Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-20, #178

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-20, #178. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-20, #178. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 49, 1 Muharam Taun Alip 1859, 20 Juni 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing Laladan Brêbês

[Grafik]

Sumunaring surya kucêm mijil / pindha wulan panglong / sinamaran dening mêndhung gêdhe / ingkang nêmbe andhawahkên riris / arasa ngalêntrih / lir angga ngalayung //

--- 894 ---

Raos Jawi

Bab manah suci

Manawi kula pinuju mêmaos cariyos lêlampahan ringgit purwa, sok lajêng angêlangut panggagas kula. Kados ta: Gathutkaca punika sagêd malêtik tanpa suthang, mibêr tanpa êlar. Anantasena punika sagêd ngambah salêbêting bumi. Dasamuka sirahipun sadasa tuwin sapanunggilanipun. Langkung-langkung manawi angraosakên Anoman nate mathoki srêngenge (cariyosipun dhalang), wadhuh saya gawok panggagas kula, awit yèn kacundhukakên kalihan kawontênan ing jaman sapunika, kados botên thuk pinanggih babarpisan, dene yèn nyata wontêna ing rumiyin, hla bok inggih wontêna ingkang nuruni dhatêng tiyang sapunika satunggal kalih kemawon ingatasipun bab anjumantara tanpa pirantos motor mabur, utawi ngambah salêbêting bumi tanpa damêl trowongan, mendah upami wontêna ingkang makatên saiba ramening pasar malêm, yèn ta angêdalakên kongkrus. Ingkang makatên wau asring adamêl kèndêling pamaos kula.

Ananging ing satunggiling wêkdal, kula ngasil dhatêng para ingkang sugih criyos, kula pitakèn kadospundi maknanipun cariyosan purwa wau, wasana kula namung pikantuk wangsulan, bab cariyosan purwa punika bôngsa karanganing pujôngga ing jaman kina, sadaya namung dumunung pasêmon tumraping adêgipun gêsang kita ing sapunika, pramila ringgit punika kagambar miring, artosipun: wayang= ayang-ayangan. Dene ingkang kathah mathuk dhatêng raos Jawi. Mak clês manah kula sarêng angsal katrangan samantên wau, dhasar ing batos kula sampun gadhah bundhêlan, bilih bangsaning criyos ringgit punika panggenaning pasêmon. Pramila kula lajêng nyêrat punika minôngka sinau angothak-athik, ambokmanawi gathuk, inggih punika bab manah suci kasêbut ing nginggil.

Sadaya kemawon tamtu sampun ngawuningani ing bab têmbung suci. Ingkang adhakan sangêt katêmbungakên suci inggih punika toya, kados ta: toya suci. Suci punika atêgês rêsik, botên kamomoran rêrêgêd punapa-punapa, inggih rêsik ingkang sayêktos (wêning).

Sapunika manahing tiyang ugi sok katêmbungakên suci. Manawi makatên têmbung: manah suci punika inggih atêgês: manah rêsik utawi manah wêning. Ujaring para sêpuh: manah wêning punika satunggiling tataran minôngka panggayuh.

Mênggahing tiyang, manawi pinuju gadhah gagasan satunggiling bab ingkang nêdya ginayuh, môngka lajêng anggagas sanèsing bab malih, tartamtu ingkang ginagas wiwitan wau botên sagêd kadumugèn, ingkang makatên wau kawastanan keron utawi manah kirang suci. Mila ingatasipun tiyang Jawi prêlu anggêgulang sucining manah, sagêda kasêmbadan punapa ingkang sinêdya, sampun ngantos keron. Tumraping tiyang lêlampah, keron punika ambêbayani, [ambêba...]

--- 895 ---

[...yani,] kenging ugi katêmbungakên pamurunging sêdya. Pramila botên gampil, kêdah mêdal ing manah suci wau, awit yèn botên makatên lajêng dhumawah ing paribasan: tuku krupuk imbuh rambak. Muradipun: kidul ora gaduk êlor ora nyandhak.

Cobi ing ngandhap punika kawontênan sêmpilanipun Sêrat Mahabarata ingkang ngandhut pasêmon tumraping kasucianing manah, lowung kangge ngothak-athik amrih gathuk wau. Inggih punika nalika pandhita ing Sokalima, mulangakên kagunanipun dhatêng para Pandhawa ing bab panjêmparing. Ing ngriku dhanyang Durna iyasa gambar pêksi garudha pinanjêr inggil, lajêng Pandhawa kapurih mênthang gandhewa saha kinarsakakên ngincêng (anyipat) sirahing pêksi papêthan wau. Sadanguning para murid (Pandhawa) anyipat lajêng tinakenan wiwit saking Prabu Yudhistira tumaruntun dhatêng para kadangipun sapangandhap makatên: radèn, sasuwene sira anyipatake jêmparing iku apa kang katon. Pandhawa mangsuli gêntos-gêntos: sirahing pêksi tuwin para kadang kula sadaya ingkang katingal. - Durna: o, wis gèr aja kotêrusake pamanahmu, sabab mêsthi lupute. Lajêng wontên sawênèh ingkang titis panjêmparingipun, inggih punika Radèn Janaka ingandikakakên nyipat jêmparing saha tinakenan: apa kang katon ênggèr, Janaka mangsuli: sirahing pêksi thok, para kadang kula sadaya botên wontên ingkang katingal ing mripat. Durna: iya wis ênggèr lêpasna. Sarêng kalêpasakên, sirahing pêksi papêthan wau rêntah sayêktos glethak.

Ingkang punika kula upamèkakên pasêmoning manah, sagêda kados panjêmparingipun Radèn Janaka wau, awit jêmparing punika têgêsipun: panah, têmbung panah manawi kaencokakên dhatêng keratabasa = êmpaning manah. Dados kados wontên èmpêripun mênggah piwulanging Pandhita Durna wau angêmu suraos anggêgulang dhatêng kasucianing manah tumraping panggayuh utawi lampah.

Wasana nyumanggakakên.

Nirrasa Nitiatmaja.

Tumpang, Malang.

Kawruh Wigatos

Sêsakit edaning sagawon (hondsdolheid)

Sêsakit punika bibit sakawitipun namung tuwuh wontên ing sagawon. Dene kewan sanèsipun, samantên ugi tiyang, sagêdipun kataman sêsakit punika, lugunipun namung katularan kemawon. Sabab kacathèk utawi kalêbêtan bibiting sêsakit punika mêdal saking tatu-tatu utawi mala-mala.

Sagawon edan punika wontên ingkang ambalayang sapurug-purug, punapa ingkang pinanggih dipun cathèk, punika ingkang dados mrèntèking sêsakit, lajêng sagêgsagêd. ngômbra-ômbra. Pramila samasa wontên sêsakit sagawon edan, ingkang prêlu, sadaya sagawon supados kacancang wontên ing griyanipun ingkang gadhah. Dene sagawon ingkang [ing...]

