Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-30, #186

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-30, #186. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-06-30, #186. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 52, 11 Muharam, Taun Alip 1859, 30 Juni 1928, Taun III

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [941] ---

Ôngka 52, 11 Muharam, Taun Alip 1859, 30 Juni 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kantor Pos ing Bandhung.

[Grafik]

Gêdhong punika agêng lan taksih enggal, ingkang dipun angge sawêg sabagean. Sampun tamtu kemawon papan kados makatên punika adamêl jênakipun ingkang sami nyambutdamêl. Ragading griya wau f. 190.000.

--- 942 ---

Raos Jawi

Kapracayaning Tiyang Jawi ing Bab Lampah Asêsirik, Tumrap Wanodya Anggarbini.

Kalimrahaning têtiyang èstri bôngsa Jawi, manawi pinuju anggarbini, yèn taksih winêngku utawi taksih gadhah tiyang sêpuh, punika tansah winêlêg ing piwulang lampah asêsirik. Langkung-langkung tumrap ingkang anggarbini sawêg sapisan (têmbean), kados ta: botên kenging nyêngiti tiyang nistha, anggêgujêng tiyang ina, mindhak katularan, kaawisan: nêdha ing wanci dalu, nômpa ambêng, siram ing wanci sêrap, mindhak amurugakên cêpak sarap sawaning jabang bayi. Nyugokakên kajêng dang dhatêng pawon wiwit saking pucuk (kasungsang) anjalari tumus dhatêng wêdaling jabang bayi nungsang. Nênêdha ingkang kaanggêp kirang prayogi, inggih punika: ontong (sêkar pisang), kêpithing, urang, kwèni, durèn saha sanès-sanèsipun. Botên kenging: anyarug toya, ngumbar kopèk, ambêbuntoni êlèng utawi bolongan, mêmêjahi sato kewan, botên kenging ngidak talethong utawi rêrêsahing ayam. Yèn pinuju lumampah kapanggih conthong utawi pincuk kapurih nguculi bitingipun, tuwin sapanunggilanipun. Manawi ing ngriki kasêbutakên sadaya kêpanjangên. Pandugi kula para maos sampun sami ngawuningani sadaya, ingatasipun awisaning tiyang sêpuh kados kasêbut nginggil, malah tumraping kakung ingkang kagungan garwa inggih botên prabeda sami nampèni piwulang wau.

Rèhning piwulang kasêbut nginggil wau mêdal saking dhawuhipun para sêpuh ingkang kaanggêp pêpundhèn, môngka ingkang nampèni pancèn adhakan namung tiyang nèm, pramila inggih namung tansah angèstokakên. Môngka yèn nitik sêsirik samantên kathahipun wau raosing batos kados botên kaconggah anglampahi, jalaran: sapisan tumrap tiyang jalêr ingkang nyambut damêl sabên dintên mêdal anglangkungi margi utawi pêkên, môngka lajêng manggih conthong utawi pincuk, mak grêg, manah anggraita: e iki ana pincuk, arêp ora tak udhari aku wêdi dhawuhe wong tuwa, tak udhari lakuku iki kêsusu, lan manèh mêngko gèk aku diarani wong ora idhêp ing isin, tuwin sanès-sanèsipun. Ingkang kaping kalih tumraping tiyang èstri, tiyang èstri punika padamêlanipun tansah wontên pawon tarkadhang ayamipun kathah tur sami nêlèk, wè lah rak saya karônta-rônta. Yèn nêtêpi dhawuh wau sasat botên sagêd tumindak nyambut damêl saèstu, saya malih bab botên pikantuk ambêbuntoni bolongan, hla yèn bolonganing dandang kenging mênapa têka mêksa katutupan kukusan tuwin kêkêp.

Cobi sapunika anakipun bôngsa Walandi kenging punapa têka sae-sae. Môngka bapa biyungipun tanpa mawi sêsirik punapa-punapa nalika gembolanipun dèrèng lair. Sarêng bôngsa kula Jawi, punika mênggah kawastanana kêkathahên clêkuthik inggih kapara nyata, buktinipun wiwit biyung wawrat [wa...]

--- 943 ---

[...wrat] 3 wulan, 7 wulan ngantos dumugining lairing jabang bayi tansah dipun wilujêngi (kêndhuri), malah wontên ingkang karuwat, tarkadhang anakipun mêksa gudhigên.

Samantên wau panjang-panjanging rêmbag, saèstunipun kula piyambak botên kok sêngaja nyêpèlèkakên utawi ambatalakên piwulanging para sêpuh, kenginga malah kula bundhêli.

Mênggah sayêktosipun makatên, manawi tinalusur ingkang mêmêt, sadaya dhawuhing para sêpuh kasêbut ing nginggil wau sadaya masthi wontên pathinipun mênggahing piwulang, awit sampun kalêbêt bêbasan, manawi tiyang Jawi punika ênggèning sêmu, mila inggih kêdah emut dhatêng sarining piwulang. Mênggah sarining piwulang kasêbut ing nginggil wau kintên-kintên inggih punika makatên:

Botên kenging nyêngiti utawi anggêgujêng tiyang nistha utawi ina sapiturutipun punika, ing sadanguning wanodya anggarbini, kêdah angêgungakên tindak sae kakung putrinipun, ing manah lurus jujur, sanajan mêmanah inggih kêdah manah ingkang bôngsa sae kemawon, ambirata sakathahing pikajêngan ingkang tumuju dhatêng kanisthan, kaawonan, kadrêngkèn, panastèn, kagetan utawi gumunan, tuwin sapanunggilanipun. Cêkakipun, ing wêkdal punika prêlu sangêt anyaèkakên tumindaking lair batos, punapadene nênêdha ugi kêdah milih ingkang munpangati kanggening badan, awit sarining têtêdhan punika ugi rumêsêp dhatêng jasad bêbadhening putra.

Makatên ugi punapa ingkang dados pangunêk-unêk ing salêbêting sanubarinipun tiyang sêpuh jalêr èstri badhe anumusi dhatêng wêwatakanipun jabang bayi ingkang kinandhut. Pramila para sêpuh ngawontênakên piwulang kasêbut ing ngajêng wau, minôngka kangge paugêran ingkang gampil turutanipun, tur sadaya inggih mêngku pasêmon.

Ing ngandhap punika wontên katrangan sakêdhik ingkang gêgayutan kalihan bab tumusing pangunêk-unêk (tumusing ciptanipun bapa biyung dhatêng putra).

Mirid suraosing Sêrat Darmasonya, utawi Widyakirana: nalika manungsa sagêd angêningakên cipta sagêd anarik wijining atma, ing nalika punika bapa gadhah cipta punapa-punapa ingkang laras kalihan dhasar wataking jiwa ingkang ngumbara badhe manjanma, sagêdipun manuksma kêdah dhatêng tiyang ingkang nunggil larasing cipta, sasampuning bapa kanggenan wiji, anuwuhakên rahsa asmara dhatêng wanodya. Manawi kasêmbadan, pun wiji lajêng linggar dhatêng garbaning biyung. Sadanguning biyung anggarbini, kanggenan cipta punapa-punapa, punika lajêng cumithak saha amêwahi dhasaring watakipun putra.

