêdipun sampurna.

[Grafik]

Cathak ingkang damêlipun anyokoti kuliting kewan.

Ing wêdal sapunika para ahli pangudi jampi sampun manggih usadaning sakit surra panindakipun jampi kasuntikakên wontên ing salêbêting rah, ingkang ing basa Walandi kawastanan injectie dados samăngsa tiyang ingkang gadhah kewan sakit, sagêt tumuntên lapur dhatêng ingkang wajib, kewan ingkang lami katrajang, sagêd tumuntên katulungan, tuwin kewan sanèsipun sagêd uwal ing bêbaya, awit sumbêring sêsakit sampun kapêpêt. Kados ingkang sawêg katindakakên ing wêkdal punika, ing padhusunan urut pasisir kidul ing paresidhenan Banyumas, awit ing ngriku panuju wontên pagêblug sêsakit surra.

Sumadi, mantri kewan, Purwakêrta.

--- 834 ---

Ekonomi

Sêdhah

Sêdhah punika mênggah salêrêsipun satunggiling tanêman ingkang dados pakarêman umum. Botên beda kalihan kêlobot, namung kaot, sêdhah punika kangge anggantèn, dene klobot kangge êsês.

Tiyang anggantèn punika wontên ingkang dados pakarêman, wontên ugi ingkang namung kadamêl pacakan kemawon, namung tiyang anggantèn ingkang sampun dados pakarêman punika, anggènipun kêtagihan botên beda kados pakarêman sanès-sanèsipun, măngka botên kenging dipun lintoni barang sanèsipun sêdhah lan abênipun, nanging manawi anggantèn ingkang namung kangge pacakan punika, botên anagihi, utawi kenging dipun lintu tèrês, mangsi abrit lan sapiturutipun. Dados sampun cêtha bilih sêdhah punika agêng pigunanipun, măngka racakipun sadhèrèk padhusunan taksih sami sungkan ananêm sêdhah ing pakêbonanipun, sami sênêng tumbas dhatêng wande utawi pêkên, wontên ingkang purun nanêm cariyosipun botên gêsang. Anggènipun botên purun gêsang punika bokmanawi jalaran saking kirang pamrêdinipun. Măngka mênggah sayêktosipun sêdhah punika satunggiling tanêman ingkang langkung gêsangan, manawi saking sungkanipun angrambatakên, lajêng karambatna ing glugu kemawon.

Kula badhe matur mênggah prayoginipun ananêm sêdhah ingkang sae, wiji kêdah milih sulur ingkang sae, sampun ngantos kalèntu sulur cacing. Papan ingkang badhe dipun tanêmi sasagêd-sagêd miliha papan ingkang ragi tênggar, siti kapunthuk, katamèngana banon utawi sela, supados siti ingkang dipun punthuk wau botên gampil longsoripun. Mênggah ingkang langlung[1] prayogi malih siti ingkang kapunthuk punika wau mundhuta siti saking sabin, pananêmipun sulur kêdah dipun talosorakên sapalih, sampun ngantos ngambah ing siti saras, manawi sampun, katutupa ngangge klothokan dêbog, kangge anjagi manawi kabênteran botên enggal alumipun. Rambatanipun ingkang sae piyambak kelor, sabab tiyang ingkang karêm anggantèn, sagêd ambedak-bedakakên raosipun, cariyosipun manawi dipun rambatakên wit kelor punika, raosipun sagêd sêdhêp tur ragi pêdhês, manawi dipun rambatakên wontên ing wit randhu, cariyosipun raosipun lumêr tur anyêp, dados raosipun wau namung manut saking rambatanipun. Mênggah rabukipun nanêm sêdhah punika namung gêmuk lan banon, kajawi murugakên warnining godhong ugi sagêd nêbihakên ama cacing, jalaran cacing punika sok sagêd ambosokakên oyoding sêdhah.

Sêdhah punika limrahipun sok ungsum-ungsuman, manawi kalêrês nêngah-nêngahi măngsa rêndhêng adhakan mirah sêdhah, jalaran tanêman sêdhah ingkang tansah namung ikras-ikrus botên nate dipun upakara

--- 835 ---

kemawon lajêng gêsang mrajak. Kosokwangsulipun manawi măngsa nêngahi katiga, awis sangêt. Măngka tanêman sêdhah punika manawi dipun udi saenipun sayêktos, malah ajêg botên wontên katiga rêndhêngipun, namung gumantung wontên ingkang gadhah tanêman. Manawi măngsa rêndhêng kadamêlna kalenan kangge ambucal toya ingkang ambacêki, namung anggènipun damêl kalenan sampun kêcêlakên wit, mangke yèn mêdhotakên oyod malah dados kapintên, têbihipun kalihan wit watawis satunggal mètêr, botên susah lêbêt-lêbêt waton sagêd ambucal toya ingkang kêmplung-kêmplung. Manawi kalêrês măngsa katiga kalenanipun punika kalih dintên sapisan kakêbakana toya, supados sagêd damêl umêsipun siti, yèn rêkaos pamêndhêtipun toya inggih cêkap dipun sandhingi toya ing kuwali utawi klênthing ingkang kabolong silitipun, mangke godhongipun rak malah langkung subur tinimbang kalihan măngsa rêndhêng.