--- 896 ---

[...kang] nglambrang wontên ing margi-margi sami dipun cêpêngana dening pulisi sarta lajêng dipun pêjahi. Kajawi ingkang makatên wontên dhawuh sintên ingkang gadhah sagawon ingkang kinintên badhe katempelan sêsakit punika kêdah enggal suka sumêrêp dhatêng ingkang wajib supados tumuntên sagêd dipun urus murih sampun andamêl kuwatos.

[Grafik]

Suwargi Tuwan L. Pasteur ingkang kagungan pamanggih usada sêsakit edanig sagawon.

Titikanipun sagawon ingkang katempelan sêsakit punika, wiwitipun dipun sukani têdha ingkang kados sabênipun botên purun nêdha, ngombe ugi botên purun. Ingkang dede têtêdhan dipun têdha, kados ta: wuh-wuh, krikil, paku, siti utawi sanèsipun. Pakulinanipun dhatêng bêndara, manut miturut, nanging wêkdal punika lajêng katingal kêsit, rêmên nyênyathèk kanthi anggêrêng kadosdene ing sangajêngipun kêtingal lalêr utawi sanèsipun angrêridhuh ing piyambakipun, buntut tansah angawêd kados wontên ingkang dipun ajrihi. Sawatawis dintên malih wangipun sèngklèh botên dangu lajêng pêjah. Sagawon edan ingkang ucul sapurug-purug, ing têmbung Walandi kawastanan razendedolheid, wontên malih ingkang lajêng ngumpêt ing sangandhaping patilêman, ing papan ingkang sintru-sintru, nanging botên kesah saking padununganipun, namung ugi purun nyathèk, punika sangêt nguwatosi dhatêng bandaranipun sagotrah.

Pranatan nagari ingkang murih kawilujêngan, sadaya sêgawon ingkang nyathèk tiyang, samôngsa tiyang ingkang dipun cathèk suka sumêrêp, sêgawonipun lajêng dipun siwêr saha dipun srantosakên salêbêting 10 dintên. Yèn ing sasampunipun titining tutupan botên kêtingal titikanipun sakit, sêgawon dipun wangsulakên dhatêng ingkang gadhah. Tiyang ingkang kacathèk cêkap dipun upakara ing griya sakit ingkang cakêt kalayan padununganipun tiyang wau yèn ing salêbêtipun dipun tutup, môngka sêgawon wau kêtingal titikaning sêsakit utawi pêjah, punika sampun nandhakakên sêgawon ingkang katahan wau sakit edan. Tiyang ingkang nandhang tatu tumuntên kakintunakên dhatêng griya sakit ing Bandhung klayan wragat nagari, saha wragat kesah mantukipun, prêlunipun kaparingan pitulungan usada kasarasanipun.

Griya sakit punika katêlah nama griya sakit Pasteur, awit angluhurakên dhatêng asmanipun Tuwan Pasteur ingkang manggihakên usada tumrap tiyang ingkang klêbêtan wisaning sêsakit edaning sagawon.

Lampah-lampahipun ngusadani sêsakit wau kadosdene ngusadani sêsakit cacar.

Titining orean punika pangajabing manah mugi-mugi dadosa ular-ular tumujua ing pangrêtosan ing bab kasarasaning badan.

Pun Sumadi, mantri kewan Purwakêrta.

--- 897 ---

Waosan Lare

Pinêsthi dadi kanthi

XII. Lêstari têtunggalan

[Dhandhanggula]

uyah ngrasa bangêt gone isin / dene uwis pisah têtaunan / saiki kêtêmu manèh / banjur ketok andhingkluk / kêmbêng-kêmbêng ambrêbês mili / ketok anggone susah / asêm nuli clathu / anglêlipur mênyang uyah / wis ta aja akèh-akèh sing kopikir / bêcike narimaa //

awit kabèh sing uwis pinêsthi / dadi kanthi ora bisa oncat / mêsthi gathuk salawase / kaya ta kowe iku / sapa bae mêsthi ngarani / dibutuhke manungsa / lan pinêsthi kumpul / karo bangsaning bumbonan / saya manèh karo ing bangsaku iki / mung tansah têtunggalan //

[Grafik]

Sarêm ingkang kangge bumbu, pinuju kalêrêsan.

dadi yèn ta kowe ngrumasani / anduwèni rasaning pangwasa / iku jênêng luput gêdhe / arane banjur nyrandu / êmoh kumpul padhaning urip / kowe kudu rumasa / yèn kowe lan aku / kaya upamaning anak / kudu rukun aja pijêr nyulayani / rukuning têtunggalan //

awit mungguhing sadulur kuwi / wajib kudu rukun sabên dina / sing tuwa ngêmong adhine / sing ênom kudu wêruh / nyang sing tuwa lan kudu wêdi / aja banjur ugungan / nyang sing tuwa iku / dadi mungguh saduluran / aku kowe sanadyan pating talêning / kudu ajêg rukuna //

yèn kêlakon mêngkonoa mêsthi / salawase dadi pangalêman / awit barêng caking gawe / beda yèn tansah kisruh / kaya kowe yèn kudu luwih / karêpmu bèn ketoka / banjur kêndêl nyêmplung / pangrasa bèn dialêma / ora wêruh malah gawe cungir-cungir / wusana mung dibuwang //

patrapmu sing kaya ngono kuwi / ora beda bocah murang sarak / kang gugu karêpe dhewe / lumuh gugu pitutur / ing mulane sing luwih bêcik / mungguh tumraping bocah / sing ambangun turut / apa tuturing wong tuwa / awit nyata wong tuwa sêdyane bêcik / êmung kêbak pangeman //

dene kene kêna diarani / wong tuwamu iya bok mas lurah / aja koanggêp [ko...]