Sasampuning ambabar jabang bayi dèrèng sagêd makarti ing ciptanipun, sarta rumaganging pôncadriyanipun namung anut dhatêng watakipun ingkang dipun kulinani, kados ta: biyung, inya, êmban tuwin sapanunggilanipun.

Ingkang makatên wau prêlu sangêt tumraping biyung, inya saha êmban ingkang sadintên-dintên tansah sêsrawungan kalihan lare ingkang nêmbe rumagang ing pôncadriyanipun kêdah gadhah watak ingkang prayogi, kenginga dados têturutaning lare, ingkang ing têmbe sagêda dados tiyang utami. Dados nama têturutaning lare punika ugi kenging katêmbungakên minôngka dados dhasaraning watak.

--- 944 ---

Minôngka panutuping karangan punika, têtela sangêt sadayaning tiyang sêpuh makatên tansah namung anjagi ing kayuwananipun anak. Kadosdene piwulang ing ngajêng ingkang angèl kula sêbutakên sadaya, punika tumraping jaman kamajêngan kaanggêp gugon tuhon. Pancèn sayêktosipun inggih makatên saupami botên sarana linaras panjang. Rèhning sampun kasêbutakên, piwulang Jawi punika ênggèning sêmu, dados piwulang-piwulanging tiyang sêpuh wau ugi kêdah prêlu kacundhukakên kalihan pamanggih tinalusur ingkang sakintên mathuk ing êmpan papanipun.

Manawi sampun srêg, gampil anglampahana. Wasana namung nyumanggakakên.

Nirrasa Nitiatmaja,

Tumpang, Malang.

Bab Kasarasan

Nyambêti Kajawèn nomêr 35. (Mijnwormziekte bestrijding).

Ing bab patraping rêrêsik.

Ingkang mêsthi sabin punika toyanipun saking lèpèn, ngèngêtana rêrêgêding toya lèpèn, sampun kasêbut ing Kajawèn ôngka 35.

Para juru sabin manawi mêntas saking sabin, sampun têmtu tangan, badan sarta sukunipun sami gupak lumpur. Punika sadèrèngipun lumêbêt ing griya kêdah adus rumiyin ingkang rêsik, mawi sabun, tangan lan suku dipun sikat ugi ngangge sabun, sampun ngantos wontên kuku ingkang kantunan lumpur, panyikatipun kuku-kuku wongsal-wangsul, ngantos rêsik sangêt, katindakna mawi toya sumur. Langkung prêlu malih ingkang botên kenging supe manawi tangan taksih rêgêd, botên prayogi nimba piyambak utawi nyidhuk toya piyambak saking kulah utawi jêmbangan, kêdah nêdha tulung tiyang kapurih anggrujugi. Awit yèn rêrêgêd wau nuju wontên cacingipun tambang utawi tiganipun, lajêng sagêd ngômbra-ômbra wontên sumur, kulah utawi jêmbangan. Awit saking jalaran tangan rêgêd, yèn toya punika kaombe, kangge kêmu, ngumbah gêlas, piring, sendhok lan sanès-sanèsipun lajêng sagêd anjalari sakit cacing tambang.

Dados sampun tetela, ingkang jalaran kêmu, yèn ngulu idu lajêng katut lumêbêt dumugi wêtêng, awit tiyang punika mêsthi ngulu idu, ingkang saking gêlas, piring, sendhok upaminipun, lajêng kangge wadhah toya ngombe, piring kangge wadhah sêkul, nuntên kangge ngombe utawi nêdha, tigan utawi cacing tambang ingkang wontên gêlas piring lajêng katut kaombe, katut katêdha. Ingkang nèmplèk wontên ing sendhok katut kaêmplok, wusana dumugi ing padharan, ing ngriku cacing tambang lajêng manggèn wontên ing usus ênèm, tiyang ingkang kalêbêtan wau nama sakit (Mijnwormziekte).

Lèpèn ingkang kasêbut ngriki, kula botên mastani agêng utawi alit, toyanipun kula anggêp [ang...]

--- 945 ---

[...gêp] sami rêgêdipun. Nanging sanès lèpèn parêdèn ingkang taksih cêlak kalihan tukipun, ingkang dèrèng malêbêt ing padhusunan, punika botên kenging dipun wastani rêgêd.

Masjid, utawi langgar saha pondhok santri-santri, ingkang sami gadhah kulah utawi blumbang ingkang toyanipun mêndhêt ilèn-ilèn saking lèpèn, môngka toya punika kangge wulu, sarana kêmu, bab makatên punika sagêd anjalari Mijnwormziekte panularipun saking kêmu, mirsanana ingkang sampun kasêbut nginggil. Prayoginipun kangge toya wulu masjid, langgar lan pondhok santri-santri samia gadhahi sumur ingkang rêsik tôyanipun, sampun wulu ngangge yoya lèpèn.

[Grafik]

Padusan ingkang botên prayogi kangge ing ngakathah.

Adus wontên ing lèpèn ugi sagêd anjalari mijnwormziekte trêkadhang sagêd anjalari sêsakit sanès, kados ta: kolerah, tipês, dhesêntri, lan taksih wontên sanès-sanèsipun. Sasakit tigang warni punika botên ènthèng sasanggènipun, panularipun ugi saking cangkêm, awit tiyang adus sanajan botên kalihan kêmu, lambenipun mêsthi têlês, têlêsipun dangu-dangu malêbêt cangkêm.

Tiyang ingkang nêmbe ngupados ulam, upami: nawu, gogoh, nèsèr, anjala, sadaya ingkang nyêmplung ing toya rêgêd utawi lumpur, sasampunipun kêdah rêrêsik kados patrapipun tiyang ingkang nêmbe anggarap sabin.

Manawi rêrêsik mawi patrap makatên punika dipun tindakakên mendah saenipun, langkung-langkung yèn ingkang purun rêrêsik makatên punika: 1 tiyang mêlik, 2 juru tani, 3 juru kêbon, lan sadhengah tiyang ingkang anggarap pakêbonan, utawi kêbon-kêbon kados ta: kêbon rosan, kêbon karèt, kêbon kopi lan sapanunggilanipun, 4 punggawa Gewestelijkewerken ingkang padamêlanipun garap margi, ngêruki siti, nyirami margi mawi toya lèpèn utawi kalèn, 5 juru misaya ulam, 6 tukang damêl banon utawi gêndhèng, 7 tukang damêl grabah siti, 8 punggawa irigasi ingkang pamêdalipun andhudhuk êndhut, namping pinggiranipun kalèn, utawi lèpèn, 9 sopir motor, kusir dhokar, salêbaripun ngumbah rodha, utawi sukuning, kapal lan sapanunggilanipun. Sagêd kagalih piyambak.