Siswamiharja.

Pundhong.

Waosan Lare

Pinêsthi dadi kanthi

VIII. Kaananing sagara

[Durma]

kacarita lakune bangawan Sala | wis ora ngrumasani | dadi banyu tawa | rumasa wis kuwasa | têkaning laladan Grêsik | anuli wutah | amor lan banyu asin ||

gumaludhug swaraning sagara Jawa | jagad kaya dilêbi | banyu saya nêngah | gumulung amor ombak | gumaludhug mêmêdèni | nyêmpyokke wutah | malêtuk ketok putih ||

sêsumbare sagara kêliwat-liwat | samêngko aku iki | aluwih kuwasa | gêdhe ngêbaki jagad | ing gêdhene pulo Jawi | mung lamat-lamat | jalirit kaya alis ||

malah gunung-gununge sing sundhul mega | katone cilik mênthik | durung ngiribana | lan gêdhening sagara | yèn tak kêlêma sadhelit | mêsthi wis ilang | tabête ana bumi ||

beda karo jamane kala samana | awakku isih cilik | kaya wong nênêka | uripku kasangsara | sabên uwong angrêgêdi | akèh sing jinja | nyawuk awakku nisthip ||

lawan uwong-uwong padha sumangkeyan | dupèhe nguwasani | lakuku saparan | tansah digora-godha | dibêndung dikon ngampiri | ngêlêbi lêmah | ora pisan dipikir ||

yèn awakku bakal ora nyukupana | digawe ambanyoni | mung dipêksa-pêksa | awakku krasa panas | nganti kaya wedang pitik | dhedhe nèng têgal | panas satêngah mati ||

saikine bok ya jijal dikon nyoba | yèn ora tak wanèni | e la kae ana | parau gêdhe liwat | apa kae kapal api |

--- 836 ---

coba tak mrana | tak jegale saiki ||

nuli obah ombaking banyu sagara | gumludhug molak-malik | lan angin prahara | amor sagara kocak | mak prêpêt pêtêng ing langit | wusana udan | dêrêse gêgirisi ||

gumulunging alun nganti gawe eram | prasasat sundhul langit | kocap prau kapal | sing isih kêthap-kêthap | ing lakune diparani | kangkat ing ombak | mumbule nganti mêncit ||

[Grafik]

Dumadining uyah.

ing tibane ing pangira mêsthi pêcah | nganti gumrobyag muni | ning nyatane ora | kapal bangêt santosa | ing pangrasa nora giris | ditêrak ombak | mung pijêr jondhal-jondhil ||

lah ing kono lakune ombak rumasa | jêbule nguciwani | ora pisan-pisan | bisa anglumahêna | malah nadyan prau cilik | ya isih bisa | parigêl angoncati ||

ing saiki sagara wis wêruh nyata | yèn pangwasane kuwi | jênênge kongkulan | pangwasaning manungsa | nadyan katon sarwa cilik | ananging bisa | mêpêr bêbaya pati ||

nanging mêksa sagara êmoh rumasa | mung tansah molak-malik | kocap dhèk samana | wiwit ngancik têrangan | sirêping sagara wiwit | tanpa sabawa | mung kala-kala umrik ||

alun-alun kang gumludhug sabên dina | lakune saya lirih | têkaning dharatan | mung sarwa alon-lonan | mung kaya plêmbunging kali | wusana têkan | dharatan diunggahi ||

iya iku dharatan tanah Madura | lakune mlipir-mlipir | kaya nyang sawahan | dikothak pirang-pirang | wise munggah dipêpêti | akimplah-kimplah | banyune ketok rêsik ||

ing esuke banyu sagara karasa | panas satêngah mati | jalarane nyata | tanpa kêjogan kănca | kang mênyang awak ngadhêmi | măngka mung tansah | srêngengene manasi ||

jroning ati banyu sagara sêsambat | ing rina lawan wêngi | awan kapanasan | srêngenge kang gumêmplang | sumuk hawane yèn bêngi | lan ora ngrasa | ana adhêm sathithik ||

ing saiki sagara wis tanpa daya | banyune aran mati | nanging isih tansah | kêsorotan ing panas | suwe-suwe malah nganti | tinêmu asat | rupane mlêtuk putih ||

barêng anu sumurup ana wong têka | alon-alon marani | karo anyuwara | thik panase gumêmplang | wah uyahe mêsthi bêcik | ayo ta kănca | padha nglumpukke nuli ||

Lah ing

--- 837 ---

kono angrasa banyu sagara | yèn saiki wis salin | aran sipat uyah | tumiba ing dharatan | Kali Angêt diarani | nuli rumasa | yèn dititahke bali ||

nanging mêksa ing ambêge durung owah | tansah gumêdhe ati | lumuh momorana | karo liyaning băngsa | mung kudu urip dhèwèki | lan mêsthi ora | cêdhakan asêm nganti ||

ing wusana uyah barêng wis klumpukan | ngundhung-undhung aputih | diusungi mênyang | pabrik apêpikulan | nuli didandani bêcik | cinithak brêgas | dibuntêli tarêtip ||

sauwise nuli dirumat ing gudhang | kanthi rinêksa bêcik | panggonane dhahas | supayane kalisa | banyu-banyu aja nganti | anêlêsana | mung bène garing nglingking ||

jroning ati uyah sangsaya briya |[2] mêsthine yèn saiki | têtêp kaya dara | dikon mukti wibawa | ora bakal dithik-uthik | kari kapenak | têntrêm ing rina wêngi ||

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab dados kapalaning juru pangripta sêrat kabar

Sambêtipun Kajawèn nomêr 43 lan 44.