--- 898 ---

[...anggêp] sapele / yèn kowe mung miturut / mêsthi tansah dialêm bêcik / ora dadi cacadan / kaduking asinmu / lan ora diwada cêmplang / ing wêkasan mung olèh pangalêm bêcik / enak sarwa sêdhêngan //

dadi sing kopikir nomêr siji / mung prakara barêngmu tumandang / ing sadulur tunggal gawe / dene sing tansah gathuk / iya kowe lan aku iki / dene ucape ana / malah gandhèng têmbung / uyah asêm jênêng kaprah / ing têgêse wis pinêsthi dadi kanthi / ora bisa pisahan //

yèn kopikir lêlakonku iki / sapa ngira bisa kêtêmua / lan kêpêthuk ana kene / jalaran lêlakonku / ing saprana têkan saiki / jênêng wis têtaunan / mokal yèn kêpêthuk / mung rèhne pinêsthi kônca / lêt-lêtana gunung lan sagara gêni / mêksa gathuk tunggalan //

kowe dhewe rak iya nyipati / aku urip anèng pinggir dalan / jênêng adoh karo pragèn / nanging nyatane jêbul / ujug-ujug kowe marani / kuwi sapa sing ngira / yèn kowe lan aku / jêbule dadi sawadhah / nanging kowe ing mêsthine rak ya ngrêti / yèn saka bok mas lurah //

lan pamrihe ora liwat ya ming / kowe aku bisaa tunggalan / murih bêlanak enake / uyah tumuli guyu / rada padhang rasaning ati / wusana nuli kôndha / lêlakone nglangut / anggone jajah nagara / lan nênunggang sêpur grobag kapal api / lan atine narima //

awit ing saiki uwis ngrêti / yèn tindake gone kaya dara / tinêmune tanpa gawe / dadi anggone gêndhung / pakolèhe mung diewani / lan jênêng wong sêmbrana / ora wêruh ukur / saiki barêng rumasa / banjur sênêng lawan narima ing ati / wêruh ukuring awak //

ing sabanjure kêtêmu bêcik / kabèh ora ana pasulayan / barêng rukun ing uripe / karo sarwa miturut / dikapakna êmung nglakoni / kayadene mung pasrah / ora nêdya unggul / titi êntèking carita / êmung lowung kêna dipirid sathithik / antêp sêtyaning bocah //

Tamat

Bab Kasarasan

Urun rêmbag bab tinggi

Rekadaya ngicalakên tinggi ing ambèn utawi panggenan tilêman, sarana ngêkum galar sarta anggrujugi dlika kalihan wedang kados ingkang kawrat ing Kajawèn ôngka 46, punika katranganipun sampun kathah sangêt têtiyang ingkang ngêcakakên, nyatanipun inggih lêrês tingginipun lajêng sanalika sagêd ical, nanging icalipun namung sadintên kalih dintên kemawon lajêng sampun wangsul ngrêbda malih, sampun têtela, pêjahing tinggi namung wêkdal salêbêtipun kakum toya utawi dipun garujugi toya wedang wau kemawon, sasampuning garing inggih lajêng tangkar-tumangkar malih, [ma...]

--- 899 ---

[...lih,] pancèn pôncasona tênan.

Sapunika kula gadhah rekadaya kangge ngicalakên tinggi ingkang ngantos sagêd ical têtaunan tarkadhang salaminipun lajêng botên dipun saba ing tinggi malih.

Bilih ambèn dêling utawi kajêng ingkang mawi galar dêling, galaripun sadaya dipun gêjagi (dipun gêblègi) mêngkurêp, dados ingkang dipun gêblègi kulit ing jawi ingkang kêtèmplèkan gêlaran, patraping anggêblèg galar dipun dêgakên dhoyong, utawi kasèndhèkakên mayat, salêmbar-salêmbar gêntos-gêntos. Nanging manggènipun anggèning gêblègi wau kêdah kabêkta sumingkir dhatêng panggenan têbih kalihan griya, sukur ing pinggir lèpèn utawi kalèn ingkang mili, galar-galar botên susah kakum ing toya. Rampunging anggêjagi galar, gêntos ing dlika-dlika lêkit-lêkitaning waton sami dipun saponi sapu sada ngantos rêsik, sasampuning rêsik lajêng dipun usar mawi apu (ing Ngayogya mastani: disaput) kapara kandêl ingkang ngantos waradin. Nuntên galaripun lumah kurêp ugi dipun lepa kalihan jênang gamping ingkang waradin sadaya kapara kandêl, lajêng dipun tata wangsul, mênawi sampun garing lajêng dipun tumpangi gêlaran, namung yèn ngeman gêlaranipun supados botên gupak apu, ngandhapipun kalambarana sinjang pêrlak utawi dalancang koran, rekadaya makatên wau, tinggi sagêd sirna yêktos ngantos pintên-pintên taun laminipun, benjingipun kenging dipun ambali rekadaya ngatên malih, bilih sampun lêt 3-5 taun.

Dene bilih ambènipun balabag kajêng sadaya, cêkap namung katumpangana kasuran duk ingkang wiyaripun ngantos nutupi sakubênging waton, nanging kasuran wau ingkang rapêt buntu, sampun wontên ingkang bolong, nginggil lajêng katumpangan gêlaran kangge tilêm. Tinggi botên sagêd dumugi nginggil gêlaran, awit samôngsa dumugi ing êduk lajêng sampun pêjah kèlês kapalipis ing êduk ngriku.

Sapunika tinggi ingkang manggèn ing kursi-kursi, rêsban sapanunggilanipun, rekadayanipun kalepa jênangan gamping kadosdene ambèn mawi galar dêling, nanging sasampuning sadintên sadalu, lajêng kakumbah toya wedang, prêlunipun kangge ngicali gampingipun, ingkang ngantos têlas, nuntên dipun lap ing sêrbèt rêsik. Wusana nyumanggakakên ingkang kaparêng badhe nyoba.

Pambantu R. 585.

Pasar Ikan ing Mênadho

[Grafik]

Sacêlaking pasar ikan wontên lèpènipun ingkang ilinipun dumugi ing ngriku, saha katingal kathah sangêt baita tongkang, inggih punika gadhahanipun K.P.M. lan Prouwenveer.

--- 900 ---

Gambar ingkang tanpa katrangan

[Grafik]

--- 901 ---

Jagading Wanita

Brataning ibu

Piandêlipun bôngsa Jawi, brataning biyung mênggahing mrihatosakên anak, punika tumanêmipun ing manah sagêd anêrusi dumugi ngayunaning Pangeran, pamêlênging panuwun adhakan kasêmbadan sagêd ngundhuh wohipun ing têmbe wingking.

[Grafik]

Pratelaning gambar, saking kiwa manêngên, 1. Radèn Ajêng Sumatri, 2. Radèn Ajêng Siti Sundari, 3. Radèn Ajêng Sri Umiyati, 4. Radèn Ayu Gunawan Mangunkusuma, 5. Dr. Gunawan Mangunkusuma.

Lêlampahan ingkang kados makatên punika, tumrapipun ing sêrat-sêrat, botên kirang ingkang kenging kangge têtuladan, kados ta: para Pandhawa, punika kados punapa mênggah gênging prihatosipun ingkang ibu (Dèwi Kunthi), nalika para putra wau taksih sami alit-alit, awit nama taksih sami lare, sampun tinilar ing rama, saha lajêng manggih lêlampahan ingkang ngêrês-êrêsi manah, inggih punika para Pandhawa wau tansah dipun paeka ing para kadang Kurawa. Kawontênan wau tamtu kemawon adamêl rêmuking galihipun Dèwi Kunthi, dene mênggahing nyatanipun, rêmuking galihipun wau malah ingkang andadosakên matênging bratanipun, wêkasan amanggih wohipun, para putra sami manggih kamulyan dumugi têdhak turunipun pisan.