Badhe kasambêt,

R. Subarja.

--- 946 ---

Tiyang Mêndêm Kêthoprak.

[Grafik]

--- 947 ---

Bab Têtanêman

Kêmladheyan.

Têtuwuhan ingkang dados amaning bangsanipun.

Sima, sagawon, bruwang, kucing, sagawon ajag lan sapanunggilanipun, punika sami dipun wastani kewan galak, sabab purun mongsa sasamining kewan. Dene wolung, bidho, alap-alap, darès lan sapanunggilanipun, punika ugi purun mongsa bangsanipun piyambak, mila ing kawruh ngèlmu kewan ugi dipun wastani pêksi galak, têgêsipun ingkang mamangsanipun daging.

Dados têtelanipun, anggènipun dipun wastani galak wau, jalaran mamangsanipun daginging sasamining kewan, utawi dados amaning bangsanipun. Mila tumrapipun ingkang asring kamongsa, sanajana nunggil bôngsa, sajatosipun dados mêngsahipun ingkang anggêgirisi. Manawi kaprêgok môngka katalompèn anggènipun ngoncati, inggih badhe bilahi saèstu.

Ing dalêm kawruh tanêm tuwuh, ugi pinanggih kawontênan ingkang nunggil laras kados ing nginggil, wontên bangsaning têtuwuhan ingkang dados amaning sasaminipun têtuwuhan, inggih punika kêmladheyan utawi pasilan. Sanajan ta ragi beda sakêdhik tumanduking pangrisak, ingkang jalaranipun kabêkta saking sipating tanêm tuwuh gèsèh lan sipating sato kewan, ewadene sami ugi dados amaning bangsanipun. Kadosdene sima mongsa kidang andhapan, utawi wolung sumêrêp kuthuk.

Kêmladheyan punika kalêbêt bangsaning têtuwuhan ingkang botên wontên gunanipun babarpisan, mênggah gêsangipun nemplok ing têtuwuhan sanès, botên bawa piyambak kados salimrahing tanêm tuwuh, sanajan ta gadhah oyod barang, nanging botên kangge nêsêp lêmèn wontên ing siti, namung dados pirantosing pangrisak dhatêng kêkajêngan ingkang dipun tumuti. Dene sagêdipun damêl risaking kêkajêngan ingkang katuwuhan, jalaran oyodipun kêmladheyan punika botên namung nampêl kemawon, nanging nunjêm malêbêt ing êpanging uwit ingkang dipun temploki, sagêdipun gêsang sarana nêsêp sarining têtêdhan ingkang minôngka têdhaning uwit ingkang dipun dunungi. Sadaya lêmèn ingkang sampun dados sari têdhaning têtuwuhan, saking oyod minggah sumarambah dhatêng saranduning perangan godhong, uwoh, sêkar lan êpang-êpang, sarêng dumugi prênahing kêmladheyan tuwuh, sari-sari wau botên sagêd lajêng, têlas kasêsêp dening oyod ingkang nunjêm wau.

Margi saking kados makatên kawontênanipun, mila sawênèhing êpang (delêg) ingkang ing bongkot sampun katuwuhakên kêmladheyan, perangan ing pucuk ingkang dados têrusanipun êpang wau, botên sagêd lêma malah têrkadhang pêjah, amargi botên kapanduman sarining têdha, sampun têlas kabegal kangge gêsangipun kêmladheyan.

Kados makatên kawontênaning gêsangipun kêmladheyan, sajatosipun gumantung dhatêng uwit ingkang dipun [dipu...]

--- 948 ---

[...n] temploki. Dene uwit ingkang katemplokan, sanajan gêsang ing pasitèn ingkang kathah lêmènipun, ewadene gêsangipun botên sagêd subur, sarta wohipun botên sagêd andados, sabab kathahing lêmèn namung dados kasuburanipun uwit ingkang nemploki, lan namung damêl andadosing uwohipun kêmladheyan.

[Grafik]

Wit jêram ingkang kêtuwuhan kêmladheyan.

Wontên paribasan: kêmladheyan ngajak sêmpal, têgêsipun: tiyang mondhok ingkang amrih risak utawi pêthalipun saking ingkang gadhah griya, tamtunipun badhe kapintên gêsangipun. Wontênipun paribasan makatên punika, mirid saking adêging gêsangipun kêmladheyan ing kêkajêngan ingkang dipun tumuti, kêra lan suburipun pêjah lan gêsangipun gumantung dhatêng kawontênaning kêkajêngan ingkang dipun tumuti.

Tangkar-tumangkaripun kêmladheyan punika sarana sêkar, uwohing kêmladheyan ingkang sampun matêng, asring dipun têdhani sawênèhing pêksi, rèhning wijinipun botên sagêd ajur, mila sarêng pêksi wau nêlèk, wijinipun katut mêdal dhawah ing saênggèn-ênggèn, namung ingkang dhawah ing siti botên sagêd tuwuh, dene manawi wontên ingkang dhawah ing uwit utawi êpanging kêkajêngan, enggal sangêt anggènipun thukul, dangu-dangu sagêd subur. Têtiyang padhusunan ingkang dèrèng ngrêtos tumangkaripun kêmladheyan, gadhah pangintên bilih ingkang murugagên tatuwuhan kêmladheyan punika saking têlèking pêksi, botên kamanah yèn ing têlèk wau pancèn sampun wontên wijinipun.

Wontên ugi têtuwuhan ingkang gêsangipun nemplok ing têtuwuhan sanès, kados ta: simbar bajing, simbar manjangan, anggrèk, picisan lan sanèsipun, nanging sadaya wau botên ngrugèn-ngrugèni têtuwuhan ingkang dipun dunungi, amargi [a...]

--- 949 ---

[...margi] botên gadhah oyod panêsêp, ingkang nunjêm ing kêkajêngan ingkang dipun tumuti kangge ambegal sarining têdha. Dene oyodipun namung rumambat ing klika nyêrot balêdug utawi rêrêgêd sanès ingkang wontên ing ngriku, mila babarpisan botên damêl kapitunan sakêdhik-kêdhika.

Ing padhusunan-padhusunan kathah kêkajêngan ingkang katuwuhan kêmladheyan sêmunipun namung dipun kèndêlakên botên dipun pêjahi, malah botên namung ing wit-witan ingkang botên ngêdalakên kasil kemawon, sanajan pêlêm, randhu, jambu, jêram ingkang dipun pêndhêt asilipun, kathah ingkang katuwuhan kêmladheyan. Môngka sampun cetha sangêt, kêmladheyan punika tanpa paedah punapa-punapa, malah dados kapitunan agêng, mila prayogi kêdah dipun purih sirnanipun. Wit-witan ingkang katemplokan ing kêmladheyan dadosipun kêra sangêt, uwohipun botên sagêd kathah, mila agêng kapitunanipun. Dados tumrap wit-witan ingkang mêdal kasil, manawi ngantos katuwuhan kêmladheyan tamtu nyudakakên asilipun mila janji kasumêrêpan kêdah dipun pêjahi.