Petruk : Nèk Bale Pustaka pancèn ora nêpsu, panyaruwe kang mêngkono kuwi bok ora susah diprêduli, aluwung dipring padha pring bae rak luwih bêcik.

Garèng : Wiyah, têmbunge rak diêpringake, têgêse: ora diprêduli, balik pring padha pring kuwi rak bangsaning gêndhing, tunggal sèh karo unthul lowuk ajêmbuwal. Pancène ngono luwih bêcik upamane panyaruwe kang mangkono kuwi ora diarubiru babarpisan, ananging ing sarèhning ing tulisan kono ana sing ora anocogi karo kaanane, kaya-kaya ana gunane upama ditêrangake sawatara, yaiku calathune kang awèh pakabaran mangkene: langganane Kajawèn kabèh ana 586, anggone nyithak mung ana 500.

Petruk : Yah, kok ora mèmpêr bangêt, ana kantor Bale Pustaka têka dipadhakake karo aku bae.

Garèng : Lho, aku ora ngrêti babarpisan, têka kowe banjur nyandhak kang mêngkono kuwi.

Petruk : Hla, kuwi mangkene, ingatase langganane Kajawèn ana 586, panyithake kok mung 500 apa kuwi ora jênêng sawijining panyana utawa pandakwa, yèn Bale Pustaka golèk bathi kakehan aliyas ngapusi. Hara, apa kuwi beda karo lêlakonku lagi anu kae, yaiku: ingatase aku mung duwe pawitan 4 rupiyah, têka banjur main kat 5.

Garèng : Wis, sêmbrana, kok banjur umuk anggone karêm mênyang kêplèk, gagasanamu bok aja kok gawe jêro-jêro, sabab wis jamak lumrahe wong nêpsu kuwi sok kêdunungan lali, kang wusanane bisa anglairake têtêmbungan utawa [uta...]

--- 838 ---

[...wa] nindakake barang gawe kang mêsthine ora bakal kalakon saupama oraa lagi nêpsu, kaya-kaya nèk aku ora klèru piwulange para sêpuh mangkene: wong urip iku saolèh-olèh kudu bisa angêndhalèni amarahe, mulane riyalat kang dianggêp gêdhe dhewe kuwi ora kaya wong nglakoni sabar, bêbasane: sabar iku pambukane lawang suwarga. Kang iku panyaruwening priyayi ing layang kabar ing Batawi mau, nèk aku kok ora ana gunane, upama digawea sêrik mêngkono. Ing kene aku mung arêp anglairake, yèn pambatange mungguh cacahing langganan Kajawèn, kuwi rada kakèhên anggone salah wèsêl, upama ăngka samono mau, ditikêlake 5 utawa 6 la kuwi rada...

[Grafik]

Petruk : Lho, Kang Garèng sajake kok tunggal guru karo jurnalis jêmpol ing Batawi, ing karangane kêrêp dicongol-congolake yèn langganane korane wis puluhan èwu, ing ngêndi-êndi ana, nganti tumêkaning têmbing kanane jabalkat. Mêngkono uga sing maca gêdhe cilik, ênom tuwa, ana kabèh, dalasan bayi sing isih abang bae cêkêl-cêkêlane iya korane jurnalis ing Batawi mau.

Garèng : Wiyah, omong kok kabanjur-banjur mêngkono. Bab ngundhak-undhakake cacahing langganan, kuwi wis dadi pulitiking layang kabar, sanajan layang kabar liya-liyane anggone ngundhak-undhakake cacahing langganane ora kêbangêtên kayadene layang kabar ing Batawi mau, yaiku ingatase cêmpe gudhigên, kok dikandhakake gajah abuh. Mungguh prêlune supaya akèh sing padha ngrêsakake macak adpêrtènsi ana ing layang kabare. Awit sumurupa, Truk, adpêrtènsi kuwi pancèn ambiyantu mênyang uriping koran. Dene anggonku ngomongake, yèn langganane Kajawèn tikêl 5 utawa 6 me ăngka 586 mau, pancèn iya salugune, yèn kowe ora prêcaya, luwih bêcik kowe naksènana bae ana ing kantor Balepustaka, nèk uniku mau luput, aku kêna kok sosot-sosotake: endah-endah anake si bapak lan si ramak.

Petruk : sing ngarani kowe anake simbah lanang simbah wadon kuwi sapa, omong kok anggêdabrul ngono, luwih bêcik critakna banjure pakabaran ing layang kabar Batawi mau.

Garèng : Pungkasaning tulisane nyaritakake, yèn tanggane bakul tahu gorèng ora sowana[3] ing dalême, awit tahune wis êntèk, ewadene ora andadèkake sabab apa-apa, amarga isih akèh utange mênyang bakul tahu mau.