Makatên ugi tumrapipun ing jaman sapunika, kados inggih botên kêkirangan lêlampahaning ibu ingkang mrihatosakên putra, jalaran saking tinilar ing kakung, ingkang anilari putra gumrayah, môngka putra wau nama taksih dados damêl sadaya. Iba kados punapa rakaosing ibu kalanipun manah dhatêng badhe kadadosaning lare-lare wau, yèn ta badhe ngawontênana pamupus, dupèh anaking warôndha, punika lêpat sangêt, awit pêjahing ihtiyaripun lajêng nama amêjahi dhatêng kamajênganing lare, lan lare kêpêksa lajêng cupêt lêlampahanipun, ingkang lêrêsipun taksih manggèn wontên ing kalangan jêmbar akobèt. Nanging manawi badhe ngayati panggayuhipun, adhuh, sapintên kiyating èstri angangkati damêl ingkang pancèn dede ukuranipun. Dene pêpuntoning tekad, sampun tamtu kemawon pun biyung

--- 902 ---

kêpêksa angangkati damêl ingkang botên baèn-baèn, kanthi angraosakên panas pêrih ngantos dumugi diwasaning lare. Inggih tindak kados makatên punika ingkang nama brataning ibu.

Ing salêbêting biyung anglampahi lara lapa, tumrapipun tiyang sanès sami botên sumêrêp, dene manawi sampun kasêmbadan, têtiyang sawêg sumêrêp, bilih kamulyaning anak-anakipun punika, ing ngajêng saking dhêdhêraning wiji kaprihatosan.

Ing bab andharan kasusahaning biyung, ingkang larasipun kados makatên, kados sampun cêkap samantên kemawon, para maos tamtu sampun sagêd anginggah ngandhapakên, têgêsipun inggih mawi undha sabilik-bilik, wiwit ingkang pangkat agêng, malah dumugining nata pisan, ngantos dumugining tiyang alit, inggih kêsrambah ing lêlampahan kados makatên. Ing sapunika wontên cêculikan sakêdhik minôngka tôndha saksi, mênggah wohing bratanipun biyung.

Kacariyos Radèn Ayu Suwaji, randhanipun Radèn Suwaji, wadana ing Maospati, Madiun, nalika dipun tilar seda ingkang raka, anilari putra-putra ingkang sami taksih dados damêl. Nalika sedanipun wau, putra ingkang agêng taksih sinau wontên ing Stovia sawêg wontên kêlas III vakafdeeling, inggih punika panjênênganipun Dhoktêr Radèn Sutama. Ing môngka panunggilanipun taksih kathah, sampun tamtu kemawon panggalihanipun Radèn Ayu Suwaji kala samantên rêmêk, dening ngraosakên putra-putra ingkang taksih nama badhe sadaya.

Ing bab prihatosing ibu ingkang kados makatên wau, kados cêkap ginambar wontên ing pangintên-kintên kemawon. Ing sapunika kajugag santun nyariyosakên wohipun.

Ing sapunika putra-putranipun Radèn Ayu Suwaji wau sampun kêtingal, 1. Dr. Radèn Sutama Arts ing Surabaya. 2. Dr. Radèn Susila Arts ing Wèltêprèdhên. 3. Dr. Radèn Suratma Veerts ing Waingapu. 4. Radèn Ayu Suratin, garwanipun Ir. Radèn Suratin. 5. Radèn Ayu Gunawan Mangunkusuma, garwanipun Dr.Gunawan Mangunkusuma Gouv. Arts, ingkang sapunika pêrlop wontên nagari Walandi. 6. Radèn Ajêng Sri Umiyati, tilas guru H.I.S. ing Palembang, sapunika sinau malih pados Hoofdacte wontên ing 's Gravenhage. 7. Radèn Ajêng Siti Sundari, studente in de rechten ing Leiden. Putra pêpitu wau kenging dipun wastani punjul sadaya. Sampun tamtu kemawon mênggahing pangintên, salajênging turunipun badhe saya tumêngkar sae. Ing sapunika wayahipun sampun wontên ingkang sinau wontên ing Lyceum ing Haarlem, nama Radèn Ajêng Sumatri, putranipun Dr. Gunawan. Brêkahing kabêgjan ingkang sampun pinanggih, gêgayutanipun inggih wontên kemawon, inggih punika tumangkaring putra wau ugi sagêd gathuk kalihan golonganing priyantun ingkang kêtingal, kados ta putra-putranipun mantu. Dados mênggahing pangintên, lêlajênganing lêlampahaning putra wayah, tamtu saya damêl pamarêming galihing tiyang sêpuh.

Samantên wohing bratanipun biyung.

--- 903 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab sanguning tiyang gêsang

Candhakipun Kajawèn nomêr 48.

Garèng : Ma, aku pitaya bangêt, yèn wong urip bisa anglakoni kaya pangandikamu kuwi, uripe bakal bisa slamêt, mung bae ihtiyare kapriye, nuli ngandikanana, Ma.

Sêmar : Lho, kuwi mangkene: gampangane, wong urip kuwi kudu anduwèni sangu patang prakara, yaiku: waras, pintêr, andhap-asor lan apik atine, murih gamblange, jajal tak têrangake siji-sijine. Sing dak wiwiti dhisik, bêcike ing bab apik atine, sabab nèk dak pikir-pikir kuwi sing apik dhewe. Gêgandhengane apik atine, kuwi ana patang prakara, yaiku kang kasbut ing layang: Aji Nirmalajati, kalane Sang Hyang Wênang mêjang ngèlmune marang Jaka Sangkala, nalikane kabênêr babad alas ing gunung Kêndhêng. Mungguh unèn-unène mangkene: 1: kang adarbea tyas lêga, têgêse lêgawa budayanira, aywa kongsi malang tumolih.

[Grafik]

Petruk : O, Ma, bab kuwi aku wis ngênggoni, buktine: lagi anu kae aku mêntas kêdhayohan sêdulur mung sadhela, ananging olèh-olèhe ngandhung-andhung, wah, anggonku nômpa dhayoh mau, iya klawan sênêng, sumèh sarta lêga-lêgawa têmênan.

Sêmar : Wiyah, sing kok sumèhi utawa lêga-lêgawani kuwi rak olèh-olèhe sing ngandhung-andhung mau, jajal dhayohe mau ora anggawa apa-apa, bokmanawa kok inêbi lawang, utawa bêgja-bêgjane, lagi linggih sadhela bae, wis kok kêpyur-kêpyuri uyah burine. Mungguh sing dikarêpake anduwèni tyas lêga, kuwi ora kêna ambedak-bedakake: gêdhe cilik, tuwa ênom, sugih miskin, mitra utawa mungsuh, kuwi rêngkuhên padha bae, awèha ulat kang manis, sumèh lan katona sênêng kaparênging atimu. Unèn-unèn kang ôngka: 2: kang diwêjangake dening Sang Hyang Wênang marang Jaka Sangkala, kuwi mangkene: kang adarbe tyas lila, têgêse eklas lair batin, aywa kongsi kogêl rasanira.