Manawi badhe ngicali kêmladheyan amrih dados lan sirnanipun, botên cêkap namung sarana uwitipun dipun sêmpali kemawon, ananging sarèhning oyodipun wau sampun nunjêm ing uwit ingkang dipun dunungi, anggènipun ngicali, ing pundi êpang ingkang katuwuhan wau ragi perangan ing bongkot dipun kêthok ngantos tugêl dhêl sarana makatên sagêd pêjah saèstu.

Mênggah yêktosipun kêmladheyan punika gampil sangêt tumangkaripun, mila supados sampun ngômbra-ômbra tumular, sanajana tuwuh wontên pundi kemawon prayogi dipun pêjahi.

K.M. Sasra Sumarta.

Ekonomi

Ulam Lele.

Ulam lele punika sami-sami ulam loh kagolong ingkang gadhah raos eca piyambak, kajawi raosipun gêmpi gurih, inggih langkung gampil pangolahipun. Ulam lele punika ingkang eca piyambak dipun kêla mangut, utawi dipun gorèng lisah klêntik kemawon inggih sampun eca. Mênggah papan ingkang dipun kraosi ulam lele punika, toya ingkang lindhuk tur sitinipun êndhut, langkung malih manawi bambinging balumbang utawi kalèn punika kathah rongipun, jalaran lele punika rêmên manggèn ing rong utawi ronggos. Mênggah panitikipun papan ingkang kathah ulamipun lele punika gampil, jalaran ulam lèpèn punika sami rêmên koyok (ngombe angin) nyuwantên pating craplug. Pamêndhêtipun ulam lèpèn punika ingkang gampil dipun tawu toyanipun, jalaran ulam lele punika kagolong ulam ingkang pintêr piyambak, upami dipun pancing panêdhanipun botên bongoh (kêndêl) kados ulam sanès-sanèsipun purunipun [purunipu...]

--- 950 ---

[...n] nêdha namung dipun thithili saking sakêdhik, botên purun ngulu sapancingipun pisan. Manawi dipun jênu, ulam sanèsipun sampun sami pêjah, nanging pun lele dèrèng kraos punapa-punapa, sabab gadhah akal patilipun dipun canthèlakên ing oyod-oyodan, sirah dipun katingalakên wontên sanginggiling toya, dados botên ngantos ngombe toya jênu punika wau.

[Grafik]

Ulam bangsaning lele (lundhu).

Tiyang ingkang gadhah pakarangan cêlak lèpèn, utawi kalèn prayogi sangêt damêl balumbang kasukanan bos-bosan saking kalèn punika wau, prelu namung kangge masangi ulam lele lan sanèsipun, supados ulam punika kraos pamanggènipun, ing balumbang ngriku dipun sukanana sangkrah blarak papahan, utawi godhong sêrut lan sanès-sanèsipun. Namung kemawon sampun sok têbêri anjênu ing balumbang, kajawi mêjahi ulam ingkang taksih alit, ulam ingkang badhe manggèn enggal sami wangsul botên kraos, sabab toyanipun balumbang taksih mambêt jênu, mila langkung prayogi dipun tawu (kaêsat) toyanipun kemawon.

Kajawi ingkang kula aturakên ing ngajêng, ugi wontên rekadaya sanès bab ngingah ulam lele. Tiyang badhe ngingah ulam lele punika, kêdah damêl balumbang ingkang wiyar sarta lêbêt, bilih balumbang punika têbih kalihan kalèn balumbang kêdah dipun lêbêtakên ngantos mêdal toyanipun tuk, bambingipun balumbang ingkang kambah toya kasukanana rong utawi ronggosan, dipun sangkrahi kados balumbang pamasangan wau. Manawi sampun lajêng kapadosna wiji ulam lele, malah yèn kalêrês sok wontên tiyang idêr jabangan (anak lele), manawi botên angsalipun jabangan, inggih dipun cêmplungi lele kemawon, mangke dangu-dangu sagêd nak-kumanak, lele satunggal manawi ambeyong sampun atusan. Lele ingkang ingahan punika wujudipun cemêng, agêng utawi panjangipun tikêl kalihan lele ingkang sanès ingahan, manawi badhe makani ulam lele ingahan punika, rayap utawi dhêdhak sêkul ugi doyan namung punika ngathah-ngathahi wragad. Pamêndhêtipun ulam lele ingahan punika, balumbangipun dipun tawu toyanipun ngantos asat, kapêndhêtan ingkang agêng-agêng kemawon, dene ingkang alik[1] kangge wiji malih. Pangolahipun ulam lele ingahan punika, beda kalihan ulam lele ingkang sanès ingahan, jalaran ulam lele ingahan punika raosipun amis utawi pênguk, namung raos makatên punika kenging dipun kêmonah (dipun rekadaya), manawi mêntas anggènipun nyêpêng saking balumbang, sampun lajêng dipun dadak kemawon, kêdah dipun limbang ing toya sadintên sadalu, patrapipun anglimbang punika makatên: lele kasukakna ing pangaron utawi jêmbangan, lajêng jêmbangan punika

--- 951 ---

dipun kêbaki toya sumur ingkang rêsik, lajêng dipun tutupi barang ingkang sakintên ulam punika botên sagêd milar mêdal, sabên watawis nêm jam toya punika kailing kasantunan ingkang rêsik malih, nganton[2] wongsal-wangsul, cobi mangke raosipun rak lajêng malih kados lele limrah kemawon, yèn dipun gorèng raosipun gurih kêmripik.

Siswamiharja,

Pundhong, Ngayogya.

Rêmbagipun Semar, Garèng, lan Petruk.

Bab Sanguning Tiyang Gêsang.

Candhakipun Kajawèn nomêr 50.

Garèng : Ma, sadurunge ambanjurake andharanamu, dak aturi ngandikani dhisik, mungguh wijang-wijangane kang diarani kapintêran kanggo pitulungan, utawa kapintêran kanggo angrenah.

Petruk : Ing bab kiyi ora prêlu Rama sing nêrangake, aku bae iya bisa anjalèntrèhake nganti padhang trawangan, ananging sadurung-durunge aku kudu carita dhisik nyang kowe, yèn pintêr kanggo pitulungan kuwi têkaning dina kiyi dudu lêlakonmu, mulane iya tansah tak suwun ing Pangeran, sauwise kowe anyathêt katranganaku kiyi, muga-muga kowe ngowahana lêlakonmu kang ora prayoga mau. Mungguh sing diarani pintêr kanggo pitulungan kang sajati kuwi mangkene: upamane bae kowe kuwi among dagang, olèh-olèhane bêbathèn, aja kok banjur kanggo makolèhake awakmu dhewe, nanging kudu dibage nyang sanak sadulurmu, apa manèh sadulurmu lanang sing kaya aku kiyi, kuwi ora pisan-pisan kêna kêlalèn, dene kênane ora mikir nyang sadulur, kajaba kudu dirasakake dhewe, yèn dêdagangane mau olèh karugian.