Petruk : Wah, la kiyi Bale Pustaka wajib mêmbilang banyak trima kasih, awit priyayi mau

--- 839 ---

ngatonake dhêmêne nyang Kajawèn, tandhane ngêndikakake Kajawèn, têka ngèmbèt-èmbèt kang dadi krêsanane, yaiku: tahu gorèng, nèk sakabèhing langganan trêsnane nyang Kajawèn padha nyang sêkatane dhêdhaharan kayadene priyayi mau, wis mêsthi Kajawèn bakal bisa widada salawas-lawase. Mung bae sing gawe gêlaning pamikirku, anggone kêblakasutanên kuwi, ora maido yèn blaka suta kuwi mula apik, nandhakane[4] sucine atine, ananging nèk kêladuk rak iya anjuwarèhi, wong gawe upama bae têka anggone utang nyang bakul tahu, têka rèmèh têmên, tur mêsthine iya ora, ananging nèk kabanjur-banjur kang mangkono mau, rak banjur kêna kanggo titènan rèmèhing panêmu.

Garèng : Wis, wis, Truk, padha dilèrèni bae rêmbuge bab kuwi, ing kono aku mung arêp nyatakake angèle wong dadi dhirèktur up rêdhaktur, kuwi nèk kurang titine sok bisa kalêbon pakabaran-pakabaran sing ora bênêr, apa manèh nèk kambon ati sêngit, kuwi upamane ngimpi wêruh sêsêngitane, esuke têmtune iya banjur dipacak ing korane bae. Tandhane mêntas kiyi, koran ing Batawi sing bola-bali tak kandhakake mau, macak pakabaran bab kaanane Bale Pustaka warna-warna, malah ana sing ngandhakake, yèn ora suwe manèh Bale Pustaka arêp ngêtokake kalawarti basa Madura. Ing măngka ing kantor Bale Pustaka dhewe ora ana gênduking rêrasan kang mangkono kuwi, dadi kiraku, dhirèktur up rêdhakture bêngine mêntas ngimpi mêngkono kuwi, esuke tanpa nganggo raup barang dhisik, banjur dilabrag nyang korane bae, ora nganggo dititipriksa dhisik apa pakabaran mau bênêr utawa luput.

Petruk : We, la iya pancèn angèl têmênan dhing dadi dhirèktur up rêdhaktur kuwi, kang iku tinimbang aku macak pakabaran kalira-kaliru, sadurung-durunge luwih bêcik aku tak... pènsiun bae.

Jagading Wanita

Rambut

Jaman nalika têtiyang jalêr băngsa Jawi dèrèng sami gundhul, kathah ingkang sami mardi dhatêng saening rambut, wontên ingkang sarana cacap tuwin sanès-sanèsipun, nanging ingkang katingal sangêt ing pamardinipun, namung têtiyang ing Surakarta, saya tumrap ingkang nama abdi dalêm, punika pancèn wajib sangêt kêdah sae pamardining rambut, awit sabên dintên tansah katingal. Nanging sarêng sampun wiwit jaman gundhul, lajêng mèh ical babarpisan, namung kantun para èstri, tuwin nama taksih kêlimrah ing têtiyang èstri ing tanah Jawi.

Rambut punika mênggahing tiyang èstri pancèn dados [dado...]

--- 840 ---

[...s] rêrênggan, mila mênggahing tiyang Jawi ngantos ngawontênakên candraning rambut ingkang nama sae, kados ta: rikma mêmak ngendrawila wilis, têgêsipun rambut lêmês gilap ijêm (sulakipun). Wontên malih rikma mêmak ngêmbang bakung, punika rambut mêmês kados sêkar bakung, awit sêkar bakung punika pating krenggok, kados ombaking toya, dados têgêsipun rambut ngandhan-andhan. Căndra kalih warni wau ingkang ngajêng nyariyosakên bab saening ulês, cêmêng sulak ijêm, satunggilipun nyariyosakên saening wujud, kalih pisan punika sami dados pêpilihan.

[Grafik]

Mênggahing Iman Supingi titikaning rambut, rambut ngandhan-andhan punika sae piyambak, kacariyos tiyang ingkang rambutipun kados makatên punika, alus bêbudènipun.

Sasampuning rambut punika gadhah dhêdhasar sae, ugi kêdah dipun pardi saening panggêlung utawi anggènipun nata, awit gêlung ingkang nama sae, punika inggih ngindhakakên ngêngrêng, tiyang ingkang warninipun awon sagêd kêlungsur awonipun, mila ing bab gêlung punika mênggahing èstri inggih nama prêlu tuwin kêdah sagêd gêlungan sae. Ingkang kêlimrah piyambak gêlungan punika kondhe, punika gadhah wangun warni-warni, wontên ingkang bundêr, wontên ingkang lonjong, wontên malih ingkang sajak kadamêl kêkêndhonan. Kajawi punika, tumrap băngsa Jawi priyantun, manawi sowan para agêng sami gêlungan agêng, punika beda malih. Lan wontên gêlung gondhèl tuwin sanès-sanèsipun nanging namung kêlimrah ing Jawi Têngah.