Garèng : Nèk kiyi saka pandongamu aku wis bisa nglakoni, Ma, ya kuwi nalikane putramu bokne Poniyah elik nganti têlung sasi lawase. Kuwi mêksa-mêksa nêdya anggawa Si Poniyah, kang mangkono mau klayan lêga rila donya ngakerat, putumu mau iya banjur tak gawakake.

Sêmar : Kang mangkono kuwi rata-rata wis dadi padatane wong lanang, sing akèh yèn bojone lunga anake dikon ngajaki, awit yèn ana ing omah, kuwatir yèn anake mau banjur ngribêdi [ngri...]

--- 904 ---

[...bêdi] anggone arêp kiyah-kiyah. Ngrêtia Rèng, karêpe anduwèni tyas rila kuwi mangkene: saupama mêntas diapusi ing uwong utawa kelangan, kuwi aja gêtun, saupama anak bojone lara, aja susah, lan saupama kasripahan, iya aja banjur ngênês, sabab kajaba kabèh-kabèh iku wis nêtêpi lohkilmakpule, sabênêre: gêgêtun, susah lan ngênêsing pikiran iku ora bisa pitulung apa-apa, malah mung muwuhi pêpêtêng. Bêcike manusa mung kudu anggêdhèkake ihtiyar, mula rila kuwi satêmêne dadi pamberating rasa-pangrasa kang tansah kogêl utawa munêg-munêg. WijanganeWêjangane. Sang Hyang Wênang kang ôngka 3 yaiku: kang adarbe tyas dhêmên, têgêse aywa kongsi mindho gawe tekadira, dadi tan goroh batinira. Bab kiyi ora prêlu dak têrangake manèh, kaya-kaya wis cêtha, cêkake bae: wong kuwi aja sok goroh, aja dhêmên ngapusi, aja ambalenjani ing jangji, awit kang mangkono kuwi jênêng nyidrani awakmu dhewe.

Petruk : Ma, saking mituhuku nyang wulanganmu dhèk biyèn, aja nganti ambalenjani ing jangji, kuwi yèn ana salah siji mitraku prajangji nyang aku arêp têka ing omahku, ing môngka ora têka, la kuwi ngontog-ontoging atiku upama ditêbus sangang uwang mono mêksa rada angèl anggonku ngêwèhake, awit panganan sadhiyane banjur mubadir, kang kapêksa banjur kudu tak labasake dhewe. Ewadene rama dhewe kadhangkala kok iya sok nyêbal piwulange dhewe. Buktine: lagi anu Rama prajangji arêp ngrabèkake mitraku, saprene têka ora ana kabar apa-apa, nganti omahku dadi lunyu kanggo linca-linci mitraku mau, kang daya-daya kêpengin ngrungu karampungane.

Sêmar : Lho, kowe aja kliru surup, anggonku wus sawatara suwe durung awèh kabar kapriye-kapriye, kuwi ora kok saka anggonku ora nêtêpi jangji mangkono, sarèhning aku kiyi wong tuwa, môngka dipasrahi dening wong ênom, saolèh-olèh iya kudu ngati-ati, ora kêna banjur grusa-grusu bae anggêr entuk, jalaran ingatasing prakara lakirabi utawa jêjodhoan kuwi dudu prakara sing gampang, dudu prakara sing sapele, sajatine kuwi sawijining prakara kang luwih wigati bangêt. Yèn bab prakara bêbojoan kuwi dudu lakon sing angèl, môngsa anaa paribasan kang unine mangkene: sadurunge kalakon dadi timbanganmu, êlèkna mripatmu, dene yèn wis kalêksanan dadi bojomu, êrêmna netramu. Lah paribasan mangkono kuwi karêpe kapriye. Karêpe aja kongsi mindho gawèni. Mulane tak balèni: aja sêling surup dhisik, awit wong tuwa kuwi pikirane kudu wis disaring dhisik, lagi diêcakake, beda karo para kaum nonoman, karêpe barang-barang kudu sadêg-sanyêt. Lah sing akèh kapriye dadine: mêmêlas.

Garèng : Ma, paribasan mau mula ya bênêr, tandhane aku kiyi bae kalane arêp olèh bokne Si Poniyah, anggone pêrlup (pêpacangan) nganti têlung taun, anggonku ngêpèk têmênan, barêng aku wis cêtha têmênan, yèn dhèwèkne [dhè...]

--- 905 ---

[...wèkne] kuwi: lêmbah manah, bêkti ing laki, pêthêl ing gawe, pintêr golèk utangan, pintêr ...

Sêmar : Wis, wis, omong kathik calewa-calewo mêngkono. Saiki dak critani wêjangane Sang Hyang Wênang kang kaping 4: yaiku mangkene: kang darbe tyas kautaman, têgêse aywa kongsi antuk pocapan kang ala lan kang tan prayogi, laire kudu wêruh ing badan, dadi wêruh sasamaning urip, yaiku kang aran mulya, têgêse sinung panarima ing kauripanira ing salawase. Kaya-kaya iki wis cêtha, ora prêlu dak andharake dawa-dawa. Iya patang prakara kang wus tak critakake mau gêgayutaning apik atine.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès

Kawartosakên, bilih sapunika dhepartêmèn yustisi sampun ngrancang lotre malih, pakêmpalan-pakêmpalan ingkang gadhah panuwun kathah sangêt.

Ing Bandhung wontên ingkang ambikak pèrês biro nama PRENA saking cêkakaning nama Persbureau Reclame En Nieuws Agentschap. Kantor wau badhe migunani ing ngakathah.

Rêsèrsê candu pêtêng ing Sêmarang kanthi pulisi sagêd nyêpêng tiyang kêkalih bôngsa Formosa, ingkang mandhap saking kapal Batavia Maru ing Sêmarang, sarêng kagledhah ing bangkekanipun pinanggih wontên candunipun pêtêng 25 tail. Ing dalunipun, rêsèrsê sagêd manggih candu malih wontên ing tambak, nglorog, blèg alit cacah 870 iji, sabên sawadhah isi satail, sadaya gunggung rêgi f 27.000.- petanganipun, ingkang manggihakên angsal ganjaran f 3600.-.