Sêmar : E, lha kuwi rak mung arêp golèk enakmu dhewe bae. Garèng sing dikon nyambutgawe, kowe sing arêp nampani kauntungane. Ora mangkono mungguh karêpe, sing diarani kapintêran kanggo pitulungan, yaiku manawa ana wong duwe kapintêran kang ora dianggo kabutuhane dhewe bae, nanging gêlêm anjêmbarake kapintêrane mau, mênyang wong liya-liyane, kuwi kang aran utama bangêt.

Garèng : Aku iya ora maido yèn gêlêm anjêmbarake kuwi pancèn iya utama bangêt, ananging rak bisa uga agawe karugiane dhewe. Upamane: putramu Bokne Poniyah kasuwur anggone dodol saoto, jalaran saka anjlêgabit lan gandême rasaning saoto kang diêdol mau. Iya jalaran saka enake mau, mulane saotone durung nganti didhasarake nyang warung, wis katêbas ana ing ngomah bae. Mara, apa ora agawe karugianing [ka...]

--- 952 ---

[...rugianing] awake dhewe, upama Bokne Poniyah banjur anjêmbarake kawruhe gawe saoto nyang wong liya-liya, upamane banjur carita mangkene: gih, dhi ngantèn, wong gawe saoto niku iwake kudu milih sing anggajih, slèdrine êmpun kakèhên, kecape kudu pilihan, dingo[3] bênglene ...

[Grafik]

Sêmar : Wiyah, ana gawe saoto têka dikèki dingo blênge barang, kaya arêp agawe jamu kuwat. Mungguh tumraping among dagang, kuwi ora kêna diêmor-êmorake karo rêmbug bab kiyi, awit ing kono wis disêdyakake ngupaya bathi, aja nganti olèh karugian. Beda karo kapintêran sejene, kuwi mula golèk kautaman, dadi sabisa-bisa iya kudu tansah anjêmbar-jêmbarake kapintêrane mau.

Petruk : Pangandikamu kiyi kok gèsèh karo caritane para pinunjul ing jaman kuna. Jarene para sarjana ing jaman kuna kuwi. Aja manèh anjêmbarake kawruhe krêsaa, lagi ngandikakake bae wis suthik babarpisan. Tandhane si Rama kuwi bae, kabare lagi narayanane, yèn wis krêsa mèsêm, aja manèh rupane janma manusa, ora katuta, lagi jarit nang sampiran bae iya mêksa bisa katut kagawa. Amara, ingatase kagungan kawruh kang kaya mangkono, têka ora krêsa mulangake nyang putrane sing kaya aku iki.

Sêmar : E, kurang ajar, bapakne têka didakwa sok nayab. Lho, kang mangkono kuwi aja andadèkake sêling surupmu, anane bôngsa kuna ora karsa anggiyarake kawruhe mau, ora kok jalaran saka ora karsa mêncarake, nanging kajaba jalaran saka anggone arêp matêngake pamawase, uga suthik mamèrake kapintêrane, awit durung mêsthi wong kang diajak sasrawungan mau kalah pintêr, utawa upama muride ngono, durung mêsthi yèn katiban kawruhe banjur bisa nganggo, tarkadhang malah sok banjur disapèlèkake bae. Nanging kosokbaline, kang pancèn murid sing kuwat kanggonan, kuwi malah disoki kawruh, ing têgêse sing awèh kawruh ngrêti, yèn muride iku pancèn pêng-pêngan, dadi aran tumônja kabèh. Beda karo wong-wong nonoman sing akèh ing jaman saiki, kang pêthunthang-pêthunthung dhêmên amamèrake kapintêrane, dhêmên amamèrake kadibyane, mlengos yèn ana wong tuwa omong kang ora dhuwur sêkolahane, ananging barêng dinyatakake kapintêrane têka mlêndo kaya klêpon mêcothot juruhe. Mulane ya Truk utawa Garèng, aja pisan ngina marang wong kang bodho, lan aja ngrèmèhake marang wong kang lagi kacingkrangan, awit anggonmu sarasehan rêmbug, sanadyan karo wong bodho utawa wong ina pisan, kuwi iya mêksa bisa agawe undhaking kawruhmu, awit wong bodho dikayangapa, kadhangkala sok ana unine, kang durung tau kok sumurupi lan kang amigunani tumraping awakmu.

(Badhe kasambêtan)

--- 953 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

[Grafik]

Nalika ing dintên Sênèn tanggal kaping 25 wulan punika, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VI ing Surabaya seda, yuswa 74 taun. Layon kasarèkakên dhatêng Surakarta.

Pangarsa rêpat kawula tuwin Nyonyah Neytzell de Wilde ing dintên Kêmis tanggal 28 wulan punika ngawontênakên lêlênggahan ngunjuk wedang tèh wontên ing gêdhong rad kawula, mawi nyêdhahi para warga sadaya.

Wiwit tanggal 10 dumuginipun tanggal 16 wulan punika, ing Kuningan wontên tiyang ingkang katrajang sêsakit pès 10, ing Jalêksana 2 tuwin ing Darma 4, sadaya sami tiwas.

Ing Pakiringan, Cirêbon, wontên bôngsa Tiyonghwa asli saking Ciamis, badhe numpak oto dipun cêpêng ing rêsèrsê, nalika kagledhah kanggenan candu rêsi 500 mripat. Nalika badhe dipun tahan, badhe ambêsêli dhatêng ingkang nyêpêng f 35.- botên dipun tampèni.

Kawrat ing sêrat kêkancingan saking dhirèktur pakaryan praja, tilas sêtatsiyun sèp ing Mèstêr Kornèlis nama Tuwan Blondeau, tampi ganjaran arta f 450.- minôngka ganjaran kawêkêlanipun ingkang katindakakên ing sadèrèng saha sasampunipun wontên gegeran komunis.

Wontên sirkulèr saking up Insêpèktur S.S. asuka pêpèngêt, angawisi dhatêng punggawa inggil-inggil anampèni pisungsung punggawa bawahipun, kajawi manawi awarni gambar dipun gambar sêsarêngan.

Kawontênaning kapal-kapal ingkang ambêkta tiyang mandhap kaji ing taun punika, sadaya badhe wontên 23, pungkasanipun dumugi tanggal 9 Agustus.