Mênggahing băngsa Jawi gêlung punika kadosdene pangangge, wontên ingkang kangge pasamuwan utawi botên, tuwin wontên ingkang namung kangge têtiyang dhusun. Beda-bedanipun wau mawi êmpan papan, upaminipun tiyang dhatêng pêkên, inggih botên pantês manawi gêlungan agêng, makatên ugi têtiyang dhusun, limrahipun namung gêlungan gondhèl.

Kajawi punika saening rambut wau inggih kêdah kanthi dipun upakara, kados ta kêrêp dipun kramasi, dipun cacapi ingkang asrêp-asrêp, murih botên ambodhol. Mênggah patraping rêrêsik rambut makatên:

Dipun kramasana lăndha mêrang, ingkang ngantos rêsik, titikanipun manawi sampun rêsik, rambut dipun uyêg sampun botên munthuk. Lajêng dipun bilasi ing toya, manawi sampun rêsik lajêng dipun siram ing toya sataman mawi jêram purut, punika murugakên sêdhêp ing gănda. Wusana dipun siram ing toya asêm, punika adamêl wulêting rambut, manawi dipun sêrati botên ambodhol.

Sabibaring adus, rambut lajêng dipun sêrati, awit limrahipun tamtu rèngkèt, jalaran mêntas dipun kramasi. Manawi sampun malêm, lajêng dipun ratus, ngantos garing, tumrapipun tanah Eropah sampun [sampu...]

--- 841 ---

[...n] wontên pirantos kangge anggaringakên, kados ingkang kacêtha ing gambar ăngka 1. Sasampunipun garing lajêng dipun lisahi ing lisah cêm-cêman, punika ingkang sae abên tiga, inggih punika lisah klêntik, jarak tuwin kacang, dipun abêni ing godhong dilêm, godhong mangkokan, godhong pandhan, sami dipun rajang, waron tuwin larasêtu, sadaya wau dipun pe ingkang ngantos garing, wusana dipun cêmplungakên ing lisah tigang warni ingkang sampun dipun êmor utawi dipun bêntèri. Patrapipun rêrêsik rambut, wiwit kramas dumugi lisahan, punika paedah adamêl sakecanipun ingkang nglampahi, dening rumaos ènthèng tuwin murugakên damêl sae ing rambut, makatên malih tumrap ingkang cêlakan, inggih kêdunungan rêsêp ing manah, dene rumaos kêsriwing ing gănda sêdhêp

[Grafik]

Sayêktosipun rambut punika mênggahing tiyang èstri namung tansah dados rêrênggan, punika malah waradin sadonya, kados ta băngsa Aprikah ingkang arambut brintik, inggih ngudi murih rambutipun dadosa rêrênggan, kados ing gambar ăngka 2, ingkang katingal ing sirah, punika botên liya namung rêrêngganing rambut. Makatên ugi tumrap ing tanah Eropah, sanadyan para wanita sampun sami papal rambut, ewadene botên tilar pangrêngganipun, malah wontên rêrênggan tiron, ingkang pamurihipun inggih namung supados kêtingal sae rambutipun, kados gambar ăngka 3, ingkang katingal kados rambut punika salugunipun topi.

--- 842 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Panyuwunipun West-Java Tram Syndicaat dhatêng pamarentah, badhe marang margi tram saking Bogor dhatêng Krawang, mawi sêmpalan dhatêng Mèstêr Kornèlis, botên dipun sayogyani, jalaran margi ingkang badhe dipun ambah tuwin papanipun sêtatsiyun ing Mèstêr Kornèlês rupak. Sambêt kalihan bab punika, bêrgêrmèstêr inggih botên kawratan, bilih pungkasaning margi tram wau wontên sakidul wetaning sêtatsiyun Rawabangke, lan murih N.I.T.M. sagêd sambêt kalihan S.S.

Wontên băngsa Tionghwa têtiga ing Munthilan, ambujuk tiyang Jawi supados tumbas arta kêrtas palsu, kathahipun f 2800,- namung rêgi f 1400,- dene ingkang dipun kêtingalakên arta kêrtas tulèn. Sasampunipun kêdadosan dipun tumbas, tiyang ingkang tumbas dipun sukani tas, wusana sarêng dipun bikak, isinipun tas wau namung kothak srutu kothong.

Sawênèhipun tiyang èstri ing Têgal, jalaran saking kiranging pangatos-atosipun, nalika nuju momong lare, larenipun nangis, lajêng dipun ombèni soga èsprès ingkang pinanggih wontên ing cangkir, dipun wastani wedang tèh, lare lajêng anjêmpling, awit soga wau kêras sangêt, sawêg kenging tangan kemawon sampun kumramyas. Lare lajêng dipun upakara ing dhoktêr.

Sarèhning dèrèng wontên pos sègêl ingkang katêtêpakên kangge pos ingkang dipun bêkta ing baita gêgana, sapunika ngangge pos sègêl rêgi 22½ sèn, 25 sèn tuwin 80 sèn. Ing pos sègêl wau mawi dipun cap gambar baita gêgana cêmêng alit, kangge rêgi 10 sèn, 20 sèn tuwin 40 sèn.