Kawartosakên, mêntas wontên kintunan arta mêdal ing sêpur saking Cilacap dhatêng Ciamis kathahipun f 3000.- ical. Kondhèktur ingkang nindakakên wajib saking Cilacap dumugi Maos sampun masrahakên dhatêng sèp ing Maos, lêrês. Dados kintên-kintên kadurjanan wau linampahan wontên antawising Maos kalihan Ciamis.

Kawartosakên, para sopir ing Batawi adamêl pakêmpalan, ingkang wosipun damêl rêrukunan, samôngsa wontên sopir ingkang kadhêndha prakawis panêrak, badhe dipun sanggi ing pakêmpalan, lan sasagêd-sagêd badhe ngrêmbagakên dhatêng lurahipun, puruna ambayari dhêndhaning prakawis, utawi samôngsa kaukum anglastantunakên padamêlanipun.

Pamarentah anyondhongi badhe wontênipun oncoran toya ing Sèlèbês sisih kidul, toya wau kaangkah badhe sagêd ngêlêbi sabin 35.000 bau.

Tuwan MJ. Annies sèkrêtaris up bêstir Muhamadiyah ing Ngayogya, badhe dhatêng Sumatra, prêlu badhe papriksa kawontênaning apdhèling ingkang dèrèng dangu madêg ing ngriku, tuwin adamêl sêsorah.

[Grafik]

Kados ingkang sampun nate kawartosakên wontên ing Kajawèn, ing bab bikakipun watêrlèdhêng ing Banyumas, mênggah gambaripun nalika pambikakipun wau kados ing nginggil punika.

Jalaran wontênipun griya setan ing Batawi botên kasewakakên malih kangge rêrêmbagan ing babagan prakawis pulitik, para pakêmpalan ingkang gadhah tindak makatên punika badhe migunakakên papan piyambak. Ingkang badhe dipun angge ing gêdhong Indonesische Clup. Nalika Soematranen Bond damêl parêpatan, inggih manggèn ing ngriku.

Kantor panyadean sarêm ing Amuntae wontên kisruhan arta f 3500,- kakintên dipun salingkuhakên ing tiyang.

--- 906 ---

Benjing pasar malêm ing Ngayogya wulan ngajêng punika, ing karaton Surakarta tuwin Ngayogya badhe mitongtonakên upacara kaprabon kados ingkang sampun.

Sawênèhipun bôngsa Tionghwa ingkang nuju numpak sêpur èsprès, Wèltêprèdhên Ngayogya, nalika mandhap saking sêpur dipun papag ing pulisi, tuwin dipun pitakèni, punapa piyambakipun kecalan arta, wangsulanipun inggih, lajêng dipun irid dhatêng kantor pulisi. Wusana kopêripun dipun galedhah, pinanggih wontên candunipun wawrat 134 tail, rêgi f 500.-.

Bab badhe adêging griya sakit ing Rangkasbitung kados ingkang sampun kacariyosakên ing Kajawèn, mêntas karêmbag ing parêpatan, tumuntên badhe dipun adani.

Benjing tanggal 21 Juli, ing alun-alun Serang badhe wontên tèntunsêtèling bab kagunan tuwin asil siti, mawi dipun kanthèni pasar malêm, dipun biyantu ing ajung lanbao konsulèn.

Sawênèhing neneman wêdalan saking Middelbare Technische School ing Bandhung, nyambutdamêl lan ing bèngkèl S.S. ing Manggarai, mitêrangakên bab balônja, angsal katrangan sadintên kapetang f 1,20 nanging namung katampèkakên sapalih, ingkang sapalih minôngka têtanggêlan, murih nyambutdamêl lajêng wontên ing ngriku, nanging ingkang nglampahi botên purun, lajêng mêdal.

Kasêbut sirkulèr saking dhepartêmèn yustisi, mratelakakên, bilih rabining priyantun tiyang siti gadhah anak, kêdah lapur dhatêng amtênar Burgerlijken stand, lan sasampunipun angsal palilah saking pangagêng kenging ngangge nama turunan (geslachtnaam) enggal.

Ing kantor N.V. Handel Mij. Wottie & Co. mêntas damêl parêpatan kalihan Paduka Gupêrnur Jawi Kilèn, ngrêmbag ing bab palabuhan Tjilaoet-eureun. Bab punika propensi Yalê rad Jawi Kilèn gadhah sêdya badhe masrahakên dhatêng propensi Yale watêrsêtat angadani damêl palabuhan wau. Waragadipun dipun tapsir f 94.000 propensi urun f 12.000-.

Gêgayutan kalihan kawontênaning paprentahan enggal, ewahing laladan rad pan yustisi ing Sêmarang dados ciyut, ing bawah paresidhenan Madiun, Bojanagara tuwin Tuban, rumiyin kalêbêt Sêmarang, sapunika kagolongakên dhatêng Surabaya.

Rêsèrsê ing Bêlawan mêntas nyêpêng candu pêtêng wontên ing baita van Heutz wawrat 936 rêgi f 23.000 dipun dhêlikakên wontên ing kothak gêrèh.

Pulisi ing Bandhung sampun sarêmbag kalihan pakaryan telêpun, sintên kemawon ingkang gadhah prêlu kalihan pulisi, sabên ngangkat pirantos telêpun mungêl: pulisi, lajêng sampun sambêt kalihan telêpun pulisi, inggih punika sèksi 2 No. 559. Patrap makatên punika migunani sangêt, awit tiyang ingkang badhe gadhah prêlu kalihan pulisi, dèrèng tamtu sumêrêp nomêring telêpunipun.

Kawartosakên, ing Cimahi kêkirangan toya ombèn, awit wontênipun sumbêr-sumbêr ing Cimahi kangge sadhiyan dhatêng Bandhung. Rumiyin ing Bandhung pancèn sampun nyêkapi ngangge toya sumur bur, nanging sarêng kathah indhaking tiyang, dados kirang. Ing sapunika sawêg nindakakên papriksan murih sami sakecanipun.

Benjing tanggal 30 wulan punika, Reisbureau Lindeman ing Wèltêprèdhên, badhe ngawontênakên sêpur mirunggan saking sêtatsiyun Gambir, kangge ningali Jaarbeurs ing Bandhung, pangkatipun jam 2.30 wangsulipun ing tanggal 1 Juli jam 2.36. Waragadipun wongsal-wangsul klas 2 f 7.- klas 3a f 4.25 tuwin kêlas 3b f 3.-.

Kawontênaning pamêdal kênthang ing tanah Priyangan Têngah, katrajang ama ingkang dipun wastani Zlijmziekte, pinanggihing ama wau nrajang ing oyod. Ing ngriku wontên pasitèn 2700 bau ingkang katanêman kênthang, ingkang katrajang wontên 282 bau. Ingkang katênggêl katrajang sêsakit wau ing Lembang utawi Pêngalengan. Jalaraning sêsakit wau kakintên saking kirang prayogining rabuk, utawi jalaran pananêmipun botên gêntas-gêntos tanêman sanèsipun, ajêg namung kênthang kemawon.