Kumisi ingkang dipun pasrahi adêging Levensverzekering pakêmpalan guru, sawêg ihtiar pados pawitan. Sawênèh wontên ingkang gadhah panêmbung dhatêng tilas bêstiring pakêmpalan guru nama: Dwijapusara ing Ngayogya, supados kêkantunaning arta sagêda dipun pasrahakên dhatêng kumisi. Pakêmpalan Dwijapusara punika sampun dangu anggènipun kèndêl, nanging artanipun taksih sumimpên ing bang, dèrèng wontên karampungan badhe kangge punapa.

Kados ingkang sampun kalampahan, sabên ing wulan Sura ing karaton Ngayogya anindakakên rêrêsik anjamasi pusaka-pusaka karaton, ing wulan punika dhawah ing tanggal 10 Sura (29 Juli). Padatan kathah tiyang ingkang ngalap brêkah mêndhêt toya bilas jamasan wau, kangge tulak tuwin sarana warni-warni.

Wontên pawartos, bilih griya sakit ing Ngayogya nama Stichting Onder de Bogen, angsal palilah damêl lotre agêng, nanging angsal-angsalanipun kêdah dipun bage dhatêng pakêmpalan-pakêmpalan sanèsipun cacah 13 kêmpalan.

Kawartosakên jaksa ing Arnhemia pinanggih ngajal wontên ing griyanipun, ing tangan taksih nyêpêng rêpolpêr, kakintên manawi pêjah nglalu, nanging miturut papriksaning dhoktêr taksih samar, wusana mayid kabêkta griya sakit ing Medhan, badhe katitipriksa.

Saking rêmbaging para warga rad kawula, angêdêgakên pakêmpalan ingkang badhe nyampurnakakên tumindaking prakawis ing natah[4] Sabrang. Kajênging pakêmpalan punika badhe mahamakên tuwin niti kawigatosanipun tanah Sabrang, lan malih badhe nyobi supados para warga rad kawula ingkang asli saking tanah Sabrang sagêd tumindak ing damêl sêsarêngan kanthi kêncêng kangge mariksa bab-bab ingkang wigatos. Para warganing pakêmpalan wau namung dipun pilih dening bêstir, ingkang sakintên sagêd nocogi kangge nindakakên padamêlan wau. Ingkang dados bêstir, Tuwan Sukawati, pursitêr. Tuwan Ali Moesa sèkretaris pèningmêstêr. Nja Arif komisaris.

--- 954 ---

Kala tanggal 22 wulan punika, golonganing among dagang, têtanèn tuwin para among dagang sêsambêtan, amasrahakên dhatêng dhirèksi Yafabang awarni rêca salaka pêpêthan dalêm Sri Nata Willem I, minôngka tôndha pangèngêt-èngêt adêging Yafabang sampun 100 taun.

Kawartos benjing tanggal 3 wulan Juli ngajêng punika, badhe wontên lelang borongan amiyarakên gêdhong pamulangan luhur dhoktêr ing Batawi, kintên-kintên waragadipun 30 utawi 40 èwu rupiyah.

Konsul jendral Tiyongkok ugi anjênêngi bikakipun pêkên taunan ing Bandhung, saha salêbêtipun wontên ing Bandhung badhe mara tamu dhatêng pangagênging militèr tuwin pangagêng sipil, punapadene anuwèni sawarnining pakêmpalan Tiyonghwa.

Miturut kêkancingan gupêrmèn, kawontênaning pangkat-pangkat residhèn, asistèn residhèn, gêwèstêlêg sèkrêtaris, kontrolir klas 1, kontrolir, aspiran kontrolir tuwin amtênar-amtênar administrasi golongan B.B. ing Ngayogya, sami dipun rembak kaewahan miturut tatanan enggal. Ing sapunika tumrap ing Ngayogya, dipun wastani gupêrmèn Ngayogya, madêg ing sawêwêngkoning paresidhenan Ngayogya. Ing gupêrmèn ngriku wau dipun wontênakên gupêrnur 1, residhèn, ingkang dadès[5] kanthining gupêrnur 1, asistèn residhèn 5, ingkang sakawan dados kanthinipun residhèn, kalih manggèn ing Ngayogya, satunggal ing Wanasari, satunggal ing Watês, lan satunggal malih ing Ngayogya, ingkang dipun kanthèkakên up gêwèstêlêk bêstir, anindakakên padamêlan saking gêwèstêlêk bêstir, lan wontên malih gêwèstêlêk sèkrêtaris 1.

Pèl pulisi kêkalih ing Serang mêntas nyêpêng tiyang nama Dul Adi, wontên ing bawah ondêr dhistrik Taktakan, tiyang wau ingkang kadakwa miwiti ambacog wadana ing Mènès kala ing taun 1926. Pulisi kêkalih wau tampi ganjaran arta f 200.-.

Kala ing dintên Sabtu kêpêngkêr ing Malang wontên tèntun sêtèlêng têtanèn, ulam koh[6] tuwin sagawon. Ingkang ambikak tèntun sêtèlêng wau Tuwan Residhèn Ter Poorten.

Pulisi ing Ngayogya mêntam[7] manggihakên prakawis raja pêjah sawênèhing bôngsa Tiyonghwa juru potang ing Sleman, ingkang sampun dipun pêjahi ing tiyang sampun sadaya taun. Tiyang ingkang mêjahi ugi sampun pêjah. Mayitipun bôngsa Tiyonghwa wau dipun pêndhêm wontên ing pakarangan, sarêng dipun dhudhuk taksih pinanggih balung-balungipun nanging kantun sakêdhik.

Kapal nama Phrontis, ingkang ambêkta wangsulipun têtiyang minggah kaji ingkang wiwitan piyambak, sampun dumugi ing Tanjung Priuk, ambêkta kaji 1500, ing Minggunipun malih badhe wontên kapal 6 malih ingkang dhatêng, kintên-kintên ambêkta kaji 9000. Kapal-kapal wau wontên ingkang badhe dipun lêbêtakên karantinê ing pulo Rubiya, Sabang, ingkang namung cêkap kangge tiyang 1800, saperangan malih wontên ing puyo[8] Odrus, cêkap kangge tiyang 3000, dene ingkang kalêbêtakên ing pulo Rubiya punika sasagêd-sagêd namung mêndhêt têtiyang ingkang asli saking pulo Sumatra.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2504 ing Randhu Blatung, mugi sampun andadosakên cuwaning panggalih, Kajawèn nomêr 36 botên sagêd ngaturi, awit sampun têlas babarpisan.

Pawartos saking Rêdhaksi

R. Sm. M. p/a lêngganan nomêr 2659 ing Surakarta. Ing bab wangsuling tirahan arta bayaran sêkolah punika, kasêbut ing Bijblad No. 10345 dipun ewahi ing Bijblad No. 10587 lan No. 10676.