Kawontênanipun nalika kangjêng tuwan ingkang wicaksana wontên ing Ngayogya: kajawi dhatêng karaton tuwin Pakualaman, rawuhing parêpatan Waterschap Opak Progo, têdhak ing Kutha Gêdhe mriksani pasarean-pasarean kina dhatêng Taman Sari. Dhatêng griya sakit Petronella, tuwin dhatêng Juliana-Ooglijdersgasthuis.

Lulus iksamên ing pamulangan K.W. III. Radèn Sukasah Suraputra.

Ing tanggal têngahan wulan punika, Radèn Mas Suryapranata badhe dhatêng Bogor, ambêkta kaprêluwaning golongan Boschwezen, badhe dipun tampèni dening up insêpèktur.

Kawartosakên, botên dangu malih Propesor Sylvain Levi guru pamulangan luhur ing Sorbonne, Parijs, tiyang ahli basa Sangsêkrit tuwin sanès-sanèsipun, ingkang kawitan, badhe ngajawi. Dhatêngipun ing tanah Jawi prêlu badhe mriksa kawontênan ing Barabudhur.

Sawênèhing noni kintên umur 8 taun, anaking sawênèhipun apotèkêr ing Surakarta, nalika nuju dolan wontên ing pakêbonan, dipun cakot ing sawêr. Sakawit lare namung cariyos dhatêng tukang kêbon, manawi tanganipun kêcocog ing êri, nanging sanalika ngriku tanganipun sampun kêtingal abuh, lare lajêng kabêkta dhatêng Magêlang, saha lajêng dhatêng Bandhung. Wusana miturut papriksaning dhoktêr, tanganipun noni wau kêdah kakêthok.

Pasayêmbaranipun Koningin Wilhelmina Jubileum Stichting ingkang dipun giyarakên wontên ing wulan Mèi 1925 ing bab pratelan paniti ingkang titi ingkang sakêdhak-sakêdhikipun[5] salêbêting kalih taun, cacahipun sakit tuwin tiwasing tiyang èstri, lare-lare salêbêting wontên wawratan, lairing lare punapadene sasampuning manak, ing golongan tiyang siti, sakêdhik-sakêdhikipun 10.000 jiwa, saha ingkang gêsangipun limrah. Sapunika sampun wontên ingkang nglêbêti sayêmbara ngangge nama sêsinglon Badji Manassa.

Kados ingkang sampun kawartosakên, ing bab pandamêling pakunjaran kangge golongan tiyang pangajaran ing Sukamiskin, Bandhung, ing sapunika sampun mèh rampung. Ing salêbêtipun pakunjaran wau badhe dipun wontêni pangêcapan, masjid. Wiwit sapunika sabên ing dintên Ngahad, manawi wontên tiyang ingkang purun, kenging malêbêt ing pakunjaran, mulang agami Islam. Sabên ing dintên Jumuwah, têtiyang paukuman kenging sêmbahyang, wiwit jam ½12 dumugi jam ½2.

Pakêmpalan P.N.I. ing sapunika ambiyantu waragading pamulangan Taman Siswa, supados miyarakên têbaning pamulanganipun. Ing pamulangan wau kajawi mulang enjing, ugi dipun wontênakên wulangan sontên, kangge têtiyang sêpuh ingkang badhe ngindhakakên kawruh warni-warni.

Griya pagantosan gupêrmèn ing Glodhog, Batawi, sampun kagarap, manggèn tilas kantor Èik, waragadipun kintên-kintên f 100.000.- ing têngah-têngahaning wulan Dhesèmbêr taun punika, kintên-kintên rampung.

Pulisi ing Tanjung Priuk mêntas nyêpêng candu pêtêng rêrêgèn f 1000.- asli saking baita-baita ingkang labuh ing ngriku.

--- 843 ---

Wontên pawartos, badhe wontên sawênèhing kapala băngsa Indhiyan nama Ca-It-Nop angajawi, mawi dipun iring bangsanipun sagolongan, ingkang sami ngangge cara Indhiyan.

Sawênèh murid Taman Siswa ing Ngayogya, ingkang kawical botên anyêkapi kasagêdanipun, nalika nglêbêti iksamên sêkolahan Milo Kristên sagêd katampèn, măngka pancèn botên angsal palilah nêmpuh iksamên dening panuntunipun. Insêpèktur pangajaran, ingkang nguningani bab punika, kagungan pamrayogi, supados tiyang nglêbêti iksamên punika kêdah mawi ngaturakên gambaripun rumiyin. Awit lare wau ngapusi.

Awit saking palapuran panggaotan radhio, mêntas sagêd tilgram kalihan nagari Walandi ngantos 24 jam tanpa pêdhot. Inggih sawêg sapisan punika sagêd kêlampahan sae makatên.

Sawênèhipun tiyang ing dhusun Ngambon, Cêpu, nalika nuju lumampah kêpapag ing lêmbu sagolongan, ingkang dipun giring ing lare angèn, wusana wontên sawênèhipun lêmbu ingkang lajêng ngamuk. Tiyang wau wêtêngipun dipun sundhang ngantos kacêp, dalunipun pêjah wontên ing griya sakit.