Bêstir B.O. ing Magêlang mêntas ngawontênakên parêpatan kalihan kumisi H.I.S. pakêmpalan wau, punapa malih kalihan pangarsa P.G.H.B. tuwin para guru, ngrêmbag bab icaling basa Malayu ing H.I.S.. Manawi kalampahan makatên, pangudinipun basa Walandi para murid, ing dalêm saminggu angsal indhakan 9 jam. Dene manawi wontên ingkang badhe ngudi basa Malayu, kêdah dipun wontênakên kursus piyambak ing wanci sontên.

Pambantu Kajawèn ing Ngayogya ngabarakên, nalika dintên Minggu ingkang kapêngkêr punika, tuwan kontolir kadhèrèkakên ing asistèn wadana Imagiri, saha lurah saprabotipun, mriksa anggènipun anjênu ulam wontên ing lèpèn Têmpuran Oya kalihan Opak, jalaran ing ngriku dipun kabarakên wontên bajulipun, rumiyin ugi sampun dipun pancing, nanging botên kenging. Kala dipun jênu punika angsal ulam kathah, ngantos angsal tigang grobag.

--- 907 ---

Wêwaosan

Sêsupe agêmipun Rajaputri ing Seba

47

Cara-caranipun Pharaoh ambagèkakên Shadrach.

Salajêngipun Orme prasasat dêdunung wontên ing kitha sangandhaping siti, mêdalipun dhatêng ing jawi ing dalêm saminggu namung kaping kalih utawi kaping tiga, prêlu pados hawa ingkang rêsik, sayêktosipun kala punika Orme sampun kêplêpêk sangêt, ngantos papaning patilêman kêpêksa manggèn wontên ing papan pasucian, utawi gêdhong pangagênging agami ngriku ing jaman kina. Dene ingkang anjagi Orme botên wontên sanès kajawi Pharaoh inggih sagawon agêng sarta sêtya, ingkang tansah ngêtutakên Orme ngantos dumugi dhudhukan ingkang ciyut-ciyut sangêt. Sagawon punika mathuk sangêt wontên ing pêtêngan, manawi sagawon wau pandulunipun botên sumêrêp, jalaran saking pêtêng, panggandanipun lajêng saya landhêp. Saupami sagawon wau botên tansah wontên sacêlakipun Orme kemawon, sampun tamtu ing satunggiling dalu wontên kacilakan agêng sangêt. Ingkang makatên punika tansah kula kuwatosakên kemawon.

Ing satunggiling dintên ing wanci sontên, nalika kula andhèrèk sang putri lumampah wontên ing kitha sangandhaping siti wau, kula kêkalih kêpêthukan Orme ingkang mêntas dipun gêntosi Quick. Orme lajêng nyariyosakên mênggahing kamajênganing padamêlanipun, lan kados padatanipun, sang putri kalihan Orme lajêng mriksa punapa-punapa, kula ngêtutakên saking katêbihan, amargi kula yakin, bilih solah-tingkahipun tiyang kêkalih wau dipun dingkik.

Ing pojokan ingkang anjog ing gang buntu sakalih-kalihipun lajêng botên katingal, wontên ing ngriku kula lajêng ngêntosi wangsulipun sang putri kalihan Orme wau, saha obor kula lajêng kula pêjahi. Ujug-ujug kula mirêng suwara klêsêk-klêsêk, kadosdene tiyang mindhik-mindhik lumampah andingkik, sanalika punika kula lajêng ngêjèsakên rèk, saha lajêng mangrêtos, bilih tiyang ingkang wontên ing ngajêng kula punika, satunggiling abdinipun Pangeran Josua, ananging punapa dhatênging tiyang wau saking ngênêr prênahipun sang putri, utawi punapa pancèn andingkik sang putri kalihan Orme wau, punika kula botên sagêd andugi babarpisan.

Kula lajêng pitakèn: ana apa kowe mrene.

Tiyang wau mangsuli makatên: panjênêngan prêduli punapa dhatêng tindak kula punika: dhoktêr.

Ing wêkdal punika rèk kula pêjah, lan sadèrèngipun kula ngêrèk malih, tiyang wau sampun ical ing pêpêtêng.

Niyat kula ingkang kapisan, sêdya suka sumêrêp dhatêng Orme, ananging botên saèstu, awit kula manah, bilih padamêlanipun têlik wau ing dintên punika sampun rampung, lan kula lajêng murugi Higgs prêlu ngrêmbag ingkang sampun kalampahan wau.

Wicantênipun Higgs: saupama umur-umuranku suda rongpuluh taun, bokmanawa bae aku iya nglakoni kaya mangkono kuwi, ananging sajatine sing kowêdèni kuwi apa.

Kula amangsuli: kang mangkono iku aku ora bisa ngandhakake, nanging pangiraku mêsthi, yèn wong-wong mêngko utawa sesuk bakal nyoba matèni Orme lan aku kabèh bakale iya dimangkonokake uga. Nanging wis samene bae, saiki wis mangsane mangan. Jajal bae tak ngandhani Si Orme manèh bab ananing bêbaya kang ngancam marang awake.

Kula kêkalih lajêng lumêbêt dhatêng kamar ngandhap, ingkang kala punika dados padunungan kula sadaya, wontên ing ngriku Orme sampun ngêntosi kula sadaya, têdha kula sadaya sampun sumadhiya ing ngriku, ingkang dipun bêkta ing abdi karaton.

Sasampunipun kula nêdha kanthi eca, saha abdi-abdi wau sampun ngundurakên lorodanipun, kula sadaya lajêng sami udut, saha kula lajêng nyariyosakên dhatêng Orme ingkang gêgayutan kalihan kawontênaning têlik wau.

Orme awicantên: prêduli apa: aku, sabab sang putri mung arêp nêdahake tulisan kang ana ing saka sisih lor.

Higgs awicantên: ya nèk ngono sang putri rak luwih bêcik anganthi aku. Aksarane tulisan mau aksara apa.

Orme ingkang kala punika kêtingal angandhut kalêpatan mangsuli makatên: êmbuh, aku ora wêruh, amarga sang putri ora sagêd manggihake tulisan mau.

Sakèndêling ginêman wau, lajêng nyênyêt ingkang damêl sêkêling manah.

Kula lajêng awicantên: Olivier kowe sabanjure bok aja turu dhewe ana ing kene, sabab mungsuhmu iku akèh bangêt.

Orme amangsuli: ah kuwi rak omongan ngayawara, iya bênêr wingi Pharaoh rada ora pati antêng, lan aku anduwèni pangrasa krungu suwaraning wong lumaku, ananging mêsthine kuwi rak suwaraning setan, ing growongan kang kianat kaya ngene iki aku banjur ngandêl mênyang setan.