Lêngganan nomêr 691 ing Purwarêja. Têranging urut-urutaning lare sêkolah, ingkang angsal sudan bayaran punika makatên, saupami tiyang gadhah anak 3 A.B.C., A. wontên A.M.S., B wontên Mulo, C. wontên H.I.S., punika bayaranipun manut urut-urutaning lare, ingkang wontên ing A.M.S. kapetang pambayaraning lare nomêr satunggal. Ingkang wontên ing Mulo ambayar petanging lare nomêr kalih ing Mulo, makatên ugi ingkang wontên ing H.I.S. inggih kapetang lare nomêr tiga tumrap pambayaran ing H.I.S. Dene lare tiga wau saupami ingkang ôngka 2 (B) manggèn ing pamulangan partikêlir, sanadyan limrahipun botên angsal sudan bayaran, nanging kenging kangge ngurutakên pêpetanganing lare nomêr 3 (C), pun C inggih namung ambayar kados bayaraning lare nomêr tiga. Makatên malih pambayaripun ing sabên wulan têtêp kados ingkang sampun, inggih punika kapetang lare nomêr satunggal sadaya, kajawi ingkang sampun nunggil sasêkolahan, dados wangsuling arta langkungan wau kêdah sarana panuwunan.

Bab kawontênaning buku.

Redhaksi Kajawèn mêntas nampèni kintunan saking toko buku Tan Khoen Swie ing Kadhiri, 1 sêrat basa Jawi aksara Jawi gancaran nama: Wêwarah Samadi. Sêrat wau karanganipun Tuwan Ernest Wood pilosop ingkang misuwur, isinipun katêrangan sarta piwulang nindakakên samadi utawi ngêningakên cipta. Kandêlipun 169 kaca, pormat 8º. Rêgi namung f 150. 2 ugi saking toko buku wau, Sêrat Inlansê Gêmintê Ordhonansi, inggih punika undhang-undhang pranatan dhusun utawi gêmintê Jawi. Ing bab wêwênang tuwin kuwajibanipun têtiyang ingkang manggèn ing dhusun, tuwin sanès-sanèsipun. Kandêlipun 54 kaca, pormat 8º. Rêginipun namung f 0.60. Redhaksi Kajawèn matur nuwun.

--- 955 ---

Wêwaosan

Sêsupe Agêmipun Rajaputri ing Seba.

50

Sêrsan Quick anggadhahi raosing sasmita.

Sêrsan Quick amangsuli: Punika gambar lumahing kamar-kamaripun sang putri. Kala anu punika sang putri rak ngandika, manawi srêngenge sampun sêrap panjênênganipun badhe sare, malah manawi sagêd ing sadèrèngipun sêrap, jalaran kala wau dalu panjênênganipun botên sare, lan salajêngipun badhe ngaso sawatawis jam, bokmanawi wontên punapa-punapa. La punika gambaring pasareanipun sang putri, lan sandhingipun kamar patilêmaning para kênya, ing wingkingipun botên wontên punapa-punapa sanès-sanèsipun, kajawi tembok inggil lan jagang wiyar, ingkang pisan-pisan botên kenging dipun langkungi.

Higgs nyêla wicantên makatên: Kang mangkono kuwi bênêr, lagi anu kae aku olèh palilah anggambar karaton iki, ananging ing kono isih ana lowahane ambane nêm kaki lan dawane rongpuluh kaki, kang saka ing kamar pajagan anjog ing kamar pajagonganing para kênya.

Quick amangsuli: Mila inggih makatên, propesor, kajawi punika manawi kula botên kalèntu, ingkang wau wontên pojokanipun, jalaran saking punika, tiyang kalih kemawon, ingkang sikêp damêl kados sampun cêkap kangge anjagi kamar-kamar wau kangge ananggulangi mêngsah têtiyang kathah. Kadospundi pamanggih panjênêngan, propesor, saupami panjênêngan kalihan kula, anjagi wontên kamar pajagèn ngriku kanthi sêsakecanipun. Kamar punika kothong, amargi têtiyang ingkang jagi sami jagi wontên gapuraning karaton, wontên ing ngriki kula kêkalih rak botên wontên gunanipun, bandara dhoktêr angancani bandara kapitan lan Japhet anjagi kawat èlèktris. Sagêd ugi pawartos wau botên barang-barang, ananging sintên ingkang sumêrêp. Tamtunipun kula sadaya badhe kêduwung, manawi sadèrèng-dèrèngipun botên jagi-jagi. Kadospundi pamanggih panjênêngan ing bab punika: bandara propesor.

Higgs amangsuli: O, yèn aku, apa karêpmu kabèh bakal tak lakoni, ananging sabênêre, aku aluwung ngadêg ana ing curi kana kae, supaya aku bisa nyumêrêpi karampungane pagawean kabèh iki.

Olivier, Orme anyêlani wicantên makatên: Kowe ora bakal wêruh apa-apa Higgs, kajaba kira-kira mung gêbyaring calèrèt ana ing awang-awang, yèn karo-karone koanggêp padha bae, luwih bêcik kowe melua Sêrsan Quick bae. Aku iki rada kuwatir karo sang putri, lan yèn kowe ana ing kana sakaloron, aku bisa mêsthèkake yèn sang putri wilujêng, lan manèh kasamaranku kang gêdhe bakal ilang.

Higgs awicantên: Kuwi kang amutusi, aku sakaloron nêdya arêp mangkat sanalika, tilpunku bae tak gawane, wong ana kene ya ora kanggo apa-apa, dawaning kawate rak iya cukup kanggo têkaning karaton, lan yèn pirantine tilpun mau isih bêcik, mêsthine aku kabèh iya isih bisa rêrêmbugan karo kowe, lan tansah angandhani mungguh kaanane ing kana.

Lêt sadasa mênit malih sampun rampung anggènipun tata-tata, salajêngipun Quick lajêng amurugi dhatêng Olivier ngadêg anjêjêr saha lajêng pitakèn makatên: punapa taksih wontên dhawuh panjênêngan malih, bandara kapitan.

Kaya-kaya wis ora ana Quick. Makatên wangsulanipun Orme kalihan tumênga saking anggènipun ningali bantêre èlèktris ingkang dipun anggêp kados kewan gêsang. Lajênging wicantênipun makatên: kowe rak wêruh yèn kabèh-kabèh wis sumadhia, jam sapuluh, dadi rong jam manèh, aku bakal ngênêtake pênthol kiye, sanadyan anaa lêlakon apa bae, ora kêna diênêtake sadurunge wêktu iku, jalaran anake dhoktêr lan wong-wong liyane durung padha lunga saka rêca kono. Miturut kandhane juru sandi pasamuan dhauping pangantèn, bakal ditindakake têlung jam sauwise rêmbulan malêthèk.

Higgs nyêlai wicantên: Kalane aku ditawan aku iya krungu bab kuwi.

Orme amangsuli: Iya, nanging utamane kudu dikobèti, amarga bisa uga arak-arakane dilèrèni utawa sabab liya-liyane manèh. Tumêkane jam sapuluh aku kudu lêstari manggon ana ing panggonan kang tak ênggoni saiki kiyi, lan kowe bisa mêsthèkake dhoktêr, yèn panyumêtku dhinamit mau, ora bakal sadurunge wancasing tak tamtoake mau. Apa kang bakal kalakon salêbare iku, aku ora wêruh, ananging yèn aku kabèh ora katon têka, kowe kabèh padha nilikana, sabab rak bisa uga ana kacilakan apa-apa, cêkake tindakna sakarêpmu kang kok anggêp bêcik mangkono uga dhoktêr karo aku iya bakal ngèstokake apa wajibe, kaya-kaya kang tak caritakake iku wis cêtha kabèh sêrsan. Dene yèn ana apa-apa lapura lumantar tilpun iki, samono kuwi yèn dawaning kawat cukup, [cu...]

--- 956 ---

[...kup,] lan jam sawêlas nilikana aku kabèh. Wis andum slamêt.

Kantun sugêng, kapitan. Makatên wangsulanipun Quick kalihan ngacungakên tanganipun dhatêng Orme saha lajêng têtabikan mantêp têrus ing manah. Sasampunipun mêndhêt dilah tanpa wicantên punapa-punapa lajêng kesah.

Ujug-ujug kula kados dipun osikakên, lajêng ngêtutakên Quick wau, dene Higgs kalihan Orme sadèrèngipun sami pêpisahan, sami rêrêmbagan punapa-punapa rumiyin.

Sarêng Quick lampahipun wontên kitha sangandhaping siti ingkang sakalangkung sêpên wau angsal 50 mètêr, ujug-ujug piyambakipun lajêng kèndêl pitakèn makatên:

Bandara dhoktêr, punapa panjênêngan pitados dhatêng sasmitaning manah.

Kula amangsuli: Babarpisan ora.

Quick wicantên malih: Manawi makatên inggih bêgja, bandara dhoktêr, amargi kula piyambak karaos ing manah, bilih botên badhe pinanggih malih kalihan panjênêngan utawi bandara kapitan.

Kula wicantên: Kang mangkono iku bakal gawe susahku kabèh Quick.

Quick amangsuli: Botên dhoktêr, punika namung tumrap kula piyambak. Mênggah rumaos kula, kados-kados namung nama kula ingkang dipun sêbut, ananging bab makatên punika kula botên prêduli, awit sanadyan kula punika dede golonganing tiyang suci, ananging salaminipun tansah angudi supados nêtêpi kuwajiban kula, dene manawi sampun takdiripun makatên, kados botên prêlu dipun angluhakên malih, amargi sadaya-sadaya punika rak sampun sinêrat ing sadèrèng-dèrèngipun kula dipun lairakên, makatên mênggah kapitadosan kula ing salami-laminipun, ewadene kula rumaos gêtun, dene kêpêksa kêdah pamitan kalihan bandara kapitan. Anggèn kula ngrêksa panjênênganipun punika wiwit alit mila, lan kula kapengin sangêt nyumêrêpi panjênênganipun sênêng-sênêng sugêngipun kalihan putri ingkang andêmênakên punika, sanadyan kula sêmang-sêmang punapa ingkang makatên punika sagêd kalampahan.

Kula lajêng wicantên kanthi sêrêng: Kuwi rak ngayawara: sêrsan, kowe kuwi rak kabingungan jalaran saka pagaweanmu sing abot mau.

Quick amangsuli: Sagêd ugi makatên, bandara dhoktêr, kula ajrih amancahi pangandika panjênêngan, sanadyan kadospundi kemawon, manawi sasmitaning manah kula punika lêrês, panyuwun kula dhatêng panjênêngan, punika parênga amanggalih dhatêng kapenakan-kapenakan kula èstri kêkalih ingkang sami wontên ing griya, samantên punika manawi panjênêngan sagêd kondur dhatêng Inggris, kanthi ambêkta bôndha kathah. Sadaya ingkang sampun kula aturakên dhatêng panjênêngan sadaya punika mugi sampun panjênêngan aturakên dhatêng bandara kapitan, kajawi ta manawi lêlampahan manggke dalu punika sampun kêpêngkêr, sabab mindhak damêl kuwatosipun bandara kapitan, lan dumuginipun jam sadasa, panjênênganipun kêdah ingkang tansah sabar, sintên ingkang sumêrêp, bilih sabibaripun punika panjênênganipun inggih kêdah sabar kemawon. Ananging manawi ngantos botên sagêd kalihan bandara kapitan malih, mugi kaparênga ngandika kalihan bandara kapitan yèn Samuel Quick angaturakên sêmbah bêktinipun, saha tansah nênuwun dhatêng Pangeran, mugi-mugi bandara kapitan tansah pinaringan wilujêng. Panuwunan kula ingkang makatên punika inggih tumrap panjênêngan tuwin putra panjênêngan. La, punika bandara propesor, mugi kantuna sugêng.

Lêt samênit malih, kula ngadêg piyambakan, lan tansah ngawasakên dhatêng obor kêkalih, ngantos kalih pisan ical wontên ing pêtêngan.

XVI.

Harmac anjog wontên ing Mur.

Kanthi alon-alonan tuwin pêtêng ing manah, kula lajêng wangsul dhatêng candhi kina malih. Kula babarpisan botên pitados dhatêng sasmitaning manahipun sêrsan, saha ingkang makatên punika kula anggêp, bilih tuwuhipun wau jalaran saking ing sadintên-dintên, kula sadaya tansah nyambutdamêl tanpa kèndêl tuwin sayah sangêt, lan ingkang anjalari adamêl bingunging Higgs piyambak, satunggiling tiyang ingkang salaminipun botên gadhah susah.

Makatên ugi kula rumaos bingung saha trataban manah kula, amargi kula kêdah tumut nindakakên padamêlan, ingkang sagêd ugi adamêl pêjahipun anak kula jalêr, ingkang sawêg kemawon pinanggih. Inggih lêrês miturut cariyosipun juru sandi, anggènipun ngawontênakên pasamuan dhauping pangantèn punika wontên ing kitha Harmac, têbihipun saking rêca wontên sawatawis pal, ananging jalaran saking wontênipun sabab punapa-punapa rak inggih sagêd kalampahan, bilih pasamuan wau dipun wontênakên ing papan sacêlakipun rêca wau. Manawi kalampahan makatên wontên tiyang pintên atusan kemawon ingkang lajêng tiwas tanpa gadhah dosa punapa-punapa.

Manawi kula ngèngêti ingkang kados makatên punika, kula lajêng kirig-kirig, ananging ingkang kados makatên punika inggih kêdah kêlampahan ugi, awit Roderick inggih punika anak kula jaler, kêdah anggadhahana pangajêng-ajêng luwar saking tawananipun.

(Badhe kasambêtan).

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. alit. (kembali)
2. ngantos. (kembali)
3. dlingo (dan di tempat lain). (kembali)
4. tanah. (kembali)
5. dados. (kembali)
6. loh. (kembali)
7. mêntas. (kembali)
8. pulo. (kembali)