Juru kabar Kajawèn ing Malang, ngabarakên, tèntunsêtèlêng bab têtanèn ing Malang sampun katêtêpakên, inggih punika miturut propagandhah wiwit tanggal 23 Juni dumugi 1 Juli taun punika (N.).

Ing dintên Salasa tanggal 29/5-28 jam ½6 sontên paduka kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral sapandhèrèkipun sampun dumugi ing Malang. Para priyantun agêng sami amêthukakên, punapadene pabarisaning Kumpêni katingal angrêsêpakên, langkung-langkung ingkang kêkapalan, kapalipun katingal manut sangêt, sêmunipun kados tumut atur pambagya raharja dhatêng ingkang wicaksana wau. Para têtiyang ing ngriku katawis sami sênêng manahipun mênggahing rawuhipun kangjêng tuwan bêsar wau, katăndha: sadaya toko-toko, kantor tuwin ing margi têtiyang sami masang bandera minăngka pracihna pambagya harja tumrap ingkang rawuh wau. Tiyang ningali kathah sangêt, jam ½9 dalu ing kantor A.R. ngungêlakên mriyêm saha main api. (N.). 3. M.Ng. Atmadisastra mantri pulisi ing [...]pang kawisudha pangkat asistèn wadana wontên ing ondêr dhistrik, Maron, Kraksan (N.).

Ing gêdhong pakêmpalan Al Irsad ing Surabaya, mêntas adamêl pakêmpalan kalihan para ngulama, angrêmbag prakawis adêging bang Islam, punapa botên dados alanganing agami. Wontên ingkang mastani botên, awit ingkang dipun awisi punika manawi nyamjutakên[6] mantuk tikêl, nanging wontên sawênèh ingkang mastani, sanadyan namung nganakakên sakêdhik, inggih sasi kemawon. Ing sapunika dèrèng wontên karampunganipun, taksih badhe karêmbag malih.

Bêstiring H.I.S. P.G.B. ing Surakarta, mêntas tampi dhawuh lumantar tèlgram saking dhirèktur pangajaran, suraosipun kaparêngakên damêl katrangan, bilih murid ing pamulangan ngriku kenging anglajêngakên sinau dhatêng pamulangan Milo. Tumrap murid-murid ing klas pitu, manawi badhe malêbêt pamulangan Milo partikêlir, waton sampun angsal sêrat katrangan saking guru, tanpa mawi kadadar.

Katêtêpakên dados Wd. Komisari mas pulisi klas II. ing Surabaya, Radèn Suleman, tuwin ing Batawi Radèn Sunarya.

Nalika tanggal 26-4-28 kapêngkêr ing dhusun Benjor bawah Tumpang wontên sima malêbêt ing griyanipun tiyang ngriku, dene ingkang wontên salêbêting griya wau namung tiyang èstri satunggal, mila lajêng jêlih-jêlih nêdha tulung, wasana tinulungan dening bêbau ingkang nuju rundha, pungkasanipun tiyang ingkang têtulung wau kuwêl kalihan sima, sirah saha raining tiyang nandhang tatu, nuntên kabêkta dhatêng griya sakit, dene simanipun ugi kataton nanging botên sagêd kacêpêng. (N.)

Gupêrmèn mêntas mundhut siti partikêlir malih ing Parungkudha, bawah Tanggêrang, wiyaripun 1400 bau, têpang watês kalihan siti gupêrmèn, saha badhe dipun yasani toya ilèn, ingkang kathah wujud sabin. Ingkang manggèn ing ngriku tiyang siti 2300, Cina 900.

Kawrat ing kêkancingan gupêrmèn, ing tanggal 1 Juli ngajêng ing Medhan badhe dipun wontênakên pamulangan H.B.S. 5 taun, tuwin satunggiling apdhèling Wiskunde tuwin Natuurkunde tumrap A.M.S.

Kasêbut ing rantaman taun 1929, pamarentah badhe mêwahi pamulangan ăngka kalih 100 iji, pamulangan dhusun 450.

Sampeyan dalêm ingkang wicaksana Ingkang Sinuhun ing Surakarta misungsung wangkingan tiga iji dhatêng karajan Tènês, Prangkik, minăngka mangsulakên pisungsung bintang.

Tanggal 1 wulan punika, kapal pêrang Java anampèni dhatênging kapal sêkolahan calon matrus ing Jêpang kalih iji, wontên ing Tanjungpriuk. Kapal Jêpang wau dipun pangagêngi pisê admiral kalihan Pangeran Takamutu putra Mikadho Joshihito.

Ijabing pangantèn kêkalih putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda ing Surakarta, kadhawuhan wontên salêbêting karaton. Ingkang satunggal dhaup kalihan putranipun Radèn Mas Adipati Arya Kusumaotaya, ingkang taksih sinau wontên ing pamulangan luhur pangadilan, satunggalipun angsal Radèn Mas Lurah Sinduwidagda, ing Surakarta.

Mas Sujak, kandhidhat notaris ing Cirêbon, katêtêpakên dados notaris wontên ing Cilacap, ngrangkêp dados pèndhimistêr ăngka kalih.

--- 844 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun rajaputri ing Seba

43. Lêlampahanipun Higgs.

Kula lajêng awicantên: O iya Ptolemy sang putri piyambak uga rêmên lan dhèwèke. Salajêngipun kula lajêng nyariyosakên, punapa ingkang sampun kêlampahan wontên ing pasareanipun para nata.

Ing sakawit, Higgs gumujêng latah, ananging sarêng sampun dipun manah sawatawis dangu, piyambakipun lajêng dados nêpsu.

Wicantênipun Higgs: saka panêmuku, tumrape Olivier kêna diarani nistha, dene agawe wiranging kănca kabèh, o, gêdhe bêgjane si babi kae. Aggone padha gêgonjakan anglalèkake kancane kuwi, bisa anjalari susahku kabèh kang tanpa watês, malah bisa uga kowe lan aku Adams, jalaran saka tuwuhing kasmarane bocah nonoman mau, anêmu pati kalawan susah, mara pikirên, ingatase kowe banjur nglirwakake kuwajibanmu mung sabab saka wong wadon Yahudi, sanadyan ta mripate irêng kincling, samono kuwi manawa sang putri pancèn wong Yahudi têmênan, nanging kang mangkono kuwi aku ora ngandêl. Kang jumênêng nata wanita ing Seba kang kapisan kuwi băngsa Ethiope (băngsa ingkang manggèn sakidul Mêsir) lan sabanjure bangsane sang nata wanita mau banjur campur karo băngsa warna-warna. Bèn Olivier tak srêngênane, upama aku dianggêpa bapakne rak ya wis mèmpêr.

Kalanipun Higgs kesah badhe adus, kula wicantên dhatêng piyambakipun makatên: ya bênêr bangêt, mung bae luwih utama manèh yèn ing bab mau kowe ora matur karo sang putri, sabab sang putri bisa uga klintu panampi, yèn anggonmu namatake sang putri kaya dhèk wingi kae.

Enjingipun kula dipun undang kapurih ambalêbêt tatunipun Pangeran Josua, tatu-tatunipun wau lêrês botên ambêbayani, nanging sakit sangêt. Sarêng kula lumêbêt ing panggenanipun Pangeran Josua, kula sumêrêp yèn guwayanipun malih babarpisan, botên beda kalihan tiyang sanès, kula gadhah pangintên, bilih Pangeran Josua punika satunggiling tiyang jirih lan cingèng, ananging kala punika kula sumêrêp wêwatêkanipun Pangeran Josua ing sayêktos-yêktosipun. Kala punika rumaos kula katingal, bilih Pangeran Josua punika angkara ing pangaji-aji tuwin ambêbayani, ingkang makatên punika jalaran Pangeran Josua saking kapenginipun kadumugèn ing karsa, sanadyan kanthi dipun lampahana kadospundi kemawon.

Sasampunipun kula nindakakên kaprêluanipun Pangeran Josua ing sasagêd kula, kula matur dhatêng panjênênganipun, bilih kintên-kintên kadadosaning tatunipun punika botên nguwatosi, amargi pangagêmanipun ingkang dipun agêm kalanipun dipun thakur singa barong kandêl sangêt.

Ujug-ujug pangeran ngandika makatên, dhoktêr, kula kapengin badhe rêmbagan kalihan sampeyan sakêdhap kemawon. Kula lajêng andhingkluk, saha Pangeran Josua nglajêngakên pangandikanipun makatên: sang putri putranipun para nata, anggènipun ngratoni nagari ngriki punika saking turunan, samangke panjênênganipun kanthi nyulayani sawatawis saking pamrayogining pamarentah, mundhut dhatêng sampeyan, tuwin para mitra sampeyan tiyang buda punika, supados sampeyan sadaya, sarana kasagêdan sampeyan, nglunasi dhatêng mêngsah kula sadaya, inggih punika têtiyang Fung, lan sang putri aprajanji, badhe angganjar kathah sangêt dhatêng sampeyan sadaya, samăngsa sagêd kalêksanan. Pikajêngan kula samangke, supados sampeyan ngrêtos sayêktos, bilih sanadyan sampeyan wontên nagari sampeyan kajèn keringan kados punapa kemawon, ananging tumrapipun kula sadaya, sampeyan punika rencang kemawon, botên beda kados rencang-rencang sanèsipun, ingkang kula balănja ing sasênêng kula. Wêdaling pangandikanipun sang pangeran wau sangêt adamêl sêriking manah kula, ngantos kula botên sagêd mêkak, kêdah mangsuli kemawon, sanadyan bokmanawi langkung utami manawi kula kèndêl kemawon.

Wicantên kula: Dhuh, pangeran, pangandika panjênêngan punika, mugi kaparênga kula anêrang-nêrangakên kanthi titi, punapa kajênging panyambut damêl kula sadaya punika, lan punapa sababipun kula purun anglampahi rêkaos makatên punika, mênggah pangajêng-ajêng kula, sagêdipun wangsul anak kula jalêr, ingkang samangke dados rencanging tumbasan mêngsah panjênêngan sadaya.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [893] ---

 


langkung. (kembali)
Kurang satu suku kata: jroning ati uyah sangsaya jubriya. (kembali)
sowan. (kembali)
nandhakake. (kembali)
sakêdhik-sakêdhikipun. (kembali)
nyambutakên. (kembali)