Kala punika Higgs anyêlani kanthi kasar makatên: kowe

--- 908 ---

kuwi pancèn rada gêndhêng, upamane setan kuwi ana têmênan, mêsthine sapisan-sapisan aku rak iya wis tau wêruh, jalaran aku rak wis kêrêp bangêt turu karo bangke garing, ewadene nganti saprene aku durung tau mrangguli mêmêdi barang-bering. Rak si bajingan Josua kae sing ngundangi mêmêdi mau. Wicantênipun Higgs wau dipun sambêti piyambak makatên: wis ta bêcike mitraku, mêngko bêngi aku tak turu ing ênggonmu, awit Quick kudu ana ing growongan, lan Si Adams ana ing dhuwur duwe pagawean dhewe.

Orme amangsuli: o, aja, aja, ora kêna babarpisan, mêngimu wis mêsthi bakal bangêt, yèn kowe nganti kêsuwèn ana ing kene.

Higgs lajêng naros makatên: yèn ngono milua aku kabèh bae ana ing dhuwur.

Orme amangsuli: kuwi ora bisa, sabab mêngko bêngi jam siji, pagaweane Quick angèl bangêt, lan aku wis prajanji yèn dhèwèke arêp nilpun aku. Salajêngipun Orme lajêng nêdhahi dhatêng kula sadaya, tilpun bêktan saking nagari Inggris. Orme anglajêngakên wicantênipun makatên: saupama kawate mau dawane ana sawatara atus mètêr manèh, mêsthine aku iya bisa milu, nanging saikine ora bisa babarpisan.

Kala punika dilalah bèlipun lajêng mungêl, Orme inggih lajêng nyandhak tilpunipun, saha lajêng suka parentah rikat sangêt, ingkang kula sadaya botên mangrêtos.

Sasampunipun angglethakakên tilpunipun malih, Orme wicantên makatên: apa, saiki wis kaya mangkono, saupama wong ing kana ora bisa prasabên karo aku, wis mêsthi bakal kalakon ana kasangsaran têmênan, iya iku ana curi amblêg kang bisa gawe patine wong-wong sawatara, mulane aku iya ora bisa lunga babarpisan saka kene iki. Ewadene kowe sakaloron aja padha samar, kanthi pistul, tilpun lan Pharaoh iki, ing kene aku ora kasamaran. Ayo wis padha muliha mênyang omahmu bae, awit sesuk aku kudu tangi gasik.

Enjingipun jam gangsal, Higgs lan kula dipun gugah dening Quick ingkang dhodhog-dhodhog kori kanthi sora. Nalikanipun lumêbêt, rai saha tanganipun rêgêd sangêt, bokmanawi saking padamêlan lajêng mriku kemawon.

Quick awicantên makatên: bandara kapitan, kapengin rêrêmbagan enggal-enggalan kalihan panjênêngan kêkalih.

Salêbêtipun kula tiyang kêkalih sawêg dandos, Higgs pitakèn: ana apa sêrsan.

Mangke panjênêngan badhe uninga piyambak, bandara propesor. Makatên mênggah wangsulanipun Quick kanthi sabar nanging anggumujêngakên. Salajêngipun botên mirêng pawartos punapa-punapa malih saking Quick.

Lêt gangsal mênit malih kula sadaya lajêng lumampah rêrikatan dhatêng kitha sangandhaping siti wau, ing ngriku pêtêng sangêt, satunggal-satunggaling tiyang sami ambêkta dilah, ingkang rumiyin piyambak dumugi patilasan candhi kina punika kula. Quick katingal sayah, lan Higgs mêgap-mêgap. Olivier ngêntosi kula sadaya wontên lomponganing kori kalihan nyandhing Pharaoh, sarêng sagawon wau sumêrêp dhatêng kula sadaya, lajêng amurugi saha ngopat-apitakên buntutipun.

Kanthi swara alon tuwin wigatos, Orme wicantên makatên: padha mrenea, aku arêp nuduhi apa-apa mênyang kowe kabèh. Kula sadaya lajêng dipun ajak lumêbêt ing kamar kapalaning agami ing jaman kina, ingkang dipun dèkèki patilêman kangge tilêm Orme wau. Sadumugining kori, panyêpêngipun dilah dipun andhapakên, saha lajêng nudingi dhatêng wêwanèn pêtêng, ingkang gumlethak wontên ing satêngêning papan patilêmanipun.

Orme lajêng wicantên makatên: mara dêlêngên.

Ing ngriku wontên tiyang pêjah gumlethak, sandhingipun wontên lamêngipun agêng sangêt, ingkang kintên-kintên dhawah mrucut saking tanganipun tiyang ingkang pêjah wau. Sanalika punika kula sadaya inggih lajêng sumêrêp dhatêng wujudipun tiyang wau, rainipun kêtingal têntrêm, sanadyan gorokanipun prasasat pisah dados kalih.

Kula sadaya tanpa dipun jarag lajêng nyuwara sarêng: lho kok Shadrach.

Inggih pancèn Shadrach, inggih punika tiyang ingkang ngloropakên dhatêng kula sadaya, saha ingkang kapengin dipun gêsangi, lajêng nêdahakên kula sadaya, kadospundi anggènipun angluwari Higgs saking bêbaya pêjah, pancèn inggih Shadrach dede tiyang sanès.

Qucik awicantên: pun kucing kala wau mêntas bêbêdhag lajêng kapanggih kalihan sagawon.

Olivier lajêng wicantên kanthi swara cumlêring makatên: apa kowe wis padha ngrêti marang lêlakon sing wis kalakon iki. Dhèk wingi sore, Shadrach brangkangan lumêbu mrene, jam pira têkane, aku ora wêruh. Amarga aku turu kêpati, ananging Shadrach lali karo mungsuhe lawas, yaiku Pharaoh. Ya Pharaoh kuwi sing matèni Shadrach mara dêlêngên gorokane. Pharaoh iku salawase yèn nyakot ora tau nywara, dene Si Shadrach dhewe mêsthi ora bisa ngucap apa-apa. Nalika aku tangi, saêjam kang kêpungkur jalaran ditilpun, asu kuwi turu, êndhase gumlethak ana ing awake Shadrach. Mara critaa bae nyang aku, sababe apa dene Shadrach bêngi-bêngi lumêbu ing kamarku anggawa lamêng gêdhe.

Kanthi swara kêmèng saha andharêdhêg, Higgs mangsuli makatên: pitakonan kang kaya mangkono iku ora angèl wangsulane. Têkane Shadrach marene kuwi sumêdya matèni mênyang kowe, ananging tumuli kêdhisikan dening Pharaoh. O, mitraku, bêgja bangêt dene kowe banjur nuku asu kiyi.